Category Archives: SERAT SULUK KAGA KRIDHA SOPANA

SERAT SULUK KAGA KRIDHA SOPANA


ANGGITANIPUN :
RADEN SASTRA DARSANA 

PUPUH I
PANGKUR 

  1. ││Ranguringa wus kawuntat │ denira yun ngayoni ngiket kehing │ sasmita tama mamayu │ trajuning kasunyatan │ darpa adreng kadereng berung andarung │ saru siku tan rinasa │ nawung serat suluk rawi││
  2. ││Pratistha dhinapur kaga jajagongan mardi │ mardaweng budi ngarah rehing wasitayu │ yowana kang pinudya │ gya bangkita bangkat │ papangkatan layu karti titis putus tatas tataning mangolah ngelmi││
  3. ││Mangkana purwaning gita │ duk ing nguni wonten kukila katri │ anggepnya sami nyadulur │ lir nunggil yayah rena │ wit sinangkan saking sarahsaning kawruh │ dhasare nunggal pasaban │ saba warih ngupa bukti││
  4. ││Yeka bango walang kadhak │ katri cangak panuju sajugari │ neng tepi narmada kumpul kempal soring mandira │ dhasar papan ayom ayem tur samun │ magkana bango lingira lah iya ta sanak kadwi││
  5. ││Kaya paraning wekasan │ yen manggunga mangkene sabenari │ riwa-riwi sabe ranu │ nurut paraning mina │ met lenane gya linenan tanpa luput │ mung karya sining padharan │ nelek pulih ngelih malih││
  6. ││Baya ta tanpa pangrasa │ tindak siya cidra karya papati │ wewalese tan pinetung ketang amurang tata │ urip pisan nguja harda tyas laku dur │ dur tapa karti duraka │ dosa mring samaning urip││
  7. ││Uripe sepisan rusak │ lalu linglung pikire ting saluwir │ wigar kotamaning laku │ karem keramat sepat │ saya lamun yen kapethuk kuthuk ngantuk │ o ya allah kang sipat rohman lan rakim││
  8. ││Mugi tuwan aparinga enget │ nadyan amba tinitah peksi │ bok inggih sampun kadlarung │ tan wikan wosing gesang lah tedahna dadalan dadining ngayu │ kayuwananing jiwangga │ gayeng ngalam kabir sahir││
  9. ││Walang kadhak lon delingnyo │ bonggan sira ayun dumadya peksi │ wus jamak sagunging manuk │ tinitah sabeng tirta pan pinanci │ papancan mamangsanipun │ mina sen-isen narmada │ mangkono uga sujanmi││
  10. ││Mung patrape bae beda │ dadalane kang mrih kena binukti │ wit janma sinungan │ kawruh becik lan ala │ bango mbengok eh walang kadhak wuwusmu │ sanadyan tinitah kaga │ yen eling luwih utami││
  11. ││Wit sasug sipating gesang │ kang tumitah winenang nampik milih │ wus ginelar ala ayu │ para sarjana wewarah kang sapyarsa ngangkah ngungkih wahyu luhung │ ya tinggal catur prakara │ lalabuhan kang mangka wite││
  12. ││Juga betah tapa brata │ dwi legawa rila kang nrusing batin │ tri sumingkir pakarti dur │ catur mantep ing karsa │ mapan ana ing nguni caritanipun │ wong ngagung ana ing ngeksiganda │ Panembahan Senapati││
  13. ││Ing lair rada dupara │ yen bangkit tau madeg narapati │ ing Pajang ratu pinunjul kasub kalokeng jana │ ya pa gene turune tan madeg ratu │ wit sing adiling Pangeran sing sapa nemen-nemeni││
  14. ││Wong ngagung ing Ngeksigandha │ duk lagine durung jumeneng aji kyat tyas bratane sineru │ prapteng bawani bawana │ maksih maksa paksa │ mamasuh anggayuh wadyaning wahyu karamat │ tumerah turuning wuri││
  15. ││Widodo prapteng samangkya mapan iku Yogyakarya palupi │ lupiya wenang tiniru │ ruruba mring Hyang Suksma │ walang kadhak megat catur wuwusipun │ mbok ya wis salin salaga │ mundhak gagal kang den pikir││
  16. ││Mikir reh wus padha tuwa │ wajibing laladan doningpati │ mati titis ya kalimput │ pupuntoning kasidan den waskitha wawasan praptaning dunung │ lah mara aku carita rang-erange pra winasis││
  17. ││Silah-seleh ing palastra │ darajating jisim pitung prakawis │ juga mati bosok luluh │ dwi wetah dadya sela │ katri sirna kang layon datan kadulu │ catur sirna dadya tirta │ panca layon santun warni││
  18. ││Dumadya manik musthika │ kanem layon malih warna memedi │ kasapta praptaning layu │ dumadya sato kewan lah ta paran mungguhing sanyatanipun │ banget ribeding tyasingwang │ tan gadug gayuh ambudi││
  19. ││Wit cengkah lan dalilira │ ingkang muni kayun pidaraeni │ lire langgeng uripipun │ ing kene kana gesang │ teka dadak ana sirna wutuh luluh │ lesah basah dadi kisma │ mara pikiren kang malih││
  20. ││Bango mesem lon delingnya │ bener temen walang kadhak sireki │ tan siwah lawan dhapurmu │ darbea pikir nglungka kawruhana │ mungguh peperanganipun │ jro urip mengku kalih dat │ dating kawula myang Gusti││
  21. ││Dumadya dadya sajuga │ keket pliket karaket mujud siji │ de binjang yen prapteng layu │ lagya apipisahan dating Gusti mulya mulih pulih wangsul │ wangsul mring asaling lama │ yeku jroning ngalam gaib││
  22. ││Jumeneng lan pribadinya │ dene lamun datira mesthi mati │ beja bali asalipun │ nganasir catur warna │ cilakane ingarad dening lelembut │ dadi dhanyang penyenyengan │ anggung gawe sok nyalahi││
  23. ││De darajat sapta warna kang ginusthi panggih ing ngalam pati │ yekti sing labuhanipun │ lalabet jroning gesang │ pan mangkene warahe kang wus amangguh │ yen lena bosok kang angga │ yeku pratandha duk urip││
  24. ││Jigar-jigur ambaruwah │ tebih laku nyunyuda lan sisirih │ suka kasukan linantur │ de suksmane ngelambrang │ ing saparan ngulandara tanpa dunung │ yen mati wetah tan omah │ bebegeg nyangari siti││
  25. ││Yeku duk kala gesangnya │ nglantur brata tinggal dugu prayogi │ suksmane korup lelembut │ dumadya dadya dhanyang │ swara bumi tunggu pereng jurang punthuk │yen mati sirna layonnya │ yeku duk lagine urip││
  26. ││Nglantih nglantur cegah nendra │ ari ratri tan nganggo winatawis │ layon mijil saking kubur │ kranjingan bekasakan │ gara godha memedeni angreridu │ suksmane nitis mring kewan │ de yen dadya warih││
  27. ││Yeka duk maksih gesangnya │ tinggal sahwat tan mawi dugi-dugi │ layon sirna mor mun-amun │ suksmane ngumladheyan │ nempel manjing sela tanapi │ wreksa gung myang dadya saleh gandarwa │ caluthak sring nyidra resmi││
  28. ││Yen layon dadya musthika │ sotya retnamaya tanapi manik │ yeka duk ing gesangipun │ mahambeg paramarta │ sabar rila legawa budi ayu tulus tepa tresna mring sasama │ ngadat lupiya kang uwis││
  29. ││Rahsa jiwangga nir mala │ kukut keket kempal kahanan jati │ sajatine kang amengku │ kukubaning bawana │ lah pikiren walang kadhak │ apa mathuk gathuk sunduk prayoganya │ walang kadhak lon nauri││
  30. ││Kaya akeh emperirara │ sira bango apa iya ngecupi │ aku arsa melu payu paran kang kok piliya │ prayogane milih wutuh dadi watu │ mesthine bakal pinuja sajen kembang boreh wangi││
  31. ││Saben ri Sukra ngadhepan │ den pepetri sinugun keh sujanmi │ kang minta idi pangestu │ saba paran wruh sabarang │ tan nana kang mamanceni││
  32. ││Cangak nyanguk nyaru nyentak │ lah ta walang kadhak teka daleming lamun mangkono tekadmu │ paran perlune pada saraseyan gulang ngelmu medhar kawruh │ bok ya pasrah kewala labuhan kadaring urip││
  33. ││Uripmu kapulet hawa │ hawa awan sing benter ring Hyang Rawi │ wiji wujud tuwuh wuwuh wimbuh ngombra rembaka │ lali lamun donya donadon nyakuthu │ thikil-thukuling markada │ dumadya ngudi taruni││

PUPUH II
S I N O M 

  1. ││Lah ta bango walang kadhak │ delingna carita mami │ warah wasitaning kuna │ mungguh sajatining urip │ urip sangkaning sepi │ sayekti mulih mring suwung │ sirna rata rumangsa │ de kahananing dumadi │ wujudingwang anane ana priyangga││
  2. ││Sinartan pamoring hawa │ sing sudama ditya kartti │ lirnya sudama: Hyang Wulan │ Ditya: iyeku Hyang Rawi │ kartti: karti kayekti sarining Sang Hyang Sutengsu mahyakken tirtamaya │ Yang surya mahya kang ani │ taranggana mahya sari samirana││
  3. ││Pamoring sari titiga │ yeku ingaran Trimurti kang mangka warananira Sang Hyang Wisesa sayekti │ marmanya Hyang Trimurti │ winenang gelar angukut │ madhem lan nguripana sagunging sarwa kumelip │ de yen pish yekti dadya panguripan││
  4. ││Binjang lamun prapteng mangsa │ yekti pulih mulih malih │ ajal kamulaning ana mor wit sangkanira nguni │marma ing dalem urip │ tri lekat wajib ginelung Purba │ Wasesa │ Esa lire Purba: witing nguni │ wasesa │ pan wenang │ esa │ yekti tunggal││
  5. ││Katri iktekat │ yen katrima ing pangesthi binjang praptaning delahan │ wenang mang nunggil lawan wit │ wit wijinya dumadi dadining kahanan sagungm gung alit inggil andhap │ tan beda tembe anunggil nging reh titah adhakan keneng rubeda││
  6. ││Dadalan mekaring hawa │ winantu pikir tan neling lama-lama saya ngreda │ dadi kembanging bilai kalimput warni-warni wawarneri kang mrih kajlungub jujurang curi carang │ yen mangkono papan yekti wurung mulih sida malih dadi kadhal││
  7. ││Warnanen kang mesu brata │ neng ngerong perenging kali │ kakasih sang Resi Kadhal kagyat dening ra miyarsi │ gya mudhar brata mijil sing rong arong alon wuwusipun │ heh heh paran ta sanak sira dahat mejanani ingkang aran Resi Kadhal iya ingwang││
  8. ││Pagene ta sira padha │ ngremehaken sameng dumadi │sagung titahing suksma │ liyan bangsaning sujanmi │ kabeh pan sami ugi │ darajat golonganipun sira │ kalawan ingwang │ pangkat lan darajate nunggil lah engeta papangkatan cara Buda││
  9. ││Yeku mina │ sato: janma kacatur pra dewa-dewi │ wijang unggah-udhunira wus kinodrat dening Gusti │ kodrat iyeku pasthi │ prandene sih owah santun karananing iradat │ wruhanta heh sira katri pangwasanya kang sastra jendrahayuningrat││
  10. ││Mina bangkit dadi cangak │ bango pan dadi sujanmi │ manungsa awor lan dewa │ de mungguh kawruhing ngabi │ yeku kalimah kalih sahadat jatiranipun │ pan niku langkung gawat │ datan kena gina gampil │ yen pinuja jagad iki yekti sirna││
  11. ││Nging aywa kaliru tampa │ kinira kang jagad alit │ lire alit kang gumelar │ karuwan doh pernahneki │ balik kang ngong arani │ jagad agung tegesipun iyeku jagadira │ kang ngalangut tanpa tepi │ pinusthia pan sirna suci sampurna││
  12. ││Marma sira den weweka │ aywa sok gegampang angling │ yeku begalane ilat │ kapleset dhawah yomani │ utawa den arani wot sirotalmustakimmu │ iyeku antaranya kang lambe ngisor lan nginggil │ mung sakecap yen tan bener dadi beka││
  13. ││Apadene tingkahira kathoprakan ting bathithit │ karetek nuthuk kenthongan │ kothekan tharik narit hik mathuk den othak-athik │ pethuk gathuk manthuk-manthuk │ cekat-ceket acukat │ cancut kang swara melingi lagon lagu pasemone nut irama││
  14. ││Peksa sagayuh gagana │ akarya buwana balik │ kirap elarnya binabar │ lah mangkono ngong dugi pan niku durung mathis pamanthenge datan gathuk lan pathokaning rasa │ wimbuh ulesmu mesmubrit │ abang hawa adreng kadereng driyarda││
  15. ││Yen arsa gayuh kang nyata │ nyatakna ingkang permati │ titis awasing pamawas │ wosing wasana denesthi │ kanthi lepasing budi │ sarat sarana kang cukup │ cakep lair batinnya │ dadalane mrih gunasti │ andhap asor wani ngalah myang darana││
  16. ││Samana sang Resi Kadhal karya coba memedeni │ mathak mantra triwikrama │ jleg angga sawukir agni │ mubal ngebat-ebati │ tutuk mangap ngisis siyung │ waja angapurancang │ lir tikswaning braja lungid swara anggreng gumarunggung lir gurnita││
  17. ││Eh cangak sira den yitna │ tontonen kadibyan mami │ pan iki durung sapira │ yen sun ngetog mesu budi │ sayekti jagad iki │ sirna saisi katunu │de sira teka dahat │ nyenyampah si kadhal nisthip │ ing tegese sira nyamah kodrating Hyang││
  18. ││Ya ta kocapa tri kaga │ sakala kalangkung tistis │ miris-maras sru katresan │ ngerpepeh dhekemne siti │ matur angasih-asih │ dhuh-adhuh sang sudibyanung kukuten krodhanira │ racuten duka sang resi │ yen kalajeng ambar tri tan wande brastha││
  19. ││Kether kuthuk kathetheran │ nyathethet miyat sang resi sen-isening tri lokaya │ langka bangkita nimbangi marma gunging aksami │ mili lir robing kang ranu │ tumerah ambring amba badharing kang tulah sarik ruwet ruwat │ puwara luput sing papa
  20. ││Papa pantaka druhaka │ karana tan wruh ing westhi │ samana rinacut sigra │ pulih kadya wingi nguni cangak umatur aris dhuh adhuh Sang Maha Wiku kula dahat tan nyipta wit salami dereng uning │ ukur kewan bangkita dadya mangkana││
  21. ││Cangak kang tinitah janma mangsa manggiya kakalih mung nguni Sang Prabu Kresna │ jer punika Wisnumurti wangsul paduka resi │ ilang triwikramanipun │ marma mbra sru narima suka sokur mring Hyang Widhi │ kalilana amba nyuwun muruhita││
  22. ││Sang Resi Kadhal lingira │ iya sira sanak katri wus ya akeh kang karasa │ balik gyan tapa dha mikir kawruh wekasing pati │ patitis paraning tuju │ lah ta mara tutugna │ bango tumatur wotsari │ dhuh Sang Wiku kang kadya tekading cangak││
  23. ││Nyepenken kang pasthi ana yen amba dereng kadugi mangeran sipat kang wadhak │ kartika: baskarasasi wit punika pan maksih datan langgeng wonenipun dene dadining ana │ yekti ana kang akardi │ wangsul pundi kang langgeng tatap ananya││
  24. ││Kalamun angukuhana │ yen Allah ana sayekti │ kasbut sipat kalih dasa │ lan cihna sagung dumadi │ ulun dereng nate wrin │ marma mangke kang kulesthi │ baya lamun tumindak tinaking kathah││
  25. ││Ngrungkebi sarat sarengat │ saingane ahlul dini │ kadya gampil linampahan tan amikir ika iki │ karana jroning kadis │ wus wonten wawarahipun kang sampun kabyawara │ layak jipuk makripati │ minal ilmi dakai kade jarwanya││
  26. ││Menggahing ahli sarengat │ tan perlu kedah ngrawuhi │ kawruh ingkang lembat-lembat │ cekap pracayeng Jeng Nabi │ tur ta kenging sinambi │ saba sabin ngupa welut │ wangsul saking pasaban │ wus wulu ngiras ing kali │ prapteng wisma jujug langgar salat ngisa││
  27. ││Lamun kasep kenging kala enjinge dipunsauri │ makaten sampun manpangat │ de rukun kang catur warni │ sahadat wus nyarengi │ wedal salat wektunipun │ jakat kaji punika │ yen kaleres anggadhahi │ siyamipun ing ngangkah amrih sambada││
  28. ││Kikisan kawruh kanyatan sawawrating peksi jawi │ sarana gayuh sawarga │ gandhulan salat prayogi ginulung lamun bangkit bangkat patemon Hyang Ngagung │ ngegungken kemat rukyat jro takbiratul ihrom │ plenging cipta rasa nunggal Hyang Wisesa││
  29. ││Walang kadhak nambung sabda │ lah ta bango teka gampil pangancasmu kang mrih pana │ papan kang sira parani apa sireku lali lupiyaning para jamhur ruhuring ahli srengat │ yeku mung lakuning dhiri │ wulu tirta lelabet obahing raga││
  30. ││Gagaran jro kalairan │ runtuting yuda nagari balike kekate iya │ kudu nggayuh ngelmu batin mestu kang wus kawarti │ Ud uni istajiplakum bagya lamun bangkita macung dhewe mring Hyang Widhi karan mokal jisimmu bangkit papanggyan││
  31. ││Wit kahananing Hyang Suksma sayekti kalangkung gaib │ tontonen para ngulama mukminin kang ahluldinni ing jero batine pasthi lan pra ahlul ngilmi mathuk gathuk othak-athiknya │ nyatane Hyang Maha Suci caritane ngong beber sira rungokna││
  32. ││Sun nguni praja bintara karatoning wali mukmin │ mardi mardaweng sarengat kang tumrap kawula alit │ nuli mring pawarti │ Siti Jenar murang mungkur │ ngungkurken tindak sarak saking wus padana empaning kaweningan wanuh wani││
  33. ││Marma sigra ing ngandikan │ umarak mareg sangaji │ jinanji babar kawignyan lan sagung para wali mukmin │ Sunan Giri murwani │ buka pangawikanipun tandya gantya gumantya │ medhar kawruh kang pininggit │ wingit rungsit rerasane beda-beda││
  34. ││Ana kang angesthi mring dat │ ana rasa denrungkebi │ cipta: Atma pinangeran weneh anggandhuli gaib │ ngen-angen sengguh Gusti │ sarenget singset kinandhut │ nging mung karya warana nulya Seh Siti Jenar gumanti kanthi miyak warana melo ngalela││

PUPUH III
KINANTHI 

  1. ││Seh Siti Jenar lon muwus │ lah ta sanak para wali kula mriki ing ngandikan │ ujare kinen ngempali saraseyan abawara warane kawruh kakiki││
  2. ││De jengandika sadarum │ teka taksih mindho kardi paran anane sanyata │ teka tansah aling-aling │ kalingan sunar papadhang │ padhang ingkang ngapirani││
  3. ││Niru kalestu tan ayun kayungyun sipat kawadis │ lair batin kula ngadam │ lah piyarsakna suwawi Siti Jenar iya Allah │ Allah sayekti Seh Lemahbrit││
  4. ││Karo karone wus jumbuh │ jumbuh rasa rupa warni │ lire rupa: urup nyata │ urup: sing urip sajati │ de warna: yeku warana jisim warananing Widdhi││
  5. ││Kang ran mukamad yeku nur │ cahya kang mirdaweng dhiri │ rasul: rasaning dat mutlak kadim ngalam kabir sahir kurub dwi astha isthanya punika kang kang kula cupi││
  6. ││Sunan Giri tan pamuwus │ wit wose sampun kapusthi │ Siti Jenar tuhu lebda wasana lon denirangling │ tan sisip mapan mangkono tan kenil││
  7. ││Kena laranganing ratu tundon ngrusak yuda nagri │ gering masjidira komplang kamplung tataning agami │ agama busaneng praja │ jamak wruh ala lan becik││
  8. ││Seh Maulana sumambung │ lah Siti Jenar sireki lamun yekti ngaku Allah │ pa gene ya sira maksih katon lumprah ing manusa neng donya paran kinardi││
  9. ││Seh Jenar mesem sumaur │ alah sira mindho kardi donya kerat │ darbekingwang awal akir duwek mami │ mapan ingsun tan babakal lan kariya para wali││
  10. ││Lulusna agamanipun │ sarengat mukamad nabi ingsun nuli arsa mulya │ mulih: mulih – ya: sayekti temen mulih asalingwang yeku ngalam nukhat gaib││
  11. ││Marma bango ya sireku │ kukuh uger solat mahrib subuh: luhur: ngasar: ngisa lan catur rukune sami wekanana jro sarengat saringane mengku wadi││
  12. ││Dulunen duk sira wulu │ niyat tumandanging dhiri │ rukuk: sujud: lungguh ekram │ ngadeg tepungna kang yekti │ yektekna lan ananira rarasing rasa sajati││
  13. ││Bango anauri wuwus │ wuwusmu teka lir kyai │ nganggo lapal murad makna │ narik jamaning pra wali │ jaman mangkya yekti beda │ dadalaning ngolah ngelmi││
  14. ││Wit kadheseg ngupa butuh │ kudu betah anglelantih │ ngidak tatanan rekasa │ sanityasa tyas kumitir │ gumeter yen tan kaduman │ melik atemah ngalikik││
  15. ││Titirah rawa sinerung │ memet mina dipunmeniti kali blumbang jinaganan │ nanithik rinuji wesi │ sisikune wus liniga │ yen kasep ginusah wani││
  16. ││parandennya bangkit tuwuk │ kadhang durung tuk sawiji │ kasusu selakke jaman │ mundur sarwi brebes mili │ milang miling melang-melang │ tan kapethuk wader bungkik││
  17. ││Temah ngelih ngelak ngelu │ ngeluh padharan ngalikik │ kang mangkana paran baya │ bangkit tungkul mungkul ngelmi │ srengat bae kerep gothang │ nyethanthung sing pegat bukti││
  18. ││Beda lan dhek jaman mau │ gampange ngupaya melik tan ana peksi ngresula │ inguja tan denwaleri │ kukila lit sami suka │ ayem tentrem tyas basuki││
  19. ││Cangak mlengak sarwi muwus │ bango pa gene sireki │ sira teka bangkit ngucap │ met darsana myang palupi │ lupiyan lelabetannya │ Sri Bupati Matawis││
  20. ││Betah lapa budya tulus │ mantep ing karsa tan wigih │ panggah rila myang legawa │ rila: pasrah lega: sepi │ wa: napsu hawa lirira │ pasrah tan adarbe runtik││
  21. ││Pa gene tabangkit tiru │ grenengan kacuwan bukti │ bango mangsuli lah cangak yeku mung karya palupi kang yogya sinudarsana │ nging aku moral bangkit││
  22. ││Bangkat ngangkt mikat wahyu │ jer dudu trahing mertapi │ jamak akeh bangkit kandhan │ abote yen anglakoni │ de niyatku mono iya arsa macung mring Hyang Widdhi││
  23. ││Widadangreh mring sedyayu │ rahayu ing lairbatin nanging gek kepriye mara │ teka akeh kang malangi │ papalang dadya rencana │ nanangi manah tan yukti││
  24. ││Tiwas pamawasing butuh katutuh anak rabi │ bingung bungleng tyas ruhara │ de uru arebut melik │ lalu langlang salang tunjang │ nunjang palang ngreregoni││
  25. ││Cacak kang tinitah manus │ jaman iki arang bangkit │ tandhane dhek wingi ana │ aku krungu rerasaning janma mlaku bayak-bayak │ wurine resi sing ngiring││
  26. ││Sajake kaya wong dhusun │ ingirit marang nagari │ ririh denira rerasan │ risi rinoda bab dhuwit │ geya pakaryan omahan │ pananggalan tegil sabin││
  27. ││Samarga-marga gumrumung weneh nyebut priye iki uripku teka nelangsa │ saben ari denring-uring │ anak semah myang parentah dupara bangkita mikir││
  28. ││Kawusananing uripku kudu-kudu aprang tandhing │ dahuru reh aruhara │ saben jam pikiran salin │ ngrembug iki kono kurang │ kana meksa: kene nangis
  29. ││Rewange nyambungi sendhu │ alah sih begja sireki │ nadyan kurang jer wus garan │ balik aku sepa-sepi │ kana durung kene boya │ mokal yen antuk kamanis││

PUPUH IV
DHANDHANGGULA 

  1. ││Resi Kadhal megat wacanaris │ lah ta sanak semono kendela │ genira rerasan kuwe │ bok jugar kang katuju │ balik mara dugekna sami mardawa mardi rasa │ ngrarasyuning layu │ bango: cangak: walang kadhak │ pareng nembah katrinya umatur aris │ dhuh dhuh adhuh sang dwija││
  2. ││Amba katri pan wus tan kadugi │ gayuh gothek geyonganing rasa │ sing pepet cupet pikirane │ tar yen amba tri nyuwun sih padhuka mareng namuli │ amba tri muruhita │ ing pada sang wiku │ srah jiwangga prapteng lena │ tan garantes mring reh kang mamrih utami │ tama prapteng delahan││
  3. ││Resi Kadhal mesem anauri │ lah ta iya sanak-sanak ing wang │ yen dhasar dadi karepe │ bagya lamun sarujuk │ jroning urip winenang sami marmakrup nai mungkar │ lah pa yo sireku │ lungguh cerak kene padha sun jateni jatine ingkang kakiki │ kikisane kasidan││
  4. ││Sun tan wani wanuh memanceni │ myang memancah pamanggihmu iya │ wit kabeh padha benere mung gumantung ing kayun │ pundi paran kang denantepi nging mungguh prayoganya │ ywa kongsi kalimput │ luput mlumpat paugeran │ catur warga yeku dalil lawan kadis tanapi ijmak kiyas││
  5. ││Lyan kadyeku ywa kleru panampi │ pipintaning ngelmu pangancasnya │ yeku iku dhewe-dhewe │ lire ngan ngelmu sepuh │ ngelmu rasa ngelmu sejati │ ngemu gaib tan beda │ de kang ngelmu sepuh │ dunung wajibing pra wreda │ wit taruna arang │ kabangkat nanggapi pijer kaduwa hawa││
  6. ││Basa sepuh kang dhingin │ dihin nyata datan kadhinginan │ anane kang gumlar kabeh iyeku Hyang Maha agug │ marma wajib kudu meruhi dat: sipat: asma: Apngal den kongsi kapangguh │ panggubah rarisikanya │ nyata kena ananing sakalir yeku ran ngelmu tuwa││
  7. ││Ngelmu rasa: pambobot sayekti │ putusing reh sagung lelungidan │ datan samar pamawasem wiji sing marga catur manrus marang betalmakmuri │ lumarap graning jaja │ rahsa tanggap tangguh │ agal lembat datan samar │ ya marmane tri bawana denbawani │ tuhu ta jalining hyang││
  8. ││Dene ingkang ngran ngelmu sajati │ sajatine murni tan kaworan │ kalawan langgeng anane │ ing nguni prapteng besuk │ beda lawan jatining lair │ pan maksih ebah ewah mangkana liripun │ samangke mulya wibawa │ mulya yekti: nanging durung temtu lestari │ terkadhang binjang papa││
  9. ││Ngelmu gaib: samar jarwanireki │ nanging dudu samaring sumelang nging samar kurang apane │ ananira Hyang Agung yen dinayan dayaning ngati │ pan durung bangkit bangkat liyan manahenkung kongasing sudira brata │ marma gaib tuhu dutaning Hyang Widdhi sing sapa bangkit tampa││
  10. ││Sasat bangkit patemon lan Gusti │ lah ta sanak padha rasakena │ beda-beda trap lungguhe │ yen sireku wus nyakup kukubane wajib meruhi │ mujah lawan mudarah │ mungguh bedanipun paran kang kadim kang anyar │ de samengko wus jumbuh dadi sawiji │ jumeneng kamil insan││
  11. ││Pa karane sira bangkit urip │ mobah: molah mabur lan lumampah │ sing endi iku purwane kawruhana puniku │ kayat kadim mong kata jali sipat jalal myang jamal │ kahar kamal iku iyeku dating pangeran kang gung elik misesa sampurna yekti langgeng ing kene kana││
  12. ││Jisimira asal sing nganasir │ catur warna marma tan bodaya │ yen tan kalawan khayune │ yen sinar tan dening nur rahsa: Atma: nepsu lan budi: yeku mangla sarana jumenengt Hyang Ngagungm marma ywa semang sumelang ananira yekti sing kodrating Widdhi nglairken sipat nyata││
  13. ││Nyata lamun kawula lan Gusti │ liru lambang surup-sinurupan pamoring rupa: warnane marma denawas enut │ met sangkaning durung dumadi │ dumadya bangkit wruha wenang wijibipun kang nyembah lan kang sinembah │ dikir solat: beda tan kena sinami nut nenang papangkatan││
  14. ││Sembah catur jro kitab wawarti kaji: kusta: daim: mualimnya │ puji satari ahmade satari alapipun │ barjah tuwin jalalah raning iyeku puji pana │ epakna kang mathuk thuthukane ywa sulaya │ yakin nyata-nyatane ingkag amuji │ muji dhiri priyangga││
  15. ││Mangkya kocapa pangkating pati │ panca warna juga mati │ mrayang mor amun-amun suksmane │ saparan-paran nglangut lir himawan katiyup angin │ kandhela tanpa soca │ cadhok numbuk bentus │ dwi ngaran pati duraka │ dura: ala │ ka: panggonan kang dengoni │ manggen ing papan cacat││
  16. ││Upamane asal sing sujanmi │ murut manjing uriping mahesa │ yeku papan cacad rane │ tri pati narakeku nara: manus ka: papan yekti │ titising urip marang pulih manjing manus dadi banyu nuting wadhag │ bagya lamun dumadi dadi jalma lwih kadhang kaplorot ngandhap││
  17. ││Caturira patining sawargi │ de sawarga yeku tegesira kasasira sarwa gedhe dadyan wangsul mring manusa │ yekti dadi pandhita luwih tanapi madeg nata panca patining sampurna │ yeku pulih mulih asalira nguni mengkoni tri bawana││
  18. ││Karanane papangkating pati beda-beda: nuting lelabetan kang kalakon duk uripe dene Hyang Kang Mahagung wus sumarah tan darbe kapti ala becik ginelar mrih utamanipun │ banggan kang dhemen kasasar │ de Hyang Suksma tan lingsem manjing mring alit │ nistha tanapi kewala││
  19. ││Marma sira mumpung taksih urip │ rektenana dalaning kasidan │ dumadya lanyahing tembe jro dalil wus kasebut │ ida jaa ajalluhummi la yaktakkirisaat mangkana liripun │ binjang praptanira mangsa nadyan amung sanapas tan ana wanci yen arsa semoyoa││
  20. ││Ya mulane pundhuhna samangkin │ kala mangsa sasadoning gesang │ adunen lawan uripe panengeran kang tuhu │ tuhu datan kena sinalin lawan anggawe setan │ yen sira durung wruh lah mara padha nyeraka tampanana karna kering kang permati yaiku sajatinya││
  21. ││Poma-poma simpen dene gemi │ gemetana andharan gelaran │ yeku mangka parabote lan mangka saksinipun kanyatahan ingkang kakiki │ upama ananira lan donya puniku lan samono wus prayoga sabobote kukulia pan wus nyukupi │ beda mungguhing janma││
  22. ││Wus tinampan wulanging Sang Resi │ bango cngak lawan walang kadhak │ byar tarawangan pikire narawang lir kadulu │ dadalaning kamuksan jati │ katon doning wiwara │ rarasing swargagung │ tri kaga dahat karenan sing sangeting suka atemahan nangis │ dhuh dhuh Sang Yogiswara││
  23. ││Raos amba pan kadya angimpi │ de makaten pupuntoning gesang │ yen mangkono donya kiye yektine aru biru │ gung rubeda angriribedi │ lah mangke pinarenga mugi sang Ngawiku paring sarananing marga │ andhingini pulih mulih papan nguni neng donya natan krosan││
  24. ││Mumpung wonten ngarsaning Sang Resi │ sasampurnakna ywan mantuk mring wisma │ mindhak kabesturon dene tangising semah sunu nagih nipkah sarana bukti │ Resi Kadhal wacana │ lah sanak katelu │ lumprah kaprah pra kukila │ lamun lagi katemben miyat miarsi │ sagunging barang anyar││
  25. ││Kumacelu kudu andarbeni │ balik iki ginege tan kena │ yogya nut kala mangsane │ ya marmane sireku │ sanityasa nanetah teki │ kang supadya kalisa │ sing sedya tanayu │ lawan malih kawruhana │ binjang lamun praptane ing dina pati │ ing kna keh rencana││
  26. ││Mapan iku wajib den kawruhi │ ilangena begalaning marga │ margayun jarah imane │ binjang bae sireku │ sun tuturi pra pangolahi ing mangko sampun mangsa │ Sang Hyang Rawi surup │ lah payo padha bubaran │ katri kaga ngaras pada nyuwun pamit │ byar miber sowang-sowang││ 

PUPUH V
MASKUMAMBANG 

  1. ││Rarasing rasa mengeti rerasan duk nguni arsa │ mara marak mring gurune kang subrata ing ngasrama │ erong tepi narmada │ pereng soring mandiragung │ kasusra Sang Resi Kadhal││
  2. ││Wit ing nguni wus wineling │ ing tembe arsa winarah │ rasa rahayuning layon │ marmarira tri ginagas ge-age anyakupa │ tyasnya dahat kelu kenyut │ kasor langening dyah tama││
  3. ││Samana ing sajuga ri ri sedhengireng papanggyan │ walang kadhak │ cangak │ bango │ neng pasaban saben saba │ ya ta bango ris nabda │ lah ta dwi sanak sireku │ paran supe patembayan││
  4. ││Tembayaning guru nguni tanggap cangak walang kadhak │ yen aku kadwi ta supe │ sarira tri ngarsa-arsa │ wahyaning gyanta marak │ sayekti aku tumutur │ dupara purun kantuna││
  5. ││Sayektine ngong tut wuri │ teken janggut suku jaja │ janji maksih urip bae │ lah samengko kadi paran yogyane linaksanan │ sareng sowan mring Sang Wiku │ sokur panuju ri sukra││
  6. ││Menyan sekar ngong wus cawis │ kari mori pisang sanggan suruh ayu jambe wangen │ gampil mengko angupaya │ padesan datan kurang │ de rasul lan sekul wuduk │ opor sawung bulu seta││
  7. ││Iku kalebu tan gampil │ pangupaya myang pangolah │ marma yen dhangan yogyane │ pinasrahna mring sang tapa │ harta tri semat sewang │ mangka saratrebut cukup cakep jangkeping mruwita││
  8. VBango tanggap lonnauri │ mangkono ya wus prayoga │ binobot lawan perlune │ lah ta iki mumpung injang payo nuli budhalan │ menek pasar selak kukut │ koncatan tan tuk perlunya││
  9. ││Tandya budhal kukila tri │ sesarengan jumantara │ sereng sineru ibere │ reyongan samarga-marga │ kandheg kampir ngupaya mamrih kacakuping butuh │ cacawis sarat sarana││
  10. ││Tebih-tebih den ayahi │ saha wrat-awrat sinangga sing dereng kadereng karepe │pakantuk kawruh kang nyata │ nyatane gesangira │ mestuti kadis kasebut jaetun samanuljanah││
  11. ││Laku dadi pitukuning pancadan anggayuh swarga │ mangkana dungkap praptane │ ngasrama gya ngiyup sigra │ anjog soring mandira milang miling mingak-minguk │ ngungkak-ungkak don gothak││
  12. ││Samana Sang Kadhal Resi wosing paningal wus wikan │ yen arsa tamuwan mangke marma wit injang sanega │ ngaglah neng pamidikan │ kukusing dupa kumelun │ kongas gayuh ngantariksa││
  13. ││Praptane wiwara sami │ tri kaga gya uluk salam │ dhekem nalosor janggane │ mring Sang Resi sinauran wangalaekum salam │ lah padha manjinga gupuh katri kaga dharakalan││
  14. ││Nusup manjing wiwara glis │ prapteng ngarsa ngaras pada │ Sang Resi Kadhal delinge bageya sanak katiga │ ing laku praptanira │ myang wuri padha rahayu │ manembah tri kaga turnya││
  15. ││Sing pangastawa Sang Resi sadaya sami raharja │ semah atanapi rare │ makaten ugi ang tapa tetep basuki suka │Sang Resi mesem nabda rum │ sayekstine ya mangkana││
  16. ││Parandarunane sami kongsi lama lagi prapta wus dahat kangen tyas ingong │ tri kaga nembah turira │ dhuh dhuh sang dwijawara mugi ywa kirang pamengku kuciwa kiranging setya││
  17. ││Amba tan bangkit atur wrin raribed witing daruna │ nanging sang tapa yektine dupara yen kasmaran │ mesem sang Resi Kadhal │ iya sayektine ngong wus wikan witing kang daruna││
  18. VNanging yogya karya lamis tembung tan dingini karsa meneke siku dadine │ andheku kang katri kaga leres sabda sang tapa marma mba tri kongsi dangu │ dereng marak sang pandhita││
  19. ││Wit saking lam ngupadi linturing sarat sarana │ lagya punika antuke kirang langkepe sumangga srah paduka sang tapa │ mung sapala rebut cukup │ cekape gathuk tan gothang││
  20. ││Gya gelaran sekar mori tanapyar nawa semat │ sinrahken aneng ngarsane Sang Pandhita kagyat jola │ lah iju paran baya raruba dadining dudu rerged temah rubeda││
  21. ││Sira kabesturon dening di adining muruhita │ tinata tata sarate │ saloka denwurudena │ wus jamak kewankathah │ napak tilas kapi yuyu │ wahyu ginayuh lan arta││
  22. ││Piyarsakna ngong tuturi │ tuture para sarjana │ keh guru: dhukun paguron paring wawarah wasita │ sarat sarana bandha │ yeku saka salang surup │ ki murid kang tan grahita││
  23. ││Salang-salang den surupi │ nlusup kacanthel kantongnya │ garegel gigal semate │ sing tan wikan wosing karsa │ cipta uger antuka │ wawarah wadining kawruh │ wekasan dadi durhaka││
  24. ││Keh kyai guru kapipit kapepet keneng pidana │ saka murid jalarane │ marma padha kawruhana kang kocap sarat srana │ nisbat budi labetipun │ pupunton tekat utama││
  25. ││Srana: prabot │ sarat: kanthi ngelmu laku gegandhengan mangkene mungguh jatine klasa: iyeku gelaran │ gelaring kawruh nyata │ nyatakna den kongsi bentus │ nglenggahi liring wasita││
  26. ││Sarat siriking kag ngelmi dinugi saprayoganya wenang wajibe linakon │ mori: pamoring kang rasa ki guru lan muridnya │ ing lair batine jumbuh jejeg jodho jero-jaba││
  27. ││Yayah rupa jroning carmin │ de kang sekul wuduk miwah │ ulam sawung seta lire │ wuduk pan gurih mirasa rasane rasakena │ sawung: sawangen lan kalbu │ mulus: suci pethak memplak││
  28. ││Suruh ayu temu rosing weruhana becik myang ala mrih temu wose kang ros jambe: mapan yeku wohan │ wohe wasita tama │ nrus narawang tan kawaranan││
  29. ││Ana maneh aran tindhih │ semat loro dhep adhepan │ tindhih: pikukuh wredine pikukuh ing kawruh nyata │ semat: sengseming prana ematna aywa kaliru││
  30. ││Mangkono ingkang kawarti │ wasitane guru kuna │ ngong cakep sapakolehe │ marma ywa dadi tyasira sagunging kang ruruba │ sawise ngong tampa laju gawanen bali sinungna││
  31. ││Rabia tanapi siwi │ ngong wus bungah lamun sira bangkit nyakup sarahsane │ ya ta kang katri kukila anembah anuraga │ wali-wali ngaras suku │ dhuh dewaning dwijawara││
  32. ││Mugi ywa kirang aksami │ sing copet cupet tyas amba │ tan wikan wosing oasemon │ katetah duk muruhita │ tataning ngolah rasa │ sarat saranan kantun │ tan wikan lamun mangkana││
  33. ││Resi nabda lah ta katri malih den oadha weweka │ guru muri samya bote │ lire yen guru tan nyata │ kawruhe mung kinarya waton muluk mlarati dadi mamala││
  34. ││Malah dadya daru beksi │ mring murid kang setya tama │ temahan manggih kadudon │ dudukane yekti bakal │ ki guru kang anyandhang │ marma guru aywa limut │ mengeti wawarah kuna││
  35. ││Ugering guruginusthi │ gagaran astha prakara │ kang kontap kotamane │ juga: tedhaking ngawirya │ kadwi: bangsa agama │ tri: terahing tapa wiku │ catur: turasing sarjana││
  36. ││Panca: paramagunasti │ sad: golongan wirotama │ sapta: sugih kabegyane │ astha: terahing supatya │ yeku tani temenan │ de wajib gen-anggen guru │ ugere uga tan beda││
  37. ││Dadalan astha prakawis │ sajuga: paramasastra │ limpat ing kasusastrane │ dwi: paramakawi basa │ katri: ulah ukara │ catur: kang mardawa lagu │ kapanca: awicarita││
  38. ││Sad: lebda lagoning lungid │ sapta: para nawung krida │ astha: sambegana lire │ lantip pasanging grahita │ de pambeging kang dwija │ jejeg ugere ginelung │ gelengan astha prakara││
  39. ││Juga tresna asihmring murid │ inganggep putra sewala │ dwi: titi atul talaten │ tri: sungkang pamrih pasung lyan │ catur: sasmita tanggap wikan pasemoning semu │ panca: sepen panggrayangan││
  40. ││Sad: lebda barang saliring kagunan len pangawikan │ sapta: tan ngendhak gunane │ nyamah nyeda ngesorken lyan │ astha: datan aleman │ mire merang yen ginunggung │ anggung anor anuraga││
  41. ││Jatmika solah marak ati │ mantep ing sabarang karya │ alus luwes wicarane │ ambeg rila paramarta │ tama traping susila │ yen sepi saking kadyeku │ babasan guru ugungan││
  42. ││Murid den taberi mardi │ mardawa laku myang jakat │ yeku mangka dhadhasare wit iku dadi busana │ gon-anggon kawruh nyata │ laku pan dadi panuku││ Lah mangkene piyarsakna││
  43. ││Murid den taberi mardi │ mardawa laku myang jakat │ yeku mangka dhadhasare │ wit iku dadi busana │ gon-anggon kawruh nyata │ laku pan dadi panuku │ lah mangkene piyarsakna││
  44. ││Ngingirangi ngunjuk bukti │ cegah yen tan ngelih ngelak │ dene angirangi sare │ ywa nendra yen tan karipan │ acegah pangandika │ mangsakala lamun muwus │ kawawas wosing perlunya││
  45. ││Ngingirangi langen estri │ ywa karem karamat sahwat │ lamun tan banget kangene │ anyunyuda napsu hawa │ lire ywa ngumbar karsa │ sabar sareh den kaemut │ de jakate kawruhana││
  46. ││Wajib jakating kang jisim │ den wani ngesorken raga │ budi: narima jakate │ napsu: rila myang legawa │ den eroh: jakatira │ tepa samaning tumuwuh │ ywa dahwen lan munasika││
  47. ││De jakate rahsa: yekti eling kalawan waspada │ cahya: trang wening jakate │ uripe: langgeng kacipta │ lah iku lakonana │ kalkone gayuh wahyu wahya sing pamesu brata││
  48. ││Mangkan kang kukila tri sakaman tyas trusthanira │ katresan dening sabdane │ sang pinundhi pinandhita bango alon turira │ dhuh dhuh sang dewaning wiku │ kukuwunging pra nastapa││
  49. ││Don papan panembah yekti │ sayekti amba nyenyet panyana tan darbe sing dahat gung punggung mudha │ katunan saniskara │ marma tan lyan ngebun-ebun │ wahyaning kang sabda tama││ 

PUPUH VI
M  I  J  I  L 

  1. ││Dhuh Sang Resi paran amba katri │ yen temah kadudon dahat we ya tan wikan wekase │ wasananing urip prapteng pati │ pati kang patitis │tetes tatas putus││
  2. ││Titis: leres lepasing pangesthi │ kang kesthi mulyeng don tetes: mulya pancering tujune │ tata suci sampurna ing pati │ putus: wangsul pulih │ mulih malih rampung││
  3. ││Lah tuntunen tuduhna margi │ marganing kang anjaga kasampurnan jati │ satuhune aywa kongsi kalimput ing binjing │ jala jajil jail ngajak manjing limut││
  4. ││Lumut-lumut limit dening dhemit │ dhedhet aneng panon │ yen kadhadha temahan maleset │ mesem alon ngandhika Sang Resi │ luwih sihing Gusti │ purbane mring makluk││
  5. ││Darunane wikanana dhingin │ parang kag dadya wus pikir kesit hur angenangene │ kang kalumprah jamaking keh urip │ wit kadhesek saking kikirangan butuh││
  6. ││Kurang betah duwa ngamal lair │ sagung katon melok tur ta iku rencana yektine │ lamun datan kawawa nyelaki │ nyelak-nyelak yekti │ dadi aru biru││
  7. ││Kang mangkono yogya denrekteni │ paran kang binobot madhep atanapi ngungkurake │ lamun sira yun bangkit nambahi │ reregeding lair den santosengkalbu││
  8. ││Bubukane sabar nrimeng batin │ tan penginan aron barang pelag elok suwarnane │ rila donya tega marang pati │ sisip densinggahi cipta maharjayu││
  9. ││Nanging iku pan kuciwa maksih │ mamrih karahayon │ wit mung nyipta mulyaning dheweke mungkur mikir marang anak rabi │ gothang rumeksaning wajib lairipun││
  10. ││Marmanira kang luwih prayogi││ Kacakupa karo lair suka tentrem ing batine │ butuh anak rabi tan ngregoni │ cipta temah wening wenang gayuh wahyu││
  11. ││Bango matur dhuh Sang Maha Resi │ing sabda tan linyok │ nanging paran dadya jalarane │ andupara lamun amba katri │ tuk rijeki luwih tumrap semah sunu││
  12. ││Sang sangsaya pangupayeng melik │ keblat catur padon pan jinagan ing ari ratrine │ pager kala rinakit narithik rawa kalen kali │ samodra sinerung││
  13. ││Ngupa boga tyas asangga runggi │ dalan jenak neng don kadhang dereng pethuk wader pece │ wus ginusah binalang ing janji │ janji yen tuk melik melok minta pandum││
  14. ││Jele bosen tiwas wira-wiri │ turut galeng blethok │ Resi Kadhal mesem lon delinge │ kang mangkono wus jamaking urip │ rebut met pakolih │ liru asor unggul││
  15. ││Tur yektinekeh kahanan iki │ nemu sarwa dados pepak gumelar Yang Widdhi karsane │ gunging ngumat anggandhuha sami tan wenang ngebeki liya Yang Mahagung││
  16. ││Nging reh mengko tataning pra peksi │ remen apadudon │ dhaku wenang ngecupi adarbe │ sengguh kaya yasane pribadi sing ngaringkih kandhih kang santosa ngukup││
  17. ││Ya marmane sayoga sireki │ padha nrimeng batos │eklas pasrah nyuwun mring kang darbe │ papanduman kanthi masuh dhiri │ nyadhang sihing Gusti │ wahyaning wahyugung││
  18. ││Lamun mantep pangidhepireki │ yekti sido dados │ Hyang Wisesa tan nisih adile │ sapa nrima katarima yekti │ weruh denweruhi │ jrih sinihan tamtu││
  19. ││Nanging kudu sinartan ing teki │ mrih tekan kalakon │ puja iku lan brata kanthine │ walang adhak majeng nyela aris │ inggih kyai mugi keparenga uluk││
  20. ││Nyuwun wulang rehing laku brangti │ kang kedah linakon │ amba dahat kumacelu mangke │ tampi sih nugrahaning Hyang Widdhi │ tuwuk tirah bukti mleber semah sunu││
  21. ││Sing salama cingkrang sarwa sarwi │ ri ari angloyong mung lumayan antuk jampi luwe │ marma angga lalu alum agring │ wulu elar brindhil brondhol lesah lesu││
  22. ││Beda lawan bango cangak sami lema seger tinom │ wit nariah pangan saantuke │ keyong kraca besusul binukti │ yen amba tan sudi apes kedah welut││
  23. ││Bango nambung alah sira iki │ bisa angacemong lawan guru matur tanpa gawe wirang ngesorken sasami │ nung murih densihi │ mangkono tan patut││
  24. ││Cinelakken ngrembug bareng kardi │ ingkang cangak gawat wados │ cangak nyela banggansira dene paribasan cedhak sarpa mandi │ wurung nyakut yekti nyelah sida nyembur││
  25. ││Yen rembugku ginusaha nuli │ dimen mentar adoh yentan saguh mareni watake │ walang kadhak biyas mundhur nulu dhekem neng wurining │ bango sarwi jetung││
  26. ││Ngucap alon lah sanak │ ywa dadi ing tyasira karo aku datan nedya salah gawe │ dene mau ngong matur mring kyai │ saking pikir lali ge-agea ngundhuh││
  27. ││Reh wewarah pangupayeng bukti │ kang gampil linakon wit akbutuh kaluwen wus suwe │ ya ta Resi Kadhal nabda aris │ wis kendela sami bali kang rinembug││
  28. ││Lamun sira yen gayh wahyaning │ wahyu sing Yang Manon │ wiwitana sawatara rine ngungurangi cegah nendra bukti │ nebiha mong resmi lan eklasing kalbu││
  29. ││Gya nglekasi ngalaya ing ratri │ wit surya tan katon nuju marang kang sepi papane │ pasa: mbisu tyas kang eneng-ening ngeningken kang kesthi │ paran kang kinayun││
  30. ││Den tatali ing cipta ywa lali │ inggaling satemon │ praptaning byar raine sirage │ siram marang tempuraning kali │ poma saben ratri den kalakon lamun││
  31. ││Dungkap kawandasa ratri nuli │ yan wayah sirep wong denwaspada sira ngulatake ing wawarnan tanapi swarnaning peksi gunem pikir kang karaseng kalbu││
  32. ││Ngadat datan kongsi satus ratri │ tinrimeng Hyang Manon paring ilham pilih ing margane │ kang cinipta luwih sihing Widdhi │ de yen wus antuk sih tyas den suka sokur││
  33. ││Katri kaga embah matur raris │ mugi denkalakon amba bangkit ngluhurken warahe │ bangkat gayuh papasihing Widdhi │ iya ngong amini den kongsi kapangguh││
  34. ││Mangke yogya dumugekken malih babaganing layon kang wus masthi linakon ing tembe │ sagung umat datan kena mungkir │ sumingkir sing pati ing kitap kasebut││
  35. ││Bubukane kawruhana dhingin │ trap pangulah layon │ yektekena pangeran kodrate │ sing amantep tetep pan sinung wrin │ wikan wahyeng wanci wataraning layu││
  36. ││Pra sarjana ahlul olah ngilmi │ wus karya pasemon │ binjang lamun wus perak praptane │ ri kiyamat Gusti Allah nuding │ malekat Jabrail mring donya tumurun││
  37. ││Kinen mundhut drajad │ dasa warni mangkene kacariyos │ juga mundhut barkating bumine │ kadwi: mundhut adiling narpati │ tri: tapaning resi dene kaping catur││
  38. ││Kinen mndhut drajading kang ngelmi │ pan kinarya asor │ ping nem wiku wigar sutapane │ sapta sanakkadang kang tresnani │ ping astha: winarni apan kinen mundhut││
  39. ││Ing wirange pra peksi pawestri │ kakung kadya wadon │ anggepira pan wus datan pahe │ kaping nawa: kinen mundhut maning imaning para mukmin │ dene ping sepuluh││
  40. ││Mundhut sastra rahseng kitab suci Al kuran cinoplok yen wus iku nulya tumedhake │ keh babaya bebendu nekani │ nir wateking peksi kewan saminipun││
  41. ││Kang kadya kakawruhana yekti │ yekstine wiraos yeku pralampita satuhune kang kajarwa jarwane kakiki │ kikising dumadi dene wredinipun││
  42. ││Ri kiyamat: kiyamating dhiri │ yun andungkap layon │ juga: yeki ngibarat anane owah ing rupa warna cahyeki │ nguni ayu pekik temah pucet sayub││
  43. ││Dwi: ngibarat bunaring pangeksi │ bureng bawur mawo arum arus tan beda gandane │ swara sora lamat-lamat myarsi │ de kedaling lathi │ kithal grathul-grathul││
  44. ││Tri ngibarat kang jatmika kontit │ ngen-angen tempuh wor │ kawur-kawur kaworan marase │ kaping catur: yeku ngibarating epeh ingkang budi │ budayane kukut││
  45. ││Kaping panca: ngibarat ciptaning kekeraning batos │ kang kaping nem: yeka ngibarate mur kang karasing napsu wahyaning tandha dungkap wanci badhe sidhemipun││
  46. ││Kang kasapta: ngibarat kuwuring ciptanira dhompo │ supe marang ing kahanan kabeh │ kaping astha ngibaratireki pangrasa ngincati │ wit roh renggang sampun││
  47. ││Kaping nawa: yeku ngibarating nir raos rumaos │ tan pangrasa wit ginggang rahsane │ ping sadasa: yeku ngibarating pramana cahyeki surem sirep surup││
  48. ││Marmanira den samya marmani │ dadining waspaos │ wosing bengran ing lair batine │ tengran batin yen sirangsa uning │ jroning eneng ening ngalelu kadulu││
  49. ││Dadalane sing rupa pribadi │ rupa: urub yektos │ urub: saking urip tan nalyane │ mung sajuga yeku pribadining jroning donya iki nadyan kathah manuk││
  50. ││Bango cangak walang kadhak anging warna tan adhompo │ mapan iku dadi paseksene │ de patrape yen sira yan panggih │ kang panggah ywa wigih lenggah sila timpuh││
  51. ││Datan pahe lenggah ing solati │ cipta maya mawor │ gumulung neng pancering rasane │ musthi rupa warna pribadining iyeku ananing uni nong ananung││
  52. ││Ana maneh trapsileng samadi │ lenggah sing gadhodhok │ dwi suwiwi angrangkul jengkune │ dhengkul rapet tapus ing dariji │ sanipat mor siki │ tepung pucuk cucuk││
  53. ││Jroning eneng-eneng awas eling │ jumbuhna ywa keron │ sastra cetha luluhna rahsane │ yen wus mempan ngadat bangkit panggih │ de tengran kang keksi kasat ing pandulu││
  54. ││Jaga: lamun sira wus ningali │ barang warna elok │ lire: ilu-ilu ilat mele │ sabangsane ingkang wanci │ pan kirang sataun││
  55. ││Kono yogya sami amiwiti │ nata traping batos │ mindeng brata lan sabar rilane │ narimeng tyas mrih temen utami │ pakareman pinrih sirnane sadarum││
  56. ││Dwi: kalamun sira wus miyarsi │ swara kang kawiyos ing salama durung mirengake │ kayata: kang sware setan myang jin berkasakan sami bangsaning lelembut││
  57. ││Yeku kirang samadya warseki │ kikising kang layon │ yogya sami ngegungna kurmate │ myang tilasal mrih tindak utami │ titi ngati-ati marang gesangipun││
  58. ││Kang kaping tri yen wus santun warni │ wawarnen kang tinon │ non ngawiyat nuju ing wulane │ sura sapar kawistara abrit ing rabingulakir │ miwah wulan mulud││
  59. ││Yang basonta meles cemeng keksi │ de kang lamun anon Hyang Sudama nuju ing wulane │ jumadil awal jumadil akir dumeling kaeksi kresna siratipun││
  60. ││Wulan rejeb myang arwah yen meksi │ tirta brit sumorot siyam sawal mayat wayangane ing pribadi wus dadi kakalih sela sakban sasi langking kanang latu││
  61. ││Yeku kirang dwi candra kang jangji │ yogya kang linakon │ awasiyat riwayat tegese paring warah wuruk myang weweling liring wasitadi dining suci hayu││
  62. ││Yen tinekuk panungguling driji cakarira karo │ mepet rapet neng ngepekepeke │ gya ingangkat kang jajenthik manis │ yen kangkata kongsi tandha kaping catur││
  63. ││Yeku kirang catur dasa ari dungkap prapteng layon │ sedheng samya gelar aksamane │ myang aminta aksamane sisip marang kang sakserik pinrih eklasipun││
  64. ││Panca lamun driji cakar kalih │ kawawas wus kalong │ miwah pegat ugelugelane │ yeku kirang sacandra kang janji │ sedheng nrapken ngelmi kasampurnanipun││
  65. ││Sad kalamun myat warna pribadi │ temuwa patemon kirang madya candra antarane │ yogya nuli pinuja ing puji saben arsa guling │ kalanireng dalu││
  66. ││Pinrih lulut luluh dadya siki │ suci sampurna mor nunggal lawan pancering nguripe │ kaping sapta sepen napsu bukti │ nir wus datan pengin temah titatudhuk││
  67. ││Yeku amung amung kirang pendhak ari rasa sru kaleson │ mangka nuli tobata denage │ gayeng saben pendhak wungu guling │ nalangsa mrih suci socaning datipun││
  68. ││Astha lamun keketeg keduting │ cakar wus tan traos netra kanakaning pramananeng │ pamiyarsa sirna garebeging │ srep pucuking parji │ jangli pan wus tutug││
  69. ││Dungkap mancat praptaning kang ari │ kiyamat den tanggon │ gya nucekken sagungan sire │ agal lembut kinemat mong siki │ kukut sarahsaning pul lan gesangipun││
  70. ││Gugulungan pikekahing ngelmi │ kukut-ngracut-temon │ tobat-ngematnucekken rahsane │ mbaba-pasrah-nalangsa mring Widdhi │ iki ngong wijeni wijang jatinipun││
  71. ││Gya tri kaga majeng ngarseng resi │ manglong semu mengo │ karna kiri gung anelingake │ cipta tanggap dumeling kang pyarsi │ rahseng wasitadi dining luluh layu││
  72. ││Byar narawang kawangwang uwosi wahyu kang kawiyos │ katri kaga angles nrus diyane │ tanpa krekat supe sakaliring │ wawarnan kang keksi sanak semah sunu││
  73. ││Sing kapranan kangprana tampi sih sasihing Hyang Manon │ ngaras pada sarwilon ature │ dhuh sang dwija amba ngaros yekti │ terus wus asuci mulya jatinipun││
  74. ││Sirna sagung rarasan jro urip │ sirep tan araos mapan namung nikmat munpangate │ mesem alon ngandika sang Resi │ bagya sirantuksih sihing Hyang Maha Gung││
  75. ││Nging ywa agegancang anggagahi │ agahan salah ton │ mung katongton enak kapenake │ begalane tan den kawekani │ binjang yen praptari sakaratil maut││
  76. ││Kono kathah rencana kang prapti │ wit sing napsu dados neka warna warah-pangarahe │ ana katon guru-yayah-wibi sanak-semah-siwi weneh putri ayu││
  77. ││Ayun jarah iman pinrih lali │ linglung lalu keron kang kadyeka paran wekasane │ bok kongsia tinggal awas elinh │ yekti korup eblis kablusuk mring pocung││ 

PUPUH VII
P O C U N G 

  1. ││Marmanipun dhihin wajib wruh sireku │ pangruktining angga gayeng tepung lan pangesthi │ esthanira tan beda lan mesu puja││
  2. ││Jangjinipun yen wus kraos dungkap layu │ luyuting jiwangga │ liyeping netra mekasi │ sira nuli met papan mapan sareyan││
  3. ││Mepet napsu sidhakep tunggal kang suku │ suwiwi kalihnya tumumpang jaja │ madyaning sipat grana tepung pucuk cucuk cakar││
  4. ││Buntut turut cucuk mingkem den agathuk │ ereming kang netra wahyaning uswa den ririh │ ngarah-arah panarike ywa rekasa││
  5. ││Napas-nupus-anpas-tannapas ginelung gulung dadya juga │ tinarik ambal kaping tri │ yen wus kempal kumpulna neng lintang johar││
  6. ││Ywa kasusu supadya tan kongsi kungsul │ yen wus sareh tata tarikken minggah manginggil │ prapteng jaja jenakna ywa kongsi ura││
  7. ││Tyas den emut │ mating rhsa kang kinukuy ing panyidhikara │ rarasing mangulah jati││
  8. ││Uswanipun unggahna neng baetalmakmur │ mor lawan pramana │ poma den yitna sireki │ iman-tokit-makripat-Islam esthia││
  9. ││Aywa keguh tyas kang tangguh │ panggah puguh den gagah bregagah │ teteg tatag den gumingsir │ ngliga sara sarana sarat pangruwat││
  10. ││Wit ing ngriku nedheng praptaning ru giru │ ngrubung gara gadha anggegiro memedeni amemengin- amndaya- mamrih-miluta││
  11. ││Mrih kalimput kalempit kelu kalunglun │ kalaping paparang │ jro urib datan methuki │ beka begal bebaya gawat kadyeka││
  12. ││Ywa kaliru pana pamawasing laku │ pambukaning wrana │ panakna ywa kongsi lali │ lah delingna sira sun tuturi padha││
  13. ││Kang rumuhun anu nong uning ananung kang mangka pangruwat │ ruweting rasa sakalir │ nuli uning ananing ana sajuga││
  14. ││Lah ya iku lan sastra jendra martayu │ dating Yang suksmana cinitreng angganirelu │ ywa tepungna lan rahsaning dwi kalimah││
  15. ││Apan iku jati ananing uripmu │ kang kurup dwi astha isthanen ananireki │ yen wus luluh linawed dadya sajuga││
  16. ││Juga wujud kang alip mutangalimun │ wakid wahyuning yang jejeg jruning anur singgih │ wulu auku dadya tekad kang sanyata││
  17. ││Wus kacakup sagung wawarah sang wiku │ kumandhang neng dhadha ngandika malih sang yogi │ kawruhana yen uswa rasa pramana││
  18. ││Wus put-kampul samadyaning baetal makmur │ sing suku kanangrah ginulung minggah manginggil │ pating griming lir likaten rasanira││
  19. ││Wit jalimpit kang rasa dereng kinukut raket tan witira │ mulih mring wasesa jati │ lah mangkene patraping panyidhikara
  20. ││Iya iku poma ywa kongsi kaliru maneh kawruhana │ yen wus dungkap pantaraning mangsa kala oncating atma sing raga││
  21. ││Gya kadulu praptaning kang aru biru │ tahya manca warna │ genti-genti anglimputi │ pwara nunggal kahanan lan nahya mulya││
  22. ││Mulya wangsul pulih sangkaning duk wau │ jumaneng pribadya jroning ngalam nukat gaib │ nukat: wiji │ gaib │ samar jarwanira││
  23. ││Wus amengku ananing kahanan sagung │ lah padha ngaso dhingin │ iki wus meh anggagat bangung raina││
  24. ││Menyang pungkur kana ana balumbanggung │ padha meta mina │ sira tri den enak bukti │ aywa taha tampi sugata manira││
  25. ││Yen wus tuwuk │ balia mrene ngong wuruh witing ananira │ sangkang purwaning dumadi │ kang supadya tan samar papaning lama││
  26. ││Nembah dheku katri kaga │ matur nuwun wus lengser gya medal mring wuri rong sapraptaning │ tepi Haga arsa met manising mina││ 

PUPUH VIII
D U R M A 

  1. ││Kawursita nenggih kang kaga tri │ dupi prapta tepining balumbang │ dahat kacaryan driyane │ anon weninging ranu │ dhadhasaring beji kaeksi │ keh mina sami mijah │ sidhat welut mungup urang-urang watang ngambang │ sepat sili waderpari riwa-riwi │ bandeng blanak lumembak││
  2. ││Walang kadhak tyas tan sangga runggi │ gya agahan jegur manjing tlaga │mrih mina ing sasukane │ ngiwa manengen nucuk saking luwe wus lungse wanti │ wit wingi datan nadhah │ nglantur prapteng dalu │ bango miyat mesem lingnya │ lah ta cangak dulunen solahireki │ si premba walang kadhak││
  3. ││Kaya kaul dupeh den lilani │ mring jeng kyai mangan tanpa kira │ tinggal duga wataranem cangak ewa sunaur │ dikapakna tan bangkit mari │ wus dhasar pikir rucah │ parandene umuk │ saguh arsa tarak brata │ ngungurangi nadhah │ nendra piprihatin │ yen nyata sida modar││
  4. ││Walang kadhak apitan miyarsi │ enak nucuk mina nengen ngiwa │ kongsi balendhang telihem bango cangak sru muwus │ heh ta walang kadhak sireki │ teka dahat dalua baya durung tuwuk │ wadhukmu kongsi badhadhag │ bok yading mina iki ngoningoning kagungan sang ngatapa││
  5. ││Mangan teka tan dugi prayogi │ tuduh lamun kukila alasan │ tan weruh praja susilane │ walang kadhak sumaur nyambi nucuk kang waderpari │ lah sanak den sakeca genta gunem nyatur │ ngong rungokna karo nadhah │ telak telih kebake kurang sathithik │ dimen bangkat sapasar││
  6. ││Sigeg ingkang kinondha │ ing tulis mangke genti ingkang cinarita kang samya kantun pantine semah tanapi sunu │ biyang walang kadhak lan malih │ biyang cangak samana dahat ngayun-ayun ing praptane lakinita kongsi lama denya padha ngupa bukti │ teka tanana prapta││
  7. ││Biyang kadwi mara mring unggyaning biyang bango wus samya papanggyan │ rasan rerasan lakine kesahnya teka nglantur │ marasing tyas bok wonten margi │ kandheg beka begalan │ baya myang pakewuh paran denira ngupaya │ biyang bango alon denira nauri │ biyang cangak den sabar││
  8. ││Pandugaku lakimu tan kongsi │ yen manggiha babaya neng paran │ wit babarengan lungane lawan bapakne gendhuk │ jare sowan ngarseng sang resi │ kadhal kang nungku brata neng sor mandira gung │ adat pikirku tan kena yen kongsia ana sandhungan nekani andhingini karasa││
  9. ││Balik paran karepira kalih │ den upaya tanapi ingantyan │ ing kene kongsi praptane │ biyang cangak sumaur │ yen sambada ing sira kalih │ mungguh panglimbanging wang │ sayogya rinurah tembung tan kadaluwarsa bagya lamur neng paran sanya basuki │ ywa dadya paran tetah││
  10. ││Biyang walang kadhak anyambungi │ bener pikirira kang mangkana │ lah payo budhalan age │ mumpung iki sih esuk │ mesakake sutanta cilik │ kongsia keneng pnasm katrinya gya ngrasuk babektan perluning marga │ sawusira sempat gya budhalan sami │ katri ngayuh gagana││
  11. ││Aburira reyongan samargi repot ribed babektan myang suta │ dupi surya lingsir sore │ dungkap gyan kang tinuju │ katri pareng maniyup sami │ jujug soring mandira │ gya ngulari pintu │ erong samana wus panggya │ biyang katri umarah tepining kori sarwi lan aturira││
  12. ││Kula nuwun sowan amba katri │ nyuwun pirsa punapa sang tapa │ kaleres wonten daleme kawarna sang awiku │ pan wis wikan lamun ing jawi │ wonten tatamu prapta mangkana gya metu │ prapteng kori guwa nabda │ lah ta payo banjura sami umanjing katrinya dharakalan││
  13. ││Praptaning jro wus nyata ta linggih │ biyang bango kang lenggah neng ngarsa │ sila dhekukul janggane │ wurinira sumambung │ biyang cangak jongok alinggih │ timpuh amangku suta │ nangis sarwi nusu dene wurinira pisan biyang walang kadhak slonjor denya linggih │ dwi suwiwi saduwa││
  14. ││Resi Kadhal mesem sarwi angling │ lah bageya katri praptanira baya padha ana gawe kang tinanya umatur │ sowana mbangar sangang sasi │ sing sami sru nsungkawa │ ginubel ing sunu │ sudarmanya samya kesah │ ngupa boga apan sampun caturawi │ nglantur tan ana pranta││
  15. ││ Kongsi mangkin tyasasangga runggi │ bok neng paran kasandhung babaya │ mugi tuwan marengake │ amba nyuwun pituduh kawontenan ingkang sayekti │ yektine laki amba pernah dunungipun │ papa tanpiraharja │ resi nabda nut petanging iladuni │ sira ywa wancak driya││
  16. ││Den pracaya pasrah mring yang widhi │ lamun katri lakinira padha suka basuki yektine │ nanging samangke durung prapteng mangsa sami amulih │ taksih sinegker ing Yang tembe kalamun wus dungkap prapteng mangsa kala │ ywa sandeya tya sira sun kang nanggupi ngupaya panggihim││
  17. ││Marma sira den saranta sami │ aneng kene kongsi praptanira │ ngiras padha ngasokake │ labet mentas lalaku │ kapenakna gyan padha linggih │ gya nyanggo taha-taha │ katri matur nuwun │ biyang bango lon turira │ nuwun kyai sasambe ngiras ngentosi │ ambarsa nyuwun berkah││
  18. ││Sarat sarana ugening alaki kang suoadya bango laki amba │ bangkit jenak tungkul tyase │ ywa tansah karem ngluyur kaloyongan supe ing wanci │ leres tamun kesahnya mrih cekaping butuh antuk kedhik myang kathah │ bruk pthuthuk datan darbe │ pikir sing sang tapa lon ngandika││
  19. ││Kawruh ana yen laki nireki │ dadi lanang mapan wus prayoga │ weruh ngenggoni sema sunu │ ngupa nipkah ywa kongsi laip │ prakara remen lungan │ terkadhang anglantur sayekti ana witira │ ya mulane den bisa sira ngrawuhi witing karananira││
  20. ││Lah ing mangke sira sun tuturi │ yen lakimu nuju prapta lungan │ sira mirapeta tindake │ sandhingan yen lungguh │ pernah kiwa rada kapering │ ri ngatrap ing susila │ kang reseping semu │ jatmika sasolah bawa │ sipta tanggap pasmone semu malatsih │ mtih asih ing lakinta││
  21. ││Tyas sumarah barang reh │ ywa kongsi nyengkah-duwa kang njalari cuwa │ tumindaka sakarsane │ katon kang bangun turut │ de cawisan sira ywa lali │ barang karemanira myang kasukanipun │ rumangsa yen tinitah dadi wadon │ wadon wresining wadi │ wadining kakungira││
  22. ││Sira wajib rumeksa ywa kongsi kawadaka │ marma ingaran pelestri iku tegese │ paes: rerengganipun tri: tetelu jarwane yekti │ rengganira titiga │ kadarbe ing kakung │ tan kena sira suminggah siyang ratri sumaos karsaning laki │ jer wus der suguhena││
  23. ││Basa bajo: baja denarani │ baja; yeku susuguh sanyata │ ana pasekcene maneh │ wit kuna mulanipun karsaning Hyang │ praptaning mangkin │ wadon pinernah ngandhap │ kakung aneng ruhur │ yeku pasemon sanyata │ sanyatane wadon │ kawiseseng laki │ tah iku rasakena││
  24. ││Ina sababe sira kudu wedi │ lan miturut ing reh barang karsa │ yeku dadi lilirune │ sasanggemaning kakung │ wektu ijab marang sireki kaseksen wali sanak │ myang tuwan pangulu │ kakung datan kena selak │ ngupayakna bukti lawan angomahi │ myang wajib nuronana││
  25. ││Lamun ana wadon mbeg kumani │ saya lamun yen kakunge ngalah │ parunji jarah arane │ kabendon mring Yang Agung │ kapindhone dosa mring laki │ Pangeran tan ngapura │ mring wadon kang besur │ nadyan lakine narima │ awit kakung winenang dadya sesulih │ mengku munba masesa││
  26. ││Swarga nraka gumantung ing laki │ marma sira ngati-ati padha │ ywa gegampang sabarang reh │ sun puji mring Yang Agung │ amarengna muga sireki │ dadya wanadya tama │ den awas lan emut │ sunduking duga prayoga │ lan watara kira-kira aywa lali │ mangka pawitanira││
  27. ││Ora susah pawitan mas picis │ mapan dudu adon-adonira │ mrih nunggal kur batine │ biyang bango umatur │ nuwum inggih sabda sang yogi │ berkah tuwan mugyamba bangkat liring tuduh │ pitedah kang mrih utama biyang cangak saking wuri anambungi │ dhuh kyai nuwun amba││
  28. ││Pinaringan brekah sang ayogi │ kang supadya laki amba cangak │ mantunana cengkilinge sareh ywa sugih napsu │ wit watete tan kaprah peksi │ putungan barangasan │lan amba sring padu │ padudon rembag tan misra kang makaten jalari sudaning kang sih sihing wadon mring priya││
  29. ││Amba suwun lakimba den kongsi │ komet kuthuk aywa sok galathak │ thithik-thithik amethentheng │ sang wiku mesem muwus │ biyang cangak amindhu kardi │ mau ngong wus sajarwa │ sugerwajibipun │ wadon rinengkuh ing priya │ ngong wus wikan yen watekmu mula wani kumini marang priya││
  30. ││Dadi sira tan ngenggeni wajib │ paran bangkit runtut sih siniyan │ jer sirangkah mung menange │ lakimu kinen nungkul │ yeku ran tan wruh bener sisip │ ngandelken bangkit ngucap │ pikir ngeyel berung │ ya │ulane wekasing wang │ marenana yen sira mrih den asihi │ warahku siranggowa││
  31. ││Kaya wus kang kajarwa ing ngarsi │ewadene reh wus sri sulaya │ yen amrih ninggal becike │ nuli bangkit tut rukun │ linayan aning puja puji lah kene amajua │ sireku ngong wuruk │ yen sira nuju pan dengar │ lan priyanta mataka pramana aji │ mangkene emelira││
  32. ││ Salalahu ngala wa salami │ Mukhamad Kadim Allahku nyata │ kang jumeneg neng pancere │ paningalku satuhu │ tetep manjing mareng pancering netrane lakining wang den langgeng sihipun ing donya prapteng delahan │ La ilahu mukamad rasulillahi │ ya hu allahu akbar││
  33. ││De kang penu jinungkung ywa lali │ lamun sira nuju pulang raras │ciptanen sajro carene │ wawasen jroning kalbu │ den kongsia cumithak dadi caplak lan warnanira lakimu sajumbuh aji iku lakonana pasa mutih tri ari pungkasan nyepi │ ngebleng sadlu pisan││
  34. ││Nembah mundur biyang cangak sarwi matur nuwun gya bok walang kadhak │ sumela maju ngarsane sang wiku sarwi matur │ nuwun kyai parengna mugi paring tumbal myang supadya si dhawuk │ gapuk gerang walang kadhak │ mantunana denya remen iyan pawestri │ mring semah datan doyan││
  35. ││Kethuk kuwel kesete ngliwati │ byang-ngebyangan │ sukanya ngethoprak │ injang mantuk bruk angorok │ yenamba susul turu │ den sog-osog datan ngalisik │ nglilire sareng dhupak │ celak datan ayun │ tangi gregah dandan pangkat │ jujug warung ngiras bedhange ngladasi │ kranjingan tanpa wirang││
  36. ││Resi gumujeng guguk sarwi ngling kalingane biyang walang kadhak │ ngangsa jarwa satuhene Yang dadi tyasireku │ ya marmane lakinta kongsi │ mangkono trap tindaknya │ sireku kang luput │ jer pikirmu wangkal nglungka │ datan pisan mardi wadining pawestrikang mrih reseping priya││
  37. ││Bener bae lakimu tan apti │ nyerakana jer sira kaliwat wadhag wagu kethoh wadheh │ basengat ulat sebut │ crobo crabak tanpa sisirik wewalering wanita │ waton doyan klebu │ kang mangkono marenana │ lan tuntunen kang talaten mardi sirik │ besus nanging prasaja││
  38. ││Ana sarat yogya denlakoni │ nanging saru tumrap wadon lumrah │ wit mung mardi mrih nikmate │ ngarah kiwul salulut │ anganggoa tarekah lair │ jamu sapasar pisan saben bangun esuk │ ratengan barambang lanang │ pentiling lo sababakan dlima sawit │ myang sarem sawatara││
  39. ││Pinipis winor saberuk warih de tapele meta ron pulutan │ jeram pecel sasawite │ kedhik winoran candu tapel tepung kang kampungireki │ latah bok walang kadhak talah sang awiku │ wosing wawadi kawiyak │ cak cek sajakane wus tate niliki │ bok cangak nambung lingnya││
  40. ││Bener kyai dhawuhe kadyeki │ jer rupamu pasmone katara │ ngebreh jodheh waleh tlobeh │ welu kendhoa mesum │ andupara laki sireki │ resepa pulang raras │ jer caciblon kungkum marma nuli rektenana ngrukti raga supadya │ wingwing aramping kiyat akat talang kas││
  41. ││Nadyan kisut kakasutireki │ yekti keket kesat asai kisat │ bisa kecap panggregute │ biyang bango anyendhu │ lah ta biyang cangak sireki neng ngarsane sing tapa teka kandhan saru │ biyang cangak jongok lingnya │ ya bakayu ngaran aku mung sadremi │ babar dhawuh sang tapa││
  42. ││Magsa dadak karsa sang resi │ medhar ngebla terang tur pratela │ kaya ujaring ngong kiye sathithik aku urun │ lir warahe guruku nguni │ wus kanyatan ngong coba │ tan mindho ping telu │ sira ngupoyoa beras sokanandi dinar kencana myang kendhil anyar liweta sigra││
  43. ││Lamun arsa dungkap anyilepi gya cincinga saruhur wentisnya │ sarwi kang rema ingore │ maca slawat ping telu nuli donga kabul kaping tri │ de kang bakal lawuhan ya saananipun │ nanging kudu saratan nora ketang satrithik meta cacindhil │ dheploken kongsi lembat││
  44. ││Mor lan rempah ywa kongsi katawis │ yen wus rampung sira adandana sarwa prasaja semune rakiten cawisanmu │ yen lakimu wus arsa bukti │ lungguhe cedhakana awasna yen muluk │ tetep pisan barengan ing kamayan esthinen sajroning batin │ mangkene emelira││
  45. ││Bismillahi arahmanirrakim │ niyat ingsun barengi manjingnya kalimat jati kodrate │ kamaku ya kamamu │ rasaningsun rasanireki │ atma-sir tetep tunggal keket langgeng kumpul la ilahaillahuwa │ wus sing bukti sarana sira dhingin │ mring senthong atetebah││
  46. ││Nguni adat kang wus klakon nuli │ anututi manjing ngajak nendra │ lamun denuja karepe ngerepi jaluk tanduk │ tumanduking bedhor nemeni │ bok walang kadhak ngakak │ katuju tyasipun kongsi kawiyak wadinya kawistara dhadhasar karem saresmi │ dremba kakung tan taha││
  47. ││Ya ta alon ngandika sang resi │ lah katrinya padha sumurupa │ kang mangkono iku kabeh kena ngaran pangapus │ papaesan sajroning ngurip │ nging mungguh jatinira │ wadon rinengkuh ing priya │ wajib wruha sarahsaning laki-rabi │ de mungguh jarwanira││
  48. ││Basa rabi: rahab wredinireki │ de kang laki: laku jarwanira │ anglankoni sabarang reh │ nut sumarah ing kakung kang supadya dipunrahabi │ yeku jodho ranira │ kang rasa wus mantuk │ neng papaning sowang-sowang │ kawruhana paran wadining pawestri │ tanggap karsaning priya││
  49. ││Lawan priya sengseming pawestri │ mapan iya mulane mangkana │ wit pawestri sayektine amengku rohing kakung │ kang ngaranan eroh ilapi │ dene priya kanggonan rohing wanodyeku │ iya roh suci arannya │ marma lamun priya umiyat pawestri │ myang wadon miyat priya││
  50. ││Nepsu ebah kumudu nanggapi │ yen sepena ewuh pakewuhnya │ saking katarik dayane │ kang roh estri yun mantuk │ jro saresmi aliru pulih │ marma ranpulang raras │ wus samono cukup │ balik iki wus andungkap mangsa kala pinareng lakimu praptilah sira meneng padha││
  51. ││Sun susule bene nuli bali │ ya ta sang tapa ngeningken sigra │ amuntu cipta rasane │ menet saliring napsu │ tri bawana kinukut sami ngikut sagung jajahan │ manjing ngalam limut │ kang kari raga ragangan │ gya sang resi nuksmeng cahya marang wuri │ arsa panggih tri kaga││
  52. ││Kawarna kang samya ndon warih │ bango cangak lawan walang kadhak │ tri dahat kapiteng tyase anoncahya narawung │ amrabani sakubeng rawi │ sor prabeng diwangkara │ dupi miyat ruhur │ sang resi katon ngalela lenggah munggwing jro cahya sarwi melingi │ lah ta sanak katrinya││
  53. ││Ingsun prapta nusul mring sireki │ kawruhanta yen somahmu padha │ babarengan tri praptane │ kawistara wulangun mring sireku temah ngulati katuju lampahira │ ingsun kang jinujuk mangke nganti aneng ngarsa │ wus antara jajagongan lawan mami │ ana kang nganthi suta││ 

PUPUH IX
KINANTHI 

  1. ││Wusnya ngandika sang wiku │ sakedhap muksa tan keksi │ ya ta kang katri kukila mutenggengen dennya meksi │ sing pangrasa katresnan sami││
  2. ││Bango cangak mingak-minuk │ walang kadhak tanpa ngudi │ tyasnya bawur bunar-buyar │ wusing rada enget sami │ bango nebut ngudubilan minassaetonirrajim││
  3. ││Apa kang katon empere kaya jeng kyai lenggah jroning cahya mulya │ walang kadhak anauri │ mokal kalamun sang tapa yen pandugaku memedi││
  4. ││Utawa ratune hantu kang tunggu talaga iki │ cangak nyentak wuwusira │ ya bener kiramu kuwi │ iki mau ratunira │ sagung mina jro raweki││
  5. ││Yun munira balamipun │ keh kalonge sira bukti │ marma iku karsanira │ arsa males mring sireki │ utang pati nyaur pejah │ wit manganmu tan dudugi││
  6. ││Den ngati-ati sireku │ ywa selak yen pimrih lalis │ walang kadhak dhelakdhelak │ tyas angles luhnya dres mili │ sasambat lah priye cangak mengko yen kongsi nekani││
  7. ││Bok ya aku minta tulung rembugmu ingkang permati │ apa yogya nuli mentar mengko gek dipuntututi │ yen ngong bangga mesthi kalah │ ah cangak kapriye iki││
  8. ││Bango kapingkel gumuyu │ anon mring peksi kakalih │ cangak dene teka bisa │ gara godha memedeni │ karya marasi sasanak │ marma welas aningali││
  9. ││Wasana lon wuwusipun │ lah walang kadhak sireki │ ywa dahat maras tyasira │ reh wus ngrumangsani sisip │ tan lyan ing samangke padha │ inggal marak ngarseng resi││
  10. ││Ing kana kang wajib tulung sira pasrah pati urip │ walang kadhak katon lejar │ saman tri kaga nuli │ sareng budhal arsa marak │ tan adangu tri wus prapti││
  11. ││Ing ngarsanira sang wiku │ walang kadhak lenggah wuri │ pakungkungan trapsilanya │ labet katuwukken bukti │ telih nyengkah mayag-mayag │ ulat biyas tyas kumitir││
  12. ││Rasa angen-angen kukut │ bubrah budayaning budi │ cipta uwas semu semang │ pamikire solan-salin ngene luput ngono salah │ tambuh-tambuh denantepi││
  13. ││Lenggahnya dheku dhekukul │ tan miyat ing kanan kering │ rabinira jajar lenggah parandene tan udani │ kang mangkono pan wus jamak │ kehing para nyandhang sisip││
  14. ││Sirna pamawasing kalbu │ kajaba pikir kang mentir │ menter pangikaling nalar │ ya tangan dika sang resi │ ngong sawang si walang kadhak │ kaya ana kang pinikir││
  15. ││Katara semoning semu senene angatarani │ mangkana bango turira │ nuwun duka sang maharsi punika pun walang kadhak │ sowan atur patiurip││
  16. ││Rumaos lupute muput │ duk wau wonten ing rawi │ wikan cahya gagawangan │ ing jro suwara melingi kanyana ratuning mina │ tanapi kang tengga rawi││
  17. ││Belani mina kang lampus │ yun mrih wawalesing pati kang binukti walang kadhak │ mangkya sumangga sang resi pun walang kadhak sumarah │ ing reh nadyan prapteng pati││
  18. ││Wonten ngarsane sang wiku │ suka rila anglampahi │ sang tapa mesem lingira │ lah walang kadhak ya uwis │ aywa akeh kang rinasa mung iku dadya pepeling││
  19. ││Kabeh satindaking laku │ ywa tinggal dugi prayogi │ watara myang kirakira │ ywakongsi nemahi sisip │ maneh sira sinaua │ ana ta mikir mrih mintir││
  20. ││Tyas kaget tan temah bingung │ linglung kelangan ciptaning │ apadene sira cangak │ rungokna pitutur mami │ prayogane akekadang │ den rumeksa lair batin││
  21. ││Aywa cok dhemen bebidhung │ kudhung lulang macan │ amrih met sukaning tyas │ terkadhang ngadhang-adhang antuk malih │ kang melok pinalak │ mangkono datan prayogi││
  22. ││Ngelinga wredi sadulur │ sa: siki dulur: lestari tetep langgeng dadya juga sih tresnane lair batin │ sepi kang rasa pangrasa │ traping tepa denanggoni││
  23. ││Katri kaga pareng dheku │ kaluhuran sabdeng resi │ sang tapa malih ngandika │ lah ta sanak katri kang lungguh wurimu sapa │ samana tri pareng nolih││
  24. ││Semahnya neng wuri lungguh │ gya bage binage sami asung warta winartanan │ sawusnya satata malih │ bango dheku aturira │ nuwun punika jeng kyai││
  25. ││Kang abdi pun biyang gendhuk │ sembah amba nusul mriki ing mangke sumangga tuwan │ kaparengipun paring sih nuntun warah wasitarja │ arjeng ngawal prapteng ngakir││
  26. ││Ngandika sang maha wiku │ luwih parenging Yang Widdhi kasembadaningsun bisa nununtun kang mrih utami │ utamane rabinira lir warah ngong mring sireki││
  27. ││Balik nguni sun wus sanggup │ arsa mbabar kawruh jati │sajatining ananira │ saking wit prapteng dumadi │ angin dhihin yogya padha ngrembug paran deantepi││
  28. ││Bangi nguni sira muwus │ kayungyun ngrungkebi │ tatanan jen nabi mulya │ mukhamad rasullillahi tumindak tindaking parak kang kalaku pra muslim││
  29. ││Met kadis jeng nabi rasul │ mangkene luwih prayogi │ paran sira wus andungkap │ sarta-rukun-wenang-wajib │ batal-karam-pardu-sunat suwaning agama suci││
  30. ││Bango gumuyu tumungkul │ aturnya lan alah kyai │ sacuwil pandoeng wikan │ wengkuneng agama suci │ ing batas mung ngarah-arah │ bok pinareng anglampahi││
  31. ││Mangke sumangga pukulun │ yogyane amba mestuti │ ngluhurken agama mulya │ mesem ngandika sang resi │ alkamdulilah yen sira temen-temen yun ngrungkebi││
  32. ││Sun pupuji mring Hyang Agung │ sira pinarengga mugi │ lah ta mara amajua │ lungguhmu ingsun jarwani │ sagaduging kawruh ing wang │ babagan agama suci││
  33. ││Mrih suci jiwangga besuk │ bagya yen bangki nyakupi │ orane dadya atasan │ lumaya kinarya wiji │ anggayuha wruh kang nyata │ dhihin kang wajib denwruhi ││
  34. ││Rukuning agama rasul │ kudu-kudu denlampahi │ juga sadat kadwi jakat │ tri sholat gangsal wetyaki │ catur pwasa wulan ramlan │ panca wajib lunga khaji││
  35. ││De sahadat tegesipun │ maca kang kalimah kalih │ iya iku ashadu an │ la ilaha illallahi │ lawan wa ashaduanna││ Mukhamad rasulullahi││
  36. ││Tokoting tekad jro kalbu │ tah ana pangeran kalih │ aliya Allah tan murba │ kang akarya bumi lan langit │ lawan saisi sadaya │ langgeng datan owah gingsir││
  37. ││De gusti jeng Nabi rasul │ nyata kakasing Yang widdhi │ dinuta kinen mencarna │ tatanan agama suci praptaning ari kiyamat │ liyana saraya udi││
  38. ││Jakat │ yeku tegesipun masung marang pekir miskin │ papriman denrila eklas │ myang jakat mrih dadya suci │ nut panataning petangan │ kalakona saben warsi││
  39. ││De kang sholat limang waktu │ luhur-ngasar lawan mahrib │ ngisa-subuh wektu pajar │ parlu ngabekti Yang Widdhi │ ngrasa tinitah kawula │ wajib ngerti lan jrih asih││
  40. ││Sahing sujud limang wektu │ sayekti lan rukuning │ tatanan batal myang karam │ sun babare mangke wuri │ de puwasa wulan ramlan │ muput jangkep tri dasari││
  41. ││Yeku ngluluri karuhun │ duk Kangjeng Panutan Nabi │ mempen siyam neng jro guwa │ lawase jangkep sasasi │ sapisan sawal luwaran │ ing satenga kaul malih││
  42. ││Kurmat tumuruning wahyu Al kuran saking Yang Widdhi │ ana jro sawulan ramlan │ tumaruntun ari ratri │ sing Mekah prapte Madinah │ tetep jangkep jus tri desi││
  43. ││Lunga khaji marang ngarbun │ ing kana ngran tanah suci │ pasareyaning jeng duta │ lan padaleman Yang Widdhi │ yeku kang ngaran betollah││
  44. ││Tur ngesahken tekadipun │ sineksen imam Safingi │ dennya nut agama mulya │ ing samengko ambaleni │ sarat rukuning ngibadah │ kang dhihin wajib susuci││
  45. ││Dalem Al kuran kasebut │ dhawuhing Yang Maha Suci │ ya ayuhal aladina │ amanu idakumtummi ila solati faksila wajuhaku waaedi││
  46. ││Yakum ilal marafiku wamsaku biruusikim warjulakum ilal kakba │ eni de wredinireki │ deneling pra mukmin padha │ wektyarsa sira nglakoni││
  47. ││Solat kang mangka sireku │ isih kadas kudu wajib │ wudu susuci lan toya │ padha masuha rarai │ ngusap mbun-embuning sirah │ masuh astanira kalih││
  48. ││Den kongsi prapta sisikut │ malih sukuning kalih │denwarat prapteng tungkak │ dene yen panuju lagi │ junub mangka wajib siram │ kalamun tan ana warih││
  49. ││Winenang siram tayamum │ mangkono dhawuh Yang Widdhi │ kalane neng ngalam arwah │ tanapi neng ngalam janji │ maran para roh sadaya │ iyeku rihing pra mukmin││
  50. ││Para nabi lan waliyu │ mukmin muslimin lyan kapir │ yektyeku wus padha iman │ mengeti janji duk nguni │ aneng donya linaksanan │ sujut ngabekti mring Widdhi││
  51. VDe pra kapir kupur limut │ tan arsa madeg solati │ tatanan Jeng nabi duta │ karana rohe duk nguni │ ana jroning ngalam arwah │ tan mireng dhawuhing Gusti││
  52. ││Tungkul pijer lingak-linguk │ bareng neng donya dumadi │ kena sunaring papadhang │ padhanging kang ngapirani │ tyasnya korup karem ngiwa │ kang kawangwang mung branadi││
  53. ││Saweneh ana kang manut │ nanging mung katon ing lair │ ing batine kang kapir kawak │ yeku munapek raneki │ pangrasane tan koningan │ kang murba yun denapusi││
  54. ││Dene perlune met wulu │ sepisan amsuh rai │ nuceni rereged muka │ den ta madhep donya iki │ la den ta ningali ahyar │ yeku papaesing ngurip││
  55. ││De kang kaping kalihipun │ masuh asta kanan kering │ perlu nuceni regednya │ saking susuker myang najis │ dennya nggondhel mring sasama │ gumantung sameng dumadi││
  56. ││Dene kang kaping trinipun │ ngusap bumbunan lan warih │ kuliting sisihira │ perlu nuceni labeting │ dennya wus ngasorken raga │ marang bendaranireki││
  57. ││Ping catur nuceni suku │ tungkan dalamakan kalih │ yeku mrih sirna regednya │ ing labet bangsaning siti │ tumindak nut napsu hawa │ yeku budya soraneki││
  58. ││De kalamun sira junub │ mangka sira wajib nuli │ mrih sirna suci regednya │ dennya wus luput nglakoni │ remen mring liyaning Allah │ tur ta iku amlarati││
  59. ││Sira dus tanapi wulu │ lawan toya ta obati │ nalangsa nyuwun ngapura │ mring Gusti Kang Maha Suci │ kang supadya ngakir binjang │ ywa kalabetan sukerjis││
  60. VIsrah Jeng Nabi rasul │ kasebut ing dalem kadis │ tawataubismillah │ yen tan kleru jarwanireki │ lah sira padha wuluwa lan tirta asmaning Widdhi││
  61. ││Den taukit mring Yang Agung │ tinggal banyu maksiyati │ lawan banyu ywa rumangsa bisa nglakoni ngabektilan wajib nuceni asrar yeku rahsaning pamikir││
  62. ││Den sucekken lawan banyu │ tinggal gumlaring donyeki │ erohnya sinucen lawan │ tan remen marang liyaning mungna mring Allah tangala │ kang langgeng ing sahir kabir││
  63. ││Dene bataling kang wulu │ sapisan lamun nglakoni gepok wadon lyan mukrimnya │ kapindho ngedalken najis sing medal wuri lan ngarsa │ ping tri gepok dadalan dwi││
  64. ││Kaping catur lamun turu kongsi katemahan lali │ kapanca sirna kang ngakal │ wuru-bingung-bunar-gingsir │ dene munggah pangertinya paran ahlul akekati││
  65. ││Wanodya yekti dun yeku marma sucining kangpikir │ rusak dening karem dunya │ dwi wahyaning najis kalih yeku pangucap pamyarsa sabarang catur tan yukti││
  66. ││Lire: ngrasaning myang misuh │ de batal kang tigang warni │ gepok merdi nendra miwah │ sirna ngakale tan eling dunung lali dikirira │ tan kumambang mring Yang Widdhi││ 

PUPUH X
MASKUMAMBANG 

  1. ││Apa maneh kang ngaran jatining suci │ pan astha prakara │ juga sucining puadi │ lire: tan lyan mring suksmana││
  2. ││Kang kaping dwi │ ingaranan suci ningsir │ klawan musaadah │ tegese pratela yekti │ kaping tri sucining sadra││
  3. ││Lire: dhadha suka narima mring Widdhi │ de kaping caturnya │ sucining roh lire yekti │ kang wedi wirang mring Allah││
  4. ││Kaping panca yeku │ padharan sucining bukti barang kalal │ myang ngedohken cidreng resmi │ sad yeku sucining raga││
  5. ││Inggal syahwat de kaping sapta │ kang suci kadwi kanang asta │ ywa karya ngemek met melik │ sabarang liyan bener││
  6. ││Kaping astha sucining lesan tan lali │ dikir mring Pangeran │ tanapi ing ari ratri │ amaca surat istigpar││
  7. ││Iyeku astagapirollah harngalim │ lire: dhuh Pangeran mugi paringa aksami │ sagunging lepat dosamba││
  8. ││Ngong carita nguni duk │ Jaman Jeng Nabi Sayidin Mustapa Mukamad rosulillahhi │ ana wong yahudi marak││
  9. ││Padha matur duh Gusti kula │ Jeng Nabi paran darunannya │ de Gusti Kang Maha Suci │ ing karsane datan timbang││
  10. ││Ingatasing kang najis nguyuh │ myang ngising cekap wudu tirta │ wangsul junub merga resmi │ pinajerah kudu siram││
  11. ││Mangka yekti lamun mani datan najis │ paran karananya │ amba nyuwun tedah Gusti Jeng Nabi mesem ngandika││
  12. ││Kawruhana bab ing nguyuh lawan ngising │ suci wudu tirta karana iku kang najis │ mahya sing dhiri priyongga││
  13. ││Lawan malih mahyane datan mlarati │ balik junub ika mangkene purwane nguni │ duk enyang Jeng Nabi Adam││
  14. ││Aneng swarga dupi dhahar wohing kuldi │ kraos langkung nikmat │ sumarambah ingkang sari │ suku pranteng pucuk rema││
  15. ││Datan pahe nikmate lan pulang resmi │ marma jeng nabyadam │ dinukan dening Yang Widdhi │ merga sing ngemat kenikmat││
  16. ││Kang magkono ngatase junub │ pan wajib sinucen lan siram tirta tobat mring Yang Widdhi │ nuceni najising badan││
  17. ││Lawan maneh krawuhana │ lah yahudi junub winajibna │ kudu-kudu siram warih karana sing tri prakara││
  18. ││Juga saka nikmat ahyaning kang mani lawan ngarsa suka │ ing mangka dununging mani │ tepus saliring anggota││
  19. ││Ping dwi rehning resmi sarana piranti anggota tumandang │ ngetog sarosa rahsaning │ marma sawusnya cumbana││
  20. ││Slira lesu lupa luluh kang donya nir │ iku sayogyanya siram kojur kang dhiri mrih pulih kakuwatannya││
  21. ││Awit kanang tirta darbe daya luwih │ bangkit amulihna lan nguripken kang wus agring││
  22. ││Kang kaping tri satuhune padha wajin anuceni raga │ sakojur myang sawatawis │ yen arsa umadeg solat││
  23. ││Rehning arsa ngadhep ngarsaning Yang Widdhi │ wajib mangka kurmat anuceni lair batin │ ngluhurken kan pinangeran││
  24. ││Bab ing adus lah kawruhana Yahudi kang mangka karana jisim anuceni jisim lair ngalam sahadah arannya││
  25. ││Nanging aku gagayutan bangkit narik │ enget mrih sucinya │ kang ngalam malakut nami alam roh rkhani nyata││
  26. ││Yeku jisim alus batin pnrih suci obahing raga │ kang sayekti anjalari ngalam malakut ebah││
  27. ││Ya mulane pinardi madeg solati │ solat iku lirnya obahing anggota lair ngaran tatanan sarengat││
  28. ││Wit kalamun jisime sun sujud bekti nadyan batiniratan prabeda anglakoni tumindak melu sembahyang││
  29. ││Dadi tepung lair batine sawiji │ tumindak sarengat │ tarekate anglakoni │ kakekat │ makripat uga││
  30. ││Pan mangkono linakon │ pra mukminin │ upama sarengat atinggala akekati │ iku solat suwung rannya││
  31. ││De tarekat kakekat myang makripati │ yen tanpa sarengat pan iku batal sayekti │ tur binendon mring Yang Suksma││
  32. ││Kang prayoga antuka ing lair batin │ ya agama Islam │ dadi pakumpulan yekti yektining catur iktikat││
  33. ││Marma wulu siram tayamum │ mrih suci ing lair batinnya │ wajib kudu denlampahi │ wit iku praboting solat││
  34. ││Andikeng Yang kasbut ing Kuran wala in jahadu pinala nahdiyanahum subulin │ dene jarwane mangkana││
  35. ││Kabeh umatingsung kang temen nglakoni │ miturut parentah mangka Ingsun paring margi wruh marang agama nyata││
  36. ││Ya ta walang kadhak sumela nyelani │ lah bango sanyata bener dhawuhe Jeng Kyai kalamun agama Islam││
  37. ││Pan kawengku ing limang wektu solati │ cocog caritanya │ mitraku si cabak nguni │ de paseksen kang pratela││
  38. ││Lah nulisa sira nganggo sastra latin │ Isa-Subuh lawan Luhur-asar tuwin Magrib │ jangkep solat limang mangsa││
  39. ││Kabeh sastra kang ngarsa kumpulna siki aksara I.S.L.A.M wacanen nuli mesthi bener muni Islam││
  40. ││Sang Pandhita mesem angandika aris │ lah ya walang kadhak kandhamu iku tan nlisir bener yen mungguh ing cabak││
  41. ││Nyabak-nyabak aksara denothak-athik nging mungguh yektinya │ basa Islam datan gampil nora uger anggung solat││
  42. ││Limang waktu yen batin mringkilmu thakil tan antuk perlunya │ malahmalah milalati Islam salamet wredinya││
  43. ││Akeh bae pra bangsa kang sugih singgih │ datan kukurangan tan kaenthok ika-iki │ slamet seneng ananira││
  44. ││Apa iku kena ran slamet Islami │ mapan datan kena wit mung slamet ingkang dhiri │ dhene mungguh kakikinya││
  45. ││Basa Islam yeku kang jrih mring Yang Widdhi │ nut sagung parentah tumindak ing lair batin nyegah kang tan dadi karsa││
  46. ││Ari ratri cipta eling datan lai │ cangak nyambung sugal hara kepriye sireki │ kawruhira walang kadhak││
  47. ││Jer kawruhe cabak kok aturna kyai │ mulane sok aywa clula-clulu anambungi wicara kang durung nyata││ 

PUPUH XI
DHANDHANGGULA 

  1. ││Sang maharsi wacana rum manis │ walang kadhak iya kabenernya ngiras-ngiras mintakake │ kawruhe bok sarujuk balik mangko ingsun baleni │ babagan ga mamule sarak kangjeng rosul │ kadwi wulu yeku lirnya │ juga toya tumrap lairanuceni │ keh najis kang katingal││
  2. ││Dwi kang wulu batin anuceni │ roh rohani ing pikir kang salah │ sucining dosa lupute │ suci sing godhanipun │ kewan setan sabangsaning jin │ kumpule kabeh ika │ supe mring donyeku │ mung enget madhep mring Allah │ maca takbir yeku kang ran solat daim │ daim langgeng tegesnya││
  3. ││Muji sukur ngluhurken Yang Widdhi │ ora ana pangeran sinembah │ kajaba mung Allah dhewe kang agung kratonipun │ murah donya ngakerat asih │ kang adil kukumira de lapal: wajahtu wajhiya ing terusira nuli: lilladi patarossamawati wal arli jarwanira││
  4. ││Pikiringsun madhep mring Yang Widdhi │ kang ngratoni sagunging tumindah │ kang karya bumi langite saisine sadarum │ ing tegese : nedya nglakoni sabarang reh parentah │ dene dhadhaningsun myang rarai madhep keblat │ marang Mekah iyeku ing betullah padaleman Yang Suksma││
  5. ││Ingkang lapal: kanipan muslimin wama anna minal musrikin │ yeku mangkene jarwane condhanging pikiringsun wus sumungkem tan nolah-nolih │ sujud ngarseng Pangeran nut parentahipun │ tan nedya nyulayanana myang nyakuthu │ maido lan mamadoni │ mamancah myang anyeda││
  6. ││Kang: inna solatti wa nusuki wamakhyaya wamamati lilla hiya robilngalamine yekuing jarwanipun satuhune gonsun solati │ ngibadah lan uripwangkagungan Yang Agung dene sun bangkita solat mobah molah urip suka lan prihatin │ begja tanapi papa││
  7. ││Yekti awan kodrating Yang Widdhi │ la kaula wala kuwatta illa billah alliyilngalime │ anane titah sagung │ datan ana ingkang darbeni │ daya myang kakiyatan │ mung Yang Maha Ruhur kang lapal: la sarikala huwa bidalika umirtu wa nami nalmuslimin jarwanya││
  8. ││Sagung umat tuwan kang samyeling │ datan ana purunnya kuthuwa │ yeku ngloro paningale │ kodrat myang ruhuripun │ amung tuwan Kang Maha Luwih │ amba nut ing satitah │ de terange iku Allah andadekake umat kinen laku ngibadah kang mupangati marang dhiri priyangga││
  9. ││Marmanira deneling ywa lali │ ari ratri amacaa lapal ngudubillahi minassae tonirojimi yeku amba nyuwun pangreksa Gusti │ saking panggodha setan rencananing napsu kang ngajak pandamel sasar │ bismillahi arrohmanirokimi jarwane ya mangkono││
  10. ││Ingsun solat lawan asmeng Gusti ingkang Maha Ruhur myang Kawasa │ mirah lawan welasing sihe sipat rohman liripun Gusti ingkang paring sandhang myang bukti marang sagung kawula │ Islam myang kapiru │ sipat rokimi lirira │ Yang Mahagung paring pituduh agami Islam ingkang sanyata││
  11. ││Ingkang lapal: alkamdulillahi │ jarwanira sagung puji ika │ kagungane Allah dhewe │ kang sipat agung ruhur │ kang kawasa angasta adil │ yeku sipat sampurna │ kagungan Yang Agung │ de Gusti Allah wus karsa │ paring eling mring kawula sami bekti │ ngadoh saking makisiyat││
  12. ││Robilngalamina jarwanireki Allah ingkang ngratoni ing ngalam sahir miwah ing kabire sarta kang paring wahyu mring kawula kang den remeni │ derajating kadonyan len ngakeratipun │ lire: kang ahlul sarengat kang saweneh para ahlul makripati │ kabeh pan sinung rohmat││
  13. ││Lapal: arohmanirrokim yeki Gusti Allah paring pitulungan nalika manggya apese lan wektu lali nuju │ mangka nuli paparing eling │ sakit sinung waluya ing sasaminipun │ lan Gusti Allah ngarsakna pra tumitah dadi juru paladening myang nampi dhawuhira││
  14. ││Ingkang lapal: maliki yaumidin │ Gusti Allah kang sipat kawasa │ kang jumeneng ratu gedhe ing ri kiyamatipun ing tegese: punika binjing aneng ngalam ngakerat mangka Yang Mahagung angukumi myangangganjar││
  15. ││Kang iyakanakbudu lan malih wa iyakanastangin jarwanya mugi tuwan marengake paring wewah pitulung ing prakara kang mupangati │ mring amba menggah tuwan yeku tegesipun sumungkeming para umat iya amung lawan karsaning Yang Widdhi nut prentahing agama││
  16. ││Kang ihdinassirotolmustakim │ dhuh Pangeran mugi aparinga istikomah agamane │ leres jejeg myang turut kang prayogi menggahing Gusti │ istikamah jarwanya │ yeku nyawanipun │ teteping ahlul sarengat │ lair nurut parentah de batin pasthi │ rila narima mring Yang││
  17. ││Lapal sirotolladina tuwin ari ngamta ngalaihim jarwanya agama kang jejeg rane yeku kang kalaku dening para nabi myang wali │ tan lyan nikmat manpangat │ marma pra mukmin ing wektyeku maca layat │ batin nyuwun rahmat pinarengna binjang kumpul wali drajadnya││
  18. ││De kang lapal gaerilmahlubbi ngalaihim waladlolin lirnya agama jejeg tuhune yeku kang tan tuk bendu myang tan sasar menggahing Gusti │ dene mungguh terangnya Allah amba nyuwun pitedah agama nyata │ sampun ngantos kados kang tuwan bendoni wit tindak gama sasar││
  19. ││Cangak nyambung nuwun kula kyai │ nguni mireng pawartos pasaran kang ran sasar agamane │ myang gama kang tuk bendu │ ran Nasara lawan Yahudi punapa inggih nyata sang resi nabda rum Allah ingkang luwih wikan │ mangsa borong para kang gelem mastani │ yen aku tan kaduga││
  20. ││Becik mikir kang wus dadi wajib │ aywa gepok ing butuhe liyan │ mundhak tan becik dadine │ terkadhang dadi padu │ Gusti Allah datan marengi │ nacad panggawe liyan engeta sireku │ kitab usulodin warta │sapa nacad mamancah │ marang liyane │ sasat moyok Yang Suksma││
  21. ││Walang kadhak genti anyambeti │ jer kyai amba nyuwun pirsa │ pitedah ing satuhune sawenehing pra kaum │ criyos lamun agama suci │ sarak nabi Mukhamad │ menggah ing pra kakung │ winenang wayuh sakawan bab puniku pancen amba impi-impi │ yen sarak amenangna││
  22. ││Amba sampun tuk padikan estri │ baku damel tur saradi kaya │ cekapan mur-umurane sang wiku manabda rum walang kadhak wruha sireki │ ujaring kang mangkana │ pan ana liripun │ bener tumrap lairira │ ing karsane jeng nabi panutan nguni tumraping tanah Ngarab││
  23. ││Wadon datan ana nambut kardi │ mbar-umbaran medal saking wisma │ tan lawan kakung idine tur Gusti Kang Mahagung wus manceni cacahing janmi │ keh tinitah wanita yen tinimbang kakung saka sabab kang mangkana Gusti Nabi rumeksa marang pra estri aywa kabutuh betah││
  24. ││Yen kongsia tan ana kang mikir │ sayektine lama-lama bisa │ tumeka salah lakune │ de mungguh batinipun │ sipat kakung menang ngrahabi │ wayuh patang prakara juga sarengatipun │ dwi tarekat tri kakekat │ caturira makripat mring dattullahi │ ngaran kakung nyata││
  25. ││De sirarsa niru cara ngarbi │ sayektine pan kurang prayoga │ jalaran manut ing kene │ estrine tan winengku ing tatanan sarengat nabi padinan mbar-umbaran mring pateban mabur angupa boga priyangga │ kapindhone kalamun sira lan bangkit netepi janji sarak││
  26. ││Tan wun dadi jalaran prakawis yekti sira dhumawah ing salah │ kakung datan wruh wajibe │ ngong wikan de sira yun arsa rabi papat nuruti arsaning napsu suka langen wanodyeku │ pangan ngupaya priyangga │ sokur bisa mring butuhmu anyukupi │ paran bangkit becika││
  27. ││Walang kadhak gumuyu ambelik │ dhuh jeng kyai dene teka gawat │ wayuh sanget bot sanggane │ tiwasan amba sampun andhedheki randha kalimis tur sakinten ambangkat nyadhong ses sarutu │ bango mengo sarwi ngucap │ walang kadhak sida kabanjur daleming mangkono denucapna││
  28. ││Pangrasamu apa iku becik │ dadi lanang dhemen nampa ruba │ saka wadon pawewehe bangsaning cangkem karut │ baya durung kapok sireki │ mrana-mrene cinacad │ mbeg besur balubut │ karem dinulang wanodya yen wus ora leh-olehan gya sumingkir aliyan luru liya││
  29. ││Wadon ingkang durung luru warti │ labuhamu sayektine iya kena kokrogoh kanthonge wit karoban ing catur │ ombak anggung saguhmu dhrindhil │ sang resi lon ngandika │ wus aja kabanjur │ samana cukup kinarya mangka warah walang kadhak mrih mareni labetan kang tan yoga││
  30. ││Cangak nembah aturira aris │ kyai leres pun bango turira │ boten saking panas aten jer saweg ngrembag ngelmu │ teka nyela anggunem rabi sanadyan makatena yen dinugi patut │ patut saged suka nipkah │ jer pun walang kadhak kang pinrih mung melik tan ngraos yen dhaplokan││
  31. ││Kula supe dereng matur kyai │ duka ing nguni nate muruhita │ marang guru pun cathethet │ prapteng mangke tan gayuh │ kang wawarah kalantur lali │ wulangnya mung saloka │ plambang benjang kukut │ wredine kinen ngupaya │ kula mubeng datan antuk kang jarwani │ mekaten kang saloka││
  32. ││Pra undhagi kang samya mumpuni │ pangulahing jati kayuwanan tan kewran pancing surupe │ ing saesthi jinurung sesikune perlu denwruhi │ mantheng mring kabg jinangka │ yeku dhawah ing nur mrih sucining socanira │ wusing pethel mor pisah manunggal jati tita sipate sirna││
  33. ││Walang kadhak sumela nauri │ dhuh mitrengwang cangak │ dene teka sus nyekel kawruh gagamben │ sanadyanan durung wruh ing wredine wus krasa ngati │ rasane mesthi nyata │ katitik nganggo nur │ wah kang basa kayuwanan myang mrih suci mor │ pisah manunggal jati │ titike kawruh nyata││
  34. ││Bok ya biyen kandhana mring mami │ blinyak-blinyak suntuturi sira │ surasane ingkang waleh │ bango ewa sumambung │ walang kadhak teka kumaki │ ngaku wikan wredinya basa mangkoneku yen nyata mara babarna ing wredine mengko rasane densaring ing kene kanca tiga││
  35. ││Walang kadhak noleh sru nauri │ lah ta bango dene pikirira │ kethul tan ngrasa rasane terange kawruh iku salokane para winasis kang pana mring kasidan │ patrape tan ewuh marang paran kang sinedya │ tan pisah mor wus suci manunggal jati │ jisime melu sirna││
  36. ││Lah pikiren goningsun jarwani │ bisa mencok utawane ora │ cangak bango lon saure │ mangkono rada mathuk amung isih ana tan pikir │ iki mung lugu kandha │ endi kang ran ngelmu sathithik tanakarasa kang tinurut la kang patut denlakoni │ ya mulane yen ingwang││
  37. ││Angarani sih kuran patitis │ dene aku dhewe durung bisa nyandhak kangceples rasane becike basa iku ingaturken marang jeng kyai │ nyuwun jinarwanana rasane kang tepung │ cangak nauri matur │ dhuh jeng kyai amba katri nyuwun jinarwanana││
  38. ││Basa ingkang puniku lwih rungsit │ amba katri datan bangkit dungkap │ kang ceples menggah wredine │ sang wiku mesem wuwus kawruhanta sanak ngong katri │ iku dudu saloka │ cangkriman ranipun │ jarwane si walang kadhak ing laire iya bener nging batin │ yektine tan mangkana││
  39. ││Piyarsakna sun babare mangkin │ basa undhagi mumpuni marang yeku mangkene tegese │ tukang kayu kang punjul de kang basa jati jarwaning ya wit jati balaka kayuwanan iku kayu kang tuwuh ing wana │ datan tewran ing panjing suruping liring tan ewuh don-adonnya││
  40. ││Arsa gawe usuksunduk kili │ saka blandar pangeret midhangan │ meja kursi lemarine dadi sasenengenipun │ de sesiku perlu denwruhi │ lire: panggarapira perlu nuting siku jejeg miring kang jinangka │ lire tapaking jangka ywa kongsi owah││
  41. ││Dhawahing nur: kenur ya tatali kang pinanthemg dhawah tilar tapak yaiku sipat arane mring suci socanipun ing tegese suceku resik milih selaning soca wusing pethal-pethel iku lirnya wiwit methel moring sah manunggal jati tegese kang mangkana││
  42. ││Mor: pamoring sah: pasah wredining wusing methel ywa wiwit amasah │ pamoring pasah: landhepe manunggal jati │ landhepe mring wreksa ngeneni │ tita sipating sirna yeku tegesipun wusana tapaking sipat kena pasah sirna wus datan kaeksi mara sira rasakna││
  43. ││Lamun luput ing pambatang mami │ lah ta sanak ya mangsa bodhoa sang katri myarsa sabdane │ jetung sami tumungkul ingecupan plambange mathis │ samana tyasnya cangak sanget kami duwung alon matur mring sang tapa │ dhuh jeng kyai amba sanget tan andugi yem makaten jarwanya││
  44. ││De punika mung badhekan yakti ngudi pun cathethet teka bisa bibisikin pamejange tur mawi sekul wuduk │ abon-abon rong semat tindhih │ sang resi angandika wus aywa pinetung mung binjang dena waspadh │ marang guna kang nyata myang mamrih melik balik mangko rungokna││
  45. ││Ngong terusken babing ahluldini │ wusing walallolin gya aminnya │ yeku kang amin jarwane narima suka sokur wus pinareng madeg solati nembah ngarsane Allah saking sih Yang Agung │ yogya wajib wedi padha lan narima -nalangsa tinitah laip marma jro rukuk iya││
  46. ││Maca lapal kang: subkana robil ngalim wabikamdihi lirira │ Pangeraning ngalam kabeh datan lyan Yang Mahagung │ Maha Suci ingkang pinuji lawan kaluhurannya yeku tegesipun sagung puji lawan kurmat pan dumunung luhurken asma Yang Widdhi lan rumangsa jrih wirang││
  47. ││Dug lagine ngadeg ngarsaning Gusti │ mobah molah ngucap lan pratingkah sing rumangsa sor yektine ing sawusira rukuk ngadeg jejeg mangka amuji samingallahuliman kamidah liripun Gusti Allah anarima lan angganjar mring umat kang padha muji lan ngadegaken solat││
  48. ││Gya robbana lakal kamdu yeki sagung sipat mulya lan sampurna │ kagunganing Allah kabeh Gustine titah sagung │ gya lapal mil ussamawati wa mil ul ardi nulya wamil amsiatu min suin bakdu jarwanya kang ngebaki pitung langit pitung bumi ing kursi lawan ngaras││
  49. ││Kabeh-kabeh kagungan Yang Widdhi │ ya mulane sajrone iktidal ngucap ahlassanaine gya walmajdiakakhku nuli lapal ma kola ngabdi gya wa kulanaka ngabdu jarwanipun kang pinuji kang kawasa kang kagungan tan lyan │ dan kang Maha Suci ing tegese samangkana││
  50. ││Gunging titah kang sarwa kumelip │ ingkang ngucap ebah-ewah molah │ tan lyan dadi sing karsane Gusti kang Maha agung │ karenteging lair myang batin │ yekti parentah tuwan │ ya marmane kudu │ sgunging para tumitah │ suka sokur rumangsa wajib nglakoni │ ing reh lawan narima││
  51. ││Lamaningalima angtaetti wa la mungtilimamanangtanya yeku mangkene jarwane │ ing ngarsa tuwan sagung mring pra umat barkah paparing tan wonten kang kawawa anduwa mrih wurung │ de sagung kang tuwan cegah │ datan wonten sawiji-wiji kang bangkit nglunturaken sih tuwan││
  52. ││Lapal │ wa yanfangudaljadi minkaljudu: gajege wredinya ananing raja branane kasugihan sawegung │ yekti datan mupangati mring mungguhing Gusti Allah de tegese iku kadunyan tan bangkit mulak │ myang anduwa siksane Yang Maha Suci lyan reh laksita tama││
  53. ││Solat subuh iktidal kaping dwi sunat maca donga kunut lapal Allahuma ahdinine gya piman adaetu wa ngapini piman ngafait jarwane mugi tuwan amarengna kumpul ang amba lan titah agama suci lan kang wus tuk ngapura││
  54. ││Tawalanni piman ngawalait wajib li piman angtaeta mangkono mungguh jarwane │ dhuh Pangeran kang Agung │ maring amba mugi paring sih kadi mring titah tuwan kang wus tuk pitulung lan tuwan amberkahana maring amba berkate ingkang rijeki ingkang tuwan paringna││
  55. ││Wakidi saromakotaetti fainnaka takti wala yukta ngalaeka ing jarwane │ dhuh Gusti Yang Mahagung aparinga pangreksa mugi ang amba tinebihna tindak kupur │ donya praptaning delahan amung tuwan kawasa wajibngukumi tan kenging ingukuma││
  56. ││Wa innahu la yadillumanni walaeta wala yangijuman ngadaeta ing jarwane kaluhuran Yang Agung maring titah kang tuwan sihi │ tan bangkit asor lirnya yekti mulya lulus paran kang tuwan tan rena │ myang sinatru sayekti asor pinanggih dupara bangkit mulya││
  57. ││Lapal tabarokta robbaneki tawangalaeta falakalkamdu ngalapakotaete astagpiruka wa ku builaeka wredineki │ dhuh pangeran kawula tuwan punikestu kang paring leres myang cacad │ angukumi ing dosa kalayan adil tobat kula mring tuwan││
  58. ││Ing tegese: Gusti Maha Suci │ sipat kodrat kang wenang sung cacad │ myang ganjaran mring titahe │ iman tanapi kupur │ ing kukume benermyang adil │ kalawan kaluhuran │ myang barkah Yang Agung │ marmayogya densukura │ mring Pangeran titah │ kang wus denberkahi │ elinga nyuwun tobat││
  59. ││Wa solallahu ngala sayidi mukhamaddin nabiyil umiya gya wangala alihine wasakbihi salammu │ dhuh Pangeran kang Maha Suci │ mugi amewahana berkat mring jeng rosul nabi kang tan bangkit nurat │ myang amaca lubering rohmat nartani │ mrig sabat kulawarga││
  60. ││Jroning sujud lair trusing batin │ maca lapal subkana robiyal angla wabikamdihine Gusti kang Maha Agung │ yekti tebih saking ing ngalit │ Maha Luhur tan kirang kaluhuranipun maha suci dat tan cacad │ maha mulya tan kurang sawiji-wiji │ mengku kodrat iradat││
  61. ││Marma sujud rumangsa yen wedi │ myang ngluhurken marang asma tuwan │ kang kawasa nitahake │ sagung gumlaring makluk │ lawan aywa ngrasa darbeni │ ing kabecikan miwah kabagusanipun │ nadyan uripira pisan │ amung Gusti Allah kang wajib ngukumi │ donya prapteng ngakerat││
  62. ││Wosing lungguh nuli maca lapal │ robigpirli warkamni wajburna yen tan kleru ing jarwane dhuh Gusti Yang Mahagung │ mugi tuwan karsa nambah sagunging kamlaratan kikirangan ulun lawan sih pitulung tuwan anembeli ing bingah suka basuki │ kang turut lan agama││
  63. ││Nuli lapal warpangi warjugni wahdini wa ngapini lawan wangafungani ing jarwane dhuh pangeran kang agung │ aparinga berkating rijki │ lawan paring pitedah margi kang satuhu lan mugi angicalana sakathahing najis reregeding pkir mring amba menggah tuwan││
  64. ││Atakiyatul mubarakatis salawatuttayibatulillah mangkene mungguh jarwane │ kang solat limang wektu aruruba myang ngamal suci │ barkah lan kaluhuran kaagunganipun kasuciyan pakurmatan │ kabeh iku kagunganira Yang Widdhi │ de tegese mangkana││
  65. ││Aywapisan ngrasa andarbeni │ ngamal solat miwah kabecikan │ kapinteran apadene balik gonira sujud │ lan pangerti mung atas saking │ aing pitulung Yang Suksma │ sing lantaranipun Gusti Jeng Nabi panutan │ ya marmane wajib tur salam sireki │ ngaturken suka nrima││
  66. ││Assalamu ngalammu ngalaeka malih ayuhanabiyu wa rahmata llohi wa barakatuhe │ gunging panggawe hayu rohmat lawan berkating Gusti │ mugi tuwan paringna mring jeng nabi rosul │ tetep santosa salama ngasta iman jumeneng panutan yakti │ ngayomi pra taruna││

—@@@—

SERAT SULUK KAGA KRIDHA SOPANA


ANGGITANIPUN RADEN SASTRA DARSANA

PUPUH I
PANGKUR

  1. Ranguringa wus kawuntat, denira yun ngayoni ngiket kehing, sasmita tama mamayu, trajuning kasunyatan, darpa adreng kadereng berung andarung, saru siku tan rinasa, nawung serat suluk rawi.
  2. Pratistha dhinapur kaga jajagongan mardi, mardaweng budi ngarah rehing wasitayu, yowana kang pinudya, gya bangkita bangkat, papangkatan layu karti titis putus tatas tataning mangolah ngelmi.
  3. Mangkana purwaning gita, duk ing nguni wonten kukila katri, anggepnya sami nyadulur, lir nunggil yayah rena, wit sinangkan saking sarahsaning kawruh, dhasare nunggal pasaban, saba warih ngupa bukti.
  4. Yeka bango walang kadhak, katri cangak panuju sajugari, neng tepi narmada kumpul kempal soring mandira, dhasar papan ayom ayem tur samun, magkana bango lingira lah iya ta sanak kadwi.
  5. Kaya paraning wekasan, yen manggunga mangkene sabenari, riwa-riwi sabe ranu, nurut paraning mina, met lenane gya linenan tanpa luput, mung karya sining padharan, nelek pulih ngelih malih.
  6. Baya ta tanpa pangrasa, tindak siya cidra karya papati, wewalese tan pinetung ketang amurang tata, urip pisan nguja harda tyas laku dur, dur tapa karti duraka, dosa mring samaning urip.
  7. Uripe sepisan rusak, lalu linglung pikire ting saluwir, wigar kotamaning laku, karem keramat sepat, saya lamun yen kapethuk kuthuk ngantuk, o ya allah kang sipat rohman lan rakim.
  8. Mugi tuwan aparinga enget, nadyan amba tinitah peksi, bok inggih sampun kadlarung, tan wikan wosing gesang lah tedahna dadalan dadining ngayu, kayuwananing jiwangga, gayeng ngalam kabir sahir.
  9. Walang kadhak lon delingnyo, bonggan sira ayun dumadya peksi, wus jamak sagunging manuk, tinitah sabeng tirta pan pinanci, papancan mamangsanipun, mina sen-isen narmada, mangkono uga sujanmi.
  10. Mung patrape bae beda, dadalane kang mrih kena binukti, wit janma sinungan, kawruh becik lan ala, bango mbengok eh walang kadhak wuwusmu, sanadyan tinitah kaga, yen eling luwih utami.
  11. Wit sasug sipating gesang, kang tumitah winenang nampik milih, wus ginelar ala ayu, para sarjana wewarah kang sapyarsa ngangkah ngungkih wahyu luhung, ya tinggal catur prakara, lalabuhan kang mangka wite.
  12. Juga betah tapa brata, dwi legawa rila kang nrusing batin, tri sumingkir pakarti dur, catur mantep ing karsa, mapan ana ing nguni caritanipun, wong ngagung ana ing ngeksiganda, Panembahan Senapati.
  13. Ing lair rada dupara, yen bangkit tau madeg narapati, ing Pajang ratu pinunjul kasub kalokeng jana, ya pa gene turune tan madeg ratu, wit sing adiling Pangeran sing sapa nemen-nemeni.
  14. Wong ngagung ing Ngeksigandha, duk lagine durung jumeneng aji kyat tyas bratane sineru, prapteng bawani bwana, maksih maksa paksa,mamasuh anggayuh wadyaning wahyu karamat, tumerah turuning wuri.
  15. Widodo prapteng samangkya mapan iku Yogya karya palupi, lupiya wenang tiniru, ruruba mring Hyang Suksma, walang kadhak megat catur wuwusipun, mbok ya wis salin salaga, mundhak gagal kang denpikir.
  16. Mikir reh wus padha tuwa, wajibing laladan doningpati, mati titis ya kalimput, pupuntoning kasidan den waskitha wawasan praptaning dunung, lah mara aku carita rang-erangte pra winasis.
  17. Silah-seleh ing palastra, darajating jisim pitung prakawis, juga mati bosok luluh, dwi wetah dadya sela, katri sirna kang layon datan kadulu, catur sirna dadya tirta, panca layon santun warni.
  18. Dumadya manik musthika, kanem layonmalih warna memedi, kasapta praptaning layu, dumadya sato kewan lah ta paran mungguhing sanyatanipun, banget ribeding tyasingwang, tan gadug gayuh ambudi.
  19. Wit cengkah lan dalil ira, ingkang muni kayun pidaraeni, lire langgeng uripipun, ing kene kana gesang, teka dadak ana sirna wutuh luluh, leash basah dadi kisma, mara pikiren kang malih.
  20. Bango mesem lon delingnya, bener temen walang kadhak sireki, tan siwah lawan dhapurmu, darbea pikir nglungka kawruhana, mungguh peperanganipun, jro urip mengku kalih dat, dating kawula myang Gusti.
  21. Dumadya dadya sajuga, keket pliket karaket mujud siji, de binjang yen prapteng layu, lagya apipisahan dating Gusti mulya mulih pulih wangsul, wangsul mring asaling lama, yeku jroning ngalam gaib.
  22. Jumeneng lan pribadinya, dene lamun datira mesthi mati, beja bali asalipun, nganasir catur warna, cilakane ingarad dening lelembut, dadi dhanyang penyenyengan, anggung gawe sok nyalahi.
  23. De darajat sapta warna kang ginusthi panggih ing ngalam pati, yekti sing labuhanipun, lalabet jroning gesang, pan mangkene warahe kang wus amangguh, yen lena bosok kang angga, yeku pratandha duk urip.
  24. Jigar-jigur ambaruwah, tebih laku nyunyuda lan sisirih, suka kasukan linantur, de suksmane ngelambrang, ing saparan ngulandara tanpa dunung, yen mati wetah tan omah, bebegeg nyangari siti.
  25. Yeku duk kala gesangnya, nglantur brata tinggal dugu prayogi, suksmane korup lelembut, dumadya dadya dhanyang, swara bumi tunggu pereng jurang punthuk,yen mati sirna layonnya, yeku duk lagine urip.
  26. Nglantih nglantur cegah nendra, ari ratri tan nganggo winatawis, layon mijil saking kubur, kranjingan bekasakan, gara godha memedeni angreridu, suksmane nitis mring kewan, de yen dadya warih.
  27. Yeka duk maksih gesangnya, tinggal sahwat tan mawi dugi-dugi, layon sirna mor mun-amun, suksmane ngumladheyan, nempel manjing sela tanapi, wreksa gung myang dadya saleh gandarwa, caluthak sring nyidra resmi.
  28. Yen layon dadya musthika, sotya retnamaya tanapi manik, yeka duk ing gesangipun, mahambeg paramarta, sabar rila legawa budi ayu tulus tepa tresna mring sasama, ngadat lupiya kang uwis.
  29. Rahsa jiwangga nir mala, kukut keket kempal kahanan jati, sajatine kang amengku, kukubaning bawana, lah pikiren walang kadhak, apa mathuk gathuk sunduk prayoganya, walang kadhal lon nauri.
  30. Kaya akeh emperirara, sira bango apa iya ngecupi, aku arsa melu payu paran kang kok piliya, prayogane milih wutuh dadi watu, mesthine bakal pinuja sajen kembang boreh wangi.
  31. Saben ri Sukra ngadhepan, den pepetri sinugun keh sujanmi, kang minta idi pangestu, saba paran wruh sabarang, tan nana kang mamanceni.
  32. Cangak nyanguk nyaru nyentak, lah ta walang kadhak teka daleming lamun mangkono tekadmu, paran perlune pada saraseyan gulang ngelmu medhar kawruh, bok ya pasrah kewala labuhan kadaring urip.
  33. Uripmu kapulet hawa, hawa awan sing benter ring Hyang Rawi, wiji wujud tuwuh wuwuh wimbuh ngombra rembaka, lali lamun donya donadon nyakuthu, thikil-thukuling markada, dumadya ngudi taruni.

PUPUH II
S  I  N  O  M

  1. Lah ta bango walang kadhak, delingna carita mami, warah wasitaning kuna, mungguh sajatining urip, urip sangkaning sepi, sayekti mulih mring suwung, sirna rata rumangsa, de kahananing dumadi, wujudingwang anane ana priyangga.
  2. Sinartan pamoring hawa, sing sudama ditya kartti, lirnya sudama: Hyang Wulan, Ditya: iyeku Hyang Rawi, kartti: karti kayekti sarining Sang Hyang Sutengsu mahyakken tirtamaya, Hyang surya mahya kang ani, taranggana mahya sari samirana.
  3. Pamoring sari titiga, yeku ingaran Trimurti kang mangka warananira Sang Hyang Wisesa sayekti, marmanya Hyang Trimurti, winenang gelarangukut, madhem lan nguripana sagunging sarwa kumelip, de yen pisah yekti dadya panguripan.
  4. Binjang lamun prapteng mangsa, yekti pulih mulih malih, ajal kamulaning ana mor wit sangkanira nguni,marma ing dalem urip, tri lekat wajib ginelung Purba, Wasesa, Esa lire Purba: witing nguni, wasesa, pan wenang, esa, yekti tunggal.
  5. Katri iktekat, yen katrima ing pangesthi binjang praptaning delahan, wenang mang nunggil lawan wit, wit wijinya dumadi dadining kahanan sagungm gung alit inggil andhap, tan beda tembe anunggil nging reh titah adhakan keneng rubeda.
  6. Dadalan mekaring hawa, winantu pikir tan neling lama-lama saya ngreda, dadi kembanging bilai kalimput warni-warni wawarneri kang mrih kajlungub jujurang curi carang, yen mangkono papan yekti wurung mulih sida malih dadi kadhal.
  7. Warnanen kang mesu brata, neng ngerong perenging kali, kakasih sang Resi Kadhal kagyat dening ra miyarsi, gya mudhar brata mijil sing rong arong alon wuwusipun, heh heh paran ta sanak sira dahat mejanani ingkang aran Resi Kadhal iya ingwang.
  8. Pa gene ta sira padha, ngremehaken sameng dumadi,sagung titahing suksma, liyan bangsaning sujanmi, kabeh pan sami ugi, darajat golonganipun sira, kalawan ingwang, pangkat lan darajate nunggil lah engeta papangkatan cara Buda.
  9. Yeku mina, sato: janma kacatur pra dewa-dewi, wijang unggah-udhunira wus kinodrat dening Gusti, kodrat iyeku pasthi, prandene sih owah santun karananing iradat, wruhanta heh sira katri pangwasanya kang sastra jendrahayuningrat.
  10. Mina bangkit dadi cangak, bango pan dadi sujanmi, manungsa awor lan dewa, de mungguh kawruhing ngabi, yeku kalimah kalih sahadat jatiranipun, pan niku langkung gawat, datan kena gina gampil, yen pinuja jagad iki yekti sirna.
  11. Nging aywa kaliru tampa, kinira kang jagad alit, lire alit kang gumelar, karuwan doh pernahneki, balik kang ngong arani, jagad agung tegesipun iyeku jagadira, kang ngalangut tanpa tepi, pinusthia pan sirna suci sampurna.
  12. Marma sira den weweka, aywa sok gegampang angling, yeku begalane ilat, kapleset dhawah yomani, utawa den arani wot sirotalmustakimmu, iyeku antaranya kang lambe ngisor lan nginggil, mung sakecap yen tan bener dadi beka.
  13. Apadene tingkahira kathoprakan ting bathithit, karetek nuthuk kenthongan, kothekan tharik narit hik mathuk den othak-athik, pethuk gathuk manthuk-manthuk, cekat-ceket acukat, cancut kang swara melingi lagon lagu pasemone nut irama.
  14. Peksa sagayuh gagana, akarya buwana balik, kirap elarnya binabar, lah mangkono ngong dugi pan niku durung mathis pamanthenge datan  gathuk lan pathokaning rasa, wimbuh ulesmu mesmubrit, abang hawa adreng kadereng driyarda.
  15. Yen arsa gayuh kang nyata, nyatakna ingkang permati, titis awasing pamawas, wosing wasana denesthi, kanthi lepasing budi, sarat sarana kang cukup, cakep lair batinnya, dadalane mrih gunasti, andhap asor wani ngalah myang darana.
  16. Samana sang Resi Kadhal karya coba memedeni, mathak mantra triwikrama, jleg angga sawukir agni, mubal ngebat-ebati, tutuk mangap ngisis siyung, waja angapurancang, lir tikswaning braja lungid swara anggreng gumarunggung lir gurnita.
  17. Eh cangak sira den yitna, tontonen kadibyan mami, pan iki durung sapira, yen sun ngetog mesu budi, sayekti jagad iki, sirna saisi katunu, de sira teka dahat, nyenyampah si kadhal nisthip, ing tegese sira nyamah kodrating Hyang.
  18. Ya ta kocapa tri kaga, sakala kalangkung tistis, miris-maras sru katresan, ngerpepeh dhekemne siti, matur angasih-asih, dhuh-adhuh sang sudibyanung kukuten krodhanira, racuten duka sang resi, yen kalajeng ambar tri tan wande brastha.
  19. Kether kuthuk kathetheran, nyathethet miyat sang resi sen-isening tri lokaya, langka bangkita nimbangi marma gunging aksami, mili lir robing kang ranu, tumerah ambring amba badharing kang tulah sarik ruwet ruwat, puwara luput sing papa.
  20. Papa pantaka druhaka, karana tan wruh ing westhi, samana rinacut sigra, pulih kadya wingi nguni cangak umatur aris dhuh adhuh Sang Maha Wiku kula dahat tan nyipta wit salami dereng uning, ukur kewan bangkita dadya mangkana.
  21. Cangak kang tinitah janma mangsa manggiya kakalih mung nguni Sang Prabu Kresna, jer punika Wisnumurti wangsul paduka resi, ilang triwikramanipun, marma mbra sru narima suka sokur mring Hyang Widhi, kalilana amba nyuwun muruhita.
  22. Sang Resi Kadhal lingira, iya sira sanak katri wus ya akeh kang karasa, balik gyan tapa dha mikir kawruh wekasing pati, patitis paraning tuju, lah ta mara tutugna, bango tumatur wotsari, dhuh Sang Wiku kang kadyatekading cangak.
  23. Nyepenken kang pasthi ana yen amba dereng kadugi mangeran sipat kang wadhak, kartika: baskarasasi wit punika pan maksih datan langgeng wonenipun dene dadining ana, yekti ana kang akardi, wangsul pundi kang langgeng tatap ananya.
  24. Kalamun angukuhana, yen Allah ana sayekti, kasbut sipat kalih dasa, lan cihna sagung dumadi, ulun dereng nate wrin, marma mangke kang kulesthi, baya lamun tumindak tinaking kathah.
  25. Ngrungkebi sarat sarengat, saingane ahlul dini, kadya gampil linampahan tan amikir ika iki, karana jroning kadis, wus wonten wawarahipun kang sampun kabyawara, layak jipuk makripati, minal ilmi dakai kade jarwanya.
  26. Menggahing ahli sarengat, tan perlu kedah ngrawuhi, kawruh ingkang lembat-lembat, cekap pracayeng Jeng Nabi, tur ta kenging sinambi, saba sabin ngupa welut, wangsul saking pasaban, wus wulu ngiras ing kali, prapteng wisma jujug langgar salat ngisa.
  27. Lamun kasep kenging kala enjinge dipunsauri, makaten sampun manpangat, de rukun kang catur warni, sahadat wus nyarengi, wedal salat wektunipun, jakat kaji punika, yen kaleres anggadhahi, siyamipun ing ngangkah amrih sambada.
  28. Kikisan kawruh kanyatan sawawrating peksi jawi, sarana gayuh sawarga, gandhulan salat prayogi ginulung lamun bangkit bangkat patemonHyang Ngagung, ngegungken kemat rukyat jro takbiratul ihrom, plenging cipta rasa nunggal Hyang Wisesa.
  29. Walang kadhak nambung sabda, lah ta bango teka gampil pangancasmu kang mrih pana, papan kang sira parani apa sireku lali lupiyaning para jamhur ruhuring ahli srengat, yeku mung lakuning dhiri, wulu tirta lelabet obahing raga.
  30. Gagaran jro kalairan, runtuting yuda nagari balike kekate iya, kudu nggayuh ngelmu batin mestu kang wus kawarti, Ud uni istajiplakum bagya lamun bangkita macung dhewe mring Hyang Widhi karan mokal jisimmu bangkit papanggyan.
  31. Wit kahananing Hyang Suksma sayekti kalangkung gaib, tontonen para ngulama mukminin kang ahluldinni ing jero batine pasthi lan pra ahlul ngilmi mathuk gathuk othak-athiknya, nyatane Hyang Maha Suci caritane ngong beber sira rungokna.
  32. Sun nguni praja bintara karatoning wali mukmin, mardi mardaweng sarengat kang tumrap kawula alit, nuli mring pawarti, Siti Jenar murang mungkur, ngungkurken tindak sarak saking wus padana empaningkaweningan wanuh wani.
  33. Marma sigra ing ngandikan, umarak mareg sangaji, jinanji babar kawignyan lan sagung para wali mukmin, Sunan Giri murwani, buka pangawikanipun tandya gantya gumantya, medhar kawruh kang pininggit, wingit rungsit rerasane beda-beda.
  34. Ana kang angesthi mring dat, ana rasa denrungkebi, cipta: Atma pinangeran weneh anggandhuli gaib, ngen-angen sengguh Gusti, sarenget singset kinandhut, nging mung karya warana nulya Seh Siti Jenar gumanti kanthi miyak warana melo ngalela.

PUPUH III
K I N A N T H I

  1. Seh Siti Jenar lon muwus, lah ta sanak para wali kula mriki ing ngandikan, ujare kinen ngempali saraseyan abawara warane kawruh kakiki.
  2. De jengandika sadarum, teka taksih mindho kardi paran anane sanyata, teka tansah aling-aling, kalingan sunar papadhang, padhang ingkang ngapirani.
  3. Niru kalestu tan ayun kayungyun sipat kawadis, lair batin kula ngadam, lah piyarsakna suwawi Siti Jenar iya Allah, Allah sayekti Seh Lemahbrit.
  4. Karo karone wus jumbuh, jumbuh rasa rupa warni, lire rupa: urup nyata, urup: sing urip sajati, de warna: yeku warana jisim warananing Widdhi.
  5. Kang ran mukamad yeku nur, cahya kang mirdaweng dhiri, rasul: rasaning dat mutlak kadim ngalam kabir sahir kurub dwi astha isthanya punika kang kang kula cupi.
  6. Sunan Giri tan pamuwus, wit wose sampun kapusthi, Siti Jenar tuhu lebda wasana lon denirangling, tan sisip mapan mangkono tan kenil.
  7. Kena laranganing ratu tundon ngrusak yuda nagri, gering masjidira komplang kamplung tataning agami, agama busaneng praja, jamak wruhala lan becik.
  8. Seh Maulana sumambung, lah Siti Jenar sireki lamun yekti ngaku Allah, pa gene ya sira maksih katon lumprah ing manusa neng donya paran kinardi.
  9. Seh Jenar mesem sumaur, alah sira mindho kardi donya kerat, darbekingwang awal akir duwek mami, mapan ingsun tan babakal lan kariya para wali.
  10. Lulusna agamanipun, sarengat mukamad nabi ingsun nuli arsa mulya, mulih: mulih – ya: sayekti temen mulih asalingwang yeku ngalam nukhat gaib.
  11. Marma bango ya sireku, kukuh uger solat mahrib subuh: luhur: ngasar: ngisa lan catur rukune sami wekanana jro sarengat saringane mengku Wadi.
  12. Dulunen duk sira wulu, niyat tumandanging dhiri, rukuk: sujud: lungguh ekram, ngadeg tepungna kang yekti, yektekna lan ananira rarasing rasa sajati.
  13. Bango anauri wuwus, wuwusmu teka lir kyai, nganggo lapal murad makna, narik jamaning pra wali, jaman mangkya yekti beda, dadalaning ngolah ngelmi.
  14. Wit kadheseg ngupa butuh, kudu betah anglelantih, ngidak tatanan rekasa, sanityasa tyas kumitir, gumeter yen tan kaduman, melik atemah ngalikik.
  15. Titirah rawa sinerung, memet mina dipunmeniti kali blumbang jinaganan, nanithik rinuji wesi, sisikune wus liniga, yen kasep ginusah wani.
  16. Parandennya bangkit tuwuk, kadhang durung tuk sawiji, kasusu selakke jaman, mundur sarwi brebes mili, milang miling melang-melang, tan kapethuk wader bungkik.
  17. Temah ngelih ngelak ngelu, ngeluh padharan ngalikik, kang mangkana paran baya, bangkit tungkul mungkul ngelmi, srengat bae kerep gothang, nyethanthung sing pegat bukti.
  18. Beda lan dhek jaman mau, gampange ngupaya melik tan ana peksi ngresula, inguja tan denwaleri, kukila lit sami suka, ayem tentrem tyas basuki.
  19. Cangak mlengak sarwi muwus, bango pa gene sireki, sira teka bangkit ngucap, met darsana myang palupi, lupiyan lelabetannya, Sri Bupati Matawis.
  20. Betah lapa budya tulus, mantep ing karsa tan wigih, panggah rila myang legawa, rila: pasrah lega: sepi, wa: napsu hawa lirira, pasrah tan adarbe runtik.
  21. Pa gene tabangkit tiru, grenengan kacuwan bukti, bango mangsuli lah cangak yeku mung karya palupi kang yogya sinudarsana, nging aku moral bangkit.
  22. Bangkat ngangkt mikat wahyu, jer dudu trahing mertapi, jamak akeh bangkit kandhan, abote yen anglakoni, de niyatku mono iya arsa macung mring Hyang Widdhi.
  23. Widadangreh mring sedyayu, rahayu ing lairbatin nanging gek kepriye mara, teka akeh kang malangi, papalang dadya rencana, nanangi manah tan yukti.
  24. Tiwas pamawasing butuh katutuh anak rabi, bingung bungleng tyas ruhara, de uru arebut melik, lalu langlang salang tunjang, nunjang palang ngreregoni.
  25. Cacak kang tinitah manus, jaman iki arang bangkit, tandhane dhek wingi ana, aku krungu rerasaning janma mlaku bayak-bayak, wurine resi singngiring.
  26. Sajake kaya wong dhusun , ingirit marang nagari, ririh denira rerasan, risi rinoda bab dhuwit, geya pakaryan omahan, pananggalan tegil sabin.
  27. Samarga-marga gumrumung weneh nyebut priye iki uripku teka nelangsa, saben ari denring-uring, anak semah myang parentah dupara bangkita mikir.
  28. Kawusananing uripku kudu-kudu aprang tandhing, dahuru reh aruhara, saben jam pikiran salin, ngrembug iki kono kurang, kana meksa: kene nangis.
  29. Rewange nyambungi sendhu, alah sih begja sireki, nadyan kurang jer wus garan, balik aku sepa-sepi, kana durung kene boya, mokal yen antuk kamanis.

PUPUH IV
DHANDHANGGULA

  1. Resi Kadhal megat wacanaris, lah ta sanak semono kendela, genira rerasan kuwe, bok jugar kang katuju, balik mara dugekna sami mardawa mardi rasa, ngrarasyuning layu, bango: cangak: walang kadhak, pareng nembah katrinya umatur aris, dhuh dhuh adhuh sang dwija.
  2. Amba katri pan wus tan kadugi, gayuh gothek geyonganing rasa, sing pepet cupet pikirane, tar yen amba tri nyuwun sih padhuka mareng namuli, amba tri muruhita, ing pada sang wiku, srah jiwangga prapteng  lena,tan garantes mring reh kang mamrih utami, tama prapteng delahan.
  3. Resi Kadhal mesem anauri, lah ta iya sanak-sanak ing wang, yen dhasar dadi karepe, bagya lamun sarujuk, jroning urip winenang samimarmakrup nai mungkar, lah pa yo sireku, lungguh cerak kene padha sun jateni jatine ingkang kakiki, kikisane kasidan.
  4. Sun tan wani wanuh memanceni, myang memancah pamanggihmu iya, wit kabeh padha benere mung gumantung ing kayun, pundi paran kang denantepi nging mungguh prayoganya, ywa kongsi kalimput, luputmlumpat paugeran, catur warga yeku dalil lawan kadis tanapi ijmak kiyas.
  5. Lyan kadyeku ywa kleru panampi, pipintaning ngelmu pangancasnya, yeku iku dhewe-dhewe, lire ngan ngelmu sepuh, ngelmu rasa ngelmusejati, ngemu gaib tan beda, de kang ngelmu sepuh, dunung wajibing pra wreda, wit taruna arang, kabangkat nanggapi pijer kaduwa hawa.
  6. Basa sepuh kang dhingin, dihin nyata datan kadhinginan, anane kang gumlar kabeh iyeku Hyang Maha agug, marma wajib kudu meruhi dat: sipat: asma: Apngal denkongsi kapangguh, panggubah rarisikanya, nyata kena ananing sakalir yeku ran ngelmu tuwa.
  7. Ngelmu rasa: pambobot sayekti, putusing reh sagung lelungidan, datan samar pamawasem wiji sing marga catur manrus marang betalmakmuri,lumarap graning jaja, rahsa tanggap tangguh, agal lembat datan samar, yamarmane tri bawana denbawani, tuhu ta jalining hyang.
  8. Dene ingkang ngran ngelmu sajati, sajatine murni tan kaworan, kalawan langgeng anane, ing nguni prapteng besuk, beda lawan jatining lair, pan maksih ebah ewah mangkana liripun, samangke mulya wibawa, mulya yekti: nanging durung temtu lestari, terkadhang binjang papa.
  9. Ngelmu gaib: samar jarwanireki, nanging dudu samaring sumelang nging samar kurang apane, ananira Hyang Agung yen dinayan dayaning ngati,pan durung bangkit bangkat liyan manahenkung kongasing sudira brata, marma gaib tuhu dutaning Hyang Widdhi sing sapa bangkit tampa.
  10. Sasat bangkit patemon lan Gusti, lah ta sanak padha rasakena, beda-beda trap lungguhe, yen sireku wus nyakup kukubane wajib meruhi, mujah lawan mudarah, mungguh bedanipun paran kang kadim kang anyar, de samengko wus jumbuh dadi sawiji, jumeneng kamil insane.
  11. Pa karane sira bangkit urip, mobah: molah mabur lan lumampah, sing endi iku purwane kawruhana puniku, kayat kadim mong kata jali sipat jalal myang jamal, kahar kamal iku iyeku dating pangeran kang gung elik misesa sampurna yekti langgeng ing kene kana.
  12. Jisimira asal sing nganasir, catur warna marma tan bodaya, yen tan kalawan khayune, yen sinar tan dening nur rahsa: Atma: nepsu lan budi: yeku mangla sarana jumenengt Hyang Ngagungm marma ywa semang sumelang ananira yekti sing kodrating Widdhi nglairken sipat nyata.
  13. Nyata lamun kawula lan Gusti, liru lambang surup-sinurupan pamoring rupa: warnane marma denawas enut, met sangkaning durung dumadi, dumadya bangkit wruha wenang wijibipun kang nyembah lan kang sinembah, dikir solat: beda tan kena sinami nut nenang papangkatan.
  14. Sembah catur jro kitab wawarti kaji: kusta: daim: mualimnya, puji satari ahmade satari alapipun, barjah tuwin jalalah raning iyeku puji pana, epakna kang mathuk thuthukane ywa sulaya, yakin nyata-nyatane ingkag amuji, muji dhiri priyangga.
  15. Mangkya kocapa pangkating pati, panca warna juga mati, mrayang mor amun-amun suksmane, saparan-paran nglangut lir himawan katiyup angin, kandhela tanpa soca, cadhok numbuk bentus, dwi ngaran pati duraka, dura: ala, ka: panggonan kang dengoni, manggen ing papan cacat.
  16. Upamane asal sing sujanmi, murut manjing uriping mahesa, yeku papan cacad rane, tri pati narakeku nara: manus ka: papan yekti, titising urip marang pulih manjing manus dadi banyu nuting wadhag, bagya lamun dumadi dadi jalma lwih kadhang kaplorot ngandhap.
  17. Caturira patining sawargi, de sawarga yeku tegesira kasasira sarwa gedhe dadyan wangsul mring manusa, yekti dadi pandhita luwih tanapi madeg nata panca patining sampurna, yeku pulih mulih asalira nguni mengkoni tri bawana.
  18. Karanane papangkating pati beda-beda: nuting lelabetan kang kalakon duk uripe dene Hyang Kang Mahagung wus sumarah tan darbe kapti ala becik ginelar mrih utamanipun, banggan kang dhemen kasasar, de Hyang Suksma tan lingsem manjing mring alit, nistha tanapi kewala.
  19. Marma sira mumpung taksih urip, rektenana dalaning kasidan, dumadya lanyahing tembe jro dalil wus kasebut, ida jaa ajalluhummi la yaktakkirisaat mangkana liripun, binjang praptanira mangsa nadyan amung sanapas tan ana wanci yen arsa semoyoa.
  20. Ya mulane pundhuhna samangkin, kala mangsa sasadoning gesang, adunen lawan uripe panengeran kang tuhu, tuhu datan kena sinalin lawan anggawe setan, yen sira durung wruh lah mara padha nyeraka tampanana karna kering kang permati yaiku sajatinya.
  21. Poma-poma simpen dene gemi, gemetana andharan gelaran, yeku mangka parabote lan mangka saksinipun kanyatahan ingkang kakiki, upama ananira lan donya puniku lan samono wus prayoga sabobote kukulia pan wus nyukupi, beda mungguhing janma.
  22. Wus tinampan wulanging Sang Resi, bango cngak lawan walang kadhak, byar tarawangan pikire narawang lir kadulu, dadalaning kamuksan jati, katon doning wiwara, rarasing swargagung, tri kaga dahat karenan sing sangeting suka atemahan nangis, dhuh dhuh Sang Yogiswara.
  23. Raos amba pan kadya angimpi, de makaten pupuntoning gesang, yen mangkono donya kiye yektine aru biru, gung rubeda angriribedi, lah mangke pinarenga mugi sang Ngawiku paring sarananing marga, andhingini pulih mulih papan nguni neng donya natan krosan.
  24. Mumpung wonten ngarsaning Sang Resi, sasampurnakna ywan mantuk mring wisma, mindhak kabesturon dene tangising semah sunu nagih nipkah sarana bukti, Resi Kadhal wacana, lah sanak katelu, lumprah kaprah pra kukila, lamun lagi katemben miyat miarsi, sagunging barang anyar.
  25. Kumacelu kudu andarbeni, balik iki ginege tan kena, yogya nut kala mangsane, ya marmane sireku, sanityasa nanetah teki, kang supadya kalisa, sing sedya tanayu, lawan malih kawruhana, binjang lamun praptane ing dina pati, ing kna keh rencana.
  26. Mapan iku wajib den kawruhi, ilangena begalaning marga, margayun jarah imane, binjang bae sireku, sun tuturi pra pangolahi ing mangko sampun mangsa, Sang Hyang Rawi surup, lah payo padha bubaran, katri kaga ngaras pada nyuwun pamit, byar miber sowang-sowang.

PUPUH V
MASKUMAMBANG

  1. Rarasing rasa mengeti rerasan duk nguni arsa, mara marak mring gurune kang subrata ing ngasrama, erong tepi narmada, pereng soring mandiragung, kasusra Sang Resi Kadhal.
  2. Wit ing nguni wus wineling, ing tembe arsa winarah, rasa rahayuning layon, marmarira tri ginagas ge-age anyakupa, tyasnya dahat kelu kenyut, kasor langening dyah tama.
  3. Samana ing sajuga ri ri sedhengireng papanggyan, walang kadhak, cangak, bango, neng pasaban saben saba, ya ta bango ris nabda, lah ta dwi sanak sireku, paran supe patembayan.
  4. Tembayaning guru nguni tanggap cangak walang kadhak, yen aku kadwi ta supe, sarira tri ngarsa-arsa, wahyaning gyanta marak, sayekti aku tumutur, dupara purun kantuna.
  5. Sayektine ngong tut wuri, teken janggut suku jaja, janji maksih urip bae, lah samengko kadi paran yogyane linaksanan, sareng sowan mring Sang Wiku, sokur panuju ri sukra.
  6. Menyan sekar ngong wus cawis, kari mori pisang sanggan suruh ayu jambe wangen, gampil mengko angupaya, padesan datan kurang, de rasul lan sekul wuduk, opor sawung bulu seta.
  7. Iku kalebu tan gampil, pangupaya myang pangolah, marma yen dhangan yogyane, pinasrahna mring sang tapa, harta tri semat sewang, mangka saratrebut cukup cakep jangkeping mruwita.
  8. Bango tanggap lonnauri, mangkono ya wus prayoga, binobot lawan perlune, lah ta iki mumpung injang payo nuli budhalan, menek pasar selak kukut, koncatan tan tuk perlunya.
  9. Tandya budhal kukila tri, sesarengan jumantara, sereng sineru ibere, reyongan samarga-marga, kandheg kampir ngupaya mamrih kacakuping butuh, cacawis sarat sarana.
  10. Tebih-tebih den ayahi, saha wrat-awrat sinangga sing dereng kadereng karepe,pakantuk kawruh kang nyata, nyatane gesangira, mestuti kadis kasebut jaetun samanuljanah.
  11. Laku dadi pitukuning pancadan anggayuh swarga, mangkana dungkap praptane, ngasrama gya ngiyup sigra, anjog soring mandira milang miling mingak-minguk, ngungkak-ungkak don gothak.
  12. Samana Sang Kadhal Resi wosing paningal wus wikan, yen arsa tamuwan mangke marma wit injang sanega, ngaglah neng pamidikan, kukusing dupa kumelun, kongas gayuh ngantariksa.
  13. Praptane wiwara sami, tri kaga gya uluk salam, dhekem nalosor janggane, mring Sang Resi sinauran wangalaekum salam, lah padha manjinga gupuh katri kaga dharakalan.
  14. Nusup manjing wiwara glis, prapteng ngarsa ngaras pada, Sang Resi Kadhal delinge bageya sanak katiga, ing laku praptanira, myang wuri padha rahayu, manembah tri kaga turnya.
  15. Sing pangastawa Sang Resi sadaya sami raharja, semah atanapi rare, makaten ugi ang tapa tetep basuki suka,Sang Resi mesem nabda rum, sayekstine ya mangkana.
  16. Parandarunane sami kongsi lama lagi prapta wus dahat kangen tyas ingong, tri kaga nembah turira, dhuh dhuh sang dwijawara mugi ywa kirang pamengku kuciwa kiranging setya.
  17.  Amba tan bangkit atur wrin raribed witing daruna, nanging sang tapa yektine dupara yen kasmaran, mesem sang Resi Kadhal, iya sayektine ngong wus wikan witing kang daruna.
  18. Nanging yogya karya lamis tembung tan dingini karsa meneke siku dadine, andheku kang katri kaga leres sabda sang tapa marma mba tri kongsi dangu, dereng marak sang pandhita.
  19. Wit saking lam ngupadi linturing sarat sarana, lagya punika antuke kirang langkepe sumangga srah paduka sang tapa, mung sapala rebut cukup, cekape gathuk tan gothang.
  20. Gya gelaran sekar mori tanapyar nawa semat, sinrahken aneng ngarsane Sang Pandhita kagyat jola, lah iju paran baya raruba dadining dudu rerged temah rubeda.
  21. Sira kabesturon dening di adining muruhita, tinata tata sarate, saloka denwurudena, wus jamak kewankathah, napak tilas kapi yuyu, wahyu ginayuh lan arta.
  22. Piyarsakna ngong tuturi, tuture para sarjana, keh guru: dhukun paguron paring wawarah wasita, sarat sarana bandha, yeku saka salang surup, ki murid kang tan grahita.
  23. Salang-salang den surupi, nlusup kacanthel kantongnya, garegel gigal semate, sing tn wikan wosing karsa, cipta uger antuka,wawarah wadining kawruh, wekasan dadi durhaka.
  24. Keh kyai guru kapipit kapepet keneng pidana, saka murid jalarane, marma padha kawruhana kang kocap sarat srana, nisbat budi labetipun, pupunton tekat utama.
  25. Srana: prabot, sarat: kanthi ngelmu laku gegandhengan mangkene mungguh jatine klasa: iyeku gelaran, gelaring kawruh nyata, nyatakna den kongsi bentus, nglenggahi liring wasita.
  26. Sarat siriking kag ngelmi dinugi saprayoganya wenang wajibe linakon, mori: pamoring kang rasa ki guru lan muridnya, ing lair batine jumbuh jejeg jodho jero-jaba.
  27. Yayah rupa jroning carmin, de kang sekul wuduk miwah, ulam sawung seta lire, wuduk pan gurih mirasa rasane rasakena, sawung: sawangen lan kalbu, mulus: suci pethak memplak.
  28. Suruh ayu temu rosing weruhana becik myang ala mrih temu wose kang ros jambe: mapan yeku wohan, wohe wasita tama, nrus narawang tan kawaranan.
  29. Ana maneh aran tindhih, semat loro dhep adhepan, tindhih: pikukuh wredine pikukuh ing kawruh nyata, semat: sengseming prana ematna aywa kaliru.
  30. Mangkono ingkang kawarti, wasitane guru kuna, ngong cakep sapakolehe, marma ywa dadi tyasira sagunging kang ruruba, sawise ngong tampa laju gawanen bali sinungna.
  31. Rabia tanapi siwi, ngong wus bungah lamun sira bangkit nyakup sarahsane, ya ta kang katri kukila anembah anuraga, wali-wali ngaras suku, dhuh dewaning dwijawara.
  32. Mugi ywa kirang aksami, sing copet cupet tyas amba, tan wikan wosing oasemon, katetah duk muruhita, tataning ngolah rasa, sarat saranan kantun, tan wikan lamun mangkana.
  33. Resi nabda lah ta katri malih den oadha weweka, guru muri samya bote, lire yen guru tan nyata, kawruhe mung kinarya waton muluk mlarati dadi mamala.
  34. Malah dadya daru beksi, mring murid kang setya tama, temahan manggih kadudon, dudukane yekti bakal, ki guru kang anyandhang, marma guru aywa limut, mengeti wawarah kuna.
  35. Ugering guruginusthi, gagaran astha prakara, kang kontap kotamane, juga: tedhaking ngawirya, kadwi: bangsa agama, tri: terahing tapa wiku, catur: turasing sarjana.
  36. Panca: paramagunasti, sad: golongan wirotama, sapta: sugih kabegyane, astha: terahing supatya, yeku tani temenan, de wajib gen-anggen guru, ugere uga tan beda.
  37. Dadalan astha prakawis, sajuga: paramasastra, limpat ing kasusastrane, dwi: paramakawi basa, katri: ulah ukara, catur: kang mardawa lagu, kapanca: awicarita.
  38. Sad: lebda lagoning lungid, sapta: para nawung krida, astha: sambegana lire, lantip pasanging grahita, de pambeging kang dwija, jejeg ugere ginelung, gelengan astha prakara.
  39. Juga tresna asihmring murid, inganggep putra sewala, dwi: titi atul talaten, tri: sungkang pamrih pasung lyan, catur: sasmita tanggap wikan pasemoning semu, panca: sepen panggrayangan.
  40. Sad: lebda barang saliring kagunan len pangawikan, sapta: tan ngendhak gunane, nyamah nyeda ngesorken lyan, astha: datan aleman, mire merang yen ginunggung, anggung anor anuraga.
  41. Jatmika solah marak ati, mantep ing sabarang karya, alus luwes wicarane, ambeg rila paramarta, tama traping susila, yen sepi saking kadyeku, babasan guru ugungan.
  42. Murid den taberi mardi, mardawa laku myang jakat, yeku mangka dhadhasare wit iku dadi busana, gon-anggon kawruh nyata, laku pan dadi panuku. Lah mangkene piyarsakna.
  43. Murid den taberi mardi, mardawa laku myang jakat, yeku mangka dhadhasare, wit iku dadi busana, gon-anggon kawruh nyata, laku pan dadi panuku, lah mangkene piyarsakna.
  44. Ngingirangi ngunjuk bukti, cegah yen tan ngelih ngelak, dene angirangi sare, ywa nendra yen tan karipan, acegah pangandika, mangsakala lamun muwus, kawawas wosing perlunya.
  45. Ngingirangi langen estri, ywa karem karamat sahwat, lamun tan banget kangene, anyunyuda napsu hawa, lire ywa ngumbar karsa, sabar sareh den kaemut, de jakate kawruhana.
  46. Wajib jakating kang jisim, den wani ngesorken raga, budi: narima jakate, napsu: rila myang legawa, den eroh: jakatira, tepa samaning tumuwuh, ywa dahwen lan munasika.
  47. De jakate rahsa: yekti eling kalawan waspada, cahya: trang wening jakate, uripe: langgeng kacipta, lah iku lakonana, kalkone gayuh wahyu wahya sing pamesu brata.
  48. Mangkan kang kukila tri sakaman tyas trusthanira, katresan dening sabdane, sang pinundhi pinandhita bango alon turira, dhuh dhuh sang dewaning wiku, kukuwunging pra nastapa.
  49. Don papan panembah yekti, sayekti amba nyenyet panyana tan darbe sing dahat gung punggung mudha, katunan saniskara, marma tan lyan ngebun-ebun, wahyaning kang sabda tama.

PUPUH VI
M  I  J  I  L

  1. Dhuh Sang Resi paran amba katri, yen temah kadudon dahat we ya tan wikan wekase, wasananing urip prapteng pati, pati kang patitis,tetes tatas putus.
  2. Titis: leres lepasing pangesthi, kang kesthi mulyeng don tetes: mulya pancering tujune, tata suci sampurna ing pati, putus: wangsul pulih, mulih malih rampung.
  3. Lah tuntunentuduhna margi, marganing kang anjaga kasampurnan jati, satuhune aywa kongsi kalimput ing binjing, jala jajil jail ngajak manjing limut.
  4. Lumut-lumut limit dening dhemit, dhedhet aneng panon, yen kadhadha temahan maleset, mesem alon ngandhika Sang Resi, luwih sihing Gusti, purbane mring makluk.
  5. Darunane wikanana dhingin, parang kag dadya wus pikir kesit hur angenangene, kang kalumprah jamaking keh urip, wit kadhesek saking kikirangan butuh.
  6. Kurang betah duwa ngamal lair, sagung katon melok tur ta iku rencana yektine, lamun datan kawawa nyelaki, nyelak-nyelak yekti, dadi aru biru.
  7. Kang mangkono yogya denrekteni, paran kang binobot madhep atanapi ngungkurake, lamun sira yun bangkit nambahi, reregeding lair den santosengkalbu.
  8. Bubukane sabar nrimeng batin, tan penginan aron barang pelag elok suwarnane, rila donya tega marang pati, sisip densinggahi cipta maharjayu.
  9. Nanging iku pan kuciwa maksih, mamrih karahayon, wit mung nyipta mulyaning dheweke mungkur mikir marang anak rabi, gothang rumeksaning wajib lairipun.
  10. Marmanira kang luwih prayogi. Kacakupa karo lair suka tentrem ing batine, butuh anak rabi tan ngregoni, cipta temah wening wenang gayuh wahyu.
  11. Bango matur dhuh Sang Maha Resi,ing sabda tan linyok, nanging paran dadya jalarane, andupara lamun amba katri, tuk rijeki luwih tumrap semah sunu.
  12. Sang sangsaya pangupayeng melik, keblat catur padon pan jinagan ing ari ratrine, pager kala rinakit narithik rawa kalen kali, samodra sinerung.
  13. Ngupa boga tyas asangga runggi, dalan jenak neng don kadhang dereng pethuk wader pece, wus ginusah binalang ing janji, janji yen tuk melik melok minta pandum.
  14. Jele bosen tiwas wira-wiri, turut galeng blethok, Resi Kadhal mesem lon delinge, kang mangkono wus jamaking urip, rebut met pakolih, liru asor unggul.
  15. Tur yektinekeh kahanan iki, nemu sarwa dados pepak gumelar Yang Widdhi karsane, gunging ngumat anggandhuha sami tan wenang ngebeki liya Hyang Mahagung.
  16. Nging reh mengko tataning pra peksi, remen apadudon, dhaku wenang ngecupi adarbe, sengguh kaya yasane pribadi sing ngaringkih kandhih kang santosa ngukup.
  17. Ya marmane sayoga sireki, padha nrimeng batos,eklas pasrah nyuwun mring kang darbe, papanduman kanthi masuh dhiri, nyadhang sihing Gusti, wahyaning wahyugung.
  18. Lamun mantep pangidhepireki, yekti sido dados, Hyang Wisesa tan nisih adile, sapa nrima katarima yekti, weruh denweruhi, jrih sinihan tamtu.
  19. Nanging kudu sinartan ing teki, mrih tekan kalakon, puja iku lan brata kanthine, walang adhak majeng nyela aris, inggih kyai mugi keparenga uluk.
  20.  Nyuwun wulang rehing laku brangti, kang kedah linakon, amba dahat kumacelu mangke, tampi sih nugrahaning Hyang Widdhi, tuwuk tirah bukti mleber semah sunu.
  21. Sing salama cingkrang sarwa sarwi, ri ari angloyong mung lumayan antuk jampi luwe, marma angga lalu alum agring, wulu elar brindhil brondhol lesah lesu.
  22. Beda lawan bango cangak sami lema seger tinom, wit nariah pangan saantuke, keyong kraca besusul binukti, yen amba tan sudi apes kedah welut.
  23. Bango nambung alah sira iki, bisa angacemong lawan guru matur tanpa gawe wirang ngesorken sasami, nung murih densihi, mangkono tan patut.
  24. Cinelakken ngrembug bareng kardi, ingkang cangak gawat wados, cangak nyela banggansira dene paribasan cedhak sarpa mandi, wurung nyakut yekti nyelah sida nyembur.
  25. Yen rembugku ginusaha nuli, dimen mentar adoh yentan saguh mareni watake, walang kadhak biyas mundhur nulu dhekem neng wurining, bango sarwi jetung.
  26. Ngucap alon lah sanak, ywa dadi ing tyasira karo aku datan nedya salah gawe, dene mau ngong matur mring kyai, saking pikir lali ge-agea ngundhuh.
  27. Reh wewarah pangupayeng bukti, kang gampil linakon wit akbutuh kaluwen wus suwe, ya ta Resi Kadhal nabda aris, wis kendela sami bali kang rinembug.
  28. Lamun sira yen gayh wahyaning, wahyu sing Yang Manon, wiwitana sawatara rine ngungurangi cegah nendra bukti, nebiha mong resmi lan eklasing kalbu.
  29. Gya nglekasi ngalaya ing ratri, wit surya tan katon nuju marang kang sepi papane, pasa: mbisu tyas kang eneng-ening ngeningken kang kesthi, paran kang kinayun.
  30. Den tatali ing cipta ywa lali, inggaling satemon, praptaning byar raine sirage, siram marang tempuraning kali, poma saben ratri den kalakon lamun.
  31. Dungkap kawandasa ratri nuli, yan wayah sirep wong denwaspada sira ngulatake ing wawarnan tanapi swarnaning peksi gunem pikir kang karaseng kalbu.
  32. Ngadat datan kongsi satus ratri, tinrimeng Hyang Manon paring ilham pilih ing margane, kang cinipta luwih sihing Widdhi, de yen wus antuk sih tyas den suka sokur.
  33. Katri kaga embah matur raris, mugi denkalakon amba bangkit ngluhurken warahe, bangkat gayuh papasihing Widdhi, iya ngong amini den kongsi kapangguh.
  34. Mangke yogya dumugekken malih babaganing layon kang wus masthi linakon ing tembe, sagung umat datan kena mungkir, sumingkir sing pati ing kitap kasebut.
  35. Bubukane kawruhana dhingin, trap pangulah layon, yektekena pangeran kodrate, sing amantep tetep pan sinung wrin, wikan wahyeng wanci wataraning layu.
  36. Pra sarjana ahlul olah ngilmi, wus karya pasemon, binjang lamun wus perak praptane, ri kiyamat Gusti Allah nuding, malekat Jabrail mring donya tumurun.
  37. Kinen mundhut drajad, dasa warni mangkene kacariyos, juga mundhut barkating bumine, kadwi: mundhut adiling narpati, tri: tapaning resi dene kaping catur.
  38. Kinen mndhut drajading kang ngelmi, pan kinarya asor, ping nem wiku wigar sutapane, sapta sanakkadang kang tresnani, ping astha: winarni apan kinen mundhut.
  39. Ing wirange pra peksi pawestri, kakung kadya wadon, anggepira pan wus datan pahe, kaping nawa: kinen mundhut maning imaning para mukmin, dene ping sepuluh.
  40. Mundhut sastra rahseng kitab suci Al kuran cinoplok yen wus iku nulya tumedhake, keh babaya bebendu nekani, nir wateking peksi kewan saminipun.
  41. Kang kadya kakawruhana yekti, yekstine wiraos yeku pralampita satuhune kang kajarwa jarwane kakiki, kikising dumadi dene wredinipun.
  42. Ri kiyamat: kiyamating dhiri, yun andungkap layon, juga: yeki ngibarat anane owah ing rupa warna cahyeki, nguni ayu pekik temah pucet sayub.
  43. Dwi: ngibarat bunaring pangeksi, bureng bawur mawo arum arus tan beda gandane, swara sora lamat-lamat myarsi, de kedaling lathi, kithal grathul-grathul.
  44. Tri ngibarat kang jatmika kontit, ngen-angen tempuh wor, kawur-kawur kaworan marase, kaping catur: yeku ngibarating epeh ingkang budi, budayane kukut.
  45. Kaping panca: ngibarat ciptaning kekeraning batos, kang kaping nem: yeka ngibarate mur kang karasing napsu wahyaning tandha dungkap wanci badhe sidhemipun.
  46. Kang kasapta: ngibarat kuwuring ciptanira dhompo, supe marang ing kahanan kabeh, kaping astha ngibaratireki pangrasa ngincati, wit roh renggang sampun.
  47. Kaping nawa: yeku ngibarating nir raos rumaos, tan pangrasa wit ginggang rahsane, ping sadasa: yeku ngibarating pramana cahyeki surem sirep surup.
  48. Marmanira den samya marmani, dadining waspaos, wosing bengran ing lair batine, tengran batin yen sirangsa uning, jroning eneng ening ngalelu kadulu.
  49. Dadalane sing rupa pribadi, rupa: urub yektos, urub: saking urip tan nalyane, mung sajuga yeku pribadining jroning donya iki nadyan kathah manuk.
  50. Bango cangak walang kadhak anging warna tan adhompo, mapan iku dadi paseksene, de patrape yen sira yan panggih, kang panggah ywa wigih lenggah sila timpuh.
  51. Datan pahe lenggah ing solati, cipta maya mawor, gumulung neng pancering rasane, musthi rupa warna pribadining iyeku ananing uni nong ananung.
  52. Ana maneh trapsileng samadi, lenggah sing gadhodhok, dwi suwiwi angrangkul jengkune, dhengkul rapet tapus ing dariji, sanipat mor siki, tepung pucuk cucuk.
  53. Jroning eneng-eneng awas eling, jumbuhna ywa keron, sastra cetha luluhna rahsane, yen wus mempan ngadat bangkit panggih, de tengran kang keksi kasat ing pandulu.
  54. Jaga: lamun sira wus ningali, barang warna elok, lire: ilu-ilu ilat mele, sabangsane ingkang wanci, pan kirang sataun.
  55. Kono yogya sami amiwiti, nata traping batos, mindeng brata lan sabar rilane, narimeng tyas mrih temen utami, pakareman pinrih sirnane sadarum.
  56. Dwi: kalamun sira wus miyarsi, swara kang kawiyos ing salama during mirengake, kayata: kang sware setan myang jin berkasakan sami bangsaning lelembut.
  57. Yeku kirang samadya warseki, kikising kang layon, yogya sami ngegungna kurmate, myang tilasal mrih tindak utami, titi ngati-ati marang gesangipun.
  58. Kang kaping tri yen wus santun warni, wawarnen kang tinon, non ngawiyat nuju ing wulane, sura sapar kawistara abrit ing rabingulakir, miwah wulan mulud.
  59. Yng basonta meles cemeng keksi, de kang lamun anon Hyang Sudama nuju ing wulane, jumadil awal jumadil akir dumeling kaeksi kresna siratipun.
  60. Wulan rejeb myang arwah yen meksi, tirta brit sumorot siyam sawal mayat wayangane ing pribadi wus dadi kakalih sela sakban sasi langking kanang latu.
  61. Yeku kirang dwi candra kang jangji, yogya kang linakon, awasiyat riwayat tegese paring warah wuruk myang weweling liring wasitadi dining suci hayu.
  62. Yen tinekuk panungguling driji cakarira karo, mepet rapet neng ngepekepeke, gya ingangkat kang jajenthik manis, yen kangkata kongsi tandha kaping catur.
  63. Yeku kirang catur dasa ari dungkap prapteng layon, sedheng samya gelar aksamane, myang aminta aksamane sisip marang kang sakserik pinrih eklasipun.
  64. Panca lamun driji cakar kalih, kawawas wus kalong, miwah pegat ugelugelane, yeku kirang sacandra kang janji, sedheng nrapken ngelmi kasampurnanipun.
  65. Sad kalamun myat warna pribadi, temuwa patemon kirang madya candra antarane, yogya nuli pinuja ing puji saben arsa guling, kalanireng dalu.
  66. Pinrih lulut luluh dadya siki, suci sampurna mor nunggal lawan pancering nguripe, kaping sapta sepen napsu bukti, nir wus datan pengin temah titatudhuk.
  67. Yeku amung amung kirang pendhak ari rasa sru kaleson, mangka nuli tobata denage, gayeng saben pendhak wungu guling, nalangsa mrih suci socaning datipun.
  68. Astha lamun keketeg keduting, cakar wus tan traos netra kanakaning pramananeng, pamiyarsa sirna garebeging, srep pucuking parji, jangli pan wus tutug.
  69. Dungkap mancat praptaning kang ari, kiyamat den tanggon, gya nucekken sagungan sire, agal lembut kinemat mong siki, kukut sarahsaning pul lan gesangipun.
  70. Gugulungan pikekahing ngelmi, kukut-ngracut-temon, tobat-ngematnucekken rahsane, mbaba-pasrah-nalangsa mring Widdhi, iki ngong wijeni wijang jatinipun.
  71. Gya tri kaga majeng ngarseng resi, manglong semu mengo, karna kiri gung anelingake, cipta tanggap dumeling kang pyarsi, rahseng wasitadi dining luluh layu.
  72. Byar narawang kawangwang uwosi wahyu kang kawiyos, katri kaga angles nrus diyane, tanpa krekat supe sakaliring, wawarnan kang keksi sanak semah sunu.
  73. Sing kapranan kangprana tampi sih sasihing Hyang Manon, ngaras pada sarwilon ature, dhuh sang dwija amba ngaros yekti, terus wus asuci mulya jatinipun.
  74. Sirna sagung rarasan jro urip, sirep tan araos mapan namung nikmat munpangate, mesem alon ngandika sang Resi, bagya sirantuksih sihing Hyang Maha Gung.
  75. Nging ywa agegancang anggagahi, agahan salah ton, mung katongton enak kapenake, begalane tan den kawekani, binjang yen praptari sakaratil maut.
  76. Kono kathah rencana kang prapti, wit sing napsu dados neka warna warah-pangarahe, ana katon guru-yayah-wibi sanak-semah-siwi weneh putri ayu.
  77. Ayun jarah iman pinrih lali, linglung lalu keron kang kadyeka paran wekasane, bok kongsia tinggal awas elinh, yekti korup eblis kablusuk mring pocung.

PUPUH VII
P O C U N G

  1. Marmanipun dhihin wajib wruh sireku, pangruktining angga gayeng tepung lan pangesthi, esthanira tan beda lan mesu puja.
  2. Jangjinipun yen wus kraos dungkap layu, luyuting jiwangga, liyeping netra mekasi, sira nuli met papan mapan sareyan.
  3. Mepet napsu sidhakep tunggal kang suku, suwiwi kalihnya tumumpang jaja, madyaning sipat grana tepung pucuk cucuk cakar.
  4. Buntut turut cucuk mingkem den agathuk, ereming kang netra wahyaning uswa den ririh, ngarah-arah panarike ywa rekasa.
  5. Napas-nupus-anpas-tannapas ginelung gulung dadya juga, tinarik ambal kaping tri, yen wus kempal kumpulna neng lintang johar.
  6. Ywa kasusu supadya tan kongsi kungsul, yen wus sareh tata tarikken minggah manginggil, prapteng jaja jenakna ywa kongsi ura.
  7. Tyas den emut, mating rhsa kang kinukuy ing panyidhikara, rarasing mangulah jati.
  8. Uswanipun unggahna neng baetalmakmur, mor lawan pramana, poma den yitna sireki, iman-tokit-makripat-Islam esthia.
  9. Aywa keguh tyas kang tangguh, panggah puguh den gagah bregagah, teteg tatag den gumingsir, ngliga sara sarana sarat pangruwat.
  10. Wit ing ngriku nedheng praptaning ru giru, ngrubung gara gadha anggegiro memedeni amemengin- amndaya- mamrih-miluta.
  11. Mrih kalimput kalempit kelu kalunglun, kalaping paparang, jro urib datan methuki, beka begal bebaya gawat kadyeka.
  12. Ywa kaliru pana pamawasing laku, pambukaning wrana, panakna ywa kongsi lali, lah delingna sira sun tuturi padha.
  13. Kang rumuhun anu nong uning ananung kang mangka pangruwat, ruweting rasa sakalir, nuli uning ananing ana sajuga.
  14. Lah ya iku lan sastra jendra martayu, dating Hyang suksmana cinitreng angganirelu, ywa tepungna lan rahsaning dwi kalimah.
  15. Apan iku jati ananing uripmu, kang kurup dwi astha isthanen ananireki, yen wus luluh linawed dadya sajuga.
  16. Juga wujud kang alip mutangalimun, wakid wahyuning yang jejeg jruning anur singgih, wulu auku dadya tekad kang sanyata.
  17. Wus kacakup sagung wawarah sang wiku, kumandhang neng dhadha ngandika malih sang yogi, kawruhana yen uswa rasa pramana.
  18. Wus put-kampul samadyaning baetal makmur, sing suku kanangrah ginulung minggah manginggil, pating griming lir likaten rasanira.
  19. Wit jalimpit kang rasa dereng kinukut raket tan witira, mulih mring wasesa jati, lah mangkene patraping panyidhikara.
  20. Iya iku poma ywa kongsi kaliru maneh kawruhana, yen wus dungkap pantaraning mangsa kala oncating atma sing raga.
  21. Gya kadulu praptaning kang aru biru, tahya manca warna, genti-genti anglimputi, pwara nunggal kahanan lan nahya mulya.
  22. Mulya wangsul pulih sangkaning duk wau, jumaneng pribadya jroning ngalam nukat gaib, nukat: wiji, gaib, samar jarwanira.
  23. Wus amengku ananing kahanan sagung, lah padha ngaso dhingin, iki wus meh anggagat bangung raina.
  24. Menyang pungkur kana ana balumbanggung, padha meta mina, sira tri den enak bukti, aywa taha tampi sugata manira.
  25. Yen wus tuwuk, balia mrene ngong wuruh witing ananira, sangkang purwaning dumadi, kang supadya tan samar papaning lama.
  26. Nembah dheku katri kaga, matur nuwun wus lengser gya medal mring wuri rong sapraptaning, tepi Haga arsa met manising mina.

PUPUH VIII
D U R M A

  1. Kawursita nenggih kang kaga tri, dupi prapta tepining balumbang, dahat kacaryan driyane, anon weninging ranu, dhadhasaring beji kaeksi, keh mina sami mijah, sidhat welut mungup urang-urang watang ngambang, sepat sili waderpari riwa-riwi, bandeng blanak lumembak.
  2. Walang kadhak tyas tan sangga runggi, gya agahan jegur manjing tlaga,mrih mina ing sasukane, ngiwa manengen nucuk saking luwe wus lungse wanti, wit wingi datan nadhah, nglantur prapteng dalu, bango miyat mesem lingnya, lah ta cangak dulunen solahireki, si premba walang kadhak.
  3. Kaya kaul dupeh den lilani, mring jeng kyai mangan tanpa kira, tinggal duga wataranem cangak ewa sunaur, dikapakna tan bangkit mari, wus dhasar pikir rucah, parandene umuk, saguh arsa tarak brata, ngungurangi nadhah, nendra piprihatin, yen nyata sida modar.
  4. Walang kadhak apitan miyarsi, enak nucuk mina nengen ngiwa, kongsi balendhang telihem bango cangak sru muwus, heh ta walang kadhak sireki, teka dahat dalua baya durung tuwuk, wadhukmu kongsi badhadhag, bok yading mina iki ngoningoning kagungan sang ngatapa.
  5. Mangan teka tan dugi prayogi, tuduh lamun kukila alasan, tan weruh praja susilane, walang kadhak sumaur nyambi nucuk kang waderpari, lah sanak den sakeca genta gunem nyatur, ngong rungokna karo nadhah, telak telih kebake kurang sathithik, dimen bangkat sapasar.
  6. Sigeg ingkang kinondha, ing tulis mangke genti ingkang cinarita kang samya kantun pantine semah tanapi sunu, biyang walang kadhak lanmalih, biyang cangak samana dahat ngayun-ayun ing praptane lakinita kongsi lama denya padha ngupa bukti, teka tanana prapta.
  7. Biyang kadwi mara mring unggyaning biyang bango wus samya papanggyan, rasan rerasan lakine kesahnya teka nglantur, marasing tyas bok wonten margi, kandheg beka begalan, baya myang pakewuh paran denira ngupaya, biyang bango alon denira nauri, biyang cangak der sabar.
  8. Pandugaku lakimu tan kongsi, yen manggiha babaya neng paran, wit babarengan lungane lawan bapakne gendhuk, jare sowan ngarseng sang resi, kadhal kang nungku brata neng sor mandira gung, adat pikirku tan kena yen kongsia ana sandhungan nekani andhingini karasa.
  9. Balik paran karepira kalih, den upaya tanapi ingantyan, ing kene kongsi praptane, biyang cangak sumaur, yen sambada ing sira kalih, mungguh panglimbanging wang, sayogya rinurah tembung tan kadaluwarsa bagya lamur neng paran sanya basuki, ywa dadya paran tetah.
  10. Biyang walang kadhak anyambungi, bener pikirira kang mangkana, lah payo budhalan age, mumpung iki sih esuk, mesakake sutanta cilik, kongsia keneng pnasm katrinya gya ngrasuk babektan perluning marga, sawusira sempat gya budhalan sami, katri ngayuh gagana.
  11. Aburira reyongan samargi repot ribed babektan myang suta, dupi surya lingsir sore, dungkap gyan kang tinuju, katri pareng maniyup sami, jujug soring mandira, gya ngulari pintu, erong samana wus panggya, biyang katri umarah tepining kori sarwi lan aturira.
  12. Kula nuwun sowan amba katri, nyuwun pirsa punapa sang tapa, kaleres wonten daleme kawarna sang awiku, pan wis wikan lamun ing jawi, wonten tatamu prapta mangkana gya metu, prapteng kori guwa nabda, lah ta payo banjura sami umanjing katrinya dharakalan.
  13. Praptaning jro wus nyata ta linggih, biyang bango kang lenggah neng ngarsa, sila dhekukul janggane, wurinira sumambung, biyang cangak jongok alinggih, timpuh amangku suta, nangis sarwi nusu dene wurinira pisan biyang walang kadhak slonjor denya linggih, dwi suwiwi saduwa.
  14. Resi Kadhal mesem sarwi angling, lah bageya katri praptanira baya padha ana gawe kang tinanya umatur, sowana mbangar sangang sasi, sing sami sru nsungkawa, ginubel ing sunu, sudarmanya samya kesah,ngupa boga apan sampun caturawi, nglantur tan ana pranta.
  15. Kongsi mangkin tyasasangga runggi, bok neng paran kasandhung babaya, mugi tuwan marengake, amba nyuwun pituduh kawontenan ingkang sayekti, yektine laki amba pernah dunungipun, papa tanpiraharja, resi nabda nut petanging iladuni, sira ywa wancak driya.
  16. Den pracaya pasrah mring yang widhi, lamun katri lakinira padha suka basuki yektine, nanging samangke durung prapteng mangsa samiamulih, taksih sinegker ing Hyang tembe kalamun wus dungkap prapteng mangsa kala, ywa sandeya tya sira sun kang nanggupi ngupaya panggihim.
  17. Marma sira den saranta sami, aneng kene kongsi praptanira, ngiras padha ngasokake, labet mentas lalaku, kapenakna gyan padha linggih, gya nyanggo taha-taha, katri matur nuwun, biyang bango lon turira, nuwun kyai sasambe ngiras ngentosi, ambarsa nyuwun berkah.
  18. Sarat sarana ugening alaki kang suoadya bango laki amba, bangkit jenak tungkul tyase, ywa tansah karem ngluyur kaloyongan supe ing wanci, leres tamun kesahnya mrih cekaping butuh antuk kedhik myang kathah, bruk pthuthuk datan darbe, pikir sing sang tapa lon ngandika.
  19. Kawruh ana yen laki nireki, dadi lanang mapan wus prayoga, weruh ngenggoni sema sunu, ngupa nipkah ywa kongsi laip, prakara remen lungan, terkadhang anglantur sayekti ana witira, ya mulane den bisa sira ngrawuhi witing karananira.
  20. Lah ing mangke sira sun tuturi, yen lakimu nuju prapta lungan, sira mirapeta tindake, sandhingan yen lungguh, pernah kiwa rada kapering, ri ngatrap ing susila, kang reseping semu, jatmika sasolah bawa, sipta tanggap pasmone semu malatsih, mtih asih ing lakinta.
  21. Tyas sumarah barang reh, ywa kongsi nyengkah-duwa kang njalari cuwa, tumindaka sakarsane, katon kang bangun turut, de cawisan sira ywa lali, barang karemanira myang kasukanipun, rumangsa yen tinitah dadi wadon, wadon wresining wadi, wadining kakungira.
  22. Sira wajib rumeksa ywa kongsi kawadaka, marma ingaran pelestri iku tegese, paes: rerengganipun tri: tetelu jarwane yekti, rengganira titiga, kadarbe ing kakung, tan kena sira suminggah siyang ratri sumaoskarsaning laki, jer wus der suguhena.
  23. Basa bajo: baja denarani, baja; yeku susuguh sanyata, ana pasekcene maneh, wit kuna mulanipun karsaning Hyang, praptaning mangkin,wadon pinernah ngandhap, kakung aneng ruhur, yeku pasemon sanyata, sanyatane wadon, kawiseseng laki, tah iku rasakena.
  24. Ina sababe sira kudu wedi, lan miturut ing reh barang karsa, yeku dadi lilirune, sasanggemaning kakung, wektu ijab marang sireki kaseksen wali sanak, myang tuwan pangulu, kakung datan kena selak, ngupayakna bukti lawan angomahi, myang wajib nuronana.
  25. Lamun ana wadon mbeg kumani, saya lamun yen kakunge ngalah, parunji jarah arane, kabendon mring Hyang Agung, kapindhone dosamring laki, Pangeran tan ngapura, mring wadon kang besur, nadyan lakine narima, awit kakung winenang dadya sesulih, mengku munba masesa.
  26. Swarga nraka gumantung ing laki, marma sira ngati-ati padha, ywa gegampang sabarang reh, sun puji mring Hyang Agung, amarengna muga sireki, dadya wanadya tama, den awas lan emut, sunduking duga prayoga, lan watara kira-kira aywa lali, mangka pawitanira.
  27. Ora susah pawitan mas picis, mapan dudu adon-adonira, mrih nunggal kur batine, biyang bango umatur, nuwum inggih sabda sang yogi, berkah tuwan mugyamba bangkat liring tuduh, pitedah kang mrih utamabiyang cangak saking wuri anambungi, dhuh kyai nuwun amba.
  28. Pinaringan brekah sang ayogi, kang supadya laki amba cangak, mantunana cengkilinge sareh ywa sugih napsu, wit watete tan kaprahpeksi, putungan barangasan,lan amba sring padu, padudon rembag tan misra kang makaten jalari sudaning kang sih sihing wadon mring priya.
  29. Amba suwun lakimba den kongsi, komet kuthuk aywa sok galathak, thithik-thithik amethentheng, sang wiku mesem muwus, biyang cangak amindhu kardi, mau ngong wus sajarwa, sugerwajibipun, wadon rinengkuh ing priya, ngong wus wikan yen watekmu mula wani kumini marang priya.
  30. Dadi sira tan ngenggeni wajib, paran bangkit runtut sih siniyan, jer sirangkah mung menange, lakimu kinen nungkul, yeku ran tan wruh bener sisip, ngandelken bangkit ngucap, pikir ngeyel berung, ya ,ulane wekasing wang, marenana yen sira mrih den asihi, warahku siranggowa.
  31. Kaya wus kang kajarwa ing ngarsi,ewadene reh wus sri sulaya, yen amrih ninggal becike, nuli bangkit tut rukun, linayan aning puja puji lahkene amajua, sireku ngong wuruk, yen sira nuju pan dengar, lan priyanta mataka pramana aji, mangkene emelira.
  32. Salalahu ngala wa salami, Mukhamad Kadim Allahku nyata, kang jumeneg neng pancere, paningalku satuhu, tetep manjing mareng pancering netrane lakining wang den langgeng sihipun ing donya prapteng delahan, La ilahu mukamad rasulillahi, ya hu allahu akbar.
  33. De kang penu jinungkung ywa lali, lamun sira nuju pulang raras, ciptanen sajro carene, wawasen jroning kalbu, den kongsia cumithak dadi caplak lan warnanira lakimu sajumbuh aji iku lakonana pasa mutih tri ari pungkasan nyepi, ngebleng sadlu pisan.
  34. Nembah mundur biyang cangak sarwi matur nuwun gya bok walang kadhak, sumela maju ngarsane sang wiku sarwi matur, nuwun kyai parengna mugi paring tumbal myang supadya si dhawuk, gapuk Gerang walang kadhak, mantunana denya remen iyan pawestri, mring semah datan doyan.
  35. Kethuk kuwel kesete ngliwati, byang-ngebyangan, sukanya ngethoprak, injang mantuk bruk angorok, yenamba susul turu, den sog-osog datan ngalisik, nglilire sareng dhupak, celak datan ayun, tangi gregah dandan pangkat, jujug warung ngiras bedhange ngladasi, kranjingan tanpa wiring.
  36. Resi gumujeng guguk sarwi ngling kalingane biyang walang kadhak, ngangsa jarwa satuhene Hyang dadi tyasireku, ya marmane lakinta kongsi, mangkono trap tindaknya, sireku kang luput, jer pikirmu wangkal nglungka, datan pisan mardi wadining pawestrikang mrih reseping priya.
  37. Bener bae lakimu tan apti, nyerakana jer sira kaliwat wadhag wagu kethoh wadheh, basengat ulat sebut, crobo crabak tanpa sisirik wewalering wanita, waton doyan klebu, kang mangkono marenana, lan tuntunen kang talaten mardi sirik, besus nanging prasaja .
  38. Ana sarat yogya denlakoni, nanging saru tumrap wadon lumrah, wit mung mardi mrih nikmate, ngarah kiwul salulut, anganggoa tarekahlair, jamu sapasar pisan saben bangun esuk, ratengan barambanglanang, pentiling lo sababakan dlima sawit, myang sarem sawatara.
  39. Pinipis winor saberuk warih de tapele meta ron pulutan, jeram pecel sasawite, kedhik winoran candu tapel tepung kang kampungireki, latah bok walang kadhak talah sang awiku, wosing wawadi kawiyak, cak cek sajakane wus tate niliki, bok cangak nambung lingnya.
  40. Bener kyai dhawuhe kadyeki, jer rupamu pasmone katara, ngebreh jodheh waleh tlobeh, welu kendhoa mesum, andupara laki sireki, resepa pulang raras, jer caciblon kungkum marma nuli rektenana ngrukti raga supadya, wingwing aramping kiyat akat talang kas.
  41. Nadyan kisut kakasutireki, yekti keket kesat asai kisat, bisa kecap panggregute, biyang bango anyendhu, lah ta biyang cangak sireki neng ngarsane sing tapa teka kandhan saru, biyang cangak jongok lingnya, ya bakayu ngaran aku mung sadremi, babar dhawuh sang tapa.
  42. Magsa dadak karsa sang resi, medhar ngebla terang tur pratela, kaya ujaring ngong kiye sathithik aku urun, lir warahe guruku nguni, wus kanyatan ngong coba, tan mindho ping telu, sira ngupoyoa beras sokanandi dinar kencana myang kendhil anyar liweta sigra.
  43. Lamun arsa dungkap anyilepi gya cincinga saruhur wentisnya, sarwi kang rema ingore, maca slawat ping telu nuli donga kabul kaping tri, de kang bakal lawuhan ya saananipun, nanging kudu saratan nora ketang satrithik meta cacindhil, dheploken kongsi lembat.
  44. Mor lan rempah ywa kongsi katawis, yen wus rampung sira adandana sarwa prasaja semune rakiten cawisanmu, yen lakimu wus arsa bukti, lungguhe cedhakana awasna yen muluk, tetep pisan barengan ing kamayan esthinen sajroning batin, mangkene emelira.
  45. Bismillahi arahmanirrakim, niyatingsun barengi manjingnya kalimat jati kodrate, kamaku ya kamamu, rasaningsun rasanireki, atma-sir tetep tunggal keket langgeng kumpul la ilahaillahuwa, wus sing bukti sarana sira dhingin, mring senthong atetebah.
  46. Nguni adat kang wus klakon nuli, anututi manjing ngajak nendra, lamun denuja karepe ngerepi jaluk tanduk, tumanduking bedhornemeni, bok walang kadhak ngakak, katuju tyasipun kongsi kawiyak wadinya kawistara dhadhasar karem saresmi, dremba kakung tan taha.
  47. Ya ta alon ngandika sang resi, lah katrinya padha sumurupa, kang mangkono iku kabeh kena ngaran pangapus, papaesan sajroning ngurip, nging mungguh jatinira, wadon rinengkuh ing priya, wajib wruha sarahsaning laki-rabi, de mungguh jarwanira.
  48. Basa rabi: rahab wredinireki, de kang laki: laku jarwanira, anglankoni sabarang reh, nut sumarah ing kakung kang supadya dipunrahabi, yeku jodho ranira, kang rasa wus mantuk, neng papaning sowang-sowang, kawruhana paran wadining pawestri, tanggap karsaning priya.
  49. Lawan priya sengseming pawestri, mapan iya mulane mangkana, wit pawestri sayektine amengku rohing kakung, kang ngaranan eroh ilapi, dene priya kanggonan rohing wanodyeku, iya roh suci arannya, marma lamun priya umiyat pawestri, myang wadon miyat priya.
  50. Nepsu ebah kumudu nanggapi, yen sepena ewuh pakewuhnya, saking katarik dayane, kang roh estri yun mantuk, jro saresmi aliru pulih, marma ranpulang raras, wus samono cukup, balik iki wus andungkap mangsa kala pinareng lakimu praptilah sira meneng padha.
  51. Sunsusule bene nuli bali, ya ta sang tapa ngeningken sigra, amuntu cipta rasane, menet saliring napsu, tri bawana kinukut sami ngikut sagung jajahan, manjing ngalam limut, kang kari raga ragangan, gya sang resi nuksmeng cahya marang wuri, arsa panggih tri kaga.
  52. Kawarna kang samya ndon warih, bango cangak lawan walang kadhak, tri dahat kapiteng tyase anoncahya narawung, amrabani sakubeng rawi, sor prabeng diwangkara, dupi miyat ruhur, sang resi katon ngalelalenggah munggwing jro cahya sarwi melingi, lah ta sanak katrinya.
  53. Ingsun prapta nusul mring sireki, kawruhanta yen somahmu padha, Babarengan tri praptane, kawistara wulangun mring sireku temah ngulati katuju lampahira, ingsun kang jinujuk mangke nganti aneng ngarsa, wus antara jajagongan lawan mami, ana kang nganthi suta.

PUPUH IX
KINANTHI

  1. Wusnya ngandika sang wiku, sakedhap muksa tan keksi, ya ta kang katri kukila mutenggengen dennya meksi, sing pangrasa katresnan sami.
  2. Bango cangak mingak-minuk, walang kadhak tanpa ngudi, tyasnya bawur bunar-buyar, wusing rada enget sami, bango nebut ngudubilan minassaetonirrajim.
  3. Apa kang katon empere kaya jeng kyai lenggah jroning cahya mulya, walang kadhak anauri, mokal kalamun sang tapa yen pandugaku memedi.
  4. Utawa ratune hantu kang tunggu talaga iki, cangak nyentak wuwusira, ya bener kiramu kuwi, iki mau ratunira, sagung mina jro raweki.
  5. Yun munira balamipun, keh kalonge sira bukti, marma iku karsanira, arsa males mring sireki, utang pati nyaur pejah, wit manganmu tan dudugi.
  6. Den ngati-ati sireku, ywa selak yen pimrih lalis, walang kadhak dhelakdhelak, tyas angles luhnya dres mili, sasambat lah priye cangak mengko yen kongsi nekani.
  7. Bok ya aku minta tulung rembugmu ingkang permati, apa yogya nuli mentar mengko gek dipuntututi, yen ngong bangga mesthi kalah, ah cangak kapriye iki.
  8. Bango kapingkel gumuyu, anon mring peksi kakalih, cangak dene teka bisa, gara godha memedeni, karya marasi sasanak, marma welas aningali.
  9. Wasana lon wuwusipun, lah walang kadhak sireki, ywa dahat maras tyasira, reh wus ngrumangsani sisip, tan lyan ing samangke padha,inggal marak ngarseng resi.
  10. Ing kana kang wajib tulung sira pasrah pati urip, walang kadhak katon lejar, saman tri kaga nuli, sareng budhal arsa marak, tan adangu tri wus prapti.
  11. Ing ngarsanira sang wiku, walang kadhak lenggah wuri, pakungkungan trapsilanya, labet katuwukken bukti, telih nyengkah mayag-mayag, ulatbiyas tyas kumitir.
  12. Rasa angen-angen kukut, bubrah budayaning budi, cipta uwas semu semang, pamikire solan-salin ngene luput ngono salah, tambuh-tambuh denantepi.
  13. Lenggahnya dheku dhekukul, tan miyat ing kanan kering, rabinira jajar lenggah parandene tan udani, kang mangkono pan wus jamak, kehing para nyandhang sisip.
  14. Sirna pamawasing kalbu, kajaba pikir kang mentir, menter pangikaling nalar, ya tangan dika sang resi, ngong sawang si walang kadhak, kaya ana kang pinikir.
  15. Katara semoning semu senene angatarani, mangkana bango turira, nuwun duka sang maharsi punika pun walang kadhak, sowan atur patiurip.
  16. Rumaos lupute muput, duk wau wonten ing rawi, wikan cahya gagawangan, ing jro suwara melingi kanyana ratuning mina, tanapi kang tengga rawi.
  17. Belani mina kang lampus, yun mrih wawalesing pati kang binukti walang kadhak, mangkya sumangga sang resi pun walang kadhaksumarah, ing reh nadyan prapteng pati.
  18. Wonten ngarsane sang wiku, suka rila anglampahi, sang tapa mesem lingira, lah walang kadhak ya uwis, aywa akeh kang rinasa mung iku dadya pepeling.
  19. Kabeh satindaking laku, ywa tinggal dugi prayogi, watara myang kirakira, ywakongsi nemahi sisip, maneh sira sinaua, ana ta mikir mrih minter.
  20. Tyas kaget tan temah bingung, linglung kelangan ciptaning, apadene sira cangak, rungokna pitutur mami, prayogane akekadang, den rumeksa lair batin.
  21. Aywa cok dhemen bebidhung, kudhung lulang macan, amrih met sukaning tyas, terkadhang ngadhang-adhang antuk malih, kang melok pinalak, mangkono datan prayogi.
  22. Ngelinga wredi sadulur, sa: siki dulur: lestari tetep langgeng dadya juga sih tresnane lair batin, sepi kang rasa pangrasa, traping tepa denanggoni.
  23. Katri kaga pareng dheku, kaluhuran sabdeng resi, sang tapa malih ngandika, lah ta sanak katri kang lungguh wurimu sapa, samana tri pareng nolih.
  24.  Semahnya neng wuri lungguh, gya bage binage sami asung warta winartanan, sawusnya satata malih, bango dheku aturira, nuwun punikajeng kyai.
  25. Kang abdi pun biyang gendhuk, sembah amba nusul mriki ing mangke sumangga tuwan, kaparengipun paring sih nuntun warah wasitarja, arjeng ngawal prapteng ngakir.
  26. Ngandika sang maha wiku, luwih parenging Yang Widdhi kasembadaningsun bisa nununtun kang mrih utami, utamane rabinira lir warah ngong mring sireki.
  27. Balik nguni sun wus sanggup, arsa mbabar kawruh jati,sajatining ananira, saking wit prapteng dumadi, angin dhihin yogya padhangrembug paran deantepi.
  28. Bangi nguni sira muwus, kayungyun ngrungkebi, tatanan jen nabi mulya, mukhamad rasullillahi tumindak tindaking parak kang kalaku pra muslim.
  29. Met kadis jeng nabi rasul, mangkene luwih prayogi, paran sira wus andungkap, sarta-rukun-wenang-wajib, batal-karam-pardu-sunat suwaning agama suci.
  30. Bango gumuyu tumungkul, aturnya lan alah kyai, sacuwil pandoeng wikan, wengkuneng agama suci, ing batas mung ngarah-arah, bok pinareng anglampahi.
  31. Mangke sumangga pukulun, yogyane amba mestuti, ngluhurken agama mulya, mesem ngandika sang resi, alkamdulilah yen sira temen-temen yun ngrungkebi.
  32. Sun pupuji mring Hyang Agung, sira pinarengga mugi, lah ta mara amajua, lungguhmu ingsun jarwani, sagaduging kawruh ing wang, babagan agama suci.
  33. Mrih suci jiwangga besuk, bagya yen bangki nyakupi, orane dadya atasan, lumaya kinarya wiji, anggayuha wruh kang nyata, dhihin kang wajib denwruhi.
  34. Rukuning agama rasul, kudu-kudu denlampahi, juga sadat kadwi jakat, tri sholat gangsal wetyaki, catur pwasa wulan ramlan, panca wajiblunga khaji.
  35. De sahadat tegesipun, maca kang kalimah kalih, iya iku ashadu an, la ilaha illallahi, lawan wa ashaduanna. Mukhamad rasulullahi.
  36. Tokoting tekad jro kalbu, tah ana pangeran kalih, aliya Allah tan murba, kang akarya bumi lan langit, lawan saisi sadaya, langgeng datan owahgingsir.
  37. De gusti jeng Nabi rasul, nyata kakasing Yang widdhi, dinuta kinen mencarna, tatanan agama suci praptaning ari kiyamat, liyana saraya udi.
  38. Jakat, yeku tegesipun masung marang pekir miskin, papriman denrila eklas, myang jakat mrih dadya suci, nut panataning petangan, kalakona saben warsi.
  39. De kang sholat limang waktu, luhur-ngasar lawan mahrib, ngisa-subuh wektu pajar, parlu ngabekti Hyang Widdhi, ngrasa tinitah kawula, wajib ngerti lan jrih asih.
  40. Sahing sujud limang wektu, sayekti lan rukuning, tatanan batal myang karam, sun babare mangke wuri, de puwasa wulan ramlan, muput jangkep tri dasari.
  41. Yeku ngluluri karuhun, duk Kangjeng Panutan Nabi, mempen siyam neng jro guwa, lawase jangkep sasasi, sapisan sawal luwaran, ing satenga kaul malih.
  42. Kurmat tumuruning wahyu Al kuran saking Yang Widdhi, ana jro sawulan ramlan, tumaruntun ari ratri, sing Mekah prapte Madinah, tetep jangkep jus tri desi.
  43. Lunga khaji marang ngarbun, ing kana ngran tanah suci, pasareyaning jeng duta, lan padaleman Yang Widdhi, yeku kang ngaran betollah.
  44. Tur ngesahken tekadipun, sineksen imam Safingi, dennya nut agama mulya, ing samengko ambaleni, sarat rukuning ngibadah, kang dhihin wajib susuci.
  45. Dalem Al kuran kasebut, dhawuhing Yang Maha Suci, ya ayuhal aladina, amanu idakumtummi ila solati faksila wajuhaku waaedi.
  46. Yakum ilal marafiku wamsaku biruusikim warjulakum ilal kakba, eni de wredinireki, deneling pra mukmin padha, wektyarsa sira nglakoni.
  47. Solat kang mangka sireku, isih kadas kudu wajib, wudu susuci lan toya, padha masuha rarai, ngusap mbun-embuning sirah, masuh astanira kalih.
  48. Den kongsi prapta sisikut, malih sukuning kalih,denwarat prapteng tungkak, dene yen panuju lagi, junub mangka wajib siram, kalamun tan ana warih.
  49. Winenang siram tayamum, mangkono dhawuh Yang Widdhi, kalane neng ngalam arwah, tanapi neng ngalam janji, maran para roh sadaya, iyeku rihing pra mukmin.
  50. Para nabi lan waliyu, mukmin muslimin lyan kapir, yektyeku wus padha iman, mengeti janji duk nguni, aneng donya linaksanan, sujut ngabekti mring Widdhi.
  51. De pra kapir kupur limut, tan arsa madeg solati, tatanan Jeng nabi duta, karana rohe duk nguni, ana jroning ngalam arwah, tan mireng dhawuhing Gusti.
  52. Tungkul pijer lingak-linguk, bareng neng donya dumadi, kena sunaring papadhang, padhanging kang ngapirani, tyasnya korup karem ngiwa, kang kawangwang mung branadi.
  53. Sawenwnh ana kang manut, nanging mung katon ing lair, ing batine kang kapir kawak, yeku munapek raneki, pangrasane tan koningan, kang murba yun denapusi.
  54. Dene perlune met wulu, sepisan amsuh rai, nuceni rereged muka, den ta madhep donya iki, la den ta ningali ahyar, yeku papaesing ngurip.
  55. De kang kaping kalihipun, masuh asta kanan kering, perlu nuceni regednya, saking susuker myang najis, dennya nggondhel mring sasama, gumantung sameng dumadi.
  56. Dene kang kaping trinipun, ngusap bumbunan lan warih, kuliting sisihira, perlu nuceni labeting, dennya wus ngasorken raga, marang bendaranireki.
  57. Ping catur nuceni suku, tungkan dalamakan kalih, yeku mrih sirna regednya, ing labet bangsaning siti, tumindak nut napsu hawa, yeku budya soraneki.
  58. De kalamun sira junub, mangka sira wajib nuli, mrih sirna suci regednya, dennya wus luput nglakoni, remen mring liyaning Allah, tur ta iku amlarati.
  59. Sira dus tanapi wulu, lawan toya ta obati, nalangsa nyuwun ngapura, mring Gusti Kang Maha Suci, kang supadya ngakir binjang, ywa kalabetan sukerjis.
  60. Israh Jeng Nabi rasul, kasebut ing dalem kadis, tawataubismillah, yen tan kleru jarwanireki, lah sira padha wuluwa lan tirta asmaning Widdhi.
  61. Den taukit mring Yang Agung, tinggal banyu maksiyati, lawan banyu ywa rumangsa bisa nglakoni ngabektilan wajib nuceni asrar yeku rahsaning pamikir.
  62. Den sucekken lawan banyu, tinggal gumlaring donyeki, erohnya sinucen lawan, tan remen marang liyaning mungna mring Allah tangala, kang langgeng ing sahir kabir.
  63. Dene bataling kang wulu, sapisan lamun nglakoni gepok wadon lyan mukrimnya, kapindho ngedalken najis sing medal wuri lan ngarsa, ping tri gepok dadalan dwi.
  64. Kaping catur lamun turu kongsi katemahan lali, kapanca sirna kang ngakal, wuru-bingung-bunar-gingsir, dene munggah pangertinya paran ahlul akekati.
  65. Wanodya yekti dun yeku marma sucining kangpikir, rusak dening karem dunya, dwi wahyaning najis kalih yeku pangucap pamyarsa sabarang catur tan yukti.
  66. Lire: ngrasaning myang misuh, de batal kang tigang warni, gepok merdi nendra miwah, sirna ngakale tan eling dunung lali dikirira, tan kumambang mring Yang Widdhi.

PUPUH X
MASKUMAMBANG

  1. Apa maneh kang ngaran jatining suci, pan astha prakara, juga sucining puadi, lire: tan lyan mring suksmana.
  2. Kang kaping dwi, ingaranan suci ningsir, klawan musaadah, tegese pratela yekti, kaping tri sucining sadra.
  3. Lire: dhadha suka narima mring Widdhi, de kaping caturnya, sucining roh lire yekti, kang wedi wirang mring Allah.
  4. Kaping panca yeku, padharan sucining bukti barang kalal, myang ngedohken cidreng resmi, sad yeku sucining raga.
  5. Inggal syahwat de kaping sapta, kang suci kadwi kanang asta, ywa karya ngemek met melik, sabarang liyan bener.
  6. Kaping astha sucining lesan tan lali, dikir mring Pangeran, tanapi ing ari ratri, amaca surat istigpar.
  7. Iyeku astagapirollah harngalim, lire: dhuh Pangeran mugi paring aksami, sagunging lepat dosamba.
  8. Ngong carita nguni duk, Jaman Jeng Nabi Sayidin Mustapa Mukamad rosulillahhi, ana wong yahudi marak.
  9. Padha matur duh Gusti kula, Jeng Nabi paran darunannya, de Gusti Kang Maha Suci, ing karsane datan timbang.
  10. Ingatasing kang najis nguyuh, myang ngising cekap wudu tirta, wangsul junub merga resmi, pinajerah kudu siram.
  11. Mangka yekti lamun mani datan najis, paran karananya, amba nyuwun tedah Gusti Jeng Nabi mesem ngandika.
  12. Kawruhana bab ing nguyuh lawan ngising, suci wudu tirta karana iku kang najis, mahya sing dhiri priyongga.
  13. Lawan malih mahyane datan mlarati, balik junub ika mangkene purwane nguni, duk enyang Jeng Nabi Adam.
  14. Aneng swarga dupi dhahar wohing kuldi, kraos langkung nikmat, sumarambah ingkang sari, suku pranteng pucuk rema.
  15. Datan pahe nikmate lan pulang resmi, marma jeng nabyadam, dinukan dening Yang Widdhi, merga sing ngemat kenikmat.
  16. Kang magkono ngatase junub, pan wajib sinucen lan siram tirta tobat mring Yang Widdhi, nuceni najising badan.
  17. Lawan maneh krawuhana, lah yahudi junub winajibna, kudu-kudu siram warih karana sing tri prakara.
  18. Juga saka nikmat ahyaning kang mani lawan ngarsa suka, ing mangka dununging mani, tepus saliring anggota.
  19. Ping dwi rehning resmi sarana piranti anggota tumandang, ngetog sarosa rahsaning, marma sawusnya cumbana.
  20. Slira lesu lupa luluh kang donya nir, iku sayogyanya siram kojur kang dhiri mrih pulih kakuwatannya.
  21. Awit kanang tirta darbe daya luwih, bangkit amulihna lan nguripken kang wus agring.
  22. Kang kaping tri satuhune padha wajin anuceni raga, sakojur myang sawatawis, yen arsa umadeg solat.
  23. Rehning arsa ngadhep ngarsaning Yang Widdhi, wajib mangka kurmat anuceni lair batin, ngluhurken kan pinangeran.
  24. Bab ing adus lah kawruhana Yahudi kang mangka karana jisim anuceni jisim lair ngalam sahadah arannya.
  25. Nanging aku gagayutan bangkit narik, enget mrih sucinya, kang ngalam malakut nami alam roh rkhani nyata.
  26. Yeku jisim alus batin pnrih suci obahing raga, kang sayekti anjalari ngalam malakut ebah.
  27. Ya mulane pinardi madeg solati, solat iku lirnya obahing anggota lair ngaran tatanan sarengat.
  28. Wit kalamun jisime sun sujud bekti nadyan batiniratan prabeda anglakoni tumindak melu sembahyang.
  29. Dadi tepung lair batine sawiji, tumindak sarengat, tarekate anglakoni, kakekat, makripat uga.
  30. Pan mangkono linakon, pra mukminin, upama sarengat atinggala akekati, iku solat suwung rannya.
  31. De tarekat kakekat myang makripati, yen tanpa sarengat pan iku batal sayekti, tur binendon mring Yang Suksma.
  32. Kang prayoga antuka ing lair batin, ya agama Islam, dadi pakumpulan yekti yektining catur iktikat.
  33. Marma wulu siram tayamum, mrih suci ing lair batinnya, wajib kudu denlampahi, wit iku praboting solat.
  34. Andikeng Yang kasbut ing Kuran wala in jahadu pinala nahdiyanahum subulin, dene jarwane mangkana.
  35. Kabeh umatingsung kang temen nglakoni, miturut parentah mangka Ingsun paring margi wruh marang agama nyata.
  36. Ya ta walang kadhak sumela nyelani, lah bango sanyata bener dhawuhe Jeng Kyai kalamun agama Islam.
  37. Pan kawengku ing limang wektu solati, cocog caritanya, mitraku si cabak nguni, de paseksen kang pratela.
  38. Lah nulisa sira nganggo sastra latin, Isa-Subuh lawan Luhur-asar tuwin Magrib, jangkep solat limang mangsa.
  39. Kabeh sastra kang ngarsa kumpulna siki aksara I S L A M wacanen nuli mesthi bener muni Islam.
  40. Sang Pandhita mesem angandika aris, lah ya walang kadhak kandhamu iku tan nlisir bener yen mungguh ing cabak.
  41. Nyabak-nyabak aksara denothak-athik nging mungguh yektinya, basa Islam datan gampil nora uger anggung solat.
  42. Limang waktu yen batin mringkilmu thakil tan antuk perlunya, malahmalah milalati Islam salamet wredinya.
  43. Akeh bae pra bangsa kang sugih singgih, datan kukurangan tan kaenthok ika-iki, slamet seneng ananira.
  44. Apa iku kena ran slamet Islami, mapan datan kena wit mung slamet ingkang dhiri, dhene mungguh kakikinya.
  45. Basa Islam yeku kang jrih mring Yang Widdhi, nut sagung parentah tumindak ing lair batin nyegah kang tan dadi karsa.
  46. Ari ratri cipta eling datan lai, cangak nyambung sugal hara kepriye sireki, kawruhira walang kadhak.
  47. Jer kawruhe cabak kok aturna kyai, mulane sok aywa clula-clulu anambungi wicara kang durung nyata.

PUPUH XI
DHANDHANGGULA

  1. Sang maharsi wacana rum manis, walang kadhak iya kabenernya ngiras-ngiras mintakake, kawruhe bok sarujuk balik mangko ingsun baleni, babagan ga mamule sarak kangjeng rosul, kadwi wulu yeku lirnya, juga toya tumrap lairanuceni, keh najis kang katingal.
  2. Dwi kang wulu batin anuceni, roh rohani ing pikir kang salah, sucining dosa lupute, suci sing godhanipun, kewan setan sabangsaning jin, kumpule kabeh ika, supe mring donyeku, mung enget madhep mring Allah, maca takbir yeku kang ran solat daim, daim langgeng tegesnya.
  3. Muji sukur ngluhurken Yang Widdhi, ora ana pangeran sinembah, kajaba mung Allah dhewe kang agung kratonipun, murah donya ngakerat asih, kang adil kukumira de lapal: wajahtu wajhiya ing terusira nuli: lilladi patarossamawati wal arli jarwanira.
  4. Pikiringsun madhep mring Yang Widdhi, kang ngratoni sagunging tumindah, kang karya bumi langite saisine sadarum, ing tegese : nedya nglakoni sabarang reh parentah, dene dhadhaningsun myang rarai madhep keblat, marang Mekah iyeku ing betullah padaleman Hyang Suksma.
  5. Ingkang lapal: kanipan muslimin wama anna minal musrikin, yeku mangkene jarwane condhanging pikiringsun wus sumungkem tan nolah-nolih, sujud ngarseng Pangeran nut parentahipun, tan nedya nyulayanana myang nyakuthu, maido lan mamadoni, mamancah myang anyeda.
  6. Kang: inna solatti wa nusuki wamakhyaya wamamati lilla hiya robilngalamine yekuing jarwanipun satuhune gonsun solati, ngibadah lan uripwangkagungan Hyang Agung dene sun bangkita solat mobah molah urip suka lan prihatin, begja tanapi papa.
  7. Yekti awan kodrating Yang Widdhi, la kaula wala kuwatta illa billah alliyilngalime, anane titah sagung, datan ana ingkang darbeni, daya myang kakiyatan, mung Hyang Maha Ruhur kang lapal: la sarikala huwa bidalika umirtu wa nami nalmuslimin jarwanya.
  8. Sagung umat tuwan kang samyeling, datan ana purunnya kuthuwa, yeku ngloro paningale, kodrat myang ruhuripun, amung tuwan Kang Maha Luwih, amba nut ing satitah, de terange iku Allah andadekake umat kinen laku ngibadah kang mupangati marang dhiri priyangga.
  9. Marmanira deneling ywa lali, ari ratri amacaa lapal ngudubillahi minassae tonirojimi yeku amba nyuwun pangreksa Gusti, saking panggodha setan rencananing napsu kang ngajak pandamel sasar, bismillahi arrohmanirokimi jarwane ya mangkono.
  10. Ingsun solat lawan asmeng Gusti ingkang Maha Ruhur myang Kawasa, mirah lawan welasing sihe sipat rohman liripun Gusti ingkang paring sandhang myang bukti marang sagung kawula, Islam myang kapiru, sipat rokimi lirira, Yang Mahagung paring pituduh agami Islam ingkang sanyata.
  11. Ingkang lapal: alkamdulillahi, jarwanira sagung puji ika, kagungane Allah dhewe, kang sipat agung ruhur, kang kawasa angasta adil, yeku sipat sampurna, kagungan Hyang Agung, de Gusti Allah wus karsa, paring eling mring kawula sami bekti, ngadoh saking makisiyat.
  12. Robilngalaminajarwanireki Allah ingkang ngratoni ing ngalam sahir miwah ing kabire sarta kang paring wahyu mring kawula kang denremeni, derajating kadonyan len ngakeratipun, lire: kang ahlul sarengat kang saweneh para ahlul makripati, kabeh pan sinung rohmat.
  13. Lapal: arohmanirrokim yeki Gusti Allah paring pitulungan nalika manggya apese lan wektu lali nuju, mangka nuli paparing eling, sakit sinung waluya ing sasaminipun, lan Gusti Allah ngarsakna pra tumitah dadi juru paladening myang nampi dhawuhira.
  14. Ingkang lapal: maliki yaumidin, Gusti Allah kang sipat kawasa, kang jumeneng ratu gedhe ing ri kiyamatipun ing tegese: punika binjing aneng ngalam ngakerat mangka Hyang Mahagung angukumi myang angganjar.
  15. Kang iyakanakbudu lan malih wa iyakanastangin jarwanya mugi tuwan marengake paring wewah pitulung ing prakara kang mupangati, mring amba menggah tuwan yeku tegesipun sumungkeming para umat iya amung lawan karsaning Yang Widdhi nut prentahing agama.
  16. Kang ihdinassirotolmustakim, dhuh Pangeran mugi aparinga istikomah agamane, leres jejeg myang turut kang prayogi menggahing Gusti, istikamah jarwanya, yeku nyawanipun, teteping ahlul sarengat, lair nurut parentah de batin pasthi, rila narima mring Hyang.
  17. Lapal sirotolladina tuwin ari ngamta ngalaihim jarwanya agama kang jejeg rane yeku kang kalaku dening para nabi myang wali, tan lyan nikmat manpangat, marma pra mukmin ing wektyeku maca layat, batin nyuwun rahmat pinarengna binjang kumpul wali drajadnya.
  18. De kang lapal gaerilmahlubbi ngalaihim waladlolin lirnya agama jejeg tuhune yeku kang tan tuk bendu myang tan sasar menggahing Gusti, dene mungguh terangnya Allah amba nyuwun pitedah agama nyata, sampun ngantos kados kang tuwan bendoni wit tindak gama sasar.
  19. Cangak nyambung nuwun kula kyai, nguni mireng pawartos pasaran kang ran sasar agamane, myang gama kang tuk bendu, ran Nasara lawan Yahudi punapa inggih nyata sang resi nabda rum Allah ingkang luwih wikan, mangsa borong para kang gelem mastani, yen aku tan kaduga.
  20. Becik mikir kang wus dadi wajib, aywa gepok ing butuhe liyan, mundhak tan becik dadine, terkadhang dadi padu, Gusti Allah datan marengi, nacad panggawe liyan engeta sireku, kitab usulodin warta, sapa nacad mamancah, marang liyane, sasat moyok Hyang Suksma.
  21. Walang kadhak genti anyambeti, jer kyai amba nyuwun pirsa, pitedah ing satuhune sawenehing pra kaum, criyos lamun agama suci, sarak nabi Mukhamad, menggah ing pra kakung, winenang wayuh sakawan bab puniku pancen amba impi-impi, yen sarak amenangna.
  22. Amba sampun tuk padikan estri, baku damel tur saradi kaya, cekapan mur-umurane sang wiku manabda rum walang kadhak wruha sireki, ujaring kang mangkana, pan ana liripun, bener tumrap lairira, ing karsane jeng nabi panutan nguni tumraping tanah Ngarab.
  23. Wadon datan ana nambut kardi, mbar-umbaran medal saking wisma, tan lawan kakung idine tur Gusti Kang Mahagung wus manceni cacahing janmi, keh tinitah wanita yen tinimbang kakung saka sabab kang mangkana Gusti Nabi rumeksa marang pra estri aywa kabutuh betah.
  24. Yen kongsia tan ana kang mikir, sayektine lama-lama bisa, tumeka salah lakune, de mungguh batinipun, sipat kakung menang ngrahabi, wayuh patang prakara juga sarengatipun, dwi tarekat tri kakekat, caturira makripat mring dattullahi, ngaran kakung nyata.
  25. De sirarsa niru cara ngarbi, sayektine pan kurang prayoga, jalaran manut ing kene, estrine tan winengku ing tatanan sarengat nabi padinan mbar-umbaran mring pateban mabur angupa boga priyangga, kapindhone kalamun sira lan bangkit netepi janji sarak.
  26. Tan wun dadi jalaran prakawis yekti sira dhumawah ing salah, kakung datan wruh wajibe, ngong wikan de sira yun arsa rabi papat nuruti arsaning napsu suka langen wanodyeku, pangan ngupaya priyangga, sokur bisa mring butuhmu anyukupi, paran bangkit becika.
  27. Walang kadhak gumuyu ambelik, dhuh jeng kyai dene teka gawat, wayuh sanget bot sanggane, tiwasan amba sampun andhedheki randha kalimis tur sakinten ambangkat nyadhong ses sarutu, bango mengo sarwi ngucap, walang kadhak sida kabanjur daleming mangkono denucapna.
  28. Pangrasamu apa iku becik, dadi lanang dhemen nampa ruba, saka wadon pawewehe bangsaning cangkem karut, baya durung kapok sireki, mrana-mrene cinacad, mbeg besur balubut, karem dinulang wanodya yen wus ora leh-olehan gya sumingkir aliyan luru liya.
  29. Wadon ingkang durung luru warti, labuhamu sayektine iya kena kokrogoh kanthonge wit karoban ing catur, ombak anggung saguhmu dhrindhil, sang resi lon ngandika, wus aja kabanjur, samana cukup kinarya mangka warah walang kadhak mrih mareni labetan kang tan yoga.
  30. Cangak nembah aturira aris, kyai leres pun bango turira, boten saking panas aten jer saweg ngrembag ngelmu, teka nyela anggunem rabi sanadyan makatena yen dinugi patut, patut saged suka nipkah, jer pun walang kadhak kang pinrih mung melik tan ngraos yen dhaplokan.
  31. Kula supe dereng matur kyai, duka ing nguni nate muruhita, marang guru pun cathethet, prapteng mangke tan gayuh, kang wawarah kalantur lali, wulangnya mung saloka, plambang benjang kukut, wredine kinen ngupaya, kula mubeng datan antuk kang jarwani, mekaten kang saloka.
  32. Pra undhagi kang samya mumpuni, pangulahing jati kayuwanan tan kewran pancing surupe, ing saesthi jinurung sesikune perlu denwruhi, mantheng mring kabg jinangka, yeku dhawah ing nur mrih sucining socanira, wusing pethel mor pisah manunggal jati tita sipate sirna.
  33. Walang kadhak sumela nauri, dhuh mitrengwang cangak, dene teka sus nyekel kawruh gagamben, sanadyanan durung wruh ing wredine wus krasa ngati, rasane mesthi nyata, katitik nganggo nur, wah kang basa kayuwanan myang mrih suci mor, pisah manunggal jati, titike kawruh nyata.
  34. Bok ya biyen kandhana mring mami, blinyak-blinyak suntuturi sira, surasane ingkang waleh, bango ewa sumambung, walang kadhak teka kumaki, ngaku wikan wredinya basa mangkoneku yen nyata mara babarna ing wredine mengko rasane densaring ing kene kanca tiga.
  35. Walang kadhak noleh sru nauri, lah ta bango dene pikirira, kethul tan ngrasa rasane terange kawruh iku salokane para winasis kang pana mring kasidan, patrape tan ewuh marang paran kang sinedya, tan pisah mor wus suci manunggal jati, jisime melu sirna.
  36. Lah pikiren goningsun jarwani, bisa mencok utawane ora, cangak bango lon saure, mangkono rada mathuk amung isih ana tan pikir, iki mung lugu kandha, endi kang ran ngelmu sathithik tanakarasa kang tinurut la kang patut denlakoni, ya mulane yen ingwang.
  37. Angarani sih kuran patitis, dene aku dhewe durung bisa nyandhak kang ceples rasane becike basa iku ingaturken marang jeng kyai, nyuwun jinarwanana rasane kang tepung, cangak nauri matur, dhuh jeng kyai amba katri nyuwun jinarwanana.
  38. Basa ingkang puniku lwih rungsit, amba katri datan bangkit dungkap, kang ceples menggah wredine, sang wiku mesem wuwus kawruhanta sanak ngong katri, iku dudu saloka, cangkriman ranipun, jarwane si walang kadhak ing laire iya bener nging batin, yektine tan mangkana.
  39. Piyarsakna sun babare mangkin, basa undhagi mumpuni marang yeku mangkene tegese, tukang kayu kang punjul de kang basa jati jarwaning ya wit jati balaka kayuwanan iku kayu kang tuwuh ing wana, datan tewran ing panjing suruping liring tan ewuh don-adonnya.
  40. Arsa gawe usuksunduk kili, saka blandar pangeret midhangan, meja kursi lemarine dadi sasenengenipun, de sesiku perlu denwruhi, lire: panggarapira perlu nuting siku jejeg miring kang jinangka, lire tapaking jangka ywa kongsi owah.
  41. Dhawahing nur: kenur ya tatali kang pinanthemg dhawah tilar tapak yaiku sipat arane mring suci socanipun ing tegese suceku resik milih selaning soca wusing pethal-pethel iku lirnya wiwit methel moring sah manunggal jati tegese kang mangkana.
  42. Mor: pamoring sah: pasah wredining wusing methel ywa wiwit amasah, pamoring pasah: landhepe manunggal jati, landhepe mring wreksa ngeneni, tita sipating sirna yeku tegesipun wusana tapaking sipat kena pasah sirna wus datan kaeksi mara sira rasakna.
  43. Lamun luput ing pambatang mami, lah ta sanak ya mangsa bodhoa sang katri myarsa sabdane, jetung sami tumungkul ingecupan plambange mathis, samana tyasnya cangak sanget kami duwung alon matur mring sang tapa, dhuh jeng kyai amba sanget tan andugi yem makaten jarwanya.
  44. De punika mung badhekan yakti ngudi pun cathethet teka bisa bibisikin pamejange tur mawi sekul wuduk, abon-abon rong semat tindhih, sangresi angandika wus aywa pinetung mung binjang dena waspadh, marang guna kang nyata myang mamrih melik balik mangko rungokna.
  45. Ngong terusken babing ahluldini, wusing walallolin gya aminnya, yeku kang amin jarwane narima suka sokur wus pinareng madeg solati nembah nga5rsane Allah saking sih Hyang Agung, yogya wajib wedi padha lan narima=nalangsa tinitah laip marma jro rukuk iya.
  46. Maca lapal kang: subkana robil ngalim wabikamdihi lirira, Pangeraning ngalam kabeh datan lyan Hyang Mahagung, Maha Suci ingkang pinuji lawan kaluhurannya yeku tegesipun sagung puji lawan kurmat pan dumunung luhurken asma Yang Widdhi lan rumangsa jrih wiring.
  47. Dug lagine ngadeg ngarsaning Gusti, mobah molah ngucap lan pratingkah sing rumangsa sor yektine ing sawusira rukuk ngadeg jejeg mangka amuji samingallahuliman kamidah liripun Gusti Allah anarima lan angganjar mring umat kang padha muji lan ngadegaken solat.
  48. Gya robbana lakal kamdu yeki sagung sipat mulya lan sampurna, kagunganing Allah kabeh Gustine titah sagung, gya lapal mil ussamawati wa mil ul ardi nulya wamil amsiatu min suin bakdu jarwanya kang ngebaki pitung langit pitung bumi ing kursi lawan ngaras.
  49. Kabeh-kabeh kagungan Hyang Widdhi, ya mulane sajrone iktidal ngucap ahlassanaine gya walmajdiakakhku nuli lapal ma kola ngabdi gya wa kulanaka ngabdu jarwanipun kang pinuji kang kawasa kang kagungan tan lyan, dan kang Maha Suci ing tegese samangkana.
  50. Gunging titah kang sarwa kumelip, ingkang ngucap ebah-ewah molah, tan lyan dadi sing karsane Gusti kang Maha agung, karenteging lair myang batin, yekti parentah tuwan, ya marmane kudu, sgunging para tumitah, suka sokur rumangsa wajib nglakoni, ing reh lawan narima.
  51. Lamaningalima angtaetti wa la mungtilimamanangtanya yeku mangkene jarwane, ing ngarsa tuwan sagung mring pra umat barkah paparing tan wonten kang kawawa anduwa mrih wurung, de sagung kang tuwan cegah, datan wonten sawiji-wiji kang bangkit nglunturaken sih tuwan.
  52. Lapal, wa yanfangudaljadi minkaljudu: gajege wredinya ananing raja branane kasugihan sawegung, yekti datan mupangati mring mungguhing Gusti Allah de tegese iku kadunyan tan bangkit mulak, myang anduwa siksane Yang Maha Suci lyan reh laksita tama.
  53. Solat subuh iktidal kaping dwi sunat maca donga kunut lapal Allahuma ahdinine gya piman adaetu wa ngapini piman ngafait jarwane mugi tuwan amarengna kumpul ang amba lan titah agama suci lan kang wus tuk ngapura.
  54. Tawalanni piman ngawalait wajib li piman angtaeta mangkono mungguh jarwane, dhuh Pangeran kang Agung, maring amba mugi paring sih kadi mring titah tuwan kang wus tuk pitulung lan tuwan amberkahana maring amba berkate ingkang rijeki ingkang tuwan paringna.
  55. Wakidi saromakotaetti fainnaka takti wala yukta ngalaeka ing jarwane, dhuh Gusti Yang Mahagung aparinga pangreksa mugi ang amba tinebihna tindak kupur, donya praptaning delahan amung tuwan kawasa wajibngukumi tan kenging ingukuma.
  56. Wa innahu la yadillumanni walaeta wala yangijuman ngadaeta ing jarwane kaluhuran Hyang Agung maring titah kang tuwan sihi, tan bangkit asor lirnya yekti mulya lulus paran kang tuwan tan rena, myang sinatru sayekti asor pinanggih dupara bangkit mulya.
  57. Lapal tabarokta robbaneki tawangalaeta falakalkamdu ngalapakotaete astagpiruka wa ku builaeka wredineki, dhuh pangeran kawula tuwan punikestu kang paring leres myang cacad, angukumi ing dosa kalayan adil tobat kula mring tuwan.
  58. Ing tegese: Gusti Maha Suci, sipat kodrat kang wenang sung cacad, myang ganjaran mring titahe, iman tanapi kupur, ing kukume bener myang adil, kalawan kaluhuran, myang barkah Hyang Agung, marmayogya densukura, mring Pangeran titah, kang wus denberkahi, elinga nyuwun tobat.
  59. Wa solallahu ngala sayidi mukhamaddin nabiyil umiya gya wangala alihine wasakbihi salammu, dhuh Pangeran kang Maha Suci, mugi amewahana berkat mring jeng rosul nabi kang tan bangkit nurat, myang amaca lubering rohmat nartani, mrig sabat kulawarga.
  60. Jroning sujud lair trusing batin, maca lapal subkana robiyal angla wabikamdihine Gusti kang Maha Agung, yekti tebih saking ing ngalit, Maha Luhur tan kirang kaluhuranipun maha suci dat tan cacad, maha mulya tan kurang sawiji-wiji, mengku kodrat iradat.
  61. Marma sujud rumangsa yen wedi, myang ngluhurken marang asma tuwan, kang kawasa nitahake, sagung gumlaring makluk, lawan away ngrasa darbeni, ing kabecikan miwah kabagusanipun, nadyan uripira pisan, amung Gusti Allah kang wajib ngukumi, donya prapteng ngakerat.
  62. Wosing lungguh nuli maca lapal, robigpirli warkamni wajburna yen tan kleru ing jarwane dhuh Gusti Yang Mahagung, mugi tuwan karsa nambah sagunging kamlaratan kikirangan ulun lawan sih pitulung tuwan anembeli ing bingah suka basuki, kang turut lan agama.
  63. Nuli lapal warpangi warjugni wahdini wa ngapini lawan wangafungani ing jarwane dhuh pangeran kang agung, aparinga berkating rijki, lawan paring pitedah margi kang satuhu lan mugi angicalana sakathahing najis reregeding pkir mring amba menggah tuwan.
  64. Atakiyatul mubarakatis salawatuttayibatulillah mangkene mungguh jarwane, kang solat limang wektu aruruba myang ngamal suci, barkah lan kaluhuran kaagunganipun kasuciyan pakurmatan, kabeh iku kagunganira Yang Widdhi, de tegese mangkana.
  65. Aywapisan ngrasa andarbeni, ngamal solat miwah kabecikan, kapinteran apadene balik gonira sujud, lan pangerti mung atas saking, paring pitulung Hyang Suksma, sing lantaranipun Gusti Jeng Nabi panutan, ya marmane wajib tur salam sireki, ngaturken suka nrima.
  66. Assalamu ngalammu ngalaeka malih ayuhanabiyu wa rahmata llohi wa barakatuhe, gunging panggawe hayu rohmat lawan berkating Gusti, mugi tuwan paringna mring jeng nabi rosul, tetep santosa salama ngasta iman jumeneng panutan yakti, ngayomi pra taruna.

@@@