Category Archives: BUKU WE YOGA DHI

OJO REBUT BENER

Sakabehing para Nabi pada kangungan catetan kitab pitutur becik, iku kabeh siji-sijine kitab pada duwe daya penarik penggendeng.

Yen kita ahli kitab Injil iku kita banjur trisna marang golongan, yen kita weruh pastur ing batin duwe rasa wedi lan asih, nanging aja lali marang bibit sekawite tanah aire dewe yen kita ahli Kur’an iku kita tansah trisna marang agama Islam nanging aja dilalekate tanah aire Indonesia kang subur, apa kang tinandur tukul kanti makmur.

Yen kita ahli pakem Wedha (wayang) banjur trisna marang tanah Pulau Jawa kang dadi pusating Indonesia, yen kita kapetuk marang wong tuwa, kang wis metu saka hawa duwe rasa wedi tur asih, banjur karem prihatin, tiru-tiru satriya Ngamarta Pandawa kang karem tapa, amrih bisa kuwasa.

Semono uga manca buku “Roman” iku ya katarik-katarik Roman ngobong pikiran dadi ora aman, ngelayung duduk bingung, berdiri bingung wusana lali bapa biyung, yen dituruti suwe-suwe turut urung-urung.

Pitutur seka Injil, Kur’an, Wedha, ika kagawa seka majuning jaman dipecah-pecah dadi pirang-pirang piwulang dadi pirang-pirang piwulang. Kur’an mujudake kumpulan dadi N.U, Muhammadiyah, Islamiyah lan liya-liyane. Injil dadi Pantekusta, Katolik, Protentan lan liya-liyane. Wedho iku dek jaman budha, kitab-kitab isih manggon ana ing tanahe  dewe-dewe. Negara lan Negara biasa aman pada ayu ayom ayem tentrem, dene tekane kitab iku sarana digawa marang para sudagar kang angkara, kepengin enggal-enggal negarane bisa sugih lan bangsa-bangsane supaya bisa makmur lan termashur. Mara jajal itungen  agama ing tanah kita kira-kira meh ana 72 warna, iku karepe pada pada, mung beda bahasane, kaya dene nyebut Gusti Kang Maha Kuwasa yen neng Eropa ngarani God. Yen neng Cina ngarani Dhi Kong, yen Arab ngarani Allah, ana maneh kang ngarani Sang Hyang Utipati, ana maneh Sang Hyang Latawal Ujwa, iku kabeh bener angger cara bangsa kang nyebut marga ngerti kang dadi kekarepane, nanging yen wong Jawa iku sok nggampangake wicara, yen ngarani Wahid jare Ngahad, yen ngarani gulden jare segelo, mula barang-barang kang tiron iku arang-arang kang ngerti kang dadi karep-karepe, mula alan-ingalan kae ala, awake dewe dielem dewe, ngaku yen suci tur resik duwe rumangsa yen wis kanggep ing Gustine, tandane kanggep iku yen ora ngiwa (nyebal) seka Gusti, jare ora dahar ora sare, adil welas asih, kita kudu tiru-tiru dadi ora dadi cecongkrahan, rebut bener, dadi ora kaber golek pangan, marga emoh tukar pengalaman, mula nontona wayang, Dalang kang ngudal piwulang marga kabeh-kabeh iku ana wohe utawa buahe, dadi aja mung dipangan kulite, kaya dene keris aja mung rangka (wadahe) kang diisik-isik, njorone tainen (tiyengen) tanpa diresiki, mula para Nabi lan Wali iku sabda dadi, marga landhep kebatinane. Tansah tumindak sabar dedana welas lan asih, mula kinasih yen bisa saemper Nabi lan Wali, iku warna (neka-neka) 72 paham bisa manunggal (bersatu) dadi Rukun, iku ibarate (upamane) putrane wong siji kang arep ngabekti marang wong atuwane, nganggo tatacara dewe-dewe, ana kang nganggo tatacara Arab, ana kang nganggo tatacara Eropa, iku matuk tumrap wong tanah aire kang nganggo, mesti ora pada cecongkrahan.

Mangkene pangandikane wong atuwanira, engger……………!!!

Bocah-bocah sira pada guyuba lan rukuna dadiya contone bangsa, lan pada reksa-rineksa dandanana omah lan pekaranganira, supaya aja itung jam (pangan), idep-idep karo prihatin, supaya enggal-enggal bisa rampung aja rebut kuwasa, ing tembe yen wus rampung kanggo tinggalan bebrayan pada ngenggoni, sak-anak lan putunira. Dene yen kowe pada cengkrahan, iku pangabektinira mung kandeg ana ing dedalan, yen sira pada rusak kacemplung ing pakunjaran, wong atuwanira kandeg ora bisa apa-apa sebab ana bageane dewe-dewe, dadi Ingsun mung Maha Welas, susah lan bungah, suwarga lan neraka, begja lan mulya, iku mung ginawe dewe-dewe. Bisane pada makmur yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane guyub rukun iku yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane guyub rukun iku yen sira pada sugih kawruh lan pengalaman, bisane sugih pengalaman iku yen sira sugih sesrawungan, marang kanca kang sugih pengalaman, yen duwe paham mung siji, iku rugi. Mula iku pada sesanjan, nanging aja gawe pakitunaning liyan, dipurih temuruna anak lan putu anggone paseduluran, sebab seka reksa-rineksa, tepa salira.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

SING BAGUS ATINE

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH

Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.

Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.

Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.

Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik  sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!

Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.

Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).

Alang Alang Kumitir

MARATUWA

ISIH CILIK DIENIK-ENIK YEN WIS GEDE SEJE KANG DUWE
MARATUWA, MARA-MARA KETEMU WIS TUWA

Tumrap sedulur-dulurku kang wis pada jejodohan, iku sabisa-bisa rengkuh-rinengkuh, mong kinemong, aja pisan-pisan nyepirakake marang Maratuwa, iku akunen kaya dene wong atuwane dewe, mangertiya yen jodonira iku biyen isih cilik dienik-enik, digadang-gadang ing tembe bisoa dadi wong kang mulya.

Mula iku yen dianggep kaya dene barang iku wis ora sumbut karo kulake, marga yen diitung anggone ngrumat lan ndandani iku wis ora bati-batiya, sarat-sarate ora diitung, mangka wis pirang-pirang sasi kongsi tumekane saiki wis pirang-pirang tau banjur yen diitung wis pira duwite ? Mula iku yen  ngaturi kabunggahan aja eman-eman lan aja owel samangsa sira ora pada eman lan trisna, ing mbesuk sira bakal kewales ora ditrisnani ing mantunira. Marga apa kang tinandur iku tukul, sak rungge dadi sepikul.

Susahe wong tuwa iku yen duwe mantu ora eman lan trisna ing bojo lan wong tuwa, sapa kang lali ing wong tuwa, iku bakal sangsara, marga ora ngrumangsani yen gede iku ana kang ngrumat lan ngemong.

Sapa kang lali marang kabecikan bakal kapitunan tumrap marang bangsa Cina aja dianggep kapir iku kena den conto ngabektine tumrap marang wong atuwane, yen wong tuwane wis seda gambare utawa potrete isih tetep disoja-soja, disembah-sembah lan uga akeh-akehe bangsa Cina isih nganggo agamane dewe, Budha Sam Kouw, mula isih pada tumindak jujur temen ajen-ingajenan iku wis samestine marang bangsa apa bae iku anggepen sadulur, yen deweke basa ya dibasani yen ngoko, kita ya ngoko, malah bisa keduga kaya kanca, luwih becik nganggo bahasa Indonesia. Bangsa Cina pada trisna ing wong tuna lan bangsa agamane, mula pada mulya. Mula iku ngabektiya wong tuwa, lan agama kang utama supaya bisa mulya, sapa kang tinggal agama iku bisa lali bangsa.