Category Archives: SERAT TAPEL ADAM

SERAT TAPEL ADAM


TAPEL ADHAM

Serat Tapel Adham
Kidung Macapat
Kahecap ingkang rambah kaping kalih wonten
ecapaning pun tuwan
Albert Rusche & Co.

ing
Surakarta
Tahun wawu angka 1833

Sampun kapriksa awaton tinanding tanding serat
nunggilanipun kathah dening
Mas Kramadiwirya

ALBERT RUSCHE & CO.
SURAKARTA
1903

Serat Tapel Adham: Kidung Macapat
Dening: Mas Kramadiwirya

Kajarwakake dening:
Gunarti, Pati, kawit 2 Maret – 17 Agustus 2010

Kasalin dening:
Eko Arifianto, Blora, kawit 30 Agustus – 3 Desember 2010

Katiti dening:
Mas Kumitir

Kawetokake maneh dening:
Samijoyo All Star
Jl. Halmahera II/ 20 Plotot Tambahrejo Blora 58214
Jawa Tengah Indonesia
Telp. +6281328775879

Babon asli tilaranipun:

  1. Sastroamidjaia, Surabaya, 1913
  2. Ki Amir Sastrodiwirja, Plumbon, Ngawen, Blora, 1970
  3. Soelistidjono, Bangkle, Blora, 2010

Cap-capan ingkang kaping pisan, Juni 2011

 —————————————————————-

۞۞۞ PUPUH 01 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

Awignaning nganulis, hari respati pahingnya, tanggal ping kalih dasane, sasi sela dyan sinedya, tahun jimawal lekya, sinangkan den kang nurun, yak san nenembung kang budya.

  1. Ingsun amiwiti mudji, anebuting nama Allah, kang murah dunya salire, ingkang asih ing akerat, sakeh pudji panembah, bektine dasih pan katur, marang Rabil ngalamina.
  2. Sampuning mudji Hyang Widhi, amudji Nabi Mukamad, kalawan kulawargane, sarta lan sekabatira, muhadjir lawan ansor, kang raliyan lahungahun, ing ndunya rawuh ngakerat.
  3. Sing sapa maca miyarsi miwah ta ikang nganurat, luwih malih kang ngadarbe, utawa ingkang nimpena panAgung sawabeka, pinedaken sira ngudjung, makam pra Nabi sedaya.
  4. Bukane tutur kinawi, kalane Allah Tangala, karsa ndadeken salire, pitung bumi pitung kasa, ngaras kursi luh kalam, suwarga naraka hiku, salire makluk sedaya.
  5. Kang tinitahken kariyin, ing Allah puniku cahya, pira-pira antarane, saking kodrating Pangerane, kang sotya dadya cahya, ya ta pitung leksa tahun, ingkang sotya dadya toya.
  6. Pitung leksa warsa malih, muruh kang toya punika, maring tawang kumukuse, kukus dadi langit sapta, dening nguruh punika, dadi bumi lapis pitu, sawiyare langit hika.
  7. Ya ta, bunder-bunder sami, wiyaripun lalampahan, yen manuk miber lampahe, lalampahan sewu warsa, luhure pitung kasa, ngaras kursi kalam heluh, luhur malih dinding djadjal.
  8. Pan kawilar langit ugi, lintang wulan lawan surya, handadeken kawulane, pira-pira malaekat, dadi saking dahana, pan kathah warnanipun, samawi muji ing Pangeran.
  9. Lan andadekaken kalih, ing sadjaratul muntaha, tan wali-wali karsane, Maha sutjining Pangeran, kocap ing dalem kur’an, angadika kun payakun, ing ngarsa pan mukaromah.
  10. Dadeken sawidji-widji, pitung bumi pitung kasa, barang isine karone, kang kocaping dalem kur’an, laminipun akaryo, bumi pitu langit pitu, puniku hangeling ayat.
  11. Habisita tinayamin, sumasta wangalal ngaras, pan tegese lamine, dadine djagad nem dina, pepek luhuring ngaras, tuturing kadis niwuwus, angandika rasulullah.
  12. Ingkang dinadeken dihin, ing Allah iku rohingwang, pinencar dadi salire, kang lahir miwah kang samar, ingkang dingin tinitah, ingaranan iku naptu, jatine nur kang cahya.
  13. Djinise makluk sakalir, asale saking rohingwang, rohilapi prasandane, Pangeran kang Maha mulya, malih kang cinarita, kawulaneng Hyang kang Agung, malekate kang mukaram.
  14. Ingkang dingin Djabrail, mikail ping kalihnya, israpil kaping tigane, idjrail kaping saKawan, sakehe malaekat, punika pan ora ketung, malih wau cinarita.
  15. Sangkane ngaras sawidji, ageng saidering djagad, karane saka samiyos, tebihipun lalampahan, pan sewu tahun ika, punika hibere manuk, lawan malih cinarita.
  16. Papahesan warni-warni, tan kawasa amarnaha, kagunganipun Hyang Manon, miwah ta kang dinding djalal, langse tunda-tumunda, minangka kakayonipun, Pangeran kang Maha mulya.
  17. Kuciwa suwarga hadi, tan kawasa hamarnaha, wonten maleh kagungane, helah punika kang papan, mahpulpih kang sinurat, pan kalam panulisipun, gening masthi takdirolah.
  18. Kalam nunulis pribadi, punika tandane hiya, pangandikane Hyang Manon, tan kaduga ing kawula, Allah kang luwih wikan, wonten maleh kang winuwus, kayu sadjratil muntaha.
  19. Genge wite kang winarni, punika pan pitung djagad, warna-warna godongane, ciri namane manusa, kehe tanpa wilangan, yen godong punika alum, kang muni sadjroning surat.
  20. Manungsa hanandang sakit, yen godong sampun ngaliyang kasebut surat namane, manungsa sampun atuwa, pupus maksih taruna, yen godong punika runtuh, ngidjaril sigra hangalap.
  21. Ingkang runtuh nora pasthi, ana enom ana tuwa, kang runtuh pasthi-pasthine, tandhane wus tekeng mangsa, punika takdireng Hyang, lawan malih kang tinutur, kang bumi wau punika.
  22. Caritane kang pratiwi, sinangga dening malaekat, kadi menjangan rupane, ngancik pucuking dahana, pakuning bumi arga, luhureng bumi puniku, hing isenan deneng Allah.
  23. Kang tinitahaken dingin, hisen-hisene praptala, sawidji manuk rupane, hapan kadi sato wana, pakane cinawisan, widji pirang-pirang tuwuh, ing bumi awoh sapisan.
  24. Kang dadi widjine sapi, hagede ponang wowohan, pinasthi de rang Hyang Manon, yen wowohanipun telas, maksih aglis palastra, genti nitahaken makluk, saking ngapi kadadeyan.
  25. Sanadyan titahing bumi, nem leksa tahun ning ndunya halami kedjan djenenge, deneng kalakuhan nika, sami lampah duraka, wus djangkep nem leksa tahun, rinusak dening Pangeran.
  26. Sirna djanma tan akari, musna sinambar ing gelap, sirna tekeng kedatone, risampunipun mangkana, yat alah Tangala, tinitahaken ing makluk, kang ingaranan ibnu jan.
  27. Punika ingkang genteni, djumeneng ing ngalam ndunya, pan wolung leksa tahune, deneng kalakuhaneka, sami durakeng Allah, djangkep pandjenenganipun, rinusak dening Pangeran.
  28. Kinelem sadjroning bumi, sampun sirna kang ibnu djan, musna sarta kedatone, risampunira mangkana, asalin wawangunan, kang kinarya ratu Agung, punika nenggih malaekat.
  29. Sampune ngalami-lami, wau ing antaraneka, mangkana kang winiraos, kala dereng sinung lanat, dening Allah Tangala, wontene langit kapitu, gene bakti marang Allah.
  30. Hanenggih Idjajil niki, luweh kaluhuraneka, kalangkung pangabektine, datenge ngalah Tangala, siyang dalu tan pegat, aning langit kaping pitu, ya ta andikaneng sukma.
  31. Malaekat pitung kethi, kang sami kinen ngiringa, hingIdjajil salampahe, risampunipun mangkana, saIdjajil kocapa, panapti wau tumurun, saking langit kaping sapta.
  32. Malaekat pitung kethi, kang sami kinen ngiringa, ngIdjajil sakarsane, langit kaping nem sinedya, ya ta Sarawuhira, hangabekti sewu tahun, neng langit kaping nemika.
  33. Djangkep sewu tahun maleh, Idjajil nulya tumedak, ing langit kaping limane, hingiring para malaekat, ya ta Sarawuh nika, hangabekti sewu tahun, aning langit kaping lima.
  34. Malaekat pitung kethi, samya hangiring sadaya, sanget adjrih mring Hyang Manon, risampunipun mangkana, Idjajil kawarnaha, sampun djangkep sewu tahun, haning langit kaping lima.
  35. Ya ta tumurun Idjajil, datenging langit kaping pat, paningiring sakarsane, dene kang para malaekat, ya ta Sarawuh neka, hangabekti sewu tahun, wontene langit kaping pat.
  36. Kang para malaekat sami, rarasan sarowangira, kadi punapa karsane, sangIdjajil lampaneka, dene wus kaluhuran aning langit kaping pitu, wusana kedah mangandap.
  37. Hiya sing kaya Idjajil, wus dilalah karsaning Hyang, wus luhur andap wekase, ngalamat tuli duraka, winataring duduga, ya ta prasamya angungungun, sagunge para malaekat.
  38. Sewu tahun hangabekti, wontene langit kaping pat, anulya arsa lumengser, prapta langit kaping tiga, ya ta Sarawuhneka, hangabekti sewu tahun, haning langit kaping tiga.
  39. Para malekat angiring, hingIdjajil lampah neka, wus sewu tahun lamine, hangabekti ing Pangeran, wus djangkep sewu warsa, Idjajil wau tumurun, ingkang sinedya ing manah.
  40. Dateng langit kaping kalih, hingiring para malaekat, prapta langit kapindone, hangabekti ing Pangeran, sarta para malaekat sampun jangkep sewu tahun, wanguwung ngabektinika.
  41. Hanuli tumurun malih, hingiring para malaekat, lengser saking langit pindho, sang Idjajil karsa neka, dateng langit kapisan, hing dalem ndunya wus rawuh, ya ta sami anggraita.
  42. Malekat kang pitung kethi, Idjajil kang rinaosan, ngalamat tembe kabedhon, Idjajil dening Pangeran, dening tanpa rar hyanta, sah langit kang kaping pitu, kongsi tedak hing praptala.
  43. Sang Idjajil kang ngabekti, Sarawuhing ing praptala, kacaryanira lampahe, haningali ing praptala, dening luwih kaWuryan, ningali sagara gunung, lungse pariking bengawan.
  44. Kalangkung-langkung Idjajil, karasan aning praptala, haningali ing kekayon, pala gumantung kasimpar, kasongane ngakasa, awarna-warna dinulu, marmane sira kacaryan.
  45. Saya apes sangIdjajil, pangabekti ing Pangeran, kawismayaning lampahe, hakathah kang katingalan, sampunira mangkana, djangkep pitung ewu tahun, Idjajil aning praptala.
  46. Malaekat pitung kethi, samya angiring sadaya, hingIdjajil salampahe risampunira mangkana, sangIdjajil, wangsul ing langit kapitu, dening para kang malaekat.
  47. HangIdjajil tanapti, ingadjak dateng langit sapta, sang Idjajil lingira lan, dateng kang para malaekat, panisun nora arsa, wangsul ing langit kapitu sun karasaning praptala.
  48. Bendjing ingsun wangsul malih, dateng ing langit ping sapta, lamun wus pada lamine, lawan geningsun tumedak, dateng langit ping sapta, yen wus pitungewu tahun, geningsun aning praptala.
  49. Ya ta malaekat sami, tinurut sakarsaneka, tinut ing sapa kartine, rinodjong sakarsanira, sasampunipun mangkana, djangkep pitungewu tahun, lamine aning praptala.
  50. Malaekat pitung kethi, ngataga ngadjak wangsul, dateng Idjajil wiyose, ngaturan wau munggaha, ing prenahipun lama, dateng ing langit kapitu, mapan djangkepe semaya.
  51. Idjajil wau tinapti, kalangkung kangen tyas neka, ya ta tinut sakarsane, datenging para malaekat, sanget adjrih Hyang Suksma, adjrih dinukan Hyang Agung, ri sampunira mangkana.
  52. Handikanira Hyang Widdhi, hiku ta sira lungsura, si Idjajil kedatone, demen kerasan ning ndunya, yata Idjajil nulya, pinundut kagunganipun, dateng Rabil ngalamina,
  53. Sampune halami-lami, Allah Tangala hakarsa, nitahaken kakasihe, maksih gaib tan kawentar, mring sagunge malaekat, Allah Tangala nabda kun, dateng kang para malaekat.
  54. Sun karya kalipahadi, pada sira ngestokna, idep paing parentahe, ing kakasih ingsun uga, pada sira anuta, sakehing kawulaningsun, sami nebuta kang nama.
  55. Pada ngestokna sami, saunge para malaekat, kakasih ingsun namane, hiku hiya wruhanira, ingkang anom Adham, hiya iku kakasih ingsun, kang sun cecadang suwarga.
  56. Sun djenengaken gegenti, ilapatingsun ta sira, marentaha hing sakehe, kawulaningsun sadaya, Adham punika hiya, sun rodjong sakarepipun, ratu Agung tanpa sama.
  57. Kakasih ingsun linuwih, hiya kang anama Adham, tanana ing sasamane, sun karya ratu dimulya, kedepahing sadjagad, anggawa hawahyuningsun, angucapa ing wasesa.
  58. Ya ta hangestoken sami, sagunging para malaekat, pangandikane Hyang Manon, Allah Tangala ngandika, heh malaekat sadaya, djenenge kakasihingsun, luwih saka djenengira.
  59. Himanira angluwihi, hiya saking imanira, miwah ing kedadehane luwih saking dadinira, barang sakalirira, sumawana ngelmunipun, angluwihi ngelmunira.
  60. Lan saktine angluwihi, hiya saking saktinira, apa dene ing cahyane, angluwihi cahyanira, barang pakartinira, kung kulan kakasih ingsun, risampunipun mangkana.
  61. Kawarnaha sang Idjajil, manahipun sampun angrasa, yen linungsur kadatone, mareng Hyang murba wisesa, lawan maleh miharsa, kalamun Allah kang Agung, anitahaken kawula.
  62. Adham kang sinambat ing sih, kinarya ratu ing ndunya, dadi ing pangidepane, sakehing kawulaning Hyang, sami kinen anuta, ing Bagindha Adham iku, ingaken kalipatulah.
  63. Ananging maksih ginaib, mapan tur dereng tumiba, lagya karsane Hyang manom, paningsun arsa akarya, hing tapelira Adham, Djabrail kang ingutus, amunduta sira lemah.
  64. Tumuruna maring bumi, sigra Djabrail lumampah, prapta agawa, wok tingale, ing bumi kang manca warna, wenehi reng lan abang, weneh kuning lawan biru, weneh dadu lawan seta.
  65. Ana teles ana aking, lan malih bumi punika, bineda beda warnane, kang saweneh bumi kasap, wenehe alus lembat, weneh atos lawan empuk, kang dinuta lon angucap.
  66. Djabrail ayun ngambil, siti kalamun kagawa, nulya sinupa tan alon, he Djabrail ta hiya, ragane sira arsa, angambila marang ingsun, lah muga sira kenaha.
  67. Bebendunipun Hyang Widhi, semune bumi wus wikan, kalamun arsa ginawe, tapele Bagindha Adham, bumi pan sampun wikan, Adham punika ing besuk, keneng dureking Pangeran.
  68. Milane bumi tanapti, kAdhameling tapel Adham, Djabrail nulya lengser, matur ing Allah Tangala, yen sang bumi lenggana, asanget supatanipun, kinarya tapel srinata.

۞۞۞ PUPUH 02 ۞۞۞
S I N O M

  1. Allah Tangala ngandika, dateng malaekat mikail, lah ta sira tumuruna, hangalapa sira bumi, dyan malaekat mikail, anulya wau tumurun, prapta nuli sinapa, mikail den supatani, lah mikail lamun sira angalapa.
  2. Lah muga-muga kenaha, sira dudukaning widi, anulya wangsul saksana, sira malaekat mikail, matur maring Hyang Widhi, ya Pangeran ingkang Agung, tuwan kang luwih wikan, pan amba den supatani, hangandika Pangeran kang Maha mulya.
  3. Lah ta sira tumuruna, israpil maring ngabumi, kang kinon aglis tumedak, malaekat nama israpil, sa praptaning ing bumi, anulya wau ketemu, heh ta israpil tasira, arsa angalaping kami, muga sira kenaha dukaneng Suksma.
  4. Anulya mundur saksana, awedi den supatani, israpil matur Hyang Suksma, hya Pangeran ingkang luwih, amba den supatani, ing bumi kalangkung-langkung, mangka Allah Tangala, angandika mring idjrail, lah ta sira Ngidjrail glis tumuruna.
  5. Amunduta sira lemah, den kebat sira mring bumi, yata nulya lumampaha, ingkang anama idjrail, risaksana wus prapti, sinapa sarenge rawuh, lah apa karya nira, Ngidjrail sira mring kami, pan sinapa alon widjiling wacana.
  6. Praptaningsun maring sira, den utus dening Hyang Widhi, mapan kinen mundut sira, sumaur ing djuru bumi, sira sun supatani, yen ngambila awak ingsun, muga sira kenaha, dudukanipun Hyang Widhi, lah mundura paningsun sanget lenggana.
  7. Hakathah supatanira, idjrail mangkya nauri, saudjar ujaranira, supatanira mring kami, hingkang akeh akedik, pan hiya nora sun rungu, rehning amba dinuta, dening Hyang kang Maha Suci, mapan ingsun ora hawedi hing sira.
  8. Adjrih ing Allah Tangala, dene ta sira bupati, ingsun ta mangsa kagega, amba ingutus ing gusti, hiya si sang bumi, pan maksa sira sun pundut, gelem nora gelema, yen budi sun sembadani, ya ta bumi ewuhan tan bisa ngucap.
  9. Saksana wau ingalap, bumi dening sang Ngidjrail, sampune kena ingalap, anulya binekta aglis, ingaturken tumuli, ing ngarsanira Hyang Agung, Allah mangkya ngandika, dateng malaekat Ngidjrail, kaya ngapa Ngidjrail panggawanira.
  10. Apa tan ora lenggana, hing sira sang djuru bumi, nora sinupatan sira, matur malaekat Ngidjrail, kathah udjaring bumi, nanging tan kawula rungu, dateng amba wisesa, mila kabekta sang bumi, angandika Pangeran kang Maha mulya.
  11. Lah hiya Ngidjrail sira, ing mangke kang sun sedahi, ngalapa sakeh ing nyawa, aja ana liyane maleh, ngalap nyawa sakalir, sira kang kadya pangayun, wus misuwur miyarsa, angandikane Hyang Widhi, yen Ngidjrail kasedahan ngalap nyawa.
  12. Sinung djudjuluk dening Hyang, sira malaekat Ngidjrail, malaekat maut punika, yata andikaning Widhi, lah olehira bumi, Ngidjrail sawarnanipun, lah ta sira wedjeka, tunggalna dadya sawidji, tan antara wau nulya kaleksanan.
  13. Kang siti amanca warna, abang aputih akuning, miwah kang lembut akasap, wus winarna dadi sawidji, dyan winulet tumuli, ingkang bumi dadi endhut, linawet dadya juga, dene malaekat Ngidjrail, pan Hyang Sukma tumulya wau ngandika.
  14. Ngidjrail sitiku hiya, sira wuwahana malih, olehe kalawan sahwat, pan Babu Kawa pinanggih, yata wehana malih, olehe kalawan napsu, sak sana linekasan, dening malaekat Ngidjrail, nglestareken pangandikane Pangeran.
  15. Kinarya tapel Adham, tumulya dipun wuwuhi, karanipun aran sahwat, sakehe manungsa sami, lan sapindahe maleh, milanipun ana napsu, inggih tapel Adham, iku purwane kariyin, cinarita risampunipun mangkana.
  16. Milane sakeh manungsa, budine sawidji-widji, ana becik ana ala, ana ireng ana kuning, ana waleh lan demit, ana kasap ana lembut, duk tapele samana, mila yen nandang bilahi, ya ing tapel asale baka rencana.
  17. Pan saking adjal punika, linuting kawuri-wuri, tan kena yen muwuhana, anut tapele kariyin, asale budi bekti, miwah piner bodonipun, pan saking takdiring Hyang, lara pati nora gingsir, wus pinasthi tulis lohi mahpul lolah.
  18. Mapan Allah kang misesa, anitahaken ing mukmin, sinung budi lan tekiyar, luwih saking herunatik, lan nitahaken maleh, para malaekat sawegung, sinung budi kewala, Allah nitahaken malih sato kewan pan sinung sahwat kewala.
  19. Milane kang sato kewan, tan ana budine malih, amung turu lawan sahwat, aminum kalawan bukti, datan anyipta maleh, kang sato kewan puniku, beda lawan manungsa, sinung eling sinung lali, sinung pudji tobat lawan solawat.
  20. Luwih saking sato kewan, manungsa iku ya dening, agenge deradjatira, sinungan sih anglangkungi, saking malaekat sami, lamun penet budinipun, tan ana sahwat neka, iku manungsa sinelir, Nabi wali kakasihira Hyang Sukma.
  21. Merga saking suka wirya, pan saking lara prihatin, margane luhur wong ika, saking ngandap asor ugi, margane lara pati, saking lali marganipun, sampunira mangkana, tapel dinadeken nuli, Hyang Wisesa anulya mangke ngandika.
  22. Kinen dadeken endut ika, saking antaraning bumi, desa kae lawan mekah, punika genira kinardi, tapel Adham kinardi, nenggih patang puluh taun, lamine ndut punika, banger gandane abacin, milane manungsa arum gandanya.
  23. Risampunipun mangkana, winuwuhan endhut malih, tapel Adham kinarya, saking karsaning Hyang Widhi, punang tapel wus dadi, luwih saking bagusipun, sakehing kang rurupan, tan ana ingkang tumanding, ing dedege tapele Baginda Adham.
  24. Punika sawidak asta, tuhu sih lamuna pekik, anenggih dina djumungah, duk tapel Adham dumadi, angandika Hyang Widhi, dateng Ngidjrail puniku, tapel kinen anarang, yata tinarang tumuli, yata lami tapel nggenipun anarang.
  25. Risampunipun mangkana, Kawarnaha sang Idjajil, arsa wruh ing tapel Adham, malaekat sadaya ngiring, ing lampahe Idjajil, yata ing Sarawuhipun, prenahe tapel Adham, ana antaraning bumi, desa kahip kalawan ning desa mekah.
  26. Risampunipun mangkana, sang Idjajil aningali, ing tapel Baginda Adham, langkung kacaryan ningali, mangkana den ideri, mapan temu gelang sampun, sang Idjajil angucap, ing malaekat pitung kethi, he malaekat salaminipun neng ndunya.
  27. Pan ingsun nora tumingal, ing rurupan luwih pekik, ananging tapelipun Adham, hiya kang luwih pekik, angucap sang Idjajil datenging sakathahipun, ingkang para malaekat, lah ta sira saupami, ya kinana anut ing Hyang tapel Adham.
  28. Apa gelem apa ora, malaekat kang pitung kethi, sami angucap sadaya, dumateng sira Idjajil, tan lenggana ing kapti, saparentahing Hyang Agung, amba datan lenggana, sapakenipun Hyang Widhi, hila-hila punapa yen lenggahana.
  29. Anuli sira angucap, wau kang nama Idjajil, djroning ati tan kuwedar, mangkana usiking ati, yen tangidepa kami, iki apa asilipun, angidepa ing lemah, pasthi ingsun tanapti, yen idepa masa ta angluwihana.
  30. Mapan djenengingsun iya, mangkana usiking ati, malah ta ingsun rusaka, tapel punika pan siti, yata mangkana nuli, Idjajil ika handulu, tapele Adham menga, anuli dipun pandjingi, salebete tapel Adham luwih djembar.
  31. Mangkanaha ingideran, wau dening sang Idjajil, risampune ingideran, yata medal sang Idjajil, mangandap menga nuli, medal sira saking dubur, tapel Baginda Adham, yata ngucap sang Idjajil, heh malaekat ingsun tutur maring Sisira.
  32. Sadjroning tapel Adham, akathah ingsun tingali, sanepane ngalam djembar, apa hiya amepeki, ingsun wau ningali, langit ngaras kursinipun, suwarga lawan naraka, atanapi ingkang bumi, sun tingali anging kaya ana omah.
  33. Tanpa lawang kang lir omah, wau ta ingsun parani, arsa ingsun pandjingana, anging ta luwih aperit, tan kawasa sun mandjing, lesu lupa awak ingsun, iku kang linarangan, gene ngiman ingkang sutji, pan punika rineksa deneng Pangeran.
  34. Yen tan rineksaha ing Hyang, jadjantung puniku nenggih, sayekti sakeh manusa, dadi isine yamani, pinandjingan Idjajil, ing salebeting djejantung, nanging rineksa uga, dening Hyang kang Maha Suci, liya niku sadaya pan pinandjingan.
  35. Allah Tangala ngandika, dateng malaekat djabrail, mikail israpil, Ngidjrail tan kena keri, pada niyupa sami, dyan tiniyup tan asantun, ing cangkem Baginda dham, malaekat sami ngiring, winadahan kang nyawa dudulang cahya.
  36. Risampunipun mangkana, tapel Adham tumuli, arsa pinandjingan nyawa, dening Hyang kang Maha sutji, sinampurnaken ugi, bagindo dham raganipun, kang nyawa Baginda dham, pinareken tumuli, dyan tiniyup djro tapel Baginda Adham.
  37. Sampuning tiniyup sira, sasangka dening Djabrail, nyawa manah kasusahan, tan kuwasa amandjingi, dening katingal rupit, nyawa matur ing Hyang Agung, inggih Pangeran amba, tan kawasa ngong mandjingi, dene peteng sadjroning nyawa punika.
  38. Sinereng dening Pangeran, mangkana nyawaning Nabi, kinen mandjinga sak sana, nyawa kasusahan dening, sinung tan kena mandjing, saking kapardi Hyang Agung, rupa datanpa prenah, pra malaekat suka sami, sadjatine prihatin adjrih Hyang Suksma.
  39. Allah Tangala ngandika, karane nyawa sun pardi, pandjinge tapel Adham, hiya wruhanira ugi, yen sun pecat ing bendjang, luwih saking awratipun, pecate saking badan, sampune mangkana nuli, pinandjingken nyawa djroning tapel Adham.
  40. Amarga yo ing gerana, Bagindha Adham awahing, yata pecating kang sirah, handikanira Hyang Widhi, lah sira trapna maleh, nuli tinrapken sampun, kang sirah tapel Adham, mulya kadi wingi nguni, angandika Allah ing Bagindha Adham.
  41. Lah ta sira anebuta, pudji alkamdulilahi, mangka waheng Bagindha dam, nebut alkamdulilah, Rabil ngalamin nuli, kang sirah punika kukuh, sareng amaca ayat, sinauran ing Hyang Widhi, saure Hyang yarakim makumululah.
  42. Risampunipun mangkana, nyawa punika wus mandjing, ing guwa garbaning Adham, nyawa nuli nyarambahi, nugrahaning Hyang Widhi, mandjing utek dateng kulkum, dateng puser sumrambah, getih miwah ingkang daging, risaksana tumandhuk waget lumampah.
  43. Mangkana wus pinasekan, ingaran alam sahir, kadi ngalam tabi hika, lintang surya lawan sasi, miwah kang bumi langit, lawan ngaras kursinipun, pepeke Nabi Adham, mapan sampun amepeki, wus djumeneng ing wudjuding Nabi Adham.
  44. Ingayap para malaekat, ing ngarsa ing kanan keri, gawok sakeh malaekat, kakasihira Hyang Widhi, yata anebu sami, malaekat barokalahu, risampunipun mangkana, wonten wirayating Nabi, rasululah Mukamadin kang mustapa.
  45. Ngucapke lingeng Suksma, kang sun dadekaken kariyin, hiya tapelira Adham, yayahing djisim djasmani, witing sakehing djisim, kakasihira Hyang Agung, ingkang kinudang-kudang, cinadang ing suwarga hadi, kang kinarya kalipah ing dalem ndunya.
  46. Risampunipun mangkana, ngandika Hyang Maha Suci, Djabrail munduta, busana kang hadi-hadi, malaekat Djabrail, ambekta busana sampun, mapan saking ing swarga, busana sAgung piranti, saka praboning nata, adimulya.
  47. Kampuh kalawan rasukan, paningset kancingan adi, sarta kalawan makutha, pinatiking retna adhi, tuhu lamun linuwih, kakasihira Hyang Agung, kang Nabi Adham, sinung wiwara Hyang Widhi, luwih uga wiwaraning Adham.
  48. Artinira kang wiwara, palawanganing dumadi, kang dingin iku pangucap, pamiyarsa aningali saking ngandap kakalih, ing pardji kalawan dubur, marga ngurat den turas, anapun wedaling budhi, saking wiyase hartatinira.

۞۞۞ PUPUH 03 ۞۞۞
D A N D H A N G G U L A

  1. Saking utek wedaling kang budhi, hiya iku wedaling kang duka, wedaling suka wiyose, pan hiya saking laku, ana ugi ingkang prihatin, medal saking wadana, ing sakathahipun, wiwara pitung prakara, panggaota dina deken Hyang Widhi, kang dunung panca ndriya.
  2. Panggaotane karna kakalih, mapan iku hiya amiyarsa, ingurip pakumpulane, ana dene kang rawuh, sotya kalih iku ningali, miwah ta ingkang grana, panggaotanipun, pan mambu saliring ganda, ana dene kang rawuh ing lesan nenggih, sinedahan pangucap.
  3. Iku wiwara kawan prakawis, kang kakalih wiwara ing ngandap, kang turas medalken wurih, tetoya sartanipun, kang satunggal wiwar ing inggil, ingkang menga tan menga, kaprenah ing ngembun, wus djangkep patang prakara, ingaranan wiwara punika nenggih, babahan nawa sanga.
  4. Puser jangkep kawan prakawis, kang sasanga-sasangane tunggal, kang minangka tetaline, napas kang mandjing metu, kang minangka talining urip, pudji tanpa pegatan, napas djatinipun, lah kaki pagurokna, ujar iku maring kang utameng wangsit, kang wruh suruping pedjah.
  5. Wusing ngaken kalipah Hyang Widhi, kang anama ika Baginda Dham gumilang gilang cahyane, linungguhaken sampun, papalangkan kencana adhi, piturun saking suwarga, palinggihanipun, wiyar patang puluh asta, amesa gi pinetiking retna adhi, inten maniking tyas toya.
  6. Sinelanan djimanten nelahi, nilapa kadja kumala mirah, bra muruk singasanane, senenipun umancur, anelahi ing pitung swargi, sampunipun mangkana, ngandika Hyang Agung, dateng para malaekat, lah sudjuda sira ing kakasih mami, Adham kalipah hing Hyang.
  7. Sakeh malaekat sudjuda sami, mring kakasih ingsun Nabi Adham, yata pra malaekat kabeh, nulya sadaya sujud, mring bagendo Adham linuwih, sakehe pra malaekat, pra samya asudjud, nanging ta ana malaekat, tan asudjud ingkang anama Idjajil, tan milwa asudjuda.
  8. Tan legana ing Hyang Widhi, nora arsa melu sudjuda, Idjajil serik manahe, langkung denya takkabur, udju briasa djroning ngati, sampunipun mangkana, Idjajil winuwus, sinung lanate Pangeran, sang Idjajil nulya dinadeken kapir, hingelih ara nira.
  9. Sang Idjajil djudjuluke nenggih, iblis lanat ingarane dening Hyang, dene sanget leganane, legana ing Hyang Agung, iblis lanat pinasthi kapir, lan malih kawuwusa, kang sami asudjud, ing mangke Bagindo Adham, sakathahe malaekat pitung langit, sami sudjud sadaya.
  10. Satus taun laminipun nenggih, pra malaekat sudjud mring Adham, punika ta sahenggone, malaekat sudjudipun, dudu sudjudeng pangabekti, winastan sudjud hurmad, saumpaminipun, ing sudjudeng para kadang, Nabi Yusup kurmate kang den wastani, risampunipun mangkana.
  11. Sampun djangkep satus taun ugi, pra malaekat sudjudeng Adham, tan nganggokno sapakone, wus jangkep satus taun, sudjudipun mangkana tangi, saking pasudjudeka, mangkana andulu, sagunge para malaekat, satangine ningali Idjajil, nora milwu sudjuda.
  12. Ya ta ingkang pra malaekat sami, nebut iyagudubilaumina, para malaekat sudjude, sukur dateng Hyang Agung, sudjudipun kang kaping kalih, kang dihin maring Allah, kaping kalihipun, sukuring Baginda Adham, malaekat aningali maring iblis, saya adjrih ing Allah.
  13. Sasampunipun mangkana iblis, sinung lanating Tangala, ingowahaken rupane, kalintang awonipun, rupanira sira sang iblis, yata graita ika, ing sajdroning kalbu, baya wus pinasthi ing Hyang, angandika Pangeran Kang Maha Suci, dateng sang iblis lanat.
  14. Lah ngapaha sira ta sang iblis, nora sudjud marang Nabi Adham, sapa kang nyegah deweke, yata sang iblis matur, ya Pangeran kang Maha Suci, ta wontene ingkang nyegah, karane tan sudjud, dumateng Baginda Adham, dene Adham asale cemerduk nguni, dadine saking lemah.
  15. Amba tuwan pandadeken nguni, saking geni amawa cahya, pan Adham cemer asale, yektine luhur ulun, karan amba sudjud tanapti, dateng ing Nabi Adham, ngandika Hyang Agung, lenggana ing karsaningwang, sira iblis ingsun dadekaken kapir, dadi isining naraka.
  16. Iblis matur ing Hyang Maha Suci, nanging amba aneda ing tuwan, nora mati salawase, mbendjing ta amba lampus, sareng rusak sakeh dumadi, sareng umureng ndunya, kaping kalihipun, kang ulun tedaking tuwan, weni ngena kawula punika bendjing, ngadjak maring naraka.
  17. Anak putune Adham ing bendjing, amba adjak keleming naraka, sami-sami ya ing tembe, ingkang ngabekti besuk, sun rencana sun beka bendjing, ya Allah ngandika, lah iya kang purun, yen ana kawula ning wang, siro goda rencana nora gumingsir, sun cawisi suwarga.
  18. Langung suka manahe sang iblis, dene oleh wenanging Pangeran, angrencana ing lampahe, pakartine djinurung, nora kena sira ing pati, risampunipun mangkana, bagindho dam sinung, busana saking suwarga, hadi-hadi pinurun saking suwargi, tan Kkwasa marnaha.
  19. Suwarganipun langkung apekik, wau ingkang nama Nabi Adham, gumilang gilang cahyane, anelahi sumunu, kadi wulan purnama sidhi, ingayap malaekat, ingayun supeNuh, anging ta Bagindo Adham, manah giris semana pan nora kari, ingayap malaekat.
  20. Manahipun kalangkung kuwatir, angrasa mangya bagindho Adham, dene ta dudu djinise, yata ing marmaneng ulun, sinung tingal wau dumeling, aningali wanita, luwih saking ayu, sangkane kang wanudya, miyos saking lambunge Adham kang kering ing igo wekas neka.
  21. Kalane Nabi Adham alinggih, rem rem turu ing sakedap netra, pawestri iku wedale, saking ing lambungipun, saka mantyan kang manah aring, anom sasamanira, kacaryan andulu, wau ta Baginda Adham, aningali pawestri ayu linuwih, winastan Babu Kawa.
  22. Kagiwang manah remening estri, saya wuwuh birahi neka, arsa sinambut karsane, asta Adham tumelung, arsa ngrangkul dateng pawestri, yata para malaekat, angalangi tembung, heh ta tuwan dereng nikah, la ta sampun tuwan anyekel tumuli, ngentosi karsaning Hyang.
  23. Yata sampun karsaning Hyang Widhi, Babu Kawa tinarimakke Adham, para malaekat kinen, aningkahaken wau, Djabrail lawan mingkail, israpil ningkaheno, Adham Kawa iku, Ngidjrail mangkana uga, walinipun Pangeran Kang Maha Suci, risampunipun ningkah.
  24. Langkung sihe Hyang dateng ing Nabi, Adham sartanipun Babu Kawa, lulus minangko somahe, nugrahaning Hyang Agung, Adham Kawa sinungan hing sih, pinandjingaken suwarga, lawan somahipun, sampuning mingah suwarga, Baginda dam kalawan wau kang rabi, ingkang anama Kawa.
  25. Pangandikane kang Maha Suci, datenge kakasih neka Adham, tinurutan sakarsane, munggah suwarga luhur, lah tulusa amukti sari, sarta lan rabinira, tulus asih lulut, sira ning dalem suwarga, tutugena sakarsanira ning suwargi, saking nugraha ning wang.
  26. Nanging pepacuh ingsun sawidji, ingkang dawuh marang sira Adham, sarta kalawan somahe, sira ning suwarga gung, odjo mangan uwohing kuldi, poma adja nanerak, ing laranganingsun, atanapi somahira, lamun sira mangana salah sawidji, yekti kena duraka.
  27. Lamun sira mangan wohing kuldi, yekti sira nganihaya uga, maring awakira dewe, wowohan kuldi iku, pan larangan iku binukti, poma-poma pacuan, ngandika Hyang Agung, kang tan ana hing suwarga, kawruhana denira kawan prakawis, tan kena wong wuwuda.
  28. Kaping kalih tan ana wong nangis, ping tiga wong luwe tan kena, miwah ta kang kaping pate, wong katelaking banyu, nora nana kang dipun iling, pun iblis satrunira, poma wekas ingsun, risampunipun mangkana, bagendo dam aning suwarga sarimbit, nugrahaning Pangeran.
  29. Kalangkung karasanipun kekalih, bagindo dam ning dalem suwarga, angraket lawan somahe, malaekat mangkya rawuh, atetanya mring Adham aris, heh Adham sun atanya, mring sira satuhu, asih marang garwa tuwan, ana urip Nabi dam wacana manis, kalangkung asih amba.
  30. Kalangkung sih ingsun mring rabi, malaekat ika atetanya, Babu Kawa kang tinaken, apa asih ing kakung, Babu Kawa saure manis, pan nora asih ingwang, dumatenging kakung, batine asih ing priya, lahiripun pangucape nora asih, batin asih ing priya.
  31. Nabi Adham langkung mukti sari, sarta lawan rabinipun Kawa, amung ketang pawelinge, Pangeran ingkang Agung, Nabi Adham ngucap ing ati, pun iblis satruningwang, saupamanipun, kaya apa iblis lanat, mareneya lawang suwarga kinunci, tinunggu ing taksana.
  32. Kacarita asih laki rabi, Baginda dam lawan Babu Kawa, datan ana sasamine, kakasihe Hyang Agung, kang sinungan nugraha luwih, mangkana cinarita, ing wirayatipun, wong ana djroning suwarga, sakalire yekti abeda anenggih, lawan kamukten ndunya.
  33. Sakathah kanikmatan ugi, yata didum dadi sewu duman, kang sangatus sangane, aning suwarga luhur, kang sak duman nikmateng ugi, tinurunken ning ndunya miwah warninipun, kang sangangatus sanga, wong suwarga kang sadu maniku malih, dadi warnaning dunya.
  34. Nora nana wong nguyuh angising, ning suwarga minangka titinja, sarira medal kringete, gandanipun mrik arum, upamane keraton adji, ing Bagindha Sulaeman, angreh djagad iku, nisthaning wong ning suwarga, sakarsane sinembadan ing Hyang Widhi, ingayap sureng nggana.
  35. Kawarnaha wau ta sang iblis, aning ndunya sira amiyarsa, Adham ning suwarga wartane, ngunggahaken suwarga gung, awibawa Adham sarimbit, aning ing dalem suwarga, sang iblis karsa yun, arsa munggah ing suwarga, karsanira sang iblis anggoda ugi, dateng Bagindha Adham.
  36. Sinung panguwasa de Hyang Widhi, iblis lanat apan kinuwasan, ing kinabekti tapane, sakarsane djinurung, minda-minda amalih warna, anggoda angrencana, ing pakartinipun, iblis sinung panguwasa, kedep netra munggah dateng pitung langit, risampunipun mangkana.
  37. Yata sang iblis minulya datengi, sajawining lawang suwarga ngideri tepung gelange, kewetan manahipun, dene kori suwarga kinunci, tan kuwasa mandjinga, apikiring kalbu, endi dalaningsun baya, genengsun mandjing kalangkung buthek kang ati, akarya kira kira,
  38. Kawarnaha kang tengga kori, paksi merak tengga lawang sapta, ngancik luhuring kori, sami marep ing njaba, sang naga andulu, sang iblis mara ing merak, kang ing lawang aning suwarga ingkang djawi, ngancik gapura astha,
  39. Yata sang iblis amalih warni, pan djinurung sakarsanira, wus mandjinging ngadjur adjer, arupa uler taun, risaksana anggaremeti, aning ngarsaning merak, mangkana kadulu, merak wruh ing mangsanira, pan kagiwang kena rencanane iblis, pan sampun karsaning Hyang.
  40. Saking panguwasaning sang iblis, yata merak kapencuting manah, ningali ing mamangsane, uler taun cinucuk, ingkang merak inguntal aglis, manandjinging guwa garba, tan antara dangu, pan iblis pan arsa medal, pangrasane sang merak arsa angising risaksana tatindja,
  41. Yata iblis medal saking silit, dyan tumiba sadjroning suwarga prapting kori kapindone, naga kang atunggu, yata ngancik luhure kori, sang iblis tan katingal, sang naga dinamu, sinilir pinrih angoba, yata naga dinamu netrane aris, angop sang naga menga.
  42. Apan aglis pinandjingan nuli, pan sang naga pangrasanira, dadya yun ngising dubure, yata sang iblis metu, nulya tiba sadjroning suwargi, wus warna malaekat, sang iblis djinurung, dening Hyang Kang Maha Mulya, sampun prapta ing suwargi iblis nangis, sambate amlas arsa.
  43. Kaget sakathahe widadari, katembeyan myarsa wong Karuna, tinonton iblis tangise, Babu Kawa tumurun, amarani marang kang nangis, kang rupa malaekat, mangkana amuyus, ni Babu Kawa tetanya, lah pagene malaekat sira nangis, sauripun kang mular,
  44. Karan mba punika anangis, saking welas ningali mring tuwan, ni Babu Kawa tetaken, lah apa ta karanipun, sira welas maring mami, matur kang tinakenan, wruhan tuwan besuk, tan langgeng aning suwarga, tinurunken tuwan neng ndunya bendjing, kalawan somah tuwan.
  45. Lamun tuwan arsa langgeng ugi, aning suwarga dahara tuwan, wowohan kuldi Sarate, pan ageng sawabipun, ping kalihipun tan kena pati, malih tan kena tuwa, iku sawabipun, ni Babu Kawa angucap, di rupane wowohan kang nama kuldi, matur kang tinakonan.
  46. Ingkang nama wowohaning kuldi, lamun tuwan punika tan wikan, mangke amba tuduhake, ing prenah wohing kayu, papethetan kang nama kuldi, kalangkung sri kaWuryan Babu Kawa muwus, pan hiya iku hawisan, sakalangkung pepacuhipun Hyang Widhi, kang duwawuh ing amba.
  47. Luwih sanget pepacuh Hyang Widhi, kang dumawuh mring Baginda Adham, pan puniku awisan gede, andikane Hyang Agung, adja mangan wowohan kuldi, amangan yen kenaha, tan sinungan weruh, amarik kitan sinungan, wohing kuldi siningkir ira Hyang Widhi, sanget pepacuhing Hyang.
  48. Ya ta luwes pangucape iblis, aturipun dateng Babu Kawa, amba punika wiyose, ingutus lakuningsun, dening Allah Kang Maha Suci, kinen amartakna, ing tuwan puniku, tuwan kinen adahara, wohing kuldi pepethetan ing suwargi, sarta Bagindha Adham,
  49. Lamun tuwan tan adahara kuldi, glis tinurunaken saking suwarga, manggih dudukan temahe, ing Pangeran Kang Agung, Babu Kawa aglis nauri, estu tuwan punika, yata iblis matur, inggih amba asupata, yen linanyaka pangucap amba puniki, mugi amba kenaha.
  50. Bebenduning Hyang Kang Maha Suci, mugi amba sampun djamak-djamak, lawan malaekat kabeh, yata ingandel wau, supatane sira sang eblis, denira Babu Kawa, dyaning nganter sampun, prenahe kang ingawisan, ing Pangeran wau kang anama kuldi, pepethetaning suwarga.
  51. Cinarita pepethetane adi, warnanipun dalima punika, gengipun mangke uwohe, awiyar godongipun, risampuning mangkana nuli, rawuh ni Babu Kawa, ing prenahing kayu, sadedeg inggiling wreksa, pan kasundul sirahe Kawa woh kuldi, warnanipun kaWuryan.
  52. Langkung rahap kang manah ningali, Babu Kawa kapencut samana, amulat kuldi uwohe, risaksana anggayuh, wohing kuldi angsal kakalih, kang satunggal dinahar, kang satunggal kantun, mangkana ta cinarita, pan dahare Kawa maring wohing kuldi, lestari mandjing garba.
  53. Kanikmaten niba tan eling, Babu Kawa kalane semana, supe marang Pangerane, supe ing somahipun, kanikmaten wawohane kuldi, supe ing djiwa raga, liwungetan tutur, yata karane mangkana, wong asalat adhan ngamati tabir, siam adus djinabat.
  54. Karanten net tan adarbe galih, Babu Kawa daharaka, tan garestes panglelede, angles denira ngulu, kala dahar ing wohing kuldi, tan rumangsa larangan, ing lestari ingulu, kedadehane wanudya, saben tanggal amiyosaken getih, iku asale kuna.
  55. Miwah duduh susune pawestri, saking Kawa kuldi kang dinahar, lawan malih caritane, wong ngambil toya wulu, mila perlu sirah sinuci, kalane Babu Kawa, kang sirah anyundul, ing woheng kuldi punika, lan malihe asta kalih winisuhi, dene asta kang ngalap.
  56. Kalane gayuh ing woh kuldi, mila suku kang winisuhan, lumaku marani nggone, mila wedananipun, winisuhan sumuk rarahi, nikmate kuldi ika, saya gya raraup, hiya saking Babu Kawa, panggaota kalane andahar kuldi, sarira nandang dosa.
  57. Kawarna hapan sampun kalilir, Babu Kawa ingkang kantaka, pupungun leng leng ndriyane, yata nulya sinebut, wohing kuldi ingkang sawidji, karine kang den dahar, wau karsanipun, mareka Bagindo Adham, ponang iblis lanat musna kaeksi, warnanen Babu Kawa.
  58. Sarwi ambekta wohing kuldi, arsa marek Bagiendo Adham, Sarawuh Kawa tataken, he heh Kawa apa iku, ingkang sira sungaken mami, dene adi kaWuryan, ing suwarnanipun, umatur ni Babu Kawa, inggih punika kang nama wowohan kuldi, Nabi Adham ngandika.
  59. Babu sira den wani wani, mapan iku larangane Suksma, dene sanget pamacuhe, mapan sira wus ngrungu, yena woh-wohan nama kuldi, pethetan ingawisan, Babu Kawa matur, nggih mangkya kawula padjar, dateng tuwan amba tamuan gusti, utusaning Pangeran.
  60. Malaekat kakasihing Widhi, kang dinuta nuruni maringwang, sarta tuwan wau kinen, dening Hyang Maha luhur, tuwan kinen dahara kuldi, sartane lawan amba, yen tuwan tan purun, dahara kuldi punika, pan dinukan tuwan denipun Hyang Widhi, tinundung saking suwarga.
  61. Nabi Adham angandika malih, apa temen kaya udjarira, ni Babu Kawa ature, kathah supatanipun, kang malaekat datenging kami, supomine linanyaka, ingukum Hyang Agung, mugi-mugi lah kenaha, dukaning Hyang lan mugi antuka malih, babenduning Pangeran.
  62. Yata Baginda Adham wus kanti, dening ature wau kang garwa, mokalinayoka ature, ni Kawa nulya matur, dateng tuwan dahare neki, kalangkung dineng nikmat, kuldi raosipun, tan wonten sasaminira, kang wowohan saleretan kadi kuldi, dawek satunggal sowang.
  63. Kang satunggal sampun amba bukti, sakalangkung wau nikmat neka, lan maleh ageng sawabe, utusane Hyang Agung, kang apadjar amituturi, dihin tan kena tuwa, kaping kalihipun, punika tan kena pedjah, kang ping tiga langgeng tan owah ing suwargi, sing sapa mangana.
  64. Ya ta sampun takdiring Hyang Widhi, sanalika geter manah neka, amiyarsa ing wartane, Adham mangan pisan, ing woh wohan kang nama kuldi, saksana dipun dahar, kuldi prapting kulkum, mangkel aning gegorokan, pramilane priya darbe kala mendjing, iku purwa ning kina.
  65. Tatkalanipun adahar kuldi, mandek mangu rumangsa larangan, kentir dumateng rabine, risaksana ingulu, langkung nikmat raosipun kuldi, sira Baginda Adham, supe ing Hyang Agung, kenikmaten genira amangan kuldi, rempu tanpa jasuka,
  66. Risaksana Nabi Adham nglilir, ngrasakake wahing beka rencana, merang dateng Pangerane, Bagindha Adham ngungun, risampuning wau ambukti, ing wohing kuldi ika, anenggih winuwus, binendha mring Hyang Suksma, Nabi Adham panggonane den racuti, makutha busaningwang.
  67. Kampuhipun sartone kulambi, musna ilang miwah Babu Kawa, pindjung lan kesemekane, wartalunga amuwus, Adham Kawa kena bilahi, lenggana ing Pangeran, duraka Hyang Agung, Adham Kawa kudan dangan, duk samana apati susup susupi, kalih sami sawudha,
  68. Adham Kawa karsani angambil, gegodhongan karsanira kinarya, tinutupaken ngurate, yata sakehing kayu, mapan sanget lenggana sami, kalu ika angucap, godongan amuwus, karane ingsung lengana, tuwan ambil amba adjrih ing Hyang Widhi, dukane wiwingkingan.

۞۞۞ PUPUH 04 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Panedane kang anurat, ing Hyang Suksma tetegna imaneki, ing ndunya ngakerat rawuh, mugi dipun dohena, den Hyang Suksma sriking maring Hyang Agung, dohena wudjud lalinya, bidangah munapek mukir.
  2. Ing sakehing ingkang maca, kang myarsa den Agung ngapura neki, dumateng ingkang anurun, karana ingkang nyerat, datan wikan tanduk ukara myang tembung, lenggana langkungan nika, kiranga samya muwuhi.
  3. Sami nangis asesambat, Nabi Adham ni Babu Kawa nangis, lenggana sakehing kayu godonge ing alapa, karsanira tinutupken nguratipun, sakehing kayu angucap, heh Adham kena bilahi.
  4. Milane amba lenggana, dera ngalap godong amba puniki, amba adjrih ing Hyang Agung, dene tuwan kadukan, de Hyang Suksma satemahipun ing besuk, yen tuwa amba alapa, kabedan dening Hyang Widhi.
  5. Wanten kayu satunggal, wimastan punika kayu adjir, punika ingkang anguwuh, dateng Bagindo Adham, kayu adjir kalangkung awelasipun, mangkana kayu angucap, lah ambilen godong mami.
  6. Tutupna ingurat tuwan, dyan pinethik godonge kayu adjir, tumuli kinarya tutup, nguratipun sadaya, saluhuring puser sak ngandaping jengkul, ni Babu Kawa semana, Adham Kawa kawelas asih.
  7. Tambuh tingkah polah nika, Nabi Adham ni Babu Kawa nangis, ing sak gene pun tinundung, datan purun kanggenan, nanging ana ing ingkang nama kayu garu, inguwah ing Adham Kawa tuwan ngauba ing mami,
  8. Sang kayu garu kadukan, dening Allah Tangala dlasamangkin, kayu garu nora awuh, iku puwaning kina, kudandangan Adham tambuh polahipun, kalawan ni Babu Kawa, alara denira nangis.
  9. Risampunipun mangkana, mapan sareng dinukan ing Hyang Widhi, lawan ingkang tenggo pintu, marak kalawan ula, sarto iblis sareng kadukan Hyang Agung, Allah Tangala ngandika, ing malaikat Djabrail.
  10. Tundunge saking suwarga, Adham Kawa merak kalawan iblis, sareng dinukan Hyang Agung, tinundung saking suwarga, tinurunken kala tanggal kaping telu, sira Adham lawan Kawa, kebendon maring Hyang Widhi.
  11. Tinurunaken wawuda, Adham Kawa kalangkung kawelas asih, tinutur caritanipun, tiba ing gunung selan, Nabi Adham pisah lawan garwanipun, Adham tibaning gunung selan, sambate awor lan tangis,
  12. Ngucap rabana lalamna, tangisipun marang Hyang Maha Suci, patobatipun kalangkung, wonten ing gunung selan, ya Pangeran luwih peteng langkung langkung, dateng ingsun dawah, sun kaniaya pribadi.
  13. Pahilamta rapirlana, laku nana minal kasiherin, tegese lapal puniku, yen tuwan tan ngapura, ing kawula yen tan angsung rahmat mringsun, yektine awak kawula, saking tuna akal mami,
  14. Datan wikan dalu siang, Nabi Adham aning gunung selani, ra karaosing polahipun, Pangeran ngapuraha, Nabi Adham satya medal waspanipun, waspa tibaning gunung selan, dadi sosotya karikil.
  15. Mangkana ni Babu Kawa, tinibaken ning gunung siyem nangis, iblis lanat tibanipun, ing keling luhuring arga, ana dene peksi merak tibanipun, wau tiba bumi bustam, hulaning bumi sraneki.
  16. Nabi Adham kawuwusa, gelan siang ratri anangis, nutuhing saliranipun, duraka ing Pangeran, ping kalih he Nabi Adham tangisipun, pisah lawan garwaneka, sakalangkung angredatin.
  17. Tumenga-tenga ing tawang, duk tumenga ningali ing langit, nggene tumenga setaun, milanipun tumenga, kalangkung anutuh saliranipun, kadudon wus kalampahan, ngaraling kawula lali,
  18. Wonten tapsir kang riwayat, saking Nabi Mukamat kang linuwih, ngandika bagindo rasul, sakabat wruhanira, Nabi Adham, ing tembe ketemu iku, kalawan Bagindo Musa, ngalam arwah nggenya panggih,
  19. Abantah Bagindo Adham, lan Bagindho Musa kalammolahi, mangkana ing wuwusipun, Musa ing Nabi Adham, Bapa Adham kalangkung sihing Hyang Agung, datan wonten kadi tuwan, kinasihan ing Hyang Widhi.
  20. Pan ginunggung-gunggung tuwan, djinuluken pitratolah linuwih, lan malih tuwan djinundjung, dening Allah Tangala, pinandjingken ing suwarga kang luwih luhur, sarta lawan somah tuwan, kinen muktya sarimbit.
  21. Lan malih sakarsa tuwan, pan djinurung dening Hyang Maha Suci, pasihane Hyang kalangkung, dateng sarira tuwan, nanging wonten pepacuhipun Hyang Maha Agung, punapa karanten tuwan, wineling neling Hyang Widhi.
  22. Pepethetaneng suwarga, kang siningkir tuwan wineling weling, karanten tuwan puniku, angambah ing larangan, Nabi Adham kendel ta kena sumaur, heh Musa yen kasinggihan, Nabi Adham anauri.
  23. Lah pundi tuwan waosa, kitab tuwan tored ingkang dumeling, Bagindha Musa muwus, inggih aleres tuwan, djroning kitab tored apan sampun tutur, ingkang kocap djroning sastra, duk tuwan dereng dumadi.
  24. Wus kocap djroning toret ika, dereng grama-grama tuwan dumadi, langkung limangkem satahun, sampun mungele serat, inggih sampun kasurating lohimahpul, tuwan wonten djroning suwarga, adahar woh wohan kuldi.
  25. Sumaur Baginda Adham, lah ta inggih tuwan kapindo kardi, dene tuwan anenutuh, dumateng ing kawula, sak derenge lalampahan kang tumuwuh, pan darma-darma lumampah, ing lara kalawan pati.
  26. Mung Allah kang luwih wikan, saderenge mapan wus pinasthi, ing ngilmune pun Hyang Agung, tan kena inguwahan, yata klawan Nabi Musa bantahipun, meneng mangkya Nabi Adham, tan wonten undake malih.
  27. Risampunipun mangkana, kawarnaha wau ingkang prihatin, sampun jangkep satus taun, laminipun samana, Nabi Adham kang aning pucuking gunung, angabekti ing Pangeran, aneda ngapura ing Widhi.
  28. Sanget merang mring Pangeran, Nabi Adham naneda mugi-mugi, ngapuraha dusanipun, mring Pangeran kang mulya, tinarima Nabi Adham tobatipun, dening Allah Tangala, dene nalangsa tan sipi.
  29. Saking sangete atobat, siyang latri tan pegat nggenya nangis, sarta pangabektinipun, ning luhur gunung selan, waspanira dadi mirah mancur mancur, risampunipun mangkana, wonten parmaning Hyang Widhi,
  30. Dateng ing Nabi Adham, pitulunge dateng kawelas asih, yata katurunan wahyu, mangkya Bagindho Adham, kinen wikan wawaya haning waktu, salat subuh waktu pajar, Bagindha Adham alinggih.
  31. Saturuning Bagindha Adham, nandang dosa mangkya dera Hyang Widhi, nikmate kuldi karuhun, sawulan lamineka, mula wadjib puasa ramelan niku, anglampahi salatika, angambil wulu kariyin.
  32. Lamun masuh suku neka, pan kinarya nindaki wohing kuldi, iku asale karuhun, duk Nabi Adham neka, yata ngadeg Nabi Adham salat subuh, adege salat punika, dene asal saking ngapi.
  33. Kakekate sipat jalal, ing rukunke salat pan asal angin, sadjatine angin iku, kakekate sifat jamal, wudjuding salat puniku asalipun, kakekat sifat kamal, lungguhe sipat puniki.
  34. Apan asal saking lemah, dudu iku lemah kang asal bumi, sipat kahar djatinipun, yen sipat kaleh dasa, winastan napsiah, jalal puniku, salbiyah jamal punika, sipat kamal pan ngumani,
  35. Sipat kahar maknawiyah, sampun jangkep djro sipat kalih desi, panengaken ta puniku, wau kang warnaha, mapan sampun Nabi Adham salatipun, bakdane salat punika, dene weteng tingal neki.
  36. Ningali padange pajar, risaksana Nabi Adham duk eling, engete suwarga luhur, yata Nabi Adham, nulya maca tasbeh wasubekana laku, saking parmaning Hyang Suksma, menga kang lelang sediding.
  37. Yata ing nalika ika, Nabi Adham aningali dumeling, kang tulise lahi mahpul, wau ningali surat, tulis muni lailah hailalahu, Mukamadurasululah, Bagindha Adham tumuli.
  38. Matur mring Allah Tangala, ya Pangeran amba kang Maha Suci, nanging tuwan luwih weruh, angapura ing dosa, ingkang asih dunya ngakeratipun, kang narimo ing patobat, kang ngangsung rahmating dasih.
  39. Katarima tobat neka, Nabi Adham sinung rahmate Widhi, Djabrail kang tumurun, dateng Bagindho Adham, dawuhaken pangandikane Hyang Agung, datenging Bagindha Adham, ya ta ngucap Djabrail.
  40. Salaming Hyang dateng tuwan, tinarima tobat tuwan mring Widhi, dosa tuwan ing Hyang Agung, gih sampun ingapura, kinarsaken tuwan asalat subuh, kaleh rakangata salam, tuwan lampahana nuli,
  41. Asudjud Bagendha Adham, sakalangkung sukuripun mring Hyang Widhi, Djabrail sigra muwus, lan tuwan puasaha, ing purnama tigang ndina bil puniku, Nabi Adham lenggana, ing parentahing Hyang Widhi,
  42. Djabrail nulya modjar, somah tuwan mangke tuwan ulati, ing puser bumi genipun, Nabi Adham graita, pan wus wikan semune Pangeran Agung, yen kinen dateng ing mekah, sampune mangkana nuli.
  43. Tumurun Bagindha Adham, saking prenah gunung selan inguni, cinarita pan setahun, lamine Nabi Adham, angulari dumateng rabinipun, kang nami ni Babu Kawa, alami nora kepanggih.
  44. Kocapa ni Babu Kawa, mider mider anulari hing laki nangis waspa lir wong adus, tangise lara-lara, sakalangkung sasambate amlas ayun, kocapa tumiba ing lemah, siyem dadi mirah hadi,
  45. Karikil siyem luk neka, kados mirah waspa Kawa rumiyin, panebute wongsal-wangsul, merang dateng Pangeran, yata saking parmaning Hyang Kang Maha Luhur, ni Babu Kawa ning mekah, sampuning mangkana nuli,
  46. Kawarnaha Nabi Adham, ander pati denya ngruruhing rabi, malaekat atut pungkur, yata sami atawab, mider-mider lumampah ing siang dalu, angaraha ratarwiyah, ing gunung ngarpat alinggih.
  47. Saking parmaning Pangeran, Nabi Adham risaksana ningali, dateng prameswarinipun, rawuh saking madinah, sareng mulat rabi dateng kakungipun, ya ta sami rarangkulan, malaekat pan meluya nangis.
  48. Saking parmaning Pangeran, Adham Kawa ningali ing langit, binuka lelangenipun, yata ningali aras, ana surat lailah lailalahu Mukamad darusululah, Adham pungkur ing Hyang Widhi,
  49. Nenggih aning gunung ngarpat, prenahipun Nabi Adham sarimbit, risampunipun aning ngriku, ngalih mareng madinah, Nabi Adham sarta lawan semahipun, risampunipun mangkana, cinarita aning Balki,
  50. Alami ana ing kana, Kawarnaha Babu Kawa garbini, tumeka ing mangsanipun, mangkana apeputra, cinarita miyos dampit estri djalu, saben-saben apeputra, miyos djalu lawan estri.
  51. Sampuningalama lama, yata kathah djalu lan estri, saben miyos djalu estri djalu, Kawan ndasa kembaran, warna-warna rasami warnanipun, ana becik ana ala, kang djalu lawan kang estri.
  52. Arsa pinanggihken putra, djinodoken djalu lawan pawestri, Nabi Adham karsanipun, kang djalu rupa ala, pinangihken estri kang rupa ayu, pawestri kang rupa ala, oleh adjalu kang pekik.
  53. Babu Kawa karsaneka, estri ayu angsal jalu kang pekik, jalu ala warnanipun, angsal estri ala, Adham Kawasa mikudhon manahipun, lingira ni Babu Kawa, dede tuwan kang dusani.
  54. Dede tuwan kang puputra, ingkang wawrat mapan amba pribadi, sampun tuwan tumut-tumut, linge Bagindo Adham, yayi sira kang minangka wadahipun, mapan pancer saking ingwang, bapa kang misesa ugi.
  55. Lamun ta pracaya sira, lah gaweya sira anak pribadi, ingsun hiya gawe sunu, sapa kang tinarima, lah tulusa misesa hing anak ingsun, sami ngedalaken kama, winadahan cupu manik.
  56. Sampun jangkep sangang wulan, tiningalan ing cupu manik, cupune Kawa dinulu, getih dadine ika, Nabi Adham duk binuka cupunipun, rupa bayi lanang, ingaran Bagindha HEsis.
  57. Risampunipun mangkana, Babu Kawa mituhu ing laki, warna neta putranipun, Kawan ndasa kembaran, arerasan putra kang ayu lan bagus, lunga nilip yayah rena, lumampah raina wengi.
  58. Kongsi talup netranipun, yata lepas mring bumi cina nenggih, duraka mring rama ibu, anembah mring brahala, Kawarnaha putranipun ingkang kantun, mung kalih dasa kembaran, kang djalu kalawan estri,
  59. Putra jalu ingkang pelak, oleh estri ala wus pinanggih, kang pawestri rupa ayu, angsal djalu kang ala, amituhu karsane rama ibu, sakathahing putra neka, sak derma anglampahi.

۞۞۞ PUPUH 05 ۞۞۞
D U R M A

  1. Duk waune wonten timbalaneng sukma, Djabrail ingkang kapti, dateng Nabi Adham, timbalaneng Pangeran, putra djalu lawan estri, putrane Adham, kinen sami kapanggih.
  2. Nora kena panggih sareng sakembaran, minangka dulur yekti, nanging to kang wenang, panggih dudu kembaran, kinen panggih selang seling, Adham lawan Kawa, tan lenggana ing Hyang Widhi.
  3. Wonten maleh Baginda Adham, ingkang nama pun Kabil, sareng sakembaran, nama Adham Ngaliman, warnane ayu linuwih, malih kocapa, ingkang nama pun Abil.
  4. Kembarane pawestri rupane ala, karsane rama kalih, karsa panggihena, wadhon nama Ngaliman, kembarane wau Kabil, anikah iya, nama Abil.
  5. Ana dena kembarane Abil ika, pinanggihken Kabil, yata Kabil ika sanget lenggana neka, dateng yayah rena kalih, pan apti sira, panggih dulur pribadi.
  6. Nabi Adham kemengan wardaya neka, ing lengganane Kabil, andikaning rama, lah mangkana ta sira, lah pada kurbana kalih, sapa katrima, kurbanipun mring Widhi.
  7. Kang katrima rabi wadhon ya Ngaliman, yata kang nama Abil nora duwe mendho, dene Kabil punika, agadah mendho satunggil, Abil tan gadhah, hanging luthi kinardi.
  8. Tinarima kurbane Abil punika, dening Hyang Maha Suci, dene kurbanika, Kabil tan tinarima, deneng Hyang Kang Maha Suci, pan lulus ika, Abil rabi ya luwih.
  9. Ingkang manut parentahipun ingkang rama, lan parentahing wihi, dene kang lenggana, ing parentahing rama, wau kang anama Kabil, angayam-ayam, dateng kang nama Abil.
  10. Yata Kabil bramantyanipun kalintang, angucap marang Abil, sun pateni sira, yen sun jaluk tan suka, sadulur ingsun pribadi, wadhon Ngaliman, tur sira sun pateni,
  11. Linge Abil lah Kabil sak karsanira, sira arsa mateni, maring ingsun iya, tan sun pasrahken ning sira, ingsun aserahing Hyang Widhi, pan ora dosa, kang kaya awak mami.
  12. Anauri Kabil saudjarinira, tan wruh ing wuri-wuri, sampuning mangkana, Kabil sira kemengan, genipun arsa mateni, lak kaya ngapa polahe wong mateni.
  13. Cinarita duk lagi alam samana, tan ana mamateni, paran polah ingwang, pratingkah matenana, langkung kewedan pun Kabil, angulandara, denira yun mateni.
  14. Durung wikan duk lagi alam sama, polahe mamateni, yata iblis laknat, arsa mamarahana, polahe wong amateni, rupa manus, yata prapta sang iblis.
  15. Nulya ana ula liwat ing dedalan, pinaraman sang iblis, inganteban sela, tak saka kapisanan, yata Kabil aningali, pan wus kaduga, polahe mamateni.
  16. Kawarnaha wau Abil nendra, ing ngisoreng kayu wudi, kapati anendra. Tumuli pinaranan, ing prenahing Abil guling, dyan ngangkat sela, genge kagiri-giri.
  17. Risaksana Abil inganteban sela, rempu werdane Abil, yata kapisanan, sampunipun mangkana, cinarita kayu wudhi, dadi woh neka, rasanipun amanis.
  18. Anglangkungi manise ingkang woh-wohan, asri wohipun dadi, iku karan neka, ical wohipun sirna, kayu wudhi malah mangkin, sampuning pedjah, wau kang nama Abil.
  19. Yata Kabil duraka ing yayah rena, duraka ing Hyang Widhi, datan alenggana, mateni tanpa dosa, sira Kabil mati kapir, sinungan lanat, dera Hyang Maha Suci.
  20. Yata kunarpanera Abil cinandak, pinonodong dening Kabil, kang layon ingemban, Kabil adjrih ing rama, tan embuh polahipun Kabil, alam samana, dereng ana wong mati.
  21. Durung wonten wong pinendem djuring luwang, kunarpane kang rayi, tansah ingembanan, arsa siningidna, kunarpanira pun Abil, mider lumampah prapta ing desa miskin.
  22. Yata wonten peksi dandang atarungan mati ingkang sawidji, kang urip saksana, anyakar-nyakar lemah, yata dandang ingkang mati, dyan ingurugan, pinendhem sireng bumi.
  23. Kabil mulat polahe peksi punika, tiniru dening Kabil, nulya karya luwang, sawuse karya luwang, nulya djisimipun Abil pinendem sigra, kinubur djroning bumi.
  24. Ya ta Kabil arsa mantuk dateng wisma, bilahining Hyang prapti, duk lagi tumindak, watara Kawan tindak, Kabil djinegal ing bumi, wau katela, suku kapipit bumi.
  25. Wates djengku sukune Kabil tan obah, duk kapipit bumi, Kabil atur neka, dateng Allah Tangala, Pangeran amba kang luwih, kadi punapa, suku amba kapipit.
  26. Ya ta bumi winangsit dening Pangeran, bumi saya ngingkemi, wates lambuneka, Kabil tan kena obah, ana suwara kang kaeksi, hiya cilaka, sandangan lanat kapir.
  27. Mapan sira lenggana parentahing Hyang, durakaning rama kalih, lawan Kabil sira, mateni tanpa dosa, pan sira mateni Abil, Abil cinadang, ing suwarga kang adhi.
  28. Ya ta Kabil matur mring Allah Tangala, Pangeran kang luwih, wong tuwa amba, pan lenggana ing tuwan, tuwan cegah dahar kuldi, wonten suwarga, wong mangkana binukti.
  29. Inggih nerak larangan tuwan uga, dene tan tuwan pipit, rama ing praptala, tuwan kadi punapa, pan sami lenggana ugi, kadi punapa, adil tuwan tan sami.
  30. Sami-sami lenggana parentah tuwan, Kabil saya kapipit, wates gulunira, Kabil matur mring Allah, adil tuwan kadi pundi, pun iblis lanat, lenggana ing Hyang Widhi.
  31. Kinen sudjud datenging Bapa Adham, gih lenggana ing Hyang Widhi, tan miluya sudjuda, dene pun iblis lanat, mboten tuwan pipit bumi, kadi punapa, adil tuwan tan sami.
  32. Ya ta Kabil saya seret datan obah, pinipit maring bumi, yata wonten prapta, Malaekat satunggal, rupa manungsa pradjurit, nitih turonggo. Sarwa ngagem cemethi,
  33. Tan atara ananderekaken turangga, pun Kabil cinamethi, rempupuning sirah, Kabil sampun palastra, sampuning mangkana balik, kapaten neka, pun Kabil mati kapir.
  34. Wus pinasthi wong nyileh ngulihena, wong utang anyauri, ingkang utang pedjah anyauri ing pedjah, utang lara nyaur sakit, kang utang wirang nyaur isin.
  35. Kawarnaha punika Bagindha Adham, Musakate tan sipi, parmaning Pangeran, pan Djabrail prapta, anggegem kancana nuli, sinungkem Adham, Bagindha Adham aglis,
  36. Lah buwangen ning gunung den wrata, darapa tohing bendjing, aweta ingalap, ing anak putuningwang, Djabrail ngandika ris, ya Nabi Adham, wonten karsaning Widhi.
  37. Tuwan ugi kinen anambuta karya, merga ngulati bukti, metoken kringetnya, ngulari upa djiwa, angingoni anak rabi, lah dawek uga, kawula angri ngiwang.
  38. Yata mentar Djabrail lawan Adham, sela ingkang ginitik, medal wesi wadja, arsa damel gegaman, nulya mendet tana sari, wesi binakar, geni saking yamani,
  39. Kepanasan Nabi Adham nora kelar, dyan Djabrail nuli, geni dipun tawa, kineleming sagara, pitung ndina pitung mbengi, wusing mangkana, geni nulya kinardi.
  40. Sampun karya paron lawan paluneka, sagok lawan sasupit, Djabrail ika, ingkang tumandang karya, Bagindha Adham ngububi, sampun akarya, wadung kalawan kudhi.
  41. Risampunipun dadi rupa gegaman, Nabi Adham tumuli, alas binubadan, pinarsa tinaneman, nanging nora darbe bibit, dahat kewuhan, angandika dateng Esis,
  42. Anak ingsun lah ta sira nanedaha, maring Hyang Maha Suci, ing sun tananeda, kathah wirang manira, dateng Hyang kang Maha Suci, sira nedhaha, widji kinarya bibit.
  43. Bagindha Sis lumampah ing wana, anepi dateng wukir, Baginda Sis ika, ananeda ing Allah, Pangeran Kang Maha Suci, amba naneda, widji kinarya bibit,
  44. Parmaning Hyang katrima panedanira, widada tinuruni, ingireng Malaekat, bekta talam kencana, isi woh-wohan kang adi, tur sinampiran, sap tangan sutra adi,
  45. Warna-warna woh-wohan saking suwarga, sinungaken Nabi Sis, sigra tinanam pangan, pan Nabi Sis kalintang, sukuring pun Hyang Widhi, wusing mangkana, Djabrail bekta nuli.
  46. Sampun prapta ing ngarsa Bagindha Adham, lingira Djabrail, dateng Nabi Adham, nugrahaning Pangeran, dateng putra tuwan Sis, warna woh-wohan, paringing Hyang Widhi.
  47. Widjinipun punika tuwan tanema, bendjing dadya bukti, anak putu tuwan, wohe ingkang pinangan, yen kandeg dadi papicis, yen teking nisab, djekate saben warsi.
  48. Karanipun Bagindha Esis punika, kang turun widadari, dening putra tuwan, sadaya kekembaran, jalu kalawan pawestri, mung putra tuwan, bagindho Esis pribadi.
  49. Engkang datan darbe dulur kekembaran, pan sinung widadari, nemani mualat, dadiya djodonira, putra tuwan Nabi Esis, Baginda Adham, langkung sukuring widi.
  50. Nabi Adham djumeneng kalipatulah, ing ndunya lamineki, limangatus warsa, lan kalih dasa warsa, setengah umuring Nabi, pan sangang warsa, lan sangang atus warsi.
  51. Sadjenenge Nabi Adham katurunan, malaekat Djabrail, malih ping sawelas, lan maleh cinarita, umure bumi sakethi, ning djeneng neka Adham umuring bumi.
  52. Amung kari umuring bumi saleksa, wau lamine reki, watese kiamat, lan maleh Nabi Adham, katurunan kitab nenggih, amung sadasa, sampuning lami-lami.
  53. Nabi Adham mantuk dateng rahmatolah, Nabi Esis anggenteni, Nabi kang kocapa, atengga pejaratan, rama kalih wus lestari, duking samana, nur buat anuruni.
  54. Djabrail rawuh bekta parmaning Hyang, dumateng Nabi Esis, tuwan katurunan, seket kathahing kitab, wus pralane Nabi Esis, kagenten putra, Anwasinambat ting sih.
  55. Sampun lami kadjenge Anwas punika, langkung baktine widi, Anwas namanira, tinuting kaum neka, Anwas punika ngemasi, kagenten putra, Kinat sinambat wangi.
  56. Lami-lami kang nama Kinat palastra, putranipun genteni, langkung dene pelak, rupa tandingan, ingkang wasta Mahpa Kalil, kathah kang prapta, ningali rupa pekik,
  57. Mah pa kalih pralena kagenten putra, namanira pun Madjid, kang kenging rencana, wuruke iblis lanat, iblis ngucap dateng Madjid kalamun tuwan, arsa dadi wong luwih.
  58. Tur wikan tuk berkate wong tuwa tuwan, yen tuwan nurut mami, wuwuh luhur tuwan, berkate wonga tuwa, yekti bendjing anumusi, dateng tuwan, Madjid nulya nauri.
  59. Kadi pundi dayaning kang angsal berkat, ing wong ngatuwa mami, linge iblis lanat, tuwan karyaha emas, rupane den kadi djanmi, wong tuwa tuwan, pethanen tanpa sami,
  60. Yen wus pada rupa pasang semunira, andika busanani, lah tuwan sembaha, sartane bala tuwan, meluha sami ngabekti, tuwan pardia, angsala berkat sami.
  61. Wus manut pun Madjid Sabalanira, sampuning lami-lami, wus sawidak warsa, iblis tumurun sigra, apti sira mamarahi, ing dosantara, anembah rupa sami.
  62. Wonten maleh cinarita putra neka, wau kang nama Madjid, Madjid apeputra, djaluka putra neka, kekasihipun Mud Abil, wus djinulukan, Edris bronta Hyang Widhi.

۞۞۞ PUPUH 06 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Wonten kang tinutur malih, Baginda Idris ginita, tuhu Nabi kang kinahot, milanipun ingaranan, Edris dening Pangeran, atebah panderesipun, ngadji kitab kawan dasa.
  2. Kalawan birahi bakti, maringi Allah Tangala, Sabar asih tetamune, belaba asih ing liyan, lan panderesing tebah, siyang latri maca junun, iku kitab panujuman,
  3. Yata malaekat Ngidjrail, ingutus dening Pangeran, animbali kakalihe, Nabi Edris namanira, yata Sarawuhira, ingulukan salam sampun, sarta salaming Pangeran.
  4. Angling malaekat Ngidjrail, pan tuwan mangkin ngandikan, sareng amba samangke, munggah dateng langit pisan, Nabi Edris angucap tan lenggana ing Hyang Agung, amba kumambanging karsa.
  5. Yata malaekat Ngidjrail, samana rupa manungsa, Sri Pandhita busana neka, ingaken napa wong sanak, maring Edris ta hika, asih sinihan kalangkung, raket genipun sasanak,
  6. Nabi Edris lan Ngidjrail, genipun aprasanakan, tansah linggih aning sanding, Bagindho Idris angucap, linggih kadi punapa, punika saumpaminipun, gen tuwan mbekta mring amba,
  7. Ngidjrail lingipun aris, mangsa amba kewedana, daweg tuwan amba gendong, munggah dateng langit pisan, sampunipun mangkana, Nabi Edris dyan sinambut, binekta munggah angkasa.
  8. Nora dangu nulya prapti, ing prenah langit kapisan, Nabi Idris lingira lon, amba tuwan udunena, dawek sami lumampah, yata lumampah andulu, ingara-ara adjembar.
  9. Nabi Idris aningali, ing menda kathah agelar, nanging tan ana kang angon, mendo kang keksi sadaya, geng alit samya mangan, malaekat Ngidjrail muwus, dumatenging mitranira.
  10. Sanak amba Nabi Edris, lah daweg tuwan alapa, menda sidji sinembeleh, Baginda Idris angucap, inggih amba tan arsa, darbeni wong nora arus, dahat punika pan karam.
  11. Baginda Edris wus uning, yen cinoba polah neka, yata lestari lampahe, Bagindo Edris tumingal, woh-wohan sri kaWuryan, tur dadi woh-wohan ning gunung, mateng-mateng ning kebonan.
  12. Yen dinulu sru mingini. Ngidjrail sigra angucap, tuwan angalapa wohe, anggur tatamba kasatan, amba mangkya naneda, Baginda Edris amuwus, yektine amba tan arsa.
  13. Ngalapa anggur puniki, supami dereng kantenan, tan ana idjab kabule, mring kang darbe tetaneman yekti amba tan arsa, darbeking wong nara urus, mesem pawong sanak neka.
  14. Kandeg lampahnya winarni, Baginda Edris angucap, inggih punapa raose, kepingin kawula pedjah, sun kedah uningaha, ing wong mati raosipun, Ngidjrail anulya ngucap.
  15. Yekti punika tan kenging, yen tan karsaning Pangeran, Baginda Edris muwuse, tuwan matura ing Allah, kang murba misesa, lah punapa asilipun, amba darbe prasanakan.
  16. Mapan malaekat Ngidjrail, kabubuhan nari nyawa, kapengen amba raose, sakarate ing wong pejah, nanging panedaning wang, dateng Pangeran Kang Agung, lamun amba sampun pedjah.
  17. Nulya uripna malih, denipun Allah Tangala, yata parmaning Hyang Manon, dateng Ngidjrail lahhiya, hing mangke tekanana, Edris ing pandjalukipun, malaekat Ngidjrail angucap,
  18. Lah ta inggih Nabi Idris, karsa tawan tinurutan, wus kalakon pandjaluke, Baginda Edris ngandika, inggih amba punika, kepingin kawula weruh, ing prenahipun naraka.
  19. Yata andikane Widhi, lah Ngidjrail turutana, Edris iku pandjaluke, Baginda Idris kabekta, Ngidjrail lampahira, wus liwat gene taradju, miwah geneng djabaniyah,
  20. Waskita Baginda Edris, taradjua woteng naraka, kalangkung-langkung adjrihe, dateng ing Allah Tangala, Nabi Edris ngandika, nenggih amba sampun weruh, teraju woteng naraka.
  21. Amba punika yun uning, ing warnanipun suwarga, Ngidjrail lingira lon, sun adjrih yen mangkanaha, Edris binekta minggah, maring langit kaping pitu, sampun prapta ing suwarga.
  22. Risaksana Nabi Edris, aningali ing suwarga, langkung kacaryan galihe, kalangkung karasanira, aning luhure suwarga, yata ingacaran wangsul, dateng langit kapisan,
  23. Ngidjrail lingira aris, lah dawek tuwan wangsulan, Baginda Idris muwuse, pan amba wus kalampahan, sakarat lawan pedjah, naraka uwot taradju, kelakon amba uninga.
  24. Sadaya amba lampahi, mangke amba wruhing suwarga, amba karasan ning kene, yektine amba lenggana, yen tuwan ambektaha, wangsula Ngidjrail muwus, inggih ingkang kadi tuwan.
  25. Wadine ngawus ngawusi, sanggup tuwan tan mangkana, arsa uning abahe, suwarga lawan naraka, wuse mangke tuwan, tan puruning ndadjak wangsul, teka angebes kewala.
  26. Lah ta inggih kadi pundi, tuwan minggah awak bradja, amba matur ing Hyang Manon, kalawan tuwan mangkana, karasan aning suwarga, sanadyan andika rasul, dereng minggah ing suwarga.
  27. Yata parmaning Hyang Widhi, dateng Ngidjrail saksana, lah hiya ta didimene, kakasih ingsun ning suwarga, Baginda Edris iya, sanget bektinipun mring ingsun, lan malihe wus kathah.
  28. Kabecikan mring mami, aSabar lilahing dunya, seca legawa patine, asih ing sesaminira, miwah pekir kasiyan, betah maca kitab djunum, karaningsun djurung sira.
  29. Tetepa aning suwarga di, wonten maleh cinarita, kang kari anak putune, ingkang kari aning ndunya, sami nangis kelingan, yata sang eblis tumurun, yekti sira marahana.
  30. Arupa pandhita angling, ing putra kelangan rama, yen ayun bekti ramane, ndika anggaweya rupa, kadi wong tuwanira, busana nana kang bagus, kencana di akaryaha.
  31. Den sami lan Nabi Edris, tumuli tuwan sembaha, den sarta lawan balane, kabeh pada anembaha, hing emas kang arupa, pasthi angsal wong puniku, ing barkate kang sinembah.
  32. Sentana putra nuruti, ing wuruke iblis lanat, sarta lawan Sabalane, wus karya tapel kencana, pan sampun pinangeran, kalangkung pamulenipun, sami nembah ing brahala.
  33. Titilare Nabi Edris, kitab ingkang tigang ndasa, punika pan ora kanggo, sampun kawan atus warsa, genya nembah brahala, yata sakathahe kaum, punika pan sami kopar.
  34. Kocap putra Nabi Edris, djalu ingkang nama Salkang, pun Salkang genti putrane, nenggih Sangkir namanira, Sangkir kagenten putra pun Masalik putranipun, Masalik sinung nugrahan.
  35. Nabi Nuh judjulukneki, pinetang antara nira, ing lamine antarane Nabi Nuh lan Nabi Adham, nenggih antranira, punika pan sewu tahun, lan malih kawuwusa.
  36. Nabi Nuh ikang linuwih, minulyaken ing Pangeran, pinedahan ing Hyang Manon, andarbeni ing sarengat, tan katurunan kitab, mung sarengat Nabi Nuh, djudjuluk Nuh Nabiyulah.
  37. Kapati-pati amardi, ngadjak marang kabecikan, dateng sakehe kaume, samya sami ingadjak bektia, ing Allah murbaning alam, nanging sakathahing kaum, sadaya sami lenggana.
  38. Pamaidone tan sipi, sakathahe kaum ika, lenggana ing prentahe, dumateng Nabi Nuh ika, tan ana kang ngidepa, nanging kaum wolung puluh, ingkang sami nandang iman.
  39. Wolung puluh djalu estri, kang samya milya agama, ing Nabi Nuh sarengate, saksana Allah Tangala, dawuhken pangandika, dumatenging Baginda Nuh, lah ENuh sira maringa.
  40. Ing Masrik tumeka ing Mahrib, sakathahe kaum ira, pada angucapa kabeh, nirua pangucapira, he Nuh sira nebuta, lailah hailalahu, kalawan Nuh Nabiulah.
  41. Nabi Nuh manut ing Widi, dyaning ngundangan sedaya, pada angucapa kabeh, ing Masrik pangetanira, Mahrib pangulonira, yata ingundangan sampun, sami kinen angucapa.
  42. Anuta datenging Nabi, ENuh nebut asma Allah, kinen anirua kabeh, sarupane kaumira, pada sira ngucapa, lailah haillalahu, kang kinen sami lenggana.
  43. Sadaya atutup kuping, saweneh lumayu ing alas, tan arsa nut sarengate, ing Nabi Nuh samana, ya ta kapir sadaya, kaume Baginda ENuh, kuwalahan amarentah.
  44. Nabi Nuh manahe sakit, dene ingarane edan, tan ingandel parentahe, mring kaumira sadaya, Nabi matur ing Hyang, ya Pangeran kang mulya gung, tuwan ingkang luwih wikan.
  45. Nahan kuwalahan mami, marentahaken agama, dateng kaum sakathahe, tan ayun anut ing amba, malah dipun wawirang, amba dateng sakeh kaum, ginunem dalu lan siang.
  46. Sakehipun kaum kapir, punika tuwan tumpesa, dene langkung lengganane dumateng parentah tuwan, Djabrail tumedak bekta parmaning Hyang Agung, Djabrail nulya ngucap.
  47. Lah Enuh salam Hyang Widhi, ingkang dumateng ing tuwan, wiyose kawula kinon, dening Hyang Kang Maha Mulya, inggih ing mangke tuwan, kinen madung kayu djedun, tuwan karya abaita.
  48. Sawusnya dipun lampahi, hing Nabi Enuh semana, pan kayu djedun agenge, mapan tigang atus asta, kayu saking ing suwarga, kang tinanem luhur gunung, winadung sinigar-sigar.
  49. Sawa wilangane Nabi, sakehe bahan punika, bahan satunggal tunggale, sami ciri naminira, para Nabi sadaya, wus pinacek kang perahu, mung kurang bahan sakawan.
  50. Nabi Nuh ngandika aris, dumateng ing putranira, nenggih pun Kawit wastane, lah Kawit sira ngalapa, kayu kang sun karya, gageneb bebahan perahu, pun Kawit matur ing rama.
  51. Salamine amba bukti, dereng karaos warega, Nabi Nuh ngandikane, hiya sun obahi sira, pun kawi lumaksana, madung kayu sampun rawuh, oleh kayu geng satunggal.
  52. Nabi Nuh nulya ngupahi, ing awit apem tatiga, pun kawit lingipun lon, tiga malih yen warega, dumateng kawula, nadyan malih wuwuh sewu, kawula mangsa warega.
  53. Nabi Nuh lingipun manis, dumateng ing putranira, lah sira mangana age, nanging ta sira parengna, nebuta nama Allah, dyan pinangan sarwi nebut, mung angsul apem satunggal.
  54. Mangkana kalipah neki, pun kawit kinen macaha, ngangkat mangan ing apeme, bismilah hiwama djriha, wamursa apunika, pun kawit nulya amuluk, mung telas apem satunggal.
  55. Rumangsa wareg pun Kawit, ya ta kayu wus sinigar, sakawan ciri namane, sakabat Nabi Mukamad, Bagindha Adham Bubakar, Ngusman Ngumar Ngali iku, baita sampun kinarya.
  56. Baita pan sampun dadi, langkung dene kukuh neka, Nabi Nuh baitane, pandjangipun sewu egas, baita tunda tiga, ingkang inggil cawisanipun, panggenane anak Adham,
  57. Ngandika Hyang Maha Suci, he Nuh sira undangana, kaumira sarupane, ing Masrik pangetanira, Mahrip pangulonira, yata ingsun dangan sampun, sakehe kaum sedaya.
  58. Lah sapa arep urip, lah pada sira islam, anuta ing sarengate, ing Nabi kakasihing Hyang, lan sartane munggaha, sira ing luhuring perahu, sampune sira undangan.
  59. Ing sakehing kaum kapir, sadaya wus winangsitan, besuk ana banyu gedhe, jagad kinelem sadaya, anglebur kaum kapir, lebur kelem dening banyu, nadyan putrane srinata.

۞۞۞ PUPUH 07 ۞۞۞
S I N O M

  1. Sami maido sadaya, sakathahe kaum kapir, lah ing ngendi ana toya, baturi sidji nauri, ujare wong daleming, pituture Nabi Enuh, udjar dora sengara, bature sidji nauri, Bagindo Enuh wau kang darbe wirayat.
  2. Metu guntur cinarita, ngelebi djagad ing bendjing, pelingane saking lemah, agenge sak lenge dami, nglingipun kaum kapir, sumberane aran guntur, pan gumuyu sadaya wong kapir ngina kepati, wirayat Nabi Nuh iku lenggana.
  3. Allah Tangala ngandika, ing malaekat Djabrail, kinen ngumpulaken sira, kewan sewu jodho nulis Djabrail nekani, dumateng Baginda Enuh tuwan kinen mepeka, kewan sewu djalu estri, miwah bibit unggahena ing baita.
  4. Baginda Nuh atur neka, pan ora kuwasa mami, upami andatengana, kewan sewu djalu estri, kaum amba akedhik, amung kaum wolung puluh, semah kang mawi iman, Allah Tangala anuli, Djabrail wau kinen tumandang.
  5. Nulya amba babar layar, malaekat Djabrail, ngumpulaken sato kewan, sewu djodo djalu estri, warna-warna geng alit, sarta lawan djodonipun, suku ro lan suku pat, giniring dening Djabrail, sato kewan kaunggahaken baita.
  6. Blekedaba karanggeyan, buntute dipun gendoli, dening eblis lanat, namur tenana ningali, yata semana runtik, angatag Baginda Nuh, dumateng blegedaba, pangatage sarwi runtik, keh kebat lah munggaha eblis lanat.
  7. Blegedaba sigra munggah, ing palwa iblis tut wuri, pangrasane angatak, dene Nabi Nuh duka ngling, mila iblis tut wuri, angendoli maring buntut, semana sira munggah, sato kewan munggah sami, sawarnanipun kawrating baita.
  8. Mapan dadi kawan pangkat, ing sapangkate kanginggil, punika gening manungsa, djalu kalaan pawestri, kang sapangkate malih, henggene beras lan pantun, kang sapangkate ngandap enggone sakehe widji, ngandap pisan enggone sato kewan.
  9. Sakathahe kaume neka, kang sami, anuting Nabi, sampun, munggah ing baita, djalu kalawan pawestri, dene kang sami kapir, umate Baginda Nuh, kehe tanpa wilangan, mahido tuturing Nabi, sami kapir kang tan munggah ing baita.
  10. Wonten wau cinarita, kenahan sinambat wangi, ingandikan dening rama, tan asuwe nulya prapti, sapraptane tinari, wau dening Nabi Enuh, lah ta paya kenahan, munggah apalwa tumuli, adja melu sira kaya kaum kapir.
  11. Umatur sira kenahan, tan arsa amba ing mangken, tumuta munggah ing palwa, ya wonten toya upami, nggih kawula ngungsi, dateng ing pucuking gunung, rama kadi lengkara, wirayat tuwan puniki, pinten genge sumberan guntur puniki.
  12. Upami gelemna djagad, ing Masrik tumeking Mahrip, kinten kawula lingkara, ewa mangkana menawi, bilahi andatengi, kawula ngungsi ing gunung, milih ingkang gumiwang, Nabi Nuh ngandika aris, adja sira maidho tuturing bapa.
  13. Tan ana gunung kocapa, kalane keleming bumi, saking gaibing Pangeran, barang karsane pan dadi, djagad dadi djaladri, wong kapir kinelem banyu, ingkang putra lenggana, ing karsane rama Nabi, pun kenahan djinulukan Unuk sira.
  14. Kathah kapir ngungsi ngarga, kang saweneh nora gingsir, sanget pamaidonira, dateng wirayating Nabi, Nuh amituturi, tan kedep parentahipun, milanipun akathah, umate pan sami kapir, amung wolung ndasa nandang iman.
  15. Sampun kawrating baita, umate kang anut Nabi, yata Nabi Nuh samana matur ing Hyang Maha Suci, inggih ta kadi pundi, anak amba mboten anut, yekti punika pedjah, yata andikaning Widhi, dudu anak ing tan manut maring bapa.
  16. Yata guntur ingkang medal, wurine wong adol uthi, duk mancur ing praptala, agenge salenge dami, kathah kapir ningali, angucap sarwi gumuyu, baya iki kang aran, guntur sumber saking bumi, mendahane semana ngelemna djagad.
  17. Sumber mancure saking tawang, sumber wuwuh wiyar malih, saya wuwuh kathah neka, lumayu sakehe kapir, yata semana nuli, guntur sagara djumegur, datengipun ning toya, kadi rubuh punang langit, duk semana tan ana gunung kocapa.
  18. Djagad wus dadi samodra, ing Masrik tumekeng Mahrib, tan ana daratan kocap, lebur sakathahing kapir, kang samya ngungsi wukir, djalu estri samya lebur, kang wang ting kumambang, awor kewan ingkang mati, kawarnaha ikang wonten hing baita.
  19. Kacarita panem candra, Nabi Nuh ngambang djaladri, baita kadi wong towab, amider ing puser bumi, yata kaume Nabi, sami mendem ning perahu, palwa kathah tindjanya, manungsa kewan ngisingi, gandanipun djroning palwa belarongan.
  20. Nabi Nuh mangkya angrasa, djroning palwa kathah nadjis, Nabi Nuh wau saksana, sirahe gadjah ginarit, dening kukune Nabi, medal celeng estri djalu, celeng dados sitinjo, yata iblis lanat nuli, dase celeng ginarit medal tikusnya.
  21. Sakehe sangunipun, miwah panganggone mukmin, cinacah tikus semana, Nabi Nuh macan ginarit, metu sadjodho kucing, dadya mamangsa ing tikus, Baginda Nuh tumingal, eblis kapanggih andelik, sapa akon eblis sira munggah palwa.
  22. Matur sira iblis lanat, inggih tuwan kang ngadjani, dak kalane tuwan ngatak, dateng blegedaba nguni, tuwan ngucap ing kami, kinen minggah ing perahu, blegedaba duk munggah, kawula munggah tut mburi, Baginda Nuh mesem karasa ing nala.
  23. Risampunipun mangkana, baita anglayap bumi, segara cumaleng djagad, alun geng kagiri-giri, Nabi Nuh angredatin, angandika Baginda Nuh, mareng kaum sadaya, miwah kewan djalu estri, sarupan adja sahwat ing baita.
  24. Wis ingudangan sadaya, sarupane djalu estri, tan kenging sahwat baita, sanget pepacuhe Nabi, mangkana ponang andjing, anelaken djroning perahu, anilibaken tingal, yata cinarita kucing, matur ning Nabi Nuh samana.
  25. Amba matur dateng tuwan, segawon punika nilib, wonten palwa wawadjangan, kawula uning pribadi, malah gening rurupit, bramantya Baginda Nuh, angandika sengara, segawon den supatani, adja copot tumuli sun awadjangan.
  26. Angrungu punang camrera, duk binenda dening Nabi, ingkang pibuka uninga, wau ature sang kucing, sun kalangkung aserik, anggempung atine asu, suna ika sengara, kucing dipun supatani, muga estu supataningsun mandiya.
  27. Adja jamak sato kathah, yen lelaken sira kucing, amandi supatanira, yen lelaken punang kucing, kanten wruh dadi uning, babisikan nguwuh-uwuh, risampuning mangkana, sasatron asu lawan kucing, ora atut prapta ing dina kiamat.
  28. Risampunipun mangkana, lamine sampun nem sasi, kawit saking wulan rejeb, tanggal tiga welas neggih, kongsi prapta ing sasi, mukarom tanggal sepuluh, yata Allah Tangala, angandika maring bumi, lah isepen banyu kang dadi sagara.
  29. Saking kodrating Pangeran, bumi kang kadi rumiyin, palwa kandeg bumi ngesam, sumende gunung Hudwalil, atas kang punang bumi, Nabi Nuh mangkya tumurun, sarta sakaum neka, sato kewan mudun sami, paksi dara miber wangsul maring palwa.
  30. Bebek mabur tan pamitan, Nabi angandika malih, paksi dara sira uga, tutut cumbu maring djanmi, bebek ta sira ugi, miber datan bisa luhur, risampuning mangkana, wus mudun sakehe bibit, Baginda Nuh ananem anggur saksana.
  31. Anggur tuwuh wus rumambat, sang iblis lanat marani, wit anggur punika binelah, wineletan getih andjing, winur lan getih kindjir, cinarita iblis rawuh, lenggah ing ngarsanira, ing Nabi Nuh sarwi angling, ya Nabi Nuh kathah kabecikan tuwan.
  32. Kalangkung tarimaningwang, Nabi Nuh ika nauri, paran kabecikaning wang, eblis lanat anauri, dene tuwan ing nguni, ananeda ing Hyang Agung, neda ing tumpes neka, kaum saidering bumi, sasat tuwan aweh batur ing kawula.
  33. Sami-sami lawan amba, bendjing wonten ing yamani, marga saking tuwan uga, kaum tuwan mati kapir, kelem dening djeladri, nalangsa Baginda Enuh, nanutuh ing sarira, rumangsa meranging Widhi, pan kadudan polahe marang Pangeran.
  34. Saya adjrih ing Pangeran, ing siang latri anangis, pan ageng patobat neka, miyarsa tuturing iblis, patine kaum kapir, merga ing panedanipun, Baginda Nuh samana, tatakon maring sang iblis, lah apa karep manira ndunya.
  35. Matur sira eblis lanat, ing Baginda Enuh tumuli, anenggih remen kawula, akathah amba nemeni, pratingkah amba ugi, katura ing Nabi Nuh, nggih kawula winenang dening Hyang Kang Maha Suci, remen ama wong ngadu-adu pitenah.
  36. Wong tukaran kakepangan, punika amba adepi, darapon sami dadoso, paten-pinatenan sami, genti amba kileni, kawula adu atarung, lawan remen kawula, titiyang nora ngabekti, sartanipun amangan barang kang karam.
  37. Kalawan remen kawula, anerak parentah Nabi, lawan wong ora jinabah lawan wong kang riya kibir, lan wong cidra ing djandji, wong ngumpet lawan mameruh, luwih malih wong djinah, kajailan lawan drengki, nggih punika sasat dulur kawula.
  38. Dene asengit kawula, wong anut parentah Nabi, anglampahi pakoning Hyang, Nabi Nuh ngandika malih, polahira ing nguni, manira pan ayun weruh, matur pun iblis lanat, putra Adham nama Kabil, duk samana lenggana ing yayah rena.
  39. Datan anut ing parentah, inggih amba kang marahi, nuruti sapakon amba, putra Adham nama Kabil, parentah rama Nabi, Adham wau mboten anut, pun Kabil pedjah kopar, Nabi Nuh ngandika aris, lah ta iblis tuturna hartatinira.

۞۞۞ PUPUH 08 ۞۞۞
D A N D A N G G U L A

  1. Eblis lanat mangke matur malih, kala Kabil anut ing kawula, dinging kawula ken gawe, tapel kencana luru, dipun pinda-pinda kang warni, kang rama Nabi Adham, pasang semunipun, sampune dadya brahala, amba ngucap mituturi dateng Kabil, mapan sudarmanira.
  2. Nabi Adham purwane duk nguni, wruhanira ramanira Adham, hiya tapel kang ginawe, lah inggih milanipun, sira Kabil kula ken kardi, warna tapel kencana, lah ta hiya iku, gawenen Pangeranira, sudjudana sembahen raina wengi, poma lah estokna.
  3. Weling amba dateng ing Kabil, poma lamun ramanira Adham, yen marani atataken, aja sira angaku, lamun sira sudjud ngabekti, mangeran ing brahala, aja sira ngaku, brahala kasingitna, nunten tinut sapa ken amba ing Kabil, anembah ing brahala.
  4. Nulya matur ingkang nama Kabil, amba nora nembah brahala, Adham wus mirsa wuwuse, lah poma anak ingsun, aja sira ngidep-idepi, adja nembah brahala, temah kapir kupur, sira nebuta ing Alllah, hiya iku Pangeranira sedjati, kang murba amisesa.
  5. Yata Kabil ature akilip, mboten sedya anembah brahala, pun Kabil lamun tinaken, asanget tanpa ngaku, dupi kundur kang rama Nabi, sapungkure kang rama, Kabil nulya sudjud, anembah tapel kencana, apan amba kang tinutipun Kabil, tan anut maring rama.
  6. Wonten malih saderenge Kabil, estri djalu kang apelak, anilip saking ramane, pan saking marmanipun, ingkang ala oleha becik, mangke lunga angrangkah kang ayu abagus, pan kalih dasa kembaran, lami-lami kang lunga awangsul malih, arsa tobat ing rama.
  7. Nunten kula adang ing margi, pan kawula minda-minda Adham, angaku wongatuwane, nunten kawula wuruk, lamun sira anut ing kami, ideping yayah rena, wus narima ingsun, minangka kagenteningwang, agaweya rurupan kang kadi mami, lah sira mangerana.
  8. Kalampahan sedereke Kabil, sami nuruti wuruk kawula, nulya wangsul ing prenahe, kenging rancananingsun, yata sampun ature eblis, lan malih cinarita, wau Baginda Nuh, Allah Tangala ngandika, heh Djabrail konen anggaweya masdjid, sarta sakaumira.
  9. Abahane perahu kinardi, Djabrail pan umedun sira, Djabrail iku wuwuse, ya Nabining Hyang Agung, salaming Hyang dateng ing Nabi, tuwan kinen karyaha, ing masdjid puniku, sarta kaum kawan ndasa, bahanipun baita andika kardi, gawe panggenanira.
  10. Pakumpulane wong angabekti, Baginda Nuh sampun lumaksana, pan sampun dadi masdjide, wonten malih winuwus, Baginda Nuh pan sampun lami, mulih kerahmatollah, dene umuripun, sangang atus sangang warsa, sadjenenge katurunan Djabrail, ping seket sadjenengnya.
  11. Putranipun Nabi Nuh anenggih, andun paran sami papisahan, yata kang putra arane, Hesam kekasihipun, dateng tanah Ngarap anenggih, ing Ngerum lawan Ngadjam, malih namanipun, pun bawi ing tanah Bustam, nama Yatik punika anglulurahi, Turki lawan Ngabesah.
  12. Putranipun Nabi Nuh kang mati, kelem toya namanipun Kenahan, inggih Unuk djudjuluke, pan kantun anak putu, kang patutan Unuk kang rabi, kadadehane garwa, ing mudjidjatipun, Nabi Nuh kala semana, pun Kenahan putranipun sami mutih, aran Wangi Mraniyah.
  13. Yata putra Baginda Nuh nguni, ingkang nama Hesam apeputra, pun Pasani aputrane, nenggih Pasan puniku, apeputra Palehan nenggih, Paleh iki apeputra, ingkang nama Rungu, sira Rungu apeputra, pan saru-saru puputra paku nenggih, Paku puputra Kadjar.
  14. Wonten kang cinarita malih, akakasih to sang ratu Darham, ageng luhur dedege, pan langkung kuwatipun, adjujuluk sri natapati, sung radja Unlul Anwat, satus gas kang luhur, nenggih mangkya kukutha, prenahipun ing pucuking gunung wedi, sakinging kuwatira.
  15. Gunung wedi binedol tumuli, dipun uncalken ning sagara, atemah rata bumine, dadi kutha abagus, sri kaWuryan tanduran dadi, ing nagara punika, pitung atus tahun, tan ana wong ingkang pedjah, tan uninga tan arsa ing wong mati, sami nembah brahala.
  16. Yata Allah andadeken Nabi, nenggih Hud Alaihi Salam, Nabi Hud apti karsane asru pangadjakipun, mandjing islam agama suci, nanging ta kaumira, tan ana kang purun, Nabi Hud lingipun ngucap, anebuta ing Allah Kang Maha Suci, adja nembah brahala.
  17. Satuhune brahala puniki, siya-siya agawe duraka, panggawe iblis djatine, nebuta sira iku, nama Allah Kang Maha Suci, ingkang karya ing sira, kang gawe maringsun, kang aweh sandang lan pangan, asung urip miwah ingkang asung pati, kang aniksa angganjar.
  18. Kaumipun Nabi Hud tan apti, angidepa sadaya lenggana, asanget pamaidone, sakehe kaumipun, samya kinen agama suci, adja nembah brahala, kapir djatinipun, idepira siya-siya, sakeh kaum sadayanipun sakethi, samya kapir sadaya.
  19. Nabi Hud karepotan amardi, dene kaum samya alenggana, tan anut ing Pangerane, Nabi Hud mangke muwus, dudu karsanipun pribadi, iku pakoning Allah, dumawuh maringsun, sakehe kapir sadaya, sakehe kaum anauri sami runtik, heh Nabi Hud ta sira.
  20. Hiya kudu marentah ing kami, ingsun ora anuting to sira, nganggo kawruh ingsun dewe, mapan kaluhuringsun, iya ingkang kawuri-wuri, anembah ing brahala, milane katingsun, anembah maring brahala, lamun tuwan arsa nyelamaken mami, lah ingsun neda udan.
  21. Neda udan pan pada samangkin, gelem amba samya nuting tuwan, pundi tanda mukdjidjate, mangka Baginda Hud, ananeda maring Hyang Widhi, amba anedha udan, yata tan adangu, aderes kang punang udan, lir pinusus kapir sadaya samya ngling, heh Nabi Hud ta sira.
  22. Bisa temen sira gawe sandi, bisa temen karya djedjanturan, udan iku sulap bae, mangkana ta Nabi Hud, langkung sakit kraos ing galih, matur dateng Hyang Suksma, lamun ingkang kaum, kapir maido sadaya, yata Allah Tangala asung bilahi, maring ing kaum kopar.
  23. Larang pangan sarta gegering, kaum ingkang pitung dasa ika, ingkang anut parentahe, kang anut ing Nabi Hud, ingkang luput dening gegering, amurah kang pinangan, tulus kang tinandur, nanging kapir kapailan, larang pangan gering pan kathah kang mati, dumadi apuyengan.
  24. Dadi apes tan betahing ngelih, kaum kapir sakethi punika, sami angrebut uripe, titiyang pitungatus, kang lumayu sami angungsi, anut agama islam, dateng Baginda Hud, liyane maksih lenggana, nanging tiyang pitungatus kang angungsi, sami anandang iman.
  25. Allah Tangala pan asung wangsit, dateng Nabi Hud duk ing samana, sira lungaha den age, lawan sakehe kaum, ingkang anut agami suci, iku gawanen lunga, dene saliyaniku, heh ta Hud kawruhanira, ana angin kaliwat genge kang angin, bilahine Pangeran.
  26. Angandika Allah Maha Suci, lah Hud sira kapir undangana, radja Darham Sabalane, yen estu ora anut, yata kena dening bilahi, Nabi Hud lumaksana, dyan nulya amuwus, lah hiya sang radja Darham, lah anuta sira ing kakasih mami, nebuta nama Allah.
  27. Yata Nabi Hud ngandika aris, dateng kaum ikang nandang iman, sampun winangsitan kabeh, lan malih Bagindha Hud, wali-wali mangsiti kapir, pada sira tobata, anuta maringsun, ngungsiya nagara islam, wruhianira mangke ana bilahi, ageng punang maruta.
  28. Amaido sakathahe kapir, heh Nabi Hud bisa temen sira, anggawe sulap kasekten, sang radja Darham muwus, batur aja sira peraki, temah kinen anuta, maring Baginda Hud, risampunipun mangkana, Baginda Hud sakaumipun angungsi, maring nagari liyan.
  29. Sakeh kapir sami nyanyampahi, adja sira maras atinira, pada den wedeni bae, denira Baginda Hud, ana ngucap ta wong sapalih, heh batur wong semana, becik-becikipun, amendema awakira, kang ngakukuh menawi temen nekani, wadehane mendema.
  30. Risaksana sakathahe kapir, sami wonten pinggiring waraga, sami mendem ing awake Darham malebeng sumur, sela kang kinarya tindih, yata kapir sadaya, wau sami muwus, mangsa angiberna, ing manusa saha punang angin, sami medem ngaluwat.
  31. Yata saking bilahining Widhi, yata Allah mangke angandika, ing malaekat sakathahe, pitung leksa kehipun, ingkang tengga tutuping angin, kinen amengakna, ing leng-lenganipun, adja ciut aja amba, wengakna lenge sairunge sapi, kang tengga matur ing Hyang.
  32. Malekat kang tengga angin, kesangeten upami mengaha, sairung sapi wiyare, rusaking ing temahipun, djagad tuwan katempuh angin ical isine ndunya, katut sirna larut, Allah Tangala ngandika, wengakana sak lengeng ali-ali, matur malih sadaya.
  33. Malaekat kang tengga angin, ya Pangeran kang luwih wikan, kawiyaren sapamine, yen mengaha kang tutup, salengipun kang ali-ali, satemahipun rusak, djagad tuwan gempur, katut dening samirana, angandika Pangeran Kang Maha Suci, lah sira wengakena.
  34. Hing sak lenge dom adja gingsir, risaksana kang para malaekat, angideraken tutupe, salenge dom wiyaripun, yata terus ing pitung bumi, membareng kang maruta, saya adres nempuh, kawit teka lon-lonan, maring nerang kang kapir samya angling, angin iki akebat.
  35. Lah ta batur pada ngati-ati, angin iki kaya ngaberna, maring ing wong batur kabeh, saksana nora dangu prahara geng ingkang nekani, wong kapir apuyengan, pan peluk pineluk, tambah polah tingkahira, cinarita pitung ndina pitung bengi, ageng punang maruta.
  36. Bilahine Pangeran ndatengi, kapir ingkang sami kasangkala, ingkang mendem ing awake katempuh angin larut, duk malesat katuting angin, katut dening prahara, pan saengga kapuk, sampun jangkep pitung ndina, pitung bengi wong kapir tan ana kari, radja Darham wus sirna.
  37. Samya pinendem pinggir benawi, yata sami katuwuhan kurma, mayite wong kapir kabeh, kalane lema lebur, risampune alami-lami, Bagindho Hud pralena, nenggih umuripun, Bagindha Hud neng ndunya, kalih atus pitung ndasa warsi, tan ketang wiwingkingan.

۞۞۞ PUPUH 09 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Wonten malih cinarita, Nabi Saleh tatkalanipun nguni, marentah ing kaumipun, sami kinen anuta, ing parentah Nabi Saleh kaumipun, junun anandange iman, anuta agama suci.
  2. Anebuta nama Allah, nora nana kang pinangeran malih, sira manuta maring sun, mapan tepane ana, duk ing nguni umating Baginda Nuh, kinelem dening Pangeran, Sabab nora anut Nabi.
  3. Tepa malih hiya ana, umatipun Nabi Hud duk ing nguni, tan anuting Nabinipun, rinusak ing Pangeran, duk tinempuh dening angin sirna lebur, ya ta kaume sadaya, sami ika anauri.
  4. Ambayun anuting tuwan, nanging amba pinika yun udani, lah pundi mudjidjatipun, ingkang kawula teda, tuwan nyipta unta medal saking watu, sartane unta punika, anak-anak anusoni.
  5. Susune unta punika, dipun sarta kenaha dene puhi, marek kana pitung dusun, puhanipun kang unta puniku, lan malihe kang watu tuwan cipta iku, kang medal unta punika, nulya tuwan cipta malih.
  6. Wau dadosa telaga, lan dadi pangangsone wong sami, punika kang amba djaluk, Nabi Saleh semana, ya ta kendel pitenggenen tanpa muwus, rumangsa ora kaduga, yata rawuh Djabrail.
  7. Mbekta parmaning Pangeran, yata ngucap malaekat Djabrail, kang den djaluk dening kaum, lah tuwan sanggupana, tiyang pitung ndesa ingkang dipun djaluk, liyane kang pitung desa, akathah mandjing agami.
  8. Tuwan sanggupana uga, saking pangandikaning Hyang kang luwih, Djabrail musna sampun, Nabi Saleh ngandika, dateng kaum pitung desa kang andulu, kasektenipun samana, ing Baginda Saleh huning.
  9. Dateng kaum pitung desa, apepak kang wonten ngarsane Nabi, Baginda Saleh amuwus, mring kaum pitung desa, sira pada djejaluk mring djeneng ingsun, yen tineka dening Allah poma sira aja gingsir.
  10. Ing sawawekas manira, marang sira kaum sadaya angling, inggih amba dateng anut, ing saparentah tuwan, yen katekan ing paneda ulun wau, Nabi Saleh angandika, sun tedakken ing Hyang Widhi.
  11. Pepak kaum pitung desa, samya ngadep ing ngarsa kanan kering, ngepung ngadepake watu, risaksana tinebah, ponang sela bantar risaksana metu, untapana amung satunggal, anak-anak anusoni.
  12. Biyang anusoni anak, sarta sela cinipta dening Nabi, medal sumber toyanya gung sampun dadya telaga, wus tinekan pandjaluke kaumipun, Baginda Saleh ngandika, mring kaum samya wineling.
  13. Wewakas ingsun mring sira, lah reksanen unta ingkang gemati, ing rahina lawan ndalu, yen sira angrusaka, marang unta poma-poma wekasing sun, utawa sira sedyaha, maring unta amateni.
  14. Pasti yen bilahi sira, sinung laknat binendoning Hyang Widhi, kapir patinira besuk, yen sira nganihaya, maring unta amrih sira patinipun, wong pitung ndesa winekas, sadaya wineling-weling.
  15. Risampunipun mangkana, punang unta langkung din gemateni, deres duduh susunipun, den apuh saben dina, wade puhan maring desa liyanipun, wong pitung ndesa sapunika, yata sami sugih-sugih.
  16. Guna saking wade puhan, sugih emas salaka wartra adi, dateng Kawan atus taun, lamine cinarita, risampunipun mangkana wonten winuwus, kapir ing desa liyan, angsal pituturing iblis.
  17. Akarya sandi upaya, kapir nenem sinurupan ing iblis, yata sami rembugipun, kapir nenem punika, linge iblis bekta akancana Agung, sira adjaka rowang, kang saminira wong kapir.
  18. Mangkana ngulari daya, kapir nenem sadaya wus miranti, ambekta kencana Agung, kapir nenem punika, wus lumampah wong pitung desa djinudjuk, kapir nenem angsal prenah, unta arsa den pateni.
  19. Karya sandi numbas puhan, kaum pitung desa den semarani, wus kena mareng andulu, ing prenahipun unta, kapir nenem punika darbe wuwus, dateng kaum pitung desa, ingsun arsa amateni.
  20. Ing raseksanira unta, sumbalinga yen unta maksih urip, sira pinarentah anut, ing Nabi Saleh nika, kaum kang pitung desa samya muwus, lah iya sakarsanira, nora akon nora menging.
  21. Wong kapir nenem punika, asung emah prenahe wus miranti, mangkana kang unta nginum, toya lan anak ira, kapir nenem marani unta kang minum, sigra kang unta tinumbak, kapisanan angemasi,
  22. Sampuning kang unta pedjah, kapir nenem wau sami angungsi, miwah to wong pitung ndusun, sampunipun mangkana, unta wau pan anakipun lumayu, maring wana ngungsi arga, pan malih ping tiga muni,
  23. Kaget Nabi Saleh wikan, unta wau pinaten dening kapir, angandika maring kaum, wau kang pitung ndesa, kinen medjahana kapir nenem wau, ingkang amateni unta, Nabi Saleh langkung runtik.
  24. Ya ta kaum pitung desa, alenggana tan purun amateni, dene wus rembuge kayun, pan sampun sakaitan, Nabi Saleh ngandika dateng kaum, wau kang pitung desa, sira kabeh iku kapir.
  25. Lah hiya sandangen uga, bilahine Pangeran andatengi, pan unta muni ping telu, anake kang lumajar, tigang ndina bilahine Hyang kang rawuh, anekani maring sira, kaum pitung desa sami.
  26. Matur ing Nabi sadaya, gih bilahi punapa kang datengi, Baginda Saleh amuwus, lamun anake unta, yen matiya pareng lawan biyangipun, lah sira pada sadina, ginempur dera Hyang Widhi.
  27. Awetara pitung dina, bilahine Pangeran andatengi, wong pitung desa tinemu, wong kapir nenem ika, ing waune sama abaranipun, bebendune Hyang kang prapta, ireng raraine kapir.
  28. Yata kaum pitung desa, analangsa neda ngapura ing Nabi, kalangkung kaduwungipun, asalin warnanira, ireng ireng rupane rarainipun, yata kapir pitung ndesa, umatur dateng ing Nabi.
  29. Lah ta kang kadi kawula, sampun tobat nedo ngapura ugi, Baginda Saleh amuwus, udjarku dingin apa, wekasingsun maring sira sakalangkung, baya wus karsaning Suksma, patinira mati kapir.
  30. Yata kaum pitung ndesa, winangsitan ana bilahi prapti, suwarane lir gelap runtuh, anamber maring sira, yata kaum pitung ndesa samya ngrungu, prihatinira kalintang, ing siyang ndalu anangis.
  31. Sigra Djabrail prapta, aweh wangsit maring Nabi Saleh nguni, tuwan mireya den gupuh, kalawan kaum tuwan, ingkang sami nandang iman, estri djalu, punika tuwan bektaha, miriya sami samangkin.
  32. Baginda Saleh suminggah, sarta kaumipun ingkang sami mukmin, lah payomire karuhun, adja parik lan kopar, pitung desa punika arsa ginempur, dening Hyang kang Maha mulya, punika wus manjing kapir.
  33. Yata sampun mire tebah, Nabi Saleh sakaumipun sami ngiring, kawarnaha kang kantun, kaum kang pitung desa, kupingipun samya sinumpelan kapuk, sarta lawan sirah ira, bin lebet jajarik.
  34. Yata Djabrail prapta, sigra petak swara kang ngadjrihi, anglir pedah gelap sewu, sareng panambar neka, kacarita kaum pitung desa lebur, punika tumpes sadaya, sawidji tan wonten kari.
  35. Nabi Saleh angandika, dateng kaum islam paya angalih, mapan wong pitung dusun, rinusak ing Pangeran, yata ingkang islam kaum sami matur, tan lenggana dateng tuwan, sapuruk tuwan tut wuri.
  36. Tan purun pisah lan tuwan, pedjah gesang kawula anut wingking, yata angalih lumaku, dateng nagari ngadjam, lami-lami ngalih dateng mekah sampun, sampunipun alama-lama, Baginda Saleh ngemasi.
  37. Mantuk dateng kramat tolah, Nabi Saleh ning ndunya lamineki, umur pitung atus taun, lan wolung ndasa warsa, satilare Baginda Saleh puniku, sakeh anak putu samya, sami ngungun branto kingkin.

۞۞۞ PUPUH 10 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Wonten cinarita malih, anak putune Kenahan, sewu putih pamulune, den lulut dening Pangeran, tuhu gagah prakosa, adjudjuluk radja Namrud, lenggahe babul sagara.
  2. Marentah para narpati, ing Ngerum lawan ing Kupah, ing Bustam lawan ing Kuris, atur upeti sadaya, idep parentah neka, dumateng sang radja Namrud, para ratu kumawula.
  3. Salaminipun dumadi, dereng uninga ing gerah, ngelu mules apa dene, prihatin dereng uninga, lamun ta inggih nora, linulut dening Hyang Agung, tinuwukan sakarsanya.
  4. Yen kala miyos tinangkil, alenggah ing papalangkan, kancanane kang abyor, pinatiking nawa retna, miwah ta kursinira, kathahipun kaleh atus, sadaya sami kencana.
  5. Pinatiking retna adi, karya palinggihanira, sakathahe para katong, djadjar lawan panudjuman, wawasilam adjagad, obat abit lawan tarung, djadjar lenggah karsa nata.
  6. Papatihipun kakalih, kang tengen pun patih Uman, papatih kiwa wastane, akakasih patih Kajar, lir pendah gunung sekar, angandika raja Namrud, dateng sakep panudjuman,
  7. Heh para nudjum wawasi, kaya apa tingalira, adja adjrih sawecane, sapa kang mungsuh maring ingwang, kang saking nusantara, utawa silih wong babul, kaya apa tingalira,
  8. Pan ingsun ratu linuwih, mapan ratu binathara, sapa kang amada ingong, nujum sepuh aturira, inggih tinggal kawula, wonten uga ta sang prabu, ingkang ngrusak dateng tuwan.
  9. Maoni tata kang dingin, asengit dateng brahala, tingal kawula waune, ningali lintang satunggal, lintang mustri apadang, cahyane nutpah puniku, tumurun datenging priya.
  10. Salebete ingkang wangi, nutpah tiba ning wanita, wadah wetengan enggone, lingipun srinaranata. Lah ta patih undangana, salebete tigang ndalu, odjono wong salapan.
  11. Djalu lawan pawestri, lah pada pisah pisaha, kyana patih matur alon, pukulun dateng sandika, aluwaran sang nata, sampun lumebet kedaton, ing dalu mangkya anendra.
  12. Animbali ing kakasih, ipun ingkang nama Kajar, kinen tenggo nggenya sare, sampun tenggo ing sang nata, sarwi asikep pedang, awatara tengah dalu, kocapa garwane Kadjar.
  13. Saking takdiring Hyang Widhi, garwane Kadjar kalintang, harsa mangkya sapatemon, ing kakung pulang asmara, risaksana lumampah, lumebet dateng kedaton, dalu tan ana kang wikan.
  14. Prapta mandeg anging angling, kang raka angadeg damar, angadeg aning ngulone, sang nata genipun nendra, Kajar satingalira, dumateng ing somahipun, nulya mangke tinakonan.
  15. Apa karyanira prapti, aturipun garwanira, inggih kawula wiyose, mboten kelar ngampah manah, dingin kala pasian, ora kadi mangkatingsun, tresna ingsun maring tuwan.
  16. Ajeng salubana mami, lingipun sang patih Kajar, kaya apa polah ingkang, dening ingsun lagya tengga, srinaranata nendra, lawan malih damar murup, padang yakti kauningan.
  17. Saking takdiring Hyang Widhi, rawuh jin mateni damar, ta nulya sapatemon, saluban ning ngulonira, sang nata genya nendra, pinareng nutpah tumurun, risampuning cubana.
  18. Rabine Kajar wus mulih, kawuwus saking rahina, sang radja Namrud tataken, dateng sira patih Kadjar, lah Kajar sira uga, awenes paningalingsun, nora kaya Saban-Saban.
  19. Ature kadjar sawengi, kawula mboten anendra, yata nulya sangakatong, animbali panudjuman, wawasilan djadjanggan, miwah tobi djuru tenung, prapta nulya tinakenan.
  20. Lah ta nujum kadi pundi, mapan sampun tigang dina, kang para nujum ature, inggih ta sampun tumiba, nutpah ing biyangira, tumuruning wau dalu, agetun sri naranata.
  21. Nglingipun sri narapati, patih apa dayanira, kyai patih umatur alon, yen sambada abathara, wong meteng binedelan, angandika radja Namrud, pasthi rusak kang nagara.
  22. Tanpa dosa den pateni, becik-becike ta umat, yen metu lanang pinaten, risampunipun mangkana, rabine patih kajar, meteng sampun mangsanipun, lamine wus sangang wulan.
  23. Sampun katur narpati, yen rabine Kajar wawrat, yen medal lanang pinaten, sing adarbe anak lanang, djroning mangsa punika, pinaten dera sang prabu, kathah lare pinedjahan.
  24. Rabine Kajar winarni, ing dalu arsa weweka, kemengan tambuh polahe, mudun saking pagulingan, medal jawi ning kutha, yata sasoring gunung, apeputra djroning nguwa.
  25. Saksana tinilar mulih, babayi kari ing guwa, jalu abagus warnane, sinuson dening malaekat, lawan djaridjinira, kawarnaha ibunipun, endjing nulya tinakonan,
  26. Kajar prapta saking kemit, aningali garwanira, wus kempir wewetengane, para kempir wetengira, ature garwanira, kaluron ing wau dalu, sun bucal ing hara-hara.
  27. Kajar matur ing narpati, yen rabine awaweka, ngandika mangke sang katong, endi rupane wekanta, ature patih Kajar, kaluron ing wau dalu, djabang bayi medal pedjah.
  28. Sampun binucal ing siti, bilih kateda camera, sang raja Namrud wuwuse, lamun mangkana hiya, wong akeh uningaha, yen djabang bayi ketemu, obongen awu binucal,
  29. Kajar lunga tinut wuri, dening djadjeneng sang nata, saking takdiring Hyang Manon, malaekat magkya ambekta, anake den pedjah, sinuwek sineleh sampun, kapanggih tinuduh sira.
  30. Punika kang jabang bayi, tineda dening camera, sampun katur ing sang katong, kalangkung suka sang nata, sampuning lama-lama, Kajar sarta garwanipun, amarani putranira.
  31. Prapta ing guwa ningali, dumateng hing putranipun, lir wulan mabyor cahyane, binekta tan awikan, datan arsa nusuha, putra dateng ibunipun, yayah rena kagawokan.
  32. Kang putra aran Ibrahim, sampuning alama-lama, pinandjingaken umure, tumenga ningali lintang, pan sinenggah Pangeran, lintang gingsir duk dinulu, Nabi Nuh dudu Pangeran.
  33. Yata aningali sasi, nenggih ika ta Pangeran, wulan gingsir saking gone, wruh ta yen dudu Pangeran, he Pangeran kawula, lamun ta tuwan tan tuduh, yektine amba kesasar.
  34. Saking nugrahaning Widhi, Nabi Ibrahim wus wikan, ing Pangeran sabenere, anebuting nama Allah, lailahailolah, lan Nabi Ibrahim iku, kang djinuluk kalilulloh.
  35. Nora na Pangeran malih, pan mung Allah Tangala, kang sinembah sabenere, Nabi Ibrahim punika, sengit dateng brahala, asuker ing manahipun, ibu rama amiyarsa.
  36. Eh salah sira Ibrahim, salingsir sira lan ingwang, dudu lumrahe wong akeh uwis sira mreneya, yata ki patih Kajar, karya kencana mas luru, kathah arsa winadeya.
  37. Lah anak ingsun Ibrahim, lah iki sira wadeya, anulya tinampan age, saking djrih duraking rama, mila retja tinampan, pinundi ingayunanipun, sampunipun tan katingal.
  38. Reca sineret tumuli, tinalanan gulunira, kang punang reca untune, tinithikan lawan sela, amrih adja payuha, katingalan ing wong bakul, wekasan payu kang reca.
  39. Sampuning mangkana nuli, Nabi Ibrahim anyegah, ing dalem kur’an dalile, latak budus sahitana, waminas sahitana, kana lir rahmaniriku, ngasi bareke punika.
  40. Tegese lapal puniki, heh rama sampun anembah, ing brahala satuhune, iku panggawening setan, wonten tamu ratira, satuhune setan iku, rama penggawe duraka.
  41. Satuhune brahala neki, durakane ing salira, naraka benjing temahe, nebuta ing nama Allah, yen ta nora nebuta, suk rusak rama ing besuk, kang rama gawok miyarsa.
  42. Kawarnaha sri bupati, duk karsa kasukan-sukan, ngudjung dateng brahalane, arsa nayup andrawina, anitih adiwiwangga, sarta upacaranipun, risampunipun mangkana.
  43. Miyarsa Nabi Ibrahim, yen nata arsa kasukan, angujungi brahalane, Nabi Ibrahim semana, asuker manahira, andingini mbekta wadung, reca sami winadungan,
  44. Kinarekaken sawidji, pangagengipun kang reca, wadung sinandang pundake, kocapa sang iblis lanat, rupa pating gidisa, matur dateng radja Namrud, punang brahala rinusak.
  45. Bramantya sri narapati, ningali brahala rusak, wong babul pepak tinaken, dyan umatur balanira, yen pandugi kawula, sawarnane tiyang babul, tan wonten ingkang puruna.
  46. Amung kang nama Ibrahim, ingkang sengit maring brahala, ngayam hayam pangucape, karsa ngrusak ing brahala, putrane patih Kajar punika tingkah tan patut, bramantya sri naranata.
  47. Ibrahim dipun timbali, prapta ngarsane sang nata, saksana nulya tinaken, ature kang tinakenan, ing brahala tuwan, kang ageng anandang wadung, punika ingkang angrusak.
  48. Lah pener tuwan takeni, supami mboten ngakena, pan wonten cihna bektine wadung sumampir ing pundak, sri narendra kemengan, dening wus uning sang prabu, wau tan bisa angucap.
  49. Saksana dipun takeni, reca kang ageng punika, dening ki patih ling nya lon, lah Pangeran sapa ingkang, ngrusak sakehing reca, kang alit-alit puniku, agles iblis mandjing reca.
  50. Andjawab takene patih, reca kang ageng punika, lah iya Ibrahim mangko, kang ngrusak sakehing reca, winadungan sadaya, sampunira mari madung, sinamperken pundak ingwang.
  51. Kendel wau sri bupati, angrasa kewedan manah, dyan kaum kapir ature, dumateng sri naranata, lah sampun tuwan gega, kalangkung nalangsanipun, Ibrahim bisa angucap.
  52. Kalamun tuwan padoni, yekti kawon padu tuwan, Ibrahim bisa papadhon, akathah karenahira, wau bisa sami cara, alit mula mboten patut, dedora lan palenyokan.
  53. Ature Nabi Ibrahim, punapa ta darunanya, brahala ginawe dewe, selarine kalir djanma, pinetha ing wong atuwa, luluhur kang sampun-sampun, sampune dadi kang rupa.
  54. Saking pakarya pribadi, ingkang pada pinangeran, apa baya pangrasane satuhune kang brahala, Pangeran siya-siya, wruhanira dudu iku, Pangeran kang murba ing alam.
  55. Kang yogya sinembah iki, Pangeran kang karya djagad, kang akarya sakalire, sakutu walang atogo, ingkang neksa angganjari, punika yogya sinebut, kang nama Allah Tangala.
  56. Iku Pangeran sadjati, lah pada sira manuta, ing Pangeran sabenere pada amanjing alama, lah sira anebuta, lailah hailalahu, Nabi Ibrahim kali lolah.
  57. Bramantya sri naraparti, Ibrahim niken nyekela, tinalen sineret seret, binaboyong ing wong kathah, Nabi Brahim tan obah, sampun mangkana winayung yung, taline tinunda tunda.
  58. Ngandika srinarapati, si Ibrahim iku hiya, pinaten paya ingobong, cawisa kayu den kathah, ngucap ki patih Kajar, ingsun melu urun kayu, sarta eduk lawan lisah.
  59. Pan sampun ambeta sami, tinumpuk ingara-ara, kayu duk sarta lengane, sagunge kapir rumagang, pepek ingara-ara, tinumpuk sinusun-susun, kayu lir sundul akasa,
  60. Ngandika sri bupati, dateng ing patih Umad, lah sira bektaha age, Ibrahim sira obongo, ature patih Umad, tan kuwawi panasipun, ingucalaken tan teka.
  61. Kewedan srinarapati, tumurun sang iblis lanat, minda wong tuwa rupane, apti sira marahana, den dana wus sumakta, eram sakeh kang andulu, rakite singgot punika.
  62. Lah ta mara si Ibrahim, hiketen lawan dandana, mangkana nulya sineggot, karsa tinumpangken pucak, pan sampun rinakitan, yata parmaning Hyang Agung, ngandika dateng malaekat.
  63. Ngawengakno lawang suwargi, sarta lawang langit sapta, katono dunyo lawange, yata sagunge malaekat, matur dateng Pangeran, Nabi Ibrahim neda tulung, kadi pundi karso tuwan.
  64. Yata ngandika kang Hyang Widhi, lamun kedah tinulungan, hiya tinulungana age, risampunipun mangkana, raja Namrud angucap, dateng sakehing wong babul, lah pada sira tarika,
  65. Songgot tumpangna ing api, sak sana wong kapir sigra, tinarek kang ponang songgod, nanging to nora kabangkat, kalangkung dening awrat, marmane nora kajunjung, pan senggot ing ginondelan.
  66. Sakeh malaekat gendoli, kalangkung ing welasira, mangka katur sang katong, yen senggot mboten kawawa, langkung genipun awrat, angandika radja Namrud, sira kehana titiyang.
  67. Ya ta sakathahe kapir, malah tan antuk panggenan, sesek kang anarik senggot, rame suwarane gumerah, wuwuh-wuwuh tan obah, awrat gene gondolan wau, dening kang para malaekat.
  68. Ya ta iblis lanat prapti, arupa nujum pudjangga, marek kang ngarsa sang katong, apti sira marahana, matur pun iblis lanat, wonten ugi Saratipun, lah inggih tuwan munduta.
  69. Ing sakathahe pawestri, sarta sami wuwudaha, sartane angore-ore, punika ingkang anarik, pasthi kelar punika, yen tan makaten sang prabu, yektose mboten kaangkat.
  70. Tinurut ature iblis, risaksana linekasan, apepek sakehe wadon, kawan ndasa hawawuda, angore-ore rema, wus angatag raja Namrud, ing wanita kawan ndasa.
  71. Marani Nabi Ibrahim, estri kang sami wawuda, sartone hangore-hore angrik kang nguwuhing sira, Ibrahim kang sinambat, nuding marani lumayu, pawestri kang kawan ndasa.
  72. Malaekat pan samya giris, aningali wong wawuda, gila mulat wong wadon, ngore-ore awawudha, yata para malaekat, saksana samya lumayu, mangkana sanggote ngangkat.
  73. Ya ta sakathahe kapir, ningali songgot kaangkat, dene panarike entheng, surak sakathahe kopar, Nabi Ibrahim sigra, tinumpangaken ing luhur, kayu ingkang tutumpuhan,
  74. Surak sakathahe kapir, punapa dene sang nata, kalangkung suka manahe, suka gumudjeng alatah, anAyub bandrawina, surake bala gumuruh, aloke Brahim sirna,
  75. Ya ta rawuh jabarail, hingiring para malaekat, samya prapta ing ngarsane, Nabi Ibrahim semana, apanggih yun ayunan, Jabarail lon amuwus, mring Ibrahim kalilolah.
  76. Lah tuwan ta kadi pundi, ingobong dening wong kopar, dahana langkung agenge, mila lit punang dahana, lagi mangan ingandap, ing mangke ageng kang urub, kadi pundi karsa tuwan.
  77. Upami kula nulungi, ing tuwan kadi punapa, elar amba sun bebere, nuli sun nyelem segara, elar ambekta toya, dahana sun siram banyu, yekti pejah kang dahana.
  78. Karsa tuwan kadi pundi, punapa tuwan tulunga, Nabi Ibrahim muwuse, yen tuwan dinuta ing Hyang, gih langkung karsa tuwan, yen tan ngutus sampun, risampunipun mangkana.
  79. Ya ta kesah Jabarail, anulya Mikail prapta, apapanggih satemon, Mikail sigra angucap, amba welas ing tuwan, inggih ngong arsa tutulung, ing tuwan kabesmi kopar.
  80. Amba datengaken riris, api pejah kenging warsa, lan kapir punika kabeh, sun petak dateng ing buminya, demene tutumpesan, Nabi Ibrahim amuwus, sampun yen tan dinuta ing Hyang.
  81. Kesah malaekat Mikail, tumuli Israpil prapta, sampun mangke sapatemon, yata Israpil lingira, tuwan kadi punapa, amba arsa atutulung, sun tiyubing kang sasangka,
  82. Dimen tumpes pada mati, Nabi Ibrahim amuwus, yen tuwan tulung maring ngong, yen tan ingutus dening Hyang, sampun tutulung tuwan, pan kesah Israpil sampun, Idjrail punika prapta.
  83. Datenging Nabi Ibrahim, Idjrail pangucapira, kadi pundi wekasane, nggen tuwan ingobong kopar, inggih kadi punapa, tuwan tan aneda tulung, dateng Pangeran kang mulya.
  84. Lingipun Nabi Ibrahim, kang wiraos malaekat, mundur teka pindo gawe, kadar geni saking sapa, neda tulung Pangeran, tan wontena sampunipun, Allah sipat samak besar.
  85. Amiyarsa aningali, lara patine patingkah, sampun karsaning Hyang Manon, Ngidjrail, sigra angucap, inggih aleres tuwan, sakecap tan wonten luput, kawula darma lumampah.

۞۞۞ PUPUH 11 ۞۞۞
D U R M A

  1. Duk binasmi Ibrahim ayating kur’an, kulya rukuni, bardan walaman, Nabi Ibrahim ngucap, lah anaha sira geni, teka adema, selameta Ibrahim,
  2. Cinarita kayu pinangan dahana, sami atuwuh malih, dados patamanan, asri endah kaWuryan, sedenge toyanya wening, mina nanya mijah, anungsung banyu mili.
  3. Pala gumantung anyarengi mangsa, bebed uwohe dadi, adjadjar prayoga, anjrah kang sekar-sekar, prasamya nedeng kang sari, sekar woh-wohan, nedeng samya ngemohi.
  4. Kawarnaha sang radja Namrud tumingal, Nabi Ibrahim, lenggah bale kambang, langkung asri kaWuryan, wowohan kang adi-adi, miwah kang sekar, merapit pinggir warih.
  5. Satingale sang radja Namrud bramantya, dateng kang para mantri, lah ta patih Umad, miwah ta patih Kajar, tingalana si Ibrahim, asri kaWuryan, kauban dening api.
  6. Lah ta paran karsa nira patih Umad, matur rekyana patih, yen sembada tuwan, lah tuwan ngumpulna, sagunging bala ing babil, bektaha sela, balangana Ibrahim.
  7. Yekti kebak genining Ibrahim dening sela, raja Namrud nuruti, ing ngaturing Umad, saksana lineksanan, ginutukan dening kapir, sela lir udan, surake wanti-wanti.
  8. Saking pangreksane Hyang Kang Maha mulya, dateng Nabi Ibrahim, gugutuke kopar, sela geng kadi udan, ingkang tumiba ing geni, muluk ing tawang, lebur tan ana kari.
  9. Amor kukus dadi mega ngawang-awang, dadi mendung tumuli, dadya dres kang udan, anyiram tetaneman, ing prenah Nabi Ibrahim, dyan kawarnaha, magkya sang nini putri.
  10. Ning panggungan sarta lawan embaninya, ningali Brahim, kang manah kagiwang, tan mbuh ing polahira, ningali Nabi Ibrahim, umedun sigra, marik ing rama kalih.
  11. Gih ta rama kawula wau tumingal, Ibrahim langkung sakti, kauban dahana, lenggahira palangkan, pinatiking retna adi, ning pakebonan, rama ibu nauri,
  12. Iku nini aja sira kagawokan, saktine si Ibrahim, poma iku sulap, sang putri matur rama, kang manah langkung ngrudatin, amung kaetang, kang aning djroning geni.
  13. Tengah dalu sang putri arsa maraka, dateng sang Nabi Ibrahim, putri babil ika, rinaksa ing Pangeran, nora gesang dening api, prapta sinapa, dening Nabi Ibrahim.
  14. Sapa sira saka ngendi pinangkanira, matur sang radja putri, inggih ta kawula, putrane sri narendra, kuwula arsa ngabekti, dateng paduka, mojar Nabi Ibrahim.
  15. Lah mangkana lan sira nandanga iman, sang putri anuruti, sampune nandang iman, berkat agama mulya, risaksana lami-lami, sang putri sira, pamitan arsa mulih.
  16. Sampun medal saking dahana, marik ing rama kalih, arsa marahana, praptanira sinapa, lah pagene sira nini, malebu sira, mring nggone si Ibrahim,
  17. Aturipun kang putra inggih kawula, mandjing agama suci, rama pened uga, mandjinga agama, rama ibu anauri, lah nini sira, katuran si Ibrahim,
  18. Aja marik dadi sira ta katuran, lah muliya ta nini, adusa kramas sang putri mantuk nulya, saking parmaning Hyang Widhi, anginulekan pan medal saking bumi.
  19. Putri babil binekta dateng ngawiyat, pan katut dening angin, tiba gunung ngekap, yata ngabekti sira, rama ibu samya nangis, langkung sungkawa, nata lan prameswari.
  20. De lingira sang nata maring patih Umad, miwah ing para mantri, lawan panujuman, ingsun pan kagawokan, ing saktine si Ibrahim, supaminira, kapangeran Ibrahim.
  21. Yen aweh kasekten maring manira, kang kadi si Ibrahim, pasthi sun mangeran, sun punjung-punjung ika, sun asrah bulu bekti, ing radja brana, patih umatur nyariwis.
  22. Lah patik pra punika atur kawula, karanten si Ibrahim, saktine mangkana, tan geseng ing dahana, amangeran dateng geni, mila wiyana, dateng kang punang api.
  23. Nata bAail mituhu ing aturira, yata kathah kapingin, ing sagunge kopar, kathah ingkang anembah, amangeran marang geni, lah kawuwusa, balane Umad sami.
  24. Amangeran geni lagya akarya, Umad sira ngadepi, yata geni mubal, kang dahana malesat, duk tumiba ambeneri, ki patih Umad, geseng pun Umad mati,
  25. Sri narendra kalangkung prihatinira, dening kalih prakawis, dingin putranira, binekta ing maruta, tan mbuh mati tan mbuh urip, ping kalih Umad, mati pinangan geni.
  26. Yata sampun jangkep patang puluh dina, lamine Nabi Ibrahim, ingobong semana, lolos saking dahana, yata kesah saking babil, nusup ing wana, wonten kocapa malih.
  27. Cinarita sang radja Ngesam samana, putra ingkang pawestri, nama Dewi Sara, kathah mantri satriya, anglamar sang radja putri, ratu ing manca, pra samya andatengi.
  28. Nata Ngesam kemengan wardayanira, dening sang nini putri, tan arsa akrama, remen olah sarira, angadi rupa sang putri, linge kang rama, duh anak ingsun nini,
  29. Adja sira amegelaken ing nala, yen sira nora krami, pan kalakon uga, ing Ngesam linurugan, dening kang para narpati, ratu manca pat, yekti ingsun ngemasi.
  30. Atemahan ibu nira dadi tawan, matur sang nini putri, dumateng kang rama, inggih atur kawula, arsa uninga pribadi, dateng satriya, kang arsa dateng kami.
  31. Nanging djandji kawula dateng ing rama, pundi kang amba pilih, ratu sinatriya, miwah putraning nata, utawi silih wong cilik, kitha ing desa, ingkang amba senengi.
  32. Sampun tuwan mambengi karsaningwang, singaha kang sun pilih, sampun tuwan malang, yen tan makaten amba, yekti tan arsa krami, linge kang rama, lah hiya sun turuti.
  33. Sampun eca manahipun srinara nata, risaksana ngundangi dateng ngara-ara, sakeh mantri satriya, sing sapa pinilih putri, punika hiya, dadi kang jatu krami.
  34. Wonging kutha miwah wonging desa, ratu putra narpati, bupati satriya yen piliha uga, pasthi dadi jatu krami, wusing ngundang, yata wus pepak sami,
  35. Wus misuwur sayembarane sang nata, kathah wong kang niningali, dateng ara-ara, sang retna Dewi Sara, nitih idjem pan adi, wus sinamiran, samar kang aning djawi.
  36. Abra murub jempananipun kencana, pinatiking retna adi, ginarebeg ika, ing sakehing pawongan, embanya lawan cethi, kang upacara, lumampah munggeng warsi.
  37. Kawarnaha wau ta kang sasuruan, genti-genti marapit, sandinging jempana, kang djawi tan uninga, kang putri awas ningali, dyan kawarnaha, wau Nabi Ibrahim.
  38. Nabi Ibrahim ningali wong langkung kathah, risaksana murugi, ing prenahe ika, ing ara-ara jembar, sang putri mangkya ningali, jempananira, pinarekaken nuli.
  39. Binalang saptangan dening Dewi Sara, katuju ambeneri, sumampir ing pundak, Nabi Ibrahim kagyat, ginubel kang para cethi, sang Dewi Sara, sampun malebeng puri.
  40. Sampun bubar sakathahe susuruhan, miwah wong ningali, wus mulih sadaya, kathah sami angucap, kang pinilih nini putri, wong tan karuan, pinangkane pinilih.
  41. Sampun kutur dateng sang raja Ngesam, yata Nabi Ibrahim, tinakenan nulya, dening sang nata Ngesam, sinten kang sinambat wangi, pundi pinangka, matur Nabi Ibrahim.
  42. Gih kawula punika kawulaning Hyang, titiyang saking babil, inggih namaningwang, Ibrahim kalilolah, lah punapa karya neki, paduka undang, lingipun sri bupati.
  43. Karanira Ibrahim sira sun undang, dene sira pinilih, maring putra ningwang, ingkang katuju manah, sira kang ginawe laki, kapundut sira, matur Nabi Ibrahim.
  44. Gih kawula purun yen tunggal agama, yen nora tunggal yekti, pan amba lenggana, kemengan sri narendra, dangu denira anggalih, angrasa awrat, salina ing agami.
  45. Angandika srinara nata Ngesam, sira uga Ibrahim, estu kumalancang, njaluk rusak kang tata, agama kang dingin-dingin, luluhuringwang, ingkang ingsun luluri.
  46. Risaksana sang putri miyarsa, jalukane Ibrahim, dateng sri narendra, ndjaluk tunggal agama, nanging sang nata tan apti, sang Dewi Sara, mareking rama nangis,
  47. Sang retna yu sarta angunus curiga, karsanipun sang putri, wau kang curiga, arsa tinancebena, ing sasirane pribadi, kang rama mulat, sigra den pelayoni.
  48. Sarwi ngucap aduh anak ingsun nyawa, buwangen krismu nini, rinangkuling yayah, rena sarwi angucap, apa sira jaluk nini, lah jajaluka, sira sun tekani.
  49. Ingsun turut nini sapanjalukira, memeng wau sang putri, yata nata Ngesam, wangsul ing palinggihan, ingayapa wong cethi, yata ngandikan, Ibrahim in narpati,
  50. Kaya apa Ibrahim agamanira, matur Nabi Ibrahim, angucap sahadat, anebut nama Allah, kang akarya bumi langit, lah angucapa, iki kalimah kalih.
  51. Pan as adu ala ilah hailalah hu, kalimah kaping kalih, wa as hadu ana Ibrahim kalilolah, tegese ingsun nakseni, satuhunira, tan ana Pangeran malih.
  52. Amung Allah Pangeran ingkang sinembah, lawan tegese malih, ing satuhunira, Ibrahim mitra ning Hyang, yata islam sri bupati, lan sarta nira, wau kang prameswari.
  53. Ingundangan sagunge tiyanging ngesam, geng alit djalu estri, sami nandang iman, brahala wus rinusak, ginempur tan ana keri, salin agama, anut Nabi Ibrahim.
  54. Wong ing kitha wong ing desa nandang iman, anut agami suci, wong ingkang lenggana, wong ing kitha wong ing desa, djinarah dera narpati, parentahira, sarengat kang kinanthi.

۞۞۞ PUPUH 12 ۞۞۞
K I N A N T H I

  1. Kawuwusa ta sang prabu, kalangkung denira bekti, ngedohi ingkang cinegah, pakoning Hyang den lakoni, jembaraken kang sarengat, agama Nabi Ibrahim.
  2. Ya ta mangke wus misuwur, arsa manggihaken putri, para mantri ingundangan, pan sampun samakta sami, panggihipun Dewi Sara, kalawan Nabi Ibrahim.
  3. Kalangkung pinundjung-pundjung, lir wong mantu angsal gusti, gawok sakehing tumingal, panggehipun nini putri, kang anama Dewi Sara, apanggih Nabi Ibrahim.
  4. Kapanggih ayu lan bagus, sarimbit cahya nelahi, tan ana ing kang kuciwa, sami brangti ing Hyang Widhi, rama ibu sami suka, ningali putra sarimbit,
  5. Ya ta mangke sanga prabu, mandhita bekti Hyang Widhi, arsa seren dateng putra, ing mantu Nabi Ibrahim, lingipun sri naranata, dumateng Nabi Ibrahim.
  6. Tuwan djumenenga ratu, lenggah ing Ngesam nagari, kawula arsa megawan, andika muktiya sami, nyakrawati bahudenda, kawula muji Hyang Widhi.
  7. Nabi Ibrahim amuwus, ta pa yun dadi narpati, dereng wonten karsaning Hyang, kalawan amba puniki, ingutus dening Pangeran, anyelamaken ing kapir.
  8. Amba pamit ing pukulun, mantuk ing nagari babil, dingin maksih sami kopar, tan idep sarengat sami, sami nembah ing brahala, mangke arsa sun lurugi,
  9. Ajujuluk raja Namrud, marentah para narpati, ing babil nagari nira, ratu Mahamba rasakti, yata kendel nata ing Ngesem, kemengan sri narapati.
  10. Ngandika mangke sang prabu, dateng punggawa santri, lah sira pada ngiringa, ing panutanira Nabi, punggawa mantri samakta, kang samya kapanci ngiring.
  11. Cinarita sang retnayu, adi murti nangis-nangis, tan purun mangke kantuna, kedah tumut laki gusti, Nabi Ibrahim semana, langkung kewedaning galih.
  12. Ingadeging rama ibu, kang putra tanapti kari, milu ing laki panutan, anggubul tansah bundeti, ing kuncaning pun kang raka, wau ing Nabi Ibrahim.
  13. Sotya balut tambah ayu, gelung lukar tambah manis, sasambat amelas arsa, piniyarsa garit ati, kang yayah rena ngandika, lah meluha aja nangis.
  14. Kalangkung pracayanipun, dumateng Nabi Ibrahim, ingsun pasrah ing Pangeran, kang akarya bumi langit, kang putra suka miyarsa, ing wuwuse rama kalih.
  15. Cinarita wus lumaku, wong Ngesam kang sami ngiring, sang retnayu Dewi Sara, sinelah sadjroning pethi, rakite kadi wong dagang, lampahe Nabi Ibrahim.
  16. Prapti ing nagari Humus, hamandeg mangkya ing margi, dening kang tengga paseban, tatakon isining pethi, lah apa ta isinira, dagangan sadjroning pethi.
  17. Lah bukanen ingsun dulu, ngandika Nabi Ibrahim, tan susah yen binukaha, kang tengga paseban angling, lah menawa isi wastra, nglingipun Nabi Ibrahim,
  18. Wastra pira beyanipun, manira yekti ngasungi, linge kang tengga paseban, menawi sutra kekeling, Nabi Ibrahim lon mojar, pira biyanipun sun sungi.
  19. Kang tengga beya amuwus, sun watara kancanadi, lawan malih sun watara, mutyara hinten widuri, Nabi Ibrahim lingira, sakarsa nira mastani.
  20. Panjalukira sun turut, nanging aja bukak pethi, risampunipun mangkana, bandar matur ing narpati, tinutur sapolahira, kagawokan sri bupati.
  21. Ngandika sang raja Humus, lah undangen dipun aglis, kang hingundangan sampun prapta, ingarsanira narpati, wus samya yun-ayunan, tinanya Nabi Ibrahim.
  22. Sinten sinambating arum, pinangkane saking pundi, lawan pundi kang sinedya, kang tinanya lingira ris, kawula tiyang ingesam, arsa ing nagara babil.
  23. Sira tanya namaningsun, kakasih Nabi Ibrahim, sang nata alon ngandika, bukaken isinen pethi, lah apa daganganira, ingsun pan arsa udani,
  24. Pinereng binuka sampun, kang pethi isi pawestri, duk tumingal sami mulat, cengeng sang nata ningali, lingipun sri nara nata, paran pawestri ning pethi.
  25. Nabi Ibrahim amuwus, pan puniku rabi mami, andikanira sang nata, sun urupane pawestri, rabiningsun pilihana, sadaya paningsun napti,
  26. Nabi Ibrahim amuwus, tan nedya urupan rabi, ngandikanipun sang nata, iku angsalira ngutil, sira liwat ing dedalan, den singidaken ing pethi.
  27. Pastine mangke sun pundut, karampas dening sun mangken, sang retnayu Dewi Sara, binekta malebu ing puri, tumurun sang iblis lanat, matur dateng bupati.
  28. Sang nata estri puniku, pantes dadi prameswari, ngulatanan mangsantuka, sang nata suka tan sipi, yata Djabrail prapta, ngarsaning Nabi Ibrahim.
  29. Jabarail lon amuwus, heh tuwan Nabi Ibrahim, asanget pangreksa tuwan, ing garwa tuwan sang putri, saking salah marma tuwan, tuwan seleh djroning pethi.
  30. Pangreksa tuwan tan kukuh, pami tuwan duk inguni, pasraha dateng Pangeran, rineksa dera Hyang Widhi, mapan tuwan reksa dewak, tuwan seleh djroning pethi.
  31. Nabi Ibrahim tumungkul, nalangsanipun tan sipi, anebut astah pirolah, sang Dewi Sara winarni, binekta sadjroning tilam, dumateng sadjroning srinarapati.
  32. Saksana kang radja Humus, asta ngayuh ing sang putri, nulya ciker astanira, sang nata wau anglirik, nulya ingkang netra wuta, Dewi Sara muwus aris.
  33. Tutugena sang prabu, karsanira maring mami, menawi sira tan wikan, hiya putri Ngesam mami, kang anama Dewi Sara, kang agarwa Nabi Ibrahim,
  34. Sang retnayu Sara matur, sana nata mendeg umatur, saking ambek kula gusti, nanging warasa kawula, mulya kadi wingi nguni, amba anuting parentah, sakarsa Nabi Ibrahim.
  35. Sang retnayumatur, mring Allah Kang Maha Suci, Pangeran kang luwih wikan, mulyakna ta sang adji, katrima panedahira, radja Humus mulya malih.
  36. Raja Humus lon umatur, dumateng sang radja putri, gusti ngaturken kawula, pangestri dadosa cethi, dumateng raka paduka, hing kandjeng Nabi Ibrahim.
  37. Asale pawestri iku, kawula manggih ing ngardi, tan kantenan wis manira, tan kuwawi anggaduhi, datan kena pinedakan, dening wong estri tan kenging.
  38. Lamun amba arsa ngrangkul, pan ciker asta ngong sisih, supami kawula ngaras, grana tumbung yen sun lirik, amoler netra kawula, pawestri sangar kepati.
  39. Dewi Anjar wastanipun, kawula tan purun gusti, kanggenan pun Dewi Anjar, mila kawula ngaturi, dumamateng raka andika, kang nama Nabi Ibrahim.
  40. Radja Humus mundjung-mundjung, dumateng sang nini putri, wuse ngaturaken enggal, dumateng Nabi Ibrahim, risampunipun mangkana, lumampah Nabi Ibrahim.
  41. Wusana kandege ngenu, Djabrail nulya prapti, bekti parmaning Pangeran, angandika Jabarail, tuwan kinen alerena, dening Hyang Kang Maha Suci.
  42. Tuwan kinen adedukuh, punika bumi aradin, winastan betal mukadas, toyanya sumber tur wening, anjrah sagung tataneman, pesetan kalangkung resik.
  43. Bendjang tuwan darbe turun, kawan leksa dadi Nabi, dening betal mukadas, dening pepakan pra Nabi, risampunipun mangkana, agriya Nabi Ibrahim.
  44. Akathah tiyang nunungsung, saking dusun kanan kering, pan sami lumebu islam, anuting agama suci, cinarita satus desa, kang anut Nabi Ibrahim.
  45. Anut ing sarengatipun, agama Nabi Ibrahim, miwah ing betal mukadas, padukuhan kangkung resmi, sinuceken ing Pangeran, wowohan taneman asri.
  46. Sumawana masdjidipun, panggenanipun ngabekti, kang sekar asri kaWuryan, surambi ngideran warih, sampuning ngalama-lama, wau ta Nabi Ibrahim.
  47. Anglurug dumateng babul, kaumipun sami ngiring, anda aprang sabilolah, ingiring Nabi Ibrahim, kaumipun kang saduman, atengga wisma ing wingking.

۞۞۞ PUPUH 13 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Ya ta ingkang sabilolah, wau ta kang nama Nabi Ibrahim, prapta ing nagari babul, sampun ajeng-ajengan, yata ngucap sakathahe wong babul, Ibrahim lawase lunga, mengko iki prapta malih.
  2. Kauming baitul mukadas, nora pisah lawan sakehe mukmin, tebeh lawan kaum babul, Nabi Ibrahim sigra, amarani dateng sang raja Namrud, Nabi Ibrahim angucap, dumateng srinarapati.
  3. Sang nata mangke tobata, lah salina agamanira dingin, heh ta sira raja Namrud, raja nembah brahala, sajatine brahala puniku wau, Pangeran kang siya-siya, iku uga durakani.
  4. Anebuta nama Allah, angucapa sira kalimah kalih, lailah hailalahu, Ibrahim kalillolah, estokna pangucap puniku wau, tan ana Pangeran liyan, ingkang sinembah pinudji.
  5. Ingalah kang pinangeran, kang sinembah kang dadeken sakalir, lah nebuta marang ingsun, Nabi mitraning Allah, dyan bramantya wau raja Namrud, wedanane winga-winga, talingan kadi sinebit.
  6. Tan payun lingin anuta, maring sira paningsun ora wedi, amungsuh kaya rupamu, lah pira balanira, pasthi rusak dening balaningsun uga, Ibrahim sira mundura, mengko sira sun pateni.
  7. Nabi Ibrahim lingira, nora mati yen rineksa Hyang Widhi, ngandika sang radja Namrud, Pangeranira pisan, ngendi nggone mapaning ingsun wani mungsuh, lawan pira balanira, Pangeranira Ibrahim.
  8. Nabi Ibrahim angucap, mongso sira kuwasa amedjahi, ing Allah Kang Maha luhur, sang radja Namrud mojar, sanggane Pangeranira sun djudjul, nadyan ana langit sapta, pan ingsun wani nglurugi.
  9. Radja Namrud arsa dandan, yata minggah dateng luhuring langit, animbali para nujum, wasi tabib jedjanggan, kinen karya papalang kang genya lungguh, ing tatebeng tinebengan, tatali sampun rinakit.
  10. Pan sampun cinancang samya, papalangan lawan peksi rajasi, agengipun punang manuk, sami kalawan unta, yen binabar elare lir tarup Agung, unine aserak-serak, warnane kadi suwari.
  11. Nudjum wawa wus nunggang, radja Namrud wus sikep djemparing, yata miber tan adangu, malesat ing gegana, silem ing luhuring bumi mega mendung, sang radja Namrud susumbar, lah paya tandingen djurit.
  12. Lah ta endi rupanira, metonono Pangerane Ibrahim, pinendjang gandewanipun, linepasaken sigra, marang luhuring langit pan datan kadulu, yata Djabrail prapta, anyandak punang djemparing.
  13. Allah Tangala ngandika, mring Djabrail lah mara ta aglis, sakathahe ulam eluh, pada sembelehana, lah alapen sakehe getihe iku, anulya ingalap sigra, getihe kinarya riris.
  14. Ya ta kang panah sinungan, lalandepe getih katuten daging tinibaken ngarsanipun, radja Namrud samana, suka-suka asurak sang raja Namrud, sarta kang para humatan, tenung djejangan wawasi.
  15. Kang paksi sampun lumarap, dupi mandap wau paksi redjasi, sang radja Namrud umedun, kang wadya tinuturan, yata surak kang wadya bala gumuruh, sri narendra Namrud sigra, nimbali Nabi Ibrahim.
  16. Ya ta sampun yun ayunan, radja Namrud lawan Nabi Ibrahim, angandika radja Namrud, Ibrahim wruhanira, paning mangke Pangeranira wus lampus, dangunipun susumbar, Pangeranmu tan metoni.
  17. Lah ta lamun metonono, ingsun arsa tanding ingadjurit, bayata adjrih maring sun, singidan ing akasa, ingsun panah Pangeranira katudju, kabeneran dening panah, baline katutan daging.
  18. Mapan ta Pangeranira, wus palastra balane aning ngendi, lawan pira kathahipun, nadya ngadua bala, sayektine pan akathah bala ningsun, ing kuris Bustam ngabesah, Ngerum Ngadjan bala mami.
  19. Sun kerik pepak sadaya, tan ketungan pan pirang-pirang kethi, pan tigang atus pandulu, pesagi hara-hara, yata Nabi Ibrahim asta djinundjung, ana neda ing Pangeran, Pangeran amba kang luwih,
  20. Sakathahe kaum kopar, lah tumpesen yen tan anut ing kami, yata Djabrail tumurun, bekta parmaning sukma, sapraptane djabrail mangke amuwus, katrima panedanira, dening Hyang kang Maha Suci.
  21. Wonten ta wau kang prapta, lamuk kathah anyokoti wong kapir, sanadyan cinokot lamuk, yen nedya tuwan, liniwatan nora nyokot punang nyamuk, Nabi Ibrahim ngandika, lah ta hiya lanat kapir,
  22. Ana bilahining sukma, maring sira antinen lanat kapir, pasthi mengko ana lamuk, bilahining Pangeran, maring sira kalamun sira tan anut, yekti lamuk amangsa, marang sira lanat kapir,
  23. Saking parmaning Pangeran, lamuk teka sesek nagari babil, lir ampak-ampak tumurun, yata geger suwaranya, wong sak praja pra sami horeg gumuruh, kathah kaum samya pejah, tan ana kang monggo pulih.
  24. Asemsambat bapa biyang, waduh-waduh tangis pating djalerit, sang radja Namrud lumayu, kalawan prameswara, apuyengan gegere ketekan lamuk, sang nata lawan prameswara, angungsi ing gedong wesi.
  25. Kinunci rapet semana, yata ana lamuk alit kakalih, cineblek malesat ngirung, mangan uteke nata, niba tangi sirahe kabentus-bentus, tan mbuh tingkahe nungsang-nungsang, raja Namrud mati kapir.
  26. Cinarita tigang dina, radja Namrud sakarate nguni, sapatine radja Namrud sakarine kang pedjah, sami tobating Nabi Ibrahim ateluk, akathah kang nandang iman, anut ing agama suci.
  27. Pan Nabi Ibrahim sigra, amarani ing yayah rena kalih, apanggih lan rama ibu, Nabi Ibrahim ngandika, rama ibu anuta agamaningsun, kang yayah rena angucap, lah anak ingsun Ibrahim.
  28. Kaliwata ingsun merang, yen manuta marang sira Ibrahim, dening sira anak ingsun, mapan ingsun wus tuwa, nora patut salin agamaningsun, mapan iya luhurira, ingkang ingsun wuri-wuri.
  29. Nabi Ibrahim ngandika, ing akerat keduwung ndika mbindjing, kang rama ibu sumaur, saudjar-udjarira, tekeng pati ora anut maring sunu, rama ibu dyan pinendang, yayah rena mati kapir.
  30. Risampunipun mangkana, sakathahe kaum manut agami, miwah desa liyanipun, sadaya wus miyarsa, yen ing babul rusak gempur dening lamuk, gengipun lamuk punika, sami lan paksi kedali.
  31. Kang kari idep sadaya, kang sarengat Nabi brahim, yata kesah saking babul, angreh adesa liyan, lampahe Nabi Ibrahim djinudjug, anenggih nagari Ngelam, wong Ngelam anut tumuli.
  32. Sampuning anut agama, desa Ngelam mentar Nabi Ibrahim, ingiring sakaumipun, prapta desa Redjaham, wong Redjaham pan sadasa sampun anut, mandjingi ing agama islam, anut ing Nabi Ibrahim.
  33. Risampuning anut sira, ing Redjaham dateng Nabi Ibrahim, saksana tinilar sampun karsa tuwan dawak, sayatose kawula tan darbe sanggup, Nabi Ibrahim ngandika, sun tarima sira yayi.
  34. Risampunipun mangkana, nini Anjar wau dipun timbali, dumateng ing ngarsanipun, Sarawuhnya ngayunan, Dewi Sara graita ing manahipun, kang waja pan thinithikan, pamrihe aja ngungkuli.
  35. Dumateng sarira nira, kang wedana alise den irisi, pinulas wedananipun peksane Dewi Sara, aja sira anglangkungi kaya ingsun, pan wus karsaning Pangeran, weduna sayimbuh manis,
  36. Risampunipun mangkana, cinarita Anjar sampun kinawin, sasampuning asih lulut, datenging Dewi Andjar, parmaning Hyang Dewi Andjar wuwuh ayu, katurunan ing nur buat, cahyanipun anelahi.
  37. Sang retna yu Dewi Sara, manah serik wau duk ningali, satingkah sapolahipun, wau ing Dewi Andjar, yata awrat lami-lami saya sepuh, Andjar sampun sangang wulan, sang Dewi suker ningali.
  38. Ya ta matur Dewi Sara, dateng ingkang raka Nabi Ibrahim, lah tuwan bekta agupuh, nini Andjar punika, suker deleng adja kumpul wismaning sun, Nabi Ibrahim saksana, bakda subuh pan lumaris.
  39. Anitih mangke unta, Dewi Andjar lawan Nabi Ibrahim, tan wonten kaum kang weruh, sampunipun mangkana, Dewi Anjar dawek anjaluka bagus, aning saluhuring unta, kang prenahing puser bumi.
  40. Punika ing bumi mekah, winastanan putra Nabi Ismail, Djabrail nulya rawuh, bekta parmaning sang Suksma, Sadadeng nagari Relal, desa Relal punika pan sampun teluk, sami anuting agama, sarengat Nabi Ibrahim.
  41. Ing Relal sampun tinilar, yata Nabi Ibrahim anglulugi, wadya bala ngiring sampun, prapta nagari Kelap, desa Kelap punika pan sampun teluk, sampun anuting agama, sarengat Nabi Ibrahim.
  42. Ing Kelap sampun tinilar, desa Djeran punika wus kalindih, desa Miskin sampun cunduk, manjing agama islam, wus tinilar bahama ing dusunipun, aran Namil kang nagara, kakasih sang radja Nani.
  43. Lumayu ngungsi ing wana, rabana ngili Sabala ngiring, nagari tinilar suwung, risampuning mangkana, lampahe Nabi Ibrahim wus rawuh, ing desa Betal Mukadas, pinapaking prameswari.
  44. Wus pinarak lenggah jajar, ingkang raka wau lawan kang rayi, langkung suka manahipun, Dewi Sara tumingal, ingkang raka ngiring boyongan Agung, bala kang ngiring saleksa, kang rayi suka angeti.
  45. Kang rayi matur ing raka, pan kawula angaturipun agi, estri pantebusaningsun, wasta pun Dewi Anjar, pan punika kalebu ing udjaringsun, yen tuwan menanga aprang, inggih ta pun agi mami.
  46. Anjar akuwu ken ningkah, lawan tuwan kang raka anauri, menawa sira restu, kaya ingudjarira, yen kelakon benjang temahipun, anduweni serik manah, pun anjar kalawa ami.
  47. Prameswari aturira, inggih boten sebab saking ambeki, yen supaminipun puniku, yen praptaning Djabrail sru amuwus, lah ta salame Pangeran, dateng tuwan Nabi Ibrahim,
  48. Putra tuwan nuduhana, maring siti biyang adja kari, saksana mangke amedun, saking luhuring unta, ngara-ara tan ana kayu kadulu, padang kalangkung awiyar, siyang panas dalu atis.Anjar kalangkung kasatan, arsa nginum nanging tan wonten warih, kalangkung masakatipun, Nabi Ibrahim mulat, maring Andjar wawekatan nemu banyu, Nabi Ibrahim semana, lunga angulati warih.
  49. Andjundjug ing gunung Marwan, gunung sanga papitu wali-wali, nanging nora nemu banyu, anjar anangis ika, tan mbuh tingkah nora kelar panasipun, sarwi mikul putranira, Ismail sineleh iki.
  50. Semana ta cinarita, nangis-nangis Ismail aning siti, mancal-mancal sukunipun, andedel-dedel lemah, yata medal sumber wening toyanipun, tur tawa asri kaWuryan, sigra anginum tumuli.
  51. Pan sarwi kinarya siram, lan Ismail dinulu wuwuh pekik, sumber tinutupan watu, kang sela tuna dungkap, anengahi kang watu kabyuring banyu, yata iline kang toya, amecah dados kekalih.
  52. Winastanan toya djam-djam, Dewi Anjar sukur maring Hyang Widhi, ningali karamatipun, wau dateng kang putra, cinarita ing kanan kirining dusun, miyarsa ing bumi Mekah, ana bebayi linuwih.
  53. Wong padesan kathah prapta, djalu estri sami ngatur-aturi, sapraptanira amuwus, lah sinten asma tuwan, lan malihipun dipinangkanipun, sumaur kang tinakenan, inggih kawula puniki.
  54. Titiyang Btal Mukadas, pun kawulanipun Nabi Ibrahim, ni Anjar kakasih ingsun, dene lare punika, ingkang nama Ismail miyosken banyu, sadjatine putranira, kang nama Nabi Ibrahim.
  55. Ya ta kang sagung miyarsa, sami bekti dateng Nabi Ismail, yata sami atur-atur, wastra myang dadaharan, kang satengah boyong anak rabinipun, milu wisma bumi Mekah, dadi padusunan asri.
  56. Nabi Ibrahim semana, angulati toya pan ora oleh, cinarita wau rawuh, aningali padesan, risaksana pun Anjar wau andulu, Nabi Ibrahim semana, langkung sukuring Hyang Widhi.
  57. Kang putra kinuswa-nuswa, langkung tresnanipun maring Ismail, yata lami-lami sampun, Nabi Ibrahim ika, kesah mring Betal Mukadas tan andangu, honeng dateng prameswara, kalangkung sihipun kalih.
  58. Yen wonten Betal Mukadas, honeng dateng putra Nabi Ismail, sampun prapta tan adangu, wus kapanggih kang putra, yata dumateng ing garwanipun, kang anama Dewi Sara, mring Betal Mukadas malih.
  59. Nabi Ibrahim semana, manah keron putra lan prameswari, kang nala tansah gumantung, marang putra kewala, Nabi Ismail kang dadi paraning kalbu, putrane amung satunggal, tresnanya tan den unduri.

۞۞۞ PUPUH 14 ۞۞۞
D U R M A

  1. Kawarnaha katurunan malaekat, mangkya Nabi Ibrahim, apanggih saksana, Djabrail lon ngucap, dumateng Nabi Ibrahim, tuwan tampiyo, andikane Hyang Widhi.
  2. Putra tuwan lah tuwan karyaha kurban, kang anama Ismail, sampun lah wong liyan, ingkang anembeleha, tuwan sembeleh pribadi, putra andika, ingkang tuwan kasihi.
  3. Den paragat gulune tengen lan kiwa, tuwan lah kadi pundi, mangkya karsa tuwan, punika karsaning Hyang, yen wonten atur upami, lah eca amba, matur dateng Hyang Widhi.
  4. Suka lilaha utawi mboten lilaha, lah inggih kadi pundi, yata aturira, Ibrahim ing Pangeran, sumonggo karsa Hyang Widhi, datan lenggana, anut karsa Hyang Widhi.
  5. Dumeh ane anak amba mung satunggal, kinarsaken Hyang Widhi, pedjah gesangira, tan kuwasa lenggana, ing lahir miwah ing batin, amba lir Sarah, kumambang aning wuri,
  6. Langkung-langkung karsaning kang murba ing alam, yata Nabi Ibrahim, apa jarining garwa, kang nama Dewi Sara, lingipun Nabi Ibrahim, lah wruhanira, anak ingsun Ngismail.
  7. Kinarsaken marang Hyang Maha mulya, ingsun kinen nyunati, kinarya akurban, Dewi Sara angucap, eman ta Nabi Ismangil, angur si Andjar, sinembeleha becik.
  8. Ya ta Nabi Ibrahim karsa lumampah, mring goning Nabi Ismangil, dumateng ing Mekah, amurugi kang putra, ingkang anama Ismangil, panggil ni Anjar, angling Nabi Ibrahim,
  9. Heh ta Anjar siramana putranira, anjar sigra ngedusi, sampuning dinusan, kang putra binusonan, sumunu cahya nelahi, kinanthi sigra, dening Nabi Ibrahim.
  10. Dewi Anjar matur sarwi awot sekar, tuwan bekta mring pundi, gusti putra tuwan, Nabi Ibrahim modjar, ingsun gawa amertami, mring bodjamina, ngandika Nabi Ibrahim.
  11. Anak ingsun payo sira ingsun bekta, lah lunga amertami, bojamina sira, risaksana lumampah, ing putra aning wuri, kang rama ngarsa, andudulur lumaris.
  12. Dewi Anjar ngater sawidjining lawang, kang putra den tingali, angiring kang rama, tumurun iblis lanat, kang ngrencana kang pakarti, kang pinanggiyan, ibunira Ismangil.
  13. Ya ta ngucap wau to kang iblis lanat, wruha tuwan puniki, inggih putra tuwan, binekteng ramanira, sanggupe kesah mertami, djatine ika, putra tuwan Ngismail.
  14. Sinembeleh ing rama kinarya kurban, sang Dewi anauri, hiya ngendi ana, wong anembeleh anak, sang iblis lanat nauri, kang linampahan, andikaning Hyang Widhi.
  15. Dewi Anjar alon denira wacana, yen karsaning Hyang Widhi, sukur sewu hiya, asrah ingsun ing Allah, iblis lanat nuli bali, nututi sigra, dateng Nabi Ismangil.
  16. Aglis prapta lampahe sang iblis lanat, ing wurine Ismangil, jawil sarwi ngucap, abibisik lon-lonan, Ismangil dipun bisiki, lah wruha tuwan, arsa dipun sunati.
  17. Mapan tuwan arsa kinarya kurban, angling Nabi Ismangil, hiya endi ana, uwong akurban anak, sang iblis lanat nauri, Allah Tangala, ingkang ngresaken ugi.
  18. Yata Nabi Ismangil mudji Pangeran, ya alkamdulilahi, Rabil ngalamina, pan sukur ingsun asrah, maring Hyang kang Maha Suci, nora rumongso, yen ingsun darbe urip.
  19. Ya ta Nabi Ismangil nututi rama, matur Nabi Ismangil, lah mandega tuwan, heh rama popoyana ngandika Nabi Ibrahim, lah mengko nyawa, sira ingsun poyani.
  20. Hiya ingsun kadawuhan dikaning Hyang, pan saking Djabrail, andawuhi karsa, maring ingsun nguni nyawa, anyawa kagyat sira kaki, pan sira uga, kinarsaken Hyang Widhi.
  21. Ingsun kinen anembeleh maring ing sira, kinarya kurban kaki, ature kang putra, awot sekar ing rama, lah inggih rama sumawi, amba punika sukalila ing Widhi.
  22. Allah ta daweg rama sampun kalayadan, parentahing Hyang Widhi, daweg dipun enggal, lah tuwan lampahana, mangkya prenahipun pundi, nembeleh amba, rama dipun lestari.
  23. Nanging ambalah tuwan sungana ana sela, sunkarya balang iblis, kanggoda rencana, mila cawisa sela, sun karya mbalangi iblis, yata ngandika, wau Nabi Ibrahim.
  24. Lah ta payo kaki maring bojamina, kono pangkoning Widhi, saksana lumampah, prapta ing bojamina, dyan matur Nabi Ngismail, suwawi rama, amba tuwan lekasi.
  25. Ya ta Nabi Ibrahim gupuh semana, sigra anarik cundrik, putra atur sembah, yen suwawi ta rama, kawula tuwan taleni, tinurut sigra, wus kukuh tali neki,
  26. Wuse ngiringaken wau putranira, sinembeleh tumuli, nanging nora pasah, Nabi Ismangil modjar, marmane tan pasah iki, tuwan tumingal, dateng rarahi kami.
  27. Rahi amba sampun tuwan tingalna, lah ta tuwan sasambi, milane tan pasah, sanget ing tresna tuwan, dateng amba puniki, wus sinaSaban, muselat tan kaeksi.
  28. Dyan ingayat sinembeleh nora pasah, matur Nabi Ismangil, lah tuwan ngungkurna, inggih dateng kawula, sampun tuwan tingali, menawi tuwan, mboten tahan ningali.
  29. Tuwan sembeleh sarwi mungkur kewala, yata Nabi Ibrahim, nulya mungkur sigra, anembeleh kang putra, sigra prapta Djabrail, ambekta menda, saking hing suwarga adi.
  30. Tuhu ageng lemu kang domba punika, ulesipun aputih, ireng ponang endas, wuse sinalenan menda, wau ta Nabi Ngismail, sanget den asta, kang rama yun nelasi,
  31. Sarwi mungkur Ibrahim pambelehira, ngarasa pasah kang cundrik, gulu tengen kiwa, sampun karaos tatas, anoleh Nabi Ibrahim, ningali sira, menda kang den kisasi,
  32. Ingkang cundrik pinarangaken ing sela, lebur tanpalari, Nabi angandika, dumateng cundrik ira, lah ngapaha sira cundrik, tedas ing sela, kalawan menda iki,
  33. Lah ngapaha tan tedas Ismangil sira, saking takdiring Widhi, dumateng cundrik ika, kuwasa djawab sabda, pakoning Hyang tedas kambing, kalawan sela, tan kinon tedas Ismangil.
  34. Djabrail sung salam sarwi ngucap, dateng Nabi Ibrahim, salam mring Pangeran, dumateng tuwan, pangandikane Hyang Widhi, dumateng tuwan, tuhu Nabi sinelir.
  35. Tinarima pasrah tuwan ing Pangeran, tan garantes ing galeh, sampuning mangkana, yata wonten taksaka, buntutipun mukul siti, medal sumberan, toyanipun awening.
  36. Ya ta Nabi Ibrahim mangkya asalat, prenah pinggiring warih, pan kawan rekangat, wektu luhur semana, angandika Djabrail, ing mangke tuwan, kinen dening Hyang Widhi.
  37. Kinarsaken tuwan akarya akakbah, ing mekah karya mandjing, dadosa minangka, adepe wong salat, saksana Nabi Ibrahim, maturing Allah, punapa amba kardi.
  38. Parmaning Hyang Djabrail nulya ngucap, inggih sela kinardi, angambila sela, ing sela, ing selane tursina, gunung djudah gunung djudi, tuwan usunga, karya pinggiring masdjit.
  39. Risaksana wau nulya linakonan, pan sampun karya masdjid, ing prenah kang rata, ing pinggir tinumpukan, binekta sela geng alit, wus temu gelang, pininggiran wus dadi.
  40. Gening salat ing masdjid punika andap, wusing undangan sami, sakathahe islam, kinon ngangge ngibadah, asalata aning masdjid, lan cinarita, wau Nabi Ibrahim.
  41. Lami-lami mantuk mring Betal Mukadas, apanggih prameswari, nama Dewi Sara, kapingin apeputra, yata Bagindha Ibrahim, pan pitung dina, siyam datan bukti.
  42. Parmaning Hyang Dewi Sara nulya wawrat, puputra djalu pekik, nama Nabi Iskak, kinamulening djalma, tuhu sih Nabi linuwih, kamantu ika, dening Nabi Lud singgih.
  43. Cinarita sampuning alama-lama, wau Nabi Ibrahim, apan katamuwan, titiyang kalih welas, sadaya anom tur pekik, binodjo krama, sekul ulame asri.
  44. Ya ta adahar tunggal kakepungan, dahar Nabi Ibrahim, dene tamunira, titiyang kalih welas, sadaya tan melu bukti, datang uninga, wau Nabi Ibrahim.
  45. Karanipun Nabi Ibrahim tan wikan, tumungkul denya bukti, milane mangkana, dimene adja wirang eca punang tetami, genipun dahar, dyan Dewi Sara angling.
  46. Heh ta Nabi Ibrahim tetamu tuwan, tan wonten melu bukti, nulya tininggalan, tuhu tan milu hadar, lingipun Nabi Ibrahim, lah karaneka, tuwan tan milu bukti.
  47. Delingipun tatamu kang kalih welas, kawula dede djanmi, djatine malaekat, dene lampah kawula, ingutus dera Hyang Widhi, kinen ngrusaka, dateng ing kaum kapir.
  48. Kang rinusak kaum kapir lanatulah, Nabi Lud tinulungi, milane kawula apanggih kalih tuwan, kinarsaken amba kampir, dening Pangeran, Nabi Ibrahim angling.
  49. Yen suwawi kawula melu ngiringa, para malaekat angling, langkung karsa tuwan, nanging tan pakeming Hyang, malekat arsa lumaris, rupa manungsa, bagus nom-noman sami.

۞۞۞ PUPUH 15 ۞۞۞
S I N O M

  1. Nabi Lud kang cinarita, manahipun angrudatin, tan ketung parentahira, pinampaning kaum kapir, kaum kang sami nyindik, kathahipun kawan ndusun, kang nama desa Ngedjam, desa Sudum kaping kalih, kaping tiga winastan dusun Redjasa.
  2. Kaum kang kawan ndasa, anantang parentah Nabi, langkung denya mulang Sarak, tan ana adjrih ing Nabi, lamun den parentahi, dumateng Baginda Helud, pan ambangkang kewala, tan patut kalayan djanmi, saya ndadra lacute wong patang desa.
  3. Mapan kalakuhanira, tan patut kalayan djanmi, luwih saking sato kewan, kapir djindik djadjemberi, adjimak ganti-ganti, andjamah sami ning kakung, lali marang wanita, wus samya karem kapati, denya jamah djinamah samining priya.
  4. Nabi Lud pan kewalahan, tan kedep denya sung peling, cinarita sampun lama, tan kena dipun wangsiti, langkung pegel kang galih, samana Baginda Helud, tan kedep parentahnya, mring kaum kapir kang djindik, kaum kapir kathahipun kawan desa.
  5. Sakethi malah langkunga, sagunge malaekat prapti, kathahipun kalih welas, sadaya arupa djanmi, samya apekik-pekik, sembada penganggonipun, titiyang kalih welas, dudulur mandjing lumaris, yata Nabi Ibrahim ngiring kadohan.
  6. Anganti djawining kitha, adangu denira nganti, ing lampahe malaekat, kang arsa angrusak kapir, kawan desa puniki, rinusak dera Hyang Agung, malekat kalih welas, lampahipun sampun prapti, ing wismane Nabi Lud sampun alenggah.
  7. Wus tata genipun lenggah, aning pendapa ing djawi, malaekat kalih welas, sami mindo-mindo janmi, warnane enom apkik, anudju Baginda Helud, sepi aneng pagagan, kantun putrane pawestri, tenggo wisma mau niku sumarara.
  8. Kang tengga wisma tumingal, ing tetamu nom pekik, kathahipun kalih welas, kusuma rara manggihi, tetamu samya angling, nini neda sukanipun, aneda parerenan, kang tengga wisma nauri, inggih sepi pun rama aneng pagagan.
  9. Yen wontena ramaningwang, asanggup rama nemoni, kawula suka uninga, titiyang ing dusun ngriki, pan sami kapir ndjindik, awon kalakuhanipun, nora layak ingucap, tiyang kawan ndesa kapir, tan adangu rawuh kang saking pagagan.
  10. Aprapta samya sun salam, saksana sami alinggih, Baginda Lud duk tumingal, suwarnane kang tetami, yata micara ing ati, sakahing tatamunipun, sami pekik sadaya, dadi upayen hudani, maring sakeh kapir ingkang kawan ndesa.
  11. Pastine yen djinamahan, mangkana kang pawestri, rabine Nabi Lud medal, mring tetangga ngambil geni, tutur-tuturing kapir, lamun mangke Bagindha Lud, ning wisma ketamuan, sami anampa pekik-pekik, yata kapir kang manah marwata suta.
  12. Tutur kanca pinaranan, kapir nguwu huwuh andjrit, dateng Bagindha Lud ika, asugal denira angling, wedalno den aglis, Bagindha Lud dedayahmu, lah mara den akebat, pan ingsun arsa udani, Nabi Lud nauri hasemu duka.
  13. Bagindha Lud wus lumampah, amarani lanat kapir, lah pada sira ilinga, atobata sira kapir, maring Hyang Maha Sutji, anuta agamaningsun, mandjing agama islam, adja sira kapir djindik, anebuta sira ing Allah Tangala.
  14. Lah adja djedjamah djinamah, samine djalu tan becik, baya angur sato kewan, lelaken djalu lan estri, pada tobata sami, maring Pangeran Kang Agung, yen sira mandjing islam, anak ingsun yu pawestri, maksih anom punika sira alapa.
  15. Sumaur sakehing kopar, mapan ingsun nora sudi, anakira pan wanudya, dudu kang ingsun karepi, sira darbe tatami, warnane anom abagus, kathahe kalih welas, sira wetokno nuli, dayohira iku pan arsa sun djamah.
  16. Lah yen djalu maring sira, Bagindha Lud anauri, mapan ingsun nora suka, yen djaluk tatamu mami, heh sira lanat kapir, binendon dera Hyang Agung, sakeh kapir bramantya, Nabi Lud sigra ginitik, Nabi Lud kinembulan kapir kathah.
  17. Nabi Lud kang sirah bentar, muncar slira gubrat getih, saksana tamu angucap, ya Nabi Lud srahna mami, lah sampun walang galih, wruhan ta sadjatosipun, amba iki malaekat mindo-mindo rupa djanmi, dyan tumurun malaekat kang kalih welas.
  18. Tumingal sakehing kopar, suka manahe tan sipi, polahe lir pindo buta, amamangsa minum getih, kapir sami marani, ing tatamu anom bagus, wau arsa nyikepa, sadaya arsa nyekeli, pra malaekat sadaya sigra tumandang.
  19. Tinupes sakehing kopar, mukanya belah apalih, uwang rampal sirah bentar, kang netra toler macicil, geger sakehing kapir, kang swara umyang gumuruh, lir pinusus wurahan, kapir prapta amiranti, samya ngepung tan wikan lamun malaekat.
  20. Kapir saya wuwuh kathah, prapta sikep ngepung djurit, tandange lir sardula, kapir sadaya ngrebut wani, kang mara-mara mati, ingkang mundur-mundur tatu, wangke susun atumpang, lir susulung lebu geni, nora suda saya maro lir karangrang.
  21. Kerigen sakeh ing kopar, kang lagi prapta ngembuli, tan ana monggo muliha, angandika Djabrail, tobata sira kapir, wong sepuluh nembah matur, inggih amba wus tobat, sadaya mandjing agami, ingkang samya rampal pra samya waluya.
  22. Kapir kathah-kathah ngucap, wong batur kanca pribadi, ingkang melu ing agama, payo pada den pateni, payo kinepung sami, malekat wau kinepung, wong kapir pirang-pirang, Djabrail angandika aris, heh Nabi Lud tuwan uga gumingsira.
  23. Sarta lawan kaum tuwan, putra tuwan sampun kari, hanging ta rubiyah tuwan, tilaren dimene kari, karanten kapir prapti, somah tuwan kang ngasung wruh, Nabi Lud wus lumampah, sakaum anak tan kari, Djabrail babar lar miyak ing kopar.
  24. Nabi Lud sampun medal, djawining kitha lumaris, Nabi Ibrahim semana, kapethuk melu sumingkir, munggah luhuring wukir, yata kapir kawan ndusun, kang ngepung malaekat, watara kapir sakethi, waktu padjar gumuruh sakehing kopar.
  25. Rinusak dening Pangeran, bumi punika winalik, kalawa alase pisan, bumi kawan ndesa Malik, kocap kang ana wukir, sadaya sami andulu, sumingep panonira, ningali bumi winalik, malaekat Djabrail ingkang ngatag.
  26. Ya ta kapir kawan ndesa, telas katangkepan bumi, lir pindah dina kiyamat, kapir nangis ting djalirit, pesiyasate kapir, ingkang mampang Baginda Lud, katangkepan praptala, sawidji tan ana kari, Baginda Lud Ibrahim tiba kasungsang.
  27. Sukune prawata rungkat, duk gunung ika katembir, kang aning luhuring arga, sami runtuh saking wukir, lamun dedeya Nabi, punika yekti gempur, karane nora rusak, sinonggo dening Djabrail, kawarnaha sagunge kapir kang sirna.
  28. Saking kodjate Pangeran, kapir katangkepan bumi, kawan ndesa cinarita, sami geseng kanang rarahi, toyane panas pahit, belah-belah sitinipun, samya lumampah nungsang, gulune binebet sami, dening sela ageng saking ing naraka.
  29. Tur binalenggu sakehnya, kapir nora kena mungsik, tangise angaruhara, wong sakethi ting djalerit, siksane kapir djindik, kalangkung sihasatipun, denya djamah djinamah, samining djalu duk ing nguni, paning mangke kapanggih siksaning Suksma.
  30. Kapir ingkang kawan desa, nora mati nora urip, sineleh ing bumi nungsang, linalara hing Hyang Widhi, cinaritaha Nabi, Ibrahim lawan Nabi Lud, wus sami papisahan, Nabi Ibrahim wus mulih, apapanggih kang garwa sang Dewi Sara.
  31. Tinutur sasolahira, gawokan sang Dewi miyarsi, rumangsa yen kagawokan, kodrating Hyang Maha Suci, yata Nabi Ibrahim ngumpulaken anak putu, aneng Betal Mukadas, pepak djalu lawan estri, ariwayat tuture ler gula drawa.

۞۞۞ PUPUH 16 ۞۞۞
D A N D H A N G G U L A

  1. Cinarita Baginda Ibrahim, mepak wau ing sakehing putra, miwah wayahipun kabeh, Ismangil sampun rawuh, Nabi Iskak sampun alinggih, sakehe para putra, kang garwa ning ngayun, pepakan Betal Mukadas, angandika wau ta Nabi Ibrahim, dateng ing putranira.
  2. Wruhanira anak putu mami, dene aku sinung kanugrahan, Pangeran kalangkung sihe, Allah paring djudjuluk, kalilullah sinungan malih, sun katurunan kitab, kathahe sapuluh, kasedahaning sarengat, ingkang tinut ing agama islam mami, putra Nuhun sadaya.
  3. Ya ta matur Baginda Ismangil, dateng rama pramila punapa, sinung nugrahan waune, kang rama lingira rum, hiya saking tigang prakawis, dingin pracaya ing Allah, tan anyipta ingsun, kang pinangan besuk ing wang, kapindone pan ingsun nora bukti, yen ora tatamuan.
  4. Ping tigane ing praniti mami, lamun ana karsaning Pangeran, nulya sun lakoni age, nadyan ewaha ingsun, lamun karyaningsun pribadi, sayekti sun atilar, gati mring Hyang Agung, karane ingaken netra, dening Allah iku kalakuhan mami, pada sira tiruha.
  5. Cinarita Baginda Ibrahim, sampun lenamatuk kramatolah, Betal Mukadas sinare, lawan malih winuwus, ingkang yuswa djeng Nabi brahim, lamining aning ndunya, satus sangang puluh, limang warsa Kawarnaha, antarane Nabi Nuh lan Nabi Brahim, ingetang lamineka.
  6. Sewu satus kawan ndasa warsi, katurunan Djabrail ika, Ibrahim ing sadjenenge, maleh ing patang puluh, lan kakalih Nabi Ibrahim, anenggih putra neka, kakalih cinatur, kang nama Bagindha Iskak, nurunaken dateng ing wong Bani Srail, kehe tanpa wilangan.
  7. Pira-pira kang dadi narpati, pira-pira kang dadi maksiyat, kang dadi Nabi pan akeh, lawan malih winuwus, ingkang nama Nabi Ismangil, anurunaken ika, bangsa Kures besuk, lan nurunaken nurbuat, kangjeng rasul kang dadi panutup Nabi, Mukamad kang mustapa.
  8. Sampunipun ta alami-lami, akocapa kang neda warisan, ing titilare ramane, neda pusakanipun, ingkang nama Nabi Ismangil, marek ing rayinira, Nabi Iskak iku, wus prapta Betal Mukadas, satingale keng raka lawan kang rayi, gupuh Bagindha Iskak.
  9. Uluk salam Baginda Ismangil, sinauran ing Baginda Iskak, sawuse tata linggihe, Nabi Ismangil muwus, inggih amba prapta ing ngriki, aneda ing pusaka, waris wiyosipun, titilare rama tuwan, Nabi Iskak saure isemu aruntik, boten kadiya tuwan.
  10. Punapaha kakang nedaa keris, ing pusaka tatilare rama, tan suka amba wiyose, mila tan suka ingsun, tuwan neda pusaka waris, dene ta Biibi Andjar, kawulaning ibu, utange pan dereng bayar, punapaha kakang Nabi Ismangil, kedah neda kerisan.
  11. Ya ta kendel Bagindha Ismangil, analangsa mangkya mring Pangeran, alara-lara tangise, Djabrail tumurun, yata bekta parmaning Widhi, Ismangilah menenga, sampun tuwan muhun, nur buata Nabi Adham, ingkang dateng ing Nabi Mukamad bendjing, pan terus maring tuwan.
  12. Angandika malaekat Ngidjrail, dateng mangkya wau Nabi Iskak, lah ta tuwan duk waune, agae laranipun, ingkang nama Bagindha Ismangil, tuwan angkuh kawula, sapa ngenanipun, yektine sakit kang manah, wruhan tuwan anak putu tuwan bendjing, akeh dadi kawula.
  13. Bendjing turune Nabi Ismangil, asihing Hyang kang nama Mukamad, luwih saking Nabi kabeh, turun tumurun ing besuk, anglawana prang adjurit, kalah djinarah dadya, kawula ing besuk, Baginda Iskak samana, analangsa neda ngapura Hyang Widhi, sanget ing tobatira.
  14. Risaksana Djabrail prapti, sarwi bekta parmaning Pangeran, dyan Djabrail wuwuse, kendela adja muwun, tinarima tobat ing Widhi, tuwan Baginda Iskak, pan sinungan besuk, nurunaken Nabi mursal, cinarita Baginda Iskak ngemasi, mantuk ing rahmatolah.
  15. Ingkang yuswa tigang astus nenggih, pan sinare ing Betal Mukadas, kakalih iku putrane, wasta Hekil kang sepuh, Nabi Yakup kang wuragil, patutan saking putra; nipun Bagindha Lud, dene pun Hekil punika, ingkang dadya anata desa parasi, Nabi Yakup winarna.
  16. Ingkang garwa pipitu winarni, ingkang putra apan kalih welas, pra samya djalu putrane, Yahuda lan semangun, lawan Yasdjaro Yalun Robil, djedun lan lawe ika, Djanah lawan Yusup, pun badan lawan naleka, para putra sadaya pan samekta, pilih kang tumandinga.
  17. Nabi Yakup yata mangun djurit, mungsuha lawan radja Melaka, Yakup mung bala putrane, radja kapir kawuwus, tuhu radja Melaka kibir, pan angaku Pangeran, Agung balanipun, pan sakethi kalih leksa, nora arsa tumuta agama suci, Nabi Yakup ngandika.
  18. Atobata sira lanat kapir, lah anuta ing agama islam, anuta ing sarengate, Nabi Ibrahim iku, anebuta nama Hyang Widhi, angling radja Melaka, ingsun nora anut, angur sira mangerana, maring ingsun anuta ing laku mami, anembah ing brahala.
  19. Nabi Yakup bramantya tan sipi, wus rinusak sakathahe kopar, nandang iman sakarine, anut parentahipun, Nabi Yakup anut agami, Ibrahim kalilolah, pan winarni sampun, ing satataning sarengat, sakathahe kaum kang mandjing agami, sadaya pan kasmaran.

۞۞۞ PUPUH 17 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Kang putra Yakup kawarni, Nabi Yusup namanira, yata titiga kadange, pangestri kalawan priya, buyamina manira, djenah lan Bagindha Yusup, ingkang tunggal ibu Sabapa.
  2. Sanak tunggal rama neki, sadasa gagah prakosa, sanak kang sepuh namane, Yahuda Rabil kang nama, Semangun lawe ika, Roya bun Rabil namiku, pun Badan lawan Naleka.
  3. Lan Djadun sinambat wangi, lawa narsa namanira, nanging tan ana samine, Baginda Yusup kang rupa, tuhu yen pekik dawak, tinilar seda kang ibu, atilar putra titiga.
  4. Cinarita langkung pekik, Nabi Yusup namanira, tanpa tandingan baguse, saidering kang buwana, tan onten kang kuciwa, pasalirani pun alus, miwah ing pakartinira.
  5. Pamulu lir mas sinangling, miwah pancereng wedana, kadi sasi purnamane, ing kapat kartika padang, wadja yayah mutyara, eseme apahit djuruh, kadya madu pinasthika.
  6. Liriking netra amanis, pasadja lelewanira, amantesi sak solahe, aluwes terusing manah, sinihaning Pangeran, ginunggung dera Hyang Agung, sakti tur branteng Pangeran.
  7. Sampun alami-lami, Nabi Yusup sampun wayah, rolas tahun ta umure, ing dalu iku anendra, salebeting anendra, angimpi Baginda Yusup, aningali mangke sira.
  8. Angimpi sira ningali, srengenge kalawan wulan, lintang sawelas rowange, katingal sudjud sadaya, nudju malem djumungah, kala mimpi Nabi Yusup, wau murub katingalan.
  9. Tangi matur rama neki, heh rama mimpi kawula, ningali wulan srengenge, kalawan lintang sawelas, Nabi Yakup ngandika, lah menenga anak ingsun, adja umum impenira.
  10. Kang rama amituturi, wahanane impenira, wruhanira anak ingong, dadi ratu tembe sira, sakehe kadangira, kawisesa ing sireku, kabeh para sanakira.
  11. Lintang kang sawelas bendjing, wahananing sanakira, dene wulan wahanane, besuk tembe yayahira, wulan pan ibunira, adja mamang anakingsun, kabeh sudjud marang sira.
  12. Tatkalane Yusup nguni, padjar impen dateng rama, tan ana wong wruh amangke, namung prameswarinira, Nabi Yakup kang wikan, pan ibu kuwalonipun, Nabi Yusup ingkang wikan.
  13. Putranipun den poyani, kang nama Semangun ika, Semangun pajar sanake, kumpul lan sanak sadaya, samya mangkya rarasan, ing griya sanak panggulu, kang nama Rabil punika.
  14. Yusup kang ginunem sami, dening para kadangira, wus pambug pagunemane, hapti mangkya matenana, ing Yusup kang pranakan sanak, sadaya samya anggrubut, akarya prenah upaya.
  15. Kadang sangsaya drengki, andatangaken sakarsa, amit cidra sangkana, Yusup tebaha kang rama, samya pangkata sira, marik dateng rama sampun, Nabi Yusup tineda.
  16. Ingadjak angona kambing, samya mangke ambebedak, wus sinung dening ramane, binekta lunga saksana, wau meh prapteng rama, anuturi Nabi Yakup, sarwi angun tepi marga.
  17. Wanti-wanti amengeti Baginda Yakup ing putra, pada rumeksaha kabeh, lah pama adjwa pepeka, kaliwat marmaningwang, menawa anak ingsun, cinabak ha asu alas.
  18. Samana Yusup sinunggi, ginanti panyungginira ginilir para kadange, tatkalaning katon kang rama, wus tebih tan katingal, Yusup dening ramanipun, liwat satengahing
  19. Ya ta lampahe lumaris, saya tebih lampahira, wus tebih saking prenahe Bagindha Yusup punika, sarawuhipun wana, samya rahya tan asantun, anglekasi rembugira.
  20. Sampuning mangkana nuli, Nabi Yusup sinangsara, ning wana dening kadange, sineret ding imbal, ingunusaken pedang, dening Semangun lumayu, angungsi sanaking liyan.
  21. Ika pan arsa mateni, kabeh samya ngunus pedang, kabuhan Yusup manahe, mesem Nabi Yusup mulat, ing kadange sadaya, sinapa dening pun Yahud, Baginda Yusup punika.
  22. Yahud apitaken aris, lah Yusup ngapaha sira, mesem duk arsa pinaten, lah apa karane sira, Yusup pamesemira, sumaur Baginda Yusup, ing kadangipun sadaya.
  23. Karannya pamesemami, ana semune Pangeran, Semangun alon wuwuse, apa semune Pangeran, ingkang prapta ing sira, sumaur Baginda Yusup, kawula ngandeling sanak.
  24. Kapracayan ati mami, rineksa kadang sadaya, kalangkung pracayaningong, katungkul ngandeling sanak, duhat kaliruningwang, tan kadiya awak ingsun, tan ngandel pangreksaning Hyang.
  25. Ing mangke kaweleh kami, kapiyandelen ta ingwang, tan pracaya ing Hyang Manon, yata tiniban dening Hyang, sih sanaking atuwa, dadya welas Nabi Yusup, iya sun kukuhi sira.
  26. Para kadang samya angling, dateng sanaking atuwa, lah punapa to karane, hanguwahi pangubaya, inguni tan mangkana, Yahuda mangkya sumaur, nora sinangka duduha.
  27. Hing wong kang ngowahi djandji, ala nora yen duduwa, lamun maksa supamine, arsa amateni sira, sayektine sun tan suka, yen sira mateni Yusup, ingsun ing belanana.
  28. Meneng samya salin djandji, kabeh rembug sanakira, linebokaken kersane, jroning sumur telaga, risaksana lumampah, tan kawarnaha hing enu, prapta goneng kang sinedya.
  29. Mangkana Yusup tumuli, linebokaken ning telaga, pinernahaken kedunge, semana Yusup lumampah, sedakep mengkul djadja, menggah ta Baginda Yusup, sarwi angudud ambekan.
  30. Nabi Yusup tan kawarni, kocapa kang para sanak, rarasan wus rembug kabeh, pahekanira tan pajar, dumateng ramanira, yen sampun Baginda Yusup, pinangan neng asu alas.
  31. Tingkah cidra kang pakarti, sangkane tan kapindoha, kalambine Yusup mangka, ingusapan rahing mendo, minangka cihnanira, yen sampun Baginda Yusup, pinangan asu alas.
  32. Pan nangis sarta wawarti, analeteh milanira, samya lepasan maune, manira atatowokan, kantun pun Yusup dawak, babek kabeh den tunggu, tan wikan tinebak macan.
  33. Badinda Yakup miyarsi, ing wartane putranira, sawengi lara tangise, Yusup kang sinambat-sambat, miwah baya minika, sanak estri muhun asru, malah kang rama kuntaka.
  34. Nabi Yakup tangi linggih, tumon putra nering ngarsa, Baginda Yakup muwuse, apa estu wartanira, Yusup pinangan sima, matura sawecanipun, kaki sira marang ingwang.
  35. Ya ta tiningalan keni, kelambi Yusup ika, kutah getih kelambine, tan sebit wutuh semana, Nabi Yakup tumingal, ing kulambi maksih wutuh, menggah kewedan ing ndriya.
  36. Para putra matur malih, dumateng ing ramaika, heh rama amba sikepe, kang asu alas punika, Baginda Yakup modjar, lah hiya sikep pen lamun, kena aturna mring wang.
  37. Kang putra mangkat tumuli, amburu asu alas, yata amanggih lampahe, nudju asu alas tuwa, wus gugruk untunira, sinikep tinaleh gupuh, ingaturan ing rama.
  38. Nabi Yakup ana keni, ing asu alas punika, heh macan sira manggene, amangan lare lit ika, nora awelas sira, amangan ing anaking sun, kaliwat si alannira.
  39. Saking titahing Hyang Widhi, punang asu alas ika, djana ingature, mring Nabi Yakup semana, ature asu alas, datan ambukti ambeku, dumatenging putra tuwan.
  40. Saking ing daging ing Nabi, mugi karamba buktiya, lah muga antuka ingong, dukaning Hyang yen buktiya, datenging putra tuwan, kang nama Baginda Yusup, kadya ture putra tuwan.
  41. Nabi Yakup tan kawarni, cinarita putraneka, Baginda Yusup lamine, tigang ndina aning tela, yata wonten wong dagang, sira Malek aranipun, mangkya anakira dahar.
  42. Dandanan sampun rinakit, kang nama Malik punika, dagangan kathah warnane, tebusa ingkang tumandang, winataken ing unta, salireng daganganipun, saksana nulya lumampah.
  43. Anudju ing bumi miskin, rawuh ing bumi kenahan, ning hara-hara areren, angaup soring wareksa, nudju kirangan toya, djuragan Malil angutus, angambil toya telaga.
  44. Kang dinuta wus lumaris, kang aran Basir punika, sampun cinangking timbane, gondo Nabi Yusup kongas, kasilir samirana, maletuk gondonya arum amriksa sumur satelaga.
  45. Cinarita Yusup lagi, angilo dulu kang rupa, anggunggung mudji baguse, angucap djroning wardaya, yen ingsun winadya, sapa kang wani ya tuku, ing regane bagusing wang.
  46. Djabrail nulya prapti, ngarsa Yusup sarwi ngucap, antinen sadina mengko, karuhane rega tuwan, yekti mangke kantenan, rega tuwan Nabi Yusup, Djabrail nulya musna.
  47. Ya ta timbanipun Basir, linebokaken to sigra, ginondol lan tataline, Basir nulya narik timba, sinengguh isi toya, pun Basir ika andulu, nimba oleh lare pelak.
  48. Ingaturaken tumuli, dumateng ing gustinira, pun Malik suka manahe, saksana lare punika, ngunggaken luhuring unta, yata Malik lumaku, cinarita para kadang.
  49. Sadaya pan sami prapti, arsa mangkya titilika, hing Nabi Yusup aning djro, ning telaga tingal neka, asepi nora nana, saksana mangkya andulu, kabekta maring wong dagang.
  50. Para kadange nututi, ingandeg lakuning wong dagang, heh dagang apa karane, kawulaningsun den gawa, kang aning djroning telaga, aglis wetokno lamun, tan aweh sun tumpes sira.
  51. Pangucape awor runtik, wedana bang winga-winga, wonga dagang satinggale, gumeter awedi sira, sinrahaken saksana, sinendal Baginda Yusup, dening sanaking atuwa.
  52. Kang nama Yahuda nuli, Yusup binekta ing simpar, kang para kadang wuwuse, heh Yusup yan arep sira, saha saking telaga, ngakua kawulaning ingsun, poma kaki wekasingwang.
  53. Baginda Yusup nanggupi, sarwi tumungkul angucap, sun turut kakang karsane, mangka sun ngaku kawula, tinawakaken sigra, dening sanak tuwa sampun, katebusa ing adagang.
  54. Kang dagang umatur adjrih, sumahur saking kadohan, inggih ta pira regane, kawula tuwan punika, manira kang nebusa, kang para kadang sumahur, pira si reganing bocah.
  55. Agung wadine lare ki, kang dagang nulya antaya, inggih punapa wadime, wruhanira palenyokan, utilan lan paminggatan, kang adagang lon amuwus, amba katelasan dirham.
  56. Amung kantun dirham mami, bergeda tur tatampikan, lingipun para sanake, hiya endi dirhamira, ingsun arsa uninga, sinungaken tan adangu, dirham wolulas tinampa.
  57. Ingkang dirham dinum sami, dening para sanak neka, sanak ingkang tuwa dewe, ika tan panyindum duman, ingkang nama Yahuda, mangkana ta Nabi Yusup, nalangsa maring Pangeran.
  58. Sanak tan wruh rupa djati, tinutup dening Pangeran, hanging rama wruh jatine, ing rupa pekik kalintang, ing cahya kang gumilang, temah asih ramanipun, mung Yusup telenging ndriya.
  59. Ya ta wong dagang nuli, amung surating panumbas, miwah ta ingkang awade, asung surating adagang, Nabi Yusup binekta, dening wong adagang wau kang wade, nulya mamekas.
  60. Ing wong dagang wanti-wanti, lah pacuwan talenana, rareku akeh celane, paminggatan palinyokan, pama ajwa pepeka, menawi ika lumayu, yata sampun kur-akurun.
  61. Para dagang kang kawarni, gagetun wardayanira, kagugu salah polahe, anangis kalara-lara, tan mbuh ing polahira, dene wade Nabi Yusup, kaduwung ing polah neka.
  62. Yen nora sangete adjrih, dumateng ing ramanira, lir winangsulken age, Baginda Yusup ing rama, ciptanya ingkang manah, wus tebih Baginda Yusup, binekta dening wong dagang.
  63. Yusup nulya den lekasi, welinge kang wade kuna, wus rinaket pirantine, yata binalenggu enggal, aning luhuring unta, den wor lan titiyangipun, lan barang-barang dagangan.
  64. Ya ta lampahe lestari, djuragan Malik punika, dumateng Mesir sedyane, tengah wengi prapting griya, beneri djarat neka, ibune Baginda Yusup, tumurun saking tunggangan.
  65. Baginda Yusup uprapti, ing radjati ibunira, anangis kathah sambate, ibu kawula apisah, kalawan ramaningwang, sapungkure rama ibu, kenging bilahi kawula.
  66. Ginanti ginutuk kami, hingimbal tinepak-tepak, sapa kang asiha mringong, yen dedeya ibu amba, Yusup angrurus wara, hing Yusup saking djro kubur, hangucap ing Yusup ika.
  67. Aduh anakingsun mami, gantilaning atiningwang, maksih tangeh lalakone, Baginda Yusup amiyarsa, swarane ibunira, kantaka Baginda Yusup, kocapa besi kelangan.
  68. Anulya matur ing gusti, kang nama Malik punika, lare sun tan wruh parane, palayune tan karuwan, sun ulati tan ana, mandeg sira Malik sampun, aken samya ngulatana.
  69. Ajwa ana sira lumaris, mandeg kabeh ta sira, nulya aken titiyange, ing besik kang nama pelak, angulari saksana, Baginda Yusup katemu, dining besi arane pelak.
  70. Anulya dipun parani, Baginda Yusup cinandak, kalangkung sinangsarane, sineret tinepak-tepak, sarta denuma uman, bener warahe gustimu, palinyokan paminggatan.
  71. Gustimu dingin wawarti, tan sun idep mangke sira, bener gustimu tuture, palinyokan paminggatan, iki tandane sira, sumahur Baginda Yusup, nora sedya sun minggata.
  72. Munggaha sih nemua kami, dukaning Hyang yen minggata, lagi angunjungi ingong, ing djarate ibuningwang, yata dipun sangkala, ngunggahaken unta sampun, tan kena nolehing wuntat.

۞۞۞ PUPUH 18 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Hangenenga sang adagang, akocapa Nabi Yusup angrudatin, munadjad Baginda Yusup, naneda ing Pangeran, ya Pangeran sakhatahe dosaningsun, tuwan ingkang ngapuraha, kawikan dosaning dasih.
  2. Tinarima panedanya, ya ana dutaning Hyang kang prapti, Djabaril lengah ngayun, uluk salam angucap, paran karsa tuwan ning bumi pukulun, Baginda Yusup lingira, Pangeran uga kang luwih.
  3. Kang wikan ning dasih neka, anging Allah kang sipat bener ugi, Djabrail lon amuwus, lah sampun tuwan mamang, sinembadan tuwan neda ing Hyang Agung, Djabrail mukul bumiya, dadi atemahan adhi.
  4. Udan angin kukus rata, peteng awor udan awu karikil, watara satiganipun paksi genge kang udan, penyanane dagang kadya manggih kewuh, pangulune dagang modjar, ingkang nama sira Malik.
  5. Heh rowang sapa anandang, dosa sira tobata mumpung mangkin, dereng tumiba kang kewuh, yata sami angucap, ponang besi angucaping gustinipun, nggih kawula nandang dosa, angucap ta sira Makil.
  6. Paran besi dosanira, aturipun besi manireng nguni, amilarsa mring rareku, yata kinon denira, Malik kinen aneda ngapura sampun, pun Malik milu lumampah, pangapura ngasih-asih.
  7. Saksana Yusup naneda, hing Pangeran ilangena bilahi, tinarima Nabi Yusup, angling kap surya medal, yata padang wus ilang kang mega mendung, pun Malik guguk lingira, parik sira ing Hyang kaki.
  8. Malik aken nguculana, balenggune Yusup wus lekasi, sinung anggen-anggen sampun, dodot kula binastia, becik-becik kinen lumampah ing ngayun, sami ngiring-ngiring puna, adagang lumampah wuri.
  9. Datan kawarna ing marga, desa tesan wau pan sampun prapti, wong desa estri djalu, sami gawok amulat, rare pekik ing rupanipun kalangkung, miwah tingkah pari polah, hira kagawokan sami.
  10. Djeng ngarsa kehe tumingal, ing rupane Baginda Yusup pekik, pawestri kang andulu, takon pinangkanira, saking pundi lampah dika wong binagus, sadaya samya atanya, wong djroning desa sami kapir.
  11. Sapraptanipun Baginda, Yusup samya anggawa iman teki, saking brekat Nabi Yusup, kang brahala rirusak, ginitikan kang brahala mapan gempur, mandjing islam wong djroning desa, anut ing agama sutji.
  12. Sigra mentar saking desa, prapteng desa Kudus, mandeg sireki, kocapa ratu ning Kudus, angimpi ana ngucap, ana wong anem apekik mene rawuh, prapti desa bendjing-endjing, ing desanipun narpati.
  13. Hupasubanen denira, sopokoneh hidepen iku luwih, poma ywa pepeka lamun, prapta lah suguhan, sawunguning sang nata punika gupuh, arsa dipun lampahana, pakene wau kang kepi.
  14. Akekasih ratu Jihan, yata endjing Baginda Yusup prapti, ing djroning desa puniku, kawarta ing sang nata, yata kirim nawala patra sang prabu, dateng sira kang adagang, kang nama juragan Malik.
  15. Kang dinuta prapta ngucap, dateng sira wau juragan Malik, antuk ira rare iku, apekik puranira, lah bektanen tinimbalan ing sang prabu, mapan arsa uningaha, ing rare kang luwih pekik.
  16. Ya ta Malik aglis ngangkat, arsa marik dateng sri narapati, kocapa mangke sang prabu, aken ning para garwa, anak dara sakleksa kaleh ewu, paes nganggo-nganggo samya, angrasuk busana adi.
  17. Pipilihan wong wuwudjang, wong sak leksa rong ewu becik-becik, hagegelang akekalung, binuka sri pradaka, hemer kendit kalpika sasotya murub, mirah widuri mutyara, djumanten kusya rahadi.
  18. Baginda Yusup kocapa nulya siram tapak pinoleng nguni, dening punang besi sampun, asiram ing bengawan, kawuwusa sakathahing ulam rawuh, amarani cahya neka, Baginda Yusup nelahi.
  19. Utusanipun sang nata, atur wastra ing Yusup wus tinampi, tan supe Baginda Yusup, dateng sang Hyang Wisesa, sung papahes dateng mangke Baginda Yusup, sampuning sareban desthar, munggah ing unta tumuli.
  20. Lumampah dateng ing pura, arsa marik dateng sri narapati, yata marik tan asantun, Yusup dateng sang nata, sri narendra ngacarani ken alungguh, sampun sira ingayunan, mangkya sang sri narapati.
  21. Baginda Yusup punika, lenggah jajar lawan juragan Malik, ingarsanipun sang prabu, yata satingal neka, kagawokan sang nata ing Nabi Yusup, pekik ing cahya kalintang cahyanipun anelahi.
  22. Wadya bala kagawokan, denya mulat ing Yusup rupa pekik, sang nata alon amuwus, tetanya ing adagang, heh ta dagang endi ta pangulunipun, aturipun wong adagang, atuduh ing sira Malik.
  23. Kaget sang nata atanya, kagawokan nyananira narpati, Baginda Yusup pangulu, yata ing ngupayaha, Nabi Yusup sinuba-suba kalangkung, denipun sri naranata, lumintu saking djro puri.
  24. Boja kramaning sang nata, anglangkung tuhu dateng mertami, Baginda Yusup kawuwus, sih mulane Pangeran, nurunake malaekat kalih atus, sami asikep sanjata, sami rumeksa angiring.
  25. Tan weneh nata tumingal, saya wuwuh kemanisen narpati, angucaping Nabi Yusup, ing nguni pun supena, ana ngucap kinen angidepa iku, sun kinen ngupa subaha, ing rare pekik kang prapti.
  26. Mangke ta sakarsanira, idepingwang Baginda Yusup angling, wawekas ingsun sang prabu, ajwa nembah brahala, ajwa maro Pangeran supaya luput, sira ing api naraka, punika wawekas mami.
  27. Kang brahala sudjud samiya, mring Baginda Yusup tan asari, aniba dawak tur rempu, sang nata gawok mulad, dadya islam sang nata wau mituhu, ing Baginda Yusup ika, lir gusti tinami-tami.
  28. Sarta Malik ginantenan, sak rowange tinami-tami, sasadjen medal aselur, wau kang papundutan, rarampadan sekul ulam sungsun-sungsun, nyamikan kawowohan, genti selur warni-warni.
  29. Sang nata ngucap ing nala, paran boya margane ingsun iki, darbe djimat Nabi Yusup, aning Kudus nagara, ingsun teda kalakon Nabi Yusup, ana anegaraningwang, kalintang kapingin mami.
  30. Sang nata akenning bala, angadanga Nabi Yusup ning margi, wong sak leksa kalih ewu, samya nitih turangga, sakathahe kang kinen sami anggrugut, pan apta malayok ena, Baginda Yusup ning margi.
  31. Sampuning mangka mentar, kang adagang Nabi Yusup tan kari, yata kepapak ing ngenu, dening balaning nata, samya nitih turangga samya katemu, sapaningale Baginda, Yusup cengeng tiba ing siti.
  32. Risampunipun mangkana, Baginda Yusup lampahipun lestari, datan kawarna ngenu, ing Mesir sampun prapta, djalu estri kasmaraning Nabi Yusup, djedjel sami arantaban, wismaning djuragan Malik.
  33. Wong djroning desa sami brangta, ngrungu warta ana anom pekik, wong kang aningali selur, atakon tinakonan, yo ing ngendi aran Malik wismanipun, sumaur kang tinakonan, ingsun yo kapingin uning.
  34. Mendahane yen sampuna, tumingala warta kewala lagi, wong nagari Mesir bingung, ageng alit semana, tuwa anom miwah estri lawan djalu, sadaya brangta kasmaran, ing Pangeran malah lali.
  35. Punang paksi asrang-srangan, girang-girang tumon sang wau pawestri, kang sari kusuma nungsung, tanpa nedengeng sekar, lagi konyas gandanipun Nabi Yusup, mapan sinungan ika, dening Hyang bumi Mesir.
  36. Sampuning mangka prapta, wong tumingal ing griyanipun Malik, endjing sonten apan rawuh, sakehe wong nagara, wong ing desa Mesir mandjing wismanipun, supenuh tanpa wilangan, kederan omahe Malik.
  37. Yaa ta Malik angrasa, kasukeren dening seseg atindih, akehing titiyangipun, anontona ing djaba, Yusup medal seseg dedeg kang andulu, lali wisma sowang-sowang, kasmaraning rupa pekik.
  38. Sakehe wong kang tumingal, lali anak lali ing laki rabi, lali kadang warganipun, tanpa ngrungu tinanya, kang dereng wikan maring Baginda Yusup, kang wruh sira geng kasmaran, sakehing kang ningali.
  39. Ya ta Malik mangkya ngucap, sapa arep anebus ing rareki, kang tinawanan mangu, tan kuwasa angucap, sami cengeng ningali Baginda Yusup, tan kuwasa anganyanga, tingale tan den unduri.

۞۞۞ PUPUH 19 ۞۞۞
D U R M A

  1. Henengna sakehe wong kang tumingal, wonten kocapa malih, putra adi temas, akekasih Djaleka, sugih wayah sangang warsi, putra Djaleka, ayu kaloking bumi.
  2. Risampuning mangkana puti Djaleka, cinarita angimpi, ningali Baginda, Yusup asru kalintang, pupungun nengbranta kingkin, djroning supena, wau sang putri adi.
  3. Sawungune kagetunaning manahira, awenes engsemu brangti, yata endjing-endjing, prapta ing ibunira, sinapa wau sang putri, karane sira, awenesemu brangti.
  4. Nembah matur wau sang putri Djaleka, inggih kawula wengi, angimpi tumingal, ing wong pekik kaliwat, rupane datanpa tanding, dereng amulat, kadi rupa sang kepi.
  5. Karanipun ki ageng brangta ngarang, kangen kang kepi wengi, yayah rena ngucap, duh nyawa anak ingwang, ajwa sira ageng branti, yen si anaha, ing warnane sang kepi.
  6. Ingsun ngundang sun panggihaken lan sira, prenahingsun tan pauning, lah menawi sira, upami lamun wikan, lah paya sumater nini, mring prenahira, kang kepi denta nini.
  7. Lamun sira tema maneh ing supena, sira takona nini, den geng met takona, miwah ing prenah neka, lan sapa sinambat wangi, sasampunira, genep satahun malih.
  8. Dalu ngimpi katon ingkang kepi kuna, tatakon ta sang putri, geh tuwan punapa, djin utawa manusa, enakana sun mulati, dumateng tuwan, sumaur ta sang kepi.
  9. Sun manusa datan para bira biya, lamun tan sira nini, sang putri angucap, sun tan laki- lakiya, yen tan oleh sira kaki, djroning supena, sampun djandji djmandji,
  10. Putri temas kagyet genipun anendra, wusing mangkana tangi, raosing kang manah, lir maksih sumandinga, kang kepi sadjroning guling, sang putri ika, brangta maring kang kepi.
  11. Yayah rena kalangkung marasing nala, kang putra den takeni, ngapaha sira, apa karane rika, tangi turu nangis-nangis, matur kang putra, wong ika kapi malih.
  12. Sun takeni kang kepi wau wawarah, ing kawula ramandji, djandji ning maring wang, tan karabi rabiya, lamun nora angsal mami, punika rama, djandjining maring mami.
  13. Risampuning manira ta sapasopan, nulya kawula tangi, rasane kang manah, lir maksih sumandinga, kang katon supena mami, angling ta hiya, ramanira tumuli.
  14. Apitaken sira ing prenahanira, ingkang putra nauri, nora sun tetanya, leng leng manah kawula, kang putra niba anangis, kang yayah rena, langkung welas ningali.
  15. Ratu temas anggening pawonganira, rumeksa ingsang putri, tan pegat den wulang, ing dalu tanpa nendra, rineksa ing yayah bibi, prinenah griya, carancang ta sang putri.
  16. Lah pajaren ingsun ing pundi ing tuwan, sumahur ta sang kepi, yen sira yun wikan, dumateng prenahingwang, ana ing sadjroning Mesir, risampunira, padjar sang putri tangi.
  17. Risaksana marik dateng yayah rena, amengkul pada nangis, rama neda luwar, kawula saking griya, ing carancang rama adji, wus wruh kawula, ing prenahe kang kepi.
  18. Ucapipun kang kepi dateng kawula, wonten ing bumi Mesir, inggih karep ingwang, lah rama utusan, dumateng negari Mesir, sang putri ika, imbuh kasmaran branti.
  19. Den utusan duta datan kawarning marga, sampun prapta ing Mesir risaksana nulya, katur punang nawala, mring nata sowan anuli, kang pangaksama, kawula gusti.
  20. Anakingsun pawestri areping sira, kalapa prameswari, iku den karuan, angingta karsaningwang, sira prapta atumuli, ing desaningwang, mangkana karep mami.
  21. Nulya ingsun ngater maring desanira, ngateraken sang putri, wus titi kang surat, sampuning maca surat, langkung suka sri bupati, ing wartanika, nata ing kemas kang nulis.
  22. Putri temas kalok ing ayu kalintang, tuhu yen putri adi, nata ing Mesir ika, wau ta karsanira, surating mas winangsuli, kabakten ika, duta kemas kang mantri.
  23. Tur dinadar utusan kang saking temas, hakening mangku bumi, angupa subaha, sampuning ngupa suba, utusaning adji-adji, rinenga-renga, wusing mangkana pamit.
  24. Tan kawarnaha ing marga prapta ing temas, punang utusan aglis, maraking sang nata, angaturaken serat, tinampan winaca aglis, hungeling serat, nata ing temas nerpati.
  25. Asung surat inggih sampun katupiksa, kalangkung suka mami, katarima uga, ingsun ing karsadika, sun tanggapi asta kalih, ing karsadika, nata ing temas narpati.
  26. Nata ing Mesir surate pangandika, anging ta karsa mami, nulya aturena, kula mapak ing marga, sampuning ginawa aglis, nulya sung wikan, nata ing prameswari.
  27. Risampuning sang nata ika adandan, animbali sang putri, kocap ta hiya, sang putri paes dandan, sapawonganira sami, anganggo raja, kaputren retna adi.
  28. Cinarita sang putri ayu kalintang, saupacara angiring, munggengna mas, pinatikna wiretna, pinayungan mas pinatik, ing nawa retna, lir pendah gunung sari.
  29. Wong kang mikul djempana samya busana, abrang sinang lir sari, andjrah katingalan, sampun ngangkat binekta, putri dening sri bupati, pawonganira, sewu anaking mantri.
  30. Engkang songolas sewu nunggang kuda, lan sewu unta midjil, amot dunya brana, kang sarwa endah-endah, lan titiyang kawan desi, amikul dinar, kagungane sang putri.
  31. Lan wong pitung puluh kang bekta wastra, kang kelingan kang adi, mapan warna-warna, kinoning pinaren mas, lumampah karsaning djoli, tan palinggaran, kehe kang ngiring-iring.
  32. Sumawana yayah rena ngatersamya, ing lampahing sang putri, wangsulereng marga, kalintang laranira, ingkang manah yayah bibi, sang putri ika, prapting desa paminggir.
  33. Ya ta leren sang putri amasanggrahan, tumulya mangke linggih, aning papalangkan, mas ginelaran sutra, gandaning marbuk ing wangi, asri pawongan, pinaesan ngideri.
  34. Nataning Mesir sampun mangke ingaturan, yen putri temas prapti, ning paminggir desa, tumulya mangkya mapak, agupuh sri narapati, sakehe bala, samya angiring-iring.
  35. Saupacara samya nitih wahana, miwah sri narapati, anitih turangga, rukmen kang kekapas, hingukir sarwa pinatik ing nawa retna, kertas payung rinukmi.
  36. Nata ing Mesir mpun prapta Sabalanira, saupacara asri, miwah kang pawongan, para estri amapak, pinanggen sarwa adi, tan kawarnaha, marga prapteng sang putri.
  37. Wus tumurun sang nata saking wahana, amarani sang putri, sakehe pawongan, samya mangke gumiwang, satingalira sang putri, dede kang rupa, kang katingalan kepi.
  38. Risaksana sang putri tutup wedana, sarwi lara anangis, tan arsa mulata, yata sri naranata, apti bekta mring nagari. Matur pawongan, nira sang radja putri.
  39. Heh sang putri sampun ta tuwan Karuna, dika binektan ingadji, sang putri ngandika, heh babu dudu ika, wong kang kepi dening mami, tan supe ingwang, dudu ratu ing Mesir.
  40. Ing semu runtik wau ta sri naranata, semana ta sang putri, amiyarsa swara, heh sang putri temas, sira ingsun papayani, lah aja maras, nini ajwa prihatin.
  41. Para cahaya ta nini mring atinira, sirna peteng ing galih, hangandel pawekas, ing swara kang angucap, ingkang kapiyarsa huni, wusing mangkana, tutut sang radja putri.
  42. Wus binekta tan kawarnaha ing marga, prapta Mesir djroning puri, ingalap pawongan, sampun djadjar alenggah, pagulinganipun asri, cengeng kang mulat, gandanya marbuk wangi.
  43. Cinarita sang putri aning djroning pura, sagunge pramaswari, wis masowang-sowang sartone kang pawongan, yata cinarita wengi, sang prabu karsa, gulinga lan sang putri.
  44. Wising ngurup dening Hyang kang Maha mulya, sinarupa sang putri hing Ngedjin gentinya, ing sapangulingan, lawan sang nata ing Mesir, putri Djaleka, rineksa ing Hyang Widhi.
  45. Tan kuwasa ing kakung waweneh ika, angrabosing sang putri, tuhu maksih kenya, sinedya ing Baginda, Yusup denipun Hyang Widhi, putri Djaleka, putri Djaleka, tan pegat tatengga brangti.
  46. Mung kagugu salebeting mari manah, kang katingal ing wengi, sadjroning supena, lir wonten sumandinga, hanging ta swara kang adil linge kang swara, Yusup pinanggih wingking.

۞۞۞ PUPUH 20 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Risampunipun mangkana, tan kawarna wau sang radja putri, alama ning djroning kadatun, Nabi Yusup kolapa, didol dening Malik dumateng sang prabu, sri narendra atatanya, ing sira kang nama Malik.
  2. Lamun sira wade bocah, hiya endi rupaningong yun huning, yata Malik nembah matur, maksih kantun ing djaba, linge sang nata lah undangen rare iku, ingsun arsa uningaha, saksana ingundang aglis.
  3. Sapraptanipun Baginda, Yusup samulat wau kang nakil, sadaya cengeng andulu, tan kena salah ulat, tan amodjar lalimangke wismanipun ageng alit wong kang mulat, djalu estri samya brangti.
  4. Sang prabu taken ning dagang, wau ingkang nama juragan Malik, ngendi olehira nemu, ing rare nebusana, ya Malik nembah matur ing sang prabu, ing purwa madya wasana, tinutur ing sri bupati.
  5. Supami arsa sang nata, kagawokan ing pawarta pun Malik, yata sri narendra muwus, hiya den adol pira, Malik matur lah inggih gusti pukulun, paduka bathara tebas, sawrate rare puniki.
  6. Kalawan emas salaka, lan mutyara wastra mirah kang adi, kumarincing kang kumerbut, kalamun tuwan arsa, risaksana ngandika tan asantun, patih mangku bumi sigra, lah timbangen rare iki.
  7. Saksana mangkya tinimbang, Nabi Yusup lan brana tinimbangi, maksih awrat Nabi Yusup, pan winuwuh wuwuhan, kehe brana tan ketung ngakathahipun, gawok sakehe tumingal, kagawokan sri bupati.
  8. Sri naranata ngandika, ing adagang lah hiya sira Malik, panora kuwasa ingsun, kalawan brananingwang, yen sira sung amuhunga harta iku, ngling Malik inggih bathara, kawula sanggup nanggapi.
  9. Kalintang suka sang nata, wuse ngambil rare pekik kinanthi, kocapa Malik pan sampun, awade tan wruh sira, hing djatine rupane Baginda Yusup, semana Malik tumingal, agawok cengeng ningali.
  10. Kantaka anulya niba, kapidara ningali rupa pekik, ing sanalika tan emut, gupuh sarewangira, tinulungan pun Malik pan sampun emut, gagetun wardayanira, kaduwung padoling nguni.
  11. Risampunipun mangkana, cinarita sang nata langkung asih, ing sir Baginda Yusup, tan kena tebah sira, hartanipun sang nata kang telas wau, kang kinarya ing panumbas, angilen dera Hyang Widhi.
  12. Sampun katur ing sang nata, gedongipun ing mangke kebak malih, mangkana sangsaya yuyuh, sih mulene kalintang, sri narendra dumateng ing Baginda Yusup, kadya putra gene yogya, kinanthi siyang lan latri.
  13. Risampunipun mangkana, cinarita sang nata langkung asih, ing sira Baginda Yusup, binekta mandjing pura, ing prameswari sarta Baginda Yusup, sampun prapta yun ayunan, sang nata ngandika aris.
  14. Dateng prameswari hanyar, kasihana yayi rare puniki, sun aku putra satuhu, yata sang putri mulat, enget mangkya tan supe supenanipun, leleng tan kuwasa modjar, alara kasmaran brangti.
  15. Kadita pedjah sakala, ing sapalinggihira sang putri, lali yen ana sang prabu, kagagas saya ketang, nora liyan kang dadi paraning dulu, yen ngucapa ing wardaya, iki kang kepi ing inguni.
  16. Ya ta sang putri sinungan, panguwasa mangkya dera Hyang widi, lingipun sang murtiningrum, lah inggih ta sang nata, sun mumule rare pakoning sang prabu, sang mutria taken nulya, lah sira ingsun takeni.
  17. Sapa kaki aranira, sauripun Yusup paran mami, yata sang putri angutus, ngungkabi medalna, ing pangangge dateng ing sedahanipun, katur kinon ngangge enggal, Baginda Yusup tumuli.
  18. Saya yuyuh pekikira, sing amulat ing Yusup leleng brangti, sang putri Djaleka wuyung, siyang ratri tan beda, langkung sihe sang putri mring Nabi Yusup, tan kena ing mangkya hingampah, langkung brangtine sang putri.
  19. Sampuning ngalama-lama, Nabi Yusup apitulas warsi, putri ngling pawonganipun, paranta polahingwang, teka asih ing punakawan sang prabu, ingkang aran Yusup ika, matur pawongan pra sami.
  20. Sinten kang mboten asiha, warnanipun Yusup kalangkung pekik, tanpa tanding bagusipun, daweg gusti bendara, asiram aganda widaha kang arum, sampune kang adi rupa, ingundang Yusup tumuli.
  21. Ya ta sang putri asiram, aganda wida kang marbuk wangi, sampun siram salin kampuh, angangge-angge sang dyah, kang pangangge radja kaputren rinasuk, anyeneni djroning tilam, pangangge yuning sang putri.
  22. Nora nana kang kuciwa, putri adi citra pepek pesagi, kadi muksa yen dinulu, lir widadari darat, tanpa tanding mideringrat nora nemu, kang kadi putri Djaleka, paningayap dening cethi.
  23. Yata kinen angundanga, ing Baginda Yusup wongira aglis, nora dangu nulya rawuh, Baginda Yusup ika, yata mandjing padjungutanira sampun, ingancaran kinen lenggah, wis mungguh ngarsa sang putri.
  24. Sareng kapapagan tingal, Nabi Yusup wau lawan sang putri, hatumbuh rasaning kakung, tumingal ayunira, andjun manah wau ta Baginda Yusup, tumingal ing warnanira, ing sang putri asung brangti.
  25. Mangkya sruning brantanira, kemanisen mulating kakung pekik, mangkana Yusup andulu, ing putri yu kalintang, apratingal pyah surem puyu lan bagus, samya anglir tanpa djiwa, Yusup naneda Hyang Widhi.
  26. Ya Pangeran amba tuwan, luputna djinah lawan sang putri, tuwan reksaha katingsun, Pangeran kang kuwasa, angwikan rumeksa panggawe dudu, yata Nabi Yusup ika, meh karepotaning galih.
  27. Ya ta sinung panguwasa, risaksana wau nulya gumingsir, arsa medal saking pintu, ingadangan pawongan, yata katut sang putri ing Nabi Yusup, yata sang putri angucap, ing Yusup angasih-asih.
  28. Baginda Yusup angucap, nora arsa ingsun lampah tan yukti, Pangeran kang luwih Agung, tan kena ingalingan, dening kori lelangsenira iku, pun Yusup pinoda goda, denipun sang radja putri.
  29. Lan ginayuh astanira, kinen minggah ing pagulingan aglis, mangkana kagoda sampun, Baginda Yusup dening dyah, rencanane setane Baginda Yusup, kalbune Yusup tinebak, myang kalbuning sang radja putri.
  30. Ingadu-adu ta hiya, Nabi Yusup tinebah dening belis, sareng kalih astanipun, yata kagiwang ika, nulya munggah Yusup dateng djinem arum, atangkep amiring tingal, alenggah ngayun sang putri.
  31. Anggolingaken ing tilam, kersanipun nekakaken sakapti, yata mangkya Nabi Yusup, henting raosing manah, marma maras wardaya sang putri dulu, sutakenya tan arsaha, samana kalindih brangti.
  32. Ya ta Nabi Yusup ika, wau arsa anglukari seleki, rineksa dera Hyang Agung, saking parmaning sukma, Djabrail ingutus dening Hyang Agung, mring Baginda Yusup ika, lah mumpung durung sayekti.
  33. Saksana tumurun sigra, Djabrail dumateng Yusup tumuli, arupa Baginda Yakup, anebah djadjanira, ing Baginda Yusup mangkya sarya mupus, he Yusup mangkana sira, arep lumampah tan yukti.
  34. Mapan sira wus kasurat, ing lohimahpul yen sira dadi Nabi, nora wirang sira Yusup, maring Pangeranira, yata ilang tresnanira Nabi Yusup, aglis tumurun ta hiya, saking pagulingan uni.
  35. Sang putri nututi enggal, pan cinandak kulambinipun sebit, ing wuri Baginda Yusup, henengena saksana, akocapa wau ta mangkya sang prabu, yata aluwaran sira, tinagkil malbuing puri.
  36. Saksana sang putri nulya, yata marek dateng sri narapati, angruhuni sira hatur, heh sang prabu punapa, wawalesingwang dolla cara puniku, ngandika sri naranata, winarong kawales neki.
  37. Linaran den asru dahad, wawalese karya lampah tan yukti, yata wikan Nabi Yusup, ing semuning sang nata, yen dateng andikanipun sang prabu, ingkang kaya udjarira, sapa ingkang dadi saksi.
  38. Prameswari aturira, datang wonten wau ingkang udani, bramantya sang nata dulu, ing Nabi Yusup ika, heh mangkana pamalesira maring sun, sun kamuleni ta sira, kaya putra ingong pribadi.
  39. Rina wengi djroning pura, sun pracaya maring sira ta ugi, nora nyana Yusup ingsun, sira ta dadi dustha, nulya matur wau Baginda Yusup, inggih ta kang kadi amba, yen wonten priksa sang adji.
  40. Anging mongsa kaidepa, duk semana wonteng kang dadi saksi, sang nata nulya sumaur, lah sapa saksinira, lingnya Yusup rare alit ing kang weruh, rare lanang kang awayah, patang puluh dina latri.
  41. Punika ta saksi amba, delingira sang nata esmu runtik, andakara sira Yusup, dihana rare wayah, patang puluh dina dadi saksi iku, Baginda Yusup lingira, penet tinakonan ugi.
  42. Semana sri naratana, tan pracaya anging pitaken diri, saksana mangkya san prabu, rare tinaken dawak, heh rare cilik apa sira weruh, hing tingkahe Yusup ika, kalawan djaleka uni.
  43. Saking parmaning Pangeran, rare pasuson punika bisa angling, tanpa yun amba sang prabu, yen pinangka saksia, satemahe angadu-adu tan payun, kena dukane Pangeran, punika amba adjrihi.
  44. Hiku tuwan tingalan, kulambine Yusup yen wonten sebit, kalamun sebiting ayun, tuhu ture Djaleka, yekti lenyok saudjare Yusup iku, yen ing wuri sebitira, lenyok ature sang putri.
  45. Ya ta djenger sri narendra, amiyarsa sakecape rare cilik, dening alit bisa muwus, saya wuwuh panerka, pan sang nata maring Nabi Yusup iku, yen kaparik ing Pangeran, wuwuh tresnane sang adji.
  46. Kulambine Yusup ika, tiningalan atut yen sebit wuri, tuhu saudjare Yusup, lingipun sri narendra, heh ta Yusup kaki ajwa sira umum, ajwa sira warta ing liyan, leleten manah pribadi.
  47. Sumaur Yusup semana, sarwi mangke tumungkul idep mami, yata sang prabu andulu, runtik ing prameswara, heh Djaleka tobata lampah kang dudu, anedaha ing pangapura, saking reseping tyas neki.
  48. Risampunipun mangkana, nora kena kukus kamule neki, sampun lumrah wretanipun, ing puri trusing djaba, sakathahe rabining mantri amupus, anggunem sadina-dina, ing polahe prameswari.
  49. Risampunipun mangkana, amiyarsa wau sang prameswari, ginunem ing siyang ndalu, putri adi ing temas, yen ginunem prihatin mangkya sangarum, winastanan sira dustha, ing punakawan narpati.
  50. Ya ta kinen angundanga, sakathahe rabine para mantri, prapta ing ngayunan sampun, samya maras sadaya, prameswari alinggih palangkan muruk, semune runtik katingal, ngandika sang radja putri.
  51. Sun undang sun kon mulata, maring punakawanipun narpati, ingkang nama Yusup puniku, yata sami dinuman, djeram manis kalawan lading puniku, wawekase prameswara, pariksanen den atiti.
  52. Adja age ngirisira, lamun nora ingsun kon angiris, nulya kinen ngundang metu, Nabi Yusup lumampah, pinanganggen Nabi Yusup sarwi murub, tan raga-raga manusa, kadi musna yen ingaksi.
  53. Pinedalaken ngayuna, yata kinen ngiris djeram sami, sareng medal Nabi Yusup, kagyat sakeh kang mulat, pasamuane ing wong kathah puniku, kang citra lir Hyang asmara, lir wulan purnama sidhi.
  54. Sakehe istri tumingal, cengeng datang ana kuwasa angling, tanpa polah kang andulu, suh rempu kang wardaya, sakeh rabine mantri kang ngiris djeruk, tan krasa kairis samya, pedhot kulit getih mijil,
  55. Getihnya wor lawan jeram, tan karasa tatu larane perih, pidjer cengeng leng-leng mangu, wau satingal neka, lir tan djanma pekike, Baginda Yusup, sakehe istri kang mulat, Sisinome den wahoni.

۞۞۞ PUPUH 21 ۞۞۞
S I N O M

  1. Ya ta sakehe wanita, samya kedanan ningali, dateng Yusup warnanira, miwah para prameswari, pawongan samya brangti, rabining punggawa wuyung, rabining kang satriya, pradjurit lan para mantri, pan kedanan tontonen Yusup kang warna.
  2. Miwah horeg sanegara, estrinipun sami brangti, kocapa sang prabu mangkya, arerasan lan apatih, sartane para mantri, Nabi Yusup kang rinembug, ngoregken nagara, sakehe pawestri brangti, lawan malih nyidra resmi prameswara.
  3. Sampune rembug samana, winarangka tanasari, Nabi Yusup kinundjara, sang putri mangkya ningali, tan pegat waspa midjil, tan kena dahar lan turu, langkung pangungunira, anutuh badan pribadi, pan karasa wau saking atur dawak.
  4. Risampunipun mangkana, Baginda Yusup winarni, aning sadjroning warangka wonten sarenge anungil, sarenganipun mandjing, winarongko wong tetelu, ingkang satunggal, djuru larehe narpati, winastan angupas sri narendra.
  5. Kang sawidji tengga lawang, winastan tunggal pakarti, lan juru larih neka, ika panarka narpati, dateng kang tengga kori, pan djuru warih sawegung, ingkang tengga ing lawang, milu dosa angapusi, pan sareng pinandjingaken rangka.
  6. Sampuning alama-lama, cinarita wong kekalih, ingkang sareng winarangka, lan Baginda Yusup punika, ing dalune angimpi, takon dateng Nabi Yusup, wahanane supena, atataken tanasari, ingkang tengga lawang punika angucap.
  7. Ngimpi minum sadjengiwang, malah kungsi wuru mami, kang djuru larih angucap, inggih amba wau ngimpi, anuhu apem mami, sinamber dandang cinucuk, kang aning sirah hingwang, Nabi Yusup ananuri, lah ta hiya anging ta sira islama.
  8. Sun warah supenanira, saksana kang tengga kori, nulya manut mandjing islam, pinandjengan iman suci, yata nulya ingarti, lah antinen tigang dalu, winetokaken sang nata, saking warangkane reki, sarta sinung lungguh sira dene sang nata.
  9. Ya ta djuru lareh ika, kinen islam datan kapti, kang djuru larih angucap, nora arsa islam mami, yata pinadjar nuli, iyo besuk sira metu, saking djroning warangka, sira simolah ing bendjing, utekira metu cinucuk ing dandang.
  10. Ing sapa miyarsanira, wuwuse ingsemu runtik, nyata linyok Yusup sira, winarna endjing tumuli, winetokaken sira aglis, saking djrong warangkanipun, nulya mangke sinulah, utekira medal putih, dyan cinucuk utekipun dening dandang.
  11. Genep tigang dina medal, wau ta kang tengga kori, sinung lungguhing sang nata, kalane duk medal uni, saking warangka nuli, ngandika Baginda Yusup, lah ta ingsun mamekas, lah engeten narpati, yen ana wong winarangka tanpa dosa.
  12. Kang tengga lawang winekas, sinung lali dene Hyang Widhi, miwah ta sri naranata, punika pan sinung lali, karanya sinung lali, dening ta Baginda Yusup, mekas wong tengga lawang, amengeti ing narpati, tan pracaya dateng kang murba ing alam.
  13. Samana Yusup ginita, winarangka pinggir margi, kocapa ana wong dagang, saking bumi ngesam nguni, ing kenahan kang margin, unta dingin kang lelaku, kang wawrating momotan, agolong samya ningali, dateng mangkya Nabi Yusup winarangka.
  14. Anonton tinonton samya, unta ika marepeki, ing prenahe Yusup ika, saking kodrating Hyang Widhi, unta punika angling, tutur dateng Nabi Yusup, amba saking kenahan, rama tuwan kawelas sih, rinten dalu anangis kecalan putra.
  15. Langkung ngoneng dateng tuwan, udjar unta puniki, tan wonten liyan kang wikan, mung Nabi Yusup pribadi, ingkang miyarsa uni, mangarti Baginda Yusup, tangise lara-lara, ing rama welas tan sipi, wongadagang liwat kang nama kapilah.
  16. Yusup taken ning kapilah, kang tinakonan nauri, menika saking kenahan, Baginda Yusup nebda ris, apa ta sira uning, kenahan ana kayu gung, epange kalih welas, ana ta epange kang alit, sempal pisah temahan kayu Karuna.
  17. Kayu gung punika lara, hepange katut ing angin, tan embuh parane tiba, kang adagang anauri, inggih kawula uning, punika ta Nabi Yusup, kang putra Nabi Iskak, kang wayah Nabi Ibrahim, pisah putra alama denya Karuna.
  18. Ling Yusup amba mamekas, lah parahen salam mami, poma sira tekahena, lawan wartanana ugi, ana kawula arip, kinanihaya mlas ayun, binggil ingunus sigra, sam pinatiking retnadi, adji sewu rong atus sepuluh dinar.
  19. Sinungaken ingadagang, hinguncalaken tumuli, iku sangunira mangko, nekno wekas mami, ingkang sinungan angling, kalangkung tarimaningsun, sapa sih namanira, Baginda Yusup nauri, nora padjar namengsun namaning sira.
  20. Sumaur ingkang winekas, adja sira walangati, waweka sira punika, kang binggil kinandut nuli, manah suka tan sipi, saksana nulya lumaku, sarwi anung unta, tan kawarnaha ing margi, yata prapta kenahan suruping surya.
  21. Endjing dateng wismanira, ing Nabi Yakup tumuli, anguwuh djawining lawang, heh putunipun Ibrahim, yata mangkya miyarsi, putranipun estri muwus, sapa kang wuwuh djaba, sumaur wong dagang kami, Nabi Yakup punapa wonten ing griya.
  22. Lah punapa karyanira, atakoning rama mami, sumaur ana wong mekas, maring wang wong ing nagari, winarangka ing Mesir, gadang wus binekta matur, kapanggih mungging djaba, wus katur salam nuli, matur dateng kang rama wonten antanya.
  23. Nabi Yakup nulya medal, wong dagang dipun takoni, lah ta paran karya nira, atatakon maring mami, kang tinakon nauri, inggih karan amba dawuh, kapim dateng ing tuwan, dening kawula puniki, pan winekas dening wong arip kasian.
  24. Wonten ing Mesir nagara, akirim salam lan bekti, wekase katura tuwan, Nabi Yakup maras angling, sapa arane ugi, kang kirim salam maringsun, matur dagang tan wikan, duk kirim salam inguni, saking djro warangka duk meksa ingamba.
  25. Nabi Yakup nyana-nyana, anangis karasing galih, tan kawarnaha semana, kang lampah dagang wus mulih, lumampah tan sari, yata nulya Nabi Yakup, anedaning Pangeran, muga-muga sira kaki, rineksa Hyang antuk kaasmarandana.

۞۞۞ PUPUH 22 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Baginda Yusup winarni, yata sampun gangsal warsa, djroning warongka lamine, yata sudjuding Pangeran, Nabi Yusup semana, aneda djroning sudjud, tuwan wetokna amba.
  2. Ya ta tinarima ugi, dening Hyang kang Maha mulya, kocapa sang prabu mangko, aguling rahinga ika, yata mangkya supena, angungun sang prabu, lali tuturing supena.
  3. Ingeling-eling tan eling, yata animbali nulya, pinapak pandita kabeh, sri brama prayaganira, para resi pudjangga, yata sami tinantun, ing supenaning sang nata.
  4. Apa ipeningsun nguni, tan ngucap kang tinakonan, tan kaguda kang tinaken, cinutur impen sang nata, yata kang tengga lawang, dumakdakan mangkya emut, wekase Yusup semana.
  5. Atebah djadja anangis, asarwi manggut-manggut ika, tinakonan ing sang katong, karane anangis sira, matur kang tinakonan, kaula enget pukulun, waweka se Yusup ika.
  6. Kinundjara sampun lami, hamemeling ing kawula, yen suwawiya sangakatong. Luwarana winarangka, yen pandugi kawula, kados wikan to pukulun, ngimpen paduka nata.
  7. Leres genipun angerti, ingipen Yusup punika, miyarsa udjar sang katong, patut kaya udjarira, hiya sun lali uga, kapati ta laliningsun, Yusup maksih sun kundjara.
  8. Lah sira ingsun takoni, paran karanira wikan, Yusup bener ngerti impen, ature kang tinakenan, inggih amba ing kina, angimpi lawan pundjuru, lare ing djroning warangka.
  9. Cinetha leres kang kepi, pan ngertine Yusup ika, lah hiya lunga amangko, age takona supena, ing wong kang lali ika, lah paran ta impeningsun, kang kinan matur awirang.
  10. Sinereng dera narpati, lah ta sira adja wirang, karana Yusup djatine, Nuhoni agamanira, kang kinon nulya mangkat, prapta ngarsa sang Nabi Yusup, anangis nutup wedana.
  11. Kalangkung wiranging ati, satingale Yusup modjar, karanya tutup raine, lah adja sira wirang, kuwasa apa sira, lali ing wawekas ingsun, hiya ingsun angapura.
  12. Sang duta sudjud tumuli, ing Baginda Yusup ika, kalangkung sih pamulene, ing Baginda Yusup ika, Nabi Yusup ngandika, ajwa sudjud maring ingsun, matur duta ing sang nata.
  13. Saking sih ing pamulen mami, ing mangke dumateng tuwan, paranta sira karyane, sumaur kang tinakonan, ingutus sri narendra, ataken impen sang prabu, lali tutur ta punika.
  14. Lah tuwan tutura ugi, lamun mangke tuwan wikan, Baginda Yusup wuwuse, lah ta hiya weruh ingwang, ingimpine sang nata, ngimpi dulugoh pipitu, sami lemu-lemu neka.
  15. Pipitu sami binukti, dening goh sapta das ika, wau kang sami lemune, pinagan mangke tunggalan, dening goh dos ika, saksana nulya andulu, godong idjo pitung lembal.
  16. Ya ta pinangan tumuli, dening ron sapta king ika, telas godong ingkang idjo, dening godong sapta king ika, matura sira uga, mangkana dateng sang prabu, dipun kadi tuturingwang.
  17. Pamit dutaning narpati, matur dateng sri narendra, tinutur kadi waune, ing purwa madya wasana, sang nata wus miyarsa, angandika ing semu guyu, patut udjar Yusup ika.
  18. Henting suka sri bupati, atutur supenanira, sakehe miyarsa gawok, ing Yusup pawarta neka, dening trus kang paningal, yata sri narendra ngustus, ing mantri amapak samya.
  19. Amedalaken narpati, ing Yusup saking warangka, kang para mantri sartane, sami kinen ambektaha, kuda pangangge neka, ing kulup kulambi kampuh, kendhitipun endah-endah.
  20. Djedjebadan marbuk wangi, kang para mantri winekas, lah pada kurmata kabeh, yen prapta ing Yusup ika, sakehe kang pawongan, ingkang sami ayu-ayu, pinanggene sri kaWuryan.
  21. Prapta ing Yusup tumuli, pra sami kurmat sadaya, ingkang dinuta wuwuse, pan lampah amba dinuta, sang nata angundanga, dumateng tuwan puniku, aken medalena tuwan.
  22. Ya ta Nabi Yusup nuli, medal saking djro warangka, sampun mangkya pinanganggen, sartane lawan gegawan, seh pamulene nata, anitih turangga bagus, hingiring dening pra manca.
  23. Sakeh kang kapapak sami, leng-leng mangu ingkang mulat, anglir tan djanma idepa, rawuh ingarsaning nata, pinengkul djadjanira, binekta derang sang prabu, alenggah ing patma sana.
  24. Kalangkung sihe narpati, ing Baginda Yusup ika, wau ta ing sawedaling, saking djrone warangka neka, kalangkung pamulen nata, sang prabu ing Nabi Yusup, pinundjung pundjung semana.
  25. Sampuning mangkana nuli, sri naranata ngandika, heh ta Yusup karsaningong, wruhanira sira uga, sun gunggung Agung sira, sun mumule sira Yusup, hiya ingsun hiya sira.
  26. Hiya sira hiya kami, lamun tananingsun sira, sira djumenenga katong, yata sang nata atanya, paran supena ningwang, paran wahanane besuk, Baginda Yusup aturnya.
  27. Ngartine impen narpati, kang dingin puniku bendjang, pitung tahun ta lamine, inggih akathah kang udan, dadi kang sarwa lata, metu kang sarwa tinandur, beras pari langkung mirah.
  28. Ingkang kantun pungkur malih, wahanane impen tuwan, pitung tahun ing lamine, ing tembe tan wonten udan, anuli terang pisan, gaga sawah mboten metu, sarta tinandur tan gesang.
  29. Inggih ta mbendjing pinanggih, kitha desa kapailan, yata ngandika sang katong, ing Baginda Yusup ika, heh wong satya Pangeran, paran karsanira mringsun, lah ta kaki apadjara.
  30. Apa karsanira kaki, djaluka sira maringwang, adja sira pindo gawe, mapan ingsun iki hiya, apa sakarsanira, sun turut karsane reku, ajwa semang manahira.
  31. Nabi Yusup lingnya aris, kang amba teda ing tuwan, sinunga wikan sakehe, ing lurah Mesir patik bra, sedaya lumrahena, ing kitha Mesir myang dusun, samya kinen sasawaha.
  32. Sakathahing bumi Mesir, ginaga asinawaha, ajwa ana kang nora kanggo, sanadyan silih prawata, dipun gaga amuwah, sampun wonten wana talun, nohar tuwan ken karyaha.
  33. Ing lumbung dipun gumati, kerangkeng wadahe beras, panggenane kang tinundon, beras pira dipun kathah, sri narendra ngandika, sakarsanira sun turut, apadjara malih sira.
  34. Apa karsanira malih, kaki sira tuturana, sun turut sapandjaluke, lah barang pandjalukira, tan ngrasa darbe ingwang, sun srahaken sira Yusup, saking sih pamuleningwang.
  35. Sampuning mangkana malih, genep satahun ta hiya, Baginda Yusup lamine, medale saking warangka, kocapa ta sang nata, ing Mesir hingundang sampun, ing Baginda Yusup ika.
  36. Nulya prapta tanasari, Baginda Yusup punika, angadjak tira sang katong, linggih nunggal padmasana, sri narendra ngandika, heh wong satya ing Hyang teku, sira gantenana radja.
  37. Sira djumeneng adji, ing Mesir kahayuningwang, saksana padjar sang katong, dateng patih mangkupradja, myang para mantrinira, estokna udjaringsun, Yusup kang djumeneng nata.
  38. Inggih pra samya ngayom mami, ing sakathahe pra manca, ingkang katudjua katon, ing Baginda Yusup ika, dening mahoni djagad, myang kadi budi darmeku, waweka lampah susila.
  39. Sartane pekike malih, miwah kamurahanira, mugi tulusa sang katong, sampuning kayoman sira, sang nata aken nulya, angambila makuthaku, kang sapa nganggene radja.
  40. Kang pinundut sampun pranti, endi ta warnane makutha, mas pinak inten idjo, ing nawa retna rinengga, pinanca brang lan mirah, ing mutyara Agung-Agung, munggeng padoning makutha.
  41. Tinurut ing mirah adhi, ing nila djumanten abrang, pan kumala bubukule, anyenyeni djroning pura, abrang kinon akonang, kinitir kitiran alus, ing mirah djumantenila.
  42. Sinelanan lawan rukmi, gumaremet murup muncar, nora ketang pangadjine, ingaggekaken ta hiya, ing Nabi Yusup ika, miwah salire kaprabon, inganggekaken sadaya.
  43. Lininggihaken tumuli, ing padmasana tihaya, gimanti mangkya sang katong, anyayaping Yusup ika, mangkana wuwuh Hyang-Hyang, kang marep samya geng mangu, cengeng sakehe tumingal.
  44. Pan cengeng tan kena angling, kadi musna kedepena saksana mangkya sang katong, aken asung bakti bala, ingkang sakehe pra manca, asung bakti tan asantun, ing Nabi Yusup prasamya.
  45. Sampun ngestokaken sami, yen Yusup genteni radja, ya wuwuse sang katong, heh wong satya ing Pangeran, sakehe darbeningwang, asrah ing sira punika, miwah saisine pura.
  46. Paningsun lunga ngunduri, ambegawan ta kewala, risampunipun sang katong, anilar karatunira, tan alami sang nata, pralena mangkya sang prabu, kinubur nora kawarna.
  47. Kocapa Yusup nerpati, genteni kaprabonira, winahonan sarupane, papadjangan djroning pura, miwah rakite ingkang, punang kadaton puniku, karya malih ta sang nata.
  48. Rakite malige adi, kinon lir pendah kang swargan, tan ana wimba liyane, miwah ta djroning pura, padjangan panataran, ganda amrik sakadaton, pura luwih saking guna.
  49. Miwah para prameswari, sami angleboning sang nata, genti pudji bekti myang wong, risampunipun mangkana, wonten ingkang kocapa, Djaleka sang murtiningrum, tan wikan ing polahira.
  50. Tan kapadan genge brangti, dumateng mangkya sang nata, ngrasa tan kapadan sihe, ing pangayun-ayun nira, ing Nabi Yusup ika, malih angrusak rageku, dene genge brangtanira.
  51. Kasi belek netra kalih, lapake nangis alara, rahina wengi tangise, rikmanipun malih gimbal, tan kena ingedjuma, wismane pinggir re ngenu, nganti pariking sang nata.
  52. Kocapa sang nata midjil, ngayengi nagaranira, nitih kuda sang katong, abusana sarwa endah, saka prabune nata, amah kutha abrang murub, apucak manik ing toya.
  53. Kangiring sagunge mantri, saha busana turangga, sami ngiring sang katong, kalih kethi wuri ngarsa, kalih kethi ing kahan, kalih kethi keringipun, lir medeng pala sumekar.
  54. Upacara angluwihi, waose sulam rarawitan, sandjata pedang tamenge, heran sakehe tumingal, lampahe sri narendra, ngayengi nagaranipun, samar ga cengeng kang mulat.
  55. Ginarebek sri bupati, kang lebu maletuk munggah, sang putri mangkya tetakon, tan kapirsa sang nata, dening kadya ampuan, nulya Djabrail rawuh, angucap ing Yusup ika.
  56. Heh Yusup madega dingin, saurana wong punika, anguwuh sira wong wadon, nulya mangkya pinaranan, prapta ingarsanira, ningali Baginda Yusup, mring wong wadhon kang tetanya.
  57. Tinakenan dening nrepati, sapa sira nini tuwa, angadeg mring lakuningngong, sumaur kang tinakonan, lali ragane sira, putri Djaleka tengsun, sang nata nulya ngandika.
  58. Paran karsanira nini, sumaur putri Djaleka, ingsun arsa ing sang katong, sun tanpa laki ta hiya, yen tan nuliya tuwan, lawan malih tuwan niku, tanpa rabi yen tan ingwang.
  59. Sumaur sri narapati, ingsun tan arsa ing sira, ala tuwa ing rupane, netra belek rikma gimbal, tur nembahi brahala, yektine ingsun tanpayun, Djabrail mangko modjar.
  60. Heh Yusup alapen ugi, Djaleka iku denira, wus pakene Hyang Manon, pinangka ing rabi tuwan, punika wus kasurat, ing sadjroning lohkilmakpul, Yusup djodone Djaleka.
  61. Saking parmaning Hyang Widhi, wau ta putri Djaleka, minulyakaken ing rupane, ingusap ing larira, dening Djabrail ika, waluya anom tur ayu, asoring rupaning kuna.
  62. Henting sukaning nerpati, ningali putri Djaleka, langkung sukur ing Hyang Manon, angrasa kadudonira, dahad pamadanira, winelehakeh Hyang Agung, kaluputan gula drawa.

۞۞۞ PUPUH 23 ۞۞۞
D A N D H A N G G U L A

  1. Risampunipun mangkana nerpati, kinawinke dening malaekat, putri Djaleka djodone, ing prameswarinipun, Nabi Yusup nata ing Mesir, sang retna yu Leka, wus binekta mantuk, malebeting dalem pura, wus pinarik ing maligenipun asri, ingayaping pawongan.
  2. Tan kawarna resmining djinoring puri, miwah langene hing djroning tilam, kang tinutur caritane, senewaka sang prabu, dening bala punggawa mantri, taya sri naranata, busanane murub, alinggih ing patma sana, mas rinengga amakutha binuka sri, pucak maniking toya.
  3. Ingkang nangkil lan kawasa ngaksi, anglir pendah murca kedepna, gumilang gilang cahyane, anelahi sumunu, ayeneni sabumi Mesir, miwah kang upacara, alangen dinulu, kocapa sadjeneng neka, Nabi Yusup sarupane wong ing Mesir, sadaya mandjing islam.
  4. Langkung gemah ing nagari Mesir, wong ing kutha tan kena winilang, pan dadi sakeh kitrine, langkung pamudjinipun, wadya bala punggawa mantri, wong kutha wong ing desa, amudji sang prabu, bela balila ing dunya, ratu Nabi ambek pala adil, rupa tanpa tandingan.
  5. Mapan sakeh kawulaning Widhi, kang manungsa tan ana kang mada, ing Nabi Yusup citrane, kang sarira pinundjul, cahyanipun mapan nelahi, lan malih cinarita, nenggih wonten ndusun, cinarita padusunan, wonten djanma sasomah langkung prihatin, ngabekti mring Pangeran.
  6. Ingkang djalu warnane apekik, ingkang estri pan ayu utama, adjrih bakti ing kakunge, tan lenggana ing kayun, barang karyanipun kang laki, wau kang linampahan, dening garwanipun, saben dina apuasa, djalu estri dening sakalangkung miskin, langkung dening kasiyan.
  7. Nanging tetep genipun ngabekti, perlu sunat ing pasomahipun pisan, luwih ageng ngibadahe, ing panggaotanipun, wade suket ingkang binukti, saben dina puasa, bukti saben surup, wade suket saben dina, lamun pandjeng tinumbasaken gandung tumuli, kinarya buka siyam.
  8. Ageng tapanipun djalu estri, saben dalu salat tangat, pan kedik ing turune, langkung Musakatipun, saben dina ngulari bukti, wade suket kinarya, panumbas gandum, kinarya bukaning siyam, kawarnaha wade suket wanci endjing, margi kang kadalanan.
  9. Nudju liwat griyane serani, luhuring wismanipun kalintang, ageng tur gendeng payone, wong srani winuwus, yata darbe anak pawestri, sampun pernawon tuwa, warnanipun ayu, ing marga ana wong liwat, wade suket warnane anom apekik, ngendeg kinen lerena.
  10. Ya ta ngucap anake serani, heh wong anom liwat reneya, suketira sun tukune, lah munggaha ing luhur, yata kandeg sarta ningali, lare anom kang atapa, warnane abagus, anguwuh amulya munggah, ing pangguwan suket binekta manginggil, sapraptane semana.
  11. Pan amandeg anake serani, denya tumingal esmu kasmaran, ana wong bagus warnane, nulya ngineban pintu, sarwi ngucap wadon serani, lah ta sira tambanana, larane tiningsun, yen sira tan nekanana, karsaningsun sira tan sun weh mulih, lah ta sira cacada.
  12. Pan ingsun ayu anom asugih, ayo sira karya bedang, paran ta sira karepe, yata kendel tan adangu, rare anom micara ingati, yen kalakon adjinah, sun pala hur lampus, upami laku maksiyat, luwung pedjah ingsun adjrih ing Hyang Widhi, dyan tumulya angucap.
  13. Ingsun arsa ngabekti rumiyin, pundi gene toya pekenira, ingkang sakulah toyane, sun arsa ngambil wulu, tan nauri wadon serani, lamun ta sira karsa, takon gone banyu, lah mangke sira munggaha, ana toya rare anom angunggahi, suketipun tinilar.
  14. Prenahe toya sangsaya inggil, rare anom amicareng nala, ingsun nibaha ning kene, pasthi ingsun yen lebur, mati aworna siti, baya angur matiya, lamun awakingsun, kena ing panggawe djinah, rare anom sedyane alebu pati, niba saking luhuran.
  15. Saking parmaning Hyang Widhi, tibanipun sinangga ing malaekat, datan karasa ing tibane, prapta ing wismanipun, rabinira atanya aris, dangu temen ki omah, dening lagi rawuh, pundi oleh-oleh tuwan, wade suket lakinya alon nauri, rabine aneng wuntat.

۞۞۞ PUPUH 24 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Heh rubiyah wruhanira, ing sedina iki ingsun tan olih, rubiyahipun sumaur, punapa karya buka, ingasahur temahan mangke anglantur, puasa nginep punika, tuwan nora ngrasa bengi.
  2. Lakinya nauri sabda, ni rubiyah mendel ajwa baribin, satengah udjar Karungu, ing tatengga mamirang, anetepana pangapem manira iku, sarta sira genenana, katona angraratengi.
  3. Anut saudjaring priya, ingapeman ingantep gineneni, ing pawon kukus kumebul, tinapan panagapeman, tanpa isi yata tinutupan sampun, tinilar lenggah ing wisma, sarya ingadeping laki.
  4. Dyan tan wonten tangganeka, wonten pawon sendya angambil geni, kang ngamek geni amuwus, babori kawalika, apem rika mengke geseng temahipun, wus sedenge iku nyawa, wus warah wong ika mulih.
  5. Kakung ngucaping rubiyah, apa temen ucaping wong iki, apa ika angguguyu, nini tetangganira, ingakng estri saksana tumurun, ing pawon prapta genira, pangapeman den ungkapi.
  6. Kebek isine lir sabran, saking parmaning Hyang kang asung redjeki, dumateng kawulanipun, ingkang sedya atapa, temen-temening Allah piyandelipun, dumadi Allah Tangala, ing karsa anembadani.
  7. Wonten malih cinarita, ana priya branti maring Hyang Widhi, kang katrima tobatipun, maring Allah Tangala ing wong priya ingkang andarbeni kayun, dumateng sireng wanudya, langkung seneng atineki.
  8. Alami sira ngupaya, ing pawestri nanging datan marengi, ingkang katudju kang kakayun, pawestri kang ngulatan, dyan lulungan pan akathah parengipun, pawestri kalawan priya, amlas adjeng sarya grami.
  9. Katur ingkang darbe karsa, tan uninga estri kang den karsani kesah saking griyanipun, pan tumut alulungan, ing wong kathah djalu estri rowangipun, kapingine Saba paran, ngidep sadaya ing margi.
  10. Pan tunggal Sabale pandjang, wong kathah djalu kalawan estri, mangkana sami aturu, wauta kawarnaha, tiyang djalu kang andarbeni kayun, dateng estri kang angarah, sapolahipun den liring.
  11. Sapraptanipun sinapa, dening ngestri sapa kang prateng kami, kakung brangti lon amuwus, ingsun arsa ing sira, pan wus lami raganingsun brangta wuyung, nanging ta dereng tinekan, ing mangke lagya pinanggih.
  12. Ingsun demen maring sira, tresnaningsun mring sira anglangkungi, pawestri alon amuwus, mring wong lanang kang branta, lah tahya yen sira tresna maringsun, lah ta sira adjedjepa, wong punika djalu estri.
  13. Apa wus turu sadaya, awasena mangke enake ati, yata sang kakung tumurun, adjedjep mring wong kathah, djalu estri djinedjepa sami aturu, lah ta paya asanggama, wanadya lingipun aris.
  14. Djenenge Allah Tangala, pan asipat saman basar lan ngelmi pasthi miyarsa andulu, yektine sun awirang, mring Pangeran lamun djinah awakingsun, anglampahana duraka, paran labeting sun estri.
  15. Pawestri ika angucap, lah ta iya wong akeh iki guling, ingsun adjrih ing Hyang Agung, ingsun tanya ing sira, Allah Tangala apa ta kena turu, Allah kena nendra, apa hya sami saresmi.
  16. Menawa Allah Tangala, luwih wikan pasthiningsun awedhi, kadenangan ing Hyang Agung, deningsun lampah djinah, yata kendel sang kakung tan bisa muwus, rinaos yen kasinggihan, wau lingipun pawestri.
  17. Kakung kesah tebah djadja, sanget tobat kakung maring Hyang Widhi, anutuh sariranipun, tobat neda ngapura, djalu estri sanget tobatipun, anglampahana duraka, adjrih siksane Hyang Widhi.
  18. Wonten malih cinarita, padusunan tuhu dukuh aresmi, karo sanak kang dadukuh, nama Ladjis kang tuwa, ingkang anom pun Tikan djudjulukipun, adjembar kang tataneman, woh-wohan dinulu asri.
  19. Djedjembaran lampahipun, kalih welas edjam ingkang pesagi, sendeng woh-wohan ngunduh, pan kinarya dedana, sing ateka punika sami ngunduh, yata pirang-pirang unta, angusung wowohan sami.
  20. Ingkang darbe woh-wohan, karo sanak sami brangti Hyang Widhi, sang iblis lanat tumurun, pan arupa pandita, nora pegat salat pangabektinipun, rahina Agung puasa, hapti mangkya marahi.
  21. Sang pinda pandita angucap, maring Ladjis laki den pituturi, becik-becike puniku, sakehe tataneman, winadeya adja kawoh baruwun, wuruke sang iblis lanat, tataneman den pageri.
  22. Hawade tumbas-tinumbas, apapager wus pinagesan sami, pan kathah rebut-rinebut, pager watese desa, arebutan tatukaran kathah lampus, ngrebut masane woh-wohan, tumbas undjul-ingundjuli.
  23. Ya ta kang desa punika, mapan sinung bilahi dening Hyang Widhi, tanduran pinangan tikus, kalangkung dening ama, malah rusak desa punika pan suwung, dene agawe maksiyat, tan wonten kang leng-leng brangti.

۞۞۞ PUPUH 25 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Kocapa nagari Mesir, wonten kang djumeneng nata, alinggih rukiyat wastane, dene kang agadah putra, ibnu Walit namanya, awatara kalih tahun, pan sirna djumeneng rukiyat.
  2. Anenggih nagari Mesir, sasampunipun radja rukiyat, ginentenan nagarane, dening saking wong tan hiya, Pirngon kakasih neka, ning Mesir djumeneng ratu, angreh sagunge pra manca.
  3. Abala para nrepati, hingidep parentah neka, wonten dening papatihe, akakasih patih Iman, akarya kalangenan, malige kanca da murub, luhur pitung puluh egas.
  4. Ginelaran prang wedani, sinawuran ing mutyara, ing manike inten idjo, tatebeng pinadjang-padjang, pinaren sri kaWuryan, yen sinewaka sang prabu, dening para kang narendra.
  5. Hamakutha binuka sri, apucak maniking toya, pakadja inten mancorong, alenggah ing papalangkan, pinatik nawa retna, angandika ta sang prabu, dumateng wadya bala.
  6. Pada estokna sami, yen ingsun Pangeranira, pada ta sudjuda kabeh, adja nembah ing brahala, ingsun sira sembaha, yata wadya bala sudjud, dateng mangkya sri narendra.
  7. Umatur kaum ing Mesir, dumateng ing sri narendra, bengawan asat toyane, serandil bengawan megat, lah tuwan mulyakna, ingantos bengawan Agung, nyata yen tuwan Pangeran.
  8. Sinanggupan ing nrepati, tumulya angerik jaran, pan pitung kethi kathahe, sarta lawan kang anunggang, pan samya cecangklangan, kungsi dadi kali endut, kathah wong kang mati tiba.
  9. Benawitan medal malih, sang nata angrasa merang, tumuli sang radja Pirngon, alebet sadjroning guwa, naneda ing Pangeran, angrasuk barut-binarut, asudjud sadjroning guwa.
  10. Aturipun sri bupati, dateng kang murbaing alam, heh Pangeran sabenere, amba aneda ing tuwan, neda kamukten ndunya, sarta panguwasaningsun, luwiha saking wong kathah.
  11. Kamukten kerat bendjing, kawula pan ora arsa, kamuktene dunya bae, yata Djabrail prapta arupa wonga tuwa, kaki tuwa lon amuwus, lah ta hiya sira trima.
  12. Sapanedanira ugi, dateng ingkang murbaing alam, tinuwukan sira Pangeran, aneda enaking dunya, mungkir sapangerat, aweha sira sang prabu, tanda tapak tanganira.
  13. Radja Pirngon asung tulis, tanda tapak tanganira, wus tinampanan surate, binekta mring kaki guwa, dinulu sampun musna, yata radja Pirngon metu, tumulya maring bengawan.
  14. Pinandeng bengawan nuli, medal agung toyanira, mapan gawok sakaume, ningali kasaten nira, sagunge wadya bala, sadaya prasamya sudjud, amangeran ing sang nata.
  15. Sang nata mantuk tumuli, malebeting dalem pura, pinaraking maliga, ingayap para wanudya, amangun kalangenan, bengawan wau tinantun, toya mili saking ngesam.
  16. Mili dumateng ing Mesir, angubengi dalem pura, aliwat soring malige, sinungan Sarah kencana, mili kanang tataneman, sumawana kang perahu, pinatiking nawa retna.
  17. Sang nata ngandika aris, dateng sakeh panudjuman, wawa sika pudjanggane, kang para tabib ubatan, sakeh guru petangan, sumawana juru tenung, kaya ngapa tingalira.
  18. Pandjenenganingsun iki, goningsun dadi Pangeran, sapa ingkang ngrusak ingong, pan ingsun iki Pangeran, kendel kang tinakonan, atur alon djuru tenung, inggih patikbra bethara.
  19. Ing nudjum kawula hening, wonten tatiyang satunggal, taksih wonten ingibune, salebeting wawetengan, kagyat sri naranata, amireng wuwuse nudjum, ngandika isemu sungsawa.
  20. Heh ta patih becik ugi, wong meteng sira bedela, tan mbuh lanang tan mbuh wadon, isine kang wawetengan, pan sampun linakasan, parentahira sang prabu, djroning kutha myang ing desa.
  21. Ya ta wonging Bani Srail, hakakasih Nabi Ngimran, kang estri lagya ambobot, arsa rinuntuhaken welas, siningidaken guwa, wus jangkep ing mangsanipun, babar djalu putranira.
  22. Winadahan djroning pethi, binucal dateng bengawan, kentir ing toya miline, kocapa sang prameswara, asiram ing patirtan, aningali pethi kanyut, hingambil nulya binuka.
  23. Kang pethi isi bebayi, tur lanang bagus kang warna, kalangkung suka manahe, pinundut aran Musa, ingakathah putranira, kadi kang putra satuhu, arsa samya sinusonan.
  24. Sakehe susu tinampik, kocapa nini mariam, angintip bayi kadaton, padjar yen wonten wong ndaba, saoata susonira, Ngimran ingandikan sampun, anusoni tan asadjarwa.
  25. Lami-lami sri bupati, ningali lare ing pura, pinangku prameswarine, ature kang prameswara, kawula mipil putra, sang radja Pirngon anyambut, ing rare pinangku garwa.
  26. Musa suker aningali, ing Pirngon djandjenggot nata, nulya binubutan alon, bramantya sri naranata, Musa arsa pinedang, yata prameswari gupuh, anyandak sarwi angucap.
  27. Lah ta tuwan kadi pundi, angidep tingkah ing bocah, pan sampun djamake rare, tan wonten prayoganira, ewa makaten uga, sandingan sotya mancur, jajaren kalawan wong tuwa.
  28. Yen pinilih sotya nenggih, dudu budine rareka, yen pinilih hingwang wane, sayektine budine bocah, saksana linekasan, Musa pan sineleh sampun, sedya marani sasotya.
  29. Saking parmaning Hyang Widhi, Djabrail ngadang ika, nulya menggok ing wang wane, dyan pinuluk Musa mular, Pirngon rena tumingal, Musa punika sinambut, dumateng ing prameswara.
  30. Sampuning alami-lami, saya geng Baginda Musa, lenggah ngarseng raja Pirngon, heh Musa sira ngucapa, ingsun Pangeranira, Baginda Musa amuwus, pan dede dika Pangeran.
  31. Kang andadekaken bumi, langit sakalire ana, iku Pangeran djatine, sang radja Pirngon bramantya, Musa linarak-larak, prameswari mangkya dulu, marani sarwi angucap.
  32. Mangsa ta gelema mami, sacubana lawan ndika, kemengan sang raja Pirngon, ningali kang prameswara, dene tresna kalintang, Musa pan ingangkah sunu, anut sakarsaning garwa.
  33. Nabi Ngimran sampun uning, yen Musa iku putreka, rinodjong-rodjong sang katong, uninga wong sanegara, Musa ingangkah putra, semana Musa amuwus, sami mangkya gagondjakan.
  34. Putrane punggawa mantri, Baginda Musa cinacad, katerasna guguyon, heh Musa sira uga ngaku putraning nata, anging sadjatine dudu, rama ibu tan karuan.
  35. Ya ta anakipun mantri, ginoco murdane bencah, wonten pun kambil wastane, misane prameswara, yata pajar ing Musa, lungaha sira den gupuh, yen tan lunga pinatenan.
  36. Hukume sri narapati, kang mateni pinatenan, sanadyan silih putrane, yen mateni pinatenan, lah ta sira lungaha, poma kaki wekasingsun, risampunipun mangkana.
  37. Patih Aman matur aris, dateng mangke sri narendra, atur kawula sang katong, mangke putra tuwan Musa, mateni tanpa dosa, Musa ageng manahipun, lir nyata putra sri nata.

۞۞۞ PUPUH 26 ۞۞۞
S I N O M

  1. Baginda Musa lumampah, adjrih dateng Pirngon adji, nusup wana tepi desa, atebah dipun ampiri, dening Nabi Museki, arsa mangkya leren wau, padusunan madaryan, sumur pangason gen kampir, Nabi Musa ning pinggir sumur kacaryan.
  2. Sumur tinutupan sela, ageng nudju kawan desi, gen nginumi raja kaya, ingkang dipun ngen sakakalir, ing desa tepis wiring, kumpul yen ta sareng rawuh, tan kelar mangkya buka, yen tan jangkep kawan desi, pan ing mangke selagi anudju sunya.
  3. Kang prapta eca pakulya, yata wonten ingakng prapti, ngarsani pun Nabi Musa, mapan arsa anginumi, ingangon aning kaming, pan karigenipun rawuh, pawestri ayu endah, kari susah ing kang galih, gening prapta mapan wau kari dawak.
  4. Sang Dewi nangis-nangis alara, Baginda Musa ningali, langkung dene welasira, Nabi Musa anulungi, dahat welas aningali, kang sela kinarya tutup, sumur sampun binuka, mapan djinundjung pribadi, aglis sang dyah kang toya sumur tinimba.
  5. Dening dyang angon mendo, wus nginum kang punang kambing, sumur tinutupan alon, sun ngon menda samya ris, tuwan wong saking pundi, sinten kang sinambat arum, simaur kang tinanya, kawulaning Allah kami, pan ing Mesir ataken nama Musa.
  6. Miwah sun ataken sira, nini pinangkane pundi, lawan sapa kang sinambatan, kang tinanya lingnya ris, inggih amba Medayin, Nisapura namaningsun, putrane Nabi Sungip, risampuneki, ning mangkana henengena wus mulih Dewi Sapura.
  7. Samya marik punang menda, Nabi Sungip tanya aris, dumateng ing putranira, nini menda sami, pan wareg sadayeki, sang retna yun nembah matur, inggih kawula awarta, langkung dening gawok mami, wonten tiyang satunggal kuwawi buka.
  8. Tutupipun sumur rama, pinangkane saking Mesir, inggih namanipun Musa, Nabi Sungip lingnya aris, lah undangen mariki, kang aran Musa ning sumur, kang putra marani gya, dumateng Baginda Musaki, sampun ngiring Nabi Musa lampahira.
  9. Baginda Musa ning wuntat, kang ning ngarsa sang dyah Dewi, sampun prapta Nabi Musa, uluk salam sinauri, wus salaman ta nuli, Nabi Sungib tanya arum, pundi kayun kawuntat, kang tinanya lingnya aris, datang wonten sinedya pan angsal amba.
  10. Tiyang saking Mesir ingwang, pun Musa wasta ambaki, ramaningsun Nabi Ngimran, Nabi Sungip lingnya aris, yen mangkana anak mami, hiya rerene wismanipun, inggih Musa saurnya, pan sampun dipun senggahi, sampun nginep yata kawarnaha endjang.
  11. Nisapura ingsemu merang, mring tatamu nom pekik, kang rama sampun uninga, yen kang putra isemu isin, tan purun angon kambing, Nabi Sungib atanya rum, dateng Baginda Musa, heh Musa sira sun tari, sun panggihke sira lawan anakingwang.
  12. Ingkang Anisa pura, Musa matur adjrih nampik, yata sampun apapangya, Musa kalawan sang Dewi, Nabi Sungip lingnya ris, lah nini maringa iku, gedong lapa djungkat, dyan lumaku katur kang cis, lah ta iki nini sira balekna.
  13. Ing gedong milinya djungkat, amili djungkat tumuli, tan liyan kang rama mulat, iki balekna malih, dyan winangsulken kang cis, miliha gendolnyanipun, akeh djungkat pinilihan, tan liyan kang kabekta dingin, mapan sampun karsaning Hyang kang Maha mulya.
  14. Lan djungkate Nabi Adham, kayu djetun saking sargi, wesine mangkana uga, pinasthi dera Hyang Widhi, maring Nabi Musaki, Nabi Sungib ngandika arum, ri angon menda ingwang, djandjiningsun opahi kambing, mapan menda sedaya ulese abang.
  15. Lamun menda anak-anak, metu putih djandji mami, mandjing ta opah sadaya, kambing meteng sami, menda medal anakipun, sami pethak sadaya, wus sinung dadi opahe, ingkang putih wus pinaring djandjinira.
  16. Yen ireng mandjing ing opah, yata wau punang kambing, sami cemeng wiyasira, ngalih yen belang bendjing, yata temu belang sami, kendit mangkana iku, saben manak dadya opah, sampuning alami-lami, sang retna ling apadjar dateng kang raka.
  17. Sampun tuwan angon uga, menda pernah soring wukir, menda tuwan pan rinusak, semut saking djro guweki, genge sak kucing-kucing, gawok kang raka angrungu, yata Nabi Museki, ngon wedhus djungkat cinangking, nitih unta atudju ing prenah sira.
  18. Enggene semut semana, tan antara adatengi, Nabi Musa gawok mulat kang semut samya aprapti, genge sak kucing-kucing, amamangsa mendanipun, lumayu Nabi Musa, saking parmaning Hyang Widhi, Djabrail prapta maring Nabi Musa.
  19. Heh ta Musa djungkat tuwan, iku tibakna siti, adan mangke linekasan, djungkat tinibaken siti, dadya ula nageki, anguntali sakeh semut, nanging wangsul mring genya, Nabi Musa aningali, maring naga mara adjrih Nabi Musa.
  20. Titiyang unta lumadjar, Djabrail nulya prapti, angadeg lingipun alon, lah tuwan cekelen sarwi, mungkur cinandak aglis, kang punang naga ta wau, anulya dadi djungkat, Nabi Musa angling aris, kadi pundi semune amba tan duga.
  21. Dening semut kathah telas, den untali dening nageki, saking djungkat kang pinangka, angling Djabrail bendjing, tuwan mungsuh ing adji, Pirngon sakeh balanipun, kupar kadi semuta, mati dining cis tuwan bendjing, dadi ula naga sampuning mangkana.
  22. Wong Medayin cinarita, norana kang idep singgih, mring pakon Allah Tangala, sami basur tan praduli, ing Nabi Sungib singgih, kalangkung sunkawanipun, tan kena marahana, Nabi sungib lingnya aris, lah ta pada idepa pitutur ingwang.
  23. Lah sami sira islama, yen tan manut maring mami, sayektine sira uga, binendon maring Hyang Widhi, sira kena bilahi, kaum kapir alon matur, lah ta pundi tandanira, sun djaluk muraha bakti, mapan iki ning Medayin sarwa larang.
  24. Lathi sidji ta sadinar, saking parmaning Hyang Widhi, nanem tuwuh sami miyos, yata mirah ingkang lathi, adol panuku neka, ingkang satus katinipun, apangadji sadinar, suka sugih sanagari, sakathahe kaum kapir ing nagara.
  25. Dahad maido sadaya, tan ana parcaya ing ati, saya darung pulahira, yata wau ing Medayin, bilahining Hyang prapti, langkung larang panganiku, kepahilan geng dahad, rusuh tanpa tata sami, pitung warsa wau datan ana udan.
  26. Ya ta medal lesus mirat, mega abang den tingali, denyana ikayun udan, saya mundjuk mega abrit, yata girang wong sami, wuwuh kandel mega mendung, sampun kumpul semana, niba dadi udan geni, sanagari Medayin megat kobongan.
  27. Geseng sakathahe kopar, janma kewan wus kabesmi, amung ingkang kaliwatan, dukuhipun Nabi Sungib, gung udan ketes dadi, mirah kang sarya tinuku, Nabi Musa winarna, lumampah kalih kang rayi, pan alami ning marga ing wana wasa.
  28. Sah saking Medayin hiya, lumampah tigang ndinaki, tan anginum tan adahar, pan Musa adjalu estri, nudju wau kang rayi, bobot langkung welas ayun, yata kala semana, mendung udan ricik-ricik, awor lawan kilat sarta gelap ngampar.
  29. Baginda Musa kemengan, yata karsa karya api, nithik sela nora miyos, kang sela binuwang angling, lah amba tan metoni, tan wonten karsa Hyang Agung, Nabi Musa tumingal, mancur kang cahya kaeksi, yata wau nulya pinaranan sigra.
  30. Pernahe gunung tursina, suku djurang lempit-lempit, angubengi ing prawata, ran mukadasing tuweki, ana swara mengeti, nora ngarah nora djunung, heh Musa kaosira, ikulah pecaten kalih, Nabi Musa mecat kaosaksana.
  31. Lampah dengku geret djungkat, ngandika Hyang Maha Suci, sira Musa ingsun kongkon, Pirngon kon agama suci, Musa matur ing Widhi, ya Pangeran kang mulyagung, tuwan kang luwih wikan, pan lesan amba puniki, tanpa sekat lawan lesan kenging ing dahana.
  32. Saking radja Pirngon tuwan, lawan derek amba singgih, ingkang nama arunda dosa, kenginga kawula kanthi, tinarima Musaki, dening Hyang Maha luhur, Nabi Musa mulya djatya, duking kongkon wus wineling, wus lumampah nuli rawuh ing nagara.
  33. Prapting Mesir djudjukira, mring ibu ramane reki, akekasih Nabi Ngimran, waktu Ngisa neda kori, rara Maryam buka glis, tumulya mangkya atutur, mring kang ibu yen ana, tetami nulya kang bibi, wau ngatak lah nini masanga damar.
  34. Nabi Musa kinon lenggah, ingkang ibu aningali, pan weruh yen putraneka, kang putra rinangkul aglis, sampun atata linggih, binekta mandjing wismaku, adjrih dateng narendra, yayah rena suka sami, kang sederek sepuh wau nulya prapta.
  35. Nama Harun sareng dahar, pan sami eca abukti, miwah kang derek wanudya, yayah rena sami bukti, sampuning sami bukti, kadang estri atanya rum, kadi pundi tuwan prapta, Nabi Musa angling aris, karan ingsun prapta ingutus Hyang sukma.
  36. Ingsun kinon ing Hyang suskma, anari ing Pirngon adji, kinen anandanga iman, saderek kalih nauri, inggih ta kadi pundi, gen tuwan wau pitutur, dening sang radja Pirngon, ratu gung marentah adji, pasthipun tuwan nora den paedah.
  37. Pan tuwan pekir kasiyan, kedik wong kang pracayaki, awuwuh agawe wirang, Baginda Musa nauri, keh wruhan tuwan mami, sinung mudjidjatipun Agung, Nabi Musa anulya, djundjung asta ananeki, nulya medal wau cahya kadi wulan.
  38. Djungkat tinibakne lemah, dadi ula naga putih, sesek ingkang panataran, wong Bani Srail ningali, suka cipta ning ati, pracaya ing Nabi Musaku, wong Bani Srail sakyah, sami takon-tinakoni, wus pajar pinadjar, kang wruh ing Musa.
  39. Atutur kang uninga, lah hiya wruhane reki, Baginda Musa punika sinungan sih Hyang Widhi, dadi Nabi linuwih, sinung sarengat ginunggung, dipun djuluki ing Hyang, ing Allah kang Maha Suci, Nabi Musa djinulukan kalammulah.
  40. Langkung sinungan mudjidjat, asta tengenipun midjil, medal cahya kadi wulan, djungkat tinibaken siti, pan dadi ula gageki, agenge lir pendah gunung, lan katurunan kitab sawidji toret namaneki, keh wrungu wong Bani Srail langkung suka.
  41. Kalangkung pracayanira, mring Musa punika Nabi, sami madep dalu siyang gede cilik djalu estri, sami pracayengati, yen Musa Nabi linuhung, utusaning Pangeran, Nabi Musa kalamulahi, Nabi Musa wau kang kawarnaha.
  42. Pan sampun ngrasuk busana, sarta ngagem djungkat neki, wus ngrasuk pradjuritan, agagah yen den tingali, ngemban pakoning Widhi, kang rama ibu andulu, mring putra manah keron, pasrah maring ing Hyang Widhi, Nabi Harun wus adandan pradjuritan.
  43. Saha sikeping ngayuda, tan arsa munduring westhi, kawarnaha Nabi Musa, wus lumampah Harun ngiring, sampun prapta ing widjil, lawang cinacang ta wau, macane pipi lawang, kalangkung galak ngadjrihi, sing amulat adjrih panarsa mundur.

۞۞۞ PUPUH 27 ۞۞۞
D U R M A

  1. Punang macan ingon-ingone sang nata, asring anebak djanmi, dyan macan tumingal, Baginda Musa liwat, Nabi Arun aning wuri, dekem kang macan, sirah sineleh siti.
  2. Pangidepe macan kang atengga lawang, sudjud gumeter adjrih, ing Baginda Musa, Nabi Musa anatap, ing lawang pan sarya angling, heh Pirngon sira, ngaku Pangeran djati,
  3. Dudu sira Pangeran kang murbaing alam, lah ta ingsun puniki, ingutus Pangeran, ingkang murba ing alam, kang akarya bumi langit, Allah kang Esa, lawang wus minengani.
  4. Nabi Musa Nabi Harun wus prapta, ing ngarsaning nrepati, wus ayun-ayunan, lingipun Nabi Musa, heh Pirngon ta ingsun iki, ingutus mring Hyang, nelamaken bupati.
  5. Lah ta Pirngon yen sira puruna islam, sinungan hing Hyang Widhi, pan tigang prakara, ingkang dingin ta sira, wus dadi ratu ing Mesir, pan winuwuhan, marentah wong sabumi.
  6. Kaping kalih sira Pirngon sampun tuwa, dinadeken nemalih, kaping tiga neka, mapan ta umurira, mapan kawan atus warsi, pan winuwuhan, kawan atus tahun malih.
  7. Ingakerat ingunggahaken suwarga, lah ta ngucapa ugi, nebut nama Allah, kang misesa ing djagad, tan ana Pangeran malih, amuhung Allah Pangeran kang sedjati.
  8. Lawan malih sira iku ngestokna, yen ingsun iki Nabi, Musa kalamolah utusaning Pangeran, radja Pirngon lingnya aris, heh patih Aman, ing sun nora kapingin,
  9. Patih aman matur sarwi angot sekar, kasinggiyan narpati, pan tuwan Pangeran, yen tuwan tumuruta, ing ature Musa mangkin, sayekti tuwan, patih idep-idepi.
  10. Linge Pirngon Musa sira duk ing kuna, ingsun kang ithik-ithik, apa wale sira, sun balang kembang sira, teka males balang tai, wong kaya sira, baya ta angur andjing.
  11. Dingin sira yen aja kebata merat, duk sira amateni, anaking punggawa, pasthi sira palastra, mangko iki ingsun panggih, kalawan sira, pan sira dasa pati.
  12. Hukumingsun wong mateni pinatenan, Nabi Musa nauri, kalamulah wong islam, wong kupar, tan kena ingukum mati, malah ta hiya, ginandjar dening Hyang Widhi.
  13. Radja Pirngon ngandika ing Nabi Musa, heh sira ngaku Nabi, Musa kalamulah, apa kasaktenira, ingsun arsa aningali, lah wetokna, kasakten ngarsa mami.
  14. Nabi Musa miyosaken mudjidjat, asta tengen medali, cahya kadi wulan, radja Pirngon ngandika, la ta Musa apa malih kasektenira, Baginda Musa nuli.
  15. Djungkatipun tinibakaken ing lemah, dadi naga angadjrihi, siyung kadi macan, tulale kadi gadjah, netra kadi surya lingsir, gila kang mulat, lumayu nitangi.
  16. Radja Pirngon ngandika mring Nabi Musa, sira geguru ngendi, dene bisa nyulap, heh wruhanira Musa, mapan ingsun nora wedi, mungsuh lawan sira, hanging antinen dingin.
  17. Ingsun lagi ngumpulaken balaningwang, kasatriyan pradjurit, miwah para nata, risampunipun mangkana, Baginda Musa wus mulih, anganti sira, pan sarwi angabekti.
  18. Radja Pirngon nguimpulaken kang pra manca, laminipun enem sasi, kerigan sadaya, prapta ler djeladri bena, bala pirang-pirangke, yutan awendra, ing ngiloni kang prapti.
  19. Gadjah rata sumekta kuda lan unta, datan kena winilis, djedjel ngara-ara, sri narendra lumampah, niti djempana rukmi, mancur pinermas, pinatiking retnadi.
  20. Radja Pirngon alangening lampah neka, upacaranya ngiring, kang ardawalika, sumawana naga mas, banyak dalang sawunggaling, paran wanudya selir srabadan ngiring.
  21. Nabi Musa wau ta sampun lumampah, ngiring wong bani srangil, wus angangem djungkat, lumampah kekaosan, angrasuk sikeping djurit, arunming wuntat, amudji ing Hyang Widhi.
  22. Sampun prapta pepek aning ara-ara, adjeng-adjengadjurit, yen upamakno, barise Nabi Musa, yen toya amung sacangkir, barise kopar, lir toya ing djaladri.
  23. Radja Pirngon lingipun ing Nabi Musa, heh paya sapa dingin, ingkang ngedahan, kasekten iki baya, Baginda Musa nauri, sakarsanira, sang radja Pirngon angling.
  24. Miyosaken ing tidjat udan dahana, Baginda Musa nuli, angudani toya, mati punang dahana, sang Pirngon tumuli, ngudani cemra, awor kalawan king ndjir.
  25. Nabi Musa nurunaken udan macan, cemera minangsani, pedjah dening macan, sang radja Pirngon sigra miyosaken sawer nuli, Baginda Musa, djungkatipun tumuli.
  26. Tinibaken ing lemah pan dadi naga, tuhu, lamun angadjrihi, netra kadi surya, asiyung kadi sima, telale ta mawi gading, tenggaknya abang, bang lir metuageni.
  27. Agengipun naga lir pendah prawata, sakehe sawer alit, nulya inguntalan, naga neburi kupar, geger wong kapir keh mati, pan kasebaran, pan geseng lir binasmi.
  28. Radja Pirngon mudun saking djempana, nitih kuda tumuli, lumayu saksana, anander kudanira, tan mbuh tingkahe wong kapir, asalin tunjang, rebut paran angungsi.
  29. Sela alit-alit kasilir kababan, ing naga tiba ing kapir, sakehe ubatan, sudjud ing Nabi Musa, wus ambawa iman suci, Baginda Musa, dateng ing Bani Srail.
  30. Ya ta lami genipun adep-adepan, islam kalawan kapir, wonten wong satunggal, aran Ngasiyah, wus mandjing agama suci, anuting Musa agamanya ing Mesir.
  31. Radja Pirngon lingipun dateng Ngasiyah, tobata sira iki, ing agama Musa, yen sira nora tobat, pasti sira sun pateni, matur Ngasiyah, bedja yen amba mati.
  32. Wus pinaten wau kang nama Ngasiyah, praubatan kawarni, yata dipun sulah, denipun anut ing Musa, kocapa ta tiyang Mesir, kenging sesalat, bilahining Hyang Widhi.
  33. Larang pangan sarta laler kodok kathah, toyanya kadi getih, yata matur samya, dateng sri naranata, sakathahe wong ing Mesir. Lah mulnyakna, tuwan Pangeran mami.
  34. Ling sang nata lah pada merada, maringa Bani Srail, miluha ing Musa, risampuning mangkana, wong Mesir akeh kang ngalih, angungsi pangan dateng ing Bani Srail.
  35. Saya kathah kaume Baginda Musa, malah djangkep sakethi, sami mandjing islam, anut ing Nabi Musa, sampuning alami-lami, Baginda Musa, kinepung dening kapir,
  36. Nabi Musa kinasap dening sang nata, arsa rinebut wani, gunge bala kupar, anglir segara bena, Nabi Musa mung sakethi, kasoran yuda, bala ing Bani Srail.
  37. Ngungsi papan Baginda Musa lumampah, sinesek dening kapir, amuk ingamukan, mati pating djalempah, pati lir babating pancing, islam lan kupar, sami ukih angukih.
  38. Ya ta piyak lir lalurung kang samudra, Nabi Musa agitik, kalwan djungkat neka, Nabi Musa lumampah, wong Nabi srail tut wuri, sakehe kupar, kandeg tan nana wani.
  39. Djabrail tumurun awor kopar, anitih kuda estri, anengahi ngarsa, rupa patinggi desa, angucap amirangi, heh ta sang nata, Pangerane wong Mesir.
  40. Tingalana lah ika, Baginda Musa, Pangeran Bani Srail, malebu segara, dika adjrih punapa, pada dening para mantri, datan angrasa, dinadeken mantri.
  41. Lamun ingsun amuktiya kaya sira, dadar walesing pati, sun patinggi desa, saben taun sasawah, dening ingsun nora wedi, yata lumampah, malebeting ing djaladri.
  42. Tinutwuri dening sakathahe kupar, dening kang para mantri, kudane kurungan, lami aning gedogan, ningali djaran pawestri, sami gemerah, kapir sami nut wuri.
  43. Radja Pirngon nut wuri lampahe kathah, prapta tengah djaladri, malaekat sung surat, ing tanda tapak tangan, tinaken rarahi, dyan angin topan, risaksana nuruni.
  44. Ya ta marga tumangkep dadi samudra, kapir kambang ing warih, lebur sakeh kopar, yata Baginda Musa, sampun mentas bala ngiring, sakari neka, kang mati dening warih.
  45. Wong ing Mesir sudjud ing Nabi Musa, ngaturken tobat sami, mapan sami islam, yata Baginda Musa, djumeneng mangkya ing Mesir, negaranira, karan wong bani Sarail.
  46. Nabi Musa ngandika ing kaumira, lah ularana sami, maring patih Aman, yen katemu si Aman, gawanen lingarsa mami, dyan ingularan, kaum pra samya midjil.

۞۞۞ PUPUH 28 ۞۞۞
M I D J I L

  1. Wus ingundang sakehe wong Mesir, adjrihing Hyang Manon, anut Nabi Musa sarengate, sadaya karan kinen nyingkiri, pakon den lampahi, sunat lawan parlu.
  2. Kaum Mesir punika tan sami, ana kang maido, ana ingkang pracaya atine, ana ing lairipun awedi, ana batin wani, sakathahe kaum.
  3. Nabi Musa angandika aris, wruhanira ingong, kitab sawidji torete, lawan sinung sarengat mami, kinon marentahi, ing sakehe kaum,
  4. Maturipun kaum ingkang mukir, tan pracaya ingong, iku kitab tulisane dewe, ngaku paringane Hyang Widhi, kaum ingkang kapir, sami ageguyu.
  5. Cinarita Musa tatkalaning, wau sapa temon, munadjating gunung tursinane, parmaning Hyang kang Maha Suci, Djabrail prapti, bekta kursi muwus.
  6. Nabi Musa pan amba puniki, ingutus ing Hyang Manon, tuwan kinen lenggah kursi kene, mapan kursi saking ing swargi, kancana pinatik, ing retnadi mancur.
  7. Nabi Musa matur ing Hyang Widhi, tuwan luwih anom, kaum amba ta maido kabeh, angandika Hyang Maha Suci, sun akon ing nguni, siyam karanipun,
  8. Buka anggenipun puasaneki, Musa matur alon, tutuk aba tuwan wruh gandane, andikane Hyang kang Maha Suci, tutuk sira ugi, saking puasa rum.
  9. Ya ta matur Baginda Musaki, tuwan luwih anon, ingkang kawula teda djatine, dumateng ing Hyang kang Maha Suci, amba ayun uning, ing sawecanipun.
  10. Dikaning Hyang tumenganing langit, tumenga angisor, dyan tumenga Musa satingale, narawang katon kang ngaras kursi, dyan tumungkul nuli, Djabrail rawuh.
  11. Lingipun Djabrail Musa tan kenging, tuwan sapandulon, tuwan miyos ibu dalaning kel, sayekti cemer tetiyang estri, kawula tan kenging temu gustiningsun.
  12. Kitab tuwan toret sampun muni, ing suwarga anon, yata Musa djumeneng ature, tuwan tingalan ing sayekti, ing tuwan kang djati, amba ing pukulun.
  13. Parmaning Hyang malaekat prapti, saking langit pindo, halir macan kadi grah swarane, heh Musa tan aningali, ing Allah sayekti, Musa ngadeg matur.
  14. Tuwan tingalana amba iki, sawecane tumon, malaekat langit tiga kapate, swarane lir gelap ngadjrihi, gegem cahya adi, warnane lir holung.
  15. Heh ta Musa tan kena ningali, dateng ing Hyang Manon, Nabi Musa djumeneng ature, pan tuwan luwih kuwasa ugi, tingalana mami, ing tuwan kang Agung.
  16. Malaekat langit ping lima prapti, pangucape sogol, heh Musa sira gede atine, Nabi Musa ngadeg matur malih, tingalana mami, tuwan gustiningsun.
  17. Nulya prapta malaekat nem pitung langit, awakipun marong, lir kilat nangguh cahya tangane, pangucape amelas asih, pan netraning djanmi, tan kena andulu.
  18. Pan djumeneng Musa matur Hyang Widhi, tingalana ingong, Allah Tangala mangkya ngandikane, yayah Musa tingalana ugi, den awas ningali, sira maring gunung.
  19. Dyan gunung tursina den tingali, Musa awas tumon, cahya adi lir gerah swarane, lir gelap muni bareng sakethi, gunung dadi api, geseng dadi awu.
  20. Baginda Musa tiba tan eling, salira anglosot, yata pitung dina anglilire, tuhu Allah kang Maha Suci, mata dunya iku.
  21. Mata kapala tan kena ngaksi, dateng Hyang Manon, yata cinarita sawurine, sakehe Musa dateng wukir, wong ing Bani Srail, samirinanipun.
  22. Mapan tuhu tukang kemasan bangkit, wigane kinaot, pan winuruk iblis lanat bangkite, anut ing wurukipun iblis, kang aran sumiri, hapti hang ngridu.
  23. Pan karya tapel pininda sipi, pinendem tan katon, nulya ngedjar ingkang naure, ingocoring sadjroning tapel nuli, pun samiri angling, mring tetangganipun,
  24. Heh wong Bani Srail sun djateni, sira ayun tumon, ing Pangeraning sun benere, lah payo pada aduduk siti, pasthine apanggih, Pangeran kang Agung.
  25. Nabi Musa lunga angulari, mring Allah sadjatos, maring gunung tursina parane, pasthi Allah yen nora kapanggih, wong ing Bani Srail, kathah kang mituhu.
  26. Nulya duduk bumi kapanggih, sami mas mancorong, sami nembah satengahe, Pangeran mas kang pinda sapi, wong Bani Srail, tigang kethi sudjud.
  27. Ananging wong kang tan sudjud ing sapi, Nuhun ing Hyang Manon, anut Nabi Musa sarengate, wong ing Bani Srail pitung kethi, kalih leksa malih, rong ewu rong atus.
  28. Ya ta Baginda Harun amarani, angandika alon, heh wong Bani Srail sira kabeh, adja nembahi brahala sapi, iku durakani, kapir temahipun.
  29. Wong ing Bani Srail nauri, ki Pangeran sayaktos, lah ta mangke amba ta konane, heh tuwan Pangeran kang sadjati, yata sami muni, sartanipun manggut,
  30. Langkung asrep manahe wong kapir, Nabi Harun menthos, pituture Harun tan sinakolah, Nabi Harun saya prihatin, langkung dening adjrih, hingari sadulur.
  31. Cinarita Nabi Musa prapti, wus miyarsa wartos, wong ing Bani Srail ing tekade, sami nembah ing brahala sapi, amangeran sami, Nabi Musa bendu.
  32. Nabi Harun mangkya pan ginitik, djinambak kang djenggot, Nabi Harun mundur langkung adjrihe, Baginda Harun matur aririh, kang anembah sapi, kang sami tuhu mring sun.
  33. Nabi Musa matur ing Hyang Widhi, heh Pangeran ingong, lah kadi pundi tuwan ing karsane, kaum amba sami nembah ing sapi, parmaning Hyang Widhi, jabrail rawuh.
  34. Kala tuwan kesah duk ing nguni, tan pasrah Hyang Manon, mapan tuwan pasrah sadulure, Harun tuwan pracaya hing wingking, yen pasraha huni, mring Allah kang Agung.
  35. Mapan yekti rineksa Hyang Widhi, puwara nunutuh, lah ta pira Harun pangreksane, pan Harun tan kuwasa aling-aling, ing karepe kapir, kang sami daluru.
  36. Ya ta Baginda Musa tumuli, animbali kang wong, aken angestoken kitabe, kinen angrusak ing brahala sapi, sakathahe kapir tan ana mituhu.
  37. Baginda Musa ananeda ing Widhi, tuwan luwih anon, tinarima panedane, Djabrail pan ambakta wukir, ngungkuli ing Mesir, ning tawang kang gunung.
  38. Wong ing Bani Srail langkung adjrih, ing gunung lir andjok, wong ing Bani Srail tobat kabeh, anut ing Baginda Musa ta sami, pakone den lampahi, sudjud ing Hyang Agung.
  39. Ya ta andikaning Hyang Widhi, Musa nulis alon, kalawan kancana ing mangsine, Baginda Musa matur ing Hyang Widhi, tan gadah mas mami, angsal pundi ingsun.
  40. Parmaning Hyang Djabrail angling, angalapa godong, patang lembar kang beda rupane, Saranane kancana kinadi, warnane wus uning, godong wus tunuduh.
  41. Dyan kinarya ing Musa wus dadi, sakeh wong tan anon, nanging wonten prenah misane, pun karuh ingkang sinambat wangi, Karun wus abangkit, ing wisma atiru.
  42. Ya ta Karun karya kencana, anebas ing godong, hanging taha hasenet tanpa karyane, Karun kalangkung denya sugih, kancana sotya di, kabecikan mungkur.

۞۞۞ PUPUH 29 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Karun langkung sugih neka, unta seket ika datan kuwawi, ambekta ing kuncinipun, asugih dunya brana, pirang-pirang gedong papendemanipun, anging datan kasat mata, asanget denira kumbi.
  2. Datenging Baginda Musa, yata Karun asring den pituturi, Nabi Musa kang asung wruh, nanging tan kedep ika, sahandikaning Nabi Musa ing Karun, asanget kereming dunya, lali tan arsa bakti.
  3. Nabi Musa ngandika, dateng Karun sira ngangeya kawis, apan ta ndunya sang Karun, tan panggeh ing akerat, nora langgeng ta ndunya nira sang Karun, lan malih ingsun wawarta, ing Karun lan sira mangkin.
  4. Rehne sira simpen ndunya, djakata sira ing pekir miskin, lah wruhan nira sang Karun, sira aremen dunya, mapan pirang-pirang gedong ta sang Karun, yen nora djakata sira, satemahe mamalati.
  5. Pan ndunya iku naraka, atemahe sira lali ngabekti, karem ing dunya nira gung, nora gelem adjakat, dening liwat kumet sira ta sangka Karun, dunya sira karya apa, mangsa ginawaha mati.
  6. Anging datan piniyarsa, pituture Nabi Musa keh kedik, tan mituhu ing pitutur nutukena mulang sarak, piyangkuhe sapa sira sapa ingsun, wus njandji takdir Suksma, Karun pinasthi ing kapir.
  7. Kang ngudubilahi minha, risangsaya dalurung kang pakarti, ing siyang dalu sang Karun, tan pegata kasukan, babedayan amanggan kalawan nginum, hapeng tak kaciyak-ciyak, gamelanya angrarangin.
  8. Lali pangabekti pisan, segak-segak suka sak bala sami, suwara mumyang gumuruh, dalurung gawe maksiyat, wong duraka kang tinekaken pun Karun, hangomongi cacah-cacah, tan patut lawan agami.
  9. Nekaken kamuktenira, mangan nginum hingayap ping pawestri, pipilahan ayu-ayu, pangangge murub mancur, lami-lami Karun sira saya lacut, djalu estri kathah prapta, kagimir busana adi.
  10. Wonten ta sentana neka, Nabi Musa mangkya ngucap kapingin, aningali dateng Karun, lamun ingsun sugiha, kaya Karun mendah bungah atiningsun, wong sinung bekdja ing dunya, Karun ika langkung mukti.
  11. Ya ta wau kapiyarsa, Nabi Musa thas nulya nauri, sira iki uwong pengung, kang kaya udjarira, kapingin ing wong duraka kang winantan, ingkang kaya Karun ika, ingsun welas aningali.
  12. Ngurbaya den cinupet, nora dawa duraka ning Hyang Widhi, ya ta mangkana sang Karun, wau sangsaya dadra, akasukan nutugena mangan nginum, medal dateng ngara-ara, wiyarsa sampun den ta rubi.
  13. Sakeh kang laku maksiyat, samya ngiring pangangge adhi-adhi, ing ara-ara gumuruh, wor swaraning gamelan, sami ngigel wanita ginenti kakung, arame ing pasamuan, supenuh wong aningali.
  14. Sami kacaryan kang mulat, ing tontonan dinulu warni-warni, panggawenira sang Karun, nganggo awenang-wenang, saya datengaken ing sikaranipun, dumateng ing Nabi Musa, pinrih tan kendel ning bumi.
  15. Kaume dimen sengita, maring Nabi Musa wong Bani Srail, sami anuta sang Karun, karya pitenah cidra, oleh prenah iblis lanat kang andjurung, hasti amita upaya, Nabi Musa kang pinanggih.
  16. Selire Karun samana, meteng tuwa upah pan sampun janji, dirham sewu opahipun, kinen sira ngucapa, muni oleh djinah wawetenganipun, mapan hiya Nabi Musa, kang oleh wawetengan mami.
  17. Ya ta wong kang meteng tuwa, malong-malong lurung ageng ning kori, sakeh wong liwat angrungu, wong kang meteng asambat, ngucap lamun Baginda Musa kang antuk, wawetenganingsun uga, saking adjinah purweki.
  18. Pangarahe Karun ika, sakathahe kang wong ing Bani Srail, adja ana samya anut, maring Baginda Musa, mapan hiya djinah kalakuhanipun, iki si tandane ana, wong wadhon meteng ngakoni,
  19. Ya ta miyarsa pawarta, Nabi Musa tinarka tan sayekti, tan sipi genira bendu, yata wadhon kang wawrat, ingkang ngembet Baginda Musa wau, sigra nulya tinimbalan, arsa dipun tetakeni.
  20. Pasamohane akathah, sami ngucap Nabi Musa ngetengi, samya ngiringaken laku, pan arsa miyarsaha, pandugane Nabi Musa nora ngaku, kang meteng pan sampun prapta, sarta wong ing Bani Srail.
  21. Kang satengah ana ngucap, Nabi Musa tuwan ta kadi pundi, laku tuwan nora alus, lambang sari adjinah, risaksana Baginda Musa muwus, wetenganira tinatap, sarta rare den takoni.
  22. Heh ta rare wawetengan, sapa bapa ira ingkang sayekti, rare ning wetengan matur, pun Karun bapa ingwang, oleh djinah puda biya kalawan Karun, semana kathah kang mirsa, rare ning wetengan angling.
  23. Bramantya Baginda Musa, aturipun dateng Hyang Maha Suci, Pangeran amba kang Agung, punapa adil tuwan, mapan amba kenging pitenah pun Karun, paran kukum wong pitenah, paran adiling Hyang Widhi.
  24. Pan Karun sampun sinungan, angancik sak luhuring bumi, katrima panedanipun, mring Allah Maha mulya, yata bumi anarik sukuning Karun, wates djadjengku katela, Karun pulintar-pulintir,
  25. Anangis angaru-ara, sambate Karun kadi gulamit, djerit-djerit ngaduh-aduh, anangis ngaru-ara, wong wadhon ingkang meteng kinen ngaku, djinah lawan Nabi Musa, inguncalaken ing masrik.
  26. Ya ta cangkemipun suwak, neda tulung tobate djerit-djerit, bumi mipit saya kukuh, suku tan kena obah, nguwuh-huwuh Nabi Musa gustiningsun, tobatlah tuwan kawula, aneda ngapura ing gusti.
  27. Lah harta amba sadaya, tuwan duma ing kaum tuwan sami, lila ing sadayanipun, punapa karsa tuwan, Nabi Musa miyarsa sangsaya bendu, Karun sangsaya Karuna, gulu kapipit ing bumi.
  28. Gedonge Karun sadaya, isi dunya katarik mring djro bumi, miwah ta pendemanipun, kang kelem djroning praptala, wuwuh manak kang dunya andaru, ingusung djim lawan setan, Karun wus silem ing bumi.
  29. Tangise alara-lara, Karun ika nora mati tan urip, anggo gawe angrik wuwuh, teking ari kiyamat, sanget durakane ing Nabi pun Karun, kinen dening Nabi Musa, anedanaha brangti.

۞۞۞ PUPUH 30 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Ya ta sampun lami-lami, cinarita Nabi Musa, ingutus dera Hyang Manon, merangi radja Harkiyah, ing Tembiyah nagara, yata kawarnaha ngenu, lampah mring ara-ara.
  2. Musa rikat lampah Nabi, Musa kurang sangunira, yata Nabi Musa akon, angustus ngulari pangan, tepis wiring pradesan, kang dinuta wus lumaku, kathahipun kalih welas.
  3. Kun ingkang nyata kang aningali, tatiyang dusun Tambiyah, duk lagi sambung tegale, mahoni pager pagagan, ngandut dalima mulat, ing wong ngalit-alit rawuh, kathahipun kalih welas.
  4. Titiyang ing Bani Srail, rinaub tangan kewala, yata wus kacakup kabeh, nulya sira winadahan, ing cangkoking dalima, ingaturaken ratunipun, kang nama radja Harkiyah.
  5. Dedegipun ageng inggil, wong sanagara Tambiyah, wolung puluh gas luhure, dening sang radja Harkiyahh, pan luhure satus gas, kapir saturun tumurun, kocap kang saking pagagan.
  6. Bekta wong ing Bani Srail, utusane Nabi Musa, kang kalih welas kathahe, aning cangkoking dalima, tinampa asta kiwa, ing ngaturaken ratunipun, suka sang radja Harkiyah.
  7. Angling mangke ana ngendi, ingkang aran Nabi Musa, rekyana patih ature, ning ara-ara Tambiyah, Musa Sabalanira, dening sedyane pukulun, anglurugi dateng tuwan.
  8. Sagung pra manca nagari, rinusak ing Nabi Musa, kinen anut agamane, yen tan anuta rinusak, dening Baginda Musa, radja Pirngon ratu agung, kawon ing Baginda Musa.
  9. Sampun menggah ingkang alit, nagari tuwan Tambiyah, yen nenggaota ing prage, ing ratu Baginda Musa, angling radja Harkiyah, dateng ing papatihipun, lah patih sun kurang apa.
  10. Pan ingsun birama sakti, nora na ngungkuli mring wang, pira ta iku gedene, balane kang aran Musa, mangsa nora padaha, balane lan ratunipun, kyai patih nuwun turira.
  11. Radja Harkiyah mangkya ling, dateng ing papatihira, heh patih sun tingalane, wong rolas kang aning dalima, dyan patih marik ngarsa, cangkok dalima wus katur, radja Harkiyahh ngandika.
  12. Lah cilik temen wong iki, heh patih yen semeneya, kang aran Musa balane, kaya nora wedi ingwang, sanadyan asaktiya, ngalahaken Pirngon iki, rekyana patih matur sembah.
  13. Dumateng sri nara pati, tuhu gusti ing punika, atur kawula sang katong, ingkang nama Nabi Musa, yen kala mengsah yuda, radja Pirngon kawonipun, pangalasanipun Musa.
  14. Agadah jungkat linuwih, tinibaken dadya naga, lir hardi genge nagane, anguntali mengsahira, pan telas las inguntalan, radja Pirngon kaplayu, wadyaning kathah kang rusak.
  15. Sadaya telas binukti, dening saweripun Musa, lir surya kembar netrane, ilate kadya dahana, nunten age cinandak, pan dados ta tawangsul, mring astane Nabi Musa.
  16. Bala radja Pirngon hentir, kang nama tiyang batangan, tanpa wilangan kathahe, kang pedjah sinambar naga, Nabi Musa kinepang, Musa lumebet ing banyu, sagara ginitik asat.
  17. Ya ta sagara tumuli, amiyak toya lira marga, manengah Musa lampahe, radja Pirngon anut wuntat, lampahe Nabi Musa, radja Pirngon datengipun, samudra Musa ning lasta.
  18. Nulya samudra nangkebi, kang miyak toya lir marga, Pirngon kambang Sabalane, sawidji tan wonten gesang, sarta kang tunggangan nira, wadya balane Musa tan lampus, langkung sakti Nabi Musa.
  19. Radja Harkiyah nauri, yen mangkanaha patnya, yen bener aturmu ingong, sayekti tur tanpa bala, nadyang ingsun waniya, aprang lawan Musa iku, mangsa ingsun nuliya aopa.
  20. Humatur rekyana patih, gusti sanadyan paduka, nora nonggo ing yudane, ing ratu Baginda Musa radja Harkiyah mudjar, lah ta patih karsanipun, mengko amirsaha sira.
  21. Humatur rekyana patih, sarta kang mantri punggawa, saumpami rembuk sang katong, ing ngriki wonten pandita, lah tuhu binethara, kang aran pandhita Balhum, atapa pucuking arga.
  22. Sabdaning kalangkung mandi, pan cipta Balhum punika, amastani supamine, ngarani pedjah nuli pedjah, saking mandining ing sabda, daweg tinedanan tulung, ngandika raja Harkiyah.
  23. Lah iya ta patih becik, sira ingkang lumakuha, anggawa mantri ingong, sarta gawaha ruruba, wastra lawan sotya, katura pandita Balhum, kang dinuta sigra mangkat.
  24. Lampahe sampun lumaris, sampun ambekta ruruba, radja Harkiyah ngadaton, wus lumebet dalem pura, yata kang wuwuse, kang aran pandhita Balhum, sanget kasutapanira.
  25. Katarima ing Hyang Widhi, amandi sapangucapnya, sidik terus paningale, yen tumenga maring tawang langit pitu nerawang, ngaras kursi pan kadulu, lamun tumungkul mangandap.
  26. Pan terus pitung bumi, katon kang naga pertala, tuhu terus paningale, wonten malih katingalan, ngandape bumi sapta, ulam ageng kang kadulu, amudji marang Pangeran.
  27. Kuneng duta nata prapti, sarta lat pambektanira, ngaturaken rurubane, sasotya retna kencana, sampun katuring ngarsa, ngandika pandita Balhum, dateng kang sung ruruba.
  28. Lah ta ingsun nora wani, matura ing gustinira, lah bektanen wangsul kabeh, sakehe gagawanira, ingsun adjrih Allah, duraka tembe tinemu, yen ingsun nurut ing sira.
  29. Kemengan manahipun kapir, dutane radja Harkiyah, rumangsa tan angsal gawe, dene lampahe katolak, kukuh agamaneka, kang nama pandita Balhum, mangkana dutaning nata.
  30. Akarya upaya sandi, wus kageming kira-kira, ingkang sedya ing manahe, harsa marik ingkang garwa, pamekas kinasihan, ngaturaken rurubanipun, yata pamit nulya mangkat.
  31. Sang duta lingipun manis, marang garwaning pandita, inggih tan wonten yogyane, kang liyan saking andika, matur mring raka dika, ruruba nika katur, mas ayu dateng andika.
  32. Mangkana garwa kakasih, kagiwang ing manaheka, pan sampun wantuning wadhon, aremen ningali dunya, yata sang dyah pamekas, anggubel matur ing kakung, dene ngowel kang ruruba.
  33. Bok inggih tuwan tampeni, pawehe radja Harkiyah, ginawe sandang pangangge, neda guna sakti tuwan, yata langkung kewedan, kang manah Baginda Balhum, dene ginubel ing garwa.
  34. Wantune garwa kekasih, rabine Balhum mekas, awelas dateng garwane, supe kapanditanira, anampeni ruruba, mangkana pandita Balhum, ananeda ing Pangeran.
  35. Nabi Musa mugi-mugi, sampun darbe panguwasa, kesah saking pakuwone, aning tengah ara-ara, sampun kawasa kesah, dateng Tambiyah anglurug, lan Sabalanipun Musa.
  36. Tinarima ing Hyang Widhi, wau ta panedanira , pandita Balhum dongane, kawarnaha Nabi Musa, pinanggihken lampahan, nenggih kawan atus taun, genya aning ara-ara.
  37. Tan kuwasa kesah malih, saking gene ara-ara, Nabi Musa lan kaume, saking mandine kang sabda, wau ingkang atapa, kang wasta pandita Balhum, djinurung panedanira.
  38. Ya ta wong bani ngisrail, kang dinuta Nabi Musa, wong kaleh welas kathahe, ingutus ngambil pangan, dateng desa Tambiyah, wangsul dateng gustinipun, kang aning ara-ara.
  39. Karane samya abali, tan oleh ngulari pangan bade tumbas datan olih, Nabi Musa angandika lah sira ngulatana, maring desa liyanipun, saking desa Tambiyah.
  40. Ngularana pangan malih, wong pitulas lumampahe, wus tigang dalu lampahe wangsul prenahipun lama, tengahe hara-hara, mangkat malih hiya wangsul, maring prenahipun lama.
  41. Kang dinuta matur sami, dateng ing Baginda Musa, tan kuwasa kesah ingong, sampun angsal tigang dina, lampahe kaum tuwan, mider-mider inggih wangsul, dateng prenahipun lama.
  42. Kaum kalih welas uni, kang numbas desa Tambiyah, pinariksa de sang katong, matur kaum kalih welas, wula dateng tegal, wonten wong sawidji rawuh, luhure sadasa egas.
  43. Rinakup dening wong sidji, kaum tan kalih welas, linebokake kelothokane, dalima ageng satunggal, katur radja Harkiyah, ageng inggih ta sang prabu, luhuripun satus egas.
  44. Kawula den tatakoni, matur yen kawula tuwan, Nabi Musa andikane, lah paya pada lumampah, akeh temu hatkiya, yata budal bakda subuh, wangsul malih pasanggrahan.
  45. Saben kesah wangsul malih, prenah tengah ngara-ara, langkung dening mesakate, Nabi Musa matur ing Hyang, tuwan kang luwih wikan, dene amba wangsul-wangsul, yekti amba tan kaduga.
  46. Dyan umedun Djabrail, ambekta parmaning Suksma, Djabrail lon wuwuse, karanten tuwan mangkana, kabul panedanira, kang nama pandhita Balhum, ananeda ing Pangeran.
  47. Panedane mring Hyang Widhi, mugi-mugi Nabi Musa, adja kesah saking gone, ing mangke kabul satemah, tuwan tan kena kesah, karanten pandhita Balhum, andarbe tingkah mangkana.
  48. Ginubel gubel ing rabi, kagiwang dening ruruba, pan saking minta srayane, wau sang radja Harkiyah, ruruba dunya brana, rabine Balhum kapencut, ningali kang dunya brana.
  49. Rabine Balhum kekasih, kang anom gubel samana, dadya welas ira ing rabine, lali kapanditanira, dadya mangkya naneda, tinarima maring Hyang Agung, temahan tuwan mangaka.
  50. Baginda Musa prihatin, matur ing Allah Tangala, dene teka salah gawe, naneda mamurung lampah, lah tuwan walesena, dateng awakipun Balhum, punapa saukum tuwan.
  51. Tinarima dening Hyang Widhi, ature Baginda Musa, yata pinecat limane, pandita Balhum dening Hyang, dinadekaken kupar, dening Hyang kang Maha luhur, tur polah tingkah camera.
  52. Saking adiling Hyang Widhi, imane Balhum punika, pinandjingaken asune, seh kabul kapi kang nama, dening iman asunya, pinandjinaken ing Balhum, lawan malih kawuwusa.
  53. Anenggih wong Bani Srail, matur dateng Nabi Musa, amba tan kelar panase, pinepe ning ngara-ara, tan nginum tan amangan, kalawan sarira lesu, kapingin mangan woh-wohan.
  54. Baginda Musa tumuli, alencepaken kang djungkat, nulya godong kembang awoh, woh-wohan awarna-warna, tur manis-manis, samya, wus pinangan dening kaum, langkung sukane kang wadya.
  55. Matur ing wong Bani Srail, kadi pundi wastra amba, lungset tur kathah tumane, Baginda Musa ngandika, hiya sira tutuwa, dimene jati tumanipun, ana kaum kang satengah.
  56. Kang tan mituhu ing Nabi, tan arsa nutu wawastra, agatel tuwuh tumane, binuwangan wuwuh prapta, kang mituhu parentah, kang wastra lungset tinutu, dados alus mulih anyar.
  57. Wadya bala matur malih, pan amba arsa mangana, Baginda Musa lingnya lon, yen ana paringnya Hyang Suksma, adjana ikang mada, poma-poma wekasingsun, dyan Nabi Musa naneda.
  58. Tumurun saking ing langit, pan sampun ambeng-ambengan, pan asri djangan ulame, gorengan urab-uraban, agung tur warna-warna, saking ngawiyat aselur, duk amangan ana ngucap.
  59. Kanikmatan cacade sidji, dene tan anganggo lalap, dyan ambeng musnah kabeh, duka ta Baginda Musa, dateng ing kaumira, kawuwusa sami kundur, mantuk ing Mesir negara.
  60. Kocapa ing Bani Srail, wonten wong tuwa satunggal, asanget kasutapane, alila ing darbenira, narima titahing Hyang, tetepa baktinipun, ta angumbar napsunira.
  61. Tur Sabar ing anak rabi, karana lamun wus tuwa, amung satunggal putrane, abagus manah rahardjo, langkung dinama-dama, tan sinung lampah tan patut, dening yayah rena neka.
  62. Cinarita maksih alit, sawekipun paladjengan, rare abagus warnane, nanging kang rama wus tuwa, abentur lampah neka, mangkana wau winuwus, andarbeni lembu satunggal.
  63. Tan andarbeni malih-malih, kalangkung gumatenira, pan asanget musakate, angucap ing dawakira, ingsun iki wus tuwa, paran ta ing wekas ingsun, yen mulih ing karamattolah.
  64. Anak ingsun maksih alit, sayektine durung bisa, angrawati ing sapine, sapa baya kang angona, yen ingsun tilar pedjah, mumpung urip awakingsun, panedaningsun maring Hyang.
  65. Nulya tinuntun kang sapi, binekta dateng ing wana, tinitipaken karsane, dateng Allah Tangala, sampun prapta ing wana, djundjung asta sarwi muwus, amba matur dateng tuwan.
  66. Kawula atitip sapi, langkung pracaya kawula, ing tuwan amba andarbe, sapi lanang mung satunggal, lan amba darbe anak, amung satunggal pan djalu, kang dados woting wardaya.
  67. Nanging mangke maksih alit, ing bendjang sak pungkuringwang, menawi pandjang umure, anak kawula punika, lah tuwan paringna, titipan kawula lembu, kadarbeya anak-anak amba.
  68. Risaksana ingkang sapi, inguculaken ing wana, nulya mantuk ing wismane, awarta ing rabi neka, lah ta nini rubiyah, kalamun wus pedjah ingsun, wawekasingsun mring sira.
  69. Ingsun ta atitip sapi, mring Allah kang Maha mulya, kalangkung pracayaningwang, sun uculaken ing wana, yen ageng putranira, den teda ing Hyang Agung, den pracaya ing Pangeran.
  70. Risampuning lami-lami, sudjanma sampun pralena, kalangkung ing musakate, dumadi rondo kasiyan, putranipun satunggal, djalu warnane abagus, kadi putrane sri nata.

۞۞۞ PUPUH 31۞۞۞
S I N O M

  1. Wus umur pat belas warsa, angadjengaken birahi, awastan Djaka Kasukana, tuhu awarnane pekik, lan maksih anglangkung, baktinira ing ibunipun, lunga teka anembah, sudarma ginusti-gusti, saparentahe ibu datan lenggana.
  2. Kalangkung musakat neka, kalebeting pekir miskin, datan pegat bakti mring Hyang, ing siyang kalawan latri ana pun kang pakardi, saben dina wade kayu, pajenge pinartiga, ingkang saduman binukti, kang saduman sinungan ibunira.
  3. Ana dene kang seduman, kinarya amal kang demit, saben dina maring wana, denya angulati pingil, sumungkem lair batin, denya angingoni ibu, saben dina mangkana, pakarti kang den lampahi, pinartiga angsale anambut karya, kang saduman sinungan ibunira.
  4. Abakti mring ibune neka, lawan saben-saben wengi, tan eca denya anendra, tan pegat mudji Hyang Widhi, salat tangahing wengi, awungu rahinanipun, mangkya Djaka Sungkana, lampahe anuting Nabi, siyam senen kemis pan linampahan.
  5. Sarta lawan ibunira, ageng sutapane malih, anarima titahing Hyang, dalu datan apati guling, tansah salat awabin, puasa rahinanipun, rondo ayu kasian, anetepi ing agami, amumuri lampahane kang priya.
  6. Risampunipun mangkana, ni rondo waspadeng liring, welas dateng putranira, wuwuse arum amanis, dulah nyawa anak mami, saben dina wade kayu, mugi den tularana, dening Hyang kang Maha Suci, putraneka matur sarwi awot sekar.
  7. Lah ibu beda punapa, mapan salire kapardi, tan prabeda dados tapa, ingkang ibu anauri, duh putraningsun kaki, pun biyang welas kalangkung, dulu ing sira nyawa, kaki sun tutur-tuturi, ramanira duk kalane dingin gesang.
  8. Marang ingsun amamekas, udjare titip sapi, maring Hyang kang Maha mulya, sapine lanang sawidji, tinitipan uning, ingumbar ing wana Agung, iku sira tedaha, maring Hyang kang Maha Suci, ingkang putra umatur sarya wot sekar.
  9. Kadi punapa tur amba, dateng Hyang kang Maha Suci, rehe aneda titipan, ingkang ibu anauri, duh putraningsun kaki, suwelang aneda wuruk, nora kayaha ta sira, hiya sira sun warahi, aturira kang maring Allah Tangala.
  10. Hyo gustine Nabi Musa, gustine Nabi Ibrahim, hyo gustine Nabi Adham, hyo gustine Nabi Idris, gustine sakeh Nabi, wiyose kawula nuwun, titipane pun bapa, awerni lembu satunggil, mangkanaha aturira mring Hyang Suksma.
  11. Poma anak ingsun adja, anyarua ngaku gusti, gustinira Nabi Musa, gawe netra sunda kaki, kang putra matur malih, punapa ta ulesipun, lembunipun punapa, hecane kawula nedi, ingkang ibu awarta ing putranira.
  12. Hiya kaya nora nana, negara ing Bani Srail, kang duwe sapi mangkana, lir mutyara isemu wilis, lungaha sira nuli, maring wana anak ingsun, kang putra awot sekar, mring ibu anuwun pamit, yata mentar sarta ambekta pusara.
  13. Datan kawarna ing marga, lampahiran sampun prapti, wau satengahe wana, ki Djaka arsa ngabekti, ngambil toyang estuti, sampuning angambil wulu, tumulya ngangkat salat, sasampune angabekti, djunjung asta ngadeg matur Hyang Suksma.
  14. Hyo gustine Nabi Musa, gustine Nabi Ibrahim, kawula matur ing tuwan, pun bapa titip sapi, djalu amung satunggil, ing mangke kawula suwun, kaparingna amba, tinarima ing Hyang Widhi, tan adangu lembu kang wonten ing wana.
  15. Lir giniring tekanira, muni sarta amarani, maring prenahe ki Djaka, lembu wikan ingkang gusti, angambus suku kalih, dinadung kang lembu tutut, semu-semune kadya, ki Djaka kinen nitihi, gustinira wus wikan ing semu neka.
  16. Djaka Sungkana angucap, sarwi ngelus-elus sapi, lamun ingsun winekasa, mring ibu kinen nitihi, dene nora wineling, dateng ing ibuningsun, sapi micaraning nala, lah gusti suwawi mulih, pan kawula titipane rama tuwan.
  17. Ya ta sapi binekta, tinuntun wus tut wuri, sapraptane wis maneka, anancang kang punang sapi, Djaka sungkana nuli, awarta ing ibunipun, yen lembune wus prapta, kang ibu angandikaris, hiya iku kaki dadi sapinira.
  18. Sampuning alama-lama, gawok wong kang aningali, ing Bani Srail tan ana, ing memper minda amirip, ki Djaka langkung asih, dumateng lembunipun, sampunipun mangkana, kang ibu ngandika ris, anak ingsun lah ta paran karsanira.
  19. Lah wadenen sapinira, kula adarbeya malih, nanging iku darbenira, kang putra matur ngabekti, amba dateng amiring, boten lenggana ing kayun, upami winadeya, pinten ibu angregeni, ingakng ibu amodjar ing putranira.
  20. Hiya enem dinar sungena, nanging wekasingsun iki, lamun uwis apajengan, gawanen mulih kariyin, wawalerana kaki, djandjinen kang atuku, putranipun wot sekar, inggih ibu nuwun pamit, sigra mangkat sarta lembune binekta.
  21. Risampunipun mangkana, sapraptanipun ing margi, mapan wong bagus taruna, tanya mring wong sade sapi, ki Djaka den takeni, lah anak kang nuntun lembu, winade sapinira, ingkang sira tuntun iki, ana uri ki Djaka arum wasana.
  22. Kawula wade nem dinar, mangkana wong anom pekik, angucap hiya sun tumbas, nem dinar sun picisi, ki Djaka anauri, lah inggih manira asung, kawula awawarta, dateng ibuningsun dingin, risaksana kang arsa numbas angucap.
  23. Sun tukune rolas dinar, nanging adja nganggo warti, dumateng ing ibunira, adja pindo kardi malih, ki Djaka nauri, lawu adjrih ing ibu, anglirena wawekas, ki Djaka anulya mulih, sapinira binekta mring wismanira.
  24. Sapinira binekta ing wisma nira, ibunira atatanya, payu sapinira kaki, ingkang putra atur sembah, wonten wong anom apekik, arsa anuntun sami, ing saregine tinuku, ning marga parapatan, wau genipun kapanggih, ingkang arsa numbas sapi kawula.
  25. Inggih tinumbas nem dinar, malah tikel den undaki, tinumbas ta rolas dinar, nanging dipun warti malih, dateng ibu mami, punika milane wurung, kang ibu angandika, lah sira wadeya malih, panganyangan rolas dinar.
  26. Putranipun atur sembah, punapa ngangggeya malih, yen sampune apajengan, ingkang ibu anauri, yen wus pepayon regi, sira wartaha maringsun, lawan sira djandjia, lawan ingkang tuku sapi, putranipun apamit saha awot sekar.
  27. Lestari medaling djaba, sarya mangkya nuntun sapi, sampun tebih lampahira, ageng wus prapti, yata kapanggih malih, ingkang arsa tuku lembu, ki djaka pinaran na rama, sartane anganyang sapi, sapinira lah sira adjinipira.
  28. Ki Djaka nauri sabda, reginipun sapi mami, regi kalih welas dinar, kang nganyang nulya nauri, nora sun anyang malih, rolas dinar ing sun tuku, sapi nulya sun bekta, ingkang wade anauri, inggih suka ta kawula rolas dinar.
  29. Nanging tuwan antosna, kawula awati dingin, dateng ing ibu kawula, yen sampun pesthen regi, kang anumbas nauri, adja ta kukehan laku, adja nganggo awarta, dateng ibunira malih, sapinira sun tuku patlikur dinar.
  30. Linge ki Djaka Sungkana, tuwan tumbasa upami, luwih ing seket dinar, mangsaha sukaha mami, yata kawula adjrih, ing welinge ibuningsun, yen sampun ta padjengan, kawula kinen suwarti, lamun boten mangkana mangsa sidaha.
  31. Tumulya mundur saksana, sapine binekta mulih, pan sampun kaping sakawan, genya kesah wade sapi, yen kesah wangsul malih, mila papadjengan wurung, dening amindo karya, kedah ngangge ta wawarti, dateng ibu saking djrihing renaneka.
  32. Sapraptanipun ing wisma, anulya dipun takeni, nora payu sapinira, ingkang putra nauri, inggih kadi rumiyin, tunggil kang arsa atuku, tinumbas kalih welas, malah den undaki, ing patlikur dinar pan arsa tinumbas.
  33. Ananging amba nyuwun wawarta, ing tuwan tan den sukani, milane wadeni punika, ingkang nganyang nom apekik, kaping sakawan mangkin, tan liyan tigang puniku, wau kang arsa tinumbas, wangsul inggih ugi, pan angadang aning margi parapatan.
  34. Kawula adjrih ing tuwan, angliraken ing waweling; lah hila-hila punapa, ibu kang kawula panggih, kang ibu anauri, aduh nyawa putraningsun, mengko ingsun wawarta, maring sira putra mami, wruhanira iku ta dudu manungsa.
  35. Ingkang nganyang sapinira, pan dudu djanma sayekti, iku uga malaekat, anyoba ing sira kaki, tandane sira kaki, yekti adjrih maring ingsun, lamun sira sungena, sapinira den undaki, ing eseman sira maring malaekat.
  36. Milik ing arsa undakan, angliraken ing waweling, sukur-sukur manahira, angestokaken ing waweling, sira wangsula malih, kalamun sira katemu, lawan kang arsa numbas, manungsa anom apekik, lah matura nyawa dening lembunira.
  37. Apa kinen awadeya, utawi ika pinenging, kang putra amit awot sekar, kesah sarta nuntun sapi, lampahipun lestari, yata dateng marga agung, risaksana katingal, wau kang anganyang sapi, kyai Djaka dengku arsa asung salam.
  38. Matur ki Djaka sungkana, ature amelas asih, amba tetarosan tuwan, prakawis lembu puniki, ing mangke kados pundi, apan tuwan kula tantun, punapa winadeya, punapa tuwan ling menging, yen winade lah pinten waweling tuwan.
  39. Sumaur kang tinakenan, wuwuse arum amanis, lah hiya sira wadeya, nanging ta dipun aririh, regane iku kaki, sakebake caremanipun, iku kalawan emas, poma lah semana kaki, payu uga bendjing kaki sapi nira.
  40. Yen nora sakebake emas, ana uga sih Hyang Widhi, bendjing nugrahane Allah, dunya ngakerat pinanggih, labete sira kaki, rare ngabekti mring ibu, sira sinung nugrahan, dening Hyang kang Maha Suci, wus sun wekas lah kaki si mundur.
  41. Lah wis sira muliha, ana uga sih Hyang Widhi, bendjing nugrahaning Allah, ndunya ngakerat pinanggih, labete sira kaki, rare ngabekti mring ibu, sira sinung nugrahan, dening Hyang kang Maha Suci, wus sun wekas lah kaki sira mundura.

۞۞۞ PUPUH 32۞۞۞
D U R M A

  1. Kyai Djaka wus mantuk ing wismanira, sarya anuntun sapi, kang ibu atanya, dateng ing putranira, paran tuturira kaki, nulya pinandjar, denipun wadesapi.
  2. Wus pinatur kawitan tekaning wekasan, ingkang ibu nauri, hiya estokna, wawekas mring sira, rawatana kang gumati, lah basarna, antien uga kaki.
  3. Dene ana umpamine ingkang arsa, bendjing atuku sapi, takeren lan cema, kebake lawan emas, hiya sira sungena kaki, yen nora adja, kuwade pama kaki.
  4. Anengena anake rondho kasian, ingkang andarbe sapi, kuneng kawarnaha, salebete nagara, titiyang Bani Srail, wonten sudagar, langkung dening sugih.
  5. Loro sanak sami djalu cinarita, kang tuwa aran Amil, langkung sugih neka, ing wastra dunya brana, wekanipun amung satunggil, djalu winarna, tan darbe dulur malih.
  6. Sakalangkung dinama-dama, awasta Djaka Sahid, pan dereng akrama, kalane cinarita, dulure djuragan Amil, wasta ki Kamal, darbe anak kekalih.
  7. Sami djalu kang tuwa aran ki Kadah, anom wasta Robil, kuwekane Kamal, kekalih sami lanang, wekani Amil satunggil, bagus warnanya, aran ki Djaka Sahid,
  8. Sira Kamal ukur-ukur panganira, nora kuatir bukti, kang aran pun Kamal, beda lawan kang tuwa, kang aran djuragan Amil, sugih kalintang, ing Mesir tanpa tanding.
  9. Ibnu Kamil kalih sami guneman, kedahna kalawan Robil, pun kadah angucap, dateng ing arineka, kadi pundi adi Robil, sampun atuwa ing mangke huwa Amil.
  10. Yen matiya huwa Amil pasthi kakang, Sahid kang duwe waris, matia si kakang, Sahid pasthi manira, lan sira kang duwe waris, kula duweya, ing anak malih.
  11. Lah ta paya kakang Sahid pinatenan, ing mangke wong kekalih, paya ingapusan, ameng-ameng ing wana, ki Djaka Robil nauri, lah inggih neda, pinatenan wong kakalih.
  12. Ya ta rembuk arsa ingapusan sira, kang nama Djaka Sahid, ingajak mring wana, pan arsa linekasan, lumampah ki Djaka Sahid, dateng ing wana, tan ana wong udani.
  13. Djaka Sahid atine andarbe nyana, dateng kang rayi kalih, pan putrane paman, mangsa ngarah pedjah, langkung pracayaning ati, dadya ingadjak, mring wana anut wuri.
  14. Prapting wana Djaka Sahid kinasihan, ginoco saking wuri, terus maring djadja, ginoco saking ngarsa, djadja terus maring gigir, asambat pedjah, lir gudel de dugangi.
  15. Sasambate yayi ingsun nora dosa, dyan niba nulya mati, tinilar mring wana, pan kari gilang-gilang, Djaka kadah lawan Robil, anasak wana, lampahipun ning wengi.
  16. Kawarnaha djuragan Amil samana, dangu anganti-anti, wus langkung antara, atmadjane tan ana, angularan sarya nangis, sasomah mular, sira djuragan amil.
  17. Anakipun sawidji dinama-dama, aran Djaka Sahid, milanipun gumadang dangan, bapa kalawan biyang, nengena kang ngulati, mring anak neka, alara-lara nangis.
  18. Kawuwusa kang mengku nagara, nata ing Bani Srail, hiya kang anama mangkya Baginda Musa, dawek prihatin ing galih, mila sungkawa, Nabi Musa ing galih.
  19. Pinahido wau dening kaum neka, ing Mesir bani israil, esamana neka, kaume Nabi Musa, udjare kaum kang mukir, lah ngendi ana, wong mati urip malih.
  20. Yen wus pedjah sakathahe manungsa, sayektinipun uwis, tan ana wicara ing malih lalampahan, mapan hiya nanging mangkin, dora sengsara, wong mati urip maning.
  21. Nora nana lampahan ngangga ngakerat, pan hiya nanging mangkin, suwarga naraka, alampah kabecikan, suwarga naraka mangkin, nora na liyan, pati mung sawidji.
  22. Kaum matur lengkara tuwan punika, wong mati urip malih, yata Nabi Musa, dahat prihatinira, dening pituture Nabi, mring kaum neka, tan pracaya ing ati.
  23. Sapunika wirayat Baginda Musa, dateng ing kaum sami, mahido sadaya, mila Baginda Musa, kalangkung dening prihatin, mugi anaha, pamelehing Hyang Widhi.
  24. Kawarnaha Amil kelangan anak, sakeh wong den takoni, nangis kudang dangan, anebar pawong, sanak, kakaruh den sera mani, angulatana, nelasaken budi.
  25. Nadyan mati uripa ta kawruhana, awekasan kapanggih, mayite saksana, aning tengahe wana, ginandjar kang manggih dingin, tangise rama kalih.
  26. Sinungkeman mayit dipun anak neka, sasambate melas asih, lah ta nyawa sapa, kang mateni ing sira, apa dosanira kaki, nangis sasomah, mangsane milnya nangis.
  27. Miwah kamil tangisipun kalara-lara, duh kaponakan mami, gusti nyawa sapa, kang niyaya ing sira, pamitra kalih anangis, humyang gumerah, djalu estri anangis.
  28. Wantunipun wong duwe anak satunggal, kananihaya mati, awet tangisira, nadyan silih telasa, dunyaningsun kabeh iki, sun karya bea, aneda sun ing Widhi.
  29. Kang mateni anak ingsun karuhana, pan sampun pitung bengi, laminipun pedjah, malah sampun aganda, karsane djuragan Amil, djisime anak, ingaturaken bani.
  30. Dinandanan mayide anak binekta, marik dateng ing Nabi, Musa kalamulah, sampun prapta pangayunan, yata wong ing Bani Srail, pepek sadaya, sami ningali mayit.
  31. Sampun basah mayide wus bilarongan, matur sarwi nangis, ki Amil tur sembah, dateng ing Nabi Musa, aneda tulung ing gusti, pan tanpa dosa, anak amba kang mati.
  32. Angandika kang djeng Nabi lah ta sapa, wonge kang amateni, maring anakira, ature ki djuragan, tan kantenan kang medjahi, karanten amba, neda tulung hing gusti.
  33. Kaum Bani Srail kang satengah ngucap, kalamun mayit ngiki, lah ta si uripa, nyata ingkang riwayat, Baginda Musa hing nguni, mendah-mendaha, wong mati urip malih.
  34. Malah gumuyu kaum sarowangira, guyune mamirangi, kang satengah ngucap, dening mayit wus basah, winicara urip malih, lah alengkara, samya methos ngesemi.
  35. Sang sayem buh prihatine Nabi Musa, humedun Djabrail, ngarsaning Baginda, Musa sinunga cipta, sampun kadugi ing galih, yata ngandika, Nabi Musa mring Amil.
  36. Tresna temen sira maring anakira, ingkang sampun ngemasi, hiya kaya ngapa, aran wus pralena, basah yen urip malih, Amil karuna, ature melas asih.
  37. Boten kedah gusti kawula aneca, ing gesangipun malih, mapan sampun pedjah, sampun karsaning Allah, nanging amba gusti, lah kantenana, wonge ingkang medjahi.
  38. Nadya telas dunya kawula sadaya, wikana mami, ingkanganiyaya dateng anak kawula, lah sinten tiyange gusti, yata ngandika, Nabi Musa mring Amil.
  39. Yen mangkana sira ngulatana, sapi ingkang linuwih, saking sapi kathah, Amil matur anembah, ya Nabi amba kang luwih, dipun pratela, gen tuwan amasatani.
  40. Nabi Musa arum wedaling wecana, ulese ing semu kuning, mempering mutyara, lir samber rilenika, lir inten dipun tingali, saengga surya, pinandeng balerengi.
  41. Saregane sapi iku den tukuha, yen sira tan tuwawi, kirang artanira, warta ing manira, ingsun ingkang amuwahi, mangkat tur sembah, Amil lunga ngulari.
  42. Sakulawargane wong kang sudagaran, samya milya ngulari, mider djadjah desa, nulya anungsung warta, ingkang anduweni sapi, yata hakecap, wau djuragan Amil.
  43. Apa ta sira ta ki Djaka putraningwang, ingkang andarbe sapi, saure ki Djaka, lah ta inggih kawula, ingkang andarbeni sapi, linge djuragan, Amil melas asih.
  44. Lah ta nyawa sun tukune sapinira, ki Djaka anauri, lah inggih sumonggo, ki djuragan atanya, rika wade pira kaki, linge ki Djaka, punika sampun pasthi.
  45. Reginipun lembu kawula punika, sacermane kang sapi, dados panakeran, kebeke lawan emas, wuwuse djuragan amil, lah iyo nyawa, den pada lila ugi.
  46. Ingsun melu ngaku anak maring sira, dunya rawuh ing akir, nanging sapinira, ingkang dadi usada, malih udjaringsun kaki, sakarsanira, pan sira iku dunya mami.
  47. Sarupane ingsun pasrah maring sira, pan sira iku kaki, dadi gagentinya, kakangira kang pedjah, sira kang darbeya warisan, yen ingsun pedjah, sira ingkang darbeni.
  48. Nauri ki Djaka inggih aneda, inguculan kang sapi, saking ing cancangan, tinuntun wus binekta, gawok sakehe ningali, dados tanan, djalu estri ningali.
  49. Ya ta rawuh ing ngarsane Nabi Musa, Amil sartone sapi, lan Djaka Sungkana, ingkang darbe usada, lembu kang endah ing warni, gawok sadaya, titiyang Bani Srail.
  50. Kang tumingal balereng lir mulat surya, kathah prapta ningali, Nabi Musa tanya, lah ta regane pira, sapi sapa kang darbeni, matur anembah, inggih ta kang darbeni.
  51. Pan punika anake rondo kasiyan, Sungkana kang kekasih, regane punika, sakebekipun emas, tataker wilulang sapi, yata ngandika, Nabi Musa ing murit.
  52. Lah ta paya sapi iku pragatna, gupuh kang tinuding, sampun narik gobang, tumulya linekasan, sinembelih punang sapi, nulya rinancak, sartanipun tumuli.
  53. Pan kinarya takering ngebekan emas, dening djuragan Amil, gedonge satunggal, ingkang kinuras kawrat, dening wicucaling sapi, wus kapicisan, Baginda Musa angling.
  54. Lah ta Amil sabetena anakira, lawan buntute sapi, hadanlinekasan, djisime anak neka, sinabetan buntut sapi, djisime anak, yata tumulnya linggiha.
  55. Ki djuragan Amil anangis sasomah, sambat sarya nungkemi, yata kawarnaha, anakipun ki Amil, sira Kadah lawan Robil, ulate pethak, mundi ring kadi mayit.
  56. Samya djenger sakehe kang tumingal, djisim basah alenggih yata Nabi Musa, aris denya wecana, sira takonana aris, lah anakira sapa ingkang mateni.
  57. Ya ta Amil atanya ing anakira, kang aran Djaka Sahit, lah ta nyawa sapa, kang mateni ing sira, ing anak tan nauri, datan kuwasa, ki Djaka anauri.
  58. Amil matur dateng Baginda Musa, inggih ta kadi pundi, pan tanpa get ngucap, kari Sarat sapisan, lah hya sabeten malih, ta anak ira, lawan ilate sapi.
  59. Dyan tumandang Amil anabet ing anak, lawan ilate sapi, linge Nabi Musa, lah sira takona, yata nulya den takoni, rinangkul sira, tinakon sarwi anangis,
  60. Lah ta sapa ingkang nganiaya sira, kang tinaken nauri, maring yayah rena, inggih putrane paman, yayi Kadah yayi Robil, kalih punika, kang nganihaya kami.
  61. Angandika Nabi Musa kalamulah, lah kukumen kakalih, anake ki Kamal, si Robil si Kadah, trangginas djuragan Amil, narik curiga, anggoco maring robil.
  62. Tatunipun djadja terus ing walikat, anulya kang sawidji, Kadah pinarjaya walikat terus ing djadja. Yata sami pedjah kalih, sakukumulah, Nabi nora gingsiri.
  63. Wong ing Nabi Bani Srail pan tobat sadaya, neda ngapura sami, dateng Nabi Musa, yata Djaka sungkana, angusung yatrane sapi, warnana kancana, sakebek cerma sapi.
  64. Pangusunge tinulungan ing wong kathah, sami dipun opahi, patukuning lampah, pan ingaku anak, Baginda Musa ngestreni, Djaka Sungkana, ngaku bapa hartati.

۞۞۞ PUPUH 33 ۞۞۞
D A N D H A N G G U L A

  1. Kawarnaha Nabi Musa apti, kang wruh ta hing kukuming Pangeran, arsa uninga gaibe, Djabrail umedun, ing ngarsane Musa alinggih, Djabrail angucap, salame Hyang Agung, dening tuwan arsa wikan, adiling Hyang punika pan nora keni, lah tuwan sing lumana.
  2. Ingkang samar prenah pinggir bedji, tingalan polah kalahiran, sampun tuwan salah gawe, Baginda Musa gupuh, amiranti pinggiring bedji, yata wonten kang prapta, sawidji yun adus, ambekta dinar seneleh, wusing adus babekta dinar lali, aning bedji tinilar.
  3. Nulya wonten wong prapta sawidji, manggih dinar wurung genya siram, wangsul agupuh lampahe, wonten malih wong rawuh, lajeng siram sadjroning bedji, yata wau kocapa, kang adus rumuhun, kari duk adus ing bedji, kengetan bektaning dinar wrat sekati, sigra wangsul saksana.
  4. 4, Aningali wong adus sawidji, tinakenan dinar nora wikan, sigra ginoco jajane, niba anulya lampus, Nabi Musa awas ningali, agetun tan kadya, Djabrail rawuh, atanya Baginda Musa, kadi pundi adiling Hyang tan kadugi, kang bener tan rineksa.
  5. Ingkang kang mati ning pinggiring bedji, nora dosa tan rineksa ing Suksma, Djabrail lon wuwuse, adiling Hyang kang Agung, wong kang mati bapaknya uning, mateni tanpa dosa, maring bapakipun, inkang mateni ika, karanipun emase cicir pinanggih, dening kang nemu emas.
  6. Dinaripun bapaknya kang manggih, dingin ilang punika ingalap, dumateng ing wong tuwane, kang kelangan mas wau, inggih mangke adiling Widhi, kang ngutang ngalap dinar, ingkang ngutang lampus, kang nora nauri dawak, adiling Hyang anak putu kang nauri, gaib kukum Hyang sukma.
  7. Nora wenang ratu para Nabi, ngukumaken kalakuhaneka, mung kinon kaum laire, dening kang gaib iku, yekti Allah ingkang ngukumi, adiling sipating Suksma, salire tumuwuh, kinawruhan kinadilan, sapratingkah dening Hyang kang Maha Suci, sadyah tan kaluputan.
  8. Malih Baginda Musa kawarni, tatkalane kasendu mring Allah, dening gunggung sarirane, Djabrail tumurun, parmaning Hyang kang Maha Suci, Djabrail ngandika, salame Hyang Agung, ing wuntat Baginda Musa, wruhan tuwan ing djaman mangsa puniki, kathah kawulaning Hyang.
  9. Pina-pira ngelmuning Hyang Widhi, sinedahken mring kawulaning Hyang, ing mangke pan tuwan kinen, lungaha angeguru, ingkang nama Baginda Kilir, lah tuwan tetakona, ngelmu kang reng wruh, sangua sekul lan ulam, ngularana Kilir djroning toya urip, Nabi Musa lumampah.
  10. Baginda Harun tan kena kari, yata wau sarwi haprawita, sangunipun ulam gereh, sekul wus munggeng wakul, angulari Baginda Kilir, aning marga ararnyan, ning pinggiring banyu, yata sami daharan, ulam gereh daginge sampun binukti, rine binuwang toya.
  11. Rining ulang kang tumibeng warih, lajeng gesang anusungi toya, dinulu ulam polahe, Baginda Musa muwus, baya iki kang toya urip, yen mangkana manira, lah ta kakang Arun, manira lumebeng toya, kakang Arun kantuna wonten ing ngriki, saksana Nabi Musa.
  12. Nulya malebeting djroning warih, Nabi Arun anganti aning ndjaba, hanganti-anti rayine, Nabi Musa winuwus, kang lumebeng sadjroning warih, yata amanggih padang, mulat ing elor kidul, yata Nabi Musa mulat, nulya wau dumateng Baginda Kilir, nulya ta huluk salam.
  13. Baginda Musa wuwuse aris, mila amba marik dateng tuwan, saking kawula bodhone, wiyosipun geguru, tuwan uga kang sun tutwuri, saking cupet kawula, malampah winuruk, sampun kirang pangapura, ing kawula tuwan wedjang ilmu gaib, lah tuwan wuruk ramal.
  14. Baginda Kilir mangkya nauri, inggih mangke hemeng kadi tuwan, kadi punapa wiyose, tuwan arsa geguru, aprakawising ngelmu gaib, ing ngi laduni ramal, pan tegesipun, lah kirang punapa tuwan, amba iki tuwan digung cupet budi, tan wikan ing sasmita.
  15. Tuwan ratu tur Nabi Widhi, kinasiyan djinuluk kalamulah, sarta lawan sarengate, ingutus ing Hyang Agung, tuhu ta sakti prang lan kapir, ing mangke karsa tuwan, arsa ageguru, datan kadugi kawula, pasang cipta tuwan kadi karya sandi, ing pandugi kawula.
  16. Baginda Musa mangkya nauri, inggih sarta kawula punika, dede karsa ningsun dewe, dapur dara kasendu, anglakoni pakoning Widhi, geguru tuwan, pan kinen tut pungkur, ing lampah sadjontro tuwan, yata mesem ing galih, Baginda Kilir, sadurunge wus wikan.
  17. Nabi Kilir mangkya anauri, menawi tuwan tan bisa Sabar, tut wingking amba wiyose, pami tuwan tut pungkur, dateng amba kawuladji, menawi datan Sabar, temah bendjing padu, sampun tuwan salah cipta, kula djadjandji tuwan tan sampun mabeni, dateng tuwan kendelan.
  18. Karanipun tuwan amba djandji, menawi tuwan salah tampa, saktemah paduka rame, Nabi Musa amuwus, sampun tuwan sumelang galih, yen amba mabenana, suka tuwan pukul, Baginda Kilir anabda, yen makaten lah tuwan dawek tut wingking, dateng lampah kawula.
  19. Nulya lumampah Baginda Kilir, Baginda Musa milya tut wuntat, lajeng kandeg lampahe, aningali perahu, parantine uwong anambangi, ing bengawan adjembar, kandeg lampahipun, Baginda Kilir samana, kang baita nulya binobol tumuli, rengko punang baita.
  20. Tinilar dening Baginda Kilir, isine baita nulya binucal, Baginda Musa ling tyase, nora kaduga ingsun, ingkang solah Baginda Kilir, teka gendak sikara, parahu binutul, lah ta karane punapa, karya wuwuhing manu anambangi, dadya mateni pangan.
  21. Baginda Musa atetanya aris, kadi pundi mangke tuwan, inggih punapa karane, parahu tuwan butul, karya butuh wong nenambangi, tanpa gara-garaha, parahu binutul, dados wong gendak sikara, tuwan uga Baginda Kilir nauri, udjar manira apa.
  22. Ing saderenge amba wus djandji, tuwan punika sisih punapa, angowahi ing djandjine, satingkah polahingsun, tuwan sampun amba waleri, angling Baginda Musa, lah inggih ta sampun, amba tuwan ngapuraha, daweg supe nggih sapisan puniki, aneda pala marta.
  23. Mangke amba datan malih-malih, yen mangke amba wawalerana, sampun tuwan sungi mangke, tuwan amba tut pungkur, yata mesem Baginda Kilir, yata sami lumampah, wong rora andulur, nulya ana uwong lumampah, wong kekalih warnane anom apekik, Nabi Kilir saksana.
  24. Atrangginas pedange tinaris, rare kalih anulya pinedang, pan sami mati karone, Baginda Musa ngungun, sarya maca ngudubilahi, andjenger tebah djadja, pan sarwi akesur, ngucap sadjroning wardaya, nora duga piyangkuhe Baginda Kilir, hiya karaning apa.
  25. Apan awake djenenge Nabi, teka amateni tanpa dosa, hiya apa ta arane, teka wedi ing ingsun, atut wuri Baginda Kilir, Nabi Musa anabda, tembunge angungun, lah inggih kadi punapa, rare kalih pan sami tuwan pendemi, dadosipun punapa.
  26. Ya ta anentak Baginda Kilir, inggih wau udjare amba punapa, mundur teka pinda gawe, sadereng-derengipun, wus djinandji kaya wong kawikan, yen tuwan nora Sabar, ingartine niku, iki margane pisahan, lawan tuwan anggo gawe amabeni, ing tingkah polah amba.
  27. Baginda Musa mangkya nauri, inggih sampun leres saking tuwan, inggih amba ingkang dede, sumangga tuwan pukul, lamun amba mabeni malih, yata sami lumampah, wong rore andulur, yata rawuh ngara-ara, pinggir desa mangkya Baginda Kilir, hangadjak abebantah.
  28. Ya ta Nabi Musa angladosi, angebantah sampun tigang dina, anglangkungi kangelane, bebantah luluh-luluh, Nabi Musa micara ing ati, iki ta asil apa, kaya wong baburuh, buruhane nora nana, tigang dina kangelane anglangkungi, angling Baginda Musa.
  29. Ya ta matur Baginda Kilir, kadya punapa karsa tuwan, lah ta punapa hasile, bebantah luluh-luluh, kang binantah inggih punapi, bebantah ngarah apa, kangelan kalangkung, kawula mboten anduga, karsa tuwan Baginda Kilir nauri, kudjar amba punapa.
  30. Lah sampun tita ping tiga mangkin, genya tuwan mabeni kawula, gen tuwan kaku galihe, ing mangkin tan sarudju, manah tuwan kakeyan pikir, dawek sami lumampah, pisahan lan ingsun, dening tuwan sanggup wikan, pan gaib myang ngadiling Hyang kang gaib, mila mangke tuwan.
  31. Kakilapan sasmita kang gaib, tuwan dingin inggih udjubriya, tuwan gung gung sarirane, milanipun tuwan kasendu, maring Allah kang Maha Suci, Nabi Musa anabda, pamuwuse Harun, inggih leres saking tuwan, amba tanya dumateng tuwan kadi pundi, ingkang wau punika.
  32. Baita wau ing pinggir benawi, milane tuwan batos puniki, inggih punapa karane, kalawan malihipun, rare alit tuwan pedjahi, karanipun punapa, lawan malihipun, banon rubuh ngara-ara, wus bangun tigang dina tigang latri, kangetan abebantah.
  33. Baginda Kilir mangkya nauri, wruhan tuwan baita punika, titiyang miskin kang darbe, minangka panganipun, pakardine kang anambangi, lah baita punika, luwih bagusipun, milanipun amba belah, demen cacadipun tambalan ing bendjing, dening kang darbe palwa.
  34. Wruhan tuwan punika ing mbendjing, pipundutan kang darbe nagara, bahita saking baguse, mila kawula butul, dimene ta aduwe cantrik, yen tan kabutul neka, kambil ratunipun, derapen palwa aweta, ing wong nistha kinarya ananambangi, dadiya sandang pangan.
  35. Lan malihnya baita ing bendjing, pan kinarya tunggangane kupar, angrusak wong islam tembe, mila kawula butul adja kungsi kangge ing kapir, adja kamot wong kathah, inggih djatinipun, ika milane sun rusak, wonten dene wau rare kekalih, bagus-bagus taruna.
  36. Milane amba pedjah kalih, rare punika pan tembe kupar, amati ing djro kapirane, miwah bendjing yen sepuh, pakaryane amamateni, anyidra myang adjinah, duraka ing ibu, ing bapa inyang sanak tuwa, lawan malih gawe durakaning Hyang Widhi, milane amba pedang.
  37. Wonten dening banon ingkang rigrin, milanipun amba ambangun ika, wonten sipapendemane, yen nora babangun, yekti bendjing binangun ugi, mring kang darbe nagara, wong kathah kang bangun, apanggih kang papendeman, pan ingambil pendeman dening kang manggih, dene wau kang gadhah.
  38. Inggih punika wong pekir miskin, lakinipun pan sampun pedjah, tinilar meteng rabine, bendjing yen sampun metu, lare ika lanang tur bakit, tilare ramaneka, kang pinendem iku, mendeme tinilar rama, anak yatim punika anuwun runtik, den agung palamerta.
  39. Mila kawula bekta rumiyin, dimene ta aweta pinangan, adja kambil ing liyane, lah inggih mangke sampun, lah mantuka nagaring Mesir, ingantos raka tuwan, kang anama Harun, Baginda Musa ngandika, iggih amba punika anuwun runtik, den Agung palamerta.
  40. Ya ta Baginda Musa wus mulih, apapanggih lawan ingkang raka, Baginda Arun namane, Nabi Musa wus tutur, ing sapolahipun duk uni, gawok sakeh miyarsa, wus lamiwinuwus, Baginda Musa lumampah, ameng-ameng Baginda Harun kang kinanthi, amanggih patamanan.
  41. Sri kaWuryan patamanan sari, toya wening saking sumberan, tepine mawi malige, nenggih astananipun, sagunge ingkang para Nabi, kalangkung sri kaWuryan, gandane mrik arum, Baginda Musa alenggah, ing malige Nabi Harun angling aris, dateng Baginda Musa.
  42. Ya ta remen amba aningali, langkung penet astana nika, senggo wontena karsane, ing Pangeran kang Agung, ingsun suka mati ing ngriki, tumuli sasarayan, wau Nabi Harun, kasilir ing samirana, kamikmaten merem ayem nulya mati, mantuk ing rahmatolah.
  43. Nabi Harun wus kinubur nuli, Nabi Musa mantuk dateng wisma, sami pinadjar rabine, sadaya sami ngungun, putra garwa samya prihatin, kocapa kaum neka, kaumipun Harun, arsa uninga adawak, tan pracaya Nabi Musa kang wawarti, yata sami lumampah.
  44. Sampun prapta ing astana sari, pinureksa dening kaum neka, anging tan ana tatune, kaume Nabi Harun, sami ngucap amba tan dugi, apa ta pinatenan, dening rayinipun, Baginda Musa ngandika, heh ta Harun tuwan amba tetakeni, sinten medjahi tuwan.
  45. Ya ta Baginda Harun nauri, dede tuwan kang medjahi amba, saking westeking ing djandjine, sarta suka ingsun, yen matiya pinendem ngriki, heh ta kaum manira, lah muliya iku, adja salah galihira, wekas ingsun adja tilar pangabekti, mring Allah kang misesa.
  46. Ya ta sakathahe kaum mami, lah ta mantuka sewang-sewangan, usonten ta Harun putrane, Yusak kekasihipun, Nabi Yusak ingkang ganteni, kalenggahan kang rama, kang sapungkuripun, kang ngidep kaum sadaya, Nabi Musa punika ingkang ngestrini, kang wasta Nabi Yusak.
  47. Sakathahe wong Bani Srail, angestokaken ing Baginda Musa, pandjenengan karatone, putrane Nabi Harun, dados nata ing Bani Srail, ratu Baginda Yusak, yata kang winuwus, kala wau kadatengan, Nabi Musa dening malaekat Idjrail, arsa amundut nyawa.
  48. Ya ta malaekat Idjrail, amba kinen ngambil nyawa tuwan, Baginda Musa ature, ing pundi marganipun, dutaning Hyang mangkya nauri, saking ing lathi tuwan, Nabi Musa tembung, pan lathi amba punika, pan larapan sapocapan mring Hyang Widhi, Idjrail mangkya ngucap.
  49. Ing karna tuwan wedaling urip, yata matur Nabi Musa lingnya, karna punika wiyase, punika ta kang ngrungu, andikaning Hyang Maha Suci, Idjrail mangkya ngucap, saking ing pandulu, sumaur Baginda Musa, netra amba ningali wudjud Hyang Widhi, wisesaning Pangeran.
  50. Idjrail mangkya angucap malih, inggih saking ngasta tuwan, Baginda Musa delinge, asta amba kang parlu, anampani loh kalamhuni, Idjrail nulya ngucap, lah saking ing suku, ature Baginda Musa, suku amba punika lumampah uni, manggih gunung tursina.
  51. Ya ta wangsul malaekat Idjrail, nulya matur dateng ing Pangeran, pan Musa kathah ature, ngandikaning Hyang Agung, hiya Musa lah sira ugi, lah ta andjedjaluk, Musa maring ingsun, matur ta Baginda Musa, ya Pangeran amba kawula nuwun sih, munadjad dateng tuwan.
  52. Tuwan reksa anak amba estrinya, inggih reksa lepat tingkah sasar, kalayan sandang pangane, sampun ta kadi kaum, amba ingkang lampah tan yekti, sampun ta kadi umat, amba kang dalurung, nembah dateng sapi emas, yata Allah angandika dateng Nabi, hiyalah sira Musa.
  53. Djungkatira sira sabetna siti, yata djungkatipun Nabi Musa, semana sinabetke, ing bumi tan asantun, yata Allah ngandika malih, palrib ngak sakabahra, djungkatira iku, pukulna ing sagara, yata Allah wau ngandika malih, pan ringa sakepal kadjar.
  54. Pukulena djungkatira nuli, maring sela kang aning sagara, pinukul belah selane, uler ingkang kadulu, gagodongan suket sinanding, uler sadjroning sela, lemu minthuk-minthuk, lawan ardjane sarira, pangombone kang uler punika mudji, ya mudji ing Pangeran.
  55. Pujinipun subkana ya rabi, kang Maha Suci kang wruh ing karsa, sung rahmat awal akire, kang sung redjeki mring tuwan, kang asung urip ing dasih, Allah mangkya ngandika, ing kakasihipun, lah Musa tingalana, iku uler ning watusa djroning tasik, nora kewuhan pangan.
  56. Lah matura sira ing kami, dene anakira kang sadjuga, hestri kuwatir pangane, pan sutanira iku, ing bumi djembar pan luwih, kathah pinangan, salir sinung nabsu, sinung urip sinung pangan, sinung tingkah sinung nampik sinung milih, redjekine sowang-sowang.
  57. Aja dadi kuwatiring galih, dene sira tilar putranira, sinung bedja dewe-dewe, Baginda Musa mundur, pan tumungkul lumampah aris, tan kawarna ing marga, mangkana andulu, wong papat dedungkir lemah, pakaryane karya luwange wong mati, Nabi Musa tatanya.
  58. Lah ta punika karya punapi, anauri kang dedungkir lemah, inggih karya panggenane, kawulaning Hyang Agung rowangipun sawidji nauri, wernane kadi tuwan, Nabi Musa mundur, lon-lon alampah ngetan, Nabi Musa nyata aningali malih, ing wong dedungkir lemah.
  59. Gegaman pacul kalwan linggis, Nabi Musa marani tatanya, punapa luwang gawene, kang tinakonan muwus, karya luwangipun wong mati, geng alite kang pedjah, miwah dedegipun, pan sami kalawan tuwan, tuwa nome semu solahe pan sami, kalawan tuwan uga.
  60. Nabi Musa mundur tan asari, ngidul ngulon lampahe tumingal, wong dedukir lemah maneh, Baginda Musa mundur, sigra nimpang ngalor tumuli, manggih wong karya luwang, Baginda Musa muwus, lah karya luwang punapa, kang tinanya mesem sarya anauri, inggih karya kaluwat.
  61. Panggening kawulaning Widhi, ingkang pedjah warnane lir tuwan, dedege ageng alite, miwah nom sepuhipun, inggih sami lan tuwan ugi, suwarane lir tuwan, miwah semunipun, sami ugi lawan tuwan, ingkang darbe caosan kubur puniki, Nabi Musa ngandika.
  62. Yen mangkana sun djadjale ugi, yata Nabi Musa mandjing luwang, tetalangan tatekene, djungkatipun djinuluk, aning wingking anduduk bumi, pundi tateken tuwan, punika kang ewuh, sinambut sigra binuwang, cinarita tiba tengahing djaladri, kang djungkat Nabi Musa.
  63. Risampunipun mangkana nuli, Nabi Musa aguling ing kaluwat, yata ningali malige, swarga di kang kadulu, luwih endah leng-leng ningali, semana Nabi Musa, pan ladjeng kinubur, pinendem dening malekat, kang yuswa Baginda Musa winilis, lamine aneng ndunya.
  64. Amung kalih belah atus warsi, Nabi Musa genya katurunan, Djabrail sadjenenge, malih ing Kawan atus, cinarita lamining malih, wau antara nira, Nabi Musa iku, lamine antaranira, Nabi Musa kalawan Nabi Ibrahim, pan limang atus warsa.
  65. Pundjul malih Kawan dasa warsi, pira-pira nembah brahala, kang sakdjroning antarane, pan kathah kapiripun kaum islam pan akedik, lan malih kocapa, ing satilaripun, wau ta Baginda Musa, Nabi Yusak kang djumeneng Bani Srail, tan wes Saba ing wuntat.

۞۞۞ PUPUH 34 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Cinarita Baginda Yusak, lunga aprangan lurugi wong kapir, sawadya balanipun, mandeg ing desa emas, ingkang nglurugan wau ta sang aprabu, anenggih nagarineka, radja Melaka pan kapir.
  2. Radja Melaka uninga, linurugan dening wong Bani Srail, atata Sabalanipun, wus sami yun ayunan, Nabi Yusak ngandika wuwuse asru, heh sira radja Melaka, anuta agama suci.
  3. Anebut nama Allah, ingkang dadeken bumi lawan langit, lah nebuta siraku, ing Musa kalamulah, Nabi Musa utusane Hyang kang Agung, bramantya radja Melaka, talingan kadya sinebit,
  4. Wedana bang winga-winga, sinebeta merang lir metu geni, sang radja Melaka muwus, nora gelem to ingwang, yen anuta Yusak maring pituturmu, ingsun tan wedi ing sira, aprang tandinga adjurit.
  5. Risaksana Nabi Yusak, aneneda ing Hyang Widhi, Pangeran amba kang Agung, tuwan risaka uga, radja Melaka sarta sak kaumipun, Nabi Yusak tinarima, penedanipun Hyang Widhi.
  6. Ya ta surya tinutupan, tigang ndina srengenge tan metoni, tigang dina tigang dalu, tan ana mawi surya, yata angin topan wau kang tumurun, kayon katuting maruta, watu wesi pan kasilir.
  7. Ya ta sang radja Melaka, pan kasilir anungsang andjumpalik, sarta lawan kaumipun, sirna sakehe kupar, Nabi Yusak ning Melaka seket tahun, mantuk ing karahmatolah, sampun mangkya ginenteni.
  8. Dening Baginda Istikla, lami-lami kaum ing Bani Srail, datan nana ingkang anut, dateng Nabi Istikla, kaumira asanget lenggananipun, sami nembah ing brahala, tan nana ngidep ing Nabi.
  9. Ngandika Nabi Istikla, heh ta sira kaum ing Bani Srail, hidep pitutur ingsun, nebuta nama Allah, ingkang andadekaken ing sira iku, ingkang andadaken ing sira iku, ing bumi kalawan langit.
  10. Lan malih sira nebuta, Nabi Musa utusaning Hyang Widhi, ingkang sinungan djejuluk, pun Musa kalamulah, lah anuta sira ing sarengatipun, adja nembah ing brahala, iku uga durakani.
  11. Apa ta sira tan miyarsa, Nabi Enuh dingin angelem bumi, Sabab kaume tan anut, kapir kelem mring toya, apa dening kaume Baginda Elud, kaume kang lenggana, katangkeban bumi Malik.
  12. Lawan malih duking kuna, kaum kathah kasilir dening angin, Nabi Saleh kaumipun, ginempur ing Pangeran, Nabi Ibrahim kaume pinangan lamuk, iku ta ingkang lenggana, maido tuture Nabi.
  13. Wong Bani Srail modjar, lah ngapaha sira kaduli-duli, ring sakarep-karepipun, adja kakehan udjar, sakehane udjarmu tan ingsun rungu, ingsun tan wedi ing sira, aprang atanding sun wani.
  14. Nabi Istikla ngandika, mangsa sira nandanga lanat kapir, bilahining Hyang kang Agung, pada sandangen uga, Nabi Istikla matur maring Hyang Agung, heh ta Pangeran kang mulya, pan tuwan ingkang Hudani.
  15. Ya ta wau cinarita, sakathahe wong ing Bani Srail, angungsi mring ratu agung, sang radja Djati Pura, gih punika putrane radja Yunus, adjedjuluk Djati Pura, pan ratu ambara sakti.
  16. Balane keh kang prawira, pan wong djagi saleksa angadjrihi, lan malih bebecikipun, andel-andeling aprang, wong sakethi kuda tetungganganipun, risampunipun mangkana, kaume ing Bani Srail.
  17. Wus prapta marik sadaya, dateng radja Djati Pura anenggih, wong ing Bani Srail matur, mring radja Djati Pura, hinggih gusti atur kawula sang prabu, wonten ta Nabi Istikla, amba arsa den pademi.
  18. Pan kinon amba nuruta, langkung dene amardi mardi gusti, nanging kawula tan purun, anut Nabi Istikla, nekakaken gagering wong kathah lampus, mangke amba ngungsi tuwan, sampuning alami-lami.
  19. Undangen Nabi Istikla, para mantri kang dinuta lumaris, tan kapanggih griyanipun, anudju kasuwungan, kang ngutusan wangsul matur ing sang prabu, Nabi Istikla wus minggat, pan adjrih tuwan pandemi.
  20. Saksana Nabi Istikla, nulya prapta wetanira tengah wengi, djumeneng ing ngarsanipun, pasamuhane kupar, heh den neling lanat kapir sira besuk, ana bilahining Suksma, mring sira wong Bani Srail.
  21. Wong ing Bani Srail ngucap, wruhanira ingsun anduking pati, cinarita waktu subuh, ing wong saperangan, lanat kapir djalu estri, sami ngumpul, katur radja Djati Pura, wong sakampung pada mati.
  22. Ngandika radja Djati Pura, lah menawi iku pangil pan wengi, karahinan genya turu, saksana dipun gugah, tinangenan tan obah kang wong sadusun, kang gugah saya manggilan, wikan yen wong sami mati.
  23. Wus katur dateng sang nata, wong punika yata yen sami mati, andika ta sang prabu, menawi pati nika, heh ta saking hingon-hingonipun manuk, yata radja Djatipura, nulya karya satinggil.
  24. Sami ambekta kitha, dasa depa kandek bata pinggir, kutha kapan luhuripun, pan pitungatus egas, tinunggonan djadjar ta panggunanipun, samakta lawan andjata, lelaren samya ngideri.
  25. Miwah ta kang papanggungan, mawi tunggul tetabuan rarangin, lan sinung sun-sungsun pitu, satunda kang rumeksa, ngewu-ewu sikep sabusananipun, kalawan malih sinungan, ing gedong wesi kinunci.
  26. Sri narendra sasarean, buka lawang sinuba para mantri, saksana Idjrail rawuh, djumeneng ngarsanira, sri narendra atanya kang lagi rawuh, heh ta sapa sinten tuwan, nama kang pinangka pundi.
  27. Apadjar kang tinakenan, hiya hingsun kang anama Idjrail, ingsun pawong sanakipun, aran Nabi Istikla, lakuningsun ingustus dera Hyang Agung, amunduti nyawanira, sang nata tobat ningali.
  28. Gumeter pangucap neka, heh Idjrail sira muliya dingin, sadina nuliya wangsul, Djabrail mundur rikat, risaksana sang Ngidjrail tan kadulu, sri narendra Djati Pura, angandika dateng mantri.
  29. Pada sira rumeksaha, maring ingsun sak djrone dina iki, yen ana wong lanang rawuh, nuli sira rampakgo, wus siaga tumbak bedil lawan tulup, lan sira kemita ngandap, sun aning gedong kinunci.
  30. Wesi pura sami ika, sri narendra sampun mandjing kinunci, kang wadya bala supenuh, nyewu-ewu nem pangakat, kang satriya pradjurit pra samnya gregut, nata ing malige pucak, ngandap djedjel ingkang kemit.
  31. Sri narendra sasareyan, kang malige sadjroning genthong wesi, kinunci sunungsun sungsun, sampun marem kang manah, tan asuwe malaekat Idjrail rawuh, kang kemit tan ana wikan, sigra malekat Idjrail.
  32. Sri narendra wus ngingalap, nyawanira radja Djati Pura mati, sarta lan balanipun, kang kemit sami pedjah, ingkang aning malige nembe lampus, kang wong sangadepe kethi, tan wruh kanginggil ngemasi.
  33. Ya ta ngandap miyarsa, lamun nginggil kitha sami ngemasi, radja sarta balanipun, heram wong sak negara, risaksana Nabi Istikla amuwus, heh ta kapir lanatolah, lah tobata hing Hyang Widhi.
  34. Sakathahe kapir ngucap, yata sira Istiklak kang mateni, andungo ing Pangeranmu, yata sakehe kupar, risaksana Nabi Istikla rinebut, kinebulan ing wong kathah, Nabi Istikla ngemasi.
  35. Ya ta parmaning Pangeran, nulya rawuh bilahining Hyang Widhi, sigra ula naga rawuh, ambebet ing nagara, wiyaripun sadjrone nagara iku, wiyar kalih welas edjam, wetan mangulon kang nagri.
  36. Binebed ing sarpa naga, telung gelang kang naga anglekeri, kayu katindihan gempur, saya ngrupeki kang naga, rebut tengah busekan kang samya ngumpul, ing tengah ana telaga, wiyar djulek kang telagi.
  37. Kapir ngungsi djro telaga, kang telaga toyanya dadi api, kapir sadaya katunu, kadi ula pinanggang, yata kapir lanatulah sampun lebur, ageng alit sarupanya, wonten kang kocapa malih.
  38. Nabi Yunus cinarita, parmaning Hyang mring Nabi Yunus uning, Djabrail mangkya rawuh, yun-ayunan angucap, salaming Hyang dateng tuwan Nabi Yunus, tuwan kinen marahana, dateng kaum tuwan uning.
  39. Anebuta nama Allah, lawan tuwan kinen mardi ngabekti, maring Hyang kang Maha luhur, risampunipun mangkana, Nabi Yunus amardi ing kaumipun, nanging kaume lenggana, Nabi Yunus ngandika ris.
  40. Pada ngucapa ta sira, nama Allah yen tan ngucapa kapir, angucap sagungeng kaum, sun tan arsa anuta, maring sira pituturmu Nabi Yunus, lamun kapider ing sira, pasthi ingsun sembadani.
  41. Baginda Yunus samana, pan kinepung ing sakathahe kapir, dahat pamahidonipun, Nabi Yunus kocapa, manahipun kalangkung sung kawonipun, ananutuh ing Pangeran, angucap sadjroning batin,
  42. Sun tan duga karsaning Hyang, apan ingsun kinen amamarahi, ing kaum nora kagugu, mapan Allah kuwasa, supamine Pangeran kang luwih Agung, ngadjani kukuhing kopar, pasthine kukuh wong kapir.
  43. Supami Allah karsaha, ngawohaken ing atine wong kapir, pasthi kapir tan daluru, yekti anandang iman, nanging ewuh kang manahingsun denadu, lawan kapir lanattolah, paningsun nora kadugi.
  44. Nabi Yunus dahat kewran, Nabi Yunus lunga mamutungi, alolos tengahing dalu, amutungi Pangeran, numpal keli Nabi Yunus ing parahu, angambang tengah samudra, ana bilahi nekani,
  45. Baginda Yunus samana, cinarita kang baita ginundjing, dening ulam aran enun, iku ratuning ulam, pan kagiri-giri genge ulam iku, ginundjing palwa malesat, Nabi Yunus tiba ing warih.
  46. Sinander ratuning mina, Nabi Yunus inguntal tan asari, mring wetenge ulam enun, enget maring Pangeran, rumangsa yen kabendon ing polahipun, asudjud maring Pangeran, sigra Djabrail prapti.
  47. Alenggah ayun-ayunan, angandika malekat Djabrail, bekta parmaning Hyang Agung, heh Nabi Yunus tuwan, kadi pundi mangke tuwan Nabi Yunus, wonten ing wetenge ulam, Pangeran tuwan putungi.
  48. Yen tuwan mboten tobat ta, mring Pangeran yekti adadi gaib, binakta ingulam empun, Nabi Yunus samana, yata sudjud ing Allah kang Maha Luhur, parmaning Hyang nulya medal, tan megatruhipun Nabi.

۞۞۞ PUPUH 35 ۞۞۞
M E G A T R U H

  1. Ya ta ganti cinarita ingkang winuwus, nagari ing Bani Srail, kadi bondan tanpa ratu, marik ing Nabi Ismail, sadaya bature kang wong.
  2. Sapa sinten kang tuwan dadeken ratu, sukur yen tuwan pribadi, ingkang djumenenga ratu, ngandika Nabi Ismangil, Talut kang dadiya katong.
  3. Kaum Bani Srail sadaya matur, anake rondho tur miskin, nama Talut punika, ngandika Nabi Ismail, sasmitaning Hyang maringong.
  4. Ngularana karsa sakinah iku, yasa paing kang anenggih, ing karda djumeneng ratu, maring alas ing wukir, wus lumampah kang tinundah.
  5. Rebut paran ngulari pating salusung, wana guwa den susupi, mangka Talut andulu, lir pedah wedaling sapi, dinulu kanton mancorong.
  6. Wus pinondong sang karda denipun Talut, ngucap wong ing Bani Srail, micara tan rowangipun, pan karda Talut kang manggih, sakyeti djumeneng katong.
  7. Yen suwawi daweg pinatenan Talut, linge mantri tuwa sidji, tan kena kaya djariku, sampun djandjine Hyang Widhi, becike paya rinondjong.
  8. Sami ngiring Talut bekta karda wau, wus prapta ngarsaning Nabi, dyan Nabi Ismangil muwus, lah bukanen karda iki, lah genti-gentiya kawong.
  9. Ya ta karda sakinah binuka kaum, ginenti-genti tan wani, sigra Talut buka sampun, menga binuka kang isi, pangangge pacara katong.
  10. Sampun lumrah adjedjuluk ratu Talut, marentah ing Bani Srail, ginarebeg dening kaum, radja Talut wus lestari, wus prenah dalem kadaton.
  11. Ya ta sampun lami-lami radja Talut, anglurugi radja kapir, akekasih radja Talut, ngandika Nabi Ismangil, pirsakena udjaringong.
  12. Lamun besuk anglurug wonten ing ngenu, yen sira amanggih kali, sing sapa sira kang nginum, bari liwat denya ngambil, tunggal lan agama ning wong.
  13. Lan sing sapa mawi reren ngambil banyu, yektine kang daru panggih, tan tunggal agamanigsun, sang radja Talut lumaris, hingiring sakehe kang wong.
  14. Gung ing wadya wong sakethi tigang atus, wus pirang ndina lumaris, sakathahe manggeh banyu, benawi kalangkung wening, arsa hinginum kang wong.
  15. Kang ngestokaken waweling genya anyiduk, tan mawi areren malih, anyiduk sarwi lumaris, wong tigang atus lumaris, tuhu yen kaum kinaot.
  16. Radja Talut mung sakethi samya nginum, adangu reren benawi, pinasthi dera Hyang Agung , apisah saking agami, lupa lara manah kudhon.
  17. Dyan lumampah masangrahan aning ranu, matur wong ing Bani Srail, dumateng kang radja Talut, kadi pundi sang nrepati, tuwan mungsuh ratu Kahot.
  18. Ratu gagah prakosa sang radja Talut, abala para nerpati, dedege ageng luhur, radja Talut anauri, wruhanira kaumingong.
  19. Lamun mati perang ssbil luwih bagus, sira mati dening kapir, wus djandji nira Hyang Agung, sinung nugrahaning Widhi, sampurna ing patinya wong.
  20. Cinarita yata wonten tiyang rawuh, tanpa rowang ingkang prapti, sarta akelambi hesum, sarta tatekenan cis, mangkya marik ing sang katong.
  21. Uluk salam sarta djawat tangan sampun, sri narendra tanya aris, dateng wong kang lagi rawuh, ing pundi kayun kawingking, lan sinten sinambat kang wong.
  22. Kang tinanya lingipun saking ing gunung, arsa marik ing nerpati, kang nama sang radja Talut, ayun amba perang sabil, milya laku djontro katong.
  23. Sukur sewu lah to tuwan Nabi Dawud, sandjata tuwan punapi, lingipun sang Nabi Dawud, tan kanggo sandjata sami, mila wonten wona inggong.
  24. Remen ingsun amateni satru rusuh, ingkang galak tuwin nadjis, ing wang guwa sun lebur, sang nata mundut baruti, angkere kalangkung abot.
  25. Wus ngambil langkere pan sampun katur, ingageken ganti-ganti, dening wong kang tigas atus, arata nora kuwawi, Nabi Dawud nganggo.
  26. Kagawokan andika sang radja Talut, heh Nabi Dawud sun djandji, lamun menang Nabi, amerangi radja kapir, nagaraningsun ngong paro.
  27. Yen sang radja Djalut mati perang besuk, asraha ing tuwan bendjing, nagarane radja Djalut, sawadyane tuwan ambil, isine pura sun borong.
  28. Ananggupi wau sira Nabi Dawud, wus lumaris lampah neki, ing wuri sang radja Talut, ing ngara-ara baris, makuwon babiting ropoh.
  29. Nengakena barise sang radja Talut, sang radja Djalut winardi, apepeki ing balanipun, nitih kuda pitung kethi, tengara teteken danggong.
  30. Wus anitih ing ngesti sang radja Djalut, sartane nganggo baruti, awratipun satus pikul, lawan awratipun malih, tigang pikul kang tatopong,
  31. Ageng inggil dedege sang radja Djalut, pitung puluh egas nenggih, pideksa lamun dinulu, godege langkung ngadjrihi, kalangkung gambire katong.
  32. Tanpa tanding samining ratu tan purun, susumbar sri bupati, kembulan djuritingsun, Nabi Dawud duk miyarsa, sasumbaripun sang katong.
  33. Kang kapir sasumbare radja Djalut, anantang sri bupati, ingkang miwah para kaum, endi ratu Bani Srail, payo tanding pada katong.
  34. Nabi Dawud miyarsa susumbaripun, talingan kadi sinebit, ana sela sanget nguwuh, lah tuwan bektanen kami, tuwan balangno ingong.
  35. Wus ingambil watu dening Nabi Dawud, tumindak inguwuh malih, Nabi Dawud dening watu, lah tuwan bektanen kami, menawa tuwan arepot.
  36. Gutukneno dumateng ing radja Djalut, satunggil sela askalbil, tuhu watu sun linuhung, bendjing dadiya karikil, amba ing suwarga kahot.
  37. Wus binekta tiga wus kinandut amarani radja kapir, ngandika sang radja Djalut, heh ta sapa kumawani, Nabi Dawud lingira lon.
  38. Ingsun Nabi Dawud kang mawi gegutuk, ngling nata sikepmu endi, wicara gede aluhur, dene sira andap atil, ngambila sandjata kahot.
  39. Nabi Dawud padjar sikepku gagutuk, Nabi Dawud den kembuli, ing pradjurid kapir sewu, yata Nabi Dawud nuli, anggutuk sela sawiyos.
  40. Sela nradjang djadja terus kapir sewu, kang anunggang djaran sami, teka trus djadjane sewu, tri sela ngamuk sami, ngalor ngidul ngetan ngulon.
  41. Radja Djalud sirahe kena gagutuk, tiba saking luhur hesthi, pralena sang radja Djalud, kantune wadya kang mati, sandjatanipun binongkok.
  42. Kaum Bani Srail ta sigra angrubut, ingeluk kithane kapir, rinayah harta kinutuk, kang rinebut kumarincing, rinayah samya binoyong.
  43. Wus binakta mantuk dateng radja Talut, wus prapta ing Bani Srail, risaksana Nabi Dawud, anagih ing sri bupati, Nabi Dawud lingira lon.
  44. Djandji tuwan yen matiya radja Djalut, sanggup nagara sapalih, putra pinareng ken mring sun, sang radja Talut nauri, lah inggih ta djandjiningong.
  45. Yen ganjaran tuwan ingakerat besuk, dening tuwan aprang sabil, kadarbeya maring ngingsun, lah alapen putra mami, pinaro nagaraningong.
  46. Ping kalihe rupa asor Nabi Dawud, putra ngong ayu linuwih anakingsun nora ayun, yata Nabi Dawud mulih, tan pamit mangkya anglolos.
  47. Nusub wana Nabi Dawud munggah gunung, kalangkung meranging galih, cinacat ing radja Talut, angabekti siyang latri, amudji maring Hyang Manon.
  48. Radja Talut ngandika ing balanipun, lah ta pada tinututi, pinatenana Nabi Dawud, mumpung durung ngupatani, Nabi Dawud maringong.
  49. Kaum Bani Srail wong pitung puluh, engkang sami atut wingking, ing Nabi Dawud munggah gunung, sang radja Djalut ing mangkin, manahe kalangkung keran.
  50. Radja Talut anututi Nabi Dawud, sartane Sabala ngiring, prapta ing sukuning gunung, arsa minggah wukir, yata reren ateruron.
  51. Duk kasilir samirana samya turu, yata wonten asung uning, dumatenging Nabi Dawud, yen arsa dipun pateni, Nabi Dawud ing sang katong.
  52. Nabi Dawud samana sigra tumurun, prapta ngarsane sang adji, pra samnya panggih turu, curiga samya tinarik, tinumpang ing tenggak katong.
  53. Tilar surat tumumpang ing radja Talut, Nabi Dawud munggah wukir kawarnaha radja Talut, anglilir mangkya ningali, ing polah punika gawok.
  54. Dyan winaca suratipun, Nabi Dawud, pangaksamane kang tulis, penget layang Nabi Dawud, katur ratu Bani Srail, wiyose tuwan sang katong.
  55. Yen sedyaning sun mateni radja Talut, yekti iki sira mati, mapan sira nora weruh, adja sira salah ati, adja kira-kira awon.
  56. Lah muliya ngadatona radja Talut, ingsun nora nupatani, adjrih marang Hyang kang Agung, sigra radja Talut mulih, sampun prapta ing kadaton.
  57. Cinarita samana sang radja Talut, linungsur dera Hyang Widhi, tinampik ing balanipun, bonggo wong sak nagri Mesir, tinundung saking kadaton.
  58. Radja Talut sawuwuse tan rinungu, djalu estri rare cilik, ing kadaton samnya nundung, radja Talut tengah wengi, anak rabi sareng lolos.
  59. Para mantri papatih lawan tumenggung, arembug gunem mesemi, gubel dateng Nabi Dawud, mapan ika aprayogi, suwawu ginawe katang.
  60. Punika karane Nabi linuhung, swaranipun tanpa tanding, katurunan kitab Djabur, andap tur alus budhi, utama sareng palugon.
  61. Wadya bala sadaya samya amethuk, saupacara tan kari, binekta minggah gunung, Nabi Dawud sampun kering, mring Mesir mandjing kedaton.
  62. Gemah hardja ing Mesir sarwa tinuku, wong sesawah samnya dadi, suka sugih sakehipun, Nabi Dawud duk mandiri, radja reng Mesir kinaot.
  63. Radja Dawud garwanipun ayu-ayu, gunge satus kurang sidji, asih ing putra sepuluh, asih ing kawula cilik, asmarandanane akon.

۞۞۞ PUPUH 36 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Sampuning alami-lami, wonten parmaning Pangeran, yata Nabi Dawud kinen, amerangi radja Sadad, Dawud kalipatolah, apepak sakaumipun, sasikepe ing yuda.
  2. Cinarita ratu kapir, akekasih radja Sadad, tumurun turun kapire, keringgane parang muka, angreh para narendra, tuhu sih ratu pinundjul, ratu gagah prakosa,
  3. Cinarita sri bupati yata akarya suwarga, kalangkung langkung endahe, tan nana mimba mangkana, gagawehaning djanma, nenggih pitung puluh tahun, lamine karya suwarga.
  4. Warni-warni hadi yadi, suwarginipun sang nata, hobor sumunu malige, kancana lurus kinarya, pinatik nawa retna, dening panataranipun, pepethen tane kaWuryan.
  5. Pra samya wit kancana di, kang godong wastra kang endah, apradapa wastra idjo, angrawit yen tiningalan, awoh djumanten mulya, dene patemahanipun, amber kasturi kang ngambar.
  6. Kapurba rus gandanya mrik, susuketane kum-kuman, yata sakehing kakayon, samnya djinembangan gedah, tinon awarna-warna, gagodongan djro kedatun, kaswargan ngalih ing ndunya.
  7. Agodong saliring ngragi, sakathahe papethetan, kang miyos saking malige, lelepenipun madju pat, ingkang minongko toya, puwan susu lawan madu, kang sapindah toya tawa.
  8. Lelarene kang kinardi, gedah wilis gedah seta, sakawan hara-harane, ingebekan tataneman, ara-ara sekawan, pethetan sedenge hawuh, pepak saliring woh-wohan.
  9. Titiyang ing Bani Srail, wau ingkang dadi tukang, wondene widadarining, kenya ingkang pipilihan, wau ingkang kinarya, warnanipun sriyu ayu, pra samnya aning suwargan.
  10. Pangangge mulyadi asri, kang kinarya pangalasan, samya rare kang kabiren, kacarita laminira, genira karya suwarga, nenggih tigang atus tahun, ngaku kang murba wisesa.
  11. Udjubriyane tan sipi, linulut dening Pangeran, luhuripun kang malige, nenggih tigang atus egas, myang sireng papinggiran, samya cinenthelan manuk, hotot merlonotot sekar.
  12. Tatapi sakehe peksi, asri mungel asauran, mas seleka gunungane, risampunipun mangkana, wau to kang kocapa, anenggih Baginda Dawud, ingutus dening Pangeran.
  13. Kenen wau anekani, ingkang nama radja Sadad, ingiring para kaume, aprang sabilulah ika, amerangi ing kopar, sami ngiring Nabi Dawud, reren barisan ngara-ara.
  14. Pan Nabi Dawud pribadi, malebeting dalem pura, yata sampun sapatemon, Nabi Dawud dyan angucap, dumateng radja Sadad, hiya ingsun Nabi Dawud, ingutus dening Pangeran.
  15. Heh Sadad sira abecik, nandanga agama islam, anebuta ing Hyang Manon, hiya Allah hu Tangala, ingkang dadeken sira, ginadjar suwarga luhur, runtik sang nata ngandika.
  16. Ingsun den idep-idepi, mapan ingsun iki iya, wus gawe suwarga dewe, risampunipun mangkana, radja Sadad kocapa, miyosing warganipun, sarta selir prameswara.
  17. Saparinipun den iring, kadi ta sekar setaman, abrang murub busanane, sartane kawulanira, pra selir Sarabadan, dupi prapta ngalun-alun, mantri ngandikan sadaya.
  18. Lah payo minggah suwargi, sira wikana sadaya, ing swargane ingsun warnane, saksana samya lumampah, datenging kasuwargan, binekta Sabalanipun, arsa meng ameng ing suwarga.
  19. Angandika dateng mantri, mengko yen tekan suwarga, pada angalapa kabeh, woh-wohaning djro swarga, sartane milihana, ana dene ingsun ladju, minggah ing malige retna.
  20. Mangkana sampun lumaris, radja Sadad arsa minggah, dumateng luhur malige, lagya mandjing ing gapura, prapta wong ngadang lawange, ebat sang nata andulu, luhure ngungkuli gapura.
  21. Sang nata gumeter angling, sapa mapakaken ingwang, kang tinakonan saure, Ngidjrail ingutus ing Hyang, amundut nyawanira, sang nata djenger gagetun, angling antinen sesangat.
  22. Salamine ingsun kardi, suwargi dereng uninga, yen kenginga nora suwe, sakedep netra wus mulat, suwe yen kongsi nengah, pinggir bae ingsun dulu, pan datan kapingin ning wang.
  23. Ningali suwarga mami, kadosna polah dadya, Ngidjrail gergut saure, tan ana karsaning Suksma, yata sang radja Sadad, djumangkah suku ning pintu, lagya andjundjung tumingal.
  24. Ngidjrail pan ora kanti, ing semayanira Sadad, sigra tinarik nyawane, binekta dateng naraka, kang ngiring-iring pedjah, pan sadaya nyawanipun, pinandjingaken naraka.
  25. Sakehe kang tumandang kardi, suwarga pedjah sadaya, sinareng lawan tukange, pinandjingaken naraka, saisining suwarga, sirna tan ana kadulu, mulih dadi ara-ara.
  26. Sirna kadi wingi huni, kedatone radja Sadad, rinusak mangkya binoyong, djroning kitho djinarahan, dunya myang radja kaya, kawarnaha Nabi Dawud, pinarak ing yasa kambang.
  27. Amudji marang Hyang Widhi, kitab Djabur kang winaca, pirengen swaraning kang wong, kang mirsa mangu tan ngucap, kang tarula ta enggar, kuliyang reren duk runtuh, toya mili tan lumampah.
  28. Kang samirana ngandegi, sato kewan kang agalak, tututana budine, leng-leng denipun miyarsa, kamanis ening swara, tuhu sih Nabi linuhung, kang swara tanpa tandingan.
  29. Sang nata kalok ing bumi, kinadjrihan parang muka, pradjurit tan ana tandinge, ing sasamanipun nata, ing mangke kawuwusa, birahi Baginda Dawud, angabekti ing Pangeran.
  30. Ing siang anekung latri, tan pegat pamudjinira, tan pegat maca kitabe, cinarita kalanira, matur dateng Pangeran, yen gusti amba kang agung atur kawula ing tuwan.
  31. Pan sagunge para Nabi, sami sinungan paneda, para Nabi sakathahe, sinung coba saking tuwan, tan wonten kalangkungan, mila amba kami purun, matur dumatenging tuwan.
  32. Mugi sungan abilahi, lawan sakuwawi amba, mangkya ngandika Hyang Manon, dateng ingkang kasih neka, heh Dawud tan kuwawa, anyanga bilahining sun, menawa sira ngersula,
  33. Menawi nora kuwawi, anandang coba rencana, Baginda Dawud ature, dateng Allah Tangala, inggih Pangeran amba, mugi kuwawiya tengsun, anandang coba rencana.
  34. Amaca djabur nerpati, yata wonten peksi prapta, kaWuryan endahe warnane, paksi nak-nak akancana, netra retna kumala, luncana liman kang manuk, amencok ing ngarsanira.
  35. Cinandak paksi tan keni, miber kang paksi anglawat, tinutaken ing sang katong, paksi miber dateng wismanipun matabutika, tinut mandjing ingsang prabu, paksi dateng papungkuran
  36. Mangkana kang winarni, wau prameswari neka, Iman Tabut amiraos, kang anama Dewi Wuryan, siram tanpa telesan, sareng mulad Nabi Dawud, dumatenging Dewi Wuryan.
  37. Tan mbuh polahe sang Dewi, kapariksa ing sang nata, dadya winudar gelunge, inguleng rekma ingunggal, sarira tan katingal, rekma rawuh ing djedjengku, pelak lir mega drawela.
  38. Tan mbuh polahe nerpati, tumingaling Dewi Wuryan, datan kuwasa sang katong, anandang coba rencana, wus kundur sri narendra, Baginda Dawud amudjung, datang kenaha ngartika.
  39. Tan ana liyan kaeksi, amung wau kang asiram, kang dadi brangta wirange, kang anama Dewi Wuryan, garwanipun kang patya, ingkang nama Iman Tabut, yata endjing ingandikan.
  40. Breman tabut nulya prapti, wus panggih ayun-ayunan, Nabi Dawud tembunge, mapan karaningsun nundong, lah menda kang satunggal, sun urupane puniku, kalawan menda sakawan,
  41. Saisine dalem puri, paman ndika pilihana, Iman Tabut matur alon, nadyan tuwan urupana, ing menda sanegara, mapan amba datan asung, pan Wuryan somah kawula.
  42. Ya ta kemengan kang galih, Baginda Dawud samana, kang mapan mangkya kinongkon, risampunipun mangkana, yata alama-lama, Iman Tabut kinen nglurug, dateng ing nagari kupar.
  43. Sarto boyongan pawestri, risampunipun mangkana, hamalih karyo kinongkon Iman Tabut angluruga, bedaha negara hardjo Iman Tabut lunga nglurug, ambekno sawadya bala.
  44. Acampuh yuda lan kapir, karaban mungsuh denya prang, tan wonten nonggo yudane, kantun kathah kang wadya, kuneng kawarwarnaha, Iman Tabut wus kasambut, seda ing rana kaWuryan.
  45. Nabi Dawud anulungi, kalawan Sabalanira, kasoran kapir binoyong, nanging pamanmu saseda, djisim binandosa, prapta ing nagara kinubur, risampunipun mangkana.
  46. Iman Tabut wus ngremasi, saking aprang lan kupar, alara-lara tangise, ingkang nama Dewi Wuryan, sapedjahe kang raka, mangkana Baginda Dawud, risampunipun teking ngidah.
  47. Nabi Dawud angraosi , ing Wuryan sarwi anglamar, liwat agung babektane, nanging ta sang Dewi Wuryan, datan arsa akrama, dahad ni Wuryan tan payun, dera ngarsa palakrama.
  48. Lini ngring ing siang latri, dening pra santana neka, nanging tan wonten owahe, ni Wuryan tan arsa krama, yata langkung kemengan, ingkang galih Nabi Dawud, dening wau Dewi Wuryan.
  49. Tan arsaha palakrami, maksih kaetang lakinya, kalangkung teguh tuhune, engkang nama Dewi Wuryan, risampuning mangkana, sinung wasit sireng dalu, Wuryan sinungan sasmita.
  50. Sasmita sadjroning guling, Wuryan kinen nampanana, ing Nabi Dawud karsane, lah sira arsaha uga, nanging ta djedjuluka, ing bendjing atmadja djalu, Nabi Dawud lawan sira.
  51. Ya djaluk putra sidji, Nabi djumeneng nata, idepa sadjagad kabeh, saisen isening dunya, ngidepa putranira, yen ta katekana iku, lah Wuryan sira kramaha.
  52. Ya ta misuwur ing warti, lamun mangke Dewi Wuryan, wonten sih djedjalukane, Baginda Dawud miharsa, kemengan dinatengan, Baginda Dawud atembung, apanggih ayun-ayunan.
  53. Kalawan mangke sang Dewi Wuryaning ngandap sadaya, sakehe kulawargane, sami asanding sadaya, Dewi Wuryan aturnya, dateng ing Baginda Dawud, gih amba arsa ing tuwan.
  54. Yen amba tuwan datengi, wonten kang kawula teda, Baginda Dawud saure, lah apa djalukanira, Dewi Wuryan turneka, inggih kang kawula suwun, dumateng kersa paduka.
  55. Yen mangke kawula panggih, kalih tuwan puputraha, djalu djumenenga katong, tur Nabi hingidep djagad, punika neda amba, yata kendel Nabi Dawud, angrasa nora keduga.
  56. Baginda Dawud narpati, kundur dateng dalem pura, amaca djabur sang katong, mulya Djabrail prapta, mawa parmaning Suksma, angucap ing Nabi Dawud, inggih tuwan sanggupan.
  57. Pandjaluke Wuryan Dewi, aneda putra satunggal, Nabi djumenenga katong, kedepa isining djagad, kaprentaha sadaya, dening putra tuwan besuk, Nabi angucap srinata.

۞۞۞ PUPUH 37 ۞۞۞
S I N O M

  1. Mapan sampun djodo tuwan, Dewi Wuryan puniki, pinasthi maksih parawan, ni Dewi Wuryan puniki, saben sare lan laki, Wuryan kalih Iman Tabut, pan nulya sinalinan, peri denira Hyang Widhi, yen kawuwus apandjang yen cinarita.
  2. Sak pandjalukipun Wuryan, apan sampun den sanggupi, ing Nabi narendra cinarita sampun kawin, Dewi Wuryan wus panggih, kalawan Baginda Dawud, runtut gen palakrama, risampuning alami-lami, kadya mimi genipun apapasiyan.
  3. Risampuning mangkana, Baginda Dawud angadji, ing mimbar prenah neka, nunten wonten djanma kalih, kakanthenan asta sami, marek dateng Nabi Dawud, aneda leleresan, samya matur ing narpati, kadi pundi inggih laleresan tuwan.
  4. Pun kakang punika gadah, menda satus kirang sidji, menda kawula satunggal, punika kang dipun tedi, pamrihe kang anedi, djangkepa mendane satus, nanging amba tan suka, katah sandi mangarahi, kadi pundi punika leresan tuwan.
  5. Nabi Dawud angandika, yekti kalah ing kasugih, menda kalebu ing wong murka, apan sanake kang miskin, duwe kambing sawidji prandene maksih den djaluk, mendaha dja sugiha, mangkana tiyang kakalih, kinedepaken sakedep anulya musna.
  6. Manungsa kalih gya ical, pan dede djanma sayekti, satuhune malaekat, yata karaos ing galih, lara genipun nangis, wau ta Baginda Dawud, pan karasa ing manah, yen kacoba ing Hyang Widhi, atur tobat ing Allah sarwi karuna.
  7. Allah Tangala ngandika, ya sira tobat ing mami, balikan sira tobata, marang kang andarbe rabi, ingkkang sira rebuti, ingkang nama Iman Tabut, andjaluka ing kalal, Baginda Dawud tumuli, andatengi ing djarate ingkang paman.
  8. Sumungkem ing makam neka, tangise amelas asih, luhipun kadi woh siram, sidji padjaratan mili, adres kang waspa midjil, ngasih-asih Nabi Dawud, sanget patobat neka, mring Allah kang Maha Suci, ping kalihe tobate dateng kang paman.
  9. Iman Tabut cinarita, miyarsa welas tan sipi, arum midjiling wacana, hiya Nabi Dawud uwis, ingsun ngapura mangkin, gelap kang sarira Dawud, gumade apuraha, dosanira mring Hyang Widhi, ing sun darma angucapaken ning sira.
  10. Lah mulia ngadatona, Dawud dateng dalem puri, Nabi Dawud kundur mangkya, malebet ing dalem puri, dyan kawarnaha malih, Iman Tabut kang kinubur, yata sinungan tingal, ningali malige rukmi, duk binuka lawang suwarga loka.
  11. Iman Tabut atur neka, dateng ing Hyang Maha Suci, suwarganipun punapa, sapangkat suwarga adi, angandika Hyang Widhi, heh wruhanira Iman Tabut, suwargane wong ngapura, wong kadudon sami-sami, hiya iku suwargane wong ngapura.
  12. Risampunipun mangkana, Dewi Wuryan lami-lami, awawrat tekeng semaya, ambabar putra sang Dewi, cinarita bebayi, tanpa tangan tanpa suku, Dewi Wuryan semana, umatur dateng ing Nabi, duk ing kina tuwan ananggupi putra.
  13. Langkunga saking akathah, djalu ingkang dadi Nabi, satemah putra kainan, Nabi Dawud lingira ris, sasmitaning Hyang Widhi, ana uga dosanipun, miwah to dosanira, pangulu lawan papatih, dosa samar kang durung tobat ing Suksma.
  14. Papekan para ngulama, angruwat putra nerpati, ngandika sang Dewi Wuryan, inggih kawula puniki, dosa samaring ati, alaki Baginda Dawud, swara tanpa tandingan, Nabi tur dadi nerpati, lamun ingsun ningali ing kakung liyan.
  15. Kang abagus warnanira, ana uga ati mami, aremen ing kakung liyan, mangke sun tobating Widhi, yata sang djabang bayi, nulya wedal sirahipun, Nabi Dawud ling neka, ingsun iki ratu Nabi, ingsun adjrih ing Allah nandanga dosa.
  16. Ewa mangkana ta ing wang, ana wong marik ing sami, kang gaga lawan kang ora, ana uga gati mami, mring kang gaga wauni, sun tobat maring Hyang Agung, katrima tobat neka, yata putrane narpati, nulya medal astanipun kalih ika.
  17. Pangulunipun angucap, lamun ingsun babeneri, sun tanding kalawan kitab, yen ana wong prapting kami, yen nudju sanak mami, ana uga gatiningsun, yen sampun adjrih ing Hyang, angilani sanak mami, sun tobatken yata medal sukunira.
  18. Apatih lingipun ngucap, tan kirang sihe narpati, pinara sewu tan ana pamalasingsun ing gusti, ewa mangkana ugi, ana uga atiningsun, ingsun pingin gentya, ing lungguhe gusti mami, sun tobatken yata medal kang ambekan.
  19. Risampunipun mangkana, putranipun sri bupati, sinung kakasih Suleman, sampuning alami-lami, warnanipun sang pekik, wus umur sapuluh tahun, Nabi Dawud samana, tumingal ana wong prapti, ing kang prapta wong padu rebut wicara.
  20. Kang sawidji darbe menda, omongan taneman neki-neki, sampun mangkya ingukuman, kebon kang pinangan kambing, puniku ngadji-adji, kambing kinarya patempuh, nandes sakandang pisan, sinurupaken pandjadji, kawarnaha wau Baginda Suleman.
  21. Ameng-ameng alaledang, wong nangis dipun parani, tinaken dening Suleman, ature wau kang nangis, kawula gadah kambing, mangan taneman agung, sampun padu ngukuman, ing rama tuwan nerpati, menda amba pan telas karya tatempah.
  22. Dyan binekta ing Suleman, marik ing rama nerpati, ngling rama lah ngapaha, iku wus ingsun ukumi, ingkang putra nauri, ing sapenet-penetipun, yen manggih ing kuwula, ingkang darbe kebon uning, anyepenga ing menda ingkang sawarsa.
  23. Yen dening kebon punika, kang nandes pinangan kambing, kasrah kang darbe menda, setaun kinen mbeciki, yen wus lir wingi uni, wangsul kang darbe rumuhun, menda inggih wangsula, maring kang darbe uni, ingkang rama anurut ukume putra.
  24. Wonten malih cinarita, wonten estri ayu luwih, nanging datan arsa krama, kakung kang arsa tinampik, tetiga kang tinampik, sekawan gunem wus rembug, sareng matur sadaya, dumateng sri narapati, inggih amba ngaturi, huning ing tuwan.
  25. Wonten estri laku djinah, kalawan camera wingi, kalawan saksi sakawan, punika sareng ningali, suka sri narpati, pawestri nulya kinukup, linebetaken pura, pawestri ika anangis, yata Nabi Suleman nika atanya.
  26. Ature kang tinakonan, inggih kawula puniki, ingaturaken adjinah, tiyang sakawan kang uning, kang sanggup dadi saksi, amba djinah lawan asu, nanging amba tan arsa, Baginda Suleman nuli, marek agal dumateng para narendra.
  27. Kawula wau tumingal, pawestri nangis ing puri, sinambat djinah lan suna, ingkang rama anauri, hiya ingsun pasrah ugi, ukum wong djinah lan asu, yata saksi kapriksa, pinareksa gil-satunggil, sampun prapta pinariksa ingayunan.
  28. Sakehe padu wicara, wau ing nagara Mesir, kasrah Baginda Suleman, yata saksi den timbali, sakawan genti-genti, pamariksanipun alus, yata Nabi Suleman, pinernahaken atebih, pinareksa ingundang ganti satunggal.
  29. Ature kang pinareksa, inggih kawula pan uning, kalane djinah lan asu, sekawan pan sareng uning, Nabi ngandika aris, asu apa warnanipun, lawan wayahe apa, kang tinakon matur aris, suna abrit wancinipun lingsir wetan.
  30. Ingunduraken saksana, pinariksa ganti-ganti, ature kang pinariksa, djina lawan asu putih, wancine tengah wengi, tinundung malih kang rawuh, ature suna belang, tinundung malih kang prapti, suna cemeng duka djinah wanci endjang.
  31. Ature Nabi Suleman, dumateng rama adji, boteh sah saksi punika, sekawan atur salingsir, Nabi Dawud nauri, hiya bener anak ingsun, estri punika hiya, wetokena saking puri, antukena sarta sadjarahanira.
  32. Sampuning alama-lama, pinepek punggawa mantri, Nabi Dawud sinewaka, mila pepek para mantri, seren dadya narpati, karsanipun Nabi Dawud, putranipun sadaya, ingkang kinarya geganti, putra sepuh kalawan prayaganira,
  33. Malaekat Djabrail prapta, mawa parmaning Hyang Widhi, Djabrail lon angucap, wonten sih tandaning Widhi, sapa kang djawab iki, wus ngling Hyang kalih puluh, sakehe putra tuwan, kang djawab dadi narpati, senedahan camethi lawan makutha.
  34. Risampuning mangkana, Baginda Dawud tinangkil, pepek kang para pandita, miwah kang para nerpati, sarta kang para mantri, angandika Nabi Dawud, heh wruhanira uga, tan dadi karsaning abdi, kang lestari karsane Allah Tangala.
  35. Ana tatengeraneka, kang sapa djawaba iki, ing pitakening Pangeran, sakathahe anak mami, ing salah sawidji, kang djawab djumeneng ratu, anganggeya mahkutha, kalpika lawan camethi, suk aling Hyang kathahipun kalih dasa.
  36. Ing ngendi pernahe iman, ing ngendi pernahe budi, ing ngendi pernahe kuwat, mara pahit lawan manis, wuta lawan ningali, awet lawan gelisipun, wiyare bumi kasa, miwah andap lawan inggil, awas wuta toya api aranana.
  37. Sakehe putra sadaya, tan wonten kang djawab iki, Baginda Suleman, kang djawab suk aling Widhi, Nabi Suleman angling, pernahe iman puniku, hati djantung punika, djumala pernahe budi, ing bebalung pernahe kuwat punika.
  38. Pernahe maronge netra, ingidung kang luwih pahit, atinipun wong kasian, ing dunya kang luwih manis, atine wong kang sugih, angaranan wuta iku, atine bodo ika, dening kang nama ningali, hiya iku wong kang akeh ilmunira.
  39. Kalawan dina ngakerat, kang aglis dunya puniki, gunging langit parmaning Hyang, ingkang dateng para Nabi, lan djembare kang budi, punika adiling ratu, luhure kang luwih wiyat, atinipun wong kang arip, langkung ngandap saking toya wong kang Sabar.
  40. Langkung atos saking sela, punika atine kapir, panas luwih ing dahana, atine wong kereng ugi, sampun kajawab sami, pitakene Hyang kang Agung, lan malih kang makutha, sumawana ali-ali, samya sesak kang sedeng muhung Suleman.
  41. Camethi sampun katampan, wus misuwur wong ing Mesir, lamun Baginda Suleman, sampun djumeneng narpati, kang rama sampun gingsir, Nabi Dawud munggah gunung, risampunipun mangkana, Nabi Dawud ngemasi, Nabi Dawud umur Kawan atus warsa.
  42. Cinarita Nabi Suleman, djumeneng nagaring Mesir, marintah isining dunya, barang salire kumelip, bumi wetan ing masrik, ing mahgrib pangulonipun, manungsa lan djin setan, mega mendung lawan angin, satu kewan ing toya miwah daratan.
  43. Awaged salire basa, tinutur tutur nagari, ing Mesir kalangkung gemah, mirah ingkang sarta binukti, kathah kang sugih temu kang sarya tinandur, wana geng dadi desa, miwah ta ingkang nagari, langkung gemah kang griya pipit-pipitan.
  44. Wonten dene kang ngamparan, miwah kathahe hedjin, wau ingkang sami karya, karya sulam prang wedani, papi sutra wilis, wonten dene wiyaripun, lampahan sahedjam, cinarita amesagi, kandelipun kang amparan kalih egas.
  45. Tengah sinung palenggahan, kathil sesotya kang adi, pinatik ing nawa retna, ing ngluhuripun pinardi, sutra mandala giri, pating kaprethip dinulu, sami tiba ing kaca mas, korine sesotya adi, pan djumeneng sami genge sakembaran.
  46. Mider kursi mas selaka, pirang-pirang atus sami, angideri ingamparan, sinangga dening para edjim, Nabi Suleman tinangkil, manuk ingkang dadya tarup, pelatuk mungging arsa, agunge paksi anangkil, mega mendung kukuwu prasamnya seba.
  47. Kilat tahthit lawan lidah, galudug angin anangkil, gandarwa djim perayangan, setan uwil wewe nangkil, lan djang tan mamedi, lelaron rayap lan semut, isen-isening alas, pepak para ratu ngangkit, Sabangsane Baginda Suleman wikan.
  48. Nabi kekasih Hyang Suksma, tuhu ratu agung sakti, djenenge Nabi Suleman, kalane miyos tinangkil, sakaprabon narpati, ngagem makutha pinundjul, darunya murup endah, surya midjil anelahi, ratu agung tur asakti Mahambara.
  49. Paran dene wong mangkana, yen wonten sadjroning puri, wau Baginda Suleman, munggeng panepen ngabekti, sartanipun akaskil, pakaryanya nganam sumbul, risasampunipun dadya, namur sinade pribadi, dateng peken warnane lir kang busana.
  50. Kusut wastra tatambalan, awor miskin lawan nriyawis, sasampuning papadjengan, wakul sumbul lan salepi, yatranipun anuli, tinumbasaken ing gandum, pan rina tengandawak, asamar ing pakardi, kang den dahar lawan pamedaling asta.
  51. Wau pinarak damparan, kinen ngumbulena angin, dedel malesat ing wiyat kadi sunduling langit, huluk salam tumuli, ing para malekat agung, sampuning huluk salam, anulya tumurun malih, yata prapta kadaton Nabi Suleman.
  52. Langkung anoraken raga, asudjud dateng Hyang Widhi, yata lamun darbe kerkat, anging sihipun Hyang Widhi, tanna lyan kang den esthi, amung nugrahan Hyang Agung, dateng Pangeran mulya, aneda ing Hyang Widhi, osiking tyas Nabi Suleman tur neka.
  53. Allah Pangeran amba, amba arsa angingoni, ing umat-umat sadaya, amba arsa anuwuki, dateng saliring kumelip, Suleman pangarahipun, mangsa nora warekga, dyan ngingonana sakalir, tan antara malekat Djabrail prapta.
  54. Mawa parmaning Suksma, Djabrail nglingnya aris, heh Nabi Suleman tuwan, tuwan arsa anuwuki, agingoni sakalir, amba punika weruh, pratingkah tuwan neka, kinen kesaha ing bendjing, ing tepining samodra tuwan bektaha.
  55. Sekul ulam mina kathah, Djabrail kang kaeksi, lestari Nabi Suleman, angundang saken mantri, kinen mepak sekalir, sami kinen caos sekul, ulam-ulaman kathah, genya undang wus waradin, yata pepak saksana lumampah enggal.
  56. Kang bala kinen datenga, pitung dina sami prapti, nagari lakon sacandra, tigang candra sami prapti, alakon pitung sasi, djim peri sami rawuh, aglis Nabi Suleman, arsa cakraming narpati, nata Nabi Suleman lenggah hamparan.
  57. Murub ingkang nawa retna, hamparan sinung ginge djim, muluk dateng ngawiyat, hingiring sakeha edjim, sakeh para narpati, yen kalanira tumurun, Nabi Suleman salat, yen wus bakda pan lumaris, sampun prapta genipun cangkrama sang nata.
  58. Wonten tepining samudra, ning sutangsu sampun linggih, pinarak wonten hamparan, Nabi Suleman sarimbit, kacaryan sang dyah ngaksi, ing sakalir pan kandulu, Nabi Suleman nabda, mring sagunge kang kumelip, pan sadaya samya kinen alinggiha.
  59. Sakathahe ingkang wadya, geng alit pra samya nangkil, ana ing patepining samudra, ing ngara-ara papipit, sampun tata alinggih, arsa pinaringan penuh, sekul ulam panganan, wowohan kang adi-adi, yata wonten ulam satunggal kang prapta.
  60. Sisili wastane mina, agengipun sadjaridji, matur ing Nabi Suleman, gusti amba neda bukti, tuwan penuh sakalir, amba sungana kang tuwuk, angling Nabi Suleman, dateng kang tumandang kardi, lah sungana mangana ulam alit iki.
  61. Wadya kang andum buga, mina alit den uncali, sekul sakepel pinangan, pangrasane kang nyukani, mangsa djaluka malih, dene alit ulamipun, matur malih kang mina, maksih luwih kirang mami, waregana amba punika kemaga.
  62. Angling Baginda Suleman, mring wadya kang andum bukti, mina iku waregana, sira sungana tumuli, ngingoni mina sidji, pira sih kadare iku, yata kang kinen sigra, ulam alit den uncali, tan antara saboran sampun pinangan.
  63. Ulam sili atur neka, ing Nabi kemaga kami, sampun age andum boga, nyamikan wowohan sami, dateng sakeh kumelip, yen dereng kawula tuwuk, sang nata kagawokan, ingature ulam alit, nuduh asta Baginda Suleman ngatag.
  64. Lah mara sira wehana, mangan adja den kurangi, sigra ngambil kang ingatak, mina arsa den tuwuki, amenga mina maksih, tan mingkem sinungan sekul, pirang-pirang wadah, kirang-kirang sinung malih, maksih mangga sekul tutumpengan telas.
  65. Eram sakeh kang tumingal, Nabi Suleman ling malih, paran kang atengga sega, kang wadya matur ing Nabi, sampun telas kang nasi, kirang wuwuh telas sampun, anyandak pepanganan, myang woh-wohan kabeh henting, ulam alit mangan maksih ngrasa kirang.
  66. Sampune kang sekul telas, woh-wohan panganan enting, miwah ingkang sarya medja, pinanganing mina alit, pan kadya den saponi, kang ulam pan durung tuwuk, sili mangan kewala, kang mina matur ing Nabi, ya Suleman amba dereng wareg mangan.
  67. Dene nguni sanggup tuwan, ngingoni sakalir, kumelip winaregana, dene kalampahan mangkin, amba punika alit, tur sidji tan bisa tuwuk, daweg Nabi Suleman, saisine bumi langit, paringena sun pangan mangsa warega.
  68. Mendah tuwan wuningaha, ulam nuk kang nguntal Nabi, Yunus dukala ing kina, ulam geng kagiri-giri, ning samudra lir wukir, punika malih mina gung, mangsa katuwukana, nulya musna ulam alit, nata ing Mesir andjenger tan bisa ngucap.
  69. Ngrasa pameleh Hyang Suksma, ngrasa kabendon galih, ing waune ika ngrasa, bisa ngingoni sakalir, kene supe mring Widhi, Baginda Suleman sudjud, kalangkung tobat neka, mring Allah kang Maha Suci, duk samana Nabi Suleman Karuna.
  70. Ya ta Djabrail prapta, mawa parmaning Hyang Widhi, ngucap mring Nabi Suleman, salaming Hyang dateng Nabi, tuwan nenedeng Widhi, mapan ingapura sampun, tobat tuwan mring Allah, gen tuwan dados narpati, tuwan mengku ing masrik mahrib sadaya.
  71. Punika tuwan ngrasaha, sing kuwasa ning Hyang Widhi, tuwan ingedep sadjagat, saking pasihane Widhi, pan tuwan anglangkungi, ing manah tuwan karuhun, tuwan supe Hyang Suksma, Djabrail tan kaeksi, asru nangis wau Baginda Suleman.
  72. Wus kundur Nabi Suleman, sawadya balanya ngiring, kang djadjari aneng ngarsa, sagunge para hesthi, ratunipun kang nami, radja kunjara ranipun, naradjang ara-ara, kadatone radja Namli, kathah pedjah kang kedep kang dening liman.
  73. Sang radja Namli bramanya, dene balane keh mati sinandung radja kundjara, denira sang radja Namli, lah hiya akeh mati dene kadi panggo agung, kedepkan balanira, radja kudjara nauri, nora nedya ingsun iki sikaraha.
  74. Pan kinen djadjari ngarsa, dene semut kathah mati, nora idep djer kedepkan, sumaur sang radja Namli, nadyan sira puniki, dinawuhan ing sang prabu, mangsa sira kinenana, angidepi bala mami, radja Namli matur ing Nabi Suleman.
  75. Pan amba matur ing tuwan, bala amba kathah mati, kedep balane sang milan, punapa kukum narpati, nulya ngandika Nabi, Suleman wus djamakipun, ingkang cilik kedepan, maring kang agede iki, radja Namli tan sinakolih aturnya.
  76. Nabi Suleman ngadep tyan, kocapa sang radja Namli, kuwih sakit manah neka, dene balane keh mati, Nabi nora ngukumi, sang radja Namli pitekur, anangis maring Allah, ya Pangeran Maha Suci, kadi pundi hukume Nabi Suleman.
  77. Lenggah pitekur ning sela, kang aran sang radja Namli, pan agengipun sak menda, saking sakiting kang galih, tan dahar tan aguling, mangkana ta kang winuwus, wau Nabi Suleman, samana amanggih sakit, karnanipun wau kalebonan rena.
  78. Ya ta Baginda Suleman, alangkung genira sakit, datan kena senewaka, tan bisa dahar aguling, hanggung angolang-aling, lunga teka kang dudukun, tan wonten ngarasna, mangkana ratuning angin, awawarta ing radja Namli samana.
  79. Pagene ta nora seba, heh sira sang radja Namli, sumaur kang sinung ujar, manahingsun lagya sakit, baturingsun keh mati, teka nora sinung ukum, dening Nabi Suleman, sumaur ratuning angin, yen mangkana ki Namli sira sebaha.
  80. Sang nata amanggih gerah, kalangkung sakit narpati, sang radja Namli angucap, matur rasamu mring narpati, ingsun sanggup nambani, yen ingsun sinungan hukum, dening sri naranata, balaningsun akeh mati, ngidep ngiles dening balane sang milan.
  81. Ratuning angin wus kesah, umatur dateng narpati, sang nata wusing aturan, yen sanggup, sang radja Namli, andjampeni nerpati, nanging sinungan kukum, sakehing kang pedjah, matura radja Namli, dipun idep dening bala radja obah.
  82. Nabi Suleman ngandikan, lah timbalana den aglis, ingsun iki tan kasandan, sakite ing karna mami, ngandika radja Namli, sakedap anulya rawuh, ngarsa Nabi Suleman, nulya mangkya linekasi, lah bagya Namli, nora nono seba.
  83. Sang Namli sudjud ing kisma, idepe kalangkung adjrih, Nabi Suleman ngandika mareneya radja Namli, tambanana tumuli, sakite talinganing sun, yata kang semut lata, kinen lumebet tumuli, ing talinganipun Baginda Suleman.
  84. Kapanggih rena satunggal, ginigit nulya giniring, ingaturaken saksana, mantun sakiteng djeng Nabi, Suleman ngandika ris, lah sakehing balaning sun, yata sasemut lata, rowangana radja Namli, hukumna balane sang radja Hobah.
  85. Radja Namli atur sembah, aturipun mring narpati, tan arsa sri naranata, yen rencangana upami, lan berkat sri bupati, yen sampun amundi hukum, rencang amba kewala, angukumna sang esthi, pan kuwawa lan berkate sri narendra.
  86. Nabi Suleman ngandika, lah uwis sang radja Namli, Nabi Suleman ngadatyan, lawan sagunging kang nangkil, yata miyarsa warti, ratuning gadjah amuwus, maring balane reka, tambuh kang sira rawati, dening semut mangsa medjahana dajah.
  87. Risampunipun mangkana, warnanen siradja Namli, amepak ing balanira, punggawane radja Namli, bundungan kang winarni, agenge sawedus-wedus, mantrinipun sahayam, warata tekan sakucing, samya dateng pinepak ing ratunira.
  88. Semut prapta gagolongan, waucap sang radja Namli, pada karya aluwangan, margane seba sang hesthi, yata sang semut nuli, hagolong lir pendah gunung, sampun karya luwangan, djero-djero sampun dadi, dyan sinamar sagunging luwangan.
  89. Mangkana siti hinganan, tinarima hing Hyang Widhi, radja Namli kang paneda, anulya kunjara nangkil, Sabalane angiring, kadyata gunung lalaku, prapta ing ara-ara, liman kablegong kang ngarsi, sakathahe semut kedepan palastra.
  90. Kang liman kalebu ing luwang, kang semut samya ngantupi, kang dereng kalbu ing luwang, kang nora ngidep rumiyin, matane den antupi, kang liman wus pada lampus, balane radja Obah, sakehe gadjah kang urip, gugulungan lumayu tobat-tobatan.
  91. Sang radja Namli samana, suka manahe tan sipi, dipangganeda ngapura, dumateng sang radja Namli, wus hingukum sang esthi, sampun katur ing sang prabu, gadjah winales marga, denira sang Radja Namli, sakehe semut manah lir maesa wiyat.

۞۞۞ PUPUH 38 ۞۞۞
K I N A N T H I

  1. Cinarita sang aprabu, lunga teka wong ngaturi, miwah ta kang dunya brana, kang kumerbut kumaringcing, tinumpak lir pedah arga, tan dangu tinampan aglis.
  2. Kang dunya brana barus, pinaring paringken sami, ing kaum pekir kasian, anak yatin lan musapir, malah wuwuh nora suda, tura ture wong ngupami.
  3. Ingkang dateng ing sang prabu, Nabi Suleman harteki, kang rawuh lamun asraha, animpeni maning galih, wong ngatur-atur sinuda, sinumpet dera Hyang Widhi.
  4. Kehe garwane sang prabu, tigang atus garwa patmi, pan kawan atus punika kathahe kang para selir, kathahe wong wadon sasra, resmi ning giliran adji,
  5. Mapan sadinten sadalu, geninjang yen asmara lih, wong satus mapan punika, wong satus kang den resmeni, satus ingkang dadya dahar, tan yun dahar kak king ngabdi.
  6. Aning pura nganam sumbul, slepi sinade pribadi, pasar warung pan sinamar, adole tan ana uning, kinarya ing daharira, tan arsa liyan sang adji.
  7. Kalakuhane sang prabu, ing siang hutawa wengi, ngusut tan arsa nganggeya, tan pati dahar lan guling, tan pegat muji Pangeran, wonten ing sadjroning puri.
  8. Lamun miyos sanga prabu, sineba ageman neki, bra murub sarta makutha, piturun saking suwargi, tur saget saliring basa, kang kumelip seba adji.
  9. Karya tetarup bin manuk, samya babar lar gung paksi, tan mencok angedjer samya, tak saka ingkang kinardi, pinaraka ning narendra, sineba sagung wadya dji.
  10. Alenggah damparan murup, nata kasunaran rawi, aning sarira sunarnya, watara saron kusambi, ngling sang nata rum wuwusnya paksi tinggal reksa neki.
  11. Radja wali aturipun, nata ngling rurunen aglis, dyan nemprit rinuru sigra, tan dangu nulya pinanggih, ingaturaken sang nata, radja wali matur aris.
  12. Hangandika sang haprabu, paksi prit duraking kami, kang paksi prit aturira, ing sang prabu ingsemu adjrih, sumeleh siti sirahnya, atur kawula sang adji.
  13. Kawula makani sunu, nangis neda bukti sami, saking ing maras kawula, nak amba menawi mati, sri naranata ngandika, yen mangkana wekas mami.
  14. Ang wenangaken ta ingsun, sira angambila pari, ing sadjroning lumbung sira, nata kasunaran malih, sagodong waru kang panas, sang nata ngandika aris.
  15. Dumateng ratuning manuk, sapa weh bubuhan neki, radja wali aturira, dumateng sri narapati, paksi palatuk punika, lolos tilar tengga neki.
  16. Angandika sanga prabu, ularana platuk aglis, yata wau ingulatan, alami nora pinanggih, paksi palatuk katudja, pinanggih binanda aglis.
  17. Sang radja wali amuwus, platuk sira sun pateni, dene ta sira kaduka duraka dateng narpati, paksi palatuk aturnya, patenana ngarsa adji.
  18. Pan binakta tan asantun, ingaturaken sri bupati, ngandika Nabi Suleman, dumateng palatuk aris, duraka palatuk sira, lolos tilar reksa neki.
  19. Kang sapa duraking mring sun, yekti mati kukum mami, paksi palatuk tur neka, pan sarwi gumeter adjrih, pukulun mangke ngingo, yen sampun cariyos mami.
  20. Duk kula nguni binuru, kinepung sagunging paksi, amba lepas muluk wiyat, malah kungsi silem bumi, kawula medun djalampar, lajeng kondang aningali.
  21. Ing putri kalangkung ayu, kekasih sang putri Balki, anenggih nagara Saba, nagaranipun djim kapir, lir widadari tumedak, kalangkung gawok mami.
  22. Miwah ta kadatonipun, dwi welas ewu gung neki, kala pinarek ratu dyah, ing malige taman sari, kayu mas woh-wohanira, sosotya djumanten wilis.
  23. Ngisore malige banyu, saking pranti toya mili, mancur midjil ingkang toya saking malikge awening, cucupanira mas pelak, andja ing taman amili,
  24. Wanudya aminda kakung, mantri Balki, tan udani, yen ratunipun wanudya, kalamun parawan sunthi, amiyos awarni priya, tan wikan yen gusti estri.
  25. Mesem mangkya sang prabu, ngandika lir madu gendis, apa temen sira warta, pelatuk marang ing kami, heh pelatuk yen mangkana, sira ingsun duta ugi.
  26. Lah gawanen surat ingsun, sira aturna ugi, mring kang sira tutur ika, wus tinampen serat narpati, cinucuk bineteng wiyat, lampahe pelatuk aglis.
  27. Sampun prapta kang pelatuk, nagri Saba; ngarseng Dewi, nulya ingkang serat sigra, ingaturaken sang putri, kagyat sang putri angucap, sapa sung serat ing kami.
  28. Duta pelatuk amuwus, gih amba dutaning adji, nyakrawati baudenda, kang amuterat nagari, ing Mesir djudjukira, Baginda Suleman luwih.
  29. Binuka serat sang prabu, sinuksma ing dalem galih, galih, mapan ta sampun kaduga, sawiraos ingkang tulis, sang putri ing Balki agya, hutusan marik kang adji.
  30. Sartanipun atur-atur, sotya manikem retna di, wastra kampuh paning setya, pikantuk nenun pribadi, bantal sinulaman muncar, pan pitung kembaran luwih.
  31. Kalasa ing djinem arum, panjang pitung puluh teki, tinaretes ing kancana, lan rukmi kalangkung adi, pitung kembaran, pitung kembaran amuncar, ingkang karya ejim luwih.
  32. Tuhu saksana sampun lumaku, pan sareng lampahe paksi, tan kawarna sampun prapta, wau ing nagaring Mesir, kandeg widjil ping sapta, palatuk matur ing adji.
  33. Lah inggih gusti pukulun, sun bekta utusan neki, sang putri Saba punika, kekasih sang putri Balki, acahos widjiling sapta, ngandika sri narapati.
  34. Lah undangen glis malebu, saksana sang duta prapti, marik ngayunan narendra, ingawe dera nrepati, sang mantri Saba aturnya, amba duta sang lir ratih.
  35. Angaturken ing kampuh, kalasa lan bantal neki, sarta kalawan sasotya, serat katur ing narpati, tinanggap pan sigra, gawok Suleman ningali.
  36. Dyan pinasang djinem arum, gawok sakeh kang ningali, yata wau duta ing Saba, binodjo bogeng narpati, lumintu kang dedaharan, pinisalin pangangge di.
  37. Hangandika sang haprabu, mring ngutusane dyan Dewi, ingsun mangke amiyarsa, putri Saba iku kapir, sarta lawan balanira, konen islam sang lir ratih.
  38. Sang duta mitra sang prabu, sapta ri tan karna ing margi, lampahipun sampun prapta, ingarsanira sang putri, aturipun kang dinuta, dumateng sang lir hapsari.
  39. Pan kawula tuwan utus, aturira radja Mesir, inggih sampun katampanan, dumateng sang radjeng Mesir, gawok kawula tumingal, ing kagungane sang adji.
  40. Kedeping parentahipun yen miyos pinayung paksi, pinarak aning damparan, pan sinungga dening angin, pangiringipun jim setan, kang kumelip marak adji.
  41. Apa wonten welingipun, tuwan islama puniki, inggih kinen sri narendra, anuta agama suci, yen tuwan nora anuta, rinusak binoyong sami.
  42. Agawok sang murtiningrum, miyarsi kagungaaneki, ing radja Nabi Suleman, tuhu sih lamun linuwih, amarentah sakalirnya, amarentah sang lir sari.
  43. Lah wangsula sun utus gawaha jaran rong desi, sami estri kuda ika, konen batang ratu Mesir, endi anak lan endi biyangnya, kagawanen kawula mami.
  44. Kathahipun namung rong puluh, endi kang katengen mami, lan sun gawani djun gedah, konen angiseni warih, adja sumber adja udan, lan malih kedaton mami.
  45. Dipun elih apuniku, pethetan lan sumur mami, iku mangke den eleha djadjaren kalawan Mesir, yen bisa ngeliha ika, nyata yen pinundjul adji.
  46. Kang dinuta wus lumaku, lampah tan kawarnaing margi, yata wau sampun prapta, kang duta nagareng Mesir, duta wus munggeng ayunan, yata matur narpati.
  47. Mapan kawula ingutus, angaturaken kapal estri, rong puluh pundi biyangnya, lan anakipun kang pundi, lan kawula kalih dasa, pundi kang katengen adji.
  48. Kalawan sosotya mancur, tan lan gaman butul neki, pan kalawan djun gedah, punika ta isi warih, dede sumber dede udjan, ngandika sri narapati.
  49. Lah ta hiya djaran iku, pakanana suket aglis, di kang mangan dingin ika, iya iku anak neki, kawula kang kalih dasa, kang djumangkah dingin singgih.
  50. Kang katengen ing sang ayu, isine djun gedah iki, mapan iku hiya ugo, karingete djaran sami, dening butuleng sesotya, binolong ing uler iki.
  51. Nabi Suleman amuwus, muter pura sun sanggupi, hiya ingsun kirim surat, marang ing sang putri Balki, duta mantuk tan antara, sa margi mudji sang adji.
  52. Tan Kawarna ing ngenu, prapta ngarsane sang Dewi, tinutur sapolah neka, kang serat sampun katampi, seratipun dyan binuka, cinaos ungeling tulis.
  53. Penget iki seratingsun, Nabi Suleman linuwih nata amuter djuwana, marentah sakeh kumelip, ing Mesir kadatoningwang, dumatenga ratu estri.
  54. Putri Balki kasihipun, kadaton ing Saba, nagri wiyose wawekas ingwang, mring sira sang putri Balki, nebuta ing nama Allah, idepen pitutur mami.
  55. Putri Balki hing tyas kenyut, kang sarira lupa angling, yata wau kang nawala, sinuwun pinundhi pundhi, mandjing islam sang lir retna, ing nugrahaning Hyang Widhi.
  56. Minta ngapura kang nurun, dene paksa kumaluwih, dening tembang gambuh ika, kinarya tembang kinanthi, lan malih kinarya tembang, pinaron tembang midjil.

۞۞۞ PUPUH 39 ۞۞۞
M I D J I L

  1. Dyan Kawarna ing dalu sakeh jim, setan kumpul mangko, nagri Saba pinuter karsane, ing dalu ngalih sareng sawengi, lelembut dun neki, kang kinen angusung.
  2. Binakta sampuning ngusung aglis, keh manungsa tan non, wus djinadjar nagri Mesire, kawarnaha endjang-endjangipun malih, sang putri ing Balki, gawok denya ndulu.
  3. Sigra wau sang putri Balki glis, aseba sang katong, nyakrawati Nabi Sulemane, mring Mesir ngiring pawongan neki, sang putri anitih, djempana mancur.
  4. Tan kawarna ing ngenu wus prapti, malebing kedaton, prameswari miwah selire, lan embanya sadaya tan kari, tan kawarna malih, sadjroning kedaton.
  5. Ing lataran ginelaran asri, ing kaca kinahot, putri Balki ndjindjit pangideke, pangrasane wau ngidak warih, yata sri bupati, Suleman andulu.
  6. Ing wentisnya angrowok wuluning, saksana sang katong, ngacarani dateng sang putrine, yata mangke sampun djadjar linggih, pan sampun kinawin, wau sang lir ring rum.
  7. Kawarnaha ta sang semut iki, marik ing sang katong, sami tur atur suthang walange, ngaturaken dateng ing narpati, nging tan kaparduli, kaselak sak prabu.
  8. Ing pisungsunge ratu bupati, atur-atur kang wong, siya-siya Belkithi ature, wonten kang kawuwus malih, walang samya ngunsi, dumateng sang prabu.
  9. Dening adjrih minongso ing paksi, wangsul paksi alon, walang matur angungsi uripe, mring paduka wong minongso paksi, neda tulung gusti, lingnya sang prabu.
  10. Lah ya ingsun kang sanggup ngukuhi, urip ta tan layon, saksana kang prameswari radjeng, aningali ing walang puniki, kapencut galih, ngandika sang ngarum.
  11. Hambar sawalang pukulun adji, wus sinung punang wong, rinanteng kang walang binuktige, kasilip mangke sang nata Mesir, sanggup angukuhi, ing pati sang prabu.
  12. Nata dyan tumuruning djamban glis, takdiring Hyang Manon, ana djim mindu selire, anampani lelepen narpati, sinebut nganggeki, awarni sang prabu.
  13. Miwah lalewanipun lumaris, malebeng kadaton, amudjung sare kampuh rinukmine, kang aning njamban wau winarni, mapan lagya midjil kathah kang andulu.
  14. Djro kadaton akakung lyan niki, samya ngucap dosa, sarya nundung sang wong lanang kiye, lah ta sira metuwa den aglis, duk tinundung hiki, maring para ayu.
  15. Kang tinundung midjil aning margi, mapak wong gagotong, pala gumantung pala kasempare, kang amapak wau arsa nedi, yata ling nauri, kang wong amimikul.
  16. Iki wong tan weruh sesiku dening, yunisak ken katong, kang anjaluk tinundung lungge, ling tetakon djedjaluk tan pulih, pan cinupet ugi, dening Hyang kang luhur.
  17. Meder ngemis noran tuk minta mring, gening warih galok, arsa tumut misaya tan oleh, ngelih-elih nora den sukani, nanging wonten ugi, kang djuragan satu.
  18. Tinanggapan nulya tumut nuli, sinung buruh kang wong, sore lah ta wau genya sare, yata wonten anakipun estri, djuragan puniki, sawidji pan ayu.
  19. Yata wau ningali wong guling, cahyanipun marong, punang prawan nika satingale, anggubeling yayah rena neki, sarya nangis-nangis, yah rena bebendu.
  20. Pan tan kundur nake tinuruti, pinanggihaken mangko, misaya ulam saben rinane, tan kawarna warih galuh iki, kawarnaha malih, aning djro kedatun.
  21. Madya candra laminipun nenggih, gunem sagung wadon, de sang nata wus lami asare, dingarene nora mundhut iki, gya sang prameswari, awawarta metu.
  22. Mring pepatih myang pangulu neki, miwah sagung katong, pra pandita ngulama sakehe, kabeh rembug maca kitab djabur neki, pan yata sagung ngalim, malebut kedatun.
  23. Kinen maca kitab djabur singgih, ingkang djim mangko, gumeter djin miber tan kaeksi, yata runtuh ingkang ngali-ali, tumibeng warih, djroning segara gung.
  24. Tinenggak ulam semoneki, kaputek ulam wong, kang misaya lam lestari lihe, ki djuragan nyukani, maring mantu neki, ulam loro sampun.
  25. Kinumbah rahimu geng ngarsane, ing kakunge mangka, pinalenet ulam medal lepene, sinambating kakung nora pangling, pan sampun sinuci, nulya ngangge sampun.
  26. Sakathahe laler dulu sami, wruhe gusti katong, awawarta angin kang sakehe, kang kumelip satu kewan sami, nusung pan geger tri, wong ing warigaluh.
  27. Sesek kang kewan kumutuk djrihi, asrang srangan kiwong, pra samnya ngulari ing ratune, prayetna sagunge para mantri, pandita lan djin, upacara methuk.
  28. Satu kewan kang tinut parani, tinut pungkur golong, wus panggih djin bakta damparane, wus ginarebek aselur lan asri, samana wus prapti, djro djadja kadatun.
  29. Sampun lami kawuwus sang Nabi, Suleman duk akon, karya kedaton kancana srine, ingkang kinen setan lawan edjin, kapir kang tumandang sami, akarya kedatun.
  30. Wus dadi sarya abagus nanging, sang nata pitambuh, gung djin kapir setan geng kyatire, pan binubrah kadaton aglis, dyan rusak tumuli, dinangu ing prabu.
  31. Yen wus dadi pitambuh karane, mangkana sang katong, drapon setan tumungkul karyane, karya kadaton retna kang rempit, mila kinen kardi, adjraha ngraridu.
  32. Lawan malih kang winuwus kardi, masdjid tuhu kahot, wus dadi sang nata salat masdjide, djumeneng pan nora rukuk singgih, ateken djungkate.
  33. Sagunge wadya tan wruh ing Nabi, Suleman yen layon, yata sang eblis angudanake yen Nabi Suleman lalamun lalis, rupa rayap aglis, marang mring kang surut.
  34. Ngebruki djungkate kang cis nuli, nata rubuh alon, ingkang wadya wus uninga kabeh, yen sang nata lamun wus ngemasi, paksa nanrepati binekta amuluk.
  35. Datan kantun ali-ali neki, datang wruh baning wong, putra garwa gumrah nangis kabeh, wong djro pura wadya bala nangis, pra samya prihatin, sadaya geng wuyung.

۞۞۞ PUPUH 40 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Wonten cinarita malih, kang putra Nabi Suleman, Nabi Karmiya wastane, neng wana mangke ngaluwat, sanget ibadatira, yen lumampaha kakudung, tan arsa mulat wanudya.
  2. Kang siya-siya tanapi, risampunipun mangkana, medal saking kaluwate harsa mangkya marahana, ing munapek lan kupar, anenggih panggawe dudu, ing kaumipun sadaya.
  3. Satengah nora parduli, satengah anut agama, kathah bangkang parentahe, dahat pamahidonira, dateng Nabi Karmiya, yata jabarail rawuh, bakta parmaning Pangeran.
  4. Dutaning Hyang matur aris, ing ta Nabi Karmiya, ing mangke pan tuwan kinen, amangsiti kaum tuwan, kang sampun mawi iman, balane ing Hyang tumurun, Djabrail nulya musna.
  5. Ya ta ratu Bustam pratu rati, rum sabalanira, angrayah dunya karsane, hartane Nabi Suleman, saisene djro pura, wong Mesir kang islam wau, aning masdjit akumpulan.
  6. Samya amudji angadji, ananeda ing Pangeran, amaca kitab torekote, kitab djabur kang winaca, saking parmaning sukma, ratune angin pun sarmun, tumurun sanget pawana.
  7. Wong Bustam Ngerum kasilir, pamit satungganganira, pan larut kadja sinapon, wong Turki sabalanira, wong Ngabesah mangkana, sawiji tan ana kantun, turangga unta dipangga.
  8. Wonten cinarita malih, akekasih sira Sadad, ing Mesir djumeneng katong, kawan dasa taun seda, kagentenan putranira, Bulki ya kekasihipun, mariksa tilare rama.
  9. Salir tetilar ingambil, satunggal pethi kuningan, kunci lan sarta sogoke, tumulya mangkya binuka, sigra kang pethi menga, sadjroning kadulu, isine kitab satunggal,
  10. Asru Djulki yata pingin, kapanggya Nabi Mukammad, Djulki ya pepek balane, wus miyarsa kagawokan, winaca pujinira, lailah hailalahu, Mukammad darasululah.
  11. Ngucap wong ing Bani Srail, tan penet kitab punika, suwawi sami ingobong, awu binucal sagara, ya kitab panasaran, Bulkiya nauri wuwus, saudjar udjar nira.
  12. Ingsun uga angulati, kang nama Nabi Mukammad, Bulkiya mit ing ibune, dumateng ing desa Ngesam, lestari lampahanira, yata tan kawarna ngenu, Bulkiya ningali ulam.
  13. Neng samudra amudji, Mukamadun rasululah, wonten tak saka sawiyos, abagus asisik kancana, netranipun kumala, tan pegat pamudjiningpun, Mukammad durusululah.
  14. Kang ulam nyapa tumuli, heh sapa ta aranira, Bulkiya sumaur alon, wong ing bani israil ingwang, kang anama Bulkiya, ingsun iki ta angrungu, kang nama Nabi Mukammad.
  15. Tak saka lingipun aris, surating lawang naraka, aksara arab unine, lailah hailalahu, Mukammad darasululah, naraka tumulya mumbul, ingsun binucal ling toya.
  16. Lamun sira apepanggih, kalawan Nabi Mukammad, kalawan ta panditane, Bulkiya lumaris sira, maring bental mukadas, yata mangkya atatemu, kalawan pandhita hapan.
  17. Sampun djawat tangan kalih, sangapan lawan Bulkiya, yata hapan atatakon, ing pundi pinangka ndika, lan sinten nama tuwan, yata Bulkiya sumahur, kawula nama Bulkiya.
  18. Lan amba tetiyang Mesir, anake kang nama Hatat, lampah kawula ngupados, kang mungel sadjroning kitab, kang nama Nabi Mukammad, sinelir dera Hyang Agung, ing marga amba tumingal.
  19. Ulam kathah ageng alit, amudji Nabi Mukammad, lan wonten ulam sawiyos, abagus sisik kancana, netranipun kumala, tan pegat pamudjinipun gih mudji Nabi Mukammad.
  20. Kang tak saka wasta yamlik, punika ratuning ulam, saking taksaka asale, ningali lawang naraka, dening ulam ling serat, lailahailalahu, Mukammad darusululah.
  21. Pandita apan lingnya ris, dumateng sira Bulkiya, lah dawek dateng prenahe kang ulam sisik kancana, pan agung karyanira, dene ingkang di kaluru, kang nama Nabi Mukamad.
  22. Pan ing mangke dereng lahir, maksih tangeh djenengira, djenenge Mukammad tembe, panutup Nabi sadaya, anyalini sarengat, sarengate Nabi rasul, teka ing dina kiyamad.
  23. Ewa mangkanaha betjik, menawi kapanggih sira, amba melu ing prenah, ing ulam kang sun upaya, bekta pethi tembaga, yata pra samya lumaku, apan kalawan Bulkiya.
  24. Apan sampun bekta pethi, sampun ingisen puwan, wus prapta pulo lampahe, saksana pethi binuka, ingkang hahisi puwan, tinilar ampingan kayu, ulam mambu ganda puwan.
  25. Taksaka nulya marani, lumebu pethi saksana, pinangan duduh susune, pun apan marani sigra, kang pethi tinutupan, ulam munggeng pethi sampun, Bulkiya alon angucap.
  26. Heh apan ta kadi pundi, pratingkahe tuwan mangkana, pandita apan saure, lah sira menenga uga, wong anom nora wikan, karyane ulam puniku, risampunipun mangkana.
  27. Wus pinikul punang pethi, binekta liwating wana, ngucap sagunge kekayon, ingsun iki ngalapa, usapana ing tembaga, dadi kancana kang sepuh, satengah kayu angucap.
  28. Ingsun usapena ugi, ing watu dadi selaka, setengah udjare kayon, usapena pipinira, yektine dadi dinar, kang satengah linge kayu, yen ingsun den usapena.
  29. Ing dalamakane sikil, bisa ngambah ing toya, sakathahe kekayon, kang padjar pinethik enggal, yata wau kang ulam, djroning pethi dedel metu, kang pethi punika bedah.
  30. Bulkiya apan lumaris, kandeg tepining samodra, ngusap ron dalamakane, Bulkiya hapan angusap, yata ngambah samodra, wus sadarat lampahipun, anusupa wana wasa.
  31. Sang hapan wau ningali, duk ngadep lawange guwa, aningali wong asare, ing prenahipun astana, satunggal tanpa rewang, sedakep warna abagus, kang asta tengen tumumpang.
  32. Ing kambung ingsemu apinggir, ing djadja ragi mangandap, miwah ta wau pusere, tinumpangan asta kiwa, tinunggu ing tak saka, untu metu geni murup, Bulkiya nulya atanya.
  33. Sapa sinten kang aguling, kang wonten prenah astanya, pandita apan saure, punika Nabi Suleman, kang prentah sining dunya, icaling layon rumuhun, binakto maring ing wana.
  34. Maksik mawi ali-ali, mamlukat saking suwarga, punika amba unuse, Mulkiya alon angucap, sinaut ing taksaka, tutug geni amurup, punapa nauri sabda.
  35. Sampun tuwan walang galih, amba uga bekta djimat, pinaranan tan asuwe, kalpika arsa ingalap, ingunus dening hapan, Djabrail getak gupuh, pan geseng apan palastra.
  36. Bulkiya lumayu aglis, kaget lir sinamber gelap, lir lindu obah bumine, tasik lir kinocok kocak, Bulkiya burangkangan, rineksa dera Hyang Agung, tan geseng dening dahana.
  37. Tuhu yen pulo awingit, gening astana punika, tinunggu naga sawiyos, untune metu dahana, sawuse mati hapan, yata Bulkiya amuwus, pinanggiya wong nom-noman.
  38. Ngandika Djabrail, dumateng sira Bulkiya, heh ta Bulkiya pagene, sira wani ing astana, lan apa karyanira, Bulkiya wuwuse arum, inggih ta lampah kawula.
  39. Mider-mider angulati, kang rama Nabi Suleman, wong ing Mesir ramaningong, Djabrail angandika, karanten geseng sira, saking berkat kang rinuru, Mukammad maksih ning wuntat.

۞۞۞ PUPUH 41 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Bulkiya sira lumampah, hapti dateng nagaring Mesir, kawarnaha lampahipun, aningali samodra, ingusapan gagodongan sukunipun, angambah pucuking toya, angambah tan daratan malih.
  2. Ping pitu ngambah daratan, lan ping pitu ngambah daratan siti, yata ngambah pula agung, isine warna-warna, yata mentas ing pulau kancana mancur, sesuketane kum-kuman, woh-wohane warna-warni.
  3. Apapanggih wong satunggal, sigra napa dateng kawula prapti, saking pundi asalipun, lan pundi kang sinedya, lawan sapa ingkang sinambat arum, sumaur kang tinakonan, inggih amba wong ing Mesir.
  4. Kekasihingsun Bulkiya, sedya amba pan ngulati, kekasihing Hyang Agung, nama Nabi Mukammad, amba tanya punapa tuwan puniku, lingipun kang tinakonan, ingamba puniki edjin.
  5. Pun Srail nama kawula, lah dahara tuwan woh-wohan malih, risampun tuwan buktiku, risampune mangkana, risaksana Bulkiya mangke lumaku, manggih wong satunggal marga, ingkang prapta den takoni.
  6. Lah saking pundi Bulkiya, kang tinaken nulya mangkya nauri, dene tuwan wruh maringsun, sumaur ingsun wikan, saking surat tan nana manungsa rawuh, nanging kang nama Bulkiya, kang prapta ing pulo ngriki.
  7. Lah punapa karya tuwan, yata nulya sung Bulkiya nauri, kapingin amba katemu, nama Nabi Mukammad, dyan binakta Bulkiya mring wismanipun, sinuguhan anggur kathah, yata Bulkiya lumaris.
  8. Kapapak wong nitih kuda, uluk salam akakudung tumuli, Bulkiya tetaken wuwus, sinten ta nama tuwan, padjar aran Aspa bisa aranipun, paman nira iki hiya, ibune Baginda Kilir.
  9. Lah ta sira iki sapa, kang tinakon wuwusipun amanis, Bulkiya kekasihipun, ngrungu Nabi Mukammad, nanging amba kasasar tan wruh lor kidul, angling sang hasap bisapa, muliya sira ing Mesir.
  10. Lalampahan satus warsa, heh Bulkiya ywasira walang ati, yata Bulkiya lumaku, nulya Bulkiya mulat, ing malekat asta tengen nyekel laut, kang kiwa nyekel dahana, ngandeg sumunduling langit.
  11. Bulkiya mangkya lumampah, soring gunung djabal kat dening deri, watune djumanten mancur, luhure lalampahan, pan sawarsa pan maksih katingal biru, Bulkiya mangkya tumingal, ing malaekat alinggih.
  12. Sarwi mangkya hasusalaman, malaekat atetanya tumuli, Bulkiya nulya sumaur, turu Nabi Mukammad, amba tanya kadi pundi gunung iku, kang sisih kadi punapa, kang tinaken anauri.
  13. Gunung sisih bumi emas, wiyaripun punika anglangkungi, pan sesek malaekat agung, Bulkiya kagyat mirsa, dyan lumampah Blkiya nulya andulu, lelang setengah samodra, inggile sumampir langit.
  14. Hing lawang ana malaekat, pan kekalih sami ngampingi kori, sarta amudji tan surud, malaekat tengga lawang, pamudjine lailah hailalahu, Mukammad durasululah, malaekat tetanya aris.
  15. Lah ta sapa ingkang prapta, kang tinaken nulya wau nauri, anak putra Adham tengsun, kang anama Bulkiya, angulari mring Nabi Mukammad methuk, amba punika kesasar, lah amba arsa hudani.
  16. Hamba wenganana lawang, kang atengga ing lawang wau angling, pan dudu bubuwangingsun, Djabrail kabubuhan, Djabrail buka lawang tan asantun, Bulkiya mandjing samana, aningali toya wening.
  17. Deres iline lautan, kang sepalih tawa sepalih asin, Bulkiya nulya lumaku, manggih laut keh ulam, lawan wonten ulam langkung agengipun, yata asusalam, dumateng kang lagi prapti.
  18. Lah ta sira sang Bulkiya, apa karyanira dateng ing ngriki, nulya Bulkiya sumahur, paran marma lah sira, wruh maring sun sira tutura puniku, sang radja mina angucap, saking wirayat sun uning.
  19. Bulkiya mangkya angucap, angulari kekasih ing Hyang Widhi, Nabi Mukammad sun luru, radja mina angucap, heh Bulkiya panganen sesuguhingsun, Bulkiya nulya lumampah, amanggih tetiyang estri.
  20. Ayu rupane lumampah, luhur toya Bulkiya napa aris, kang tinakonan sumaur, adja tataken ingwang, dyan lumampah Bulkiya nulya andulu, wong bagus anom lumampah, gancange lir kilat thathit.
  21. Sang Bulkiya asung salam, kang lumampah ingandeg den takeni, punapa tuwan puniku, sumaur kang tinanya, ingsun ha lagya hewuh ambaburu, hingula djroning naraka, Bulkiya sira lumaris.
  22. Aningali padjaratan, makam roro wong sidji kang nunggoni, sira Bulkiya amuwus, lah paran karyanira, dening sira ning padjaratan alungguh, sumaur kang tinakonan, inggih salah aran mami.
  23. Makame wong tuwa amba, ingsun iki lami anganti-anti, ing pupute adjal ingsun, sang Bulkiya lumampah, manggih pulo tenggah wonten witing kayu, godonge mung sakawan, ingencokan dening paksi.
  24. Abagus paksi kancana, netranipun manikem mulya adi, pan mutyara cucukipun, lare djumanten mancar, wulunipun kum-kuman kang punang manuk, ing sore kayu gumelar, Bulkiya sung salam aglis.
  25. Kang paksi maca bismilah, yata ngucap Bulkiya ngacarani, daharen sasadjiniku, sampun cinarita Nabi Kilir ning pulau kramat tan dukut, sang Bulkiya asung salam, pan sarwi anangis nangis.
  26. Hatutur sapolahira, Nabi Kilir saderenge wus uning, Baginda Kilir amuwus, heh ta sira Bulkiya, prapta Mesir besuk yen wus satus tahun, Baginda Kilir wus musna, gawok Bulkiya ningali.
  27. Anangis sira Bulkiya, yata paksi sawiji amarani, pangucape amelas ayun, heh ta sira Bulkiya, anungganga Bulkiya ing gigiringsun, sarta tuwan merema.
  28. Ingeberaken saksana, sigra prapta wau ing nagareng Mesir, kang ibu gupuh angrangkul, miwah ta kadangira, sami prapta Bulkiya wawarta sampun, gawokan sakehe miyarsa, kang ibu tansah kinanthi.

۞۞۞ PUPUH 41 ۞۞۞
K I N A N T H I

  1. Ginanti caritanipun, nenggih nagara ing Babil, pan ratu bala narendra, adjedjuluk radja Djami, dewekipun sri narendra, hamamundut tiyang estri.
  2. Cinarita estri ayu, wawrat sepuh kang pawestri, anake rondo kasian, ngandika sang radja Djami, bibisun pundut nakira, ature sumanggeng karsi.
  3. Ya ta katur sampun runtuh, djabang bayi djalu pekik, binakta ing biyangira, dipun sahaken tumuli, dateng ngarsane brahala, tinilar sang djabang bayi.
  4. Sigra sinuson asu, satahun suna nusoni, yata wau biyangira, anake dipun parani, binakta mulih ta sira, kalangkung sun angulati.
  5. Ya ta sira rane asu, binanting banting pribadi, tinanggotaken brahala, asu kang nusoni mati, risampuning lama-lama, wus umur sadasa warsi.
  6. Nasrah salin warnanipun, netra wuta kang sisih, belang-belang buthak lengar, gelute tan ana tanding, sakalangkung denya kuwat, lamun angulati tekad.
  7. Maring alas ngambil kayu, sawrate unta kuwawi, dadi kasugihanira, kina lulutaning djanmi, sugih mas lawan salaka, tinumbasaken baruti.
  8. Tumbas bedil lawan tulup, tumbas sikeping djurit, ameng-ameng maring wana, buburon kathah kang ngiring, risampunipun mangkana, kocapa radja redjami,
  9. Mangun yuda prang lan mungsuh, kuwalahen denya djurit, babu nasra tatulung yuda, unggul djurite redjami, keringane kang prang muka, babu nasral kang pradjurit.
  10. Agung gandjarane ratu, ing babu nasrah pradjurit, sampune alama-lama, babu nasrah den sedahi, rumeksa wong ing kudjaran, babu nasrah angling aris.
  11. Wong kundjaran dipun tantun, yen sira nurut ing mami, ana uga tasih ingwang, wong kunjaran anauri, punapa parentah tuwan, teking pati sun lakoni.
  12. Ya ta inguculan sampun, sadaya dipun ingoni, kinen ngambil kayu samnya, babu wuwuh sugih, numbas dadanane yuda, wonten kawuwusa malih.
  13. Kang ngaluwat ning wana gung, Karmiya sinambating sih, kang putra Nabi Suleman, katurunan Djabrail, pan sampun ayun ayunan, hangandika Djabrail.
  14. Karmiya mring Ngababul, wruhanira besuk ugi, ana bilahining Suksma, maring wong Bani Srail, rinusak ing babu Nasrah, iku besuk ratu luwih.
  15. Sakeheng ratu kang mandukul, linurugan mring narpati, rupane sang babu Nasrah, kalangkung asoring djanmi, wuta belang bathuk lengar, Karmiya sigra marani.
  16. Maring ing nagara babul, babu Nasrah den utari, kapanggih jawine kitha, manglong-manglong lawang kori, sang babu Nasrah tetanya, ing Nabi Karmiya aris.
  17. Inggih saking tambet ingsun, ing pundi kayun kawingking, sinten sinambating nama, Nabi Karmiya nauri, gih amba wong pagunungan, Karmiya kakasih mami.
  18. Panengsun arsa tetamu, ing babu Nasrah sadjati, katingal saking praptapan, babu Nasrah tuwan bendjing, dadya ratu binathara, keringan manca nagari.
  19. Babu nasrah sigra ngrangkul, wuwuse arum amanis, apa temen tingal tuwan, sun aku dulur wedi, lingipun Nabi Karmiya, tan linyok udjar mami,
  20. Nanging ta pandjalukingsun, sakathahe sanak mami, padasira becikana, babu Nasrah ananggupi, Nabi Karmiya angucap, yen estu sira adjandji.
  21. Sayektine ingsun djaluk, tapak tanganira ugi, kacekela maring ingwang, dening tapak tangan mami, kacekela maring tuwan, wus tanpa tinampan malih.
  22. Nabi Karmiya wus mantuk, mandjingi kaluwat malih, kawuwusa babu Nasrah, apitutur maring mantri, wruhanira besuk ingwang, djumeneng ratu ing Babil.
  23. Nulya mantri sira gutuk, ing pamangsen ambenri, ing batuke babu Nasrah mancur kang Ludira midjil, wong atuwane tumingal, paran batuk medal getih.
  24. Nakipun matur ing ibu, sun binalang dening mantri, arsa ing sun wales uga, kang ibu nulya nauri, adja tutukaran sira, sampuning alami-lami.
  25. Ing siyang pantaran dalu, Bunasrah ngingong-ngingoni, asikep tameng lan pedang, pra samya ngangge baruti, limang ewu kehe bala, kang kinanthi siyang ratri.
  26. Sri naranata ing Babul, ginareg dening mantri, sembayang ing ra-ara, Bunasrah sabala ngiring, sapraptane ngara-ara, puyengan geger tan sipi.
  27. Babu Nasrah sigra angamuk, sabalane ngobrak ngabrek, papati pating djalempah, kang kagarwa ing narpati, lir pendah babadan pancing, lumayu kang nora pedjah, sang nata malebeng puri.
  28. Babu nasrah atut pungkur, sang nata atangkep kori, kocap biyange babu Basrah, kang kagarwa ing narpati, matur dateng sri narendra, wuwuse alus lumaris.
  29. Pun babu Nasrah puniku, anak kawula sayekti, nata Redjami ngandika, lah undangen anak mami, saksana kang kinen medal Musa, kuasa panggih putra angling.
  30. He Bunasrah anak ingsun, pan sira dipun timbali, sang ratu neda ngapura , babu Nasrah sampun kering, rinangkul dening sang nata, ngandika Redjami,
  31. Babu nasrah anakingsun, sira djumenenga adji, dene ingsun ambagawan, sampun lumrah sanagari, ing mangke babu Nasrah, djumeneng ratu ing Babil,
  32. Djudjuluk radja Djaharnas, marentah para narpati, dyan sang nata siniwaka, pepak kang punggawa mantri, sang radja Djaharnas modjar, dumateng punggawa mantri.
  33. Endi nagara Madukul, kang tan seba maring kami, rekyana patih turira, inggih mung tigang nagari, kang tan ngidep mring paduka, inggih nagari ing Mesir.
  34. Nagari Mekah kalangkung, kaliyan Ngesam negari, kalawan Betul mukadas, kathah pandita lan mukmin, kathah anak putunira, para Nabi dingin-dingin.
  35. Angling sang radja Djaharnus, yen mangkana sun lurugi, sandika aturing bala, saksana dipun lurugi, sasikep sabalanira, wolung kethi babecik.
  36. Nengena radja Djaharnus, kocapa nagara Mesir, ing Ngesam Betal Mukadas, miyarsa dipun lurugi, sami neneda Pangeran, samya minggah ndjroning masdjid.
  37. Samya maca kitab djabur, kitab tored dipun adji, yata radja babu Nasrah, tan apurun anglawani, kang dunya brana rinayah, kang aning masdjid den ambil.
  38. Miwah papadjanganipun, astana miwah ing masdjid, nandes sadaya rinayah, wonten kawuwusa malih, sanake Nabi Karmiya, amiyos sakaning tulis.
  39. Tapak tangan sang Djaharnus, saking Karmiya duk nguni, yata wus tampan tinampan, sang radja Djaharnus angling, sanake Nabi Karmiya, kang milya kadjarah nguni.
  40. Ngulihken brananipun, suka wong ing Bani Srail, sanake Nabi Karmiya, salamet sadaya sami, wonten malih kang kocapa, ing caritanipun Nabi.
  41. Djakariya kang djudjuluk, sirahe wong Bani Srail, anyegah panggawe ala, akene panggawe becik, yata sami ngidep samya, sakehe wong Bani Srail.
  42. Nabi Djakariya sepuh, ananeda ing Hyang Widhi, kapingin agadah putra, lanang kang dadi Nabi, matur Nabi Djakariya, mring Allah kang Maha Sutji.
  43. Gusti Pangeran kang Agung, amba neda anak sidji, rehne amba sampun tuwa, wadja guguh rema putih, Djakariya tinarima, panedanipun mring Widhi.
  44. Ya ta gadah putra djalu, abagus tur dadi Nabi, ingaranan Nabi Yahya, kacarita mungsuh kapir, angrusak panggawe ala, lumayu wong Bani Srail.
  45. Arebut paran lumayu, Nabi Djakariya ngungsi, mring wana repot lumampah, binuru dipun kikitir, ngucap Nabi Djakariya, kayu singitdena mami.
  46. Mengaha ta sira kayu, sigra menga den leboni, mring kemrapet punang wreksa, kaum kapir tan udani, tumurun sang iblis lanat, kaum kapir den tuturi.
  47. Ana sadjroning ing kayu, yata kayu den garadji, yata parmaning Pangeran, Djabrail prapta angling, Allah ta Nabi Karmiya, dikaning tuwan pilih.
  48. Lamun mangke tuwan lampus, ginaradji dening kapir, tetepana Nabiyan tuwan, lamun mangke tuwan lumaris, pecakena Nabiyan tuwan, karanten kinen amilih.
  49. Dene tan ngungsi Hyang Agung, tan neda tulung ing Widhi, duk kinepung dening kupar, neda tulung kayu uni, kinen ningidaken tuwan, kalakon djro kayu iki.
  50. Pinten kuwasane kayu, pasthi tugel ginaradji, matur Nabi Djakariya, angurmati ginaradji, anging to tetepa, ing akerat dadi Nabi.
  51. Yata tugel kayunipun, sartane wetenge Nabi Djakariya, wus pralaya, surak sakathahe kapir, lah ta hiya wus palastra, sampun tugel kagaradji.
  52. Kayu Bani Srail mawur, rinayah dening wong kapir, ing rupa dunya brana kang kumerbut kumarincing, miwah radja kayanira, rinayah kang kariwingking.

۞۞۞ PUPUH 42 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Wonten gantine rerasan, Nabi Hayub kang winarcinteng kawi, asakit sariranipun, minulyaken Pangeran, sakalangkung bektinipun mring Hyang Agung, lawan kasabaranira, rena satitah ing Widhi.
  2. Mapan hiya nora nana, para Nabi kang nrima suker sakit, pan amung Baginda Ayub, luwita malanira, tan angrasa yen sakit piyambakipun, mapan saliri ing yuswa, saking kodrating Hyang Widhi.
  3. Duk rumiyin cinarita, Nabi Hayub kalangkung dening sugih, radja brananipun Agung, miwah ta radja kaya, sarta ingkang tanem tuwuh apan agung, sugih garwa lawan putra, sakalire pan asugih.
  4. Pan kawulanipun kathah, mangkya dateng cobanipun Hyang Widhi, bilahining Hyang kang rawuh, mring Nabi Hayub ika, pan ingambil wau dunya brananipun, Nabi Ayub datan uwah, pangabektine Hyang Widhi.
  5. Sadadenge cobaning Hyang, risampuning dunyanipun enting, nulya pitik iwenipun, wus telas sami pedjah, ing sampuning telas pitik hiwenipun, nulya tetanemanira, pinundut dera Hyang Widhi.
  6. Sampunipun katelasan, nulya putra djalu lawan estri, wau mapan pedjah sampun, prandening nora owah, bektinipun wau ta Baginda Hayub, anarima titahing Hyang, asrah tanpa darbe osik.
  7. Suka ing satitahira, Nabi Hayub pracaya ing Hyang Widhi, nulya para garwanipun, telas pedjah sadaya, amung kantun garwa satunggal kang sepuh, paran dene datan owah, wulu salembar tan gingsir.
  8. Sampuning telas samana, Nabi Hayub pan kadi anak yatin, wus telas sakaliripun, kantun badan sapata, risaksana ing wau Baginda Hayub, nulya kasedahan lara, sakit ageng meratani.
  9. Sarira telas sadaya, remuk bubrah linut dening sasakit, belarongan gandanipun, sarta laler mamangsa, kebeg singgat wau sariranipun, paran dene datan owah, pangabektine mring Hyang Widhi.
  10. Tan ana liyan mangkana, para Nabi ingkang sinungan sakit, nanging uga Nabi Ayub, anarima ing lara, saparane Baginda Hayub tinandu, tan nana purun sandinga, dening ganda mis abacin.
  11. Wonten adjawining desa, amung garwa satunggal kang tut wingking, kang ngladosi daharipun, kalane asembahyang, uler ngambil cinuthat saking genipun, sinelehaken wawadah, sampunipun angabekti.
  12. Singgat ingkang winadahan, winangsulken dateng prenahe malih, saking kehe uleripun, sumahab runtuh tiba, ing lemah yan djinumput winangsulaken gupuh, kang uler mengkap sumahab, ing sarira angebeki.
  13. Baginda Hayub samana ananeda, dumateng ing Hyang Widhi, amung ugi kang tutuk, mugi sinunga waras, ingkang lidah pinangan ing uler adjur, mugi sinungana waras, yata rawuh Djabrail.
  14. Apanggih hayun ayunan, yata kecap samana Djabrail, dateng ing Baginda Hayub, napa karanya tuwan, neda tulung dateng ing Hyang Maha luhur, Baginda Hayub angucap, milane amba puniki.
  15. Neda waras tutuk amba, lawan lidah hamba menawi enting, pinangan ing uler adjur, satemah yen telasa, sayektine kawula tan bisa nebut, dateng Allah Tangala, cupet amba angabekti.
  16. Ya ta saking parmaning Hyang, sinung waras mulya lir wingi nguni, kang sarira Nabi Hayub, kadya mas sinepuhan, ingkang garwa pangling wau tingalipun, rawuh saking ing lulungan, waluya amuwuh pekik.
  17. Kang cahya gumilang gilang, lir sasangka purnama anelahi, ginadang suwarga luhur, Nabi Hayub minulya, dene luwih agenge kalilanipun, risampunipun mangkana, Nabi Hayub tan winarni.
  18. Wonten malih cinarita, ratu agung pinandhita tur sakti, radja Dulkarnaen karanipun, kalawau sineba, dening bala pandita ngulama agung, cacah kawan ewu ana, ander pra samya anangkil.
  19. Sul pan Dulkarnaen ngandika, dateng kaumipun samya tinari, lah ta sapa ingkang sanggup, angluputaken pedjah, lah menawi ana manggih saratipun, ing kaluputan ing pedjah sakathahipun tinari.
  20. Tan wonten sumanggupa sakeh urip punika pasti mati, tan manggihi saratipun, wau kang kawarnaha, Nabining Hyang kakalih sanak kang lungguh, kang nama Baginda Ililyam, kalawan Baginda Kilir.
  21. Lenggah sandinge punggawa, radja Ngabdul Karne ika amari, Nabi Kilir aturipun, miwah Baginda Hilyas, inggih amba rumiyin miyarsa tutur, warta saking wongatuwa, wangsul dados anem malih.
  22. Wonten kang ginawe serat, ing titiyang kang luluput ing pati, ingkang pandjang umuripun, prapting dina kiyamat, salamine nggih datan kena lampus, malah yen sampuna tuwa, wangsul dadi anom malih.
  23. Saking ing kemate kang Sarat, ing sami karsanipun Hyang Widhi, radja Dulkarnaen anembung, ing Nabi kalih pisan, gih punapa kang kinarya saratipun, Baginda Hilnyas modjar, kalawan Baginda Kilir.
  24. Inggih udjaring pawarta, dateng amba wonten sumber satunggil, pan ing Djulman prenahipun, miwah ta kang sumberan, ing djagad kang peteng Djulmad puniku, tan kapadangi surya, sang radja Dulkarnaen angling.
  25. Yen si makatena tuwan, ngaterna mring prenah sumber sawidji, Nabi kakalih umatur, ing ewet punapa, ingsun teda angiring tuwan puniku, lingipun Baginda Ilyas, kalwan Baginda Kilir.
  26. Kuda estri durung weka, tuwan pepakna sadina mangkin, asala ta tigang ewu, risampunipun mangkana, angandika Dulkarnaen mepek sampun, kuda estri tigang sasra, saurira Nabi Kilir.
  27. Sakehing kang ngiring tuwan, ambeta asangu kinten anyukupi, lalampahan rolas tahun, yata nulya ngundangan, Nabi Kilir ngandika tembunge arum, kadi pundi daya tuwan, yen prapta peteng ing bendjing.
  28. Sing Ngabdul karnaen ngandika, daya hamba ambekta sosotya di, minangka damar lan suluh, nulya mangke mamekas, Agabdul karnaen heh patih sapungkuringsun, lamun bendjing nora prapta, ingsun ing rolas warsi.
  29. Kuda paprang ingsun tilar, kathahipun nika sakawan kethi, srahna maring putraningsun, sarta gantyaning nata, kyai patih mangku bumi amituhu, sawekase gustinira, sampuning mangkana tunuli.
  30. Seh Ngabdul Karnaen umangkat, sarta lawan balanira angiring, kakapalan tigang ewu, samya angiring atata, kawarnaha lampahipun sampun rawuh, dangune wengi-wengi limang djam, rahina djam nuli.
  31. Lumampah malih saksana, ing rahina saedjam nuli wengi, cinarita pan meh rawuh, djagad kang nama Djulmad, Ngabdul Karnaen anembung wacana arum, kadi pundi daya tuwan, yen prapta ing peteng mangkin.
  32. Nabi Kilir saurira, tuwan rerancanga kuda sami, yen karsa ngalampahipun, kuda kinen nuntuna, sing kadohan supadosta ugeripun, kang kesah saged uninga dateng prenahipun malih.
  33. Ya ta malebet saksana, prapting teng djagad damar sotyadi, kakapalan tigang ewu, sami areren sira, Ngabdul Karnaen mapan pisah lampahipun, lan Baginda Kilir ika, tan wikan puruging Nabi.
  34. Baginda Kilir kocapa, ladjeng prapta prenahe toya urip, kang wasta Djulmat puniku, luwih peteng anggagap, Nabi Kilir saksana wau anemu, ing sasumberan satunggal, toyane kalangkung wening.
  35. Nabi Kilir nginum toya, ingkang aran wau sang toya urip, kalangkungipun, wau kang pasariran, harasa salat wus angambil toya wulu, risampuning asembahyang, Baginda Kilir wus ngambil.
  36. Toya ing kendi walulang, sampun kebak wau kang toya urip, Nabi Kilir sedyanipun, kang toya ingolehnna, Ngabdul Karnaen sedyane ngulihken banyu, kebak sakendi wawulang, Baginda Kilir lumaris.
  37. Angraos wau karipan, yata reren wau Baginda Kilir, hangaup sasoring kayu sarwi asasareyan, pan katuron kang kang toya cumanthol kayu, cinucuk ing paksi dandang, kang nginum toya ing kendi.
  38. Telas toya sawadhah sawewadah, Nabi Kilir wungu getun tan sipi, dening toya sat anggerus ingombe paksi dandang, Nabi Kilir tan sagenya tatemu, mring Ngabdul karnaen punika, angraos karsaning Widhi.
  39. Lah punapa karya tuwan, Baginda Kilir tan kocap, Ngabdul Karnaen sabalanipun nganti, aning djagat peteng iku, wau ta kawarnaha, radja Ngabdul Karnaen tumenga manduwur, apapanggih malaekat, Ngabdul Karnaen den takoni.
  40. Lah punapa karya tuwan, tuwan dateng Djulmad sabala tuwan ngiring, Seh Ngabdul Karnaen sumaur, inggih amba punika, angulati ing toya amba tan weruh, sarate pandjingi yuswa, malekat tanpa nauri.
  41. Lah daweg punika sela, pandjang umur Ngabdul Karnaen nampani, genge satigane sawung, Ngabdul Karnaen grahita, watu iki dadi sarat panjang umur, budal saking prenahira, sabalanipun angiring.
  42. Pra samya anuntun, samya mentar sing djagad peteng sami, yata na hing marga lunyu, sami ngidaki sela, watawise wonten satigane sawung, pra samya ngidaki sela, sadaya kasmaran angling.

۞۞۞ PUPUH 43 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Lah ta batur apa iki, pating garendjel kedakan, angandika Ngabdul Karnaen, lah ta hiya wruhanira, yen wus prapta ing padang, satemah sira gagetun, nalangsa manah acuwa.
  2. Sakehe kang nora oleh, ngucap mau andjumputa, yen prapta padang mangkana, pada kang cumput nalangsa, sami ngucap mangkana, deningsun tan djumput agung pan amung ngambil satunggal.
  3. Samana pra samya mulih, Dulkarnaen Iskandar, minulyaken ing Hyang Manon, marentah sakeh nagara, masrik ing pangetanya, ing magrib pangulonipun, ginacangaken lumampah.
  4. Kang lelakon satus warsi, linampahan mung sadina, hangideri djagad kabeh, pinggir bumi rinadjegan, ing wesi temu gelang, ingkang rineksa puniku sakehe djujamakdjudja.
  5. Hingadangan radjek wesi, asale djudjamakdjudja, putra Nabi Nuh asale, kasilir dening maruta, manak yutan awendran, djudjamakdjudja puniku, luhuripun mung sak egas.
  6. Kupinge asrah ing siti, kalane samya anendra, kuping sisih den kemuli, karsa sisih lemekira, dening djudja, untu landep mawi siyung, angrikit pamegeng wadja.
  7. Saking pangreksaning Widhi, tan kuwasa anyauta, nora tedas panyokote ing bendjang akireng djaman, pager punika bedah, angrusak manungsa iku, kewan kayu pan pinangan.
  8. Sultan Iskandar Dulkarnaen, ing sakathahe nagara, rinata dera sang katong, ing Ngerum Bustam Ngabesah, Ngesam Betal Mukadas, ing Kures Turki pan anut, dumateng Sultan Iskandar.
  9. Ya ta Dulkarnaen ningali, ing kitha datanpa lawang, pan ingideran kithane, risaksi kang darbe kitha, yata kinepung sigra, rasaksi tumulya matur, ngungkuli Dulkarnaen niba.
  10. Lebur sagunge raseksi, linebonan kuthanira, sang saya kancana wismane, Dulkarnaen Iskandar, karsa dumateng Bustan, kampir desa weneh ngenu, radja Bustan tinimbalan.
  11. Yen tan anuta agami, rinusak nagari Bustam, radja Bustan langkung djrihe, saksana mangkya utusan, marik Sultan Iskandar, anut ing parentahipun, Dulkarnaen kalangkung suka.
  12. Ratu Bustan angaturi, kabekta dening utusan, yata ngandika sang katong, atetanya ingutusan, apa harta kiriman, edom warnane sabungkus, sarta lawan kang wawadah.
  13. Apa den elengasapi, utusan mesem samana, winarna mangkya sang katong, asakit kang pada aran, yata nulya ta toya, utusan ngandika gupuh, pun Sabit namaning duta.
  14. Wus tinamban sri bupati, wus waras Sultan Iskandar, yata lumaris lampahe, angrata sagunge kopar, sampuning lama-lama, cinarita sampun surut, wau ta Sultan Iskandar.
  15. Nora kinubur ing bumi, winadahan ing krenda mas, sineleh wonten ing pulau, wonten malih kang kocapa, wau Baginda Ilyas, mider-mider ing wana gung, rumeksa kewan daratan.
  16. Yen dening Baginda Kilir mider-mider ing samodra, prapta ing kiyamat tembe, ngreksa isine samudra, tan pegat bektinira, maring Hyang kang Maha luhur, kala munggah ing daratan.
  17. Yen minggah nagara kapir, kang sami nembah brahala, sanget-sanget pituture, miwah ta Baginda Ilyas, minggah nagara kupar, anyegah panggawe dudu, ngadjak maring kabecikan.
  18. Nagari Ngerum kawarni, manahane ratu ika, kaduli-duli ambeke, angangge kawenang-wenang, bisikane narendra, djudjuluk sang Duka Yanus, malah angaku Pangeran.
  19. Takaburipun nglangkungi, rumasa tanpa tandingan, ingsun ratu agung dewe, datan ana ingkang murba, tuhu ngaku Pangeran, kang djudjuluk Duka Yanus, ratu agung tanpa sama.
  20. Duka Yanus ratu kapir, wonten hulu balang neka, tiyang nenem bagus anom, titiyang nenem kapir punika, pan hiya cinarita, pan sami putraning ratu, kanggepa ngawulanira.
  21. Ing siyang pantaran ratri, datan kena api saha, kinanthi dera sang katong, kang rare nenem punika, kinarya ulu balang, dening sang Duka Yanus, nyampurnaken salir karya.
  22. Lamun cangkrama narpati, ambuburu sire wana, kinen nampar ta sagawon, ulu balang nenem ika, tan tebah ing sang katong, geng-ageng segawonipun, pan sami rinante emas.
  23. Lu balang sepuh pribadi, awas ta sira Tamlika, nalika ing sumendene, Tan Tanus ika Hariya, Hunus sumendenira; kang anom wasta Marunus, sinung usiking paneragn.
  24. Kang nama Tamlika angling, yayi paran karsanira, yayi punapa wekase, tulusa sira suwita, lamine ratu kupar, kereming dunya kalangkung, pan dunya iku naraka.
  25. Lah pada ngulati ngelmi, payo ngungsi nagri liyan, yayi yen awet mangkene, kaparentah ratu kopar, lah payo pada lunga, ingkang sawidji sumaur, kadi mboten kenging kesah.
  26. Pan siyang kalawan latri, para kadang nenem ika, tan kenging pisah sang katong, kang sawidji saurira, mokal yayi tan kena, yen sang ratu amba buru, acangkrama maring wana.
  27. Kang sawidji anauri, lah hiya busananira, murup mancur kaya priye, kang taruna aturira, gampil sami binucal, ingkang panggulu sumahur, upamane sira lunga.
  28. Sapa ingkang sira hungsir, Tamlika nauri sabda, endi maning pangungsine, ngungsi mring Allah Tangala, ingkang asipat rahman, yata pra samya rembug, Duka Yanus kawarnaha.
  29. Angundangi para mantri, arsa cangkama ing wana, kang wadya bala hacaos, anderaning pagelaran, sarta turangganira, miyos radja Duka Yanus, budal anitih turangga.
  30. Wadya bala sami ngiring, satriya nenem punika, sami anampar segawon, ageng-ageng ingkang suna, pan sami arante emas, yata prapta ing wana gung, sadina amburu sang sam.
  31. Satriya nenem prasami, hagolong tilar bendara, wus sami bucal pangangge, suna sami inguculan, kesah arebut paran, budale pan sampun surup, yata wau cinarita.
  32. Wonten segawon sawidji, nama patmiur atut wuntat, pawong islam salamine, agething ningali suna, pra samya binalangan, dening Tamlika Marunus, binalang suna angucap.
  33. Mila amba tuwan mbalangi, pan amba milya ing tuwan, mboten prabeda miyose, tumut ngulati agama, amba tut wingking tuwan, sanadyan mba ngulari ngelmu, satriya nenem pra samya.
  34. Ebat miyarsa ning wingking, segawon bisa angucap, kadi djanma pangucape, saksana sami lumampah, samana cinarita, lampahe kapitu asu, sami malebet ing guwa.
  35. Harip prasamya aguling, tatiyang pitu suna, mangkana kang cinariyos, ingkang kecalan kawula, angandika mring bala, Maha radja Duka Yanus, aken mangkya ngulatana.
  36. Ingubres nora kapanggih, saking parmaning Pangeran, guwa punika tan katon, dening wong kang araresah, saking laminira, nenggih tigang atus tahun, lamine turu djro guwa.
  37. Cinarita Seh Ngandul Kahpi, ingkang adarbe carita, ana dene kang saweneh, kang sare sadjroning guwa, prebat tan kaol kathah, apanjang lamun winuwus, kang asare djroning guwa.
  38. Pangraos Seh Ngandul Kahpi, gen guling liyan sapisan, saking kapati sarene, turu sore nganti endjing, yata tangi sadaya, ka ecan tangi aturu, sakeca nglilir sapisan.
  39. Yata Namli kamangkya ngling, pada kariya djron guwa, manira tatumbas dewe, hadjana meluta sira, ingsun arsa tatumbas, papanganan ing wawarung, singa kang pinade pasar.
  40. Rowange sadaya angling, lah inggih sakarsa tuwan, nanging sampun suwe-suwe, lampah tuwan galing galan, menawi kadangonan, ing sang radja Duka Yanus, satemah amanggih papa.
  41. Tamlika tumuli midjil, wau saking djroning guwa, arsa mring pasar lampahe, ngambah wana nulya dungkap, ing padesanira, tingale tamli kapanding, dening teka salin aran,
  42. Pasang rakite nagari, ical tilasipun lama, prapta gening wong awade, kaget sakehe tumingal, andulu ki Tamlika, dening djama sugih wuku, beda lawan wong akathah.
  43. Wonten kang ngawehi roti, pinaraning ki Tamlika, arsa tinumbas rotine, kang waweh roti atawa, dumateng ki Tamlika, satawane dipun tuku, anulya sinungan dirham.
  44. Tiningalan dirham lami, kang wade roti angucap, dede lampahipun mangka, punika dirhaming kuna, rong atus tahun ana, baya gen tuwan anemu, hakathah tunggile uga.
  45. Lah amba tuwan sukani, gen tuwan amanggih dirham, pasthi akathah tunggile, kalamun tuwan tan suka, panduman dateng amba, mangke sun turken ratu, tamlika marasing manah.
  46. Saure ta es mu adjrih, amba tan linyok ing sira, ingsun tutur sawercane, wingi sore hamba uga, angungsi djroning guwa, arip ta kapitu asu, sami aturu djro guwa.
  47. Sungkan kareh ing wong kapir, milane amba pra samya, minggat nenem kancaningong, hasiluman djroning guwa, menawi kadangonan, balane sang Duka Yanus, sun tangi ing wau endjing.
  48. Apan ta lagi sawengi, amba turu djroning guwa, baturingsun sami luwe, milane amba mring pasar, tumbas roti panganan, gawok sakehe kang ngrungu, kang wade roti angucap.
  49. Pan ratu manira mangkin, ratu asih ing agama, yen sira mangkana artine, katur maring sang katon, yata datan antara, katur maring ratunipun, yen wonten titiyang kuna.
  50. Anulya den andikani, ingkang nama Tamlika, prapta ngarsane sang katong, nulya mangke tinakenan, wus telas aturira, yata sakehe kang ngrungu, pra samya eram sadaya.
  51. Ya ta sang ratu agami, nimbali para pandita, tinaken dera sang katong, menawi mirsa carita, sami matur sadaya, pandhita kang sepuh-sepuh, inggih amba amiyarsa.
  52. Sampun tigang atus tahun warsi, samangke laminira, Duka Yanus panjenengane, ing kocaping carita, amawi ulu balang, mangke nenem kathahipun, yektos sun suduk kang carita.
  53. Angandika nata kapir, lah undangen rowang tuwan, ingsun arep wruh rupane, ingkang wonten djroning guwa, lah tuwan paranana, ki Tamlika nulya kundur, saking ngadjengan san nata.
  54. Kinanthen punggawa mantri, kalawan para pandhita, angiringaken lampahe; ingkang wasta ki Tamlika, sampun dateng ing guwa, ginugahan rowangipun, lah pada sira tangiya.
  55. Sami buktiya rariyin, ingsun oleh pepanganan, sami sumaur bature, lah mangko tuwan antoso, amba anutugena, higgen aturu karuhun, yata pra samya anendra.
  56. Ki tamlika tumut guling, ing wau ta Kawarnaha, utusanipun sang katong, ingantos dangu tan medal, kang nama ki Tamlika, mangkana wau djinudjul, dateng salebeting guwa.
  57. Mangkana dipun tingali, pra samya kapanggih pedjah, kapitu suna kathahe, tiyang kang aning sadjroning guwa, punika cinarita, sinung nugraha Hyang Agung, segawon mandjing suwarga.
  58. Asune Kibul Kahpi, kalaning mandjing suwarga, pandhita Balhum imane, pinandjingaken ning suna, imane kang camrera, pinandjingaken ing Balhum, kagiwang harta tinari.

۞۞۞ PUPUH 44 ۞۞۞
D A N D H A N G G U L A

  1. Wontening kang cinarita malih, sira kang dewinira ra Mariyam, asanget kasutapane, lan Mariyam kang darbe sunu, kaprenah ponakan adji, Jakariya kang nama, Maryam kang winuwus, ayu kang cahya lir wulan, riyam-riyem djaladara hangalingi, semune prihatin nana.
  2. Mring patirtan Maryam asusuci, yata Maryam wau salat tangat, sawuse bakda tingale, ana wong kakung rawuh, warnanipun anom apekik, mundurira Mariyam, kang prapta amuwus, adja wedi sira Maryam, ingsun dudu manungsa ingkang sadjati, pan ingsun malaekat.
  3. Pan manira ingutus Hyang Widhi, salaming Hyang maring sira Maryam, pan sira ing mangke kinen, darbeya anak kakung, sira nini dipun titipi, anak dening Pangeran, Dewi Maryam matur, kadi pundi tingkah amba, yen darbeya anak, amba tanpa laki, mendah ucaping njanma.
  4. Djabrail wau anauri, Allah sipat kodrat lan wiradat, kuwasa barang karsane, Nabi Sis tanpa ibu, kadi putranira ing bendjing, yaiku tanpa bapa, Djabrail niyub, warnine kulambi nira, kang nur buat punika wau wus mandjing, ing prenahe djumala.
  5. Risampunipun alami-lami, yata wawrat wau Dewi Maryam, langkung prihatin manahe, rare wetengan muwus, heh ta ibu sampun prihatin, wus karsaning Pangeran, dadeken maringsun, risampunipun mangkana, Dewi Maryam ngucap wong Bani Srail, dalu pantaran siyang.
  6. Anggraru mung djalu lawan estri, kang den ucap amung Dewi Maryam, wawrat tan ana lakine, Dewi Maryam angrungu, den sasember den paringi, Maryam kalangkung merang, angucap ing kalbu, tan kawiyos ing wacana, baya angur tumuliya ingsun mati, nora dedawa wirang.
  7. Maryam lumampah lunga ing wengi, liwat ing wana sukuning arga, datan parowang lampahe, yata amanggih anggur, lawan kurma pinggire warih, wening kang sasumberan, Dewi Maryam lungguh, sumende ing wite kurma, denya lungguh angadepaken ing wukir, anglala wis sarira.
  8. Heh Maryam sira delap urip, angur baya matiya ing wana, nora dedawa wiraos, yata wawratipun, sedenga wau alahir, miyos djalu kang putra, warnane abagus, cahya lir wulan purnama, widadari suwarga sariya nuruni, tulung Maryam puputra.
  9. Ingkang putra pinangku tumuli, Dewi Maryam kang manah kewedan, arsa binucal putrane, tresna welas kalangkung, arsa mangkya binekta mulih, tan wande hamimirang, Djabrail rawuh, angucaping Dewi Maryam, adja sira ing ngucaping djanmi, pasraha ing Pangeran.
  10. Lamun sira dipun tetakoni, angucapa yen lagi puwasa, dene yen meksa tetaken, lah tatakona iku, maring anakira pribadi, saksana Dewi Maryam, kang putra sinambut, ngembanira lumampah, sampun prapta wismane ing Bani Srail, kathah prapta tumingal.
  11. Sarwi tetanya ingsemu mamirangi, dateng Maryam sarwi hamamirang, ganti gumanti tataken, sarwi mesem gumuyu, Maryam olehira ing ngendi, aduwe anak lanang, sapa ramanipun, nembe tumon kaya sira, hapuputra sira durung nduwe laki, baya olehe reramban.
  12. Sapa ingkang sira tiru nini, luhurira pada wong utama, pandhita agung tapane, agawe lingsemipun, sanakira kang becik-becik, tan angeman sarira, warnanira ayu, nanging lakunira ala, heh ta Maryam angkua adja kumbi, lah sapa bedangira.
  13. Dewi Maryam anauri aris, adja takon ingsun lagi pasa, lah sira takona dewe, ing bebayi nak ingsun, anauri wong bayi srail, udjar dora sengara, bayi bisa muwus, bisa sandi sira Maryam, ngaku pasa akon-akoni bebayi, bisa opane ngucap.
  14. Ya ta wonten pituwa sawidji, angling alon takonana uga, karuwan ala becike, tinaken tan asantun, bayi sira ingsun takoni, lah sapa ramanira, tutur ramaningsun, rewange bedang bunira, parmaning Hyang babayi nulya nauri, sun kawulaning Allah.
  15. Biyang ingsun Maryam iku suci, nora djinah namaningsun Ngisa, datanpa bapa djatine, wus karsaning Hyang Agung, kadi putra Adham inguni, Nabi Sis namanira, iku tanpa ibu, ingsun dinadeken ing Hyang, tanpa bapa lah tobata ing Hyang Widhi, salah sabda lihira.
  16. Dinosan sira maring Hyang Widhi, hatobat maring ibu Maryam, nedaha angapurane, kaliwat sira iku, amamirang ing ibu mami, gawok kang amiyarsa, bayi bisa muwus, sampuning alama-lama, cinarita umur pitung welas warsi, sampun mangkya diwasa.
  17. Katurunan wahyuning Hyang Widhi, Djabrail ingutus dening Hyang, alenggah alon wuwuse, salaming Hyang Agung, dateng tuwan Ngisa linuwih, pan tuwan katurunan, djuga kitabipun, kitab Indjil lumrahena, sakathahe kaum tuwan Bani Srail, konen anut sarengat.
  18. Warahana djalu klawan estri, hati ruha ing agamanira, pada ngucapa kabeh, Allah Pangeraningsun, Nabi Ngisa panutan mami, Nabi Ngisa hangatak, linge para kaum, tan manut wong tan karuwan, tanpa bapa pasthine sira sun tampik, ing sapituturira.
  19. Nabi Ngisa hapti mamarahi, nora nana kang mituhu sira, hasanget pamahidone, Nabi Ngisa lumaku, maring desa nulya amanggih, ing wong mamasuh wastra, Nabi Ngisa muwus, sira iku masuh wastra, angur masuk ing awakira pribadi, anutjeken sarira.
  20. Kang mamasuh wuwuse amanis, kadi pundi wong masuk sarira, Baginda Ngisa wuwuse, hiya lawan panebut, Allah iku Pangeran mami, kalawan Nabi Ngisa, iku Nabiningsun, utusaninpun Hyang Suksma, Allah iku kang dadeken bumi langit, kang sung lara kapenak.
  21. Mangkana wong kang masuh tumuli, nandang iman anut ing agama, wong kalih welas kathahe, Nabi Ngisa lumaku, wong misaya ulam kaeksi, Nabi Ngisa angucap, mring wong wari galuh, yen sira ayun sampurna, raganira ing ndunya rawuh ing akhir, nandanga sira iman.
  22. Wong udjud nambung wecana manis, para Nabi ing kakina-kina, ana uga kasaktene, karane iku tinut, ing kaume anut agami, kalamun sira Ngisa, endi ta tandanipun, endi ta kasakteninira, iki ana wong tuwa nora ningali, lah iku mulyakena.
  23. Nabi Ngisa neda ing Hyang Widhi, dyan tumurun dutaning Pangeran, Djabrail lon wuwuse, salaming Hyang kang Agung, tinarima paneda Nabi, Ngisa sinung mudjidjad, wong tuwa dinamun, mulya tingalipun padang, ing wong budug aken amarasena iki, dinamon nulya waras.
  24. Wong kang belang dinamon tumuli, yata waras wong djuhud hangucap, ingsun andjadjaluk maneh, wong kang mati kinubur, padjarataneku wus lami, lah sira uripna, yen uripa iku, ingsun manut maring sira, Nabi Ngisa padjaratan den damoni, yata anulya gesang.
  25. Huluk salam anulya halinggih, acarita ing kabare suwarga, naraka tinutur kabeh, gawok sakeh angrungru, yata ngucap wong Bani Srail, yen sira nekanana, djedjalukingsun, nekakena pepanganan, warna-warna tumuruna saking langit, lamun sira kuwasa.
  26. Ya ta sira Ngisa iku Nabi, ingsun anut ing agamanira, kang asri-asri sajene, woh-wohan adja kantun, djuwadahan kang gurih manis, Nabi Ngisa nandeda, mring Allah kang Agung, yata parmaning Pangeran, duta ning Hyang Djabrail nulya prapti, ngucap ing Nabi Ngisa.
  27. Tinarima panedaning Nabi, Ngisa maring Allah Tangala, Nabi Ngisa kasaktene, yata wau tumurun, kasesadjen saking ing klangit, daharan warna-warna, hasri yen dinulu, ana manut ana ura, ingkang anut punika pra samya ngiring, dateng Baginda Ngisa.
  28. Ya ta wonten pawestri satunggil, apraptapa aningali sira, Ngisa ingiring wong akeh, pawestri lon amuwus, lah ta sapa kang sira iring, kang tinakonan ngucap, hingiring-iring tengsun, ngalap barkat Nabiyulah, Nabi Ngisa tuhu yen Nabi linuwih, djuluk Ngisa rohulah.
  29. Mapan katurunaning kitab Indjil, wuwuh-wuwuh ing mudjidjatira, saya sumbul kasaktene, estri tapa amuwus, heh ta Ngisa yen nyata Nabi, dadeken nata ingwang, manuk kang amabur, estri tapa dinamonan, dadya manuk mabur tan ngambah ing siti, gawok sakeh tumingal.
  30. Sakathahe wong ing Bani Srail, ingkang sami wus anandang iman, agawe bekti lampahe, dening kang nora anut, ngayem-ayem sakehe sengit, ing Nabi Ngisa, maido kalangkung, winastanan bisa nyulap, Nabi Ngisa pinahido ing wong kapir, Nabi Ngisa sungkawa.
  31. Pakumpulan sakehe wong kapir, arsa ngepung dateng Nabi Ngisa, samekta lawan sikepe, sadaya sampun rembug, Nabi Ngisa dipun nulari, saking parmaning Suksma, winarya Toya Nus, gina guru ing wong kopar, saudjare ingidep dening wong kapir, barang sudarmanira.

۞۞۞ PUPUH 45 ۞۞۞
D U R M A

  1. Sang Toya Nus rinupak dening Pangeran, sasolahe winarni, kadi Nabi Ngisa, rupa miwah swara, yata wong ing Bani Srail, hangesung samya, pepak sakehing kapir.
  2. Nabi Ngisa kinepung kinadang-kadang, Nabi Ngisa winarni, giniring malaekat dateng nagari Mekah, samana Maryam kapanggih, kaliyan putra, kang ibu nangis-nangis.
  3. Linge Maryam ingsun melu maring sira, munggah mring luhuring langit, linge Nabi Ngisa, ibu tuwan kantuna, bendjing tuwan pan pinanggih, lawan kawula, bedjing dina kang kari.
  4. Nabi Ngisa binekta mring Mekah, munggah mring luhur langit, wong kapir kelangan, pra samya bilunglungan, sakathahe kaum kapir, ngulari samya, sinebar kaum kapir.
  5. Pirang-pirang wong kapir tan kena ngetang, gede cilik ngulari, kitha wong ing desa, wana miwah ing arga, ing djurang reng-erenging, sadjroning guwa, sami dipun ulari.
  6. Ngalor ngidul mangulon tumulya ngetan, sami nemen ngulari, takon-tinakonan, sakehe kaum kopar, saksana sira ningali, hangepung sira, sang Toya Nus pinanggih.
  7. Dyan cinandak Toya Nus dening wong kathah, saya kathah kang prapti, Toya Nus angucap, pageneya ta sira, pada anggudjeng kami, pan ora dosa, ngucap wong Bani Srail.
  8. Awasna matanira ingkang padang, lah apa sira iki, pada kena lara, ngucap sakehing kopar, hiya ingsun nora pangling, lah sira Ngisa, hangaku guru mami.
  9. Sira Ngisa ambebodo maring ingwang, bisa agawe sandi, nora ngaku Ngisa, ngaku Toya Nus sira, saksana dipun taleni, ginodi sira, sinurat wanti-wanti.
  10. Sesambate Toya Nus amelas arsa, nanging tan piniyarsi, arsa pinedjahan, ingukumaken sira, sakehe tingale kapir, pan Nabi Ngisa, tan wruh pinada warni.
  11. Risaksana ingukum ta sira, Toya wus sampun mati, sasampuning pedjah, rupane kang palastra, rupa kadi ngihuni, sadaya mulat, dudu Ngisa kang mati.
  12. Tuhu Toya Nus wau ingkang palastra, yata sakehing kapir, anangis sadaya, aneda angapura, dateng Toya Nus kang mati, kalara-lara, nangis wong Bani Srail.
  13. Kawarnaha wau ta Baginda Ngisa, wonten luhuring langit, ing langit kaping pat, bendjing akir djaman, punika tumurun malih, maring ing dunya, anulung ing djurit.
  14. Nabi Ngisa cacawisanipun aprang, bendjing ing djaman akir, aprang lawan djaddjal, lanat tulah ing bendjing, Nabi Ngisa kang metoni, patine djaddjal Nabi Ngisa hangradin.
  15. Nabi Ngisa ngirasa djumeneng ratu ing Mekah, ngrusak sakehing kapir, pan kinen anuta, dateng sarengatira, Nabi Mukamad sinelir, sampune seda, Nabi Ngisa ing bendjing.
  16. Tan kinubur Nabi Ngisa ing Madinah, puniku bumi suci, yata Nabi Ngisa, kalane wau musna, duk binekta maring langit, kocaping Kur’an, kang muni kitab Indjil.
  17. Pan ing wuri anuta Nabi Mukamad, dadi panutup Nabi, nyalini sarengat, teka dina kiyamat, tuhu Nabi kang sinelir, Nabi Mukamad, kocaping kitab Indjil.
  18. Cinarita antarane Nabi Ngisa, ing Nabi Musa nguni, sewu satus warsa, lan seket tigang warsa, katurunan Djabrail, sadjenengira, Nabi Ngisa ing nguni.
  19. Djabrail tumurun ping kalih welas, lan umuripun Nabi, Ngisa aning dunya, mung tigang ndasa satiga, warsa laminipun ugi, malih kocapa Nabi Mukamad
  20. Trahing ngarap luluhuripun ing kina, saking Nabi Ismail, Ismail puputra ing Sabit namanira, dene kang nama Sabit, puputra Yadjab, Yadjab puputra ugi.
  21. Nama Yarap-Yarap Pakur putranira, Pakur putrane reki, ananama Mutawab, Mutawab putranira, ing anama Udadi ika, putra Malat.
  22. Sira Lamat putra Nadjar-Nadjar rika, putra Malur kakasih, Malur putra Hilyas, Hilyas ika puputra, ingkang anama Mudalik, Mudalik putra Ngadjimah, kang kekasih.
  23. Sang Ajimah puputra nama Nunkak, Nunkak putra ing Tapasir, Tapasir puputra, Pekir ta namaneka, sira Pekir putra Gilib, Gilib puputra, Ngabdul Manab.
  24. Ngabdul Manab nulya wau apuputra, ingkang anama Hasim, Hasim apuputra, Ngabdul Muntalib ika, yata sang Abdul Muntalib, putra Ngabdulah, Ngabdulah kang kawarni.
  25. Katurunan ing cahya dening Pangeran, kang cahya anelahi, wau ta kang cahya, tumurun maring garwa, Haminah sinambat wangi, yata Ngabdulah cahyanipun asipi.
  26. Hawatara wau kawan dasa dina, Ngabdulah angemasi, kocapa aminah, cahyanipun gumawang, lir trenggana nuruh sasi, wus sedeng neka wawratan wau lahir.
  27. Kala lahir ing sasi rabingul lawal, dinten isnen anenggih tanggal kalih welas, nudju ing taun nedal, tat kalanipun halahir, hamawi gondo, kalangkung marbuk wangi.
  28. Langkung wangi wismaning Dewi Aminah, padang cahya nelahi, tuhseng walikat, lai la ha ilalah, Mukamad rasululahi, sakehing ngarca, sami nungsang djempalik.
  29. Miwah setan wawelek adjrih lan berkasakan, sami lumayu ngungsi, samya rebut paran, samya adjrih kalintang, iblis lanat anuruni, sarwi angucap, lah adja sira wedi.
  30. Lah baliya mring gonira sowang-sowang, sira ingsun tuturi, wrecit Nabi Adham, ning sadjroning suwarga, tur lawangira kinunci, ewa mangkana, kethingsun piranteni.
  31. Apa malih ta iki Nabi Mukamad, tumumpang aning bumi, kang wewaha djembar, iku luwih agampang, poma adja sira wedi, pan pada-pada, sinukan dening Hyang wihi.
  32. Sinung tuwan winenangaken ta ingwang, ngadjak maring yamani, anak putu Adham, kena coba rencana, sakeh kang kena piranti, hangingsun wegah, wong kasmaran Hyang Widhi.

۞۞۞ PUPUH 46 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Lahire Nabi Mukamadi, Mukamatdinil mustapa, malekat tumurun kabeh, sudjud ing Nabi Mukamad, sami maca shalawat, sato kewan kayu watu, sadaya maca shalawat.
  2. Umur Kawan ndasa ratri, Dewi Aminah palastra, pan putra yatin temahe, pinupu dening kang paman, Abu Talib kang nama, anesep ing susunipun, kang bibi nama Ngalimah.
  3. Sampuning halami-lami, saya ageng putra neka, wonten ta pepalihane, nama pailawan linga, pra samya ngon menda, lingipun Mukamad arum, mring ibu nama Ngalimah.
  4. Sanak amba dateng pundi, sun ulari tan kapedak, kang ibu alon saure, kakangira angon menda, Mukamad atur neka, amba milya angon wedus, ningali menda mamangan.
  5. Pun saipun linga prapti, ngandika lon ibunira, lah gawanen putraningong, angon menda maring wana, saiki adja pisah, pama-pama anakingsun, titiga jwa pisah-pisah.
  6. Ya ta sami angon kambing, katiga mring hara-hara, tan kena pisah lampahe, sinangonan papanganan, didum sakancanira, apan sampun watekipun, Mukamad kalamun dahar.
  7. Tan saget dahar pribadi, wontenta wau kocapa, kalih samya idjo-idjo, hanamber Nabi Mukamad, wau sampun binukta, miber dateng luhur gunung, sampuning prapta ing hargo.
  8. Linumahaken tumuli, dyan pinecak dadanira, hingisenan djro kalbune, ing Kur’an kalawan cahya, lan ngilmu pitung leksa, winuwuhan akalipun, dening Allah kang misesa.
  9. Akale sawu duman nenggih, saduman sakeh manungsa, kang sangang atus sangane, datenging Nabi Mukamad, dada sinabet helar, dining Djabrail sampun, mulya kadi duk ing kuna.
  10. Djabrail lan mingkail, punika pan sampun musna, Mukamad lumampah alon, anusul ing wana wasa, kocapa sanak neka, kekalih samya lumayu, genya padjar ing wong tuwa.
  11. Pun sai Malik angling, heh ibu adi Mukamad, binakta ing manuk idjo, maring gunung paranira, ibu niba karuna, agupuh genya lumaku, angulari putranira.
  12. Wong Mekah sami ngulari, dumateng Nabi Mukamad, maring gunung bandar kunen, wong kures ngulari samya, yata Dewi Ngalimah, ningali kang putra lungguh, aning soring taru lata.
  13. Pinangkul binakta mulih, tan asuwe prapting wisma, Abu Talib atatakon, heh Mukamad kaya ngapa, polahira samana, Nabi Mukamad atutur, ing solahira samana.
  14. Abu Talib nora angling, sadjroning wardayanira, Mukamad iki halinyok, drengki ing mamanahira, Abu Talib ta hiya, langkung hewa manahipun, ningali Nabi Mukamad.
  15. Saksana Mukamad nuli, binakta dening Ngalimah, hapracaya ing manahe, ngalimah dateng kang putra, angucap djro wardaya, ana uga anakingsun, kaluwihane ing bendjang.
  16. Cinarita Abu Talib, lunga dagang maring Ngesam, wong djuhud iku kanthine, wong djuhud ika angucap, punapa kranten tuwan, Mukamad tan tuwan wawuh, Abu Talib angandika.
  17. Karane sun pitambuhi, anak manira Mukamad, dening iku maksih rare, mendahana yen tuwaha, lenyok pangucap neka, drengki mamanahanipun, djuhud ngucap djro wardaya.
  18. Hudjare rama ing bendjing, Mukamad iku hutama, dadi Nabi diwasane, risampunipun mangkana, praptane saking Ngesam, dateng Mekah wismanipun, oleh-oleh pepanganan,
  19. Mukamad dipun sukani, tinampan nutya binakta, dipun dahar sakancane, wonten ta malih kocapa, sang retna ayu Katidjah, putranipun radja Ngerum, nguni ngunggahi Ngabdulah,
  20. Karanipun angunggahi, supena ningali cahya, kalangkung dene brantane, sapraptanipun ning Mekah, Ngabdulah cahyanira, nutpah wau wus tumurun, dumateng garwa Aminah.
  21. Katidjah hika anganti, agra griya aning Ngesam, kalangkung dene sugihe, ing wastra dunya brana, sasampunipun, Abu Talip kang winuwus, lawan sira Abu Bakar.
  22. Wong kathah akeh tut wingking, sami dagang maring Ngesam, sareng kathah lampahe, Nabi Mukamad binakta, adagang maring Ngesam, kawarna sirengenu, areren panas kalintang.
  23. Mega mendung amayungi, wong Mekah sami kahupan, yata Rakal wastane, wakile Dewi Katidjah, mariksa wong adagang, kawarnaha bakta gandum, sapraptanira bodagan.
  24. Pun Rakal wau ningali, wong Mekah kahuban mega, pun Rakal ngucap manahe, ana wong kang luwih uga, Talib ngandika, dateng mangkya putranipun, ingkang anama Mukamad,
  25. Tunggunen dagangan iki, ingsun lumebu ing kitha, lumampah sakathahing wong, Mukamad kari pondokan, kari tunggu dagangan, pinayungan mega mendung, pun rail mangkya apadjar.
  26. Sang Dewi Katidjah aris, kawula wau tumingal, dateng ing parerenane, wong Mekah kahupan mega, wong Mekah dateng kitha, wonten satunggal kang kantun, kari tunggu ing dagangan,
  27. Mega ta maksih hamayungi, dateng kang tengga dagangan, retna Katidjah tingale, wonten ta cahya hapadang, tumurun saking wiyat, dateng prenah pondokipun, parerenan wong Mekah.
  28. Ya ta wau Abu Talib, lawan sira Abu Bakar, binodjo krama praptane, rinengga sinuba-suba, sampune adaharan, retna Katidjah amuwus, alon widjiling wacana,
  29. Sapa sinten ingkang kari, kang tengga dagangan tuwan, ingkang tinakon saure, gih kaponakan kawula, Mukamad wastaneka, retna Katidjah amuwus, linuwih nama Mukamad.
  30. Pinundjul sakehing djanmi, ing tingal kawula huga, linuhuraken Hyang Manon, Abu Talib angandika, kaponakan kawula, adreng kilinyoking wuwus, retnaKatidjah utusan.
  31. Dyan pinaka tan asari, wong seket kang lumampah, binakta sak dagangane, Nabi Mukamad binakta, prapti binodjo krama, nyanyamikane lumintu, risampunipun mangkana.
  32. Abu Talib yata mulih, sarta lawan Abu Bakar, kalawan wong djuhud kabeh, Katidjah tumut samana, maring nagari Mekah, boyong sapawonganipun, sampun wisma aning Mekah.
  33. Sampuning alami-lami, ngandika retna Katidjah, ing Abu Talib wuwuse, lah putra tuwan Mukamad, wontena lila tuwan, kengenga kawula utus, wade tumbas dadagangan.
  34. Dateng ing nagaring Mesir, Abu Thalib nulya ngucap anakingsun maksih anom, durung bisa dadagangan, ewa mangkana hiya, welasa ing anakingsun, iku ta rare kasiyan.
  35. Welasing anak yatim, risampunipun mangkana, Mukamad sampun kinongkon, kinanthenan Mabes Sarah, sampun binakta banda, dirham kalih unta sampun, Mabes Sarah sampun lumampah.
  36. Nabi Mukamad tumut wingking, sarta unta kalih welas, sarta lawan dagangane wau ta sampun lumampah, tan kawarna ing marga, ing Mesir pan sampun rawuh, sampun tata pamondokan.
  37. Samana kathah kang prapti, wong pekir miskin kasiyan, sami djadjaluk lampahe, Mukamad welas tumingal, pan sampun pinaringan, sumawana kang tutuku, tunurut panganya neka.
  38. Kang numbas eca ing ati, kalamun mangke numbasa, oleh larang patukune, kalamun wade amurah, miwah kang tatakeran, ngalap ngambil datang payun, kang ngowahi tatakeran.
  39. Baserah maras ing ati, menawi dagangan tuna, ningali adol tukune, Mukamad denipun dagang, saking parmaning Allah, dagangan kang telas sinung, ing pekir miskin kasiyan.
  40. Hingilen dening Hyang Widhi, satunggal dadi sadasa, Be Sarah buka wadahe, dirham tawa dinar uwang, kalawan reyal ika, miwah ta daganganipun, satunggal dadi sadasa.
  41. Be Sarah gawok kang galih, sampuning alama-lama, pan harsa mulih lampahe, sartane sarowang neka, tan kawarna ing marga, ing Mekah pan sampun rawuh, Be Sarah sampun tinanggap.
  42. Polahe dukaning Mesir, retna Katidjah miyarsa, kalangkung suka manahe, risampunipun mangkana, sang retna ayu Katidjah, dumateng ing wismaniupun, hing Abu Talib samana.
  43. Retna ayu Katidjah angling, heh Abu Talib ing wang, arsa dateng ing putrane, ingkang kakasih Mukamad, Abu Talip samana, nimbali ing putranipun, Mukamad pan sampun prapta.
  44. Tinari mangkya arabi, Mukamad nora lenggana, retna Katidjah karsane, yata wau ngundang-ngundang, pepak kabar djumuwah, yata kawin tan asantun, pinanggihaken samana.
  45. Wong Mekah gawok pra sami, ningali Dewi Katidjah, dene kalangkung wiryane, kusuma putra ning nata, amipil wong kasiyan, Mukamad kawelas ayun, Katidjah wikan ing wuntat.

۞۞۞ PUPUH 47 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Cinarita diwasa, kalanipun Mukamad aning wukir, wastanipun kang gunung, bandar kunen kang arga, cinarita gene katurunan wahyu, ning Allah kang Maha mulya, malekat Djabrail prapti.
  2. Ya Nabiyolah Mustapa, salaming Hyang dateng ning tuwan ugi, tuwan tinon ing Hyang Agung, aduweya sarengat, dadi Nabi utusan ingkang panutug, teka ing dina kiyamad, nyalini srengat kang dingin.
  3. Miwah kiyamat sinalinan, mangke kinen tuwan hamamarahi, hingumat tuwan puniku, lah kabeh pinardiya, hangucapa lailah hailalahu, Mukamad darasurulah, yen nora ngucapa kapir.
  4. Risampunipun mangkana, dyan tumurun wahyu Nabi dutadi, apanggih ing somahipun, sang retna ayu Katidjah, Nabi duta ngandika wecana arum, lah ta yayi sun wawarti, sun sinung nugrahan Widhi.
  5. Katidjah langkung pracaya, yata ngucap wau kalimah kalih, Dewi Katidjah hamuwus, lah penet paman tuwan, Abu Talip lan Abu Bakar puniku, tuwan tuturana uga, prayoganing ingkang dingin.
  6. Nabi dutadi lumampah, mring kang paman kang nama Abu Talib, yata kapapak ing ngenu, kang namaAabu Bakar, angandika wau ta Baginda Rasul, lah ta sira Abu Bakar, anuta sarengat mami.
  7. Ya ta wau Abu Bakar, sampun ngucapaken kalimah kalih, Ngali kapapoking ngenu, ngandika rasululah, heh ta Ngali anuta sarengatingsun, lah ta sira angucapa, Mukamad darusululahi.
  8. Baginda Ngali angucap, apadjar dateng ing rama mami, punapa rembuging sepuh, Ngali nulya lumampah, apadjar ing rama punika suwung, wangsul malih prenahira, ing Nabi dutaning Widhi.
  9. Nabi Mukamad Mustapa, angandika dateng Baginda Ngali, anuta sarengat ingsun, Ngali sira ngucapa, ashadu anla ila hai lalahu, lawan wa as hadu ana, Mukamad darasululahi.
  10. Ngali ngestokakena sira, sampun ngucapaken kalimah kalih, ing mekah wong telung puluh, kang sami nandang iman, yata wahu wonten ingkang winuwus, hakakasih Habu Djahal, ing mangke miyarsa warti.
  11. Ing Mekah anut sarengat, djalu estri samya anut agami, anut ing Baginda Rasul, yata sang Abu Djahal, wong ing kures kinerik tan ana kantun, lingipun sang Abu Djahal, wruhanira mengko iki.
  12. Ana wong gawe karenah, ngaku Nabi hapti hamamarahi, Mukamad kakasihipun, ngadegaken agama, lah sing sapa mateni sun gandjar besuk, ing kancana satus miskal, sigra ngumar ananggupi.
  13. Sanggup tan lawan gandjaran, Habu Djahal henting suka miyarsi, ing sanggupe Humar wau, Mgumar karsa lumampah, harsa mangkya mateni Baginda Rasul, kalangkung kuwanen ira, tuhu yen Ngumar pradjurit.
  14. Wonten malih kocapa, wong ing Mesir yata miyarsa warti, wonten wong djumeneng ratu, hakukutha ing Mekah, anyalini ing kitab ingkang rumuhun, kakasih Nabi Mukamad, mardi ing agama suci.
  15. Wong Mesir samya lumampah, maring Mekah mandjing agama suci, anut ing Baginda Rasul, sumawana wong Mekah, wong Medinah kathah ingkang sami anut, sarengat Nabi Mukamad, wonten wong Mesir pradjurit.
  16. Kakalih sami prawira, nama Ruwah nama Karja sawidji, miyarsa pawartanipun, wonten Nabi ing Mekah, Mukamadinil Mustapa salalahu, katurunan kitab Kur’an, panutug sakehing Nabi.
  17. Kang prawira kalih prapta, ingarsaning Nabi duta Hyang Widhi, wus anut agama rasul, lan wong Betal Mukadas, lan wong djuhud prapta nut Baginda Rasul, duwuh wuwuh kang nandang, ing iman agama suci.
  18. Cinarita Abu Djahal, Abu Lahab wong kures pepak sami, pandapa djedjel supenuh, wong kures paguneman, siyang ratri anggunem mring Nabi Rasul, hanggunem ngulari prenah, patine Nabi dutadi.
  19. Tumurun pun iblis lanat, andarodjog rupa manuk saluwih, hakulami hakekethu, sarwi teteken djungkat, sri pandhita djatmika semune luhur, si napa ing Abu Djahal, sampuning ngancaran ing galih.
  20. Abu Djahal nulya ngucap, heh pandita punapa ta kang prapti, dening teka naru wuwus, sun lagyu guguneman, eblis lanat sumahur wecana arum, kawula tukang wicara, karane manira prapti,
  21. Kawula miyarsa warta, yen ing Mekah wonten ubatan luwih, sagung ing kasektenipun, ngadegaken agama, kang satengah kapencut kasaktenipun, kathah kang anut sarengat, kathah nyanyari agami.
  22. Abu Djahal nulya ngucap eblis lanat wau ingkang tinari, kados pundi ta sang wiku, lah paran karsa tuwan, gening nyidra patining Bagenda Rasul, yen menggah karepanira, sun cekel ing sun taleni.
  23. Sun cancang guwa ing alas, dimen mati eblis lanat nauri, iku ingsun nora rembug, aran Nabi Mukamad, andap alus abagus, bangkit ing wuwus, satriya ratu kagiwang, Mukamad tuture manis,
  24. Punapa malih wong desa, las-alasan kang manggih den ucali, yektine Mukamad rawuh, Abu Djahal ngandika, lah ta paran karsa ndika ta sang wiku, manira tan darbe hakal, kedah sun kepung ing wengi.
  25. Sumahur pun iblis lanat, yen kinepung Mukamad sayekti, nora mangan nora nginum, saya mateng tapanya, saya peteng Abu Djahal manahipun, Abu Djahal Abu Lahab, mung iblis tinari-tari.
  26. Mukamad hingayam-ayam, sarupaning kang nandang iman suci, nora wani adan seru, adjrih dumateng Umar, lamun mangkya ngrungu wong nebut ing rasul, pan cinekel dening Umar, lambene sinebit-sebit.
  27. Cinarita Nabi duta, amiyarsa wong kures ngithi-hithi, ginunem gunem wong agung, pandapa bale panjang, Abu Djahal punika dadi pangayun, kalawan sang Aabu Lahap, pan tunggal manah sakapti.
  28. Lumampah Nabi Mukamad, bakda asar hingiring mega putih, sartane lan kaumipun, risaksana kapapak, kaum kures djuber sinambat ingarum, atanya ing Nabi duta, wuwuse arum amanis.
  29. Arsa dateng pundi tuwan, dening kathah kaum tuwan kang ngiring, ngandika Baginda Rasul, arsa mring Abu Djahal, Djuber matur dening waki sampun dalu, penet ugi bendjang endjang, nutugena karsa malih.
  30. Kocapa bangun rahina, Abu Djahal mepek kaume sami, yata Djuber aturipun, dateng ing Habu Djahal, kadi pundi yen tuwan kinena anut, sarengat Nabi Mukamad, Abu Djahal lingira ris.
  31. Tan arsa ingsun anuta, ing Mukamad rare kasiyan miskin, Djuber wau lon amuwus, becik-becike tuwan, pinaranan Abu Talib wismanipun, andjaluk kasaktenira, yen Mukamad iku Nabi.
  32. Ya ta wau Abu Djahal, sigra mentar ing wismane Abu Talip, kaum kures ngiring sampun, wus prapta tata lenggah, Abu Talip angundang Baginda Rasul, praptanipun djadjar lenggah, pasamuwane wong sami.
  33. Abu Talib nulya modjar, ya Mukamad pan kuhum kures prapti, iki adjaluk tandanipun, sira ngaku utusan, Au Djahal asugal pamuwusipun, lah endi ta tandanira, yen Mukamad ngaku Nabi.
  34. Endi ta kasektenira, wetokna ingarsa sun ningali, kayu cukulo ing watu, lan epang sakawan, wit kancana epange djumanten iku, hya godongo ing mutyara, kembanga retna widuri.
  35. Awoh akumala warih, sarta ganda hamarbuk wangi, lan den encokan manuk, epange kang satunggal, lan saksiya yen tuwan iki ingutus, yen Mukamad nengkanana, atut tuwan iku Nabi.
  36. Ya ta kendel Nabi duta, dyan tumurun malekat Djabrail, bakta parmaning Hyang ngagung, Djabrail lon ngucap, ya Mukamad kina wruhaning Hyang Agung, tuwan uga tinarima, ing sapandjaluke kapir.
  37. Saking parmaning Pangeran, lumaksana sapandjaluke kapir, gawok sakehe andulu, Abu Djahal lingira, ya Mukamad ing ngendi sira guguru, dene sira bisa nyulap, ngandika Nabi dutadi.
  38. Lah sira pada tobata, mring Pangeran Allah kang Maha Suci, luwaran pra samya mantuk wismaning sowang-sowang, cinarita Djuber Tolah dyan lumebu, ing agama Rasulullah, sang Abu Djahal miyarsi.
  39. Yen Djuber anut sarengat, lawan ta lah mandjing agama suci, kalangkung ing dukanipun, wau sang Abu Djahal, cinarita sakathahing edjin rawuh, mandjing ing agama islam, anut ing sarengat Nabi.
  40. Ya ta wau Nabi duta, pan akarya panggonane ngabekti, Masdjidil Karam wuwus tutug, pepak kabar djumungah, manusa jin akathah kang sami makmum, kang ngimani Nabiyulah, makmum manungsa lan edjin.
  41. Wonten gantining rerasan, Nabi duta ing ngendikaning Widhi, bakda Ngisa lampahipun, apan anitih Burak, Djabrail kang bekta maring Nabi Rasul, samana Nabi utusan, aningali ing Yamani.
  42. Nabi duta atetanya, wus pinanddjar dateng Djabaril, kang naraka tunda pitu, agung warnaning siksa, Nabi duta ningali uwot taradju, lan sadjaratil mustaha, ningali suwar suwarga hadi.
  43. Lan ngaras kursi loh kalam, aningali malekat angabekti, kehe tan kena hingitung, prapta ing dinding djalal, tan kuwasa ningali, ing dinding iku, pinangka ayunanira, Pangeran kang Maha Suci.
  44. Miyat kang langse tunda sapta, lenggah kursi djumanten rukmi hadi, hamundjuk Baginda Rasul, munadjating Pangeran, sasampunipuning mangkana Baginda Rasul, sinaguhaning Pangeran, tuhu sri nataning bumi.

۞۞۞ PUPUH 48 ۞۞۞
S I N O M

  1. Djabrail nulya ngucap, tuwan kinona bukti, pasugihan sekul ulam, saksana nulya bunukti, saduman kang binukti, kalih duman maksih wutuh, Djabrail angucap, tuwas telasena ugi, Nabi duta angling sampun nora telas.
  2. Djabrail nulya ngucap, inggih ta sampun pasthi, yen supamine telas suguhing tuwan bukti, humat tuwan sayekti, ing tembe sedayanipun, sami mandjing suwarga, sapartigan tuwan bukti, suguhing Hyang tuwan dinahara.
  3. Bendjing tembe umat tuwan, kalih duman ing Yamani, saduman mandjing suwarga, Nabi hangandika malih, amba buktine malih, dimen telas kang pasuguh, Djabrail angucap, nora kena wali-wali, Nabi duta kalangkung gegetun nira.
  4. Sakedap tan kena ngucap, kang manah leleng tan sipi, ing sapa miyarsanira, pawartane Djabrail, kaduwunge tan sipi, anutuh sariranipun, nampik pasiyan ning Hyang, sasana Nabi dutadi, kasedahan limang waktu asalata.
  5. Tinuta ing umatira, pangabektine Hyang Widhi, teka ing dina kiyamat, tan ana sarengat malih, panutugipun Nabi, pinilih dera Hyang Agung, ingaken tan prabeda, ya Nabi duta sinelir, pan kinarya prasandane roh robana.
  6. Sudjut ing Allah Tangala, munadjat Nabi sinelir, pira-pira sukur ing Hyang, maring Hyang kang Maha Suci, sampuning mangko neki, Nabi Mukamad tumurun, saking ing dinding djalal, ningali suwarga adi, pira-pira sukur maring Pangeran.
  7. Risampunipun mangkana, Nabi Mukamad prapti, lunganipun bakda Ngisa, mandjing subuh sampun prapti, bakda salat nyurambi, pinarek sakabat Agung, Nabi duta wawarta, ing sakabatipun sami, kagawokan sakabat ingkang miyarsa.
  8. Wonten tatiyang satunggal, angucap sadjroning batin, paningsun nora kaduga, wartane Nabi dutadi, mapan langit sawidji, lalampahan sewu tahun, yen munggah langit sapta, lakon pitung ewu warsi, iku lamun hibere manuk kagawa.
  9. Kuwasane Nabi duta, lampahe sawengi prapti, lunga wanci bakda Ngisa, mandjing subuh sampun prapti, ingsun nora kadugi, pawartane Nabi rasul, yata Nabi Mukamad, aning usiking ati, haluwaran mantuk wisma sowang-sowang.
  10. Kang maido cinarita, micara sadjroning ati, sun gugu pawartanira, katon linyok ing pakarti, saking karsaning Widhi, yata na wang wade manuk, risaksana tinumbas, kang paksi binekta mulih, sinembeleh nulya wau binubutan.
  11. Angucap ing rabinira, angracika bumbu yayi, kang manuk sira pangganga, nanging sun kumbahe disik, marang prenahe warih, sarta ingsun bari anus, wus prapta ing patirtan, cucul desthar lan kulambi, ngumbah paksi sineleh aning pinggiran.
  12. Djinadjar kalawan wastra, kang siram lumebeng warih, selulupo silem ing toya, aningali ing nagari, sartane dadi estri, prawan warnane ayu, ana kakung satunggal, djinodoken laki rabi, pangraose sampun tigang ndasa warsa.
  13. Malah putrane tatiga, kang estri sampun laki, kang djalu sampun diwasa, sampuning alami-lami, pangrasanipun ugi, asiram sira silulup, timbul tumuli mentas, wangsul dadi kakung malih, satingale ing desthar kulambinira.
  14. Paksi wau kula kinumbah, maksih tetesing ingkang wawih, sampun ing ngrasuk busana, kang paksi wau cinangking, ngucap sadjroning ati, kuwasaning Hyang kang Agung, tan kaduga kawula, tan kacakra maring bumi, tebah djadjah sadalan-dalan tigapar.
  15. Sapraptanipun ing wisma, rabine dipun tuturi, wiwitan teka wekasan, rabine nulya nauri, sira iki nyaleming, pituture teka gadur, pira suwene uga, ingsun uga lagi angracik, bakal bumbu ing manuk kang dikumbah.
  16. Apa kena lembah sangar, ing dedalan sira iki, baya owah akalira, tumulya enget nguni, duk maido ing Nabi, dutaning Hyang Maha luhur, kebat nulya lumampah, nyung kemi padaning Nabi, analangsa tobat ing Nabi Mukamad.
  17. Genti wau cinarita, sakitipun abutalib, pepak pra sentananira, yata sayah abu talib, Nabi dutaning Widhi, ngandika sami amuwus, ketang pasiyanira, heh ta paman abu talib, anebuta kalimah agamaningwang.
  18. Mandjinga agamaningwang, Abu Talib anauri, paran geningsun anuta, ing agamanira iki, anak sun itik-itik, mangke gede ingsun manut, yektine ingsun merang, sasat anut lare cilik, solah tingkah ing sun iki wong wus tuwa.
  19. Nora patut kaya ingwang, melua ngadep-adepi, melu ing agamanira, Nabi duta nangis-nangis, waspanipun dres midjil, tumetes sariranipun, Abu Talib lir wong siram, meratani Abu Talib, Rasululah dahat melas mring kang paman.
  20. Ngandika sarwi karuna, heh ta paman Abu Talib, kalamun ta tuwan merang, bibisika maring mami, kawula kang anakseni, Abu Talib lon amuwus, yen ingsun wus palastra, sakarsanira prayogi, lan pendemen den kadi agamanira.
  21. Nabi Mukamad naneda, mring Allah kang Maha Suci, paneda amba ing tuwan, mugi paman Abu Talib, sinung asih Hyang Widhi, anuta ing agamaningsun, anandanga hing iman, yata parmaning Hyang Widhi, Djabrail saksana tumurun enggal.
  22. Angucap ing Nabi duta, salaming Hyang Maha Suci, dateng tuwan ya Mukamad, paman tuwan Abu Talib, tuwan kapati-pati, paman ta iman puniku, nugrahaning Pangeran, maring wong sawidji-sawidji, pinaringken djinaluk maring kawula.
  23. Dumeh iku paman tuwan, asih marang tuwan uni, tingkah kalahiran, tan kena winor ing batin, nugrahaning Hyang Widhi, iman punika ing kalbu, kendel Nabi Mukamad, nalangsa maring Hyang Widhi, Abu Talib sampun puput yuswanira.
  24. Wonten malih cinarita, sakathahe kaum kapir, nenepiking Abu Djahal, kang ginunem siyang latri, wau arsa medjahi, dumateng Baginda Rasul, tumurun iblis lanat, rupa manungsa linuwih, wong rubiyah sarwi ateteken djungkat.
  25. Sang Abu Djahal ngandika, dumateng kang wau prapti, heh tuwan pundi pinangka, kang titanya lingira ris, wong rubiyah praptapi, pitekur pucuking gunung, krana manira prapta, kawula miyarsa warti, wonten lare gelaraken kasantikan.
  26. Iku uga wong ngubatan, paksane ngungkul-ungkuli, maring wong kang tuwa-tuwa, Agung kasektene nenggih, pan susulap pan ugi, pama adja sira gugu, sumaur Abu Djahal, saur manuk sakeh kapir, ing beciking pinapasan pinatenan.
  27. Sumaur sang eblis lanat, lah iku luwih prayogi, ing wengi sira hangadanga, adja wong akeh kang dingkik, dadalane kinempit, wonten malih kang winuwus, mau Nabi Mukamad, katurunan Djabrail, sapraptane alenggah ayun-ayunan.
  28. Djabrail nulya ngucap, salaming Hyang Maha Suci, inggih dumatenga tuwan, tuwan kinen ing Hyang Widhi, kesaha saking ngriki, tuwan lolosa ing dalu, karana kinen mentar, Abu Djahal arsa prapti, karsane kakarsakna lukup ing tuwan.
  29. Yekti tuwan tan kuwawa, akathah balaning kapir, hakedik kang nandang iman, yata sampun tata sami, Abu Bakar wus cawis, Djuber Talkat datan kantun, kang tengga pasareyan, anenggih Baginda Ngali, Abu Bakar nora sah kinanthi sira.

۞۞۞ PUPUH 49 ۞۞۞
K I N A N T H I

  1. Kocapa Baginda rasul, lunga ing tengah wengi, Baginda rasul tumingal, turu djawining keri, punika kaumira, Abu Djahal kang pradjurit.
  2. Arsa nyidra Nabi rasul, karipan samya aguling, winuran dening lemah, rarahine kang aguling, yata Nabi rasululah, lumampah saka bat ngiring
  3. Winarna kapir kang turu, kang ngamping pipine kori, tinangen sang iblis lanat, mandjing subuh sami tangi, rarahine kebak lemah, iblis lanat anuturi.
  4. Mukamad wus lunga dalu, sira den wuwuri wedhi, yata wus bangun rahina, Abu Djahal sigra prapti, sartane sabalanira, Abu Djahal lingira ris.
  5. Maring ngendi paranipun, Baginda Ngali nauri, ingsun iki nora wikan, paraning Nabi dutadi, rinuru ing Abu Djahal, kocapa Nabi dutadi.
  6. Lumampah nusup wana gung, malebet guwa tumuli, akathah elenge tak saka, Abu Bakar anyumpeli, ing lenge kalawan wastra, Abu Bakar angresiki.
  7. Ing lawange guwa wau, wonten ta ula sawidji, awor lawan tarulata, sinempar nyokot tumuli, rasukan wastra Abu Bakar, katingal rentah kang getih.
  8. Ningali Baginda rasul, Abu Bakar midjet kanin, hangandika rasululah, paran Abu Bakar kanin, aturipun Abu Bakar, cinokot taksana gusti.
  9. Nabi duta lon amuwus, salah gawe ula iki, matur wau ta sang ula, karanten kawula gigit, amba arsa marik tuwan, ngambung pada tuwan gusti.
  10. Abu Bakar nora asung, leng amba dipun sumpeli, kawula wau sinempar, tumuli kawula gigit, wus telas ature ula, malebet ing leng malih.
  11. Abu Bakar mapak sampun, ing Nabi dutaning Widhi, ngulungaken tatunira, rasululah handjampeni, tatu tumulya kadi kina, Abu Bakar matur aris.
  12. Ya Nabine Hyang Agung, wonten ta pradjurit kapir, kaumipun Abu Djahal, punika kinen nututi, pradjurit wasta Sukrakah, djaran unta lawan esthi.
  13. Saktahahipun kaum satus, ngandika Nabi dutadi, adja walang galih sira, Surakah iku wong becik, saking parmaning Pangeran, lampahe Surakah nuli.
  14. Djaran unta gadjah wau, suku kelem maring bumi, sigra tumurun kang nunggang, sukune sakehe kapir, suku kelem maring lemah, Surakah hangulang-ngaling.
  15. Surakah asambat asru, ya Mukamad tobat mami, yen selameta kawula, ing sanak rabi mami, sun anut agama tuwan, yata timbul saking bumi.
  16. Surakah sakancanipun, sadaya nut agama suci, wus mulih sarowangira, Nabi duta kang winarni, yata medal saking guwa, sakabat pra samya ngiring.
  17. Pinayungan mega mendung, wong Madinah aningali, ing lampahe Nabi duta, pinayungan mega putih, samana kathah kang mapak, akathah sami ngabekti,
  18. Ing Madinah sampun rawuh, dimene Nabi dutadi, ingalap sagunging islam, winarah warah ing ngelmi, wonten malih kang kocapa, sakabat Nabi dutadi.
  19. Sahid Djabar wastanipun, ingunda radja redjadji, arsa wau pinatenan, lingipun radja redjadji, heh ta sira Sahid Djabar, sira uga nanulari,
  20. Panutaning Nabi rasul, anyalini ing agami, sapa kang manut mandjing suwarga, bramantya radja reradji, tinabuh ingkang gamelan, kang swara nyenyep pangrawit.
  21. Pun Sahit Djabar angrungu, yen tetabuhan ngrarawin, nangis kumembeng kang waspa, sang ratu redjadji angling, lah ngapaha sira mular, Sahit Djabar anauri.
  22. Pan karam tabuhan iku, sinegah panutan mami, redjadji angayat pedang, arsa tinibaken nuli, gumuyu pun Sahid Djabar, redjadji tumulya angling.
  23. Ngapaha sira gumuyu, Sahid Djabar anauri, dening ingsun luwih bekdja marga sira kang mateni, saksana nulya pinedang, Sahid Djabar angemasi.
  24. Amaca ini wadjahtu, getihipun ganda wangi, pun djadji tumulya ngucap, akeh wong kang sun pateni, nora kaya Sahid Djabar, sirah tinugel tumuli.
  25. Ing pahene matuwalu, pasamul djehulah iki, risampunipun mangkana, pun djadji payah hasakit, kadadukun lunga teka, tan marasaken kang sakit.
  26. Para Sabit ing karangkuh, wonten ta Sabit satinggil, iku sanggup marasno, winedalaken tumuli, nulya mangkya tinambanan, daging ayam den taleni.
  27. Kang tatamba kinen ngulu, sasakitnya untu mulih, dateng dagingipun ayam, tetali wau tinarik, yata katut kang satunggal, kalabang ireng ngadjrihi.
  28. Dukun Sabit lon amuwus, akathah tunggale iki, ingdjroning peteng mamangan, ing daging kalawan getih hawuwuh kalabang manak, mangan bung weteng redjadji.
  29. Saksana tumuli lampus, yata kawarnaha malih, wau ta sang Abu Djahal, sabalanipun ngulari, ing lampahe rasululah, rinuru nora kapanggih.
  30. Wus miyarsa wartanipun, yen Nabi dutaning Widhi, angungsi maring Madinah, Abu Djahal lingira ris, paya pada tinutan, kaum kures wus kinerik.
  31. Pun surak nulya rawuh, sauta djaran saesthi, Abu Djahal atetanya, sing Surakah ing pradjurit, heh kaya ngapa Surakah, genira sun kon ngulari.
  32. Anututi Nabi rasul, apa katututan margi, utawa nora kapedak, lan ta wawartane ngendi, umatur alon Surakah, Mukamad nora kapanggih.
  33. Sun djadjah sakehe dusun, miwah gunung tepis wiring, ing madinah nora nana, punika panduga mami, Mukamad adjrih ing tuwan, lunga ing nagari tebih.
  34. Abu Djahal lon amuwus, paningsun miyarsa warti, Mukamad aning Madinah, Abu Bakar kang kinanthi, paningsun iki wus tata, arsa budal anglurugi.
  35. Nenggih wonten putranipun, wau ta Ngabdul Muntalib, kang kekasih Abu Lahap, Abu Djahal kang kawarni, punika anake Hesam, sami prawiraning kalih.
  36. Hasih siniyan kalangkung, pan sanak misan sayekti, Abu Djahal Abu Lahab, rembug mangkya angklurugi, marani maring Madinah, tan anoleh ingkang wingking.

۞۞۞ PUPUH 50 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Wong Mekah kang nandang iman, sapratigan anetepi agami, asalat mandjing ing waktu, asangat denya adan, risaksana kang nama Ngumar angrungu, duk anebut rasululah, sinuwek cangkeme aglis,
  2. Tintrim wong kang nandang iman, lamun adan alon suwara aris, adjrih menawi angrungu, warnane kapir kures, lampahipun angiring Abu Djahal wau, sang Abu Djahal den iring, Abu Lahap nora kari.
  3. Ya ta sampun yun-ayunan, kaum islam kalawan kaum kapir, pernah genipang barisipun, djurang kandak Madinah, wulan sawal nuju tanggal pitu, Nabi Mukamad naneda, maring Hyang kang Maha Suci.
  4. Ya Mukamad salaming Hyang, maring tuwan pandonga tuwan ugi, pan Abu Lahap puniku, miwah ta Abu Djahal, wus pinasthi tan ana ing parmanipun, nanging ingkang nama Ngumar, tinarima tuwan ugi.
  5. Risampunipun mangkana, kaum islam barisipun sakedik, kang melu Baginda rasul, nanging wong bani bakar, sumawana wong Madinah sampun kumpul, baris aning djurang badar, angrasuk sikeping djurit.
  6. Ciri tulising bendera, ing aksara aran kalimah kalih, bendera satengahipun, unine kang aksara, nasrun mi minalah hipatkun kari bun, wabasiril mukmina, sinerang angin kumitir.
  7. Barise sang Abu djahal, pirang-pirang ewu barise kapir, kaciri benderanipun, kincir lawan camera, risaksana ing kayu dawa ucampuh, tanbuh mungsuh tanbuh rowang, kang bangke susun atindih.
  8. Kocapa kang nama Ngumar, teluk daten Nabi dutaning Widhi, anut ing sarengatipun, agama rasululah, risang Umar pradjurit tan ana purun, dadi bebantening yuda, wong kures dipun amuki.
  9. Ngamuk tameng lawan pedang, Abu Bakar ngamuk lawor lan kapir, sumawana Nabi rasul, busur panah lir udan, kaum kapir kang mati tumpang asungsun, Abu Djahal wus palastra, Abu Lahap ngemasi.
  10. Sakarine kang palastra, kaum kapir rebut paran angungsi, satengah ana kang manut, agama rasululah, para paman sautara kathah kang manut, Baginda Ambyah lan Ngabas, Ngusman Sahat lawan Sahit.
  11. Ngadul Rahman sampun Islam, sira Masngud mandjing agama suci, pinasthi dera Hyang Agung, kalebu ing sakabat, kang sadasa sinihan Baginda rasul, risampunipun mangkana, kathah kang mandjing agami.
  12. Sampuning halama-lama, hawatara wus tingang warsi, wau ta Baginda rasul, wangsul dumateng Mekah, cinarita radja Huwadjan kawuwus, ing bangkingan nagrinira, ratu kapir anekani.
  13. Hangandika rasululah, ing sakabatingsun wau hangimpi, ana ratu kapir rawuh, pada sira cawisa, cinarita kaumipun Nabi rasul, kalih welas ewu islam, ngrasuk sasikeping djurit.
  14. Prenahe goneng barisan, antarane bumi Mekah lan Kahib, jurang kunen wastanipun, kocapa ratu kopar, cinarita sang iblis lanat tumurun, ing ngarsane ratu kopar, apti sira mamarahi.
  15. Sang radja kapir tetanya, mring kang prapta pundi kayun kawingking, sang iblis lanat sumaur udjur, bisa anom bisa tuwa, barang sun cipta pan dadi.
  16. Suka sang nata Huwadjan, yen mangkana lah tuwan babotohi, gen amba prang apupuh, mengsah Nabi Mukamad, nata ing Mekah sang iblis lanat amuwus, inggih sampun sedyaning wang, sampun tuwan walang galih.
  17. Sampun campuh kang ayuda, iblis lanat wau ingkang botohi, kapir langkung purunipun, sami para sadaya, sikep pedang kapir pangamuke buru, tambuh satru rowang, pati lir babadan pancing.
  18. Nabi Mukamad anglela, kang titiyan balkedaba ngadjrihi, kang nyambut kundalinipun, nama Baginda Abas, ingkang nyekel wau sangga wedinipun, hakasih Abu Supiyan, kesisan Nabi dutadi.
  19. Malaekat tumurun samya, sami rupa ing pradjurit, sang iblis lanat lumayu, kaum kapir tumingal, saya wuwuh kathah wuwuh ingkang rawuh, nulungi Nabi Mukamad, kaum kapir sami giris.
  20. Sinesek para sakabat, Bagindanipun dudul nabrang getih, dul pakar pedang pinangku, bangke kang keli kambang, radja Huwadjan lumayu pun kaburu, kacandak sampun palastra, tumpes sakathahe kapir.
  21. Risampunipun mangkana, lami-lami Nabi dutaning Widhi, andum djarahan wastragung, miwah ta kang dunya brana, wrata kaum sadaya tan nana kantun, risampunipun mangkana, wau ta Nabi dutadi.
  22. Sampun dumateng ing Mekah, kocapa ta sampuning lami-lami, wonten ratu kapir rawuh, kekasih ratu Hedjan, ratu agung wonten malih ratu rawuh, kekasih radja Partayar, kalawanm radja Nidjasi.
  23. Miyarsi Nabi utusan, angandika dateng ing kaum miskin, paran ta ing rembugipun, sira paran kadatengan, mungsuh kopar atempuh samining ratu, umatur Baginda Ngumar, kawula ngungkul-ungkuli.
  24. Suwawi sami pinapak, ratu kopar lah pinapak ing margi, yata sami tata sampun, sakabat wus samakta, sarta lawan kaum miskin kalih ewu, yata rasululah ika, wus angrasuk ing barukti.
  25. Hasikep panah lan pedang, wus lumampah sakaum samya ngiring, tan Kawarnaha ing ngenu, sampun hayun-ayunan, risaksana wau ta Baginda rasul, asalat kalih rakaat, hanane hing Hyang Widhi.
  26. Ya ta parmaning Pangeran, Djabrail Mingkail nulya prapti, malaekat pitung ewu, kinen tetulung samya, dening Allah lir manungsa warnanipun, sami anitihi kuda, rupa pradjurit ngadjrihi.
  27. Sampun tinabuh tengara, yata sampun hukih-hingukih, samya amburu-binuru, samya along linongan, ramening prang tanbuh rowang lawan mungsuh, wong mati pating ngalempah, lir pendah babadan pancing.
  28. Kaum kapir sampun rusak, wus lumayu rebut paran angungsi, nata ing kadjan si tunduk, kalawan djabar tayar, sumawana radja Nidjasipun kumpul, hatanya ing rasululah, ya MukamaD aning ngendi.
  29. Kang tetulung maring tuwan, kaum tuwan pitung ewu pradjurit, sami amburu maringsun, ing mangke tan kapedak, angandika wau ta Baginda rasul, hiya iku malaekat, anulungi maring kami.
  30. Lah ta paran karsanira, angur ngendi islam kalawan mati, para ratu aturipun hinggih, sapenetira, dyan Nidjas singedalaken kitabipun, rerasan lan djapar tayar, kitap Toret lawan Indjil.
  31. Sadjroning kitab punika, sampun muni Toret Kawalan Indjil, wau ta ingkang kasebut, nama Nabi Mukamad, anduweni sarengat Nabi panutug, katurunan kitab Kur’an, yata kepara nerpati.
  32. Anandang agama islam, anutug ingkang sarengat Nabi murti, sang radja Nidjasi matur, kalawan djabaryar, haturipun kalawan Baginda rasul, amba aneda amin tuwan, amba arsa aprang sabil.
  33. Hanelukaken ta amba, maring para ratu manca negari, ingkang sami dereng matur, dateng sarengat tuwan, malah mandar manut Baginda rasul, hangandika rasululah, manira langkung ngamini.
  34. Wus pamit nungkemi pada, wus lumampah sabalanipun ngiring, wus iman dereng sabalanipun, sakeh nagara kopar, samya tunduk kang nora tunduk ginempur, pan saya kalunta-lunta, parek nagari ing ndjenggi.
  35. Nata ing njenggi wus miyarsa, linurugan dening radja Nidjasi, hamepek sabalanipun, abala kalih yuta, nitih kuda sarta lawan sikepipun, Nidjasi hangalih aran, aran Mukamad Nidjasi.
  36. Mukamad Nidjasi mudjar, kang saparo balanipun puniki, adja melu aprang rusuh, muliya mring nagarinira, rumaksaha sira maring nagriningsun, kalamun ingsun palastra, pama-pama mekas mami.
  37. Anakingsun djenengna, dadiya nata anggenteni ing mami, lan sebaha anakingsun, ngawulaha rasululah, lawan kopyah paringing djeng Nabi rasul, iki sira gantunga, ulon-ulon ingsun guling.
  38. Risampunipun mangkana, balanira sang Mukamad Nidjasi, kalih leksa sami ngamuk, rame campuh ing yuda, salin ungkih kang bangke tumpang sasungsun, pepati bandjar bandjaran, lir pendah sagara getih.
  39. Ratu Njenggi wus palastra, radja besah mapan sampun ngemasi, Mukamad Nidjasi lampus, tan Kawarna samana, kang kocapa wau ta Baginda rasul, kang mundur sami payudan, nagari mekah wus prapti.
  40. Ngumpulaken kaumira, ageng alit wau ta sampun prapti, hatampi dundumanipun, gene andum djarahan, wus warata sawidji tan ana kantun, apepek miskin kasiyan, sampuning halami-lami.
  41. Hakathah kang nandang iman, garwanipun Nabi duta winarni, retna Katidjah kang sepuh, seda Dewi Ngaisah, sedai malih Umik Bibah kanipun, Kapysah Djenap Maemumah, Supiyah gadah namiki.
  42. Garwanipun kang pamekas, akekasih Umi Salamah iki, putrane Nabi wewalu, pambayun namanira, Dewi Patimah sumende pangulunipun, Umi Kultum namanira, sumende Djenah nameki.
  43. Putra estri kang pamekas, akekasih Dewi Rukiyah iki, putra djalu namanipun, Raden Kasim sumAdya, Raden Ibrahim malih sumendenipun, Raden Tayip namanira Tahir kang truna pribadi.
  44. Wonten malih cinaritra, sang retna ayu Patimah kang linuwih, tan kena winarning tutur, yuning kang pasariran, miwah bektinipun mring Allah kang Agung, bektine ing yayah rena, panutane sakeh estri.
  45. Sakathah para satriya, para ratu pandita lawan mukmin, anglamar ring murtiningrum, angling retna Patimah, akrama manahipun nora sardju, yata Djabrail prapta, ing Nabi mulya angling.
  46. Hamba dinuta ing Pangeran, salaming Hyang dateng tuwan ugi, lah putra tuwan puniku, retna Dewi Patimah, pan ing mangke kinen dening Hyang kang Maha Agung, tuwan pangehena uga kalawan Baginda Ngali.
  47. Ya ta wau Nabi duta, angandika kawuwusipun manis, heh Patimah anakingsun, ing mangke nini sira, kinen kawin dening Hyang kang Maha luhur, apanggih lan pamanira, kang nama Baginda Ngali.
  48. Kang putra matur wot sekar, tan lenggana nanging hamba hanedi, sri kawin kawula suwun, risampunipun mangkana, Djabrail ingutus dening Hyang Agung, lan malaekat pitung leksa, bekta gegawan pra sami.
  49. Teturun saking suwarga, kang kumrebut miwah kang kumarincing, warna-warna kang tumurun, tinampa ing malaekat, sampun prapti, wisma ning Baginda rasul, kinarya sri kawinira, kawine Baginda Ngali.
  50. Retna Patimah tan arsa, sri kawin kang kumrabut kumarincing, angling wau kang djinaluk, ing Allahe Tangala, sakeh estri ingkang cundaka ing kakung, ing laki miwah ing Allah, ing dina ngakerat bendjing.
  51. Sinunga asung sepanggat, nyupangati ing sakehe pawestri, tinarima ing Hyang Agung yata aningkah sigra, rasululah sakabat langkung sukur, risampunipun mangkana, wonten kocapa malih.
  52. Cinarita ratu kopar, adjedjuluk radja Lahat narpati, habala samining ratu, anglir sagara bena, para ratu nitih dipangga rong ewu, miwah nitih turangga, mantri tan cilis.
  53. Baris ngara-ngara kandak, kang kocapa Nabi dutaning Widhi, amapaksa kaumipun, ingkang para sakabat, para mukmin pandita tan kena kantun, kaum islam hawetara, rong leksa angiring Nabi.
  54. Angling Baginda iki, sakit sutya nora melu angiring, lampahe Baginda rasul, sampurna yun-ayunan, Amir Ambyah wus nitih sediyu, rasululah sikep pedang, samakta lawan djemparing,
  55. Kendang gung beri sauran, tengara wong madju prang adjurit, rame denira acampuh, awor kapir lan islam, long linongan wong mati tumpang asungsun, Amir Ambyah katriwandan, kalebda ing luwang piranti.
  56. Lawan tetungganganira, kaum kapir surake wanti-wanti, kaume Baginda rasul, sakarine kang pedjah, paperange kapisah karoban mungsuh, saya nesek kaum kopar, durmane ingkang angungsi.

۞۞۞ PUPUH 51 ۞۞۞
D U R M A

  1. Nabi rasul karepotan ingayuda, sakabat kang ngampingi, yata Nabi duta, kundur saking rana, hamapak mangkya sangungsi, malebeng guwa pra sakabat angiring.
  2. Kang satengah sakabat arebut paran, tan wruh paraning Nabi, angungsi ing wana, minggah luhuring arga, ngulari Nabi dutadi, pangrasanira, Nabi duta wus sahid.
  3. Rasululah malebu ing sadjroning guwa, sigra kadal dilati, ing lolos ing tilas, miwah ta malandingan, lawang guwa den homahi, dukut kang rebah, aglis nulya atangi.
  4. Radja Lahat balane hangruru samya, guwa sampun kaeksi, wus wangsul mring djaba, cecek muni ing guwa, ginutug guwa ing kapir, nudju tumenga, mudjoni wadja gempil.
  5. Kawarnaha Baginda Ngali ning wisma, melang-melang ing galih, ingkang patetan, haloman kang punang sekar, kang manah langkung kuwatir, hada dan nulya, pun dudul den ambeni.
  6. Sang retna yu Patimah aris tatanya, wuwusipun amanis, dateng pundi tuwan, dening sikep dul pakar, pun dudul tuwan pakani, kadi punapa wartane rama mami.
  7. Baginda Ngali ngandika walahu ngalam, yata Baginda Ngali, anitih turangga, pun dudul wus samakta, sartane Baginda Ngali, ngrasuk busana, hasikepane djurit,
  8. Salaminipun dudul kala lumampah, pan dereng kacamethi, dyan sira ingangkat, pan dudul nulya wikan, talinganira den pethit, hanander nulya, lir tan angabah ing siti.
  9. Sedengipun meh prapta ing djurang kandak, hapetak Baginda Ngali, sakabat miyarsa, katha wong mukmin mapak, angandika Baginda Ngali, lah kaya paran; sartane gusti mami.
  10. Kang tinaken saure walahu alam, menawi sampun sahid, wau cinarita, Baginda Rasululah, miyarsa Baginda Ngali, saksana medal, saking guwa tumuli.
  11. Risaksana wau ta Nabi utusan, uluk salam tumuli, Ngali ngaras pada, sampunipun mangkana, hamangun yuda malih, nabuh tengara, tengaraning ngadjurit.
  12. Sampun kumpul kaume Nabi utusan, sakarine kang sahid, wonten kang sakabar, kekasih Abu Darda, tunggule atulis dikir, desthare abang, ngadjengaken biru hadi.
  13. Putranipun pun Ndjuber aran Ngabdulah, djadjar kalawan Kalit, Walitka aputra, kocapa radja Luhat, sampun amiyarsa warti, yen kaum islam, hamangun yuda malih.
  14. Radja Lahat nabuh tengaranira, kang wadya bala kapir, tan kena winilang, kadi sagara bena, sampun sami tata baris, hayun-ayunan, islam kalawan kapir.
  15. Kang tengara kendang gong muni sauran, sareng madju ing djurit, campuh ingayuda, teteg kadi butula, Baginda Ngumar ngadjrihi, tan dangu Ngumar, lir ba handaka kahanin.
  16. Sing kaparak wong kapir habubar-bubar, wangke sungsun atindih, miwah Abu Darda, lir pendah singa lodra, sira buhindi ngemasi, sakuda nira, wong kapir akeh mati.
  17. Baginda Ngali angerapaken turangga, pun dudul kadi angin, hasikep dulkapar, singa hakatadjang, kapir kathah tigas pancing, pan dudul sira, nabrang sagara getih.
  18. Radja Lahat katradjang sampun palastra, para ratu ngemasi, wadya bala kopar, lumayu rebut paran, sakarine kang ngemasi, lumayu sira, larut tan ana kari.
  19. Nabi duta kalangkung sukur ring Suksma, mukmin kang mati sahid, dipun wrating unta, binakta mring Madinah, Nabi duta ngandika ris, lah paman Ambyah, rurunen ingkang sahid.
  20. Lamun paman kunarpane tan karuwan, ing sakathahe mayit, lah sira bedela, atine tingalana, yen gede bolong kang ati, bolong sawelas, saksana den ulari.
  21. Wus kapanggih sinalataken ta enggal, malekat sami prapti, nyalataken samya pinendem gunung badar, ngandika Nabi dutadi, heh Ngali sira, lurunen mukmin kanin,
  22. Rawatana gawanen maring Madinah, miwah ing anak rabi, kang tinilar aprang, kanin tawa palastra, lakine kang sami sahid, kamulenana, mituhu Baginda Ngali.
  23. Risampuning mangkana kundur saksana, prapta kang sela panti, kathah estri prapta kang pedjah lakinira, nungkemi padane gusti, sukur sadaya, lakine mati sahid.
  24. Lunga teka ngucap sukuring Pangeran, ature para mukmin, dateng Nabi duta, lah tuwan awismaha, sampun kesah saking ngriki, penet ing Mekah, tuwan amba gendoli.
  25. Lamun tuwan awismaha ing Madinah, ing Mekah yekti sepi, mapan rasululah, timur mila ing Mekah, enggone kang utah getih, ing penet tuwan tetepi.
  26. Wong Madinah matur dateng rasululah, peneta tuwan gusti, wisma Amadinah, tuwan wisma ing Mekah, ing Madinah yekti sepi, mapan ta tuwan, kinarsaken ing Widhi.
  27. Kinen ngalih tuwan dumateng ing Madinah, kalawan duking nguni, uriping Abu Djahal, arsa ngrusak ing tuwan, Abu Bakar lingnya aris, penete tuwan, awismaha kekalih.
  28. Ing Madinah hadalema ugi tuwan, Mekah dalem gusti, satahun ning Mekah, satahun ning Madinah, Nabi hangandika aris, bener Bubakar, kasmaran wisma kalih.

۞۞۞ PUPUH 52 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Sampuning halami-lami, pandjenengane sarengat, kasusra ing bumi Mekah, sagunge para narendra, kumawula hangumat, anut ing Baginda rasul, anetepi ing agama.
  2. Sadaya sami gumusti, ing Nabi murtining djagad, linampahan sapakone, panyegahe sininggahan, sampun tular-tinular, anut ing Baginda rasul, djalu estri ta nandang iman.
  3. Sri narapati ing Mesir, anetepi ing agama, sarta lawan Sabalane, ing Ngesam pan sampun islam, miwah Bital Mukadas, ing Bustam lawan ing Ngerum, ing Yaman Babul mangkana.
  4. Tinular tular sami, geng alit sinau sastra, sarta lawan birahine, ngabekti lawan tilawat, tobata maring Pangeran, pandhita ngulama agung, pira-pira wong utama.
  5. Sami ngabekti ing Widhi, agunggung Nabi Mukamad, kalawan kula wargane, sarta lan kang sakabat, yata kang cinarita, wau ta Baginda rasul, Mukamadinil Mustapa.
  6. Midera sagunging langit, saluhuring kang buwana, tan ana memper tandinge, kang kadi Nabi Mukamad, kalamun tinulisa, kang sipat Baginda rasul, nyupangati ingkang nyerat.
  7. Yogya kawuwusa ugi, kang sipat Nabi Mukamad, Sultan ing Arab kinahot, yata mangke kawuwusa, kang pinuweng carita, kang sabda Ngali winuwus, putra Abu Talip ika.
  8. Kang siniya ing Hyang Widhi, Baginda Ngali miyarsa, saking rasul pinangkane, kang sinung rahmading Hyang, ing dunya ing akerat, hangandika Nabi rasul, sing sapa kawulaning Hyang.
  9. Kawulaning Hyang kang mukmin, anulis sasipat ingwang, yen wus tutug panulise, simpenen ing omahira, sawapipun akathah, ngedohaken setan iku, luput niyayaning radja.
  10. Yen luput bilahi malih, lepas saking penyakitnya, adoh saking cilakane, tan kena drengki ing jalma, tudju teluh tragyana, luput satrune wong iku, tan kena susuker sira.
  11. Ni tyasa tan kenah angling, dadya oleh kabecikan, salawase urip mangke, tekane tetaganira, sing sapa amacaha, gawanen simpenen iku, pada lawan munggah kadjya.
  12. Lan sasaminipun malih, madikaken wong satunggal, adoh saking durakane, sasedyane dinuluran, ngandika rasululah, lamun winacaken iku, ing wong lara aglis waras,
  13. Hingapura dosa neki, dening Hyang kang Maha mulya, kang sipat Nabi barkate, lan wonten warta Mukamad, anak Kasan punika, kinatudjon ing Hyang Agung, kang bangsa ansari ika.
  14. Saking Seh Mahpul namaki, Seh Mahpul ingkang miyarsa, saking djurerah asale, kang sinung rahmading ning Hyang, Aburerah punika, asale uni angrungu, saking Bagindas Ali ika.
  15. Ngandika Baginda Ali, kang sinung rahmad dening Hyang, kawruhana sadjatine, kahanan Nabi Mukamad, hunusane utusan, ing kang turunan wahyu, tuhu Nabi murtiningkrat.
  16. Panutug sakehe Nabi, pangulu sakeh utusan, kalawan kadadekane, prabeda saking hakathah, asale Nabi Adham, geni angin lemah banyu, Nabi rasul tan mangkana.
  17. Tuhu kang badan rukani, nyawa roh ing lapatulah, yayah sakeh nyawa kabeh, kahanane kang pi pindjya, sung supangate umat, asih ing mukmin tan surut, ing dunya rawuh ngakerat.
  18. Panutug kang bangsa Hasim, lawan bangsa Kures ika, lawan Ngarab bangsane, lan bangsa ing kraming Mekah, lan bangsa ing Madinah, lan bangsa Haptaki ika, lawan bangsa Tiyamah.
  19. Lawan kagungane Nabi, ingaranan toya djam-djam, asri ing dukuhane, iki ing Kidjam namane ika, malih kagunganira, ing tembe telaga marud, tan papada sri kawuryan.
  20. Lan malih Nabi dutadi, katurutan kitab Kur’an, lan nyalini sarengate, Nabi kang dingin sampun seda, lan sakeh djin manungsa, malekat ngayun-ayunan, nedaken rahmat sadaya.
  21. Kekasihe rama estri, Haminah sinebut ingrat, kang rama djalu wastane, Ngabdulah angsal wong Arab, anak putu ning Adham, Ibrahim turun tumurun, patut tan garwa taruna.

۞۞۞ PUPUH 53 ۞۞۞
S I N O M

  1. Sabangsa Nabi utusan, kalawan Nabi Ismail, bangsanira bangsa Ngarab, punika wuwusen malih, pasarirane Nabi, duta wau yen pinundjul, pantara nora andap, luhuripun anumusi, yen andjeneng ing wong kathah, luhur duwak.
  2. Wedana kadi sasangka, purnama kang cahya hening, rema lemes andedawan, hamireng yayah minangsi, saben rihaya kadji, aparas Baginda rasul, gumilang cahya mawang, anelahi ing sabumi, kang pamulu kadi emas tanpa huna.
  3. Alis angron ning imba, idepe tumenggeng ngrawit, djahiten netra angraras, kang sutya balut alindri, sarira kadi rukmi, kadi musna adinulu, miwah ta leringira, kadi tumetesing gendis, lamun mesem kadi mancur madu kila.
  4. Djatmika nirut prayoga, bathuke nila cendhani, lathine manggis karengat, pipine duren sadjuwing, grananipun agruwik, uwange anyangkal putung, patuta linganira, athi-athi ngudup turi, djanipun gumebyar anglir mutyara.
  5. Mangkana barenga sira, sumarebeng turas pati, miwah ta djadjenggotira, ketel alemes awilis, pandjange kawan nyari, tenggaknya helunge gadung, bau welaring widjang, pundake mradju pasthi, asta lurus alemes kadi gendewa.
  6. Wangkonge liman gumawang, tengahe amatrem kengis, sulimpet tulis ing asta, angrayung ingkang djaridji, lir sate kirang riris, kuku lir manik ing banyu, miwah kang dalamakan, gamparan pepak tulnya sri, pupu singset wentis lir pundak sinungsang.
  7. Sampeyane Nabi duta, kalih midjil cahya hening, amadangi sabuwana, pangandikanipun awis, kedik guyuning gusti, ing kathah ing esemipun, kedik sukaning ndriya, kathah wiranging Hyang Widhi, yen sasare kang djadjamang ke subawa.
  8. Suwara kadi bramara, tan pegat denipun mudji, sawungunipun anendra, tumulya aglis ngabekti, yata Nabi dutadi, tan kawalan toya wulu, lingipun Nabi duta, sarehning putraningsun iki, nora sare-sare sadjroning wardaya.
  9. Ta nana liyan mangkana, sariranipun linuwih, wangi datanpa gagonda, awor wangine kasturi, laler mencok ing Nabi, enggenipun mencok lampus mangkana rasululah, yen djawata ngalam mukmin, tigang ndina mambu gandaning suwarga.
  10. Mangkana lamun agarap, dateng sirahe bebayi, ing anak yatin mangkana, tigang ndina sirah wangi, lir gandanipun suwargi, lan malih kagunganipun, aris lare punika, lawan kagungane maleh, gening mahmud lan poudji mahmud.
  11. Kang sarira Nabi duta, tanda dutaning Hyang Widhi, ing wuri amawi serat, aksara Arab kang tulis, walikat kanan wunani, laila hailalahu, tulis walekat kiwa, haila hailalahi, Nabi duta ingaken datan prabeda.
  12. Tuhu nurbuat ting Suksma, yayah sakehe dumadi, tinurunaken pinernah, aning puser bumi, karinget lir kasturi, miwah kagungane wulu, kalih lembar gandanya, amrik saidere bumi, cahyanipun puser mancur gumawang.
  13. Tuhu gancang yen lumampah, ingutus dera Hyang Widhi, hamerangi djin manusa, angrusak sakehe kapir, pin rih anuta sami, sarengat agama rasul, ingkang bangge rinusak, linurugan kang nagari, Nabi rasul kalangkung puruding yuda.
  14. Anitih ing mangkya burak, panah sandjata tan kari, pedang lan parise pisan, tandange ngadjrihi, hingiring para mukmin, sartane sasikepipun, tuhu retnaning yuda, asoring djurit, pakoning Hyang denya aprang sabillulah,
  15. Nora no kang wayangan, pinayungan mega asri, yen udan nora kudanan, para malekat kang ngiring, rinaksa ing Hyang Widhi, kalangkung mudjidjatipun, watu bisa rerasan, wulan tumedun ing ngarsi, lan sedane daridji mancur kang toya.
  16. Bebayi bisa rerasan, sinambut ing asta Nabi, mangkana lamun tatindja, miwahta lamun aseni, datan tumiba ing bumi, lan malih Baginda rasul, ping satus kang mudjidjat, kang winudar dening Nabi, kang wudar rolas ewu kang mudjidjat.
  17. Adil yen andum djarahan, kang kumerbut kumarincing, miwah ta kang radja kaya, warata ing pekir miskin, Musapir anak yatin, datan kaliwatan sukur, pandume winaryaga, pan Nabi duta tanapti, ing sadirham datan arsa gaduhna.
  18. Nora wateg hudjubriya, sumunggah ingkang tanapti, lan malih Nabi utusan, wadjibing tigang prakawis, amanata tableh sidik, sawuwuse bener rasul, tuhu pracaya ing Suksma, nekaken unta ning Widhi, asih mukmin ananuntun wong kasasar.
  19. Mardi maring kabecikan, nyegah panggawe tan muyukti, tan pegat asung supangat, maring umate kang mukmin, lageng salat ing wengi, anglanggengaken ning wulu, luwas yen rahina, senen kemis bel puniki, cahyanipun anerus ing pitung swarga.
  20. Susure Nabi utusan, balung manyawak kinardi, kalawan papahe kurma, wateke gemi nastiti, resikan asusuci, lilima kakasihipun, kucing lan asu alas, pawestri lawan wawangi, nanging salat kang dadi telenging ndriya.
  21. Lawan asih ing datengan, ing badja kramaning gati, kang manah nora kagungan, abecik, ingkang pakarti, andap alusing budi, sakehe akal kawengku, ngapura ing kaluputan, putus angenaki ati, uluk salam datan arsa kadinginan.
  22. Lawan malih Nabi duta, kadal pinengin mateni, sami ugi melandingan, ceceg winenang mateni, malih Nabi dutadi, mokale iku tatelu, kidib kitmat kiyamat, nyidya nyingidaken derki, menangaken ing lahir malih iktiyar.
  23. Lan garwane Nabi duta, sasongas mires pati, sepuh retna ayu Katidjah, sendi Ngaisah nama ki, Umi Kabah kekasih, Kapsah Djenah, namanipun, lan Supiyah Memunah, Sodah kang sinambat wangi, kang pamekas kekasih umi Salamah.
  24. Lan kang putra Nabi duta, wawolu lan estri, pembayun Dewi Patimah, lan Dewi Kapsah kekasih, Rukiyah kang wawangi, lan nama Umi Kaltum, putra kang djalu ika, sinebut Sarip lan Sayit, pan sadaya punika seda karuna.
  25. Ibrahim ta ingkang nama, Tayib kang sinambat wangi, tan nana kang darbe putra, nanging Patimah linuwih, putra djalu kekalih, Kasan Kusen namanipun, sakabat Abu Bakar, Ngumar Ngusman Baginda Ali, mung sakawan pipilihan gula drawa.

۞۞۞ PUPUH 54 ۞۞۞
D A N D HA N G G U L A

  1. Risampunipun mangkana winarni, lami-lami Nabi dutaning Hyang, wonten Mekah lamine, anenggih seket tahun, tigang warsa tumulya lah ngalih, dumateng ing Madinah, pan sadasa tahun, lawan malih cinarita, Nabi Adham antaraning duk ing nguni, kalawan rasululah.
  2. Wolung ewu seket wolung warsi, antarane lawan Nabi Ngisa, lan rasullulah lamine, pan limang atus tahun, katurunaning Djabrail, ping rong ewu rong leksa, lan malih winuwus, wau ta Nabi utusan, waktu subuh sampune angabekti, gerah umyang tan sasareyan.
  3. Cinarita sarirane Nabi, gerah umyang tan sinebetan, yata gerah sarirane, wasiyading angelud, tan kena mangkya angabekti, Bubakar kinen bawa, salat djumungah iku, dening datan kena medal, rasululah saya sanget gerah neki, Bubakar kinen mbawa.
  4. Baginda Bubakar hasangadi, nora kena ingsun ambawaha, djumenenga ing mihrabe, saking nging tabetipun, bilal kinen maksaha ugi, yata Bubakar mentar, ambawa ing ngayun, saksana andulu cahya, medal saking mihrab cahya kadi sasi, Abu Bakar karuna.
  5. Gumeter padanipun tan sipi, datakena mangkya ambawaha, kaum samya nangis kabeh, Baginda Ngali matur, dateng mangkya Nabi dutadi, akeh maksa hasalat, pan djumungah wurung, lamun tuwan miyosa, Abu Bakar kinen bawa nora keni, sadaya samya truna.
  6. Baginda Ali matur ngasih-ngasih, lah daweg tuwan amiyasa salat, welasa kaum kaume, risaksana tumurun, rinarampa lampahe margi, tan asuwe ing marga, bilal ngangkat watu, sampune asalat sunat, mimbar kinen lah dokonana lal, inggih, kinarya palinggihan,
  7. Ya ta kutbah kinarya linggih, tan kena djeng rasul kesakitan, arum amanis swarane, cahyanipun sumunu, anelahi sadjroning masdjid, sampune tutug kutbah, bilal kamat sampun, anulya mangke ambawa, cahya medal saking pada rasul kalih, kadi sasi purnama.
  8. Bakda salat anulya nyurambi, yata lenggah pinarek sakabat, makmum sami nangis kabeh, Nabi ngandika arum, adja nangis, adja prihatin, adja sira atilar, salat limang waktu, ing bendjing supungkuringwang, adja pegat atilawat sira kaki, apuwasaha ramelan.
  9. Lawan malih sapungkuringsun bendjing, Djabrail tumurun ning ndunya, anurunaken wahyune, ing utusan amamundut, dening Allah kang Maha Sutji, pan sadaya prakara, bindjing kang pinundut, adiling para narendra, lawan malih amundut ing bumi, lan tapaning wong tuwa.
  10. Lan mundut wirange pawestri, lan mundut wirange pandita, kang miskin ngambil sukure, kang suka sugih iku, ing lomane sugih hingambil, miwah kang pekir miskin ika, sabare pinundut, lan malih amundut iman, kari wuri Kur’an punika ingambil, nora lami kiyamat.
  11. Pandjaluk ingsun ing sira sami, kalamun ta ana dukaning wang, amalesa mumpung mangke, wuwus walesan wuwus, lamun arta sira wehi, kalamun sira kena, ing pamukul ingsun, pada sira amalesa, sami seneng sakabat nulya nauri, pan tan nana kakenan,
  12. Ya ta wonten kaum kang satunggil, matur alon ngaku kadjamalan, duk perang sabil waune, hapti aneda hukum, amales mukuling Nabi, ki Kasah namanira, para kaum muwus, ingsun kang sira walesa, panggeningsun amales sarira iki, Nabi kang sun walesa.
  13. Sun wekase Nabi lan camethi, camethine Nabi kang kabekta, duk aprang sabil ingunen, Nabi ngandika arum, bilal kinen ngambil camethi, ning wismane Patimah, Baginda Ali muwus, kapan duk nyamethi sira, salamine dereng uninga kang runtik, sira kagawe udjar.
  14. Linge Nabi salah sira Ngali, adja sira angucap mangkana, menawa sira kesupen, pan djatining tumuwuh, linaleken dera Hyang Widhi, angling Hyang Djati Suksma, tan kena ing turu, tan kena lali lan pedjah, kawarnaha bilal kang ngalap camethi, ing wismane Patimah.
  15. Linge bilal gih kawula nini, pan ingutus dening rama tuwan, ngalap camethi methi den age, ni Patimah amuwus karya apa mundut camethi, baya lunga haperang, bilih ambeburu, ta asih yen mangkanaha, rama tuwan amelaku cinamethi, mangke kinira-kira.
  16. Ki kasah ngaku dipun camethi, pan ing mangke kinen amalesa, kinira-kira ing mangke, karanane puniku, pan ing tembe ngakerat bendjing, nora kinira-kira, Patimah amuwus, ingsun kang den camethiya, sun alangi larapati rama mami, ingsun kang den walesa.
  17. Salungane bilal atut wuri, yata marek dateng ramanira, apti talanga sakite, amular sarwi muwus, ingsun dera walesa kaki, lah adja ramaning wang, welas sakeh ngrungu, sami nangis lara-lara, angling kasah ingkang nora milya nangis, haptisira malesa.
  18. Heh Patimah ingsun nora apti, malesa dateng pekenira, rama tuwan sun walese, Nabi ngandika arum, adja sira nini anangis, lah adja suka cipta, ki Kasah kang ngukum, hiya iki akira-kira, bendjing tembe adja kira-kira malih, ingayudaning Suksma.
  19. Heh ki Kasah amalesa aglis, nyamethiya marang raganing wang, adja tahan-tahan maneh, ki Kasah aturipun, amba kuna tuwan camethi, tan kulambi tan wastra, Nabi mingkis gupuh, mingkis djubah lan wastra, puseripun kawingkis wau kaeksi, ingambung maca slawat.
  20. Duk ing kuna mapan tuwan angling, sapa ingkang ngaras puseringwang mandjing suwarga tembene, kinaramaken besuk, ing ngakerat mandjing yamani, iku takaran amba, ngaku tuwan pukul, Nabi ngandika ing sakabat, iki ta wong alenyok mandjing suwarga, ki Kasah mandjing suwarga.
  21. Duk tumurun mandjing ing surambi, yata djudjug wismane Ngaisah, awali-wali takdire, sadaya sami muwus, putra garwa sami anangis, kang sakabat karuna, Nabi ngandika, apisah ingsun lan sira, anakingsun Patimah adja prihatin, panggih ingsun lan sira.
  22. Balik sira neda ing Hyang Widhi, tedaken sakehe wanita, kang bekti maring lakine, antuka suwarga gung, balik sira adja prihatin, pinanggih sun lan sira, Patimah amuwus, pundi gen kapanggih amba, linge rama ing wot siratal mustakim, gensun panggih lan sira.
  23. Halami ta ingsun bendjing nini, kira-kira wolung warsa, lan wolung puluh tahune, rumaksa umatingsun, Djabrail rowange mami, lan sakehe malekat, aning wuriningsun, ingsun neda ing Pangeran, liwatena ing wot siratal mustakim, liwatena ing siksa.
  24. Tumulya ngandikaning Hyang Widhi, apa udjarira ananeda, apa ing djedjalukane, malekat sami matur, ya Pangeraningsun kang asih, ing mukmin in akerat, ing paminta ing ngulun, sakehe umat Mukamad, liwatana ing mustakim linge Hyang Widhi, lah hiya liwatena.
  25. Unggahena ing suwarga luwih, ni Patimah yen sun tan kapedak, ing mustakim upamine, adangen ning taradju, aning kono sun djenengi, humat ingsun tinimbang, yen nora ketemu, hadangen ning kal kausar, yen tan panggih adangen suwarga bendjing, ingsun andum suwarga.
  26. Ingsun panggih ibu nira nini, kalawan anak lakinira, lan sakabating sun kabeh, umatingsun akumpul, ibunira suwarga luwih, tuhu asri kawurya, pangayunanipun, risampunira mangkana, risaksana Ngidjrail wau kang prapti, neda winengan lawang.
  27. Pan ingutus ing Hyang Maha Suci, tumurun maring kekasihira, angambil nyawa lampahe yata wineling sampun, adja sira mandjingi kori, yen sira tan ingatak, lamun kinen wangsul, tumulisira wangsula, Nabi duta ing galih sampun udani, yen kinon ngambil nyawa.
  28. Aning djawi sarta neda kori, sang Ngidjrail arupa wong Arab, ageng luhur ing dedege, ulun aneda pintu, pan djumemen djawine kori, ing tanggal kalih welas, nudju sasi mulut dina isenen tahun edal, wanci endjing waktu luka mangkya prapti, Ngidjrail njaluk lawang.
  29. Rat kalanipun sare sadidik, kang sarira asawang kunarpa, amiyarsa ing swarane, ana wong djaluk pintu, angandika Nabi dutadi, Patimah tingalana, sapa djaluk pintu, Patimah nulya ambuka, satingale Patimah ebat ningali, wangsul matur ing rama.
  30. Amba ebat sung salaming kami, meh kantaka satingale kawula, kadi wong Arab warnane, dedeg pandjang turanggung, pan ing mangke maksih ning kori, ngantos parentah tuwan, Nabi ngandika rum, heh ta nini anakingwang, sira kang dadi gantilaning ati, lah sun djateni sira.
  31. Dudu iku wong Arab sayekti, hiya iku kang ngamisah-misah, ing kadang-kadang garwane, kang megataken kayun, ingkang ngalap kenak nini, iku ingkang akarya, ing sira puniku, nora andaduweni rama, putuningsun Kasan Kusen sira kaki, nora anduwe heyang.
  32. Pra sakabat lawan umat mami, iku nora tinugung panutan, Ngidjrail iku lampahe, kang ngalap nyawaningsun, heh undangen kang aning kori, saksana pinaranan, Ngidjrail malebu, marik dateng Nabiyullah, yun ayunan sapraptanipun Ngidjrail, angaturi ing salam.
  33. Salaming Hyang dateng tuwan ugi, inggih tuwan kang sinungan berkat pira-pira pasihane, dateng tuwan tan surut, Nabi duta atanya aris, punapa karya tuwan, nuruni maringsun, bilik ngambil nyawaningwang, pan sumangga, karsanipun Hyang Widhi, Ngidjrail matur lingnya.
  34. Amba kinen dening Hyang kang luwih, kinen ngambil dateng nyawa tuwan, lamun tuwan upamine, akinen amba wangsul, yekti amba wangsul tumuli, punapa karsa tuwan, dateng lampahingsun, ngandika sang adi nuta, aning ngendi wong sanaku Djabrail, lagi dateng suwarga.
  35. Sanalika pan samya prapti, Djabrail ngaturi salam, sinauran tan asuwe, Djabrail alungguh, alungguha lambungsun sanding, sarwi Nabi atetanya, apa sira weruh, yen ningalan nyawaningwang, ing lampahe Ngidjrail mangke puniki, angambil nyawa ning wang.
  36. Djabrail nulya anauri, sampun wikan pan ingsun winawarah, sabta langit tutur kabeh, amengakaken pintu, malaekat apajar sami, amapak maring tuwan, samya nganti sampun, amaesi ing suwarga, saisine amba kinen aningali, nyawisi lungguh tuwan.
  37. Nabi duta wuwuse amanis, Djabrail amba weruhana, ing umat amba polahe, bendjing sapungkuringsun, apa ana Kur’an angadji, utawa wong sembahyang, miwah ta ing besuk, puasa wulan ramelan, ngling Ngidjrail sampun tuwan walang galih, suwarga asrah ing tuwan.
  38. Amba kinen ing Hyang Maha Suci, asung dateng ing tuwan, suwarga punika kabeh, asrah ing tuwan besuk, nora asrih ing para Nabi, kasrah ing umat tuwan, lamun sampun tutug, sampun mandjing suwarga, saluwihe dinumaken para Nabi, andunming umat tuwan.
  39. Angling Nabi tuwan kinen ngambil, nyawaningwang lah tuwan ambila, lah ta sampun suwe-suwe, Ngidjrail sampun lungguh, ing iringan lambung tumuli, saksana ngambil nyawa, Nabi duta, matur, anenda ing Pangeran, tekakena saking sakathahing sakit, sampuning ngumbat amba.
  40. Tat kalane pamanda ningali, ing sakabat miwah dateng umat, dateng raine kabeh, sakabat sami matur, sami neda sukaning Nabi, yata Nabi ngandika, lah ta wekasingsun, mupakata pangawikan, mugi sira sinungana sihing Widhi, antuka kaluwihan.
  41. Anedaha sira maring Widhi, danganana saking sakitira, ing wurine sakarate, asta tengen djinundjung, tiba ing dada datan ana sari, asta kiwa tumumpang, ing luhuring pupu, kang lathi usik mangkana umat ingsun mugi ta prenaha sami, kasihana dening Hyang.
  42. Ya ta Ngidjrail ngambil tumuli, nyawanipun wus prapta ing dhadha, Nabi aririh pudjine, sahadat tan asantun, mudji nebut maring Hyang Widhi, sarwi dulu sakabat, lah den becik kantun, sakabat sami karuna, yada sami angaras padaning gusti, aneda pangapura.
  43. Pra malaekat sadaya wus prapti, pitung langit mapan sami mapak, kang mukarab pepak kabeh, sabebekelanipun, sabebekelan pitung leksa, angebeki ing wiyat, andulur tumurun praptane apathan-pathan, sampun menga sakeh lawang suwargi, widadari ngabosan.
  44. Wus pinundut nyawa tan asari, wus pinundut dumateng ngawiyat, sakehe nyawa nangis kabeh, cahyanipun sumunu, yata nerusing pitung bumi, lawan pitung akasa, djagat kebek sampun, sami kasenena cahya, nyawa rasul tansah kahanan djati, sampun manggih ing ngaras,
  45. Para sakabat sadaya ningali, dateng cahya duk minggah ing wiyat, yata sami nangis kabeh, sasambate mlas ayun, nora lawas ing dunya iki, puwara tuwan tilar, paran polahingsun, sapa ingkang pitutura, sapa ingkang madangna ati mami, sapa ingkang muruka.
  46. Sampun sirep sahe kang nangis, saisene wau wismanira, Bubakar tan mbuh polahe, pan nangisipun asru, sasambate amelas asih, Ngumar kalawan Ngusman, nangis amlas ayun, Baginda Ngali sesambat, waduh gusti sapa kang muruki kami, sapa asih maringwang.
  47. Ngaisah lawan Patimah nangis, kayu watu miwah sasuketan, sato kewan nangis kabeh, kang bumi langit mutun, arum sari sami anangis, pan sami prihatinan, salire tumuwuh, sami nangis lara-lara pan pinetek kalih dinten kalih wengi, seseg wong asalat.
  48. Malaekat ingkang pitung langit, nyalataken ing nyawa Mukamad, datan ana ing selane, dina rebo sinambut, maring lawang sesek kang ngiring, tan kawarna samana, Madinah kinubur wus mundur maca selawat, ingkang yuswa ing ndunya Nabi dutadi, sawidak warsa tiga.
  49. Ing sak wingking Nabiyulah edjing, ing Madinah djumeneng kalilah, Abu Bakar gegantine, ing djumungah akumpul, Abu Bakar lingipun aris, ingsun dadi kalipah, poma sira iku, kang sun parlokaken hiya, maring sira limang prakara, kang wadjib, pama sira brangtiya.

۞۞۞ PUPUH 55 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Sahadat kalimah kalih, pinda djenengaken salat, aweh jakat ping tigane, ping pat puwasa ramelan, lan kadji ping lima, kang kuwasa ing delanggu, yen nora ngidepa sira.
  2. Wenang sira den pateni, sarta kalal hartanira, wus misuwur parentahe, cinarita sampun seda, kagentenan kalipah, Baginda Ngumar alungguh, djumeneng mangkya kalipah.
  3. Anetepaken agami, hasanget parentahira, dumateng kaum-kaume, cinarita gadah putra, abagus warnanira, djinah lan anake djuud, wus katur Baginda Ngumar.
  4. Yen kang putra lambang sari, ingukumaken kang putra, satus pukulan ukume, ingukumaken ta hiya, sambate amelas arsa, nangis-nangis neda banyu, angling nora sinung toya.
  5. Pamukule wali-wali; duk sangang ndasa pukulan, tumulya pedjah putrane ngandika Baginda Ngumar, djisime anakingwang, pukulen djangkep ping satus, wus genep saukumira.
  6. Wus pinendem punang mayit, kocapa Baginda Ngumar, ing dalu sira asare, supena ningali putra, kapanggih ing suwarga, kang putra alon amuwus, heh rama atur kawula.
  7. Karanten amba puniki, pinandjinaken suwarga, dening tuwan ngukum mangke, dateng ing dosa kawula, genep satus pukulan, Baginda Ngumar wus wungu, langkung sukur ing Pangeran.
  8. Sampune alami-lami, pralena Baginda Ngumar, Baginda Ngusman gantine, ingkang djumeneng kalipah, yata Baginda Ngusman, cinarita gentine, kalipah wus ginentenan.
  9. Dumateng Baginda Ngali, keringane parang muka, Baginda Ngali djenenge, kang tinari-tari nira, dening Ngali kalipah, nenggih garwa Nabi rasul, kekasih Umi Salamah.
  10. Kacatur Baginda Ngali, ing wau sampun paputra, akekah Kasan Kusen, patutan Dewi Patimah, cahyanipun gumawang, adjrih dateng yayah ibu, tur bekti dateng Pangeran,
  11. Kocapa kang nama Yadjid, anakipun Maha Ppiyah, dipun lulut ing Hyang Manon, djumeneng ratu ing Ngesam, sinugih dunya brana, kathah mitra karuhipun, para ratu nusantara.
  12. Maha wiyah mituturi, dumateng ing putranira, genira djumeng katong, yektine nora yuwana, yen isih macaning Hyang, pama-pama anakingsun, adja ngrusak gustinira.
  13. Anak putu rasul ugi, pralena pun Mahawiyah, Yadjid angumbar napsune, arsa sira matenana, Baginda mursala, miguna pawestri ayu, ingopahan sampun winekas.
  14. Sineleh ing wana nuli, binekta sawismanira, pinadjang pati lemane, rumadja putri Ngahesam, sarta panganggenira, yata wonten kang winuwus, akekasih Ngabdul Rahman.
  15. Kinasiyan dening Ngali, sinedahaning rareksan, kuda pandudul arane, bendjing Ngabdul Rahman nulya, angon mring ara-ara, ningali wisma abagus, yata nulya pinaranan.
  16. Sapraptanipun ningali, Ngabdul Rahman tanpa ngucap, leng-leng kagiwang manahe, wanita, alandep semunira, wanita ayu tinantun, kang tinari lon angucap.
  17. Yen sanggup djalukan mami, sun gelem sira alapa, sun djaluk pada mangke, samangsane kalakona, lah sira patenana, Baginda Ngali puniku, yen Baginda Ngali pedjah.
  18. Marga sira kang mateni, ingsun pasrah raga djiwa, ki Ngabdul Rahman saure, yen saestu saudjarira, sun sanggup matenana, ing Baginda Ngali iku, Ngabdul Rahman mulih sira.
  19. Saking takdiring Hyang Widhi, ing Baginda Ngali salat, ing masjid bekta sekine, asale sekin punika, amanggih duk ing kuna, sinimpen salaminipun, mangke sekine binakta.
  20. Asalat sekin sinanding, cinarita Ngabdul Rahman, mring masdjid alon lampahe, mulat Baginda Ali salat, sarwi ananding pedang, Baginda Ngali hasudjud, Ngabdul Rahman nyandak pedang.
  21. Ginorok Baginda Ngali, djaganya ludira muncar, nebaki pasalatane, ki Ngabdul Rahman kewedan, agulung djro kelasa, angiwa prenahe gulung, asamar djrone gulungan.
  22. Ngadul Rahman wus apanggih, djroning gulungan kelasa, Ngabdul Rahman wus pinaten, Baginda Ngali palastra, sampun sira dinuran, pan sinalataken sampun, nulyarsa kinubur enggal.
  23. Lawang astana kinunci, tan kena mangkya binuka, kewedan djuru kuncine, karane ika mangkana, Baginda Ali duk ing nguna, sasatron lan bumi iku, Baginda kasan ngandika.
  24. Rumiyin rama mameling, yen ingsun bendjing palastra, yen mineb lawang kukuncen, yen binuka nora kena, lah ingsun talenana, lan djaraningsun sidudul, umbaren saparan nira.
  25. Risaksana linekasi, sawelinge duk agesang, pun dudul nander lampahe, malebu djroning guwa, cinarita pan musna, ilang sarta guwanipun, sampune alama-lama.
  26. Ing Mekah Madinah tintrim, kadi pradja dadi wana, wonten gentini raos, sri narendra Yadjid Ngesam, anayub andrawina, tatabuan siyang dalu, adatangaken kasukan.
  27. Wonten kawuwusa malih, wonten pawestri utama, retna Sri Banun wastane, agung satriya lelamar, nanging tan arsa krama, amomong sariranipun, tetep pangabektinira.
  28. Sang Abu Rerah kawarni, dinuta Yadjid cilaka, ing marga kapapak Kusen, saksana Kusen tetanya, dumateng Abu Rerah, kang tinaken nulya muwus, dinuta Yadjid ing Ngesam.
  29. Amba kinen ngraosi, dateng Sri Banun punika, lingipun Baginda Kusen, hiya ingsun maksa udjar, kang dingin salaming wang, upamine yen Sri Banun, yen arsa manira arsa.
  30. Sang Abu Rerah kawarni, Sri Banun tinari nulya, Sang Abu Rerah ature, kadi pundi karsa ing tuwan, yYdjid arsa ing tuwan, Sri Banun kendel tan muwus, semune anampik karsa.
  31. Abu Rerah muwus aris, ing wau amba kapapak, dumateng Baginda Kusen, mameling nari ndika, inggih arsa ing tuwan, samana mesem Sri Banun, asang krip pangucapira.
  32. Ingsun dereng arsa krami, Abu Rerah lah matura, hiya Yadjid miwah Kusen, Abu Rerah wus pamitan, tan kawarna turira, kocapa Sri Retna Banun, utusan ngaturi serat.
  33. Kang dinuta sampun prapti, angaturaken nawala, tinampan Baginda Kusen, aksara tinulis pudak, binuka amrik sumyar, amlas asih ungelipun, punika ungeling surat.
  34. Sri Banun ngaturi tulis, kang dingin bekti kawula, katur Baginda Kusen, sampunira bakti kawula, kalamu amba tuwan, amipil wong kawlas ayun, mugi tuwan katurana.
  35. Baginda Kusen tumuli, lumampah ing wismanira, tan kawarna lampahe wus prapta ingayun-ayunan, sampun sami raosan, Kusen kalawan Sri Banun, kocapa sampun aningkah.
  36. Kalangkung sinihan kalih, cinarita Abu Rerah, dinuta Yadjid sang katong, tan kawarnaha ing marga, wus prapta Abu Rerah, aningali ing Sri Banun, sampun mangkya pala krama.
  37. Kalawan Kusen wus panggih, wangsul mangkya Au Rerah, matur dateng ing sang katong, tinutur sapolahira, Yadjid wau bramantya, engit ing wawelingipun, mangawiyah ramanira.
  38. Punika ingkang waweling, adja sira angrerusak, maring gustinira dewe, pama-pama anakingwang, wekasipun ning sira, adja ngrusak anak putu, rasululah kang mustapa.
  39. Sampuning alami-lami, sampun takdiring Pangeran, Yadjid anggagas manahe, hapta mangkya angrusaka, Baginda Kusen ika, denya panggih lan Sri Banun, samana Kusen ingarah.
  40. Sang Yadjid cilaka nuli, lumampah sabalanira, asikep ing satunggangane, tan kawarnaha ing marga, lampahipun samana, ing Madinah sampun rawuh, amondok ing ara-ara.
  41. Ratu Kupah kang kawarni, hapti magkya atulunga, dumateng Baginda Kusen, sangguh sira ngukuhana, angungsiya ing kupah, anak putu Nabi rasul, kinukuhan ing srinata.

۞۞۞ PUPUH 56 ۞۞۞
S I N O M

  1. Anulya Yadjid cilaka, ratu Kupah den rudani, ing arta dunya brana, kang kumerbut kumarincing, dimot ing unta sami, rurubanipun lumintu, sinungken radja Kupah, wekasan kagimir, radja Kupah kagiwang radja brang.
  2. Baginda Kusen lumampah, wong Madinah sami ngiring, arsa dumateng ing Kupah, wonten kapapak ing margi, wong Kupah awarti, yen radja Kupah puniku, kagiwang ing ruruba, ing mangke tumut Yadjid, pan Baginda Kusen kandeg ngara-ara.
  3. Kinepung kinandang-kandang, kekayon taya atebih, pasiten wedi apanas, tan dahar tan nginum warih, melarat tan sinipi, wau ta kathahhe kaum, balanipun Baginda, Kusen prasamya prihatin, djuritipun kapayahan dening toya.
  4. Wong Madinah karepotan, kasoranipun djurit, Baginda Kusen pralena, sawadya balanya sahid, ing mukaram kang sasi, neggih tanggal ping sepuluh, angling Umi Salamah, ing pawonganipun sami, dipun kadi sira olah raratengan.
  5. Wedi karikil lan sela, wadahana ing kuwali, tutupana genenana, dimene enak kang ati, kang mendem putu mami, linekasan tan asantun, kang mendem wau prapta, binuka ingkang kuwali, takdiring Hyang dadi bubur warna lima.
  6. Samana ta cinarita, sakarine ingkang sahid, gunge arya ing Madinah, Sribahun Djenal Abidin, punika pan giniring, Umi Salamah tan asantun, binoyongan sadaya, wau dening ratu Yadjadjid, cinarita sampuning alama-lama.
  7. Djenal Abidin ta hiya, pan winardi dening Yadjid, kinen kutbah ing djumungah, amungela sang ratu Yadjid, yata Djenal Abidin, pan sampun pinacuh-pacuh, yata dina djumungah, akutbah Djenal Abidin, djroning kutbah angliraken ing wawekas.
  8. Sasampuning sira kutbah, wau ta Djenal Abidin, kalangkung linarak-larak, den kamawu den latengi, tinarungku tumuli, kalangkung kawlas ayun, saben dina djumungah, winedalaken winardi, ratu Yadjid mungel sadjroning kutbah.
  9. Djenal Abidin akutbah, kang suwara arum maamanis, wekase Yadjid cilaka, djroning kutbah nira muni, Yadjid duka tan sipi, Djenal Abidin wus mantuk, bakda salat djumungah, wau ta djenal abidin, linarak kalangkung siyasatira.
  10. Pinacuh ingayam-mayam, yen tan ngidepa ing Yadjid, arsa wau pinedjahan, Djenal Abidin tan gingsir, pancere iman suci, ngimbuh cahya amancur, wau ta kang kocapa, kang garwa Nabi dutadi, nenggih ingkang nama Umi Salamah,
  11. Kalangkung ing welasira, ing buyut sinakit-sakit, rinangkul-rangkul kang wayah, aduh buyutingsun kaki, temahan sira kaki, pinalara buyutingsun, dening Yadjid cilaka, teka ungelana kaki, adja lawan amuwuhi ing aksara.
  12. Kang wayah matur wot sekar, ing eyang Djenal Abidin, pan amba palangur pedjah, pinten dangune wong mati, ingkang eyang anangis, aduh nyawa buyutingsun, yen sira mangkana sira, atut udjarira kaki, ana uga wawenange ing kawula.
  13. Ingkang anulak malarat, kang nulak sapangat Nabi, ingsun dewe kang anonggo, duraka maring Hyang Widhi, tan betah sun ningali, ketang sira welas ingsun, paran tra polah ingwang, samana djumungah malih, yata umi salamah wau seneta.
  14. Wonten sangadaping mimbar, angucap sang ratu yadjid, pan suka Yadjid cilaka, mungele kutbah kang nami, tiniruwa ing kapir mimbar rupekena iku, mawiya garobogan, sinamiran aling-aling, enggenipun siluman umi salamah.
  15. Risampunipun mangkana, Umi Salamah anulis, tan ana wong wikana, sampune tutug tinulis, tumulya animbali, ing ameng-ameng nganipun, Baginda Ngali kina, edjin punika gumusti, risampuning maleksat maring gagana.
  16. Maring nagara djerak, cinarita duking nguni, sang nata Ngadjerak punika, kang putra Baginda Ngali, patutan saking edjim, kura isin namanipun, kang putra Amir Ambyah, patutan kang saking edjin, putri Ngadjrak kekasih Dewi Asmaya.
  17. Yata wau cinarita, Mukamad Napiyah neggih, ratu agung tanpa sama, marentah sagunge edjin, tuhu ratu pradjurit, sineba ing balanipun, bakda salat djumungah, sang nata nulya nyarambi, cinarita kalangan utusan praptra.
  18. Sartane mundi nawala, sarta tawan-tawan tangis, nungkemi ngaraspada, sampun katur punang tulis, tinampan tan asari, winaca sinukming kalbu, pangaksane surat, surate Djebnal Abidin, sarta bekti katura dateng kang paman.
  19. Sri nara pati ing Ngadrak, Mukamad Dapiyah neggih, sampune bekti kawula, wiyose suka udani, pan Madinah ing mangkin, rineksa nata ing Ngesam, Yadjid cilaka narpati, pan puniku anakipun ki Samiyah.
  20. Dahad pun Yadjid angresak, ing tata kang dingin-dingin, anak putu rasullulah, pan rinusak dening Yadjid, rama panduka kanga Ali, punika pan sampun lampus, uwo Kasan Palastra, mangga racinupun Yadjid, rama amba Kusen Sahid ingalapa.
  21. Yen paman anulunga, sintene kang welas mami, kawula boten kuwawa, linalara siyang ratri, ing Madinah prasami, binoyong tan wonten kantun, eyang Umi Salamah, kalangkung kawelas asih, ngadjeng sihing pitulungan djengandika.
  22. Dening sang Yadjid cilaka, pitenahipun nglangkungi, angangge sawenang-wenang, siyasate melarati, kawula tan kuwawai, duh paman aneda tulung, sampuning maca surat, kanggeng aniba tan sipi, heh Mukamad Napiyah sanget kantaka.
  23. Putra saking ing Madirda, Ibrahim sadar ningali, ing rayinipun kantaka, sak sana mangkat tumuli, mring Madinah dingin, sabalanipun tut pungkur, malesat ngawang-awang, ratu tatiga nyarengi, sawahana sasikeping ingayuda.
  24. Kocapa Yadjid cilaka, sampun miharsa pawarti, wus tata sabalaniri, pirang-pirang yuta kethi, sasikeping ngadjurit, yata djin punika rawuh, bala saking Madirda, sami adarat lir djalmi, kang satengah ning luhur sikep bebalang.
  25. Sampun acampuh kang yuda, balane sang Yadjid, gumuruh geger puyengan, balange edjin lir riris, watu wedi karikil, munsuh tan nana kadulu, bala Yadjid cilaka, mara mati mundur kanin, angunduri matur Yadjid cilaka.
  26. Wus katur sapolahira, dukane Yadjid tan sipi, saksana nulya amasang, mung selat asale huni, wuruka yayah dingin, dyan siniwer wewengkunipun, temu kang djanur denta, muselat sampun rinakit, bala Yadjid sadaya ing andakat sura.
  27. Sarta lawan paekan, bala Madirda miyarsi, sinurak ambal-ambalan, bala edjin ngepung wani, ana darat lir djanmi, ana ngawang lampahipun, arsa anamber samya, tan kuwasa angungkuli, sami niba saking tawang kadi warsa.
  28. Tan kena angungkulana, sawengone djanur kuning, balane Yadjid cilaka, pirang-pirang yuta kethi, lir sulung lebu geni, ingkang mara-mara runtuh, yata bala madirda, mundur lumayu angungsi, bala Yadjid pepekan arsa mundura.

۞۞۞ PUPUH 57 ۞۞۞
D U R M A

  1. Kawarnaha kang wonten nagari Ngadjrak, sareng wau anglilir, denira kantaka, Mukamad Napiyah, anulya bende pribadi, gumerwurahan, pepek sakeh bala edjin.
  2. Pitung yuta cacahe bala satriya; sampunya pepak baris, anglir gerah kapat, angebeki ing tawang, sarta sasikeping djurid, nitih wahana, tandange angadjrihi.
  3. Anitih ing kuda idjo nata ing Ngadjrak, sabuwana ning djurit, kadi daru kontar, Mukamad Anapiyah, samarga duka tan sipi, kadi ageya, panggih ya ratu Yadjid.
  4. Tan kawarna ing marga pan sampun prapta, tapel wates ngungkuli, yata katingalan, peteng ing awang-awang, ing sakehe djin kang dingin, ratu tatiga, mapak kang wau prapti.
  5. Seh Mukamad Nabiyah sampun anglayang, ing daratan wus prapti, apanggih saksana, lawan Ibrahim sadar, sang arga tan kena keri, mangya ing sutanya, sampun sami kapanggih.
  6. Wus tinutur sapolahipun ngayuda, saya duka tan sipi, djadja lir sinecang, wedana lir dahana, talingan kadi sinebit, nyamethi kuda, prating barisan Yadjid.
  7. Ngungkal pedang seh Mukamad Anapiyah, ngling rupane Yadjid, lah sira pedanga, kembulana ta ingwang, surak sakathahe edjin, tawang gumerah, awor kang aning siti.
  8. Apuyengan kadi gabah inginteran, sabalanira Yadjid, ingkang tinarajang pan tumpes sabarisa, lir pendah sagara getih, wangke kumambang, tutumpesan pra sami.
  9. Yadjid cilaka wau ta ingularan, nanging dereng kapanggih, wau kawarnaha, sira Yadjid cilaka, kalangkung denira adjrih, wau tumingal, ing tandange ngadjurit.
  10. Ingkang nama Seh Mukamad Anapiyah, langkung denipun giri, sang Yadjid cilaka, sampun ngrasuk bawana, kapabrone den ulapi, sampun amindo, awor kawula alit.
  11. Mukamad Anapiyah pegel kang manah, dening kapanggih, sang Yadjid cilaka, adangu latan, wekasan nora kapanggih, pegel kang manah, anelasken ing budhi.
  12. Sarupane wong sadaya ingamukan, kang aning djroning baris, tumpes sadaya, mangka Yadjid cilaka, anibaha wor lan mayid, dyan kauningan, gening amurwani.
  13. Nulya pinedang tugel Yadjid cilaka, risampuning ngemasi, sang Yadjid cilaka, lan sakatahahe bala, tumpes pedjah den puniki, sirna payudan, herop sagara getih.
  14. Mukamad Anapiyah ingkang kawarna, kabendon ing Hyang Widhi, andikaning Suksma, apakarane hiya, kawulaningsun puniki, kang nora dosa, karampat den pateni.
  15. Cinarita wau Mukamad Anapiyah, sinelek guwa gaib, bendjang linuwaran, turuning Nabi Ngisa, kocapa Djenal Abidin, djumeneng nata, Madinah langkung brangti.

۞۞۞ PUPUH 58 ۞۞۞
A S M A R A N D A N A

  1. Dawane carita malih, Djenal Abidin paputra, pun Djenal Lalim namane, Djenal Lalim apaputra, hawasta djenal kubra, djenal kubra asasunu, djenal kubra apeputra.
  2. Lan Djenal Kusen puniki, paputra Mahmudil ………………………….. Djenal Kubra putrane, wasta Djumadil Kubra, yata kang cinarita Djumadil Kubra iku punika paputra tatiga.
  3. ……………………………… ki, sendi Ibrahim Asmara, pawestri kang Wuryan ………………………. estri punika, sampun apala krama, kambil garwa Iskak kocapa.
  4. Wontening pasenaga ………………………., mandjing islam nata ing pase, kocap Ibrahim, Asmara, lumampah dateng Cempa, sang radja Cempa winuwus anggadah putra tatiga.
  5. Pawestri ingkang kakalih, kang djalu wurugilira, ratu kapir sabalane, ratu gung istidjratira, kedepe wadyanira, putri Cempa ingkang sepuh, punika sampun akrama,
  6. Ingambil garwa nerpati, Brawidjaya Madjalengka, kalangkung sihe sang katong, kocapa Ibrahim Asmara, prapteng nagari Cempa, ing ngarsanipun sang prabu, wus lenggah ayun-ayunan.
  7. Ngandika srinara pati, dateng Ibrahim Asmara, druwis pundi pinangkane, ing pundi wingking kaharsa, lan sapa namanira, Ibrahim Asmara amuwus, saking tulen asalinwang.
  8. Ibrahim Asmara ran mami, yen dening lampah kawula, hapapanggih ing sang katong, lamun sembadaha uga, lan karsane sang nata, mandjing islam sang prabu, anuta ingkang sarengat.
  9. Nabi Mukamad minurti dutaning Allah ………….. kang mangkya sang katong, tamyun ingsun …………. manuta, ing pituturira ……… sira kami purun, …………. lah druwis sira lungaha.
  10. Mukamad minurti, ……………. aneneda ing Pangeran, tinarima dene Hyang Maha geng, ………………. pasakitan tan lami nulya seda, kagentenan ………….. djangkep satengah warsa.
  11. Mulana iki miyarsa …………… putri cempa seda, kagentenan dateng putrane, …………….. saksana………….. nagari cempa, tan kawarna ing ngenu, prapta nagari ing cempa.
  12. Sampun katur ing narpati, yen ana mulana prapta, nagandika mandjing kadaton, wus lenggah ayun-ayunan, mulana lawan nata, ngandika mangkya sang prabu, dateng Ibrahim Asmara.
  13. Ing pundi kayun kawingking, lan sapa sinten sinambat, ngling mulana saking tulen, nama Ibrahim Asmara, dening lampah kawula, yen sembadaha pukulun, mituturi ing sang nata.
  14. Penete sri Narapati, sampun anembah ing brahala, nebuta mangkya sang katong, ing laila hailalah, Mukamad dararusulah, saking parmaning Hyang Agung, sang nata ngidep agama.
  15. Ingundangan sanagari, wong ing desa myang ing kutha, gede cilik lanang wadon, miwah kang mantri punggawa, kang satriya sentana, sadaya angidep sampun, ing wuruking sang pandita.
  16. Wus mandjing agama suci, nagari cempa sadaya, brahala rinusak kabeh, ginempur dera sang nata, nenggih sang nata ing Cempa, hasanget ngibadahipun, akarya masjid sang nata.
  17. Ya ta sang aputri adhi, sadereke nata ing Cempa, pinanggehken sang lir sinom, lawan Ibrahim Asmara, tuhu sri nara nata, kalangkung pamulenipun, dateng Ibrahim Asmara,
  18. Kasru serah kaloking bumi, warnanipun putri Cempa, asalin-salin warnane, salin ping pitu sadina, miwah pakaryanira, samining estri pinundjul, pendah lir djin kamanungsan.
  19. Aruntut laki rabi, kalangkung bekti ing priya, bekti dateng Pangerane, langkung kasabaran nira, miwah ta dananira, lir toya mili sang ayu, tan ana ingkang kuciwa.
  20. Sampuning halami-lami, yata puputra titiga, putra kang sepuh namane, anenggih Radja Pandhita, sendi Pangeran Rahmad, pawestri ingkang warudju, Dewi Djuneb wastanira.
  21. Sampun winuruk sang adji, wus bangkiting kitab Kur’an, tuhu landep grahitane, usul pekik wus utama, sarta lampah pisan, wonten gentining winuwus, Brawidjaya Madjalengka.
  22. Amuter sanusa Djawi, marentah tanah sabrang, kumawula ing sang katong, atur upekti sadaya, dateng srinara nata, brawidjaya madjalangu, wonten rasaksi kocapa.
  23. Raro sanak djalu estri, praptapi sami nyiluman, ratune wawelek kabeh, raseksi ingkang wanudya, ambebana pinudya, dumateng sanake kakung, tinarima pudjanira.
  24. Dadi manungsa pawestri, kalintang yune wanudya, angunggahi ing sang katong, Brawidjaya Madjalengka, samana wus tinampan, kalangkung sihe sang prabu, malah wus nyidam kamoran.
  25. Sampuning alami-lami, kapingin gecok mentah, tinurutan sakarepe, sinungan gegecok mentah, angrik tur djatha gimbal, merang tumulya lumayu, musna datan katingalan,
  26. Sampune alami-lami, awawrat sampun sangang wulan, alahir djalu putrane, abagus rupa manungsa, padang sadjronning guwa, pun damar kakasihipun, saya ageng Arya Damar.
  27. Ngawula ing Madjapahit, akathah kasaktenira, pan kandel pangawulane, sinung lenggah sang nata, kakasih Arya Damar, sinihan djumeneng ratu, ing sabrang tanah Palembang.
  28. Sampuning alami-lami, Brawidjaya Madjalengka, asakit lumpuh sang katong, udjare wasi djadjagan, tan waras ring husada, nanging ta usadanipun, sakite sri nara nata.
  29. Nganggeya wong wadon kuning, samana wus linampahan, wong wadon kuning hingangge, Brawidjaya manuli mulya, wadon kuning punika, wawrat djangkep sasinipun, miyos djalu putranira.
  30. Kang langkung merang narpati, Brawidjaya Madjalengka, winedalaken putrane, tinitipaken ning desa, dening pun buruh sawah, saya ageng putranipun, kakasih Bondan Kadjawan.
  31. Sampuning alami-lami, wau ta Bondhan Kedjawan, tinipipaken ki Gedhe, Tarub ingalehken aran, Lembu Peteng kang nama, wusira ingambil mantu, inggih ki Gedhe Tarubira.
  32. Sampuning alami-lami, Lembu Peteng dahat mera, a bentur kasutapane, sri nata Brawidjaya, aning sadjroning pura, rerasan lan garwanipun, kang saking nagari Cempa,
  33. Miyarsaken kang pawarti, saking prameswarinira, yen dulur sang lir sinom, kang kantun wontening Cempa, pinundjul ayunira, sadina salin ping pitu, Brawidjaya kawokan.
  34. Kapencut tuturing yayi, saksana mangkya utusan, pan amundhut sang lir sinom, ing sang putri adhi Cempa, yata ingkang dinuta, mantri kapracaya ing ratu, kekasih Arya Bebangah.
  35. Putra randa randu gunting, kawula ingkang kawarga, wus wineling ing sang katong, lampahe sang Arya Bangah, tan kawarna ing marga, ing Cempa pan sampun rawuh, utusan miyarsa warta.
  36. Sang putri sampun akrami, tole Ibrahim Asmara, pan mulana saking tolen, angowahi ing agama, ing Cempa mandjing islam, sang Arya Bangah gagetun, angrasa tan angsal karya.
  37. Ketang welinge narpati, Brawidjaya Madjalengka, saking bangkite kinongkon, angowahi ing wawekas, wus katur ing sang nata, duta ing ngandikan sampun, malebeting dalem pura.
  38. Lingipun sang nara pati, dumateng sang Arya Bangah, paran utusan lampahe, duta matur awot sekar, inggih patik bathara, ingutusan dera sang Prabu, Brawidjaya Madjalengka.
  39. Sarta lawan prameswari, ingutusan marik ing tuwan, inggih anglawat wiyose, dumateng paduka nata, sedane rama nata, dahat nata ing Madjalangu, kalangkung pangungunira.
  40. Sampuning mangkana nuli, duta wau pinaringan, pinangadeg ing pangangge, sang nata Cempa ngandika, pan kikirimanira, gagelang lawan kakalung, saradja kaputrenira.
  41. Aturna prameswari, kakang mbok Madjalengka, tinanggapan kikirime, duta sampun apamit, midjil saking djro pura, Arya Babangah lumaku, tan kawarna ning marga.
  42. Sampun prapta ing Madjapahit, lampahe Arya Babangah, dumarodjok madjing kadaton, ingawe dera sang nata, duta gupuh mring ngarsa, yata matur awot santun, patik bra lampah kawula.
  43. Tiwastan angsal pakardi, putri Cempa sampun krama, panggih tiyang saking tulen, nama Ibrahim Asmara, sampun putra titiga, nanging kawula sang prabu, neng Cempa ngaken dinuta.
  44. Anglelawat sri bupati, ing Cempa sampun pralena, kalawan kaping kalihe, ngestreni rayi paduka, genti ramadji seda, yata Brawidjaya muwus, lah sukur prayoga.
  45. Duta ngaturaken pakirim, saking sang nata ing Cempa, angaturken sang lir sinom, prameswari sri narendra, radja kaputrenira, ngandika mangkya sang Prabu, Brawidjaya Madjalengka.
  46. Lah aturena pribadi, dateng yayi prameswara, pakiriman radja kaputren, nanging adja matur sira, ramadji Cempa seda, ya pama pamekasingsun, matura saking pungkuran.

۞۞۞ PUPUH 59 ۞۞۞
P A N G K U R

  1. Sigra kang duta lumampah, mring kaputren ngaturaken pangirim, sinung tinanggapan sampun, sareng sang putri mulat, kang kakirim gagelang lawan kakalung, sang puwan andjrit karuna, aniba gulungan siti.
  2. Kaget sakehe pawongan, sami andjrit angrangkul ing sang putri, djro pura baris gumuruh, langkung duka sang nata, pandugane sang duta kang matur, sang duta hangayam-ayam, sang nata malebu ing puri.
  3. Ataken ing prameswari, paran maranira yayi anangis, lingipun sang murti ningrum, rama dji Cempa seda, angandika sang nata sapa kang matur, kang asung wikan ning sira, rama dji Cempa ngemasi.
  4. Prameswari angandika, boten woten kang sun wikan ing kami, tanda rama Cempa lampus, pakiriman saking Cempa, ingkang warni gegelang lawan kakalung, punika djandjine kina, rama dji dumateng kami.
  5. Si gegening Madjalengka, kang kocapa aning Cempa malih, Radja Pandhita amuwus, lawan Pangeran Rahmad, apamitan dateng yayah lawan ibu, tutuwi dateng kang huwa, prameswari Madjapahit.
  6. Pamitan wus kalilan, pinaktanan punakan sang adji, ngalembu rerah nut pungkur, angulari tunutan, wong tatiga warnane abagus-bagus, abekti dateng Pangeran, aruntut manahe nungil.
  7. Tan pegat dera puwasa, nanging samar pilih ingkang udani, tanpa nendra lamun dalu, waktu ngabekti mring Hyang, sampun limpat manah kapandhitanipun, pan agung karamatira, nanging tan arsa kaeksi.
  8. Manawi lampah utama, trusing tingal pangandikaning sidhik, kapi dulur wong tatelu, samarga hatatanya, yata pami minggah palwa tan ana santun, anudju kang tinunutan, kang palwa djuragan Gersik.
  9. Wus layar kang palwa nenggah, cinarita katempuh kaumbang kang angin, katemper punang parahu, ing muara Kambodja, palwa resan tinawang karang saprahu, dening sang Radja Kambodja, kang kinukut angrudatin.
  10. Radja Pandhita utusan, saha ninga ratu Madjapahit, tan kawarnaha ing ngenu, kang dinuta wus prapta, sampun katur tinutur sapolahipun, sri narendra Madjalengka, miwah ta kang prameswari.
  11. Miyarsa tuturing duta, prameswari kalangkung angrudatin, sang nata welas andulu, dateng kang prameswara, risaksana sang nata nulya angutus, pradjuriting Madjalengka, sasikeping ing adjurit.
  12. Amundut ing putrinira, saking Cempa kang rinampas Sangadji, Kambodja wau kang ngukut, ingkang kinon munduta, harya bangah lawan satriya sapuluh, tan kawarnaha ing marga, ing Kamboja sampun prapti.
  13. Pinapa binodjo krama, dening radja ing Kambodja narpati, nagara Kambodja iku, kareh ing Madjalengka, yata Harya Bangah wau anembung, dateng sang radja Kambodja, wuwuse arum amanis.
  14. Heh ta sang radja Kambodja, pan kawula dinuta ing narpati, Brawidjaya Madjalangu, sun kinon mamundhuta, ingkang dera tawang, karang saparahu, kakasih Radja Pandhita, Pangeran Rahmad nameki.
  15. Karanten pinundutira, kaponakanipun sang prameswari, saking Cempa angsalipun, yata Radja Kambodja, ngaturaken pamundutipun sang prabu, sarta radja darbenira, sampune tinampan pamit.
  16. Saksana duta lumampah, tan kawarna lampahipun ing margi, prapta Madjapahit sampun, katur sri nara nata, prameswari asih mring putra kakung, Brawidjaya langkung tresna, rahab denipun ningali.
  17. Putra Cempa prihatin, ningali ing Madjapahit kapir, satriya Cempa katelu, ngabekti ing Pangeran, atilawat asalat sami ginuyu, dateng ing wong Madjalengka, sudjut rukuk ing babisik.
  18. Hucape wong Madjalengka, bodho temen wong ing Cempa iki, percil cacing nora ayun, babi gurih tan doyan, saben wektu madep ngulon wong tatelu, sidakep ngadek barengan, tutug nuli nganan ngiring.
  19. Sampune alama-lama, putra Cempa arsa pamita nuli, tinari dera sang prabu, sun srah ing panggaweyan, sakarepe Dipati Harya Tumenggung, nagari ngong pilihana, endi kang dera senengi.
  20. Adja mulih maring Cempa, sun miyarsa ing cempa wus kalindih, ing kucing kutha wus ginempur, lah adja mulih sira, angur sira arabiya anakingsun, sinareng krama katiga, kang sinareng anglampahi.
  21. Radja Pandhita akrama, kambil mantu dening Arya Baribin, kekasihe Sang Retnayu, Nyai Geng Maduretna, aning Siti Sinapon genya dedukuh, yen dening Pangeran Rahmad, djuluk Ngaripin Nasidin.
  22. Pan mangkya sampun akrama, kambil mantu Arya Tedja ing Tubin, pernah kaponakanipun, Ranggalawe ing Tuban, pan punika kapernah ing putunipun, ing Rahaden Wiltikta, punggawa ing Madjapahit.
  23. Handunung Pangeran Rahmad, adedukuh ing desa Ngampel Gading, djuluk Pangeran Makdum, dening Ngalim Burerah, pala krama angsal sura pringga sampun, yata malih cinarita, kang wonten Pase nagari.
  24. Yata Seh Maulana Iskak, Ngabdulah Salam ingkang sinambat wangi, ing Pase katilare sampun, lumampah angadjawa, anglelana amben tur sutapanipun, mampir dateng Ngampel Denta, sampun tutur tinuturi.
  25. Tan lama ing Ngampel Denta, apamitan mentar anglayah bumi, ing siyang latri lumaku, waktu reren asalat, lami-lami atapa pucuking gunung, prenah bumi Belambangan, kawarnaha ta sang putri.
  26. Samana ta cinarita, putri adi Belambangan asakit, sakite ageng aseru, dedukun lunga teka, tan nana kang hamarashena puniku, prihatin kang yayah rena, dening sakit geng sang putri.
  27. Tinangkil sri nara nata, angandika dateng kang para mantri, lah ta sayembara ningsun, sapa kang marasena, ing sakite nini putri anakingsun, dadi djatu kramanira, arabiya nini putri.
  28. Sun palih ing Belambangan, djumenenga prabu anom ing bendjing, Patih Belambangan matur, heh patik bra bathara, wonten adjar tapa ing pucuking gunung, ing satingkah pari polah, adjar punika pan luwih.
  29. Sanes kawan adjar kathah, nora pati arsa ngucap-ucapi, tur mandi ing sabdanipun, agamane pra beda, nora arsa nembah ing dera ratu, lingsir asar surup surya, bambang etan angabekti.
  30. Sedakep ngadep pamudja, sudjud tingkehe angabekti, nganggo djubah lawan kethu, aresik tiningalan, amadjeng ngulun denya nembah dewanipun, menawi waged punika, anambanana sang putri.
  31. Nata ing Belambangan modjar, lah undagen ajar mring ngarsa mami, kang dinuta wus lumaku, tan kawarna ing marga, ing aturan kang tapa pun tumurun, datan kawarna ing marga, ing belambangan wus prapti.
  32. Pinanggiyan djroning pura, yata kinen adjampeni sang putri, sayambarane sang prabu, mulang wus pinadjar, risaksana sang putri djinampen sampun, ing sakite dumadakan, mulya kadi wingi uni.
  33. Yayah rena langkung suka, aningali putra temahan djati, yata pinanggihken sampun, sang putri lan mulana, sartaningsun nagara pinalih sampun, sepalihe Belambangan, pinardi agama suci.
  34. Kang kabawah ing mulana, sami islam sampune lami-lami, mulana matur ing prabu, pukulun matur ing wang, sampun tuwan nembah brahala iku, satuhune kang brahala, dudu Pangeran sedjati.
  35. Suwawi tuwan anuta, lah mandjinga iman agama suci, ingkang lampah rahayu, ning ndunya ing ngakerad, angucap lailah hailalahu, Mukamad darusululah, sang nata duka tan sisipi.
  36. Lir sinebit kang talingan, wadana bang winga lir geni, ambenthas mangkya sang prabu, asikep ngayat pedang, lah lungaha yen tan lunga sira lampus, mulana ngunduri sigra, anusup ing wana sepi.
  37. Garwa tinilar hawawrat, sang mulana neda mring Hyang Widhi, tinarima ing Hyang agung, nagari Belambangan, yata kenging wawelek agung kalangkung, gering esuk sore pedjah, gering esuk sore mati.
  38. Nora kena ing ngusadan, sakathahe kang atapa ing wukir, wawasi djadjanggan rawuh, anibani usada, tan tumama wawelek sangsaya agung, sang nata ing belambangan, tanpa dahar tan guling.
  39. Ngandika si nara nata, baya anakingsun nini putri, wawetengane puniku, kang gawe gara-gara, asal metu sun guwang sagara besuk, yata sampun sangang wulan, wetenganira anglahir.
  40. Medal djalu putranira, warnanira lir kanduna cina sinangling, sang djabang bayi sinambut, binuwang ing sagara, winadahan ning pethi nulya linurung, ing nguncalaken ning toya, aderes ilining warih.
  41. Ing sagara pekhikaru, umbak timbul rinaksa ing Hyang Widhi, wonten malih kang winuwus, wonten baita dagang, nganti arus dangu genipun alabuh, ningali pethi kumambang, murub tumulya ingambil.
  42. Saksana nulya binuka, sigra menga pethi isi bebayi, djalu warnane abagus, sanak koda punika, pada gange nyai geng pinatih iku, samana kinen adagang, dateng nagara ing Bali.
  43. Salaminya genya dagang, padagang Nyai Gede Pinatih, pan ing Tandes wismanipun, tan kawarna ing marga, palayare ing Tandes pan sampun rawuh, bebayi wus katur enggal, ing Nyai Gede Pinatih.
  44. Gumatinipun kalintang, Nyai Gede Pinatih langkung asih, kang putra tan arsa nusu, dinulang dulang mular, yen ingemban tumingal langit gumuyu, sampuning halama-lama, saya geng wuwuh apekik.
  45. Sinau angadji ika, ingaturaken ing Sunan Ngampel Gading, sapraptanipun dinulu, ing Sunan Ngampel Denta, angandika Pangeran sadjroning kalbu, dingin Ngabdulah Salam, hawawarta maring mami.
  46. Akrama ing Belambangan, duk tinilar bagya wawrat sang putri, medal binuwang ing banyu, ing sadjroning wawadah, risaksana Pangeran Ngampel amuwus, paran anakira dawak, utawi silamun mipil.
  47. Satyaha sira maring wang, matur alon Nyai Gede Pinatih, purwane kena tinutur, Pangeran Ngampel Denta, yata mesem kaduga nulya amuwus, ingsun melu ngambil putra, dateng anakira nini.
  48. Nyai Geng Pinatih mudjar, gih sumangga sukur sewu ta mami, tuwan sutah ngaken sunu, sampunipun mangkana, wus winuruk alandep panggrahitanipun, kitab Kur’an sampun limpat, usul pekik sampun luwih.
  49. Sampuning alama-lama, umurinipun pitulas warsi, kalipah kekasihipun, linuputaning djalma, citra bagus ngimbuhi cahyaning mancur, cinarita samana, pinangka wisma kekalih.
  50. Tri wulan ning Ngampel Denta, aning Tandes panggih ibu sesasi, kang ibu manah kapencut, aningali kang putra, ingkang ibu ngandika wuwuse arum, waduh anak ingsun sira, mareneya sun payani.
  51. Nyai Gede abusana, ngadi hadi dasar ayu hutami, anom ta wayahanipun, asugih dunya brana, malah wuwuh hartane nora surut, aresik kang olah wadja, sisinome den waoni.

۞۞۞ PUPUH 60 ۞۞۞
S I N O M

  1. Nyai Gede saya brangta, ing putra wuwuse manis, gusti anakingsun nyawa, wruhanira sira ugi, dudu anak sayekti, anakingsun oleh nemu, sedeng wayah rabiya, nanging adja liyan kaki, rawatana pun biyung adja kapara.
  2. Witipun biyang punika, tresna ingsun anglangkungi, alon ature kang putra, punika ibu tan kenging, wus mandjing ibu yekti, dika mingkisaken bayun, yata winingkis sigra, kang putra necep tumuli, dumadakan medal duduh susunira.
  3. Tandane ibu punika, dika mandjing ibu sayekti, kang ibu getun manah, ilang kadjate inguni, surasane kang ati, kadi kang putra satuhu, kang putra banter lampah, sangsaya brangti ing Widhi, asring nepi munggah gunung patukangan.
  4. Pangeran ing Ngampel Denta, lalima putra kawarni, pawestri ingkang tatiga, putra kang djalu kakalih, sami respati ngadji, wastane putra kang sepuh, nyai Gede Pancuran, sandi Nyai Gede Wilis, Nnyai Gede Malaka lan Sunan Bonang,
  5. Wuragil Sunan Djuradjat, wonten kang kocap malih, wau sang Radja Pandhita tetiga putra respati, estri ingkang wuragil, putra djalu ingkang sepuh, Kalipah Adji Ngusman, ingkang anom Ngusman Adji, kang wuragil estri Nyai Gede Tanda.
  6. Risampuning mangkana, wonten kang kocapa malih, saking tulen waliyulah, karamatipun linuwih, Mulana Djisarabidin, asare kalane dalu, nudju malem djumungah, angimpi sadjroning guling, apapanggihan Sunan Denta.
  7. Kandjeng Sunan Ngampel Denta, ing dalu iku angimpi, sarengi sadalunira, aningali djroning guling, Mulana Djisarabidin, katingal djroning turu, tetaken tinakenan, Sunan Ngampel Saradin, andika suhunan ing Ngampel Denta.
  8. Manira iki wong djawa, andika tetiyang pundi, Ddjisarabidin nulya ngucap, wong Tulen manira iki, yata sareng anglilir, kang kaping kalih emut pratingkahe supena, kakalih sami nora pangling, sawungune sareng getun ing wardaya.
  9. Sareng menggah dudut napas, tombonen sadjroning guling, Mulana Sarabidin ika, tumulya asare malih, ana suwara angling, Mulana ingatak ruruh, sampun wungu genya nendra, nulya nunut numpal keli, angajawa angruru supenanira.
  10. Saksana Sarabidin ika, wong dagang dipun parani, saking pituturing sukma, nudju nakkoda Garesik, ingkang dipun tunuti, Mulana munggah parahu, nulya alayar nenggah, wus silem pasisir nuli, ning lahut tan manggih angin pancawara.
  11. Nora kena linabuhan, alun geng kagiri-giri, Mulana nulya naneda, dateng Hyang kang Maha Suci, ilanga kang belahi, tinarima nulya teduh, baita nulya layar, nakoda eca kang ati, pirang-pirang dina genipun alayar.
  12. Meh prapta ing Nusa Djawa, katurunan angin malih, kalintang genge maruta, kang palwa anengah malih, Mulana naneda malih,
  13. Pangeran Karon Kadjenar, aken mangkya ngacarani, maring Mulana kang prapta, uluk salam tan asari, wus djawat tangan sami, sarwi tinakenan sampun, rinowongan rerasan, waktu ngasar sampun mandjing, nulya salat sasapune bakda salat.
  14. Sak kekehe para ngulama, arsa malebu ing ngundjungi, dateng Sunan Ngampel Denta, Mulana ingadjak mandjing, Sunan Bonang bondeti, lah dawek sami tatemu, kalawan ramaningwang, mula pan sampun kering, risaksana malebu lenggah pendapa.
  15. Mulana satingalira, ing Sunan Ngampel Gading, enget supenanira, Mulana sung salam gipih, Sunan Ngampel Gading ing tetamu, enget supenanira, gupuh denipun nauri, pan Mulana pinapak andjawat tangan.
  16. Sami tata palinggihan, yata sami angraosi, ing ngelmu amawa rasa, mulana werta duk ngimpi, Sunan Ngampel Gading, supenane dipun tutur, wus tinuturan, yata sami enget kalih, rarangkulan gawok sakehe tumingal.
  17. Kalangkung sih sinisihan, Sunan Ngampel lan Sarabidin, Mulana tinutur sira, Mulana Adji Sarabidin, yata medun aseni, Sunan Bonang atut pungkur, sarwi ambekta toya, kacahos mendeg ing wingking, yata nuli Mulana kebat anyandak.
  18. Ginawe sesucinira, ing Mulana Dji Sarabidin, mulana mesem ngandika, anakingsun sira bendjing, sinedihan ing Widhi, ngelmu rasa usul suluk, ature Sunan Bonang, inggih kawula anedi, pikantuka kawula ing berkat tuwan.
  19. Yata wus binudja krama, langkung sinihaning kalil, mulana lawan sunan, medar ngelmu lahir batin, saya wuwuh kang ngelmi, sarta anak putunipun, wuwuh karamatira, geguru adji Sarabidin, djalu estri sami limpat kapandhitan.
  20. Sampuning halama-lama, Mulana Adji Sarabidin, samana ika pamitan, ing Suhunan Ngampel Gading, ingampel kari titis, kang tinilar sami ngungun, kadi tumut tumuta, ing Mulana Dji Sarabidin, kang tinilar sami ngungun, kadi tumut-tumuta, ing Mulana Dji Sarabidin, Ngampel Denta kadi praja dadi wana.
  21. Wonten malih cinarita, prameswari Madjapahit, pinaringaken putranira sampun wawrat sepuh uni, Harya Damar wineling, pinenging nganggeya iku, yen babar putranira, kang kinandut prameswari, anganggeya Arya Damar ing Palembang.
  22. Sampuning alama-lama, wawratan wau alahir, miyos djalu putra nira, Dyan Patah sinambat wangi, sampuning alami-lami, yata wawrat malih sampun, miyos djalu kang putra, Dyan Kusen sinambat wangi, kang patutan Arya Damar ing Palembang.
  23. Sampuning wayah diwasa, pamitan Ngadjawa kalih, puruhita ing Ngampel Denta, sinau tata agami, langkung sihe sang yayi, mring satriya kalihipun, putra saking Palembang, kang rayi umatur aris, mring kang raka kadi pundi karsa tuwan.
  24. Yen aweta puruhita, kakang wonten Ngampel Gading, paran wekasaning karya raka alon nauri, paran karsaning yayi, kang rayi nembah umatur, lamun suwawi tuwan, dawek suwita ing adji, nyakrawati Brawidjaya Madjalengka.
  25. Kang raka mesem amuwus, hiya karsanira yayi, nanging ingsun ora arsa, maksih remen aning ngriki, kang rayi nuhun pamit, arsa maring Madjalenggu, yata sampun linilan, budal tan kawarna ing margi, lampahira wus prapta ing Madjalengka.
  26. Sampun lumebu ing suwita, langkung siniyaning adji, kapracaya ing Brawidjaya, mapan sinungan kekasih, sarta djinundjung linggih, Pecat Tanda kang djedjuluk, ing Terung aranira, keringan manca nagari, kapracaya dumateng Sang Brawidjaya.
  27. Sampuning alama-lama, cinarita ingkang nepi, aning gunung patukangan, pan waliyolah sadjati, dadukuh Gunung Giri, kathah wong kang atut pungkur, satengah wisma pisan, wuwuh ingkang prapti, anggaguru ing tata agama islam.
  28. Kocap putra Ngampel Denta, kang sepuh sampun akrami, mantu Radja Pandita, kang kakasih Usman Adji, adedukuh pribadi, ing Pancaran wismanipun, sendi dadukuhira, Malaka lawan Wilis, ingkang djalu Raden Makdum Ibrahim ing Bonang.
  29. Lan djalu wuragilira, aning Carebon akrami, adadukuh aneng Djeradjat, sampuning alami-lami, nagara ing pasisir, Djawa punika ta agung, mandjing agama islam, angucap kalimah kalih, kathah ingkang sisinau maca Kur’an.
  30. Sami djenengipun salat, brahala dipun rusaki, dera mandjing agama, kang djalu estri birahi, kang guguru ing ngelmi, Arya Pecat Tanda terung, wau arsa lumampah, suwan dumateng sang yogi, ngampel denta ngaturaken pangabektya.
  31. Tan kawarna lampahira, wus prapta ing ngampel gading, wus panggih lan sang pandhita, sak garwa samya ngabekti, sampuning lami-lami, kocapa mangkya sang prabu, madja pahit ngandika, dateng ing punggawa mantri, pecat tanda terung nora nana seba.
  32. Katudju ki Tanda prapta, sowan dateng Sri Bupati, Brawidjaya Madjalengka, ngandika Sri Narapati, heh Tanda sun maharsi, cantrik Gunung Giri iku, bisa ngalulut djanma, cacade dermi nyalini, ing agama asengit dateng brahala.
  33. Becik uga pinapasan, sampuning alamai-lami, geni amung sako konang, becik siniraman warih, dadya angutus mantri, binaktanan sikep duwung, ligan kinen nyarungna, dumateng ing cantrik giri, wus lumampah tengah dalu praptanira.
  34. Silumaning pakulahan, koneng sunar ratu Giri, mandjing subuh, arsa salat, minggah dateng luhur masdjid, pakulahan hingali, wonten wong angkling ga duwung, nanging tan darbe polah, angucap mosik tan keni, kasat mata ing kathah, kacekel sira.

Tamat.

@@@