P U C U N G
136. Kaping pitu sumrap mring kang adi luhung
Sagung kaéndahan
Kang pinaringken Hyang Widi
Dèn resepna anèng teleng manahira
137. Tanem tuwuh sumrambah sato sadarum
Malih pra manusa
Miwah saisiné bumi
Kanthi wijang pinaringan kaluwihan
138. Kabèh iku wus kinanthèn mring Hyang Agung
Salir wewatekan
Wèh resep sawiji-wiji
Kawruhana ywa nganti kadamel ura
139. Lamun kamu nggatosken ingkang satuhu
Salir kanugrahan
Winiraos kraos èdi
Temah nala ening kadereng memuja
140. Gesang namung lumingsir jroning sapangu
Aywa tanpa tanja
Kélangan ingkang pangaji
Silar rasa, datan wruh rèhing Hyang Suksma
141. Gung pepacuh tinungkulna ingkang mungkul
Dimèn uningaa
Pangaosji mangénjali
Ywa rinisak wit adrenging hardanira
142. Déné manu minangka punjering suluh
Langkung kagunannya
Tinitah kanthi linuwih
Rasa budya tembung lampah éndah guna
143. Jagad agung muwus mulyaning Pukulun
Lamun dèn eningna
Kawuryan genging sih kang wi
Karya nala ayem tentrem srah sadrema
144. Raos wardu asung warti kusung-kusung
Swawi samya yitna
Kadarman tuking basuki
Datan liya Ingkang Akarya Bawana
145. Kang maujud sanggya kasunyatan misud
Luhuring Hyang Suksma
Gung sihé tansah ngopèni
Kapranata patitis ing sapangrèhnya
146. Pan aturut mring sadya karsèng Pukulun
Éndah tebanira
Nenuntun titah maniwi
Angabektya lir péndah sang muniwara
147. Gung sasangkul gesang madyèng alam satu
Tan ana manasya
Lamun maneseb astuti
Langkung adya Hyang Suksma manadukara
148. Lambak tuhu manjing manunggil Hyang Luhur
Temah angraosna
Ayem tentrem lawan èdi
Kasirnakna sanggya lapa jroning nala
149. Aywa klèntu mrawasa larasing kidung
Gitayèng bawana
Nyenyekar sagung harjanti
Lamun risak tan kena tinukar arta
150. Andon wuwus poma dèn udi kang alus
Éndah munggwing prana
Pinireng ngelam-elami
Amranani karya asreping angkara
151. Tembung saru ywa sami dipun geguru
Nyirnakken prabawa
Miwah pangajining dhiri
Damel camah rinèméh sarta winada
152. Béda lamun mrasudi lésan lir tatur
Nora mung rirangga
Nging yekti tumusing ati
Tutur èdi mijil king telenging rasa
153. Pan sadyèku nyingkirken manah kang rengu
Nyaketken nugraha
Tumanduk dhateng sesami
Kang mangkono upayanen aywa kemba
154. Kanthi tulus pikir dèn ulir kang lurus
Ywa ngantya sumimpang
Saking margining utami
Pinuntua murih wèh harjaning jana
155. Dèn talusur talesih memet tan kuwur
Ingkang sarwa adya
Miling dadi nering budi
Manah sotya sumingkir saking piala
156. Jroning samun becik manungku nenuwun
Kalis lelamunan
Ngrerantam kang mbilaèni
Pilangbara meleng maring rèh utama
157. Nering kalbu prenahna tan nganti kliru
Mikir kang prayoga
Pijinen barang kang èdi
Tumusira raras rerem jro wardaya
158. Among wantu marmané trep traping laku
Raras yèn rinasa
Éndah kalamun kaèksi
Samudaya badhé tansah nuju prana
159. Tindak-tanduk dèn udi supaya mathuk
Jumbuh myang kahanan
Sarwa-sarwi katon pèni
Kawistara titis lantip olah kridha
160. Aja tambuh waspadakna amrih weruh
Sabarang kang makna
Pilihen ingkang taliti
Singkirana apus kramaning panggodha
161. Budi sadu katitik sajroning laku
Patrap kang utama
Iku cihnaning pangerti
Piniliha mawèh harjanta nugraha
162. Bekti lulut ngarsaning Hu pan aturut
Uning mring karsanta
Tan mbadal sagung karsèki
Lega-lila kéntar nut ing sapangrèhNya
163. Yèn pinesu jiwa raga myang bebayu
Bisa dinayanan
Ing panguwaosing Bathari
Pinaringan aji jaya kawijayan
164. Kang dèn bujung sanès atosing bebalung
Miwah wuletira
Kulit daging amrih sekti
Paribasan tan tedhas lamun jinara
165. Bisa larut nyawiji kumepyur pulut
Kalayan Hyang Suksma
Tan ana ginggang samreki
Satindaknya namung nut ingkang pinancya
166. Tan kumrungsung kasesa dadya linangkung
mBebujung karosan
Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi
Yèn mangkana sumimpang kesasar marga
167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh
Ura ngambra-ambra
Pangèsthiné salah dadi
Kawruh mentah datan éca dipun tedha
168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu
Éman dèn tilarna
Milaur dipun prasudi
Dèn èstokna dadya darma kang utama
D U R M A
169. Apa baya wewarah kang kaping astha
Brataning wong nenepi
Laku angupaya
Mustikaning manuswa
Supados amunpangati
Ing samudaya
Ywa muspra tanpa werdi
170. Atetarak tan muhung ing kalairan
Cegah dhahar lan guling
Pasa lan aderma
Tlatèn maring agama
Nging ati tan dèn rawati
Pan nora tanja
Sami kadi tyang pingging
171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan
Kaya tan ana malih
Janma ingkang padha
Tandhing lan kabisannya
Angrèmèhken mring sesami
Dadi tan guna
Ngrasuk maring agami
172. Jangkepira manungku maring Jawata
Kathah kang dipun sirik
Nora rupa boga
Dudu pranata puja
Nanging sagung lampah sisip
Dipun tilarna
Puniku wèh hastuti
173. Nadyan rupak prananira dèn wiyarna
Nora cupet ing budi
Nututi candhala
Nurut hardaning hawa
Nerak sarak tanpa isin
Nir ing kayitnan
Nalisir nyimpang margi
174. Pepénginan makantar-kantar angrebda
Poma dèn kemudhèni
Pinekak ywa ndadra
Pinuntu kanthi lamba
Pepacuh myang wasitadi
Pakekenira
Pan nuntun laksitèki
175. Tindak mblasar atetawa kanikmatan
Tumrap kang tan udani
Tumama ing karsa
Temah kayungyun godha
Tan kuwagang anyingkiri
Trékah sulaya
Tundhoné dadya tuni
176. Siluk rumpil ngambah margi kaleresan
Sasat tan ana gampil
Satuhu ing budya
Sasmita dèn tilingna
Sinartan antebing pikir
Sirik piala
Sumenggah hardèng karsi
177. Kabèh ika kalakyan lamun dèn udya
Kanthi tlatèn taliti
Kineker jro nala
Kinemat ingecakna
Kaprasudi dipun gladhi
Kridhaning suksma
Karèh nut ing prayogi
178. Dèn gegulang pamardi ingkang utama
Datan pegat martapi
Dyan awrat sinangga
Dipun embat wardaya
Déné yèn wus dèn antepi
Dadya kuwawa
Daryana gung utami
179. Lamun léna nilaraken kaprayitnan
Lumuh macala kapti
Lali pariwara
Lelumban madyèngkara
Léngah enering paniwi
Lampah sulaya
Lalis datanpa werdi
180. Muja tapa atetarak durlaksana
Mungkurken sagung yogi
Meleng ing karsanta
Manekung pancadriya
Manunggil karsèng Hyang Widi
Mat kautaman
Mulung myang kang pinanci
181. Ingkang lagya ginadhuhan pangawasa
Nilarna watak dhiri
Milaur prasaja
Tan ngendhakken sasama
Nyingkiri tumindak sisip
Wisésanira
Nora kanggé ngakali
182. Tinahena salir pikir tan pakena
Miwah sir kang nalisir
Poma dèn cegaha
Ywa jinarken ngrembaka
Yèn kadhung amemalahi
Tan gampil mendha
Lir nyirep bagaspati
183. Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan
Nyalad adrenging karsi
Tan ana warana
Nyenyingget krodhanira
Temah alepas kendhali
Binandhang tebya
Sir wangsul datan wani
184. Donya brana myang arta asring misésa
Ngrèh manu dados abdi
Lamun dèn turuta
mBebudhak sakarepnya
Ngicalken prayitnèng budi
Dadya kethaha
Lingsem tinilar sami
185. Wit hartaka asih darma waged musna
Tegel maring pepati
Pitenah deksura
Paéka masang kala
Wus tan ngéman sapadhèki
Uger panjangka
Kasil ginayuh yekti
186. Ya mangkana watak winengku kamurkan
Gegyan kang dèn ugemi
Tan sipat prawira
Lumuh wyataning dwija
Pepoyan kang dèn antepi
Langkung kuncara
Mimpang wang kawon janmi
187. Lamun donya dadya punjer atinira
Sinembah kadya Gusti
Wlasarsa pan muspra
Asih nora kadarbya
Tegel roganing sesami
Lampah daksiya
Nguber mulyaning dhiri
188. Datan lepat wasitaning Hyang Indriya
Paring tuduh mring janmi
Kacaryan hartana
Wewijining candhala
Damel risaking pamardi
Pan dadya ura
Jugar tatanirèki
189. Yèn ketaman branta ngempalaken brana
Wuru tetandho rukmi
Angles wit kasmaran
Kasulistyaning sandhangan
Supé myang leresing margi
Dadya kantaka
Lamun panggayuh tuni
190. Samubarang kaudi cekap samurwat
Dé pikantuk nglangkungi
Swawi tinampia
Nugrahaning Jawata
Loma lila mitulungi
Kang kacingkrangan
Ywa nyimpen manah cethil
191. Poma-poma aywa tilar kautaman
Nggegulang sasmitadi
Dohna kadurjanan
Temen rèh kaprawiran
Tinangsulan ing tyasrèki
Aywa dèn culna
Bundhelen kang permati
192. Aywa nyimpang dedalan maring pepadhang
Dyan ciyut sukar rumpil
Dipun tlatènana
Kinanthèn sabar drana
Supayantuk kang kaèsthi
Mrih tan kuciwa
Pinegat tan wruh margi
MEGATRUH
193. Marma iki kaping nawaning pepacuh
Mirid wedhar rasa jati
Mijil saking tyas manekung
Manungku ngarsaning Widi
Manjing manunggil Hyang Katong
194. Kang pangaji munggwing gesang kang satuhu
Macala suksma kaèsthi
Pinurih karuh myang tuduh
Mring punjering jasadrèki
Uninga jatining Manon
195. Aywa kongsi darbé nétra tan andulu
Tuk wijiling suksma jati
Sangkan paran nora weruh
Temah ical nering kapti
Lumaksana tanpa waton
196. Wasitadi wineca dwija rumuhun
Nélakna kahanan janmi
Kanthi tetanya lir tambuh
Wicalen titah kang ngèksi
Miwah kang gesang sayektos
197. Dèn wangsuli apatitis miwah jujur
Kahana ingkang sayekti
Tyang wuta kathah linangkung
Makaten ugi kang lalis
Klayan kang urip kinaot
198. Apan janmi nadyan melèk socanipun
Ananging boten udani
Aosing gesang satuhu
Asor prabawaning budi
Acecanuk nora tinon
199. Iku kadi pasemoné titah blilu
Ingkang suthik aningali
Ismayaning Hyang Ma Agung
Isin miyat urip jati
Ilang lumuyuting batos
200. Nenggih sami klayan jana karan layu
Nadyan tata wadhag urip
Nanging datan wikan ilmu
Nasar anggènnya lumaris
Nora béda kadya layon
201. Urip jati kudu kinanthènan kawruh
Uninga jatining urip
Upami lirwa binuru
Uwal king jejering janmi
Uwas tumraping lelakon
202. Kasmaran mring pepuntoning sanggya laku
Kadidéné tèsing warih
Kinempal myang asalipun
Kumeplas manjing jaladri
Kekalihnya luluh winor
203. Suksma kéntir ngenut jantraning Pukulun
Sumarah pasrah tan banggi
Sirna pepénginanipun
Sumuyut wetah sadyèki
Sumilak dugèng pangampon
204. Olah batin pan tilar sesuker sagung
Osiking tyas mung nyawiji
Manunggil klayan Hyang Agung
Memet rinasuk sesuci
Mrasudi puji kang twajoh
205. Neng samadi lelana lebeting anung
Nilarna rupeking pikir
Ning nering suksma sumusup
Nenungku niat mratapi
Nir sanggya sedya piawon
206. Tan angudi kuncara pamurih kasub
Tatasing puja siningid
Tinutup korining napsu
Trékah léngah dèn singkiri
Tulus numusi kang anon
207. Ngarsèng Widi dhéngah lampah sarwi katur
Tan wènten ingkang sinelip
Sagung prasida kadulu
Ginelar wijang katawis
Losna sadarum sumaos
208. Aywa nganti darbé raos wus linangkung
Nindakken kasucèn yekti
Kawentar buntasing kawruh
Lepat saking lampah sisip
Ngarsaning Hu andhap-asor
209. Gung prayogi kanthi manasya dhedheku
Rumaos dèrèng pinanggih
Sampurnaning tata-laku
Temah kadereng mrasudi
Minta apuraning Manon
210. Sembah bekti kinanthènan manah wutuh
Iswara cinepeng sami
Hastungkara ingkang mungkul
Wèh tentrem myang hasastani
Asmaralaya cinadhong
211. Dipun èsthi tresna asih mring sadarum
Lir tumrap diri pribadi
Samubarang dipun émut
Tinepakna sarirèki
Temah tumindak tan waton
212. Mring sesami nala kasengsem sung asih
Tan remen miruda janmi
Punapa malih nyenyaru
Akarya tabeting ati
Ywa damel asanès wirong
213. Lamun uning manuswa gesang tan patut
Bebasan pinanggang hagni
Nyanggi bebahaning laku
Dèn éklasna suka warih
Paring asrep mring kang ngorong
214. Winigati ingkang mbetahken pitulung
Sasagednya dèn jurungi
Wirya paring timbang nyuwun
Damel wikaraning kapti
Sung awanda myang kang éwoh
215. Yèn angèksi wakala kang lagi nempuh
Nora merem tan preduli
Nanging legawa misungsung
Pinurih awinda gingsir
Wèh wiryawan kang prihatos
216. Udani mring roga-yogi awrat lalun
Pan arsa asyah ngrerujit
Kanthi wikrama wèh lipur
Awicarita binangkit
Rahajeng linepat régoh
217. Nora sengit tumanduk tumrah kang klintu
Asih rumangkang jro kalbi
Lila ngaksama atulus
Seserik binuwang tebih
Winengku sucining batos
218. Manah drengki tan winales dimèn tatu
Nging binayar tindak becik
Winungkus pangaksama gung
Sinupèkna nadyan rungsit
Pan mesgul datan sumiwo
219. Dipun èsthi bisa kamot jroning kalbu
Gumelar kadya jaladri
Nadyan bengawan sadyèku
Lumintir mili ngebeki
Tan pisan-pisan arsa rob
220. Tanpa tepi nora jajag lebetipun
Momot sagunging prakawis
Sabarang kawrat tan mingkuh
Rinendhem madyaning warih
Nora nggresah datan kisroh
221. Ya kadyèki prana aywa gampil pugut
Mupus kalamun ngadhepi
Bebahan awrat linangkung
Lir langkap pinenthang tuni
Lepat tan ngéntasken gatos
222. Angadhepi manéka trékahing manu
Miwah wuwus kang nyakiti
Pamigunanipun satru
Pinggala pangucap rasmi
Dharana rinaswa kamot
223. Dèn tebihi watak mrahat péndah margu
Sereng-buteng lir tyang pingging
Dharaka sinantun puguh
Murcita ingkang pinanggih
Luhung matirta waspaos
224. Janma dhikih asring kathah godhanipun
Tilar rasikaning ati
Gung rusid minangka pangkur
Tan panggah megeng karsèki
Radyalpa ngengurung raos
225. Rismarini pinanggya anèng Pukulun
Tumrap kang maratuka Ji
Kanthi tlatèn dèn maraup
Pujinira ruma amrik
Dadya pangabekti yektos
226. Kadya rawi suka tuduh padhangipun
Narbuka dhedheting ratri
Sanggya rastala mataun
Trawaca tan ana kèri
Makaten tiyang ngabektos
227. Ganaresi ingkang ajumeneng ratu
Nggegurua pangrèh aji
Taksaka lit wisa manjur
Aywa sumelang tan dhaning
Lir tatur kumambang abyor
M A S K U M A M B A N G
228. Lhah puniki pawingkingipun pamardi
Kang kaping sadasa
Jangkep piwucal utami
Ywa nganti sinélakana
229. Pungun-pungun kalamun dèrèng udani
Kuwatos miwah was
Tanpa kumandel ing Widi
Nora wruh keplasing suksma
230. Titi wanci wangsul mring sangkanirèki
Mesthi bakal teka
Nora kena dèn sélaki
Poma tan miris ing nala
231. Yapwan janmi tan mawastu rèhing Gusti
Yekti dadya susah
Sang Mahasasa nyarangi
Yamani mahèr yitmanya
232. Lamun prapti titi wanci kang pinasthi
Kodheng jroning rahsa
Yojana tan uning sami
Awinda nering panjangka
233. Janma pingging talompé ngeningken gati
Kikising agesang
Tumrahing titah sadyèki
Temah nguja hardèng karsa
234. Gumarangsang kasukan dipun turuti
Mumpung maksih pana
Plethèking sang bagaspati
Tan nyaruwé yamaloka
235. Tan kayaa yatma madyèng jagad mangkin
Nyarwètèh lampahnya
Mahara anyakrawati
Puguh kasupèn Hyang Suksma
236. Yèn mangkana lirwa mring swarga sayekti
Mbebujung kadonyan
Lupa paraning dumadi
Kasasar tan manggih tarsa
237. Nanging janmi kang sengsem yogasamawi
Dharannya tumata
Mraharana manah suci
Sinung pangerti utama
238. Kanthi wijang wijiling tedah suyati
Yadya repah raga
Wijaya mangrèh hastuti
Rasmana karya raharja
239. Karuh maring sangkan paraning dumadi
Tinitah Hyang Suksma
Sumbering sadya darmadi
Loka paleremaning suksma
240. Lamun murcat tan tambuh paranirèki
Rusak raganira
Yitma méntar gya maniwi
Wangsul sangkaning yudana
241. Nora miris ywan Sang Widhitusdha nimbali
Cukup sangunira
Sinartanan darma bekti
Mituhu sanggya karsanta
242. Trusing ati widhwanta lila tinampi
Larakung linepat
Wit luding laris pinasthi
Wilapwa tinilar tebya
243. Sihing Widhi dadya wayira pangaji
Kenceng cinepengan
Pinangka wot ingkang dyapi
Tumuju lokabuwana
244. Dipun ening ngener lukikaning Gusti
Nyawiji sedyanta
Tan malang tumolèh margi
Nyapih sagunging angkara
245. Wus nyawiji manjing jro jatining waji
Uwal king walitya
Ngalindhih krenteg nalisir
Dumoh saking sanggya dama
246. Kanthi éling manunggil klayan Hyang Rawi
Suméndhé sadrema
Sumèlèh pasrah karsa-Ji
Cinadhang papan diwala
247. Janma bekti winengku wuyuting rati
Sinung panggraita
Landhep nilingken pamisik
Temah wruh mring pepancènnya
248. Pan patitis kamuksanira udani
Dyan nora jumawa
Rumaos darbé pangerti
Nging miling rèhing Jawata
249. Nora samar mring pepesthèn kang dumadi
Pepancèning suksma
Ingkang tinamtu ing nguni
Weruh titi mangsanira
250. Yèn wus dugi kikising gesang puniki
Wangsul mring sangkannya
Sang Widhitusdha nimbali
Ywa tidha-tidha nglenggana
251. Pan Hyang Widi badhé apeparing gati
Minangka pratandha
Kekeran pesthining janmi
Pinurih samya samekta
252. Nora kénging puguh mirong karsèng Gusti
Nyahak mring karsanta
Nguman-uman kang pinaring
Tan narimah wilasa-Nya
253. Luhung sami tiniling ingkang winisik
Temahan trawaca
Kala-mangsa kang pinasthi
Apan samya kawruhana
254. Yèn wus dugi titikan praptaning wanci
Swawi cumadhanga
Ywa manesel gesangrèki
Sampun cekap lampahira
255. Purnèng anggit wilapakalangyan werdi
Tujuning panjangka
Tan sanès amigunani
Janma kang munggwing rastala***