Category Archives: KITAB ONTJERANING SOEROSO

KITAB ONTJERANING SOEROSO


KITAB ONTJERANING SOEROSO

Punika kita:
Honcérranning surasa, hangoncéraken:
Papénget dhateng para mudha.
Kaiket ing sekar dhandhanggula,
Amurih rêsep tuwin senengngipun
Para ingkang sami nupiksa.

oooOooo

Kaanggit déning:
Mas Karta Subrata

Ugi nama : Ngabdullohibin Mukhammad Sajjad
Ing Kendhangngan Semarang

1992

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 3 Maret 2021

@@@

Pénget

Nuwun-nuwun mugi kaunininganna para nupiksani, menggah sawarninipun pirantos ngibadah ingkang sampun kula pratélakaken ing pratélan ngajeng punika: saéstu prelu kanggénipun dhateng para sadhérék muslimin ingkang sami ahli ngibadah, langkung malih kitab marsudi : mursid prakawis  taohid kalih jilid pisan, makaten ugi: kitab manasik Al Khajji wal Ngumroh jawén cekakkan aksara Jawi, tuwin jadwal layarran dhateng Jiddah, tumrappipun sadhérék ingkang nedya anglampahii kalakuwan Khajji lan Ngumroh, punika sakalangkung prelunipun sedheng kitan: Honcérranning Surasa, punika tuwin sanés sanéssipun inggih prelu ugi.

Awit déning punika, suwawi : ta, sami tetepangngan saé kaliyan kula, asarana nunumbassi piranton ngibadah ingkang sampun kasebut saéstu mboten  badhé kaduwung, mandar kapara ambingahi déning genah gempillipun dipun rêtossi.

Ingkang punika, kula anyanyadhang dhateng para sadgérék ingkang sami kasdu, saha badhé anampénni kaliyan pirênaning manah, dhumateng sinten sintenna ingkang karsa anepangngi dhateng kula asarana nunumbassi pirantos ngibadah wau, wassalam.

FAKIR ILALLOH
M. K. ‘A.

@@@

B U B U K A

Sasampunnipun kula maos serat : papénget dhateng para mudha, ingkang kawedallaken ing kantor, M. M. ing Surakarta, sakalangkung kayungyunning manah kula: kedah hangoncérraken ing sasuraossipun saha kula tirokaken den ta wyanjananipun (inggih urittipun: ha: dumugi: nga) mawi kula iket ing sekar dhandhanggula, amurih rêsep tuwin senengngipun para nupiksa, tur mboten anyimpang saking ugerripun papénget dhateng para mudha wau. Kula namani Honcérran kula punika, ing nama : Honcérranning Surasa.

Pangajeng ngajeng kula, Gusthi Ingkang Maha Mirah aparingnga munfangat migunani ing Honcérranning Surasa punika, lumébérripun dhateng para sadhérék muslim ingkang sami nupiksani, dadossa panuntun tuwin wawarah kalakuwan ingkang ingangkah dadossa raharja ing dunya dumuginipun ing zaman langgeng. Mugi kasembambadanna déning Gusthi ingkang amurwéng ngalam.

Ing Semarang, kaping 20 Ruwah, dahé : 1852.

Déning :

Mas Karta Subrata

Inggih : Ngabdullohibin Mukhammad Sajjad

@@@

Bismillahirrahmanirrahim

Klawan asma dalem Gusthi Alloh Kang Maha Mirah ing dunya, tur kang Maha Asih ing Akhiroh. Samengko padha kawruhana, prayogané: pamacané kitab honcérranning Surasa iki, di kawittana maca: papénget dhumateng  para mudha: dhisik becik satamatté pisan nuli maca iki, utawa: saaksara, saaksara gentén gentén, amrih dadiné genah dirêténni marang para akéh. Iya iki :

Ha:   Amanissi pénget ingkang mijil saking Surakarta karangannya, babahuning das A: te: fé, mrih narik manah purun mangudiya ing kawruh jati, jatining kautaman utamaning idhup ing dunya prapténg delahan séstu datan nalisir ing dalil khadis myang ijmag kiyassira.

Na:   Nanangi ring driya kang kalempit kalindhih ing gebyarrira dunya, kang tanpa aji pukassé, pinrih angaji ngilmu, ingkang dadya padhangnging galih, wruha ing bédanira, ala: lawan ayu, cinegah alampah cidra, nyata tennan dora: cidra, pan ingincim naraka wail wus sanyata.

Ca:   Colong: jupuk judas lawan drengki, sasamannya sing hawa wujilnya, kuduné pinapas agé, manut panuttan rosul nyegah nafsu: ngalahi ngadi, ngadi: ngadat lumrahnya, nununtun mring luput mungguh ing akhirottira, lamun ngadat benerra: yekti Jeng Nabi, tan praptaha wawarah.

Ra:   Riringkessan réh rumasa abdi, kudu nembaha wedi bendara, manut nurut utusanné, Gusthi Kang Maha Agung, mangéranni sakalir kalir, tanna lyan mung Hyang Suksma, Gusthi Kang Ma(ha) : luhur, utusan Jeng Rosullullah, sollallohu ngalaihi wasallam nenggih, Kangjeng Nabi Mukhammad.

Ka:    Kukuhana: dén kongsi kumanthil kanthil tancep ing tyas sanubarya, iya telengnging atiné, aywa na liyanipun ingkang dadi kakasih jati, sajagad pisan aja, mung nga Hyang Agung, lan Kangjeng Nabi Mukhammad karo iku: sisah kupumllé dén bangkit  aja kurang paryitna.

Da:   Dadi kumpul dé: dadi kakasih, pisahira: Gusthi lan kawula, ajinen temennan kuwé, aywa kongsi keliru, tunggil tunggal kawula Gusthi, yéku dheppé wo kumpra, ndadak slusar slusur, ora: ingarannan: iya, iya nira nora nganggo dén rêtenni, kelunta ulah dunya.

Ta:    Talitinen ngilmu kang premati, among tiga: tan luwih tan kurang, liyaning mung ubarampé, magrifat mring Hyang Agung, lire idhep bener mring Gusthi, terang sifat-sifatnya, wajib mukhallipun Jaiz jeng pisan dén pirsa, cucukuppan ing kitab marsudi: mursid jawan jarwa acetha.

Sa:    Samantakna mring kang wus mangreti, kumpullanna pra ulah ngibadah, aywa na rikuh tandukké. Kapindho: ngilmu mrih wruh, khilal kharom sokhikh myang bathil khalallé linakonnan kharommé siningkur, sokhihé ingarah arah, kang batholken ingedohan aywa  wigih, telu né ngilmu jrohan.

Wa:   wawarahing kitab munjiyati, jawan pégon anggit Sang Minulya, Swargi Kyai Solilikh mangké, kadi sampun binangun sastra pégon sinanun Jawi, déning pra ahlul sastra, ing Sala praja gung, yén iya satuhu iya yogya, atakon na ing kantor medhan muslimin patut antuk katrangngan.

La:    linuriya: gugulangngen kaki, ngilmu telu mau aja ora, anteppan: aja méngéng, tékod tékodna kang sru, kalakuwan lakokna nuli, dén énggal ywa kasesa, aja mundur mundur, nggegeggi ngama islam mawéh arja ing dunya praptaning akhir, anggér padha ngandella.

Pa:    pituturé nabi kang pinundhi, déning sakéh para warissira, tuhu tan ana sisippé, bener jujur: rahayu, wong kang manut wurukking nabi, nabi tan kena cidra, plek dhawuh Hyang Agung, satindak tanduk utussan aprasasat dhawuh timballanning Gusthi, keplok plak tan sulaya.

Dha: dhadhan nana dén kongsi kepati, prapténg nazig pisan anteppana, ajana kang salah wéng wéng, ugerrên jroning kalbu, Gusthi Alloh kang Maha Sukci, nora na:  liyanira, mung Gusthi kang Agung, kangkarya begja: cilaka, ngganjar: niksa wus dadi ing wenang néki, adhepna kang sanyata.

Ja:    janjén nana: urip kongsi mati, nora nedya nembah liyanira, nembah miturut tegessé, ing sakéh préntahipun angedohi cegahiréki, narima pamesthinya, nora nedya mingkuh, tan wegah nora ngresula, ayem yeyem seneng dénnira nglakonni, préntah cegah lan kodar.

Ya:    yitna: yekti nora nedya mbalik anyaléwéng manolah ing dunya, kang énggal banget sirnané, dunya tinggallan korun dunya dudu tinggallan nabi, bondha wus tamtu lina, sugih singgih kukut béda ngilmu ngalam béla, ing sabaya patiné ingkang ngugemmi, tekan pungkassan pisan,

Nya: nyamut nyamut ngijirré warsi, ngamal ngilmu sih kikinthil marang, kang ngugemmi ing uripppé, dhasar bakdané lampus ana tangi urip tan mati, aran salama lama, baya pirang taun sapa bisa ngangkannana, jajal dadi pirang yuta pirang kethi, rénténgngen edassira.

Ma:   mati: bakda urip iku gelis ing idheppé wong kang duwé nalar, marma tan ingupa gawé, mung urip bakda lampus iku ingkang tansah pinikir, ing rina wenginira, tan pegat nyunyuwun mring Gusthi Kang Maha Mulya, muga muga antukka pitedah néki, tukka khusnul khotimah.

Ga:   Gégéyongngan ngilmu ngmal kaki, yéku tindak tandukking ngibadah, ing batin Gunthi idheppé, tan ana liyanipun mung kuduné manut ing nabi, nora nut napsu hawa, séthon luruhipun mamaonni mring ngibadah, nguger pasthi: pasthi becik nemu becik ala: anemu ala.

Ba:    baya iku idheppiréng iblis sélak marang dadiné kawula, ambaguguk ngutha waton nora manut ing khukum mandah weruh papasthén becik tanapi pasthén ala, karoné tan weruh, manut pesthén nora kena, balik pesthén dadi tékoddiréng ati, dudu lakuné badan,

Tha:  telling tékod tuhu nora mungkir, pasthi ala: yekti dadi ala, pasthi becik apa manéh, mangkonéku ing kalbu, dudu aran panuttan dhiri, balik badan anutta, ing wuruk jeng rosul kudu padha angajiya, mring ngulamak kang kena linuri luri, aja ndadak sungkannan,

Nga: ngaji ngilmu ngibadah dén titi, lumadiya ngaji saben dina, aja mung kinarya sambén ngretiya ingkang cukup saben ngamal acanthi ngilmu, tan kena mung tumandang, tan wruh sarot rukun iku anggér aja-aja, sarot rukun ajinen kang nastiti, bakdané wus manghrifah.

Pungkassan: nga: sing: ha: nora ganjil pétangngira jangkep kalih dasa, ngiras dadi semonné, sifat Hyang Maha Agung, kalih dasa sifat kang wajib mukhallira tan béda, iya trep rong puluh, jaiz jé Pangerang sajuga, wajib rusul sakawan mukhallé sami, jaiz tan lwih satunggal,

Solawatun nabi amungkassi, solallohu ngalaihi wassalam sukula wargané kabéh, sokhabatnya tan kantun tandya nyuwun ing Gusthi: mugi, pra mukmin sadanya, tuk kanugraha gung. Titi shahban lék dwi dwasa, warsa daé: sangara: sangkalanéki, mét tata ngésthi arja.

Déning:
Mas Karta Subrata

Inggih:
Ngabdullah bin Muhammad Syajid

@@@

PENGET

Nuwun nuwun mugi kauninganna ing para nupiksa, menggah sawaninipun pirantos ngibadah ingkang sampun kula pratélakaken ing pratélan ngajeng punika: saéstu prelu kanggénipun dhateng para sadhérék muslimin ingkang sami ahli ngibadah, langkung malih kitab marsudi: mursid prakawis taukhid kalih jilid pisan, makaten ugi: kitab manasik al khijjiwal ngumroh jawén cekak lan aksara jawi, tuwin jadwal layarran dhateng jiddah, tumrappipun sadhérék ingkang nedya anglampahi kalakuwan khajji lan ngumroh, punika sakalangkung prelunipun sedheng kitab: oncérranning surasa, punika tuwin sanés sanéssipun inggih prelu ugi.

Awit déning punika, suwawi: ta, sami tetepangngan saé kaliyan kula, asarana nunumbassi pirantos ngibadah ingkang sampun kasebut saéstu mboten badhé kaduwung, mandar kapara ambingahi déning genah gampillipun dipun rêtossi.

Ingkang punika, kula anyanyadhang dhateng para sadhérék ingkang sami kasdu, saha badhé anampénni kaliyan pirênaning manah, dhumateng sinten sintenna ingkang karsa anepangngi dhateng kula asarana nunumbassi pirantos ngibadah wau. Wassalam.

FAKIR ILLOH
M. K. A.