Category Archives: SULUK SEH SITI DJENAR

SULUK SEH SITI DJENAR


PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. │Nahen wonten  Wali hambeg luwih │ nguni asal wrejid bangsa sudra │ antuk wenganing Tyas bolong │ tarbukaning Hyang Weruh │ Sunan Benang ingkang murwani │ tatkala mejang tekad │ muruk mirid kawruh │ ring jeng Sunan Kalijaga │ neng madyaning rawa nitih giyota di │ Sitibang antuk jarwa│
  2. │Mila mangke tyasnyarda kelair │ Umahywa tekad kajabariyah │ kadariyah mangsud tyase │ andhaku datullahu │ Budi eling den anggep Gusti │ Pangeraning manungsa │ isnipat rongpuluh │ mawujud kidam lan baka │ mukallapahlil kawadis nyulayani │ gumlarnya barang anyar│
  3. │Kodrat iradat jumenengnya elmi │ kayan samak basar lan kadiran │ muridan ngaliman kehe │ dwidasa cacah kaglung │ rumaket ing bumi lestari │ tegese wujud mutlak │ dadya dzat ranipun│ tan wiwitan tan wekasan│nora sangkan nora paran ngenalyakin │ ing tekad sipattolah│
  4. │Seh Sitibang manganggep Hyang Niddhi │ wujud nora kang katon satmata │ sarupa yayah dheweke │ sipat-sipat mausup │ lir wujudnya bleger tar kaksi │ warnarda tarpa ceda │ mulus alus lurus │ kang nyata tan wujud dora │ lirnya kidam dhihin jumeneng tan kari │ saking pribadinipun│
  5. │Basa baka langgeng tampantawis │ nora rumaket lara kapenak │ jumeneng neng kana kene │ tan ikut nora iku / mokallapah lilkawadisi │ pradikane prabeda │ lan sakehe wujud │ barang anyar gumelar ing rat │ nyulayani sipat kahanan dumadi │ jroning bumi akasa│
  6. │Tembung kodrat kapasang pribadi │ nora ana kang mirib kang madha │ tur buda datanpa prabot │ ngadam praptaning wujud │ jaba jero sebab sawiji │ iradat tegesira │ karsa tanpa ngrembug │ elmu kawruhing kahanan │ ingkang pisah saking pancadriya tebih │ ngungkuli punglu tinggar│
  7. │Kayad urip sarana pribadi │ tes-tinetes kayunya pribadya │ uripe nora nganggo roh │ tan melu lara ngelu │ sirna bungah susah norapi │ jumeneng sakarsa-karsa │ yeku kayad kayun / Seh Siti Jenar waskitha │ tertela trang waskitheng  jalma linuwih │ marga ngaku Pangeran│
  8. │Salat limang wektu puji dhikir │ prastaweng tyas karsanya pribadya │ bener luput tampa dhewe│ sadarpa gung tertamtu │ badan alus kang munah karti │ ngendi ana Hyang Suksma │ kajaba mung ingsun │ mider donya cakrawala │ luhur langit sapta jro bumi tan panggih │ wujudnya dat kang mulya│
  9. │Ngendi-endi kabeh sepa-sepi │ ngalor-ngidul ngulon ngetan tengah │ kana-kene mung neng kene │ kena wujudku dudu │ anging jroku awang uwung sunyi │ isi daging jrowan │ rereged dalemku │ dudu jantung dudu utak │ ingsun ingkang pisah lir culing jemparing │ Mekkah Madinah kambah│
  10. │Dudu budi angen-angen ati │ beneh eling pikir  beneh niyat │ hawa barat napas dene │ suwung  lan wang wung dudu │ wandaningsun jisim kawadis │ tan wun dadya Gusthika │ bosok mawor lebu │ napasku mindraweng jagad │ Bumi geni banyu angin mulih asli │ yeka anyar sedya│
  11. │Wangsul ingsun dat kang muksmeng Widdhi │ pangeranku sifat jalal kamal │ nora karsa salat dhewe │ nora arsa dhadhawuh │ de wong salat pakoning budi │ budi lanat musibat │ tan kena kagugu │ salin-salinparentahnya │ menela-menele tatemeni nora dadi │ tansah ngajak durjana│
  12. │Jroning salat budiku memaling │ jroning dhikir budi nyidrasmara │ kadhang melik amal akeh │ seje datul guyubu │ ingsun iki kang Mahasuci │ dat maulana nyata │ kang layu kayapu │ tur nora kinaya ngapa │ mila Siti Jenar budi nuksmeng Widdhi │ ngrusak gama Mustapa│
  13. │Datan nggugu prentahing si budi │ jengkang-jengking neng masjid ting krembyah │ ganjarane besuk tembe │ yen katarimeng laku │ sejatine nora pinanggih │ neng dunya bae padha │ susah samya mikul │ lara sengsara tan beda / marma Siti Jenar mung ngantep siji │ Gusti dat Maulana│
  14. │Kang sudibya gunardika murti │ tur kang mengku sipat kalidasa│ atas sabarang karsane │ kuwasa murweng kawruh │ ing jalal kahar jamal kamali │ nirmala muka warna │ yayah kawulanipun │ wahyeng angga tan katara │ sekti murti mumpuni salwir dumadi │ mindrawa Endraloka│
  15. │Yeka ingkang den anggep Hyang Widdhi │ Seh Sitibang darmastutyeng karsa / sumarah ing reh dhawuhe │ Tekad jabariyah kaglung │ Kadariyah wimbaning lahir │ madhep mantep tur panggah │ kuwat ing pangaku │ kukuh kasmala nirdaya │ angantepi urip prapteng layu yakin / tan mangran budi cipta│
  16. │Ciptaning tyas Siti Jenar maksi │Wujudira den anggep Mukamad │ mengku rasul sanyatane │ Mukamad sipat kudus │ anyar urip padha nganyari │ rumaket pancandriya │ sajatine gadhuh │ yen wus kapundhut kang gadhah │ dadi lemah bosok mumur dadi najis │ paran dadya gandhulan│
  17. │Budi pikir angen-angen eling │ tunggal wujud akal keneng edan │ susah bingung lali sare │ budya keh nora jujur │ rina wengi mangayu drengki │ mrih raharjane pribadya │ rusaking lyan sokur │ srei wekas nrak durjana │ tur gumunggung umuk temah tibeng nisthip │ ngalani wandanira│
  18. │Getun yen wus tumiba ing dhiri │ seje dat wajibul mulyaning rat │ mulyaning budaya kabeh │ wandaning jalma amung │ ana wujud karsa sawiji │ iku bae tan bisa │ ngakoni sadhawuh │ roro maneh kuwawaa │ lah ta endi pisahe dat lawan budi │ supaya janma nrima│
  19. │Seh Lemahbang rumaket jatining │ eneng sirnaning antaya mulya │ dat kadimah budayane │ dalilnya ramahetu │ sah manganil kahub lirneki │ uculing jemparing plas │ gendewane embuh │ srengat tarekat kakekat │ myang makripat palastha tanpa kang budi │ dat tajalining wanda│
  20. │Lapal Allah tanpa warna kaki │ sajatine bingung embuh nyata │ anulya jumeneng wit bingong │dadya musamanipun │ jati asma neng kalmisani │ yantayumin kaolina │ cukul reh pamuwus │ Muhammadun Rasulullah │ wujud kapir sipat jisim bosok mimir │ mumur dadya bantala│
  21. │Seje kita mukmeng dat linuwih │ kang sadarpa sakti dibyeng laya │ midraweng rat Pangraningong │ murba masesa ulun │ sipat wahadaniyat sawiji │ Esa langgeng ngembara │ angungkuli punglu │ dudu budi dudu nyawa │ dudu urip tanpa sangkan saking pundi │ tanpa paran ing sedya│
  22. │Dadya sejati yayah wujud mami │ tan rekasa kodarat warnanira │ mlaya saparan-parane │ nora nglak nora lesu │ tanpa lara lapa myang ngelih │ gunardi karjeng kara │ adreng cipta luluh │ lebdane saking jiwangga │ tan ketara wahywanya nora nglabeti │ pangya wus aneng kana│
  23. │Siti Jenar pamengkuning urip │ aneng donya  punika pralaya │ nyipta rinten ratri maot │ purwaning kuna idhup │ ngunandika Pangeran Sitibrit │ ngungun rumaket pejah │ kyeh nraka kerasuk │ lara lapa adhem panas │ putek bingung risi susah jroning pati │ seje urip kang mulya│
  24. │Indhup mulya jumeneng pribadi │ nora lelantaran banyu bapa │ sabarang karsane dhewe │ tan asal angin bayu │ bumi geni kabeh kawadis │ alaming karusakan │ kyeh siksa tinemu │ Allah jumeneng sipat anyar │ gothak-athik ngetutken panggawe silib│ Durjananign Agama│
  25. │Punggung mudha wong kadhadhung budi │ cipta iblis lanat pikir setan │ angen-angen jaba gedhe │ nenuntun maring dudu │ wong katiban naraka api │ saka panggendheng driya │ ngraket catur  nepsu │ ireng abang kuning seta │ pira-pira maleksa  makethi-kethi │ rumasuk mring jiwangga│
  26. │Getun temen uripku ing  nguni │ tetep sukci tan kacakrabawa │ nora arah nora enggon │ ireng bang putih embuh │ iji biru dadu myang kuning │ kapan sun bali marang │ uripku rumuhun │ wahyeng pati madyapada │ kok mangkono rasane wong darbe pati │ wong mengku kayad anyar│
  27. │Kayun anyar kodrat iradati │ elmu samak basar myang aliman │ ngrekasa temen rasane │ panca pranawa kudus │ kabeh wandaningsun sekalir │ jro jaba ora ana │ kang ginawa mantuk │ kanggo uripku neng kana │ datan kena kabeh iki wujud najis │ jember tur dadya wisa│
  28. │Rupa-rupa gumelar jroning pati │ pati donya ngraket pancadriya │ nganggo kayad kayun kiye │ cacah sipat rong puluh │ meh kapencut dereng sun mati / panasaran mayuta │ swarga naraka gunggung │ kabeh iku kena rusak │ wujud bathang reged arus amis bacin │ cocok daliling Kur’an│
  29. │Wahama ngamaluje patuni │ gumlaring alam donya gusthika │ lah bener temen maknane │ mayid pating bilulung │ ngetan ngulon angupaya duwit│ busana wastra mulya │ sesatya mas mancur │ datan wruh kabeh gusthika │ nunggang kreta siyas bondhi iku mayid │ prandene ambeg siya│
  30. │Wong den seba ngedhangkrang neng kursi │ sugih bandha wismadi rinengga │ bungah temen panganggepe │ apa ta nora weruh │ barang gumelar donya sekalir │ yun pulastha wong kisma │ prandene gumunggung │ ojo wlas temen sun padha │ nora weruh ciri yen wandana mayit │ de harda kumawawa│
  31. │Drenging cipta Jeng Pangeran Sitibrit │ kayun kayad mampir raganira │ nyipta kesasar parane │ donya neraka agung │ mengku pancandriya kawadis │ lumyat gumlar ing jagad │ surya surup-surup / wulan isining donyarja │ rajabrana dadya panggodhaning pati │ marma tekad pulastha│

PUPUH II
S  I  N  O  M

  1. │Derambeg ulah jiwita │ Seh Siti Jenar  kaesthi │ mrengkang saking Wali-sanga │ jemak kiyas dalil kadis │ tumullar nyakrawati │ kasub kasumbageng catur │ budyarda widayaka │ gunardika ngatas kawrin │ kang cinipta donya ingaranan laya│
  2. │Jroning pati swarga nraka │ bagya cilaka pinanggih │ yeka gumelaring donya │ cocok dalil asmarakandhi │ analmayid pikubri │ wayajidu kalibahu │ satuhune wong pejah │ rumaket jiwangga manggih │ geganjaran swarga lawan naraka│
  3. │Iya iku sapunika │ wis pira-pira nandhani │ suprandene Wali Sanga │ akeh kaliru nampi │ mangkya ingaran urip │ besuk den arani lampus │ mangka Sri Lemahbang │ rinten dalu mardi budi │ guna dibya ing kawruh muksaning angga│
  4. │Muridnya Jenar sekawan │ kang wus bijaksana kakiki │ Juga wasta Ki Busana / Ki Wanabaya kekalih / Ki Canthula kaping tri │ Ki Pringgabaya ping catur │ punika kang wus pana │ Pramanem tekad sawiji │ mantep tetep kamulyan ing tembe gesang│
  5. │Donya ingaranan pejah │ mengku ala lawan becik │ lara kepenak myang bagya │ cilaka nraka suwargi │ tetep sajroning pati │ marma kabeh kang wus gilut │ ngraket kawruhnya Jenar │ rinten ratri minta urip │ tan kawawa nglakoni pati neng donya│
  6. │Kathah para siswantara │ manca desa manca nagri │ ngatas pojaran mulyarja │ anom tuwa jalu estri│ reraton ulah mardi │ de wewejanganing kawruh │ Lemahbang ring sekabat │ winruhken purbaning urip │ kaping kalih wruhken pelawangan gesang│
  7. │Ping tiga panggenan benjang │ urip langgeng tan pantawis │ ping catur panggenan pejah │ kang linakon ing semangkin │ lawan malih paring wrin │ jumenengnya Kang Mahaluhur │ dadine bumi kasa │ para murid ingkang tampi │ kathah siswa kang nglalu golek prakara│
  8. │Liwung aneng marga-marga │ yayah kunjana ambeg diri │ lumaku tan gelem nyimpang │ nekad nunjang cipteng galih │pamrih karampok nuli │ mulih marang tetep idhup │ tan betah aneng donya │ darpa ngupaya yun panggih │ samya gila sedaya nukrata│
  9. │Ing pasar geger puyengan │ wong nekad ngupa prakawis │ mamrih songkolan tabokan │ pepenthungan ngunus keris │ gya konjuk sri Bupati │ tumulya dhedhawuh mikrut │ kacekel gedheng asta │ sekala laju den sepir │ aneng buwi samya manglalu pralaya│
  10. │Tur dereng nganti kapriksa │ ketrangan sedyaning kapti │ denira karya ruhara │ Sri Narendra dhawuh malih │ kinen ngupaya murid │ Seh Lemahbang kang majenun │ yuh kapriksa ingkang trang │ dupantyara ari malih │ nuju pasar ana catur sabat Jenar│
  11. │Karya dedrah murang kaprah │ gya cinekel ing panjagi │ bintara wus tinalenan │ katur ngarsaning narpati │ kapriksa paran marmi │ murang silaning tumuwuh │ mangsuli tanpa krama │ mung ngupadi dalan urip │ nora kuwat lama nglakoni palastra│
  12. │Ingsun muridnya Sitibang │ kang gunardika reh elmi │ putus duga lan watara │ tetela ing donya mati │ jleh bosen sun umaksi │ gumlaring bangke ting blulung │ mayid sapirang-pirang │ ratu pangulu pepatih │ jaksa kabeh susawa temeh gusthika│
  13. │Pra oliya Walisanga │ santri-santri kyai-kyai │ batang kabeh nora wikan │ prandene paksa ambleg dir │ kumawawa wong mati │ pinardi sembahyang sujud │ manembah Nama Allah │ Sejatine donya iki │ nora bisa weruh sipatnya Hyang Suksma│
  14. │Guyub muridnya Seh Siti Jenar │ marang kramaning lestari │ estri priya beg barama │ marma kyeh prakara dadi │ daredah kadya baring │ warna-warna ngupa layu │ ana ngajak sudukan │ tumbak pedhang cipteng galih │ supayane mulih marang jaman gesang│
  15. │Murid kang tan nglalu jiwa │ ngumbar wicara  tan apti │ marang tangga-tangganira │ mangkana wuwusnya murid │ heh kanca-kanca mami │ ana dene kawruhanmu │ sira keneng pitenah │ pembujuknya Wali mukmin │ kang supaya ngereh tan nganggo prabeya│
  16. │Semana Sultan Bintara │ sadarpa ngungun ing galih │ dupi kathahing prakara │ saben-saben tampi warti │ ing mancapraja desi │ ana wong liwung reh dudu │ ngrusak arjeng pranata │ ngayu pati lir punagi │ wong kunjana muridnya Seh Sitiretna│
  17. │Sedene Sri Naranata │ tampi pratelaning patih │ lapurnya pratinggi desa │ wonten durkertateng bumi │ datan mamrih punapi │ mung ngupadi marga layu │ sabatnya Pangran Jenar │ nata gya ngandikeng patih │ heh ta paman sira nglakokna duratma│
  18. │Caraka mrang kartibaya │ sandi tarek talbul ngelmi │ marang dhukuh Krendhasawa │ ring wismeng Pangran Sitibrit │ pethuk myang slajeng warti │ derandum kawruh beg guru │ mahywa mejang penasar │ geseh ngadating leluri │ matur nuwun sandika kyanapatya│
  19. │Manuding kalih punggawa │ kang ahli rasaning elmi │ tur wong gunarda susastra │ surtning sedya winangsit │ sendika wisata glis │ lestari prapteng dhudhukuh │ wus panggya ngataskara │ ing reh lukitaning kapti │ Pangran Jenar sigra jarwa tanpa warna│
  20. │Kathah panunggilanira │ sesarengan tampi elmi │ dupi wus trang Cakrakarwa │ pamitan mantuk lestari │ tantara aneng margi │ prapteng Bintara cumundhuk │ ngarsane kyanapatya │ gya den irid manjing puri│ konjuk nata matur lampahnya dinuta│
  21. │Purwa madyaning wasana │ langkung ngungun Sri Bupati │ Ngandika heh paman patya │ paran pamunahmu dadi │ srananen brastha weri │ Sitibang maling majenun │ menawa ngambra-ambra │ buka rusiyaning bumi │ kyana patih matur dhuh Gusti prayoga│
  22. │Paduka pribadya pangya │ matur pramodaning wali │ wonten durtaning wali │ wonten durtaning Agama │ murang pranataning dini │ rehning puniku mukmin │tur antuk asma kasebut │ Pangeran tandha muktas │ kawruh susilaning Gami │ ngatas karsanira Kangjeng Walisanga│
  23. │Pethuk narendra busana │ rumanti tindak ing Masjid │ tantra prapta tur pranata │ pra wali kurmat sing linggih │ gya salaman waradin │ gantya-gantya nulya lungguh │ parek lang srinarendra │ cinakra na karya gati │ Walisanga reh lukita pasang karna│
  24. │Nulya Sinuhun Bintara │ matur ing Benang sang yogi │ pukulun atur uninga │ ing waktu mangkya keh jalmi │ nglebur pranateng adil │ brastha silaning tumuwuh │ sekel mlija sunarta │ suda kertaning bumi │ praja rengka gempal harjaning widada│
  25. │Pasar-pasar marga-marga │ dhusun-dhusun tegal sabin │ pundi nggen pangupajiwa │ kadhatengan janmi karti │ mangarep enggal mati │ dereng panjagi amikut │ kula priksa aturnya │ angupadi dalan urip│ piyambakipun donya ingaran pralaya│
  26. │Sesambatnya boten kiyat │ kadangon rumaket pati │ tandang bisana beg durga │ yayah rasmala met pati │ salajengipun manjing │ panjara neng buwi layu │ sampun kathah lepiya │ mekaten wahywaning pamrih │ dene dhusun ayom sami ngrampok siya│
  27. │Dadya tawuran bujana │ datan kendhat siyang ratri │ kula upadi kang murwa │ weh kawruh mekaten panggih │ jeng Pangeran Sitibrit │ kang kondhang jumeneng guru │ kagugu para mudha │ temah mursaling urip │ reh wejangan donya punika gusthika│
  28. │Kawula lajeng nyundaka │ kita purih manjing murid │ dwi Ginasrana Bijaksa │ sampun kawejang nampeni │ tiyangipun puniki │ kang kula kinen geguru │ dupi sampun matur trang │ amta lajeng sowan mriki │ ngasta karsa sarehning bangsa uliya│
  29. │ Lamun kula rudapaksa │ tindaking nagari krami │ pinten bobotnya Seh Jenar │ Sunan Benang ngandika ris │ bener jebeng narpati │ kudu rembug Wali Wolu│ Sebab Pangran Lemahbang │ wus jumeneng wali luwih │ yen mengkono sun pribadi kang utusan│
  30. │Wis Sultan sira kondura │ tembe yen ana gineming │ jebeng pasthi kaaturan │ tibaning krampungan mesthi │ sandika  Sri Bupati │ mundur wus datan cinatur │ ucapen Walisanga│ samya gusthi ingkang dadi │ sayogyarja mahyeng kukum madya-tama│

PUPUH III
DHANDHANGGULA

  1. │Kangjeng Sunan Benang   ngandika ris │ heh kanca mukmin paran sayogya │ Pangran Jenar karya dede │ mindaka tameng kawruh │ ngelmu srengat sintruning lahir │ parentah subkanallah │ nyegah dursilayu │ mamrih sampurnaning gesang │ mangkya Sitireta buka wewadi │ babar wadining jagad│
  2. │Srengat Nabi Mustapa weradin │ midraweng rat ngluhurken pangeran │ sarana salat pujine │ junjung kraton Hyang Agung │ brastha weri tobat mring masjid │ supaya pra widada │ idhup pranteng layu │ kagantungan swarga-nraka │ wus binantu wong jawa keh ngleksanani │ wirya tentrem sukarta│
  3. │Mangke Jenar miyak aling-aling │ miridaken elmu ngrusak sarak │ kadipundi sayogyane │ lah punapa karampung │ punapa ta dipun timbali │ tanggap Jeng Kalijaga │ reh prayoganipun │ katimbalan ngaben rahsa │ yen tan arsa pinaring sasmita gaib │ kinen mancas kang cetha│
  4. │Leres lepat pangucapnya misil │ sasaged-saged winulanga │ ywa kalurung elmu aneh │ lamun maksa beguguk │ kula miwah sakanca wali │ prapta ngampil krampungan │ wedananing kukum │ de lamun pareng ki lurah │ kang kautus murid kawula kekalih │ Pangran Bayat Seh Dumba│
  5. │Aben rahsa sasmita kang gaib │ nulya Sunan Benang andhedhawah │ Pangran Bayat wus cumaos │ lan Seh Dumba neng ngayun │ liningan heh Pangran sireki │ sun duta ngataskara │ panggya wong majenun │ kang dhedhukuh Krendasawa │ Seh Lemahbang harda mindakeng gami │ timbalana mring Demak│
  6. │Lamun mopo paringana misil │ lambang sasmita patang prakara │ konen ngecup sabenere │ lan jarwanana hayu │ yun punapa derambeg tikin │ sudarmaning suksma │ dalil Ku’ran sun wruh │ pira-pira cecegahan │ lamun meksa mredut silaning Agami │ enggal nuli baliya│
  7. │Lakunira jebeng sun kantheni │ Ki Seh Dumba kalih wus sandika │ lumampah amung wong loro │ tan dangu karwa rawuh │ dhukuh Krendhasawa umanjing │ bale langgarnya Seh Beng │ salam ngalaekum │ pinuju Seh jenar lagya ingkang │ sung sajarwa murid anyar ingkang manjing │ neng sadaleming langgar│
  8. │Marma datan open tamu prapti │ mung marsudi denira memejang │ para murid lanang wadon │ Pangran Bayat ping telu │ uluk salam tan den wangsuli │ laju mlebu kewala │ karwa jajar lungguh │ brasta silaning pranata │ Sitijenar nora ngengewa sedami │ tansah pambengatira│
  9. │Nyambung sabda Pangran Bayat angling │ heh anak Seh Jenar praptaningwang │ dhapur lumaku sapakon │ pra wali sabiyantu │ animbali mring sira nuli │ kerida laksitengwang │ mandheka caturmu │ rengen sandeng Wali-sanga │ wantu-wantu nora kena mopo karsi │ kagyat Seh Sitireta│
  10. │Heh paman sira lumakyeng tuding │ Wali-sanga nimbali maringwang │ bab iku apa perlune │ sanadyan parilatun │ sun tan arsa reh dudu abdi │ kita nora kaprentah │ jer wali lan ingsun │ padha daging wujud bathang │ sawetara engkas bosok dadya bumi │ kok cumanthaka angundang│
  11. │Ngong neng luhur bumi ngisor langit │ darbek ingsun pribadi purwengwang │ surya candra mlaku dhewe │ tandhane ngguni suwung │ nora kantha tan ika-iki │ dupi ngong prapteng pejah │ neng  donya dedulu │mubarang isining donya │ ananingsun dene kere melu darbi │ padha lan Wali-sanga│
  12. │Nimbalana wong kang mudha pingging │ pasthi gelem sowan dherakalan │ saking wong cubluk budine │ seje kaya wakingsun │ wong waskitha surtyeng pangethi │ sudibya mardiguna │ tan kena kasedul │ kapusan wong santri nglompra │ sulap palsu ngaku cedhak Mahasuci │ tan wruh wandane bathang│
  13. │Ider elmi saben wong den doli │ kinen nembah Hyang mring masjid Demak ││ jrone ana Allah goroh │ sun nguni melu sujud │ prapteng mangkin getun kapati │ tan wruh kuwandaningwang │ lairnya Hyang Agung │ anane jeneng manira │ mangke kena ngarani Kawula Gusti│ reh aneng jaman pejah│
  14. │Besuk yen wus sun pribadi urip │ tamtu tan ana Gusti – kawula │ mung kang urip ingsun dhewe │ langgeng tan ana layu │ judheg nikmat neng tepet sukci │ marmengsun harda susah │ sedhih mengku layu │ rumaket swarga  neraka │ panasaran pira-pira jaman pati │ yeka donya punika│
  15. │Nora betah sun neng riki mati │ kepengin mulih jumeneng gesang │ jaba jero nora duwe │ dene kene kemaru │ jawi kalbu kawula Gusti │ mengku lara kepenak │ sajroning sun layu │ heh Pangran Bayat nek sira │ nora wikan wuwusku mengkono iki │ tetep sasar sewu pejah│
  16. │Pantes bae seneng jaman pati │ kasenengan sarwa-sarwi ana │ pancadriyamu nenonton │ kupingmu krungu angklung │ jroning ati wruh gendhing bribil │ nadyan ati ngulama │ kethuk kenong ya wruh │ rumesik nuci wedana │ esok sore kicah-kicih sabeng warih │ kinarya mrada raga│
  17. │Sajatine budimu pratitis │ abalithuk nasarake umat │ jengkang jengking esuk sore │ jarmu ganjaran besuk │ swarga naraka kanthil rumakti │ wong nganti karanjingan │ dening ujar palsu │ kaseb sembahyang trataban │ wus mangkono wong keneng pambujuk eblis │ gebas gebes dhikiran│
  18. │Apa tan wruh yen wandane daging │ otot balung sungsum bakal rusak │ priye lehmu ambecikake │ nadyan salat ping sewu │ sadina tan wurung mati │ awakmu kang kapulas │ bakal dadya lebu │ jer wardanira gusthika │ apa wali mulih bisa nggawa daging │ paman iku wis ora│
  19. │Lah bok aja dahwen marang mami │ nimbali Seh Jenar wong bijaksa │ manawa kawiyak warnane │ palsune nora payu │ lamun nganti akeh jalma wrin │ jer wali kabeh krenah │ngapusi wong cubluk │ coba sira Pangran Bayat │ sun takon apa wus Mahasuci │ pethekku durung priksa│
  20. │Aja maneh rupane Hyang Wuddhi │ malaekat bae durung wikan │ nadyan malaekat kang copot │ sireku durung weruh │ mung bingungmu dhewe kopikir │ ngupaya Gusti Allah │ tan bisa ketemu │ kana-kana ora ana │ kene dudu temah budimu keesthi │ ngangen-angen Pangeran│
  21. │Kagyad Pangeran Bayat nabda aris │ myang Seh Dumba nglairken panedya │ heh Seh Jenar ywa mangkono │ paduka sewu kliru │ donya iki ingaran pati │ ana swarga naraka │ iku tembung luput │ nora kaprah jamak kiyas │ dalil kadis sulaya kang sira esthi │ nut pikir kurang arja│
  22. │Magkya srengat Arab maratani │ Tanah Jawa temah narik tama │ kabeh wus hayu budine │ mangke sira mathungul │ kabul wrata mancanagari │ memuruk ngrusak sarak │ donya aran layu │ akir ingaranan gesang │ swarga nraka katemu ana ing ngriki │ yeka wong nglebur kaprah│
  23. │Katampanan wong kang mudha pingging │ mangke harda wong murang kartarta │ awit wejangta mangkono │ lah endi gandhulanmu │ ku’ran apa kadis punapi │ dene tan lumrah kathah │ Lemahbang sumambung / o o dene sira tuna │ dadya wali tan weruh unining tapsir │ becik dadiya bujang│
  24. │Abelayang luwung angger urip │ yen tinari mati kipa-kipa │ ambegmu pasrah jiwane │ kapundhut rinten dalu │ lega lila wuwusmu kidip │ tur weruha ngrejahan │ dijaluk nyawamu │ lah ku bedane apa │ bujang Baujayan karo para wli │ yeka lah lagi padha│
  25. │Heh Pangeran Bayat sira yun wrin │ gegandhulanku mamet kitab apa │ e, e bodho temen kowe │ lehmu ngaji geguru │ wong Samarang prapta ing ngriki │ pruwita ngelmu rahsa │ dene sira limut │ ngesthi catur ngayawara │ dalil Kuran nora pisan sira budi │ mung mestu swara dora│
  26. │Nora pisan nyukmeng tyas utami │ yen mangkono ciptamu kasasar │ luwih becik dadi kadhet │ Iku wong dhemen idhup │ nadyan ngutil anggere urip │ warokan Panaraga │ kang kaya tekadmu │ ngaku wali luwih gampang │ suprandene kaget wruh klakuwan mami │ mamet sorah musakap│
  27. │Rungokena rapale kang muni │ kayun dakim lamatuha badan │ kang mangkono pardikane │ bangsa urip tan layu │ langgeng ing salaminira urip │ mila donya punika │ dudu aran idhup │ pratandhane sira pejah │ aneng donya donya ingaranan pati │ lah paman rasakena│
  28. │Wal mayyitu pingali milkubri │ yujidu kalibahu tegesnya │ wong neng alam kubur oleh │ awak-awakan nemu │ marma tanpa nraka suwargi │ wruhanmu samangkya │ Pangran Bayat muwus │ lah endi swarga neraka │ sun yun weruh duduhena sun catheti │ katur ing Wali │
  29. │Pangeran Jenar angandhika malih │ mring kang paman Pangeran Tembayat │ mangkana pangandikane │ heh paman wruhanmu │ swarga nraka wujud kekalih │ tur saking kadadeyan │ kitab Mupit nebut │ analjana tuwannara │ wujudani makhlukakatani limeki │ alana sapunika│
  30. │Swarga nraka samya wujud kaksi │ tur ndina deken mangke iya │ ingsun kiyas planggerane │ kabuh wujud kang lebur │ tandhanira suawarga manik │ ngong bengkas babar pisan │ sawarga kang luhung │ seneng lan condhonging manah │ nora kurang wong neng kreta brebes mili │ ojogan ngura-ura│
  31. │Gandhang sindhen gendhing Jenthikmanis │ giyak-giyak nembang lam lumampah │ kinanthi melung swarane │ tan dumeh wong memikul │ gendhong nyunggi barang nyenyangking │ ojogan mring ing Demak │ ana swarganipun │ reh seneng parenging prana │ turu sewan bantal dhingklik akeh tinggi │ jro jiwa sukawirya│
  32. │Wong neng swarga barang sarwa sarwi │ yen lelungan kapenak kang badan │ bendhi kreta gledheg-gledeg │ yen nerakane rawuh │ mrebes mili sagarwa siwi │ wus pira-pira lunya │ mokal sira tan wruh │ kadhang nglakoni wus paham │ nora susah paman sun jerengi malih │ kang muruk marang sira│
  33. │Marma wus tetela donya iki │ jeneng pati mengku swarga nraka │ para Mukmin wali bangke │nadyan saiki durung │ nora suwe bakal nemahi │ ingsun lan sira padha │ Gusthika lelaku │ lah elinga ywa mengkana │ kumawana dadya kongkonan sumrinthil │ mung dupahi carita│
  34. │Sang Seh Dumba anambungi angling │ adhuh Kangjeng Pangeran Lemahbang │ bok sampun mekaten angger │ kaprah punika unggul │ nadyan leres namung sakedhik │ salah nratani jagad │ tur sajatinipun │klintu pamurading Kuran │ kalih dening malih jumenengnya Gami │ antuk bebaluh nata│

PUPUH IV
P A N G K U R

  1. │Jeng Sultan Adi Bintara │ nyantosani Arab Hukum agami │ sing sapa nacad geguyu │ tentu antuk siyasat │ boten yogya boten kiyat kawon guyub │ srengat wor nagara krama │ tan gandra sapinten ngriki│
  2. │Punapa boya kengetan │ brastha Majalengka purwaning santri │ suprandene sirna larut │ katempuh sabilollah │ tur narendra binathara sugih wadu │ angreh pra bupati arya │ boten kwawi mengsah santri│
  3. │Reh lagi jinurung ing Hyang │ gama Arab awrat tataning bumi │ mula ing mangkya dika yun │ mindakeng Wali-sanga │ boten wande Krendhasawa dadya awu │ agama rumaket praja │ lan enggeta narik yekti│
  4. │De paduka mengaku tekad │ Kang mekaten yogya kagem pribadi │ samun kinarya memuruk │ rign siswantara mudha │ reh ruhara daredah dadya majenun │ suda widyaning widada │ druhaka gung manjing sepir│
  5. │Wonten kang dadya tawuran │ tur karampok sinempal-sempal mati │ wong karya ruhareng dlanggung │ pasar-pasar sungkawa │ de hardawalepa denya gilut  kawruh │ nadyan ngupa dalan laya │ nanging penasaran kang margi│
  6. │Saru pocapaning wuntat │ kondhang catur terah turuning weri │ weri-werining praja gung │ kagunggung murang arja │ ngrusak karta saruning jana sawegung │ wong yun sae wonten ngrika │ kedah sae wonten ngriki│
  7. │Ucapen para sakabat │ Seh Sitibang sekawan kang wus muklis │ tan tebih marek neng riku │ wasta Ki Pringgabaya │ dupi mireng sabda Seh Dumba gya nambung │ nabda kaduk manuhara │ heh kadang Dumba prayogi│
  8. │Atur dika mring Jeng Pangeran │ sarta leres-leres dika pribadi │ jer sampyan seneng tumuwuh │ neng donya barang gumelar │ sarwa-sarwi bangsa wastra bagus-bagus │ gampang ngrenah adol ucap │ sasat buruh adol trasi│
  9. │Wirang isin angger gesang │ lamun murid Sitibrit kang wus muklis │ ring rerupan tan kapencut │ aseneng gumlaring rat │ mung angesti trusthaning tyas tembe idhup │ mangke jiwaningsun tunggal │ lan bathang kang jejemberi│
  10. │Sabisa-bisa kumedah │ ngupa marga direngsun ngupa urip │ jiwengong boten andulu │ kenunutan bebathang wuda │ wuda ngelih sun katempuh luru butuh │ sanadyan ana Pangeran │ nora kena den jaluki│
  11. │Jaluk bebed jaluk sega │ nora oleh katempuh sun pribadi │ jarik klambi iket sabuk │ tuku marang prombengan │ ingsun ngelih jajan sega iwak duduh │ kapriye gonku mangeran │ Allah-Allah ketan lopis│
  12. │Pinuji sinembah-sembah │ jebul ora bisa aweh rijeki │ temah katempuh uripku │ ngupaya saben dina │ dijaluki maring mayit daging nunut │ kang bakal sun tinggal bathang │ tan kena ginawa malih│
  13. │Heh rasakna Ki Seh Dumba │ catur kita lebokna sanubari │ yen wus trang buwangen semprung │ rehning tan seneng sira │ mung anggugu bathangmu kogawa mantuk │ mring akerat gawa bathang │ nora wurung mati malih│
  14. │Jer ciptanta mring sawarga │ kotemeni gawemu jengkang jengking │ kicah-kicih keceh banyu │ yen wis nuli sembahyang │ marep kulon reh kulon enggong Hyang Agung │ nanging kojaluki sandhang │ pangan pesthi ora oleh│
  15. │Lamun pangaringwang │ Seh Sitibang donya ingaranan pati │ marma tan ana Hyang Agung │ malekat donya sonya │ nanging besuk yen urip ingsun katemu │ kadhang sun jumeneng Allah │ lah ing kono kita mulih│
  16. │Yen saiki kinen nembah │ maring masjid ingsun dudu wong Kapir │ kapiran Pangeran embuh │ buh kene buh kana │ wus mengkono yen lakune santri gundhul │ gegandhulan kandhilollah │ mendem Allah wuta tuli│
  17. │Seje sun murid Seh Jenar │ nora nggugu catur yen datan uning │ ngukuhi sarengat durung │ yen bakal tembe tuna │ heh ta Dumba kabeh pikiren wuwusku │ jro dhadhamu ana Kuran │ rujuke Seh Pesthi uning│
  18. │Pangran Tembayat ngandika │ he wis padha menenga ywa cariwis │ mung anak Jenar karepmu │ katimbalan ring Demak │ apa gelem apa mopo ngong yun ngrungu │ ywa kakehan mendhar cipta │ padu balung tanpa isi│
  19. │Pangran Sitibang wacana │ o, o dene ngeyel temen sireki │ wong dadya duta mung tutur │ sun tan gelem tumrapta │ aja ingkang ajur mumur dadya glepung │ manira pasthi tan sumelang │ malah bungah kita urip│
  20. │Sun mati sugih druhaka │ rina wengi rumaket nraka api │ lara kapenak tinemu │ bungah susah sun sandhang │ seje lamun kita mahywa saking lampus │ tumeka urip sampurna│ langgeng nora ika iki│
  21. │Pangran Tembayat nabda │ heh anak mas tetep sira wus beling │ lumuh kareh ambeg liwung │ tan singlar lara-lapa │ yen mangkono karsanra ingsun sokur │ kejaba iku sun tampa │ welingnya Jeng Sunan Kali│
  22. │Kinon maringken sasmita │ patang pasal cupen ingkang patitis │ siji bak kala Hyang Agung │ karya gumelaring jagad │ prabot apa barang apa bakalipun │ loro bab kinen tetanya │ Endi omahnya Hyang Widdhi│
  23. │Telu bab kalonging nyawa │ saben dina nganti entek mring endi │ catur bab kang Mahaluhur │ rupane kaya ngapa │ Pangran Jenar manthuk-manthuk guyu guguk │ iku cangkrimaning bocah │ gya lon reh nambung maring murid│
  24. │Ki Bisana kang neng ngarsa │ heh Bisana babaren lambang iki │ reh cangkriman remeh cubluk │ kowe bae kang mancas │ lah majuwa sira dadya wewakilku │ matur sandika Krepana │ ngangsek kepara neng ngarsi│
  25. │Munjuk yayah madubranta │ dhuh Jeng Pangran Tembayat amba darmi │ mituhu dhawuhing guru │ mancas sasmita Tuwan │ lamun lepat sayektine meminta ampun │ pinten banggi kaleresan / kula tiyang daya pingging│
  26. │Janma sudra turun desa │ nora karya kuthung silaning krami │ sajeg jumbleg ing dhedhukuh │ tuna pasang wicara │ dereng nate wrin pasamuwan janma gung │ tamtu kirang yudapraja │ wimbaning ling tuna luwih│
  27. │Tur gumeter guragapan │ glogap-glagep kuwur kaworan ajrih │ jirih jaragan wong dhusun │ sampun kirang aksama │ budi kethul kithal gratul lantih blilu │ kajibah sumanggem karsa │ wakilnya jeng gurunandi│
  28. │Kasikuning tuna krama │ dadya wuruk kulesthi jroning pati │ kapatuh salaminipun │ Pangran Bayat ngandika │ sun tarima sadurunge wahyeng wuwus │ wus jaragan kowe desa │ cingkrang kramaning priyayi│
  29. │Malah yen bener sabdanta │ ingsun guu mring sira kopratitis │ luput kleru panggonamu │ lah wis pecahen mara │ Ki Bisana sendika bab kang rumuhun │ Allah kang akarya jagad │ punika sayekti kidib│
  30. │Jagad rat punika anyar │ Gusti Allah boten karsa kawadis │ dalilnya layatadkiru │ ila muhdis tegesnya │ boten karsa dedamelan barang wujud │ menggah dadosnya alam-rad │ wus yudriku mahiyati│
  31. │Liripun manggih kahanan │ alam donya punika la-awali │ tan wonten wiwitanipun │ kathah yen kula babar │ bok menawi kertas sakendhang tan cukup │ met wewaton saking kuran │ anyaring alam sakalir│
  32. │Kang kaping kalih pralambang │ Tuwan tanya wismanira Hyang Widdhi │ bab puniku boten ewuh │ Allah manksma ign Dzat │ Dzat wajibul wujud pacangkramanipun │ la jamana la makana │ munggeng dzat wisma kakiki│
  33. │Kathah manawi kabuka │ boten cukup kertas pos pitung kodhi │ samanten kewala kacup │ gantya lambang kaping tiga │ longing nyawa rinten ratri ngantos puput │ dhateng pundi sirnanira │ iladalah langkung gampil│
  34. │Nyawa boya boten saged suda │ boten wewah gingsirnya karsa mulih │ saking pejah dhateng idhup │ langgeng tantara lama │ yen kalonge sasat kawadis mathuthuk │ gripis lir den mangsa rayap │ panjang yen kawula tulis│
  35. │Nadyan kula sudra desa │ nanging  putus parama basa Kawi │ Krama ngoko nawung kidung │ lagu Sansekrit tembang │ boya kewran ukara anjereng ejum │ nadyan dede empu jangga │ widayaka sawatawis│
  36. │Cukup silaning disastra │ pawiyatan Pangran Sitibang ngenting │ siswa ngataskareng tuduh │ kang ngajar lwih bisana │ ingkang tanpa yayah jamuna beg cukup │ mardi gunardi kapasang │ karna jiwatma nampani│
  37. │Patanya kaping sakawan │ mundhut priksa warnanya Mahasuci │ Kitab Hulumodin sung wruh │ wallahu lahirpisan │ watinulinsan, baetullilahu │ jarwanya jaba manungsa │ puniku warnaning Winddhi│
  38. │Batining janma wismeng Hyang │ kathah-kathah jarwanya Hulumodin │ yen kula tur priksa bingung │ paduka boten tapa │ bok menwi kula kagalih majenun │ wejanganipun Seh Sitibang │ kang sampun amba tampeni│
  39. │Mila yen amung penanya │ kang kadi yeka kula sakethi gampil │ kagulung gilig lir punglu │ kabengkas sirna ilang │ temah wang wung klowongan jagad suwung │ yen kajereng ibekan │ makaten kawruh Seh Abrit│
  40. │Purweng manungsa winejang │ wijang-wijang siswa gampil nampeni │ sora cetha boten bingung │ ing reh jiwita tama │ tameng budra saking layu prapteng idhup │ wela-wela kasatmata │ ngegla kenging den sekseni│
  41. │Tanpa sintru tanpa lambang │ ngeblak blaka suta boya met pamrih │ sirna panyakraning buju │ lan sukrenah blas ilang │ slaya lawan guru-guru sanesipun │ ting klesik lir adol dandang │ tur datan sepi met pamrih│
  42. │Kula sampun rambah-rambah │ puruhita winejang wali mukmin │ winruhken Muamad Rasul │ Allah Pangeran amba │ wahyeng sabda nenuntun kawula bingung │ kondheng mirang-miring ngawak │ ngawur pepathokan sepi│
  43. │Ngelmu Arab dados Buda │ Buda mukir pamet waton Jeng Nabi │ tanpa matiraga ngluyur │ mubeng agiras papriman │ lamun kawruh Arab sirna tapanipun │ kejawi wulan Ramelan │ cegah bukti boten apti│
  44. │Nanging wali maksih Buda │ tandhanipun sring manjing marang sepi │ guwa-guwa kayu watu │ gunung alas segara │ linebonan gentur karsa ngiras laku │ pamrih katemu Hyang Suksma │ yeka kedhadhung ijajil│
  45. │Critaning para ambiya │ boten wonten kang cegah mangan mutih │ ngluwat melek cegah turu │ puniku boya klampah │ kajawi wong Buda badane winasuh │ lah sumangga kagaliha │ pamanecas kawula misil│

PUPUH V
ASMARANDANA

  1. │Langkung wagugen  ing galih │ Jeng Pangran Bayat Seh Dumba │ wrin pamecahing pasemon │ amung muridnya kewala │ panngran Ki Bisana │ makaten pangawruhipun │ saiba Seh Sitireta│
  2. │Ngunandika jroning galih │ tuhu mardiguna dibya │ Pangran Jenar samuride │ trustha budyambeg widada │ ing kene-kana kena │ layak bae tega layu │ bajaksaneng kawruh mulya│
  3. │Semana duta kekalih │ dupi sampun tetela trang │ elmu myang kelakuwane │ Siti Jenar muridnya │ sadene mecah lambang │ tumulya pamitan mundur │ Pangran Bayat lan Seh Dumba│
  4. │Nanging datan den wangsuli │ laju mundur palarasan │ neng margi grenengan karo │ Seh Dumba matur Jeng Pangran │ kula biyantu tekad │ yen makaten kang tinemu │ karya trimaning wardaya│
  5. │Para siswa angantepi │ saking judheg reh pamardya │ Pangran Jenar wejangane │ upami kula mruhita │ balik mestu sukarta │ neng ngrikyamba yun mituhu │ wangsul brangta mareng ngelma│
  6. │Pangran Bayat langkung wengis │ ngandika dhateng Seh Dumba │ heh Dumba aja mangkono │ nguni sira bangsa sudra │ ing mangke manjing waswa│ kawiryan jenengnmu arum │ wus dadya santri suhada│
  7. │Paran karya malih kapti │ mituhu Seh Lemah Lincat │ ngelmune tan lumrah ngakeh │ de sirarsa muruhita │ ing Demak kurang apa │ barang kawruh nora ewuh │ kadibyaning Wali-sanga│
  8. │Wus payo enggal lumaris │ ngleksanani reh dinuta │ tan antara laksitane │ prapteng Demak nuju pepak │ pra wali lenggah rampak │ neng surambi samya gugup │ wrin cundaka dwi tumrapta│
  9. │Wusnya samya krameng  mukmin │ sinreng wigatining sabda │ ring Jeng Benang andikane │ heh jebeng Bayat kaya apa │ duta Seh Lemahlempung │ derarda kagila-gila│
  10. │Umatur duta kekalih │ leres pabrataning warta │ pra siswa sampun reraton │ Jalu priya talbul ngelma │ ing reh endraning laya │ leres tekadipun idhup │ donya puniki pralaya│
  11. │Kathah-kathah titi ngenting│ purwa madyaning wasana │ sadene wahyweng pasemon │ tumrecep kacup sadaya │ tur wakil pamecahnya │ muridipun kang kasebut │ Ki Bisana nora karya│
  12. │Trah dama srawungan desi │ prandene gunarda krama │ yayah carakan karaton │ cukat terampil trangginas │ genep susila madya │ kuciwa srengat kelebur │ Jabariyah Kadariyah│
  13. │Rumaket kalih tan yukti │ mrengkang saking Wali-sanga │ mulyeng masjid badhe asor │ brastha nembah rabul ngalam │ yen pun Jenar kapanjang │ menggah latu dereng murub │ prayogi siniram toya│
  14. │Menawi tembe malahi dadya wong ulah praktiknya │ ngrusak sukarta prajajeng │ Wali-sanga temah ina │ yen jenar tan pulastha │ boten wande hera-heru │ rerusuh marang kertarta│
  15. │Yogya nunten den lampahi │ sirnane kawruh dupara │ wejangnya Seh Sitiyampo │ Sunan benang angandika │ heh yayi Kalijaga │ priye prayoganing laku │ pandoning Hyang reh pidana│
  16. │Umatur Jeng Sunan Kali │ sae nglempakaken para │ sagung mukmin ngulama kyeh │ lan malih perlu katuran │ Sultan Adi Bintara│ klempakan wahywaning kukum │ Siti Jenar den pancaka│
  17. │Yogi dinten benjing-enjing │ pinrih rawuh wanci loka │ nanging utusan mangke │ Jeng Benang nud ing sekabat │ wus winangsit reh kajad │ ngaturi ingkang sinuhun │ pra-wadya wuwah praja│
  18. │Ing wanci tabastha enjing │ pepak kang para uliya │ lungyeng srambi lir adate / satengah nawa Jeng Sultan │ patih pangulu jaksa │ rawuh para wali methuk │ kurmat tataning ngulama│
  19. │Lenggah kangjeng Sribupati │ pra punggawa tata atap │ jajar urut klenggahane │ mukmin samya jawab asta │ mubeng ganti gumantya │ gya so ing wetaranipun │ Sunan Benang angandika│
  20. │Heh Jeng Sultan marma sami │ sun aturi siniwaka │ neng srambi sapara rate │ yun ngrembug prakara durta │ leres atur andika │ Pangeran Jenar abeguguh │ migena tindak agama│
  21. │Kita wus nyundaka maksi │ elmu kalakuwanira │ dera memirid muride │ tetela ngrusak kertarta │ silaning yudapraja │ anenuntun telah dudu │ kathah siswa mrih ruhara│
  22. │Donya ingaran pati │ tembe ingaranan gesang │ kajabariyah tekade │ kadariyah mangsuk angga │ reh endraning pralaya │ sakabat kang tampa bingung │ majenun ngrusak widada│
  23. │Paran yogyaning pambudi │ kang kapenak linakonan │ Sultan matur kula dherek │ biyantu pulsthanira │ srana prajurit praja │ Pangran Modang gya sumambung │ puniku kirangg sakeca│
  24. │Yen rinabaseng prajurit │ puniku dede wong ngraman │ sae den alus kemawon │ sanadyan kukum pralaya │ saking lembat kewala │ kawula sakanca rawuh │ samya maninggal lungaya│
  25. │Kangjeng Rahdyan Bupati │ Wanasalam nambung sabda │ yen makaten kulo mopo │ nyulayani tatapraja │ tindaknya janmi byuha │ nglairaken ukum saru │ antuk dhendhaning bawana│
  26. │Pejahnya janma tan kenging │ mahywa saking palacidra │ reh wonten jenenging kraton │ kedah ratu karya prentah │ mupakat katimbang rat │ katimbalan yen tan ayun │ dadya nawala masesa│
  27. │Kenging tinelasan awit │ mogok dhawuhing narendra │ punapa marginya dados │ wus dhawah serat prampungan │ winisesa sakarsa │ boten kenging songkol penthung │ sah tibaning kukum pejah│
  28. │Reh punika bangsa wali │ kalebet agung uliya │ tan kenging swiyah sedane │ nadyan kang kaleres ngisas │ kedah sami pangkatnya │ mekaten piagem ulun │ byakta met prajurit byuha│
  29. │Yen boten mekaten Gusti │ cingkrang jejering wiradya │ pun patih sadarpa mopo │ nistha donya ngakir siksa │ den geguyu buwana │ surya candra susup-susup │ ngereng erengadil kerta│
  30. │Lamun yun kacidara nguni │ sampun ngaturi narendra │ dhedhemitan inggih dados │ nanging maksaa tumindak │ manawi waris gugat │ sinten mangentar saestu │ antuk wasisaning praja│
  31. │Mila prayogamba Gusti │ paduka paring nawala │ wasesa caraning kraton │ patih pangulu lan jaksa │ samya tur tandha nama │ tetep krampunganing kraton │ makaten reh witaradya│
  32. │Narendra pethuk ing galih │ sedaya mukmin uliya │ memuja mantra rumojong │ aturnya naya,’ waktra │ tetes met waton byuha │ Jeng Sultan sigra dhadhawuh │ karya nawala wasesa│
  33. │Juru panitra tinuding │ gya manurat waton adat │ lepiya kuna-kunane │ tantara rampung panitra │ katur rekyana patya │ nulya konjuk Jeng Sinuhun │ kapriksa tembayeng sastra│
  34. │Penget nawalanira Ji │ Sultan Adi Natagama │ Bintara mandhireng kraten │ dhumawuha pakenira │ Pangeran Sitirekta │ ing Krendhasawa dhedhukuh │ liring sarta jeneng manira│
  35. │Tampi aturing pra elid │ kang kumpul prajeng Bintara │ sartane wus mirengake │ paturaning Wali-sanga │ pakenira mindaka │ nglebur silaning tumuwuh │ nyenyampah dinil Mustapa│
  36. │Mangkya karsaning para lid │ biyantu jeneng manira │ ingsun timbali tetemon │ mring Demak mangadu rahsa │ barenga duteng praja │ yen mopo nora umestu │ wasesa pegas lungaya│
  37. │Titi wahywaning srat Pati │ Bintara kaping dwidasa │ Jumadilakir taun Be │ Tumpak ing candra sengkala │ Nir Jalma Catur Tunggal │ katandhan Sinuhun Prabu │ Sultan Adi Natagama│
  38. │Wusnya nata anandhani │ patih pangulu lan jaksa │ samya mestu teken kabeh │ wilapa kabungkus sutra │ jenar dadya pralambang │ kenging rukun kenging rampung │ gya katur Jeng Suna Benang│
  39. │Wus tinampan  gya anggalih │ kang sayoga dadya duta │ ngampil karampungan srate │ sastra nawala wasesa │ Jeng Sunan Kalijaga │ umatur prayoganipun │ kanca sadaya lumaksa│
  40. │Angandika Jeng Mahribi │ lelima bae utama │ gawa sabat dhewe-dhewe │ siji jebeng Sunan Benang │ loro jebeng Malaya │ telu kaki Pangran Ngudung │ kapatnya Pangeran Modang│
  41. │Lima Suna Geseng kanthi │ sabat muridnya sadaya │ de Pangran Bayat neng kene │ tunggu masjid lan Seh Dumba │ Sultan sa-abdinira │ kondura ngrekas kadhatun │ yen muridnya Jenar ngroda│
  42. │Paksa baring lir kang uwis │ prajurit wira tamtama │ konen nganglang esuk sore │ rumanti yitneng prajarja │ Kangjeng Sultan sandika │ gya kondur sawadya mestu │ patih sampun kadhawuhan│
  43. │Warata para Bupati │ kinen yitneng kartibaya │ Seh Jenar sabat muride │ ucape gangsal uliya │ wali sampun sumakta │ bekta santri patangpuluh │ bidhal dhateng Krendasawa│
  44. │Elur nganggo sarwa putih │ samya nyangkelit jambiya │ gangsal wali ngarsa dhewe │ Sunan Benang pangajengnya │ tantara enggal prapta │ aneng Krendasawa dhukuh │ jujug wismeng Prangran Jenar│
  45. │Kapareng lenggah neng masjid │ lagya mulang para sabat │ kang lagya nyar manjing tarek │ estri priya jejel rangap │ saking mancanagara │ pinuju ingkang cinatur │ dadine bumi akasa│
  46. │Saking tapsir Kaelani │ nulya wali gangsal merak │ neng pante langgar nabde lon │ tatakramaning ulama │ kangjeng Wali lelima │ sarwi salam ngalaikum │ Pangran Jenar tan nglawe│
  47. │Eca denya marid ngelmi │ lawan sakabt sekawan │ wali-wali tetamune │ dera pasangkara  arja │ Pangran kendel kewala │ sigra Sunan Benang mlebu │ buka pintu langgar menga│
  48. │Wali gangsal samya manjing │ pra murid neng panti jaba │ lenggah tan ana swarane │ Seh jenar maksih memejang │ kang swara cetha sora │ tan maelu mring tetamu │ gya Sunan Benang ngandika│
  49. │Heh jebeng leren dhisik │ sun dutaning pengadilan │ kinan kapangya ring kowe │ karsanireng Wali-sanga │ biyantu Kraton Jawa │ lah iki nawalanipun │ enggal sira tampanana│
  50. │Pangran Jenar tan marduli │ eca denira jejarwa │ gya serat inguncalake │ tibeng pangkone Seh Jenar │ maksa api tan mriksa │ kang serat cinadhak gupuh │ dening Suna Kalijaga│
  51. │Gya wecana  sora titi │ tembayeng sasra wasesa │ purwa madya wasana tek │ Pangran jenar tan miyarsa │ Jeng Benang angandika │ sarwi ngasta tanganipun │ heh Jenar kang lagya laya│
  52. │Menenga ingsun tuturi │ gya leren Pangran lemahbang │ pasang karna mirengake │ dhawuhnya Sinuhun Benang │ lah mayid prapteningwang │ sakanca dinuteng kukum │ pangadilan ing Bintara│
  53. │Kinen nimbali sireki │ srana nawala wasesa │ rukun rampung dina kiye │ yen mopo tampa pidana │ yen sandika raharja │ adu surasaning kawuh │ mupakatan Wali-sanga│
  54. │Pangran Lemahbang nabda ris │ heh Benang nimbali kita │ marang Bintara sun lumoh │ nora kabawah kaprentah │ kejaba jroning manah │ kang dhedhawuh sun mituhu │ liya punika tan arsa│
  55. │Sabab mayid padha mayid │ pagene nganggo paprentah │ wong nora ana bedane │ padha tan weruh Hyang Suksma │ tan pae nembah asma │ de kumawawa kumingsun │ dhawuh samining gusthika│
  56. │De sira yun ngadu elmi │ ngusussake gilut rahsa │ payo aneng kene bae │ janji wewaton musakap │ kitab alam ibarat │ nadyan anggitnya │wong layu │ ingkang nganggo padha laya│
  57. │Pangran Modang nambung angling │ heh kakang Seh Siti Jenar │ lah punapa patakone │ donya ingaran pralaya │ benjang nama jiwita │ coba manira nedya wruh │ lairna wirayatira│
  58. │Pangran lemahbang mangsuli │ heh Modang prastawakena │ tandhane urip lapale │ kayun daim layu muta │ abadan tegesira │ urip jumeneng tan layu │ abadan salaminira│
  59. │Denen mangke jeneng pati │ jarwane kitab Talmisan │ heh rungokna rapale │ wal mayid alamul kobra │ yajidu wakaliba │ mayid aneng alam kubur │ anemu awak-awakan│

PUPUH VI
DHANDHANGGULA

  1. │Mila kubur sun gonken samangkin │ awit urip kita nemu wanda │ wujud kawadis mangkene │ dene planggeranipun │ al ngalamu kulu mijidin │ saben alam kuwanda │ de ngong yen wu idhup │ tertamtu nemi angga │ yen manggiha katon tiningalan mangkin │ kusus catur manira│
  2. │Boya samar ingsun besuk urip │ nora ngawur sapunika pejah │ uripku cangkrameng kene │ anemu jisim wujud │ balung sumsum otot myang daging │ getun kesasar pejah │ penasaran agung │ godha rencana blis setan │ pira-pira neraka rumaket jisim │ balenggu rante wedang│
  3. │Getun temen dene kita mati │ nganggo pancandriya sipat anyar │ weteng jerowan angame │ ngelak ngelih katempuh │ lara lapa kajibah mami │ getih daging nununtun │ tar wun dadya lebu │ luru ingon saben dina │ besuk ingsun urip pesthi kari │ tanpa kena ginawa-a│
  4. │Akeh temen rencananing pati │ anak bojo bapa biyung sanak │ kabeh dadi godha gedhe │ seje karo wong idhup │ tanpa apa amung pribadi │ ngelak ngelih nesu nora │ mung mupangat nutuk │ Sunan Geseng nembung  sabda │ heh Seh Jenar iku tan kaprah sireki │ bener salah tan lumrah│
  5. │Kang mupakat dalilmu wong mati │ nemu awak benjang neng kerat │ kang tampa ganjaran tembe │ swarga nraka sing wujud │ kang nampani ganjaran akir │ esthimu harda salah │ nylayani pra jamhur │ kitab Kuran Tanah Ajam │ prapteng Jawi Sinung murad mring munasip │ alam besuk kasiksa│
  6. │Anenarik tyas tameng dumadi │ ywa nerajang budi kadurjanan │ masjid dadya kijab gedhe │ manembah ring  Hyang agung │ ngegungaken keraton Widhhi │ supaya kyeh widada │ dadining tumuwuh │ ngeker durtaning agama │ raja-kaya kewan wana samodradi │ nora karya duraka│
  7. │Anging janma manungsa kang juti │ jeneng ala kahananing dunyo │ kabeh janma saantero │ kamulyan uga manus │ mangka sira ngantepi budi │ kalurug durteng gama │ brastha sembah sujud │ nyenyampah hambaning tama │ wus byawara warata wedi ring Gusti │ sumebar tyas susela│
  8. │Mangke sira babar kawruh pingging │ ngabaraken mejang elmu nasak │ temtu kajurang lakune │ krana donya kotemu │ katon ala tumular warti │ mratani cakrawala │ jagad anggeguyu │ ngerang erang marang sira │ kawruh donya kang katon sira singkiri │ tansah ngrabaseng karsa│
  9. │Seh Sitibang mesem-mesem angling │ Geseng caturmu tan payu sigar │ bribil sawiji sun emoh │ padene wali ngasruh │ catur methit saluhur langit │ ko tunjang brangkang nglongan │ san atimu luhur │ ingsun wus tutur bab donya │ enggon nraka duka cipta panas perih │ wruh kabeh wong pralaya│
  10. │Wus enggone paran kita mungkir │ sanadyan Jeng Mukamad ing kuna │ antuk siksa nraka gedhe │ kaburak mlayu nyingkup │ nyingit manjing guwa tana wrin │ saking delape sungkan││ mulih marang idhup │ gumlar donya owel eman │ emoh ninggal blubut luwung aneng bumi │ seje lan Sitirekta│
  11. │Rina wengi nangis ngeling-eling │ getun temen lameng sun kasasar │ mring donya mati mengkene │ anganggo daging balung │ nunggang kreta payungan sakit │ neng kasur kinebutan │ awak sruwa kaku │ tur wardayanipun susah │ mikir-mikir sarwa kurang kyai pikir │ tetep donya naraka│
  12. │Sunan Ngudung pasrangkara aris /heh ta paman Pangran Siti Jenar │ benermu tekadmu dhewe │ amung gedhening luput │ sira wani-wani memarid │ mejang elmu kadyeka │ wong kang tampa manut │ bubrah harjaning pranata │ akeh janma nekad ngupa dalan pati │ reh tembe nyipta gesang│
  13. │Marga-marga pasar-pasar tintrim │ muridira karyarda ruhara │ kapethuk wong nekad bae │ rehning donya na ratu │ wenang wajib bengkas duskarti │ kang kadya siswanira │ samya keh kapikut │ tinanya jawab tan krama │ pinanjara aneng sepir nglalu pati │ wus pira-pira janma│
  14. │Marma ingsun sakanca tumrapti │ wus kajibah bangsaning uliya │ nyirep tekadmu mengkono │ aja kebanjur-banjur │ sira mangke dipun timbali │ dening Sultan Bintara │ iku suratipun │ karan nawala wasesa │ lamun mopo wus kena ingsun ngrampungi │ jabut lunganyanira│
  15. │Wasesaning ratu trang Hyang Widdhi │ reh wus mupakat para bijaksana │ sarak yudanagri awor │ dadya rad juga rembug │ mutus nalar kadya sireki │ beguguk bangkang karsa │ bebaluhi dudu │ hawa durtaning prajarja │ jaman mulya temah ruhara wit dening │ Jenar klakuwanira│
  16. │Sunan Kalijaga manabda ris │ heh Siti Jenar sun ringkes kewala │ akeh padu tanpa gawe │ mung loro lakunipun │ lah pilihen sawiji │ urip kalawan laya │ ywa mangro karepmu │ Pangran Lemahbang sru tanggap │ pindho gawe sapa gelem pilih mati │ mati sugih druhaka│
  17. │Ingsun milih urip kang tan mati │ balik langgeng ora iki-ika │ nanging yen milih sun emoh │ nadyan sun karsa idhup │ ya sakarepingsun pribadi │ tan nganggo Wali-sanga │ ngulihake mringsun │ kaya dudu mukmin tama││ wong yun uirp jaluk tulung mring sesami │ lah mara saksenana│
  18. │Ingsun mulih pribadi ring urip │ Sunan Benang sumambunga wecana │ Jenar kapriye kanthane │ apa kang kanggo manthuk │ lelantaran dalan ngendi │ mesem Pangran Lemahbang │ kowe wali cubluk │ dhemen gumlaring donya │ lamun Siti Jenar bosen nora apti │ wus lantih dalan gesang│
  19. │Yen si Jenar nutup banyu-urip │ bangsa nyuda tirta nirmala │ banyu kayad cara Rabe │ sajratul makripatu │ cacah telu ping telu siji │ gungung sanga tirmaya │ mratani sakojiur │ katelu mumpuni karsa │ nomer juga perlu wruh luwih premati │ telu purbaning kodrat│
  20. │Nomor loro kodrat dayeng urip │ yen kinukut budaya subrastha │ nomer tri telu cacahe │ pandulu myarsa ambu │ dayeng  tirta kayad murbani │ pancandriya susawa │ kampulnya katukup │ UNING UNONG UNINGENA│ pintu telu kagulung dumadi siji │ jumeneng suksmantata│
  21. │Warnanira ijo biru wening │ maya-maya lir bun tempuh surya │ yeka purbaning para wong │ bangsa bajingan kecu │ kere ngemis nglemper neng margi │ padha lawan narendra │ wali Nabi Jambhur │ tan siwah yayah kalpika │ ngudrat purwa madya wasananing urip │ ingkang murba amasesa│
  22. │Dudu daging balung getih kulit │ dudu eroh napas beneh nyawa │ eling angen-angen dede │ tatkala ngendranipun │ saking karsa kasasar mampir │ nemu wanda manira │ pati aranipun │ cangkrama wujud Gusthika │ mung rasane wus yayah rahsaning urip │ uninong uningena│
  23. │Cacah sanga tumengkaring wali │ Wali-sanga dijejeri nama │ dhewe-dhewe kaya kowe │ nanging sira buh mau │ sun pestheken durung mangerti │ jaba Seh Maolana │ Sunan Benang embuh │ embuh denger embuh ora │ Sunan Kali mung rasane bae uwis │ sanga ora uninga│
  24. │Jer iku kang karan uwoh kuldi │ Nabi Adam kadukan caluthak │ mangan woh kuldi lir ingong │ sanandyan para manus │ kabeh padha tau ngicipi │ temah kasiku kita │ wahyeng donya nemu │ sawarga lawan neraka │ aran pati lan rasakna para wali │ bingung sajarwaningwang│
  25. │Awit kowe weruhmu mung siji │ dene ingsun telu babar pisan │ yeka woh kuldi rasane │ banyu kayad ranipun │ kang cangkrama murba kawadis │ manusa nora bisa │ mobah mosik muwus │ jumenengnya pancandriya │ saking tirtamaya suryaningrat Jisim │ Gunawan Wibisana│
  26. │Barang apa katiban mosik │ budayeng tirtamaya luwih kuwat │ getih daging nora bosok │ napas jumeneng tulus │ kadum sanga midraweng jisim │ jamaknya dadya tiga │ jroning siji telu │ Sunan Benang nambung sabda │ heh ta Jenar pajarna sawiji-wiji │ cocoknya Jawan kitab│
  27. │Paran denya ngracut siji-siji │ satemene sun durung waskitha │ ngleksanani gawe │ prapteng telenging banyu │ kodrat sirna panulak silib │ temah nora kuwawa │ dibyeng kayad banyu │ Pangran Jenar mesem nabda │ layak kowe kelingan budining santri │ nistharda tanpa krama│
  28. │Nadyan bisa pasthi tuna luwih │ luput-luput korup panasaran │ weruh barang sarwa aneh │ sesotya mas umancur │ rajabrana boga mawarni │ jer pangertimu salah │ ngimpi kang kok gilut │ terkadang nora supena │ wus mangkono santri gundhul luru pokil │ bungah ana sedhekah│
  29. │Heh kabeh kang neng kene pra wali │ prastawakna pangracutingwang │ kodrat lawan iradate │ aja nganti tumpang suh │ akul mukmin saru yen mulih │ tan wun dadya pocapan │ yen kleru pamugut │ marma akeh wong sekarat │ kodrat durung sirna angen-angen menit │ purwane jempalikan│
  30. │Ana maneh sekarat macicil │ pandirangan jlalatan lir kampak │ yeka salah pangracute │ tandha wong durung tau │ anglakoni rasaning pati │ mulane wajib wenang │ wong sinau ngunjuk │ nginum dhewe nora bisa │ Wali mentah nginumi tanggane wasis │ poma aja mengkana│
  31. │Sunan Geseng nulya nambung angling │ sok makaten kakang Siti Jenar │ kathah wong klentu yen layon │ sasar kelantur-lantur │ pancandriya masih rumati │ pepak cangkrameng murda │ napasnya kagulung │ angen-angen wus rumangsa │ nadyan loncat banyu kayat dereng apti │ dadya manggya sarwendah│
  32. │Tamtu den anggep jana tunangim │ kerup karem angen-angen murtat│ │ kabudayane meh layon │ seneng donya tumuwuh │ cipta rahsaning pikir │ kuripan donya nikmat │ punika tyas buruh │ bujang kang dhemen klayaban │ tan amaksi tembe urip nora mati │ donya puniki nraka│
  33. │Leres kyai Jenar kula esthi │ sojar tuwan mutakad mukminkas │ sayogya dadya pangilon │ tar kumasi wallahu │ donya campur Kawula Gusti │ kawulane neng swarga │ Gusti neng nraka gung │ Pangran Jenar nabda sugal │ hus sireku Cakrajaya mukmin lamis │ yen nyata payo gesang│
  34. │Yen tan gelem sira sun jak urip │ bareng sadina iki heh Cakra │ tetela budimu remeh │ gumunggung karan jamhur │ waliyollah den aji-aji │ jinunjung winiwaha │ mring wong Buda cubluk │ yen gelem saiki sira  │ sun jak urip tetep mukminngil malahi │ tegese wruh Pangeran│
  35. │Kagyat Jeng Sunan Kalijaga maksi │ tetela trang Sunan Geseng Nedya │ mestu Jenar mutakade │ duka sadalem kalbu │ mring Ki Geseng sarwa netrandik │ tumungkul Cakrajaya │ wrin semuning guru │ deduka pasang sasmita │ harda getun Sunan Geseng tobat sarwi │ nangis mahywa swanita│

PUPUH VII
S  I  N  O  M

  1. │Warnanen kang lagya layar │ Seh Siti Jenar amusthi │ nutup nupus napas-napas │ panggulungnya rahsa muksis │ ngukut munggeng dimagi │ gyan kayad kayun munpakun │ pecat yayah cancala │ pleng pulastha Jeng Sitibrit │ wus tan kena kinira kacakrabawa│
  2. │Tetep pratelaning Kuran │ hidajakka ajalidin │ layatah kiru sangatan │ tegese rapal puniki │ tatkala prapteng pati │ tan darbe karsa samenut │ mengkono kodrattollah │ kang muktasbilla alatin │ tan ketara Ijrail angambil nyawa│
  3. │Gangsal uliya sung salam │ Jenar wus tanpa mangsuli │ tetela dadya susawa │ Jeng Benang ngandika aris │ mring Kalijaga yayi │ bangke bungkusen kang brungkut │ wali catur tumandang │ anggulung sekala tartib │ kawuwusa sabat Jenar catur siswa│
  4. │Kang munggeng sadalem langgar │ samya matur ing pra wali │ Kyai Bisana pangarsa │ heh wali wruha sun iki │ yun labuh guru mami │ neng kene barengan lampus │ Neng kana bareng gesang / puluh-puluh wus pinasthi │ kene-kana mati urip kumpul juga│
  5. │Payo santri saksenana │ kita nutup banyu urip │ ingsun uncat saking bathang │ yen wujud sipatulkadim │ kang langgeng jeneng urip │ lah tirunen panutupku │ reh sira wali majas │ lima pisan durung muklis │ gegurua patrapku nganyut kang nyata│
  6. │Heh Benang Kudus ki Jaga │ Modang Geseng kang nastiti │ pangukutku awasena │ supaya mirid sathithik │ ring Jenar guru mami │ kang putus pramaning indhup │ nulya sabat sakawan │ nepal made asta kiri │ ngayuh tirta maya plas dadya gusthika│
  7. │Sigra kabungkus sadaya │ nganggo wastranya kang lalis │ dadya bangke cacah lima │ Sunan Benang ngandika ris │ mring Seh Mlaya heh yayi │ jinasah gawanen metu │ bangkene Siti Jenar │ kewala sun gawa mulih │ katur naranata lawan Wali-sanga│
  8. │De catur sabat pasrahna │ wong kene kang darbe waris │ sarta yayi jarwanana │ tata silaning agami │ Islam mestu wong Ngarbi │ lah wahywakna mujijadmu │ supaya padha nrima │ patine wong papat iki │ anganangi dredah timbuling prakara│
  9. │De sabatmu kabeh padha │ dhawuhna tata mranti │ pante-swara dinggo gawa │ Mayid Jenar marang Masjid │ sandika Sunan Kali │ mahywa tata-tata matut │ piranti pante sawa │ sumapta pangupa kardi │ bangke Jenar medal dinunung bandhosa│
  10. │Sunan Benang Pangran Modang │ Pangran Geseng Kudus mijil │ saking langgar Sunan Benang │ mayid kagotong neng ngrasi │ kang wuri samya dhikir │ samantareng lelayu │ Jeng Mlaya teksih tengga │ bangke sabat Sitibrit │ animbali warisnya jalwestri priya│
  11. │Jeng Sunan Kali ngandika │ heh wong kene jalu estri │ iki mayid tampanana │ para warise pribadi │ aja getun sireki │ pasthi karsane Hyang Agung │ janji  ten kena owah │ saiki tekaning pati │ para waris samya pasrangkara arja│
  12. │Heh Seh Mlaya wruhanira │ sun suka tan darbe sedhih │ dene ing mangke wus gesang │ nora ingsun anututi │ seje budining santri │ grejegan nyawane jabut │ anggepe suka bungah │ yen awake dhewe suthik │ aneng donya papriman anggere gesang│
  13. │Nulya bangke tinampanan │ maring warisira sami │ catur  wus pinaripurna │ tan ana den sidhekahi │ gugu weling duk maksih │ warnanen layon kang mlaku │ kang kagawa mring Demak │ tansah puji samra dhikir │ wanci mahrib jujug srambi masjid Demak│
  14. │Pepak pra Wali-sanga │ Seh Maolana nabda ris │ heh kanca mukmin sadaya │ bangke punika prayogi │ kadunungna jro masjid │ reh tengadur wanci dalu  │ benjang enjang kewala │ paripurna lir kang wis │ bengi iki payo padha rineksa│
  15. │Lan ngenteni jebeng Mlaya │ sigra den angkat tumuli │ sinung made pangimaman │ tabelanya Seh Sitibrit │ tantara Jeng Sunan Kali │ prapta genira kautus │ bakda mahrib satata │ Wali-sanga ngreksa mayit │ Sunan Benang dennya lumaksana│
  16. │Mangetar oliya murtat │ Seh Lemahbang kang wus mati │ aturnya murwani dadya │ wasana titi lestari │ ring Jebeng Sayid Mahribi │ nglairken panrimanipun │ sarwi alon ngandika │ heh ta kanca benjing enjing │ angaturi Sultan panguburnya Jenar│
  17. │Ing mangke payo rineksa │ ngiras sunnat puji takbir │ mangkya bakda salat isa │ sedaya pra wali inggih │ lagyeca salad witri │ ana ganda marbuk arum │ merdu kasturi jebad │ lir minyak rum tanpa coli │ ngambar jroning masjid Wali-sanga kagyat│
  18. │Ngandika Seh Maolana │ heh kabeh sagung wong santri │ kang neng jro masjid metuwa │ mulih ywa na keri siji │ kejaba para wali │ sawiji aja na manthuk │ ngreksa kang mayit Jenar │ wusnya bubar santri-santri │ gya tinutup wiwara kinancing kabeh│
  19. │Mung kantun Wali-sesanga │ Maolana nabda aris │ heh payo kanca sedaya │ iki mayit den priksani │ paran wadine jisim │ de mawarda ganda arum │ merdu kagila-gila │ nulya krendha den ungkabi │ duk kapriksa bangke katon lir candrama│
  20. │Tur mawa wangkawa liwran │ menuhi sadalem masjid │ asor malading panjuta │ nuksmeng rina bra nelahi │ trangginas pra wali │ bangke lineggahken gupuh │ sadaya Wali-sanga │ manembah manguswa mahit │ tekweng jempol suku kacucup werata│
  21. │Gantya-gantya pangarasnya │ gya manjingken tarbla malih / nanging Jeng Seh maolana │ kipa-kipa tan marengi │ heh kanca-kanca mukmin │ mangke pamikir sun tuwuh │ yogya mahywaken srana │ akal dadya sintru lair │ kang supaya aja na kang kelu cipta│
  22. │Ring klakuwane si Jenar │ metu kramatnya linuwih │ Mlaya mahywakna pandhega │ dadya pangilon ing wingking │ si Jenar karsa mami │ sun kubur ywa na kang weruh │ neng ngisor pangimaman │ mujur ngulon ingkang rempit │ de jro tarbla becik liniru srenggala│
  23. │Jebeng Kudus ngupayaa │ kirik gudhig wengi iki │ sandika Jeng Kudus mentar │ Wali-sanga kang neng masjid │ karya kaluwat dadi │ jero jembar mamet ukur │ tantara Kudus Pangran │ pribadi ngupaya anjing │ kaleresan kirik kuru lorek abang│
  24. │Sajuga wus kaperjaya │ binakta manjing ring masjid │ katuju kluwat wud dadya │ binopong bangke Sitibrit │ Dening sedaya wali │ lineboken kluwat sampun │ inguruk wus sampurna │ warnane kirik kang gudhik │ sinung tarbla tinutup payah gusthika│
  25. │Rineksa sadalu natas │ ring Wali-sanga byar enjing │ bakda subuh pra ulama │ mijil lenggah ing surambi │ prapta sagung wong santri │ wruh kabar Jenar kapikut │ sumahap pira-pira │ rare gung alit wus prapti │ nadya nonton  peputusaning prakara│
  26. │Plataran masjid lir pasar │ tumulya Kangjeng Mahribi │ ngandika mring pra uliya │ gangsal kang lumakyeng tuding │ amundhi nawala Ji │ wasesa mikut Seh Lempung │ rehning wus kaleksanan │ karsanya kinen tur paksi │ sa-anane prakara kang wus kalampahan│
  27. │Heh Jebeng Benang Seh Mlaya │ Pangran Modang Kudus nuli │ Geseng mlebuwa mring pura │ tur uning srinarpati │ sandika kang sinung ling │ gangsal lumaksana gupuh │ tantra prapteng wiwara │ ing Danapratapa manjing │ amarengi Kangjeng Sultan siniwaka│
  28. │Punggawa gung alit pepak │ Bupati panewu mantri │ tuwanggana kawireja │ kesaru ulama prapti │ dumrojog tanpa wigih │ kagyat Narendra jog tumrun │ saking sana sewaka │ ngacarani gangsal wali │ samya tata lunggyeng ngarsaning kyapatya│
  29. │Sri prasistheng ampar-rukma │ wusnya karamaning ulami │ Jeng Sunan Benang ngandika │ heh jebeng srinarpati │ sun kanca lima uwis │ mituhu dhawuhing ratu │ ngampil sastra-wasesa / mring Seh Lemahbang wong mesrik │ wus sun gawa nanging padhem reh tan arsa│
  30. │Temah mangke neng  bandhosa │ samangkya taksih neng  masjid │ dumunungira pantesawa │ dhawuhnya Kangjeng Mahribi │ Sultan enggala prapti │ paring kurmat jujug kubur │ pangluwarnya si Jenar │ Jeng Sultan sandika inggih │ nulya tindak patih pangulu lan jaksa│
  31. │Prapteng natar srambi para │ ulama tumrah ngurmati │ Sultan lenggah saha wadya │ nulya sesalaman wradin │/ wusnya so Seh Mahribi │ ngadika Sultan wruhamu │ panguburnya Sitibang │ sun petak sadina iki │ aneng kulon masjid kumpul pra ulama│
  32. │Jeng Sultan biyantu karsa │ tarbla gya binekta mijil │ para santri cukat ngangkat │ sumeleh samade srambi │ nata patih darbyapti │ kabuka yun wrin kang wujud │ tutup krendha den angkat │ kagyat narendra pra mukmin │ duk nupiksa jro krendha bathang srenggala│
  33. │Gudhig kuru lorek abang │ sadarpa ngungun ing galih │ kabeh santri tebah jaja │ santosane gama Ngarbi │ wong mukir dadya kirik │ dipaning kusuma dhawuh │ wreka jroning tarbela │ kinen gantung madyeng margi │ perapatan supaya dadya paesan│
  34. │Nata dhawuh juru-sastra │ karya ondhang-ondhang maring │ siswantara Pulo Jawa │ kabar sajarwa weradin │ mindraweng bumi-bumi │ tirah cakrawala kemput │ wus yayah Serat Babad │ sandika empu jru tulis │ tan antara dangu dadya sang nawala│
  35. │Kanan kering srat katandhan │ gambar sastra dwi nudingi │ mengkana tembayeng ondhang │ awit kang asma Narpati │ Sultan Penatagama │ Bintara mandhireng kratun │ ing Jawa lan ing Sundha │ wus myarsa turnya pra mukmin │ paring dhawuh sarupaning bangsa Jawa│
  36. │Tan kena nyampah Agama │ memaoni ngisin-isin │ kaluhuraning dat-mulya │ myang panembahing Hyang Widdhi │ prapteng kiyamat benjing │ tumindak tan kena lebur │ sing sapa wong kang murang │ sarengat Rasulullohi │ bagya antuk kisas adiling prajarja│
  37. │Lan dhendhane dat kang mutlak │ kang sarupa Seh Sitibrit │ murud layang jisim dadya │ asu abang lorek gudhig │ ingkang kagantung iki │ Pangran Jenar warninipun │ titi srat ondhang-ondhang │ katandhan Jeng Sribupati │ Sultan Alif Panatagama Bintara│

PUPUH VIII
ASMARANDANA

  1. │Tumindak karseng narpati │ dennya gita serta ondhang │ sona cinancang gulune │ neng luhur margi prapatan │ katemplekan srat ondhang │ supaya akeha kang wruh │ dumadya kaca benggala│
  2. │Ing tembe ywa na kang mirib │ klakuwanira Seh Jenar │ marang sarengat maido │ kang gumlar narik sutama │ semana wus werata │ kasub kasumbageng catur │ Jenar mati dadya sona│
  3. │Midraweng rat nyakrawati │ mancapraja desa-desa │ alas gunung wrata kabeh │ wus dangu antaranira │ bathangnya sona abang │ mudhun wus kanpundhut wangsul │ sinung jroning krendhasawa│
  4. │Dhawuh kinibur lir mayit │ pratistheng kulon Mukaram │ tanpa kurmat pangubure │ semana wus paripurna │ kuburnya Siti Jenar │ bangke ingkang dadya asu │ neng kulon masjid gonira│
  5. │Rampungnya pangupakarti │ pangubure sona abang │ Jeng Sultan sapunggawane │ pepatih pangulu jaksa │ nulya nata ngadhatyan │ pra punggawa bubar mantuk │ warnanen muridnya Jenar│
  6. │Sajuga lagya ngon kambing │ wasta Ki Luthang Semarang │ mireng tumularing wartos │ yen Pangeran Lemahbang │ sedane dadya sona │ kagantung prapatan lurung │ pandhegane Wali-sanga│
  7. │KI Lunthagn ngartikeng galih │ iyatalah guruningwang │ kinarya tontonan ngakeh │ keneng krenahing musibat │ santri gawe kiyanat │ supaya ngelmune payu │ ngala-ala kawruh liya│
  8. │Sajeg jumbleg sun durung wrin │ jalma mati dadya sona │ mung akale santri bohong │ ragane dhewe sampurna │ mring kerat gawa bathang │ ciptane mring sawarga gung │ nemu barang kanikmatan│
  9. │Lumrah banget santri niship │ nistha lakuning pralaya │ ginawe mulang muride │ kang kranjingan nganti ngedan │ ngarep=arep swarga │ endi nyataning swarga gung │ yen satri semaya benjang│
  10. │Besuk nek wis tekan pati │ bisa temu Allah │ aneng swarga panggonane │ widadari ewon jaga │ kang mengkono ulama │ dikon dumuk embuh mau │ iku wali ngayawara│
  11. │Yen saiki durung uning │ besuk maneh yen weruha │ kang nora ana nyatane │ nadyan santri bisa pana │ manggon neng nur Mukammad │ ana santri manjing suwung │ wang-wung kang kaya wong nendra│
  12. │Ananing ngadebun dambi │ brutune dhewe suwarga │ ana manjing jagad kiye │ kang kothong dadi hurara │ saweneh manjing rahsa │ nyawa wahya saking kakung │ manjing kasapah narendra│
  13. │Dalane wus den liwati │ lembut sungil dadya bocah │ mimil saking ratu gedhe │ apese jumeneng Pangeran │ bagya sumilih nata │ kang saweneh santri kampung │ utak dinalih│
  14. │Ana maneh santri ngemis │ patine anuju badan │dadya samrica gedhene │ metu saking githokira │ jing ring ula-ula │ ana nuksma alam nukus │ ana manjing Darussalam│
  15. │Seje kaya guru mami │ Seh Siti Jenar mukmin kas │ mutakat tur yan lapale │ maksi panggonan pralaya │ tan ingan ratrinira │ antamutu kablamutu │ sayujadu ngalimullah│
  16. │Ngukut sarana pribadi │ mring kamuksan wus partiknya │ nyatane ing kana kene │ ngelmune agal ngalela │ siswa winejang  cetha │ gampang pangestining maut │ terus terang padhang nrawang│
  17. │Sun iki Lunthang Semawis │ kalebu muridnya rucah │ tinimbang santri moncol │ sanadyan waline pisan │ sayekti durung eram │ ana wali tikel satus │ payo ngadu kasantikan│
  18. │Ki Lunthang nulya mring masjid │ tantra dangu laksitanta │ prapta tratak srambi ngopres │ dlajigan ambanda tangan │ ngalor-ngidul rang-erang │ mring jenenge Wali-Kutub │ miwah mring pra santri sabat│
  19. │Waktunya Lunthang dremimil │ wali maksih lenggah atap │ kathah muridnya wredha-anom │ mabukuh sumiweng  karsa │ wruh Lunthang tanpa krama │ akeh para santri ngungun │ angira janma kunjana│
  20. │Nulya Jeng Mulana Mahribi │ ngandika ing Sunan Benang │ lah apa dulunen jebeng │ wong ngungkak silaning krama │ tur mangerang uliya │ Sunan Kali nembah matur │ punika sabatnya Jenar│
  21. │Wasta pun Lunthang Semawis │ kang harda yayah kunjana │ denira ngrusak krahayon │ nguman-uman Wali-sanga │ ngunggulken Seh Sitibang │ Jeng Mahrib ngandika arum │ heh ta Benang timbalana│
  22. │Apa ta ingkang kinapti │ wong ngrusak harjeng pranata │ kang wus gumlar ing rat tinon │ lawan malih takonna │ Sunan Benang sandika │ gya marek janma kang muwus │ mengkana pangandikanya│
  23. │Heh sira Lunthang Semawis │ angecepres paran karya │ trang wuwusmu tanpa gawe │ malah nyuda tentremira │ luput-luput srinata │ antuk pidananing ratu │ lah Lunthang sira linggiha│
  24. │Ingkang liningan gya linggih │ kaleres jajar Seh Dumba │ neng surambi marep ngulon │ jegang Lunthang tanpa krama │ lir silaning pranata │ Seh Malaya ngandika rum │ heh jalma sireku sapa│
  25. │De lebur yudaning urip │ kang tinanya pasrangkara / heh heh dene pangling kowe │ nguni wus kumpul lan ingwang │ keplek gimer yen kalah │ angon ulat mubeng braung │ mangke wus dadya ulama│
  26. │Bingen aranmu Den Sahid │ anake Dipati Tuban │ mankya dadya santri gedhe │ aran wali alul ngilma │ silaning Gama Arab │ layak kowe ring sun tambuh │ wasta Ki Lunthang Semarang│
  27. │Muridnya Pangran Sitibrit │ masih blilet durung muksa │ rapal wulang durung entek │ nanging pamikirku lawan │ uliya nora eram │ angadu diguna kawruh │ mati-urip kanyata-an│
  28. │Seh Dumba sumambung angling │ heh Lunthang praptanta paran ing kene │ wuwusmu ngopres │ ngungkak leksaning tata │ muwus lir balang udan │ tan kocathet wahyweng wuwus │ nora wurung dadya wisa│
  29. │Semak wandane pribadi │ sebak panglu saking tinggar │ Lunthang bok iya aja mangkono │ sun tangguh dudu wong edan │ nora angowel badan │ jamak lakuning tumuwuh │ kudu rumakseng sarira│
  30. │Sasat ngratoni Hyang Widdi │ ngratoni donya akerat │ temah ko alani dhewe │ mangka wicaraning miptah │ waman ngarapan anas │ pakat ngarap parabahu │ sing sapa wruh ing sarira│
  31. │Temen-temen wruh ing Widhhi │ wong taklim sapadha-padha │ ngurmati awake dhewe │ sapa pamrih kaluhuran │ ngluhurna awak liyan │ kale sira ngrusak hayu │ nglebur jamaking manungsa│
  32. │Yen wong nedya luru becik │ abuwanga kabecikan │ kang sekadar samurwate │ met panimbang wajib wenang │ ywa tinggal kira-kira │ duga wataraning idhup │ mengkono jenenging gesang│
  33. │Dene wong yun darbe elmi │ aja pedhot pamrihira │ Kitab Akait warahe │ mengkono tembayeng lapal │ anal ngilma matluba │ maklum tegese puniku │ wong yun elmu ngupaya-a│
  34. │Kang mangka sireku musrik │ nora pisan ngalap dalan │ kang kanggo ing kana-kene │ sira mestu Pangran Jenar │ patine wus sira dadya asu │ wus ilang tinggal pocapan│
  35. │Ki Lunthang sumambung wengis │ hus kowe tekad warokan │ ngalor-ngidul adol goroh │ nuturi wong Buda desa │ donya ana Hyang Suksma │ singa krungu anut gemblung │ mestu ujarmu nyarkara│
  36. │Endi ana Mahasuci │ ing donya-akerat sonya │ ingkang ana ingsun dhewe │ setun benjing uripingwang │ pribadi tanpa rowang │ lah ing kono datollah-hu │ pepasihan dadya kita│
  37. │Reh sun mati sun wastani │ jaba-jero sapunika │ kang jro uripku ing tembe │ jaba pati sapunika │ lah Dumba rasakena │ aja gugup sira rengu │ pandheganing Wali-sanga│
  38. │Sun wus mlaya jajah gemi │ Aprikah Cina Welanda │ Alupuru wong Hotentot │ Hindhu Butun gama Buda │ bangke mulih wreka bang │ yeka sadarpa tan gugu │ tetep pra wali duskarta│
  39. │Kang mangka ujaring dalil │ Kuran gegandhulaningwang │ tembunging lapal mengkene │ munpakun nganil mayita │ ramimun pituraba │ tegese pecating idhup │ mayit bosok dadya kisma│

PUPUH IX
PANGKUR

  1. │Getun ngungun pra uliya │ kang neng srambi wrin Lunthang denirangling │ memancah Agama Rasul │ kang gumlar narik tama │ samya jetung wali sedaya gegetun │ priksa muridnya Seh Jenar │ kang wasta Lunthang Semawis│
  2. │Nulya Jeng Benang ngandika │ heh la Lunthang sun antep sira, mangkin │ nglakonana sujud rukuk │ ing reh dinil mustapa │ anandhani rukuning Islam lan santun │ mila kudu tumindak kas │ temtu sira dadi wali│
  3. │Sun sakanca kang misudha │ anggenteni gurumu Seh Sitibrit │ nanging rinten ratri kudu │ nglakoni waktu lima │ yen Jumungah nglakoni ring masjid makbud │ anjunjung dat Rabullalam │ malikul ing donya-akir│
  4. │Sira karan wali tama │ kang sinihan dening Hyang Mahasukci │ nanging wrat patukunipun │ sedyambeg paramarta │ sabar rila ing donya mangajab hayu │ yeka wong dadya ulama │ sun wetara sira bangkit│
  5. │Nglakoni santa derana │ gumyah sagung wali jumurung amin │ samya mupakat biyantu │ Ki Lunthang kipa-kipa │ kirig-kirig getem-getem sarwi muwus │ heh Benang yen ingsun sagah │ keneng begalaning pati│
  6. │Pira lawase sun pejah │ aneng donya klorehan dadya wali │ ingkang saben dina bujuk │ ngapus nyudel manungsa │ sun wong Islam ing tembe urip tan layu │ kinon salat limang wekdal │ sun iki dudu wong kapir│
  7. │Ring masjid saben Jumungah │ jengkang-jengking manembah suwung sepi │ yen wejanganing guruku │ Sitibang marang kita │ wong sembahyang nora pedhot rinten dalu │ he Benang weruhanira │ wahyweng napas dadya puji│
  8. │Lebune napasku salat │ reh pangucap pamyyarsa lan ningali │ kinen awas ing pandulu │ yeka salat manira │ ingkang langgeng sajroning kita layu │ ananging maksih kiniyas │ mengkono satengah kapir│
  9. │Yen bijaksa nawung kridha │ tanpa karya wong nembah rabulngalim │ jer donya tana Hyang Agung │ rehning rumaket bathang │ nadyan den cet kemalo tan wurung lebur │ mumur mor lemah makaman │ paran goningsun ngaosi│
  10. │Yen jarwane Seh Sitibang │ wong sembahyang tan antuk mrika mriki │ nek katekan lara bingung │ yen turu yayah bujang │ lamun mlarat jaluk sugih nora entuk │ lwih maneh lamun sekarat │ jlalatan kadhang macicil│
  11. │Saking sungkan ninggal donya │ kang mengkono wong gendheng maring pamrih │ prandene santri kepaung │ dhikir pan api isbat │ nganggit-anggit narupaken datullahu │ nuli ana rupanira │ iku den anggep Hyang Widdhi│
  12. │Apa iku dudu sasar │ pratandhane ciptane nora panggih │ prandensun kinen amakbut │ salat karya sarengat │ yen Jumungah maring masjid pating kranthuk │ memuji Pangeran sonya │ dede ngrika dede ngriki│
  13. │Ingsun kinon makbudullah │ den apusi arsa den angkat wali │ mung ngaluyur adol catur │ luru wuduk rasulan │ babon putih bumbu lembar cekoh muluk │ sengadine nora mangan │ keh iku ratuning kidib│
  14. │Bok aja mengkono Benang │ wruhanmu ing donya iki pati │ kang akerat jeneng idhup │ langgeng tantara masa │ keneng godha sing sapa wong seneng layu │ rumaket swarga neraka │ panas perih ngolak-ngelih│
  15. │Jeng Mahribi Maolana │ nambung sabda he kanca-kanca mukmin │ wis aja kakehan wuwus │ bab si Lunthang Semarang │ mung tarinen bae apa sedyanipun │ sandika para ulama │ Sunan Ampel ngandika ris│
  16. │Marang Ki Lunthang Semarang │ heh ta Lunthang  sira ingsun takoni │ rehning gurumu wus mantuk │ mring jaman kauripan │ mangka sira Lunthang aneng kene layu │ lah apa ta nusul sira │ ingkang ngater para wali│
  17. │Ki Lunthang gumuyu latah │ tanpa karya wuwusmu marang mami │ wong nedya mulih ten ewuh │ yen murid Siti Jenar │ gampang bae sadurunge wus kacakup │ kene wruh rasane kana │ kana wruh rasane ngriki│
  18. │De sira nari maringwang │ jeneng pati sakarsanengsun pribadi │ urip nganggo sakarepku │ bab kondurnya Seh Jenar │ ingsun nedya labuh bebarengan idhup │ kang wus tan kacakrabawa │ sedhela mengko sun mulih│
  19. │Mung perluku mrene iya │ yun sidhekah pitutur mring pra mukmin │ ywa isin ngalap turuku │ cacah telung prakara │ kang sapisan aja nindakake apus │ kang ninggal duka watara │ mundhak den geguyu wingking│
  20. │Kang kapindho aja sira │ ngrusak barang tinggalan barang dhingin │ kayata rontal sastrayu │ tulis-tulis neng sela │ kayu watu patilasan ywa kalebur │ wruhanira bangsa Jawa │ Budine tan bisa enting│
  21. │Kang kaping tri bok menawa │ kowe rujuk buwangen mesjid iki │ sirnakna sarana latu │ sun owel turunira │ nora wurung tembe kanut mendem kulhu │ edan kedanan mring Allah │ nganggit-anggit nora panggih│
  22. │Kana-kana nora ana │ temah santri manut mangeran budi │ angen-angen Hyang Agung │ lir Prabu Brawijaya │ tembe ana santri kang mangeran bumbung │ galih kangkung wuluh wung wang │ suwung wang wung klowong angin│
  23. │Iku dinalih Pangeran │ kang nguripi antara bumi langit │ ana maneh santri bingung │ napas den anggep Allah │ mlebu metu amemuji dhewekipun │ luwih maneh tembe ana │ asnamning Allah pinuji│
  24. │Jaman iki Wali-sanga │ akeh asma pinangeran ting jerlih │ neng masjid kabeh kancamu │ tur nora wruh Pangeran │ yen wong kapir Pangerane bisa weruh │ wangsul met wewaton Kuran │ Allah tan mruhi wong muji
  25. │Allah tan kena sinembah │ cecek bae lan guruku Seh Abrit │ rujuk Kuran jarwanipun │ mokal sira tan wikan │ mangibadal lahuduna lasma kupur │ tegese wong nembah Allah │ yen dudu asmallah kapir│
  26. │Waha mangibadah lasma │ dunnalmakna panana haya lir ning │ wong nembah asma tan wujud │ temen-temen kacegah │ marma poma sira ywa kedawa palsu │ rucaten masjid punika │ jer sira gadha sesiwi│
  27. │Nurunken terah tumerah │ yen kebanjur turunmu tekeng akir │ tan wurung akeh kang kumprung │ wedi ring Gusti Allah │ wani marang pangwasa pranateng ratu │ bubrah rusak akeh nasak │ ruwed tataning Agami│
  28. │Wus sun ringkes jarwaningwang │ panedyaku yun nusul guru mami │ sanadyan urip tan pangguh │ pati budiku tunggal │ lah ta payo tontonen derengsun mantuk │ yen wus mulih salinana │ bangke sakarepmu dadi│
  29. │Kadhal kodhok rase luwak │ kucing kuwuk kang gampang lehmu sandi │ upaya sadhela antuk │ wangsul sinantun gajah │ sun pestheken sira nora bisa luru │ reh Tanah Jawa tan ana │ gya Lunthang manjing jro masjid│
  30. │Jujug ngimbar pangimaman │ para wali maksih keri neng srambi │ sang Lunthang trangginas mungguh │ tirtaning kang nirmala │ wus munpakun kayatu donya munpakun │ yayah lir kilat tas ilang │ gumilang-gilang kang mayit│
  31. │Kagyad wali kang neng jaba │ dupi swara gumebrug kapiyarsi │ nulya sadaya lumebu │ wrin Lunthang wus palastha │ samya gumun sadaya ulama ngungun │ rikatnya endraning laya │ gya bangke kabekta mijil│
  32. │Ibut santri kang tumandhang │ karya kluwat neng daganya Sitibrit │ dupi pangupakara wus │ sawa Lunthang den angkat │ wus pinethak lir caraning uwong layu │ bubaran para uliya │ kondur kasaput ing wengi│

TITI TAMAT INGKANG SULUK 

@@@