Category Archives: PIWULANG PATRAPING NGAGESANG

PIWULANG PATRAPING NGAGESANG


PIWULANG PATRAPING NGAGESANG

Pupuh I
DHANDHANGGULA

  1. [1] ||Mrih sarkara pamêrdining siwi | pinurwaka dénira manitra | nujwari Salasa Wagé | triwêlas sasi Mulut | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaha | saliranta iku | mring iki wasitaningwang | marang sira putrèngsun jalu lan èstri | muga padha èstokna||
  2. ||Rèhning sira wus diwasa sami | sumurupa lakuning agêsang | sun tutur ing kamulané | manungsa èstri jalu | pêpantaran dènya dumadi | nèng dunya nut agama | jalu èstri dhaup | mangka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakên wiji | ginawan budi daya||
  3. ||Yéka mangka srananing dumadi | tumanduké marang saniskara | manungsa apa kajaté | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsi[2]pun | wolung pédah tumrapira | marang janma margané mrih sandhang bukti | kang dhingin winicara||
  4. ||Panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna saka conggahira | nuting jaman kalakoné | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margané mring cukup | ping pat nastiti pamriksa | iku dadi margané wêruh pawèsti | lima wruh étung ika||
  5. ||Watêg adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri tatanya | ngundhakên marang kawruhé | pêpitung nyêgah kayun | pêpénginan kang tanpa kardi | tan boros marang arta | sugih watêgipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêgira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana||
  6. ||Angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhakên rahayuning angga | [3] dèn andêl mring sêsamané | lan malih wêkasingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakên darajad | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | nyatané angrarêpa||
  7. ||Luwih lara-larané kang ati | ora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêlé | lipuré mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakên tuduh | ingkang aran budi daya | têmah papa asor dénira dumadi | tanpa mor lan sêsama||
  8. ||Kaduwungé saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kaluputané | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dumèh wus darbé sira | panci pancèn cukup | bêcik li [4] nawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | panulak mring sangsara||
  9. ||Rambah malih wasitaning siwi | kawikana patraping agêsang | kang kanggo ing salawasé | manising nétya ruruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trapsilèng tata | tan agawé rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika||
  10. ||Karya rêsêp mring rowangé linggih | wong kang manut mring caraning bangsa | watêg jêmbar pasabané | wong andhap asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakéwuh | wong prasaja solahira | iku ora gawé éwa kang ningali | wong nganggo têpanira||
  11. ||Angêdohkên mring dosa sayêkti | [5] wong kang èngêt iku watêgira | adoh marang bilahiné | mangkanasulangipun | wong kang amrih arjaning dhiri | yèku pangolahira | batin ugêripun | ing lahir grêbaning basa | yéka aran kalakuaning kang bêcik | margané mring utama||
  12. ||Papunthoné gonira dumadi | ngugêmana mring catur upaya | mrih tan bingung pangèsthiné | kang dhingin wêkasingsun | anirua marang kang bêcik | kapindho anuruta | mring kang bênêr iku | katri gugua kang nyata | kaping paté miliha ingkang pakolih | dadi kanthining dunya||

Pupuh II
KINANTHI

  1. ||Déné wulang kang dumunung | pasuwitan jalu èstri | lamun srêgêp watêgira | tan karya gêla kang nuding | pêthêl iku datan dadya | jalaran duka sayêkti||
  2. ||Têgên [6] iku watêgipun | akarya lêga kang nuding | wêkêl marganing pitaya | déné ta pangati-ati | angêdohkên kaluputan | iku marganing lêstari||
  3. ||Lawan malih wulangipun | margané wong kanggêp laki | dudu guna japa mantra | pèlèt dhuyung sarat dhêsthi | dumunung nèng patrapira | kadi kang winahya iki||
  4. ||Wong wadon kalamun manut | yêkti rinêmênan laki | piturut marganing wêlas | mituhu margining asih | mantêp marganirèng trêsna | yèn têmên dèn andêl laki||
  5. ||Dudu pangkat dudu turun | dudu brana dudu warni | ugêré wong palakrama | wruhanta dhuh anak mami | mung nurut nyondhongi karsa | rumêksa kalayan wêdi||
  6. ||Basa nurut karêpipun | apa sapakoning laki | ingkang wajib linaksanan | tan suwala lan baribin | lêjaring nétya sa[7]ronta | tur rampung tan mindho kardi||
  7. ||Déné condhong têgêsipun | ngrujuki karsaning laki | saniskara solah bawa | tan nyatur nyampah maoni | apa kang lagi rinênan | opènana kang gumati||
  8. ||Wong rumêksa dunungipun | sabarang darbèking laki | miwah sariraning priya | kang wajib sira kawruhi | ujud warna cacahira | êndi bubuhaning èstri||
  9. ||Wruha sangkan paranipun | pangrumaté den nastiti | apa déné guna kaya | tumanjané dèn patitis | karana bangsaning arta | iku jiwanta ing lahir||
  10. ||Basa wadi wantahipun | solah bawa kang piningit | yèn kalahir dadya ala | saru tuwin nglêlingsêmi | marma sira dèna bisa | nyimpên wadi ywa kawijil||

Pupuh III
M I J I L

  1. ||Wulang èstri [8] kang wus palakrami | lamun pinitados | amêngkoni mring balé wismané | momong putra maru santanabdi | dèna ngati-ati | ing sadurungipun||
  2. ||Tinampanan waspadakna dhingin | solah bawaning wong | ingkang bakal winêngku dhèwèké | miwah watak pambêgkané sami | sinuksma ing batin | sarta dipunwanuh||
  3. ||Lan takona padataning kang wis | caraning lêlakon | miwah apa saru sêsikuné | sêsirikan kang tan dèn rêmêni | rungokêna dhingin | dadi tan pakéwuh||
  4. ||Tumraping rèh pamanduming panci | tatané ing kono | umatura dhingin mring priyané | yèn panuju ana ingasêpi | yya kongsi baribin | saru yèn rinungu||
  5. ||Bok manawa lingsêm têmah runtik | da[9]di tanpantuk don | déné lamun ingulap nétyané | datan rêngu lilih ing panggalih | banjurna dérangling | lawan têmbung alus||
  6. ||Anyuwuna wulang wêwalêring | gonira lêlados | lawan êndi kang winênangaké | marang sira wajibing pawèstri | anggonên salami | dimèn aja padu||
  7. ||Awit wruha ukumé Jeng Nabi |kalamun wong wadon | ora wênang andhaku darbèké | priya lamun durung dèn lilani | mangkono wong laki | tan wênang andhaku||
  8. ||Mring gawané wong wadon kang asli | tan kêna dèn êmor | lamun durung ana palilahé | yèn sajroning salaki sarabi | wimbuh rajatadi | iku jênêngipun||
  9. ||Gana gini padha andarbèni | lanang lawan wadon | wit sangkané [10] sangka sakaroné | ngiwawéning isih ana laki | marma yya gêgampil | rajatadi mau||
  10. ||Gana gini ékral kang darbèni | saduman wong wadon | kang rong duman wong | lanang kang darbé | lamun duwé anak jalu èstri | bapa kang wènèhi | sandhang panganipun||
  11. ||Pama pêgat mati tuwin urip | gonira jêjodhon | iku ora sun tutur ukumé | wawênangé ana ing surambi | ing mêngko balèni | tutur ingsun mau||
  12. ||Yèn wusira winulang winêling | wêwalêré condhong | lan priyanta ing bab pamêngkuné | balé wisma putra maru abdi | lawan rajatadi | miwah kayanipun||
  13. Iku lagi tampanana nuli | kang nastiti batos | tinulisan apa saanané | ta[11]dhah putra sêlir santanabdi | miwah rajatadi | kagunganing kakung||
  14. ||Yèn wus slêsih gonira nampani | sarta wis waspaos | aturêna layang pratèlané | mring priyanta paraning kang kapti | ngêntènana malih | mring pangatagipun||
  15. ||Kang supaya aja dènarani | wong wadon sumênggoh | bok manawa gêla ing batiné | bêcik apa ginrayangan mélik | mring kayaning laki | tan yogya satuhu||
  16. ||Ing sanadyan laki nira bêcik | momong mring wong wadon | wékanana kang mrina liyané | jêr manungsa datan nunggil kapti | ana ala bêcik | ing panêmunipun||
  17. ||Lamun kinèn banjur ambawani | yya agé rumêngkoh | lulusêna lir mau-mauné | aja nyuda aja [12] amuwuhi | tampanana batin | ngajarna awakmu||
  18. ||Êndi ingkang pinitayan nguni | amêngku ing kono | lêstarèkna yya lirip atiné | slondhohana lêlipurên ing sih | mrih trimaning ati | kêna sira tuntun||
  19. ||Yèn wus cakêp kacakup pikiring | wong sajroning kono | lawan uwis mêtu piandêlê | marang sira ora walang ati | iku sira lagi | ngêtrap pranatanmu||

¤¤¤