alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT PEDHALANGAN RINGGIT PURWA I


SERAT PEDHALANGAN RINGGIT PURWA I 

Oleh
K.G.P.A.A. Mangkunagara VII
Alih aksara dan ringkasan oleh
Mulyono Sastronaryatmo

TIDAK DIPERJUALBELIKAN

Proyek Bahan Pustaka Lokal Konten Berbasis Etnis Nusantara
Perpustakaan Nasional, 2011
Perpustakaan

 

LAMPAHANIPUN PARA DEWA

I. LAMPAHAN NGRUNA NGRUNI

  1. Madeg ing kahyangan Jonggringsalaka, : Sang Hyang Girinata (sang Hyang Guru), miyos siniwaka para jawata, mungging baia Marcukundha. Ingkang mungging ngarsa,: Sang Hyang Narada, sang Hyang Kuwera, sang Hyang Sriyana, sang Hyang Surya, sang Hyang Yamadipati, sang Hyang Brama, sang Hyang Patuk, sang Hyang Tamboro. Ingkang rinembag: Gegering Suralaya, dene wonten nataning raseksa nama prabu Sengkanturunan, badhe anginggahi Suralaya, nedya nyuwun jodho widadari nama Dewi Ngruna tuwin Dewi Ngruni. Sang prabu wau sampun anduta patihipun, kanthi prajurit rotadanawa, pacak baris wonten ing Repatkapanasan, sarta damel pasanggrahan, ing mangka Dewi Ngruna tuwin Ngruni wau sampun kaparingaken dados jodhonipun sang Hyang Surya, dados sang Hyang Girinata dhawuh dhateng sang Hyang Surya kinen angatos-atos, tuwin dhawuh dhateng sang Hyang Narada kinen ambekta para jawata, kanthi prajurit dorandara dhumateng Repatkapanasan, angundurna para danawa. Lajeng bibaran.
  1. Madeg ing kadhaton, : Dewi Urna, pinarak para widadari, angentosi kondurira sang Hyang Girinata. Dereng dangu sang Hyang Girinata kondur, ingkang garwa methuk ing njawi wiwara, lajeng lenggah satata, ngandikakaken kawontenanipun ing pancaniti.
  1. Ing bale Marcukundha, sang Hyang Narada, sang Hyang Brahma, sang .Hyang Sriyana, tuwin sang Hyang Patuk, Tamboro, para jawata pepak mungging ngarsa. Ingkang rinembag: Siyaga ing damel, para jawata ingkang sapalih tengga kahyangan, ingkang sapalih bidhal dhateng Repatkapanasan.
  1. Madeg patih ditya, nama patih Jaksendra, carakanira prabu Sengkanturunan, kaliyan para punggawa, nama Kalajaksa, Kalajaksina, Kalajakjara, tuwin kyai Togog, Sarahita. Rembag anggenipun damel pasanggrahan, dereng dangu dhatengipun para jawata sami tumurun anggunturi sela, lajeng prang rame, patih Jaksendra sawadyanipun sami unggul ing yuda, para jawata sami tutup saketheng.
  2. Madeg kahyangan Ekacakra, sang Hyang Surya, ingadhep garwa kakalih: Dewi Ngruna, Dewi Ngruni. Ingkang garwa pinaringan parikan bab dhawuhipun sang Hyang Guru, manawi wonten ratuning danawa anginggahi ing kahyangan anyuwun jodho garwa kakalih wau. Ingkang garwa sami sungkawa. Wusana lajeng matur, manawi anggenipun maringi tigan nyatunggal-nyatunggal kaengremaken sawer ageng, sapunika sampun netes sadaya, tigan gadhuhanipun Dewi Ngruna netes peksi kakalih, ingkang sepuh brondhol, tigan gadhuhanipun Dewi Ngruni netes warni naga ageng satunggal, sawer alit-alit kathah. Sang Hyang Surya ngandika: “Tigan wau paringipun sang Hyang Guru,” lajeng sami tinimbalan mangarsa, ingkang warni peksi kaparingan nama, ingkang sepuh nama peksi Sempati, ingkang enem nama peksi Jathayu.
    Sawer naga kaparingan nama naga Gumbang, sawer ingkang alit-alit nama sawer wisa. Peksi kalih lajeng sami saba, Jathayu lajeng miber kalangan ing gagana, sawer naga dalah sawer alit-alit sami saba sapurug-purug, Dewi Ngruna lajeng batangan (badheyan). Sinten ingkang kawon ngemong anakipun, Dewi Ngruni sagah, ingkang kinarya badheyan: Lembu, kabadheya jaler estrinipun, nanging lembu wau purusipun katekuk dhateng lakang, Dewi Ngruni ambadhe: Estri. Sareng dipun celaki katingal purusipun, lajeng merang. Peksi kakalih tuwin sawer sadaya sampun sami marek ing ibu, sareng sumerep kang ibu Dewi Ngruni kalingseman, sawer alit-alit sami nyakoti peksi kakalih wau, nanging sawer kathah ingkang pejah dipun cucuki, ingkang ibu Dewi Ngruni duka, badhe anjemalani peksi kakalih, lajeng dipun sotaken dhateng Dewi Ngruna.” Yayi Ngruni angrewangi anakira, kok kaya budining diyu.” Sanalika Dewi Ngruni santun warni diyu, lajeng nangis sambat nyuwun aksama. Dhawuhipun sang Hyang Surya, Dewi Ngruni kadhawuhan nyuwun ruwat dhateng sang Hyang Wisnu, tuwin peksi Jathayu kinen nyuwita. Lajeng sami pangkat, peksi Sempati kadhawuhan martapa ing redi Windu, sawer naga kadhawuhan manggen ing jaladri dalah kadangipun sawer alitalit sadaya, lajeng bibaran.
  1. Madeg Repatkapanasan, para jawata sami rembag angupados sraya. Sang Hyang Narada lajeng pangkat dhateng Utarasagara.
  1. Madeg kahyangan Utarasagara, sang Hyang Wisnu anuju lenggah, kaadhep parepat tiga : Semar, Nalagareng, Petruk, rembag denira kahyangan kaancikan mengsah saking Parangsari. Kasaru dhatengipun Dewi Ngruni (denawa estri), kaliyan kang putra peksi Jathayu. Dinangu Dewi Ngruni matur purwa duksina, sarta nyuwun waluya jati, warniya estri ayu malih kados ing nguni. Sang Hyang Wisnu rumaos bilih peksi Jathayu punika ingkang wayah piyambak, amargi ing ngajeng putranipun sang Hyang Wisnu nama Dewi Kastapi katarimakaken peksi Brihawan, puputra tigan kalih kapundhut sang Hyang Guru, kaparingaken sang Hyang Surya. Dene peksi Jathayu kasuwunaken suwita, katampen, ananging Dewi Ngruni tinuduh dhumateng nagari Parangsari andhustha putri atmajanipun prabu Sengkanturunan, kakasih retna Jathawati, lamun lebda ing karya, benjing badhe ingusadanan mamalanipun, Dewi Ngruni sandika lajeng pangkat.
  1. Sang Hyang Narada rawuh, sasampuning lenggah, ngandika bab pabarisaning para jawata sami kasor, sang Hyang Narada mundhut tulung. Sang Hyang Wisnu matur sandika, nanging namung ngaturaken susulih peksi Jathayu. Sang Hyang Narada pamit wangsul, Jathayu binekta, parepat tiga sami tumut.
  1. Madeg pabarisan denawa, patih Jaksendra, tuwin para punggawa denawa, rembag badhe nginggahi suralaya, badhe anjebol saketheng, kasaru praptaning mengsah anggunturi sela, para danawa geger, prang rame. Peksi Jathayu anyamberi saking awiyat, patih Jaksendra pejah, para punggawa kathah kang pejah, sinamber peksi Jathayu, denawa alit-alit dhadhal, sang Hyang Narada tuwin peksi Jathayu dhateng Utarasagara, para jawata bibaran makahyangan.
  1. Madeg nagari Parangsari, prabu Sengkanturunan, pinarak ing pandhapi, kaadhep denawa punggawa, kasaru dhatenging Togog, Sarahita, atur uninga, manawi patih Jaksendra dalah punggawa sami pejah dening sarayaning dewa warni peksi nama Jathayu. Sang nata sakalangkung duka, adhawuh dhateng para punggawa danawa kapurih siyaga dadameling prang. Kasaru dhatengipun ingkang garwa nama retna Diwati atawan tangis, atur pariksa manawi ingkang putra retna Jathawati ical kacidra danawa estri saking gagana, dutanira sang Hyang Wisnu, ing kahyangan ing Utarasagara. Sang prabu Sengkanturunan langkung duka, lajeng pangkat anglurug sawadyanira dhateng Utarasagara.
  1. Madeg Utarasagara, sang Hyang Wisnu, dhatengipun sang Hyang Narada kaliyan peksi Jathayu, paring pariksa ungguling ayuda. Sang Hyang Narada lajeng pamit kondur, kasaru dhatengipun Dewi Ngruni ambekta Dewi Jathawati, badhe kadhaupaken kaliyan peksi Jathayu. Dene Dewi Ngruni ingkang warni diyu lajeng dipun usadani ingusap mukanipun dening sang Hyang Wisnu, Dewi Ngruni waluya jati sulistya warni ing nguni-uni. Dereng dangu dhatengipun sang Hyang Surya, sakalangkung suka mirsa Dewi Ngruni. Sarehning sampun waluya lajeng kasuwun, sang Hyang Wisnu marengaken, nanging Dewi Ngruni mboten purun, kajiat puguh saha matur sang Hyang Wisnu. Satemah sulayaning rembag, sang Hyang Wisnu apancakara, sang Hyang Surya kasor, lumajeng dhateng Jonggringsalaka.
  1. Madeg ing Jonggringsalaka, sang Hyang Guru miyos, ingkang mungging ngarsa sang Hyang Narada miwah para jawata. Kasaru dhatengipun sang Hyang Surya, matur lamun Dewi Ngruni tuwin putrì saking nagari Parangsari, kapendhet sang Hyang Wisnu, mangka ingkang unggul ing yuda putranipun ingkang nama peksi Jathayu. Sang Hyang Narada kautus mundhut Dewi Ngruni tuwin putri boyongan nama Dewi Jathawati, kabektaa dalah peksi Jathayu. Sang Hyang Narada pangkat.
  1. Madeg sang Hyang Wisnu, Dewi Ngruni lawan peksi Jathayu, Dewi Jathawati. Sang Hyang Wisnu adhawuh dhateng Dewi Ngruni supados puruna mantuk, sarta dhawuh dhateng peksi Jathayu badhe kadhaupaken angsal Dewi Jathawati. Kasaru rawuhipun sang Hyang Narada andhawuhaken timbalanipun sang Hyang Guru, sampun katampen sadaya. Dewi Ngruni, peksi Jathayu, Dewi Jathawati, kapundhut kaaturaken sarta sampun kapratelakaken, bilih sang Hyang Wisnu badhe andhaupaken peksi Jathayu angsal Dewi Jathawati. Sang Hyang Narada pangkat, Dewi Ngruni, Jathawati, peksi Jathayu sami andherek.
  1. Madeg ing Jonggringsalaka, sang Hyang Guru, ingadhep para jawata. Dhatengipun sang Hyang Narada ambekta Dewi Ngruni, Jathawati, peksi Jathayu. Dewi Ngruni dhinawuhan manut sang Hyang Surya, Jathawati kadhaupaken angsal peksi Jathayu. Kasaru sang Hyang Patuk sowan mangarsa, atur pariksa dhatengipun mengsah saking nagari Parangsari, ingkang ngluru putra Dewi Jathawati, para jawata sami medal ing njawi, prang sampak, sang Hyang Bayu mijilaken pangabaran, mengsah sima sadaya.Madeg sang Hyang Guru dalah pisowanira ingkang unggul ing yuda. Tanceb kayon.

II. LAMPAHAN WATUGUNUNG

  1. Jejer prabu Watugunung (Selacala), ing nagari Gilingwesi, pinuju miyos ing sitinggil binatarata, alenggah dhampardenta, siniwi ing para wadya, ingkang mungging ngarsa patih Suwelacala, santana ngiras punggawaning praja, raden Dhukut, Kurantil, Tolu, Gumbreg, Kuningan, rembag,: Srinata badhe mangun prang ambedhah Suralaya, amargi nyuwun jodho widadari pipitu, sang Hyang Endra mboten amarengaken, mila sang nata nyuwun jodho widadari pipitu wau, saking panuwunipun ingkang garwa Dewi Sinta, adreng nyuwun kamaru kaliyan widadari pipitu. Inggih punika, Dewi Supraba, Dewi Gagarmayang, Dewi Tunjungbiru, Irimirim, Warsiki, Prabasini, Surendra. Wontenipun ingkang garwa gadhah panuwun makaten wau, awit sajatosipun, Dewi Sinta punika ibunipun prabu Watugunung, amargi prabu Watugunung nalika taksih alit nama raden Dite, saking dremba panedhanipun ngantos kathuthuk ing enthong dening ingkang ibu Dewi Sinta. Raden Dite (prabu Watugunung) lajeng kesah sapurug-purug, dene Dewi Sinta sasedanipun ingkang raka kalunta-lunta dumugi samadyaning wana, ngantos kapupu ing punggawa, katur sang prabu Watugunung, lajeng kagarwa ngantos patutan satunggal jalu nama raden Sindhula, ananging Dewi Sinta sareng rnirsa bilih sang nata punika putranipun, langkung merang, lajeng gadhah panuwun maru widadari wau. Sang nata dhawuh dhateng patih Suwelacala, kinen bidhal sawadya bala mukul prang dhateng Suralaya. Lajeng bibaran.
  1. Madeg ing kadhaton, risang prameswari Dewi Sinta, tuwin para garwa putri saking mancanagari, kathahipun ngantos kawandasa, sadaya sami miyos ing prabasuyasa, ngentosi konduripun srinata, ngiras amriksani ajaring beksa bedhaya tuwin sarimpi. Boten antawis dangu srinata kondur, ginem ing bab pancaniti, lajeng tindak dhateng pambojanan.
  1. Madeg ing paseban njawi, patih Suwelacala, para punggawa, : raden Dhukut, Gumbreg, Kuningan, Kurantil, Tolu. Rembag sami siyaga dadameling prang, lajeng ngundhangi para wadya danawa. Sasampuning samapta lajeng bidhal dhateng Suralaya sawadya balanipun.
  1. Madeg ing ka-Endran, sang Hyang Endra pinuju miyos, ingkang mungging ngarsa para putra,: sang Hyang Citragada, Citrasena, Citrarata, Bambang Arjunawinanga. Rembag bilih badhe kadhatengan parangmuka saking nagari Gilingwesi, para putra sami kadhawuhan mirantos dadameling yuda, lajeng kadhawuhan anjagi dhateng Repatkapanasan, kanthi prajurit dorandara. Sasampuning siyaga lajeng bidhal, dumugining Repatkapanasan, wadya ing Gilingwesi sampun apacak baris, mila lajeng tempuh prang, prajurit dorandara kaseser, sami ngungsi malebet ing karang ka-Endran, lajeng tutup sakatheng, sang Hyang Endra langkung sungkawa. Kasaru rawuhipun sang Hyang Girinata kaliyan sang Hyang Narada, dhawuh dhateng sang Hyang Endra kinen ngupados sraya,: Pandhita martapa ing wukir Candrageni. Sang Hyang Girinata sampuning dhawuh lajeng kondur dhateng ing Jonggringsalaka. Sang Hyang Narada kantun, sarta sagah ngupados sraya, sang Hyang Narada lajeng mangkat.
  1. Madeg ing padhepokan Kandhayana, ing ngandhaping waringin Jamurpitu, Dewi Sriyati kaliyan ingkang putra Bambang Srigati, katilar ingkang raka prabu Setmata dhateng wukir Candrageni. Ingkang putra Bambang Srigati ngajak ingkang ibu nusul ingkang rama dhateng wukir Candrageni, lajeng pangkat kaliyan ingkang ibu, kadherekaken parepat tiga, : kyai Semar, Nalagareng, Petruk, lampahipun medal ing wana, kapapag para wadya ing Gilingwesi, ingkang sami babantu dhateng Repatkapanasan, nama Kalacuwiri, sulayaning rembag dados prang, Kalacuwiri pejah sinuduk, Kalagragalpa majeng prang, Kalagragalpa pejah jinemparing. Para ditya alit-alit bibar ngungsi gesang, Bambang Srigati lajeng lampahipun kaliyan ingkang ibu, parepat tiga tan kantun.
  1. Madeg ing wukir Candrageni, prabu Setmata, ingkang suwau nata ing Mendhangkamulan, kasiku dening sang Hyang Girinata, amargi mendhet garwa Dewi Sriyati, Ing mangka Dewi Sriyati punika sesengkeranipun sang Hyang Girinata, lajeng kasebut nama resi Setmata, misuwur mancanagari guna kasaktenipun, resi Setmata nuju lenggah kaliyan ingkang rayi ipe nama sang Hyang Sriyana, dereng dangu kadhatengan tiyang estri kakalih, satunggal nama pun Mayi, tiyang ing dhusun Karja, nyuwun pitaken,: Barangipun awarni supe kancana ical, winarah ing resi, lamun susupenipun badhe pinanggih. Setunggalipun nama pun Milak, nyuwunaken jampi anakipun nandhang sakit barah, kaparingan usada kunir, tiyang estri kakalih wau lajeng sami lumengser saking ngarsa mantuk dhateng griyanipun, lajeng kasaru dhatengipun ingkang garwa Dewi Sriyati kaliyan ingkang putra Bambang Srigati, sang resi sakalangkung suka. Dereng dangu kasaru rawuhipun sang Hyang Narada, andhawuhaken timbalanipun sang Hyang Girinata, lamun sang resi kapinta sraya dening sang Hyang Endra, anyirnakna mengsah saking Gilingwesi nama prabu Watugunung. Sasampunipun andhawuhaken, sang Hyang Narada kondur makahyangan, resi Setmata pamit ingkang garwa, lajeng semadi rnatek aji pameling. Boten dangu kapal mawi elar (kapal Sembrani) dhateng, katitihan ing resi Setmata kaliyan sang Hyang Sriyana, napak ing gagana dumugi ing karang ka-Endran, sapengkeripun resi Setmata, Bambang Srigati pamit ingkang ibu nedya nusul ingkang rama, lajeng pangkat.
  1. Madeg ing karang ka-Endran, sang Hyang Endra, miyos ingadhep para putra, sang Hyang Citragada, Citrasena, Citrarata, Bambang Arjunawinanga. Sang Hyang Endra langkung sungkawa, ginem ngarsa-arsa dhatengipun ingkang uwa sang Hyang Narada, ingkang sagah ngupaya sraya. Dereng dangu sang Hyang Narada rawuh ambekta resi Setmata kaliyan sang Hyang Sriyana. Sasampunipun bage-binage, sang Hyang Narada ngandika, bilih resi Setmata sagah kapinta sraya. Sang Hyang Endra langkung suka, resi Setmata kadhawuhan anyirnakaken mengsah saking ing Gilingwesi, sagah. Kasaru dhatengipun Bambang Srigati, sang Hyang Endra andangu,” Sinten lare dhateng punika”, resi Setmata matur, : Bilih punika ingkang putra Bambang Srigati. Sasampunipun para jawata sami siyaga dadameling yuda, lajeng bidhal saking karang ka-Endran, kanthi prajurit dorandara umiring resi Setmata. Sareng dumugi ing Repatkapanasan, para wadya dorandara tempuh prang kaliyan wadya ditya saking Gilingwesi, para dorandara prangipun kaseser, resi Setmata kaliyan Bambang Srigati magut ing yuda, para wadya ing Gilingwesi kathah kapupu pejah, kuwandanira muksa, patih Suwelacala lalayu, mantuk dhateng ing Gilingwesi, nedya matur ing gustinipun.
  1. Madeg prabu Watugunung, kaadhep ingkang putra raden Sindhula, tuwin para punggawa, ginem angarsa-arsa carakanira ingkang kautus ambedhah ing Suralaya. Dereng dangu dhatengira patih Suwelacala, atur pariksa, bilih para rayi sami sima ing rana dening pamukipun resi Setmata. Sang prabu Watugunung duka yayah sinipi, lajeng angundhangi para wadya, kebut bidhal dhateng Suralaya, nedya ngantep prang. Raden Sindhula kaliyan patih Suwelacala kantun tengga praja.
  1. Madeg ing pabarisan, para dewa tuwin resi Setmata, ingkang taksih makuwon ing Repatkapanasan, ing ngriku sami mangalembana dhateng kadibyaning resi Setmata, tuwin ingkang para jawata saking Suralaya, dutaning sang Hyang Girinata, : sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyàng Yamadipati, sami arsa ambantu ing yuda. Kasaru dhatengipun dorandara ngaturi priksa, bilih mengsah saking Gilingwesi dhateng, sadaya wau lajeng sami angirabaken para prajurit dorandara, ingkang dados senapati Bambang Srigati, tuwin resi Setmata, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sareng dumugi ing rana, tempuh prang langkung rame. Bambang Srigati tandhing lawan raden Dhukut, raden Dhukut pejah jinemparing. Prabu Watugunung mangsah, kapapagaken kaliyan resi Setmata, prang langkung rame, gantya kalindhih. Dangu-dangu prabu Watugunung kenging kacepeng, tinaman sagung dadamel tan pasah, lajeng katrap rodhining pedhati, piniles ing pedhati sirna, kuwandanira musna dados dewa, sakantunipun wadya ing Gilingwesi sami teluk, saweneh wonten ingkang lumajeng.
  1. Madeg sang Hyang Endra, dhatengipun para ingkang sami unggul ing yuda, sang Hyang Endra langkung suka, sang Hyang Narada ugi langkung suka lawan ngungun dhateng kadibyanipun resi Setmata, lajeng kairid sowan dhateng ing ngarsanipun sang Hyang Girinata.
  1. Madeg ing kahyangan Jonggringsalaka, sang Hyang Girinata miyos, ingadhep para jawata, dhatengipun sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Yamadipati, matur solahira dinuta. Dereng dangu dhatengipun sang Hyang Narada ambekta resi Setmata, katur sang Hyang Girinata, denira mungkasi kardi. Sang Hyang Girinata lajeng adhadhawuh, resi Setmata katetepaken madeg nata malih wonten ing medhangkamulan, nama prabu Setmata, inggih prabu Wisnupati, lawan praja ing Gilingwesi kabawah dhateng Medhangkamulan, sang prabu Setmata matur sandika, lajeng bidhal, para jawata sami umiring, sapraptaning praja Medhangkamulan lajeng sami lenggah satata, kasaru dhatengipun punggawa, atur uninga, wonten danawa kathah damel reresah wonten alun-alun, inggih punika para danawa, wadyanipun prabu Watugunung sisaning pati. Resi Setmata medal kaliyan para jawata, prang sampak, danawa sami pejah sadaya. Lajeng sami lenggah mangun bojana andrawina, sang Hyang Bayu uwin ingkang raka sang Hyang Brama pamit kondur. Tanceb kayon.

III. LAMPAHAN MUMPUNI

  1. Jejer ing Suralaya, sang Hyang Pramesthiguru, miyos ing pancaniti, siniwi sang Hyang Narada, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Endra, sang Hyang Panyarikan, sang Hyang Patuk, sang Hyang Tamboro, pepak para dewa kang anangkil, ingkang rinembag,: Ing Suralaya badhe kainggahan mengsah saking Jurangparang, dutanira prabu Karungkala. Awit sang yaksendra tinampik panglamarira maring Dewi Mumpuni, ingkang samangke sampun pinaringaken dados garwanira sang Hyang Yamadipati. Sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, wadya dorandara kinen sami pacak baris wonten Repatkepanasan, sasampunira dhawuh, sang Hyang Pramesthiguru lajeng kondur ngadhaton.
  1. Madeg ing gupit Mandragini, sang padniwara Dewi Uma, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhep para parekan cethi. Kasaru rawuhira sang Hyang Pramesthiguru, pinethuk ingkang garwa Dewi Uma, kinanthi binekta lenggah satata. Sang Hyang Pramesthiguru imbal wacana mring garwa, bilih ing Suralaya badhe kainggahan mengsah saking Jurangparang. Kang garwa esmu sungkawa, sang Hyang Guru minggah ing sanggar pamelengan.
  1. Madeg ing paseban njawi, sang Hyang Narada, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Endra, sang Hyang Panyarikan, sang Hyang Yamadipati, sang Hyang Patuk, sang Hyang Temboro. Ginem, : Denira tampi dhawuhing sang Hyang Guru, kinen sami pacak baris wonten Repatkapanasan, sasampunira siyaga lajeng bidhal.
  1. Madeg ing Saptapratala, Dewi Superti, kasaru rawuhira sang Hyang Anantaboga, sang Hyang Anantaboga dhawuh mring kang garwa Dewi Superti, kinen adamel gambaripun para widadari sadaya, sarta sawarnining anaking para dewa, kang sampun kangkat ambekta gamaning ngrajurit kinen tumut aprang. Sasampuning tampi dhawuh, Dewi Superti lajeng tindak ing panyeratan, lajeng anggambar para widadari, sampun dados, Dewi Superti lajeng medal ing njawi murugi kang putra Bambang Nagatatmala, Dewi Superti ngandika mring putra, dipun purih sampun kesah-kesah, awit saking dhawuhing sang Hyang Narada, anakipun para jawata ingkang sampun kuwawi nyepeng gagamaning ngayuda, kadhawuhan dados prajurit, sarta lajeng baris dhateng Repatkepanasan, mapag ing yuda. Dewi Superti sasampuning dhawuh mring putra Bambang Nagatatmala lajeng kondur, arsa nusul sare ingkang raka sang Hyang Anantaboga. Mangkana sakondurira Dewi Superti, Bambang Nagatatmala, ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, Bambang Nagatatmala dhawuh mring Semar, kados punapa gambaring widadari. Semar matur, bilih kang ibu sare kapendheta. Sasampuning malebet panyeratanipun ingkang ibu, ingkang gambar kapendhet Bambang Nagatatmala, lajeng kabekta medal tinedahaken Semar, sarwi kinen mastani satunggal-satunggaling widadari. Semar matur, “Punika gambaripun Dewi Mumpuni, garwanipun sang Hyang Yamadipati, saweg panggih enggalenggalan, dereng patos carem”, Bambang Nagatatmala dahat kasmaran ing panggalih, lajeng andangu dhateng Semar, “Kahyanganipun ing pundi, sang Hyang Yamadipati punika?”.
  2. Semar matur,” Ing Argadumilah”. Bambang Nagatatmala dhawuh mring Semar kinen andherek, sendika, lajeng pangkat, Bambang Nagatatmala lajeng ambutul bumi Kasapta, dumugi dharatan lajeng mumbul ing ngawiyat, kairing Semar, Nalagareng, Petruk, nedya dhateng kahyangan Argadumilah. Madeg ing kahyangan Argadumilah, sang Hyang Yamadipati tuwin sang Hyang Brama. Ginem,: Sang Brama amit arsa ngluruk, sang Hyang Yamadipati murugi kang garwa Dewi Mumpuni, kang garwa Dewi Mumpuni rinungrum dipun ariharih datan purun anglawani karsaning kakung, Dewi Mumpuni lajeng malebet ing ndalem, emban ingutus sang Hyang Yamadipati amundhut gantos mring sang dyah, emban lajeng kesah, emban damel reka-reka, damel piyambak, lajeng ingaturaken mring sang Hyang Yamadipati, sanget bingahira, lajeng pangkat arsa nglurug, palataranira sami dipun awoni sadaya waradin, lajeng bidhal, sakesahira kang raka sang Hyang Yamadipati, Dewi Mumpuni medal dhateng ing patamanan, kasaru dhatengira Bambang Nagatatmala, anjujug wonten ing njawi patamanan kaliyan Semar, Bambang Nagatatmala ngandika mring Semar, kinen nangisi. Semar lajeng tangisan, ing lebet patamanan, sang dewi mundhut andha, emban ngupados sampun angsal, lajeng ingaturaken, ing njawi banon wonten tiyang nangis, Dewi Mumpuni mireng tiyang sami nangis, lajeng amenek ing andha, nganguk ing njawi, uninga Bambang Nagatatmala dipun tangisi, sang Dewi Mumpuni lajeng mandhap pitaken Semar, Semar matur, “Punika bandaranipun pinuju sakit, sarta punika putranipun sang Hyang Anantaboga”, Dewi Mumpuni lajeng maringi ganten, Bambang Nagatatmala wungu, sang Dewi Mumpuni lajeng pinondhong, binekta malebet ing patamanan emban sumerep lajeng kesah, atur uninga ing sang Hyang Yamadipati, dhateng Repatkepanasan.
  1. Madeg ing Selapanangkep, para danawa dewa ingkang tengga kori ing Suralaya, nama bathara Cingkarabala, kasaru dhatengira Bambang Nagatatmala tuwin Semar, tanya-tinanya, Semar, nedha menganipun kori, bathara Cingkarabala boten suka, wusana dados prang, bathara Cingkarabala kenging kacepeng, lajeng dipun engkuk-engkuk, sareng uwal lumajeng, Bambang Nagatatmala tuwin repat tiga lajeng lampahipun.
  1. Madeg ing njawi bale Mar’cukundha, para dewa, tuwin resi, kang sami pasak baris, ginen arsa mapag ing prang, pan kasaru dhatengipun Cingkarabala, atur uninga mring sang Hyang Narada, bilih wonten satriya sumengka pangawak braja. Sang Hyang Narada dhawuh mring para dewa, kinca sami mantuk mring kahyanganipun piyambak-piyambak, lajeng sami mantuk sawongan-sawongan. Mangkana lampahira sang Hyang Yamadipati, dumugi ing margi kapapak embanira sang Dewi Mumpuni, dinangu matur, atur uninga, bilih kang garwa Dewi Mumpuni pinothapotha satriya saking Saptapratala wonten ing patamanan, sang Hyang Yamadipati sareng mirang aturing emban lajeng rikat lampahira. Mangkana ing salabeting taman, sang kusuma Dewi Mumpuni, tuwin Bambang Nagatatmala, saweg lenggah ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, kasaru rawuhira sang Hyang Yamadipati, dadya prang, sang Hyang Yamadipati kasor, lumajeng atur wuninga ing ngarsanira sang Pramesthiguru.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Guru, miyos lenggah ing bale Marcukundha, siniweng para dewa, kang munggeng ngarsa Hyang Narada. Ginen demira kainggahan satriya saking Saptapratala, Cingkarabala kasor. Kasaru dhatengira sang Hyang Yamadipati, atur uninga, bilih garwa Dewi Mumpuni dipun remeni kaliyah satriya saking Saptapratala, anakipun sang Hyang Anantaboga, sapunika wonten ing lebet petamanan, sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, para dewa dhinawuhan anyepeng, lajeng sami pangkat.
    Madeg ing patamanan Argadumilah, Bambang Magatatmala, tuwin Dewi Mumpuni, ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, kasaru rawuhira sang Hyang Narada, tuwin para prajurit dorandara, sasampunira tinanya, Bambang Nagatatmala cinepeng ing kathah, para dewa kasor, lajeng sami lumajeng mring ngarsanira sang Hyang Guru.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Guru, miyos lenggah ing Marcukundha, kasaru dhatengira sang Hyang Narada, tuwin para dewa, sang Hyang Narada atur uninga, bilih prajurit dorandara prangira sami kasor, samangke Bambang Nagatatmala taksih wonten patamanan, sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, kinen animbali sang Hyang Anantaboga, sandika, lajeng pangkat mring Saptapratala.
  1. Madeg ing Saptapratala, sang Hyang Anantaboga, lenggah, kasaru rawuhira sang Hyang Narada tuwin sang Hyang Panyarikan, sang Hyang Narada andhawuhaken timbalanira sang Hyang Guru, sang Hyang Anantaboga sandika, lajeng bidhal mring Suralaya.
  1. Madeg sang Hyang Guru, lenggah ingadhep para dewa, kasaru praptanira sang Hyang Narada tuwin sang Hyang Anantaboga. Sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Anantaboga, paring uninga ing lepatira kang putra Bambang Nagatatmala, sang Hyang Guru dhawuh malih mring sang Hyang Anantaboga sandika sagah. Sang Hyang Guru dhawuh mring para dewa, kinen angiring mring patamanan, sandika, lajeng pangkat mring taman Argadumilah.
  1. Madeg ing taman Argadumilah, Bambang Nagatatmala, tuwin Dewi Mumpuni, ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, kasaru rawuhira kang rama sang Hyang Antaboga, ingiring para dewa, Bambang Nagatatmala sarawuhira kang rama cinepeng, Bambang Nagatatmala binekta mring kawah Candradimuka, lajeng cinemplungaken, para dewa sami bingah sadaya. Sang Hyang Anantaboga lajeng amit mantuk, rinilan lajeng pangkat.
  1. Madeg ing Saptapratala, sang kusuma Dewi Suparti, lenggah ingadhep para parekan, kasaru rawuhira kang raka sang Hyang Anantaboga, sasampuning lenggah, sang Hyang Anantaboga, wawarta mring garwa Dewi Superti, bilih kang putra Bambang Nagatatmala, lepat lambangsari kaliyan garwanira sang Hyang Yamadipati, sapunika Bambang Nagatatmala linebetaken kawah Candradimuka. Kang garwa sasampuning winartan lajeng melebet ing ndalem angungkeb-ungkeb dangu, wungu lajeng anjedhul saking Saptapratala, lajeng minggah ing Suralaya.
    Mangkana lampahira Dewi Superti, dumugi Repatkepanasan, lajeng uninga kawah Candradimuka, wonten mancur sacakra manggilingan, lajeng cinepeng, inggih punika tirta gesang, lajeng malebet ing nglebet kawah Candradimuka, layonira kang putra Bambang Nagatatmala, pinendhet kaentasaken, sasampunira wonten ngentasan satepi kawah Candradimuka, layonira kang putra wau tinetesan toya pagesangan, lajeng gesang, kang putra Bambang Nagatatmala jinarwan mring kang ibu, ingemutaken mantuk mring Saptapratala, pinenging wonten ing Suralaya, kang ibu Dewi Superti sanget kuwatirira. Bambang Nagatatmala dhinawuhan mring nagari Amarta, Bambang Nagatatmala matur sandika, lajeng pangkat, ingiring parepatira tiga.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Brama, sang Hyang Sambu, sang Hyang Kuwera, sang Hyang Panyarikan, tuwin para prajurit dorandara. Ginem, : Sang Hyang Brama dhawuh pacak baris wonten sangandhaping Suralaya, sasampuning sarembag lajeng bidhal.
  1. Madeg ing nagari Jurangparang, sang prabu Karungkala, miyos ingadhep patih ditya Kalamuka, tuwin para punggawa ditya, pepakkang anangkil, ginem,: Sang nata arsa krama widadari, karsanira sang nata arsa minggah mring Suralaya pribadi, patih ditya Kalamuka anjurungi, sang prabu Ka rungkala lajeng dhawuh mring para punggawa ditya, kinen siyaga dadameling prang. Sasampuning siyaga lajeng bidhal sawadya balanira maring Suralaya.
    Madeg baris kang tugur wonten sangandhaping Suralaya, para dewa tuwin prajurit dorandara. Ginem, sampun dangu denira pacak baris, kasaru rawuhira prabu Karungkala, sawadya balanira, arsa minggah mring Suralaya. Pasulayaning rembag dadya prang, wasana para dewa kasor ing prangira, lajeng lumajeng, arsa atur uninga ing ngarsa sang Hyang Guru.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Guru miyos ingadhep sang Hyang Narada, ginem,: Sang Hyang Guru, angarsa-arsa para dewa kang baris tugur, boten watawis dangu dhatengira para dewa prajurit dorandara, atur uninga, bilih kainggahan mengsah saking Jurangparang, raja ditya prabu Karungkala, sawadyanira, dadya prang, para dewa sami kasor sadaya, sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, kinen minta sraya dhateng ing Amarta, sang Hyang Narada sandika, lajeng pangkat.
  1. Madeg ing nagari Amarta, prabu Yudhisthira, miyos ingadhep kang rayi raden arya Wrekodara, raden Janaka, tuwin raden arya Nakula, raden arya Sadewa. Kasuru dhatengira Bambang Nagatatmala, ingiring Semar, Nalagareng, Petruk, kinen mangarsa, lajeng dinangu matur, sasolahira sampun katur sadaya, lajeng tinampen, pan kasaru rawuhira sang Hyang Narada, sasampuning lenggah satata, sang Hyang Narada andhawuhaken timbalanira sang Hyang Guru, ingutus minta sraya, awit ing Suralaya kainggahan mengsah saking Jurangparang, prabu Karungkala sawadya balanira, para dewa sami kasor. Sang prabu Yudhisthira anyagahi, kang rayi raden arya Wrekodara, tuwin rayi raden Janaka kinen andherekaken ing sang Hyang Hyang Narada, sandika. Sang Hyang Narada lajeng amit pangkat ingiring raden arya Wrekodara, tuwin raden Janaka mring Suralaya.
  1. Madeg ing ngandhaping Suralaya, prabu Karungkala, ing Jurangparang, tuwin para punggawa ditya, kang mentas aprang kaliyan para dewa, taksih sami pacak baris, kasaru dhatengira sang Hyang Narada, kanthi raden arya Wrekodara, tuwin raden Janaka, lajeng aprang. Raja ditya prabu Karungkala tandhing kaliyan raden Janaka, prang rame. Danguning prang, raja ditya prabu Karungkala jinemparing pejah, patih sapunggawanira mangsah, pinapag raden arya Wreko dara, patih ditya Kalamuka tuwin para ditya sami pejah dening raden arya Wrekodara, sampak, para ditya sirna sadaya tan menggapuliha, raden arya Wrekodara, tuwin raden Janaka, lajeng sami marak mring sang Hyang Narada, sampun mangarsa, raden arya Wrekodara, tuwin kang rayi raden Janaka, sami amit mantuk mring Amarta, Wasana bojana andrawina. Tanceb kayon.

III. LAMPAHAN MIKUKUHAN

  1. Jejer prabu Dremamikukuhan ing nagari Medhangkamulan, inggih ing Purwacarita, nuju miyos siniwi mungging sitinggil binatarata, lenggah dhampar denta, siniwi ing para wadya, ingkang mungging ngarsa patih Jakapuring, brahmananing praja nama Brahmanacrita, punggawa tuwin para empu pepak mungging ngarsa, ingkang ginunem, tata tentreming praja. Kasaru rawuhira sang Hyang Narada, dinuta sang Hyang Girinata, maringaken wiji pantun, pisang, kalapa, tuwin wiji pala kapendhem, pala kesimpar, pala adeg, pala kependhem punika,: uwi, gembili, kimpul sapanunggalanipun, pala kesimpar punika,: waloh, bligo sapanunggalanipun,: pala adeg punika, : jagung, tebu, otek sapanunggalanipun, kadhawuhan nanem ing nagari Medhangkamulan, supados mirah tedha. Sasampuning katampen, sang Hyang Narada lajeng kondur makahyangan, sang prabu lajeng dhawuh dhumateng patih Jakapuring, kinen maradinaken dhateng padhusunan, lajeng bibaran.
  1. Madeg ing kadhaton, risang prameswari nata Dewi Darmastuti, pinuju lenggah ing prabasuyasa, ngentosi kondurira srinata. Sarawuhira saking pasewakan, srinata lajeng lenggah satata, ingkang ginunem, kawontenaning pancaniti, lajeng tindak ing pambojanan.
  1. Ing pangurakan patih Jakapuring, punggawa, : kyai empu Cakut, kyai Tuwa, kyai Baru, rembag badhe lampahipun, sasampuning samapta, lajeng bidhal kapalan.
  1. Madeg ing Suralaya, ing kahyangan Jonggringsalaka, sang Hyang Guru nuju miyos mungging baie Marcukundha, ingadhep para jawata, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Pritanjala, sang Hyang Yamadipati. Dhatengipun sang Hyang Narada, matur sarehing dinuta. Sang Hyang Guru utusan nyataken dhateng ing Purwacarita, ingkang kautus sang Hyang Pritanjala, tuwin sang Hyang Tantra, jawata kakalih sami pangkat, sarta warni peksi emprit.
  1. Madeg prabu Sarkil, ing nagari Najran, (tanah sabrang) pinuju miyos ing pandhapi, ingkang sumiwi patih Talkandha, punggawa sawatawis, ingkang ginunem, : Ingkang putra putrì nama Dewi Sakati, supena ginarwa empu ing Gajali, ing tanah Jawi, punika sang putrì sanget kayungyuning driya, anggubel datari kesah saking ngarsaning rama nata. Sang nata lajeng anuruti, wasana lajeng tindak dhateng tanah Jawi, ambekta wadya nitih palwa.
  1. Madeg empu Hanggajali, mungging tepining samodra, ngemban dhawuhira sang Hyang Guru, kinen damel gagamaning ayuda. Sang Hyang empu nuju damel warastra, dhuwung sasaminipun, ingkang ngladosi kyai lurah Semar, Nalagareng, Petruk, sabibaring pandhe, empu Hanggajali leladhang. Sigeg, prabu Sarkil, ingkang numpak palwa, kadi binuncang ing dewa, baita kerem, prabu Sarkil kentir ing tirta samodra, sareng empu Hanggajali sumerep, prabu Sarkil tinulungan kabekta dhateng ing gisik, lajeng taken-tinaken, sami waleh nama tuwin sedyanira. Empu Hanggajali tinantun dadya mantunipun, lajeng kabekta dhateng nagarinipun prabu Sarkil sarwi numpak baita malih, parepat tiga andherek.
  1. Madeg ing nagari Najran, Dewi Sakati, dhatengipun ingkang rama prabu Sarkil, sampun ambekta empu Hanggajali, wasana ajeng kadhaupaken, empu Hanggajali tan suwala, watawis laminipun Dewi Sakati anggarbini, empu Hanggajali pamit mantuk dhateng pulo Jawi, awit taksih anglampahi ayahaning Hyang Girinata, kinen pandhe dadamel, lajeng bidhal numpak baita, parepat tiga tan kantun.
  1. Madeg patih Jakapuring kaliyan para punggawa, kyai empu Cakut, kyai Tuwa, kyai Buru, sami andum wiji dhateng tiyang padhusunan, kacarita jawata kalih ingkang malih emprit sami ngrisak taneman pantun, katinggal risak tanemanipun gaga padhusunan wau, jinemparing dening patih Jakapuring, lajeng babar dadya jawata kalih, sang Hyang Pritanjala, sang Hyang Tantra, patih Jakapuring madhep mangarsa, pinaringan pariksa, bilih dinuta sang Hyang Girinata, anuweni hanggenipun mandum wiji wau, rehning sampun, sang Hyang Girinata sanget bingahipun, sarta winangsit lamun badhe kadhatengan dutaning Hyang Girinata malih. Patih Jakapuring kinen mantuk saprikancanipun dhateng praja, jawata kakalih lajeng makahyangan, patih Jakapuring saprikancanira sami mantuk dhateng Medhangkamulan.
  1. Madeg ing Purwacarita (Medhangkamulan), Prabu Dremamikukuhan lenggah kalawan kang garwa Dewi Darmastuti, kasaru dhatengipun ingkang rayi patih Jakapuring, matur sasolahira sadaya hanggening dinuta. Kasaru gegering njawi, wonten celeng ngamuk, srinata miyos kaliyan patih Jakapuring, para punggawa mapag pangemuking celeng, sami kasoran, sang nata krodha anglepasi jemparing, celeng kenging jinemparing babar dados Kalagumarang, lajeng wangsul dhateng wana Krendhayana. Dereng dangu sang Hyang Endra rawuh, sang nata anembah, sang Hyang Endra maringaken gangsa Surendra, handadosna tuladanira tiyang ngarcapada, sang prabu matur nuwun, sang Hyang Endra lajeng makahyangan.
  1. Madeg ing wukir Andaga, puthut Jantaka kaliyan anak-anakipun warni buron wana, ginem badhe dhateng praja Purwacarita, nedya pados tedha, lajeng bidhal.
  1. Madeg prabu Dremamikukuhan, miyos siniwi patih Jakapuring, para punggawa, kasaru sowanipun punggawa, atur pariksa bilih ing dhusun-dhusun, sadaya taneman sami risak hadhapan, lajeng bidhal kanthi para punggawa.
  1. Madeg ing dhukuh Dhadhapan, bagawan Kanda, tuwin kang rayi bagawan Nada, kaadhep ingkang putra kakalih nama raden Sengkan, raden Turunan, patih Jakapuring dumugi ngriku matur dinuta ingkang raka nata, mundhut pitulung sarana icaling ama sadaya, bagawan Kanda ambektani ingkang putra kakalih raden Sengkan tuwin raden Turunan wau, kanthi abdi kalih anama Wayungyang kaliyan Candramawa, raden Sengkan dipun wulang mantra sarana, makaten, : Hong wirineh, wirihoyeh, masrana maswaha, kaliyan kabektanan kenthongan, raden Turunan kabektanan towok, lajeng bidhal, sadumugining Purwacarita, anjujug panggenaning ama kanthi susumbar, ama sami medal sadaya, perang rame, raden Sengkan ngungelaken kenthongan kaliyan matek mantra kadya ing nginggil wau, raden Turunan ngasta towok, kyai Wayungyang ngedalaken pangabaran, warni sagawon ayutan, kyai Candranawa ngedalaken kucing langkung kathah, sagung ama sami sima sadaya. Ing ngriku puthut Jantaka kródha ngamuk punggung, kasarengan rawuhipun prabu Dremamikukuhan, lajeng mapagaken puthut Jantaka, kenging kacepeng teluk, nyuwun papan sarta nyuwunaken papanci anakipun, ingkang taksih gesang, lajeng pinaringan papanci, nanging kang wami lembu, maesa lajeng kaingah dados sarananipun tiyang anggarap sabin, puthut Jantaka tinuduh dhateng wana Lokapala, kesah. Sang nata sawadyanira mangun suka andrawina.

Tanceb kayon.

—@@@—

 

KITAB PUNTIR PALAKIYAH


 

Bab punika ingkang gadhah pikajengan badhe sires mawi kalantaran2 iji dhadhu, namung bucal sapindhah kadosta main dhadhu.

PUNTIR FALAKIYAH

Kadosta: manawi badhe mitaken ing bab prakawis jangka 13 ”ingkang sakit  punika saget saras punapa boten?” sesampunipun dhadhu kabucal ing mangka cecegan ing dhadhu medal 3 kaliyan 4, lajeng kacocogna kaliyan gambaring dhadhu. Sangandaping dhadhu angka 6. Lajeng terus kauruta mangandhap dumugi kothaking aksara, sarta lajeng kajejeraken ing angka 13 kapering kiwanipun. Ing ngriku pinanggih aksara ”ga” lajeng ngupadosana ing kaca aksara ”ga” nunten angupadosa  angka 6. Ing ngriku mungel ” wong kang lara kaparingan mulya dening Allah”. Insya Allah tiyang ingkang sakit tamtu saget waluya sarana sadhengah jampi kemawon.

Ingkang  gadhah  Kitab  Puntir  Palakiyah  punika  Raden Ngabei Mangun Utama mantri pulisi ing Wotgaleh dhistrik Kitha Ageng Kalasan. Kaserat kaping 12 Sapar Dal 1839 utawi kaping 5 Maret taun 1909.

Punika salebetipun 21 prakawis pitakenan. Pundi ingkang katakekaken :

  1. Pikajengan punika pikantuk punapa boten?.
  2. Saged manggih kauntungan punapa boten?
  3. Punapa untung punapa katunan?.
  4. Punapa tetep manggen ing ngriki punapa sanes panggenan?.
  5. Tiyang ingkang kesahan wangsul malih punapa boten?.
  6. Barang ingkang ical punika saged pinanggih punapa boten?.
  7. Sobat punika sae manahipun punapa boten?.
  8. Lampah punika klayan wilujeng punapa manggih susah.
  9. Tiyang punika sanget asih punapa boten?.
  10. Paningkah punika dados sae punapa awon?.
  11. Punapa estri punapa priya ingkang manggih kauntungan?.
  12. Tiyang ingkang wawrat punika medal jaler punapa estri?.
  13. Ingkang sakit punika saged saras punapa boten?.
  14. Ingkang susah punika angsal pangapunten punapa boten?.
  15. Sapunika kacilakan punapa kabegjan ingkang dados?.
  16. Punapa jarwanipun supenan punika?.
  17. Kedut punika awon punapa sae?.
  18. Manggih kauntungan ing dharatan punapa ing lautan?.
  19. Paten punika menang punapa kawon?.
  20. Tiyang ingkang kesah prang  punika kawon punapa menang?
  21. Tiyang pegatan punika saged rujuk malih punapa boten?

Ing saderengipun ngasta dhadhu mawi maca patekhah rumiyin sapindhah, lajeng ngastadhadhu sarta malih maca salawat kaping tiga.

ha na ca ra ka TABEL

A: angka urut terusaning pitakenan 21 prakawis.

B: angka urut terusaning jarwaning pitakenan.

A
ALLAH IKU KALUWIH DENING KUASA

  1. Apa kang sira ajap sayekti katekan lan kadadian.
  2. Aja sira kuwatir sayektine ora sida pegatan.
  3. Iku wong nora mati nanging kataton paprangan.
  4. Ing dina iki aja kongsi nepsu, mesthi nemu cilaka badanmu.
  5. Ing laut sira nemu untung yen tinimbang lawan ing dharatan.
  6. Sira oleh kabar luwih saka susah.
  7. Awit impen iku wahanane sira bakal nemu susah.
  8. sajrone dina iki sayekti akeh cilaka anekani.
  9. Aja susah atinira sawatara dina sayekti antuk ngapura.
  10. Lara iki sayekti ora bisa waras nganti tumeka patine.
  11. Wetengan iku metu wadon.
  12. Lanang oleh rabi becik yen wadon lakine ala.
  13. Nikahan iki dadine kalawan akeh kacilakan.
  14. Dheweke ora tresna terusing atine.
  15. Yen lumaku dina iki oleh pakurmatan lan slamet.
  16. Mitra iki aja kopracaya marga tan jujur atine.
  17. Barang iku nora ilang kang sareh mengko bisa katemu.
  18. Sajroning rong sasi dheweke teka tan nganti setaun.
  19. Sira ora ngalih marang liyan nagara.
  20. Dina iki Allah ngadohake marang kerugianira.
  21. Kauntunganira kalawan susah bisane oleh.

HA
ELINGA PENGGAWE BECIK

  1. Kauntunganira tan oleh ing sajroning nagara kene.
  2. Pakarepanira tan ana dadine yen kanthi lelungan.
  3. Ora kena pegatan sarta uripe salawase becik.
  4. Wong kang sajroning paprangan iku wus tumeka patine
  5. Padune ora kalah nanging kelangan ragad akeh.
  6. Ing dharatan sira luwih untung katimbang ana ing lautan.
  7. Sira arep katekan sanak sadulur liyan nagara.
  8. Impen iku sira bakal tampa dhuwit.
  9. Dina iki tan ana kacilakan kang tumeka.
  10. Ora oleh pangapura kongsi tumeka patine.
  11. Wong kang lara mengko dadi becik utawa waras.
  12. Wetengan iku metu lanang lan dawa umure.
  13. Lanang oleh ala yen wadon lakine oleh becik.
  14. Nikahan iki klawan Asmaning Allah dadi becik,
  15. Dheweke asih mulane sira aja lali dheweke.
  16. Yen lumaku dina iki cedhak marang cilakane.
  17. Mitra iki bener atine sarta kena dipracaya.
  18. Barang iku tan ketemu maning kang nyolong nemu susah.
  19. Wong kang lunga saka kene ora bisa bali.
  20. Sira mengko manggon ing liyan nagara.
  21. Ing dina iki sira kacedhakan kacilakan lan karugian.

NA
NUDUHNA MARANG PATAKONAN KANG NYATA

  1. Saka prakara wong wadon siji sira dadi katunan.
  2. Aja sira ngajap kauntungan krana durung tutug mangsane.
  3. Apa kang dadi pangajapmu kalawan malarat ngakire kadadian.
  4. Sira bakal pegatan ananging nora lawas bakal tepung maning.
  5. Wong kang ana ing paprangan menang sarta tumuli teka.
  6. Prakaranira bakal menang sarta ora katunan.
  7. Ing dharat oleh uga kauntungan nanging kalawan susah.
  8. Arep oleh kiriman saka liyan nagara.
  9. Aja lunga saka ngomah karana impenira tan becik.
  10. Akeh wong arep gawe cilaka nanging siji tan ana tumeka.
  11. Sapisan iki oleh ngapura, nanging liya wektu ora.
  12. Lara iku mesthi waras.
  13. Wetengan iku wadon nanging cendhak umure.
  14. Lanang oleh wadon ala, yen wadon becik.
  15. Ningkah iki tan slamet sarta mlarat.
  16. Katon dheweke asih nanging buri gawe cilaka uga.
  17. Ing dina iki kena lumaku tan ana siji kang ngaru biru.
  18. Kena uga kopracaya nanging aja banget-banget.
  19. Barang kang ilang wis dibagi lan ora katemu maneh.
  20. Wong kang lunga saka kene mengko gelis bali maneh.
  21. Sira ora ngalih saking nagara iki.

CA
CARITAA MARANG LABET KANG LUWIH RAHARJA

  1. Kowe ngalih uga saka kene nanging dadi malarat.
  2. Sira uga sawatara katunan nanging gelis untung maneh.
  3. Kauntunganira kena uga diarep nanging kalawan susah.
  4. Ing pangajapira kena diarep nanging ana kang jahili.
  5. Ing buri sira pegatan tumeka pati.
  6. Wong kang ana paprangan iku kanin sahingga mati.
  7. Padu iku nganti lawan durung bisa pedhot.
  8. Tan ana kang ngaru biru sira kena manggon ing dharat.
  9. Bakale oleh kabar saking sanak sadulur lara banget.
  10. Sira aja nglarakake ati impen iku dadi becik.
  11. Saka kanane badanira dina iki tumiba ing cilaka.
  12. Dheweke tan antuk ngapura salawase ana sajrone susah.
  13. Sadiyanana bae mesthi karana dheweke bakal mati.
  14. Wetengan iku metu wadon sarta begja wong tuwane.
  15. Wadon oleh laki ala, lanang bojone apik,
  16. Aja sira ningkah karana dudu untungira ing kono.
  17. Dheweke ora asih sarta akire gawe susah.
  18. Sawuse rong dina iki sira kena lumaku.
  19. Aja pisan sira ngandel marang mitranira iku.
  20. Barang kang ilang mengko bisa katemu manih.
  21. Wong kang lunga tan bisa bali marga wus laki rabi liyan nagara.

RA
RACIKANA LAN SABAR TAWEKALIRA

  1. Dheweke nuli teka nanging gelis nuli lunga maneh.
  2. Sira nuli lunga seka kene yen tan lunga bakal nemu susah.
  3. Ora katunan nanging ya ora untung akeh.
  4. Sira tan nemu kauntungan lamun tan tumemen lakumu.
  5. Apa kang sira ajap sajroning dina iki ora oleh.
  6. Aja sira niyat pegatan karana dheweke temen-temen.
  7. Wong kang aneng paprangan oleh pangkat gedhe.
  8. Bicara iku ora dadi apa.
  9. Aja setiyar ing dharat, marga akeh kang gething.
  10. Sira bakal nemu sabab kawanuhanira kang becik.
  11. Impen iku kadadeane ora becik.
  12. Ing dina iki caket banget saka kacilakanira.
  13. Bakale oleh ngapura nanging ora dawa umurira.
  14. Lara iku slawase tan waras kasi tumeka patine.
  15. Wetengan iku metu lanang nanging akeh cilakane.
  16. Sira mengko oleh bojo sugih.
  17. Oleh sira ningkah nanging aja rame-rame.
  18. wong iku tresna marang sira kasi mati.
  19. Ing dina iki sira kena lumaku nanging nemu kasusahan.
  20. Sesanakan iki duwe pangarah marang rayat bojomu.
  21. Barang kang ilang iku wong wadon kang jupuk.

KA
KADARIRA ANENG DUNYA DADYA MANUSA

  1. Kawanuh  kang wus sira pracaya kang nyolong barang iku.
  2. Dheweke nuli teka nanging lagi nyampurnakna prakarane.
  3. Karepira ora tetep manggon ing kene.
  4. Sira mengko bakal nemu pitulungan gedhe.
  5. Ora tinemu kauntungan sira salawase.
  6. Sira tan susah ngajap apa-apa kabeh ora tinemu.
  7. Dadi pegatan marga ana wong kang nyetani.
  8. Wong kang ana paprangan wis mati ilang sirahe.
  9. Padu iku pakolehe ora kalawan gamarang.
  10. Ing dharatan sira oleh untung tinimbang lautan.
  11. Arep kapaten sanak kang ana liyan negara.
  12. Wahanane impen iku sira arep nemu cilaka.
  13. Ing dina iki arep tumeka cilakanira, kang ngati-ati.
  14. Tan olehing ngapura nganti tumeka ing patine.
  15. Lara iku dadi waras nanging ragade akeh.
  16. Iku wetengan metu wadon nanging gawa malarat.
  17. Sira oleh bojo gawe padu rina wengi.
  18. Aja ningkah karana akeh wuruging wong kang ala.
  19. Uwong iku ora asih kalawan bener atine.
  20. Aja lumaku dina iki marga keh  cilaka ing dalan.
  21. Kawanuhanira iki mengko gawe kacilakanira.

DA
DADI LAN DEN ELING KAHANANIRA

  1. Kawanuhan iku arep ngalani marang sira.
  2. Barang kang ilang cinolong marang wong lanang sarta tan bisa bali.
  3. Dheweke yekti gelis teka.
  4. Sira tan oleh untung ing nagara kene.
  5. Sira mengko anemu kauntungan gedhe.
  6. Sira mengko nemu kauntungan nanging lawan akehing susah.
  7. Kena sira ajap nanging aja nganti katara ing wong liya.
  8. Nadyan sapira pangojoking  wong ora dadi pegate.
  9. Wong kang aneng paprangan iku kanin nanging tan dadi patine.
  10. Saka prakara iku gampang pinanjus.
  11. Ing dharatan sira luwih untung katimbalaning lautan.
  12. Sira bakal tampa rejeki ning Allah.
  13. Anane impen iku sira nemu kasenengan becik ripane.
  14. Ana sawijining wong mengko gawe cilakaning awakira.
  15. Saka pitulunganing wong dheweke luwar saka susah.
  16. Tan susah tinambanan, iku lara bisa waras.
  17. Wetengan iku metu lanang, bocah iku gawa kauntungan.
  18. Sira mengko nemu jodho lan gawa kauntungan.
  19. Aja nikah ing kene karana tan becik, wadon gawa untung.
  20. Uwong iku asihe ana kang dadi sabab.
  21. Antara rong dina telung dina mangkata dadi becik.

TA
TAN KENA SAKEHING LAKU KANG NYATA

  1. Yen sira arep lumaku aja kaliwat ing dina iki.
  2. Kawanuhan iki akeh lara atine marang sira.
  3. Barang kang ilang kalawan kaget bisa katemu.
  4. Dheweke tan nuli teka marga ana kang dienteni.
  5. Sira becik lunga saka nagara iki supaya aja cilaka.
  6. Sira mengko dadi katunan marga saka sawijining wong.
  7. Wis parek saka tekane kauntunganira.
  8. Aja sira akeh pangajap karana tan ana kang kadadiyan.
  9. Nadyan becika ing tembe dadi pegatan.
  10. Wong kang ana paprangan iku wis mati sarta ilang jisime.
  11. Bicara iki bakal kapancus kene, nanging ana susahe.
  12. Sarehna ing dharatan bakal tumeka untungira.
  13. Kedutira iku pangertine, begjanira isih adoh.
  14. Awit impenira iku sira bakal nemu susah.
  15. Ana siji wong kang tulung marang kowe jroning dina iki.
  16. Dheweke aja pegat nunuhun ing Gusti Allah.
  17. Dhukun saka liyan nagara kang bakal marasna laranira.
  18. Wetengan iku metu lanang nanging patine kamangsa macan.
  19. Sira mengko olih jodho becik.
  20. Enggal nuli ningkaha aja kangsi tlangke sasi maneh.
  21. Uwong iku banget asihe marang sira.

SA
SATEMENE SIRA MUNG KINARYA MARGA

  1. Katon asih marang sira nanging uga dhemen marang liyane.
  2. Antara sapuluh dina maneh sira kena lumaku.
  3. Mitramu iku luwih asih marang sira lan bener atine.
  4. Barang ilang iku wus adoh ora bisa katemu.
  5. Kang lunga iku nuli teka nanging mawa lelara.
  6. Aja sira gingsir panggonan iki karana wus cedhak untungmu.
  7. Nemu untung saking sadulur utawa kawanuhan.
  8. Trimanen kalawan sabar, sira antuk kauntungan.
  9. Yen kelawan sabar mengko sira bakal tampa.
  10. Prakara dhuwit mengko dadi pegatan.
  11. Wong kang lunga perang mesthi menang sarta antuk ganjaran kasenengan.
  12. Prakara iku bakal pinutusan saka liya nagara.
  13. Ing taun iki dharatan ing lautan sira nemu kauntungan.
  14. Anane  kedut iku Gusti Allah aweh kauntungan marang sira.
  15. Impen iku sira bakal nemu kasusahan gedhe.
  16. Sawijining wong kang bakal gawe cilakanira.
  17. Ora pisan-pisan sira nemu pangapura.
  18. Wong kang lara aja diarep warase sarta tumeka patine.
  19. Wetengan iku wadon nanging besuk ala lakune.
  20. Sira oleh jodho becik lakune.
  21. Becik sira ngantia telung sasi maneh nikaha.

WA
WAJIB WERUH MANUSA MARANG PANGERAN

  1. Taun iki aja sira ningkah dhingin.
  2. Dhewekne luwih asih marang sira.
  3. Aja sira lumaku sadurunge dina Akad.
  4. Mitramu iku luwih asih marang sira nanging tan katara.
  5. Kang jupuk barang wong wadon wus diwehake wong liya.
  6. Dheweke gelis teka kalawan rena atine.
  7. Sira tan duwe untung ing kene  prayoga ngalih nagara.
  8. Sajrone sasi iki sira bakal kauntungan.
  9. Sira tan duwe untung lamun tan ana wong kang nulungi.
  10. Apa kang dadi pangajapira dina iki ora oleh.
  11. Saka pangojoking sanak sadulure dadi pegatan.
  12. Wong kang perang iku lagi ginanjar.
  13. Prakara iku tan bisa putus yen tan tekan dhuwur.
  14. Ing taun iki ana kauntunganira nanging aja ing dharatan.
  15. Arep nemu susah sarta katunan, wahananing kedut iku.
  16. Impen iku sira bakal nemu susah luwih banget.
  17. Wong wadon mengko kang gawe kauntunganira.
  18. Ngantia sawatara dina mengko oleh pangapura.
  19. Wong lara kena kaarep warase nanging turuten karepe.
  20. Wetengan iku metu lanang nanging kapundhut wong gedhe.
  21. Bisa oleh jodho becik tur sugih nanging nglarake ati.

LA
LABUHANA WASKITHANE KAWRUHIRA

  1. Sira oleh wanita kang becik tingkah polahe.
  2. Sajrone  taun iki becik sira ningkaha.
  3. Sayekti banget asihe marang sira.
  4. Aja sira lumaku lamun ora dina Slasa.
  5. Katon ala, tan becik, nyatane becik atine.
  6. Barang ilang dicolong wong lanang nanging wis didol.
  7. Dheweke teka kalawan susah atine.
  8. Sajrone  nagara kene ora becik ana ira.
  9. Oleh kauntungan ananging kalawan susah.
  10. Ana kauntunganira nanging saka margane wong wadon.
  11. Apa kang dadi pangajapira ora lawas tinekan.
  12. Marga saka wong wadon sira mengko pegatan.
  13. Wong kang ana paprangan nemu kanin pupune.
  14. Prakara iku ora suwe  bakal kapanyus.
  15. Taun iki dharat padha uga, krana adoh cilakanira.
  16. Ananing kedut iku sira bakal nemu untung saka wanita.
  17. Impen iku sira bakal diulemi rame-rame.
  18. Dina iki bakal nemu cilaka saka sawijining wong.
  19. Ora antuk pangapura malah-wus takdire lunga saka nagara.
  20. Ananing ati dadi waras mulane  aja diaru-biru.
  21. Wetengan lair wadon besuk jodhone  wong gedhe.

PA
PASTI TAN LANGGENG SIRA ANA ING DUNYA

  1. Metu anak lanang, nanging bocah iku slawase mlarat bae.
  2. Bakale oleh jodho tedhak wong gedhe nanging miskin.
  3. Yen kena aja sira ningkah karana akeh sengkalane.
  4. Dheweke ora pati asih marga atine tan tetep.
  5. Kena lumaku saiki nanging aja kasi kliwat jam 10.
  6. Kawanuhanira iki ngarah barangira bae.
  7. Barang Iku ora katemu kang nyolong wong wadon.
  8. Dheweke mengko teka kalawan bungah nanging gelis lunga maneh.
  9. Enggal gingsira saka kene karana cilaka are p nekani.
  10. Ora oleh kauntungan karana sengkala saking sanakmu.
  11. Tan nemu kauntungan marga saking sedulurira.
  12. Apa kang sira ajap lawas tekane.
  13. Ora sida pegatan marga anata elingane  becik.
  14. Wong kang ana paprangan iku lara banget.
  15. Saka prakara iku kapancus ing ngisor tangan.
  16. Taun iki ing lautan untungira luwih adoh.
  17. Arep nemu cilaka, jalaran saka wong wadon.
  18. Sira iku katimbalan wong gedhe marga saka kasusahan.
  19. Dina iki akeh cilaka marga akeh wicara kang nasar.
  20. Sapisan iki kalawan pesthi oleh ngapura.
  21. Yen ora sabar lan alon lara ira tan waras.

DHA
DESTHI SADUSA YOGYA DEN ADOHANA 

  1. Lara iku waras tinulungan saka ruh-karuhe.
  2. Wetengan iku metu lanang nanging amlaratake.
  3. Oleh jodho saka liyan nagara.
  4. Yen sira ningkah marga ora ana alane.
  5. Dheweke tresna nganti kaya badane  dhewe.
  6. Kena lumaku dina iki nanging aja kasi kliwat patang dina.
  7. Mitramu iki delengen kang becik-becik sarta jaganen.
  8. Barang iku isih kependhem lemah ana sajroning omah.
  9. Ora teka, dheweke kena prakara.
  10. Katahana ing nagara kene mengko ana kang tulung.
  11. Sajroning taun iki sira bakal nemu untung,
  12. Kauntunganira isih tangeh.
  13. Pangajapira tan kena sira arep-arep.
  14. Yen andadekna tukar sayekti dadi pegate.
  15. Wong kang aprang mengko gelis teka.
  16. Prakara iki bakale dadi dawa.
  17. Taun iki yen sira ing lautan sira anemu cilaka.
  18. Arep oleh kiriman saka sadulur adoh.
  19. Sira arep diundang wong kang arep takon siji prakara.
  20. Dina iki ora ana pisan cilakanira.
  21. Amesthi oleh ngapura tulungan saka wanita.

JA
JALARANING ARJA SAKING UTAMA

  1. Wong kang ana jroning susah tan oleh apura.
  2. Wong kang lara, ngenteni tamba saking liyan sarah.
  3. 3 Wetengan iku metu wadon, bocah gawa kauntungan.
  4. Yen lanang nemu kauntungan yen wadon nemu laki miskin.
  5. Nikah iki ana kang nyegah marga prakara dhuwit.
  6. Ya bener dheweke asih, nanging ora lawas.
  7. Dina iki aja lumaku, sesuk bae lumakua.
  8. Mitramu iku tan bener atine  manawa nedya gawe  ala.
  9. Barang iku ora ilang marga lali bae.
  10. Dheweke arep bali nanging ana kang tan aweh.
  11. Becik sira lunga saka kene marga akeh kacilakan.
  12. Sajroning taun ioki sira katunan bae.
  13. Kauntunganira wus parek.
  14. Kang dadi pangajapira mengko gelis oleh.
  15. Prakara kang tan mirsa mengko dadi pegatan.
  16. Wongkang ana paprangan dupateni bature dhewe.
  17. Prakara iki ora dadi apa-apa.
  18. Taun iki kauntunganira ing lautan.
  19. Kedut iku sira bakal nemu kabar sadulurira mati.
  20. Sira are p ditimbali wong gedhe dijak sukan-suka.
  21. Dina iki akeh cilaka marga saka wanita.

YA
YEKTINE MANUSA TINITAH MULYA

  1. Dina iki akeh cilakanira marga akeh suka nira.
  2. Wong kang ana jroning susah oleh ngapura.
  3. Wong kang lara rada samar yen tan oleh tamba becik.
  4. Wetengan iku metu wadon nanging tan dawa umure.
  5. Yen lanang oleh bojo becik, yen wadon sugih.
  6. Nikah iku becik tur slamet bisa golek sandhang pangan.
  7. Dheweke tan asih sajroning rong sasi iki.
  8. Dina iki kena lumaku nanging ngantia jam 10 awan.
  9. Wong iku atine becik nanging gelis mati.
  10. Barang iku cinolong wong wadon tan bisa kat
  11. Sajroning 6 utawa 7 dina pasthi teka.
  12. Kena ana kene nanging atinira kang gedhe.
  13. Kowe katunan marga saking rabinira dhewe.
  14. Sira tan untung marga saka prasanakanira.
  15. Pangajapira mengko katekan nanging liyan nagara.
  16. Marga saking keh ing papacak mengko dadi pegate.
  17. Wong kang ana paprangan bakal nemu kahurmatan.
  18. Prakara iki kapancus ing ngisor adan.
  19. Taun iki tumiba katunanira margi dikemplang uwong.
  20. Sira nemu kabar saka paningkahe sanakira.
  21. Impenira iku tan dadi ngapa.

NYA
NYAKETANA PANGGAWE INGKANG SAMPURNA

  1. Impen iku mengko sira kaundang nglayat wong mati.
  2. Dina iki ana rong prakara cilakanira kang bisa dadi.
  3. Wong kang susah diwuwuhi susah marga bakal tumeka patine.
  4. Wong lara iku nuli waras nanging tan lawas nuli lara maneh.
  5. Wetengan iku metu lanang nanging tan dawa umure.
  6. Yen lanang oleh wong ayu yen wadon laki becik.
  7. Nikah iku tan prayoga karana salawase padu bae.
  8. Dheweke luwih akeh gething tinimbang lan asihe.
  9. Aja lumaku yen durung kaliwat pukul 1 awan.
  10. Sanakan iku katon becik awit duwe karep.
  11. Barang kang ilang kacolong wong lanang wus ora katemu.
  12. Dheweke durung duwe kaingetan arep bali maneh.
  13. Ana liyan nagara tumeka kauntunganira.
  14. Sira ika akeh katunan marga kerep lali.
  15. Sira bakal nemu kauntungan saka mitramu katulung.
  16. Bakal tinekan kang dadi pangajapira.
  17. Awit saka mitramu dadi wurunge pegatan.
  18. Wong kang ana paprangan ginanjar lara sikile.
  19. Prakara iku mengko kapancus dening wong agung.
  20. Taun iki sira becik ana ing lautan.
  21. Sira bakal kena prakara karo wong agung.

MA
MANTRI PIKALANG INGKANG UTAMA

  1. Kedut iki sira arep nemu prakara karo wong gedhe.
  2. Impen iku arep ana wong dhemen marang sira.
  3. Dina iki kareksaa kang becik cilaka bakal teka.
  4. Wong kang ana ing kasusahan mengko sadulure kang nulungi.
  5. Wong kang lara tan oleh tamba lan wus tekan janjine.
  6. Wetengan iku metu lanang sarta ana kauntungane.
  7. Yen lanang bojo becik yen wadon laki ala.
  8. Nikah iku marga saka wong tuwane dadi ora becik.
  9. Dhemen asihe marga ana sababe, waspadakna kang trang.
  10. Dina iki akeh kacilakan aja lumaku.
  11. Mitra karuh iku bener atine nanging uga antarakna.
  12. Barang iku ora ilang marga kaleru pandokoke.
  13. Banget arep mulih ananging ana kang gegodha.
  14. Ana untungira nanging sira wis laku salah dadi angel tine
  15. Mengko dadi untung nanging wis lumaku salah, dadi ora ol
  16. Untungira tan tumeka isih ginanjar malarat.
  17. Pakare p pangajapira katekan nanging isih lawas.
  18. Wis tan bali meneh marga wus duwe karep seje.
  19. Wong kang ana ing paprangan ora kurang apa-apa.
  20. Prakara iku nganti mati salah siji durung dipancus.
  21. Ing dharatan sira tan oleh kauntungan.

GA
GARAYANG SAKEHING JARWA INGKANG PRAYOGA

  1. Ananira tan duwe kauntungan ing lautan.
  2. Satrunira anduweni eling becik ananing kedut iku.
  3. Jarwane impen iku bakal tampa arta saka wong.
  4. Ing dina iki tan ana apa-apa, adoh cilakanira.
  5. Kang ana jroning kasusahan iku kadange  kang susah ing susah.
  6. Wong kang lara kaparingan mulya dening Allah.
  7. Wetengan iku metu lanang nanging tan dawa umure.
  8. Wadon oleh laki bagus lanang oleh mlarat.
  9. Ningkah iku mung ngarah arta tan murih prawan kang apik rupane.
  10. Asihe marga saka prajanjian.
  11. Dina iki kabener cilaka yen lumaku wektu asar.
  12. Mitranira iku apik atine karana ana kang di elingi.
  13. Barang iku kacolong wong wadon.
  14. Wis mulih ananging mampir ana ing dalan.
  15. Aja manggon nagara kang akeh gununge.
  16. Sira katunan marga ana kancanira kang lumaku salah.
  17. Kauntunganira wis penak saking badanira.
  18. Pangajapira ora katekan.
  19. Ora sida pegatan marga katarik ing prakara.
  20. Wong kang perang kalah bareng lan kancane.
  21. Prakara iki gelis kapancus nanging sira kalah kasusahan.

BA
BABU BAPA WAJIB SIRA BEKTENANA

  1. Saka prakara iku menang nanging akeh metuning ongkos.
  2. Sira dagang ing lautan ora duwe kauntungan.
  3. Kedut iku katekan sedyanira panggaotan.
  4. Impen iku sira arep nemu susah ati.
  5. Dina iki tau ana kacilakan lamun lan metu saka ngomah.
  6. Wong kang sajroning susah tinulungan wong saka liyan nagara.
  7. Wong kang lara yen kurang seneng atine dadi patine.
  8. Wetengan metu lanang nanging bapakne kalah.
  9. Lanang oleh jodho ala,wadon oleh becik.
  10. Aja ningkah karana tan lawas nuli pegatan.
  11. Asihe mung sedhela bae.
  12. Dina iki keh cilaka mangkata jam 9 esuk.
  13. Mitra karuh iki tan bener atine.
  14. Kaya arep mulih kaya ora nanging tunggunen bae.
  15. Barang ilang wong lanang kang jupuk wis ginawa metu nanging ketemu.
  16. Aja sira manggon negara gedhe. Nemu cilaka.
  17. Tunggunen ing dalem, jam 12 iku tumekaning untungira.
  18. Untungira iku antinen rong taun lawase.
  19. Elinga bae ing Allah apa karepe ira katekan.
  20. Dheweke sih padha sih nanging isin sida dadi pegat.
  21. Wong kang ana paprangan lan nedya mulih marga wis seneng atine.

THA
THENANGIRA WAJIB ANGAWASNA

  1. Wong kang ana paprangan wis mati ilang jisime.
  2. Prakara iki sira menang nanging kalawan ragat akeh.
  3. Ing dharatan lamun sira dagang bisa dadi untung.
  4. Kedut iku mitramu wus lali eling maneh.
  5. Impen iku sira bakal dipondhoki wong.
  6. Dina iki akeh cilakanira marga saka wong liya.
  7. Wong ing sajroning susah oleh ngapura.
  8. Wong kang lara kalawan kabuling donga nuli waras.
  9. Wetengan metu wadon nanging gawe mlarat.
  10. Yen lanang jodho becik wadon demen dolan lakine.
  11. Ningkah iku aja klakon karana kang lanang gelis mati.
  12. Mulane asih marga wus antuk marang kalakuhane.
  13. Dina iki lumakua slamet.
  14. Prasanakanira iki becik atine ing salawase.
  15. Iku barang cinolong wong lanang wis tan tinemu.
  16. Dheweke gelis mulih nanging mlarat.
  17. Sira tetep ing kene nanging aja gugu ajare wong liya.
  18. Saka ngawal tumeka akir nemu katunan.
  19. Sajrone  taun iki untungira teka.
  20. Pangajapira oleh kang sabar bae.
  21. Prakara pegatan iku tan bisa atut maneh.

NGA
NGAKIRIRA MURIHA MARGA UTAMA

  1. Pegatan iku atut nuli pegatan maneh.
  2. Wong kang prang ora sida mengko bali meneh.
  3. Prakara iku sira dadi kalah lan akeh ongkos.
  4. Ing laut sira untung sathithik yen dharatan ora oleh.
  5. Bakal diulemi rame-rame nanging kasusahan.
  6. Impen iku sira nemu susah marga saka arta.
  7. Dina iki slamet.
  8. Jroning susah nemu ngapura.
  9. Wong kang lara gelis waras.
  10. Metu anak wadon nemu kauntungan.
  11. Lanang oleh liyan bangsa becik wadon laki ala.
  12. Ningkah iku slamet nanging tan duwe anak.
  13. Asihe  marga saka arta, liyane tan ana.
  14. Dina iki aja sira lunga marga ing dalan sira cinegat begal.
  15. Kuwanuhanira tan bener atine mung prayoga ucape.
  16. Barang kang ilang gelis katemu saking tanganing bocah.
  17. Susah ing dalan mulane lawas tekane.
  18. Liya sasi sira banget arep ngalih saka ing kene.
  19. Marga saka panggewene baturmu sira katunan akeh.
  20. Taun iki sira ana kauntunganira nanging durung nyukupi.
  21. Saka pangajapira katekan jalaran saka wanita. 

 

TAMAT

—@@@—

SINGIR NABI


  1. Bismillahirrahmanirrahiim, ibtida’i miwiti ingsun, muji ing Allah kelawan nuwun, ikilah singir ing Kanjeng Gusti, mula dèn singir parasé nabi, mula dèn pikir sarta dèn titi, bisaha terang kaya kang ngerti, Nabi Muhammad ingkang sinelir, arep dèn tutur ana ing singir, putera jaleré Kiyahi Abdullah, pinuterakken ana ing Makkah, durungé lahir Jeng Rasulullah, dèn tilar séda Radèn Abdillah, nalika séda Radèn Abdillah, iku beneré ana abuwak, dèn sarèkaken ana Madinah, kari rerandhan Dèwi Aminah, sarta angandhut Jeng Rasulullah, tur masih tetep ana ing Makkah.
  2. Sawusé lahir menyang ngunainah, dèn susokaken Dèwi Halimah, lawasé lawas bali nyang Makkah, dèn aturaken Dèwi Aminah, dèn ajak lunga maring Madinah, ibuné séda ana abuwak, sandhing kang raka Radèn Abdillah, dèn sarèkaken ana Madinah, Nabi Muhammad bali nyang Makkah, malasan garwa Dèwi Khodijah, sawusé dadi nabi utusan, lan keparingan kitab Quran, sarta baliné sèket syariat, para sahabat padha mufakat, Abu Bakar Umar Utsman Ali, padha percaya syariat nabi, tetkala paras nabi sinelir, iku dèntutur ana ing singir, wong mukmin suwiji matur sahabat, ing Abu Bakar kebat anjawab, ya Abu Bakar ratu mukmin, ing dhawuh tuwan kula kepèngin.
  3. Kala yèn paras Jeng Rasulullah, dinané sasi niku punapa, duk miwah kuluk kang pundi, dènparingaken ing Kanjeng Nabi, ya Abu Bakar iku ngandika, ing wong kang mukmin kang padha teka, tetkala paras Nabi Muhammad, bakdané kondur king perang lahad, ing dina itsnain wus ana Makkah, iku konduré saking Madinah, jeng gusti darus Quran sak saat, maka katekan ing malaikat, Jabrail bekta kalimat ayat, dèn paringaken Nabi Muhammad, puniki warni ayaté Quran, dèn paringaken kekasih tuwan, mukhalliqiina ru’usakum, wamuqashshiriina laa takhaafuuna, meneng jeng nabi amung sak saat, dhedhawuhna ing malaikat, ya Jabrail kebat umatur, maka jeng nabi kinon acukur.
  4. Yèn kula cukur kersané Allah, ya Jabrail matur ing Allah, Nabi Muhammad kasihé Allah, Jabrail maras Jeng Rasulullah, nabi ngandika ing malaikat, sampéyan tuwan ingkang lumampah, kuluk kula niku kang pundi, rèhné tuwan kinon marasi, ya Jabrail matur ing Allah, nuwun kuluk Jeng Rasulullah, ya ilahi anta pangéran, pundi kuluk kasihé tuwan, Nabi Muhammad ingkang sinelir, dhawuh pangéran ing Jabarail, kebat lungaha nyang suwarga, sira methika godhong kastuba, ingkang saklembar gawé kuluki, kasih ingsun maring parasé, nuli Jabrail nyang suwarga, methik godhongé kayu kastuba, amung saklembar lir sutera ijo, dèn kulukna iku angago.
  5. Dènaturaken nabi wekasan, kasihé Allah kinon kulukan, ya Jabrail maras Jeng Nabi, sangalas ramdlan tanggalé sasi, sahabat papat marek ningali, tetkala maras rima Jeng nabi, réma saklembar dhak runtuh bumi, suwiji réma tan ana bumi, nuli ngandika Nabi Muhammad, takon hikmahé ing malaikat, merga dhak runtuh ana ing bumi, Jabrail matur ing kanjeng gusti, kathahé rambut tuwan wuninga, niku sakkethi lan telung leksa, lan telung èwu lan telung atus, lan telung puluh telu dènurus, pertaman pangéran ing widadari, ing suwarga aja na kèri, he widadari padha mudhuna, nyanga ing Makkah padha nontona, olehé paras Nabi Muhammad, ingkang marasi ya malaikat.
  6. Sira meraka jaluk rambuté, saklembar ya akèh tsawabé, sira talèkna ing lengenira, sakèh dosamu ingsun sepura, sing sapa simpen ing caritané, ingsun sepura sakèh dosané, ikilah paras ing Kanjeng Nabi, ngerawatana bakal yèn mati, tetkala ngalap ing malaikat, ngambil nyawané bésok sekarat, lan luput siksa ana ing kubur, sabab dosané iku wus lebur, mungkar wa nakir tidhak nakoni, sabab wus olèh syafa‟at nabi, lan sun paring kamulyan donya, terus akhirat iku suwarga, sebarang gawéhan nyang gelis dadi, lawasé urip dhak kurang rezeki, yèn dhak gelem simpen ing ceritané, olèhè paras haditsé nabi, sasat asengit ing awak ingsun, sabab dhak dhemen ing kasih ingsun.
  7. Sing sapa mahido kafir matiné, sabab uripé mamang atiné, a’udzubillahi ngelindhung ing allah, aja kasi kufur ing Allah, lan muga-muga allah nulungi, ing wong kang nulis carita iki, lanang lan wadon kang gelem maca, syafaat nabi dèn paringana, khatamé syiir ing dina rebo, nyerambahana ing anak bojo, tanggal ping wolu ing sasi rejeb, syafa’at nabi dènarep-arep, pukul wolu pasaran legi, bisaha mati dèn aku ngabdi, hijrahé sèwu telung atusé, lan rong puluh telu punjulé, saking sejané iki dèn tata, dadi wong maca iku katata, sabab dhak kanthi lafal makna, dadi wong maca iku dhak tuna, mulané iki tak singiraken, amerih yèn maca iku dhak kaken.
  8. Supaya rahab bocah gisau, sabab macané kanthi ing lagu, dadi bék kerep olèhé maca, semangsa kerep nyang gelis bisa, paras dèn singir nular ing jawan, salah beneré wallahu alam, saking bodhoné dhak bisa ngaji, wani anyingir parasé nabi, pira salahé nuwun ngapura, maring Pangéran Kang Maha Mulya, saking sejané iku dèn tata, tibané jawan ingkang dèn waca, sakbisa-bisa aja dèn wada, luwih kurangé dèn wuwuhana, sawusé tutug singir dèn paras, ingsun tambahi singir syafa’at, liyané singir donga Jeng Nabi, dèn ngamalaken rina lan wengi, kalané lungguh Jeng Rasulullah, ana jeroné masjid Madinah, dhawuhna donga ana ing syarah, andhawuhaken ingkang fadliilah.
  9. Ya Jabrail ngaturi salam, Nabi Muhammad mangsuli salam, Nabi Mahammad mugi katura, kathah tsawabé punika donga, lanang lan wadon padha macaha, ing donga iki kang samben dina, utawa sawulan maca sapisan, utawa rong wulan maca sapisan, utawa satahun maca sapisan, lan sak umuré maca sapisan, aja tan ora sira macaha, senajan sepisan anggeré bisa, yèn dhak bisa maca donga tulisan, maka simpena iki tulisan, maka ngereksa Allah ta’aalaa, malah ngebeki lawang a’la, widadari dadi cadhangan, sartané padha anampa talam, ingkang dèn tampa talam kencana, isi panganan saking suwarga, dèn cadhagaken ing wong kang maca, donga Jeng Nabi kang katerima.
  10. Allah ta’aalaa nekani karep, yèn maca iku ingkang seregep, lan akèh-akèh iku tsawabé, lamun dèn waca iku dongané, dhak kurang rezeki kang selawasé, dèn padhangaken iku atiné, dèn panjingaken ing suwarga, kala sekarat iku dhak lara, mungkar wa nakir idhak nakoni, dina kiyamat idhak nakoni, lan selamet ing pancabaya, jin lan sétan dhak niya-niya, Allah ta’aalaa anyugihaken, ikilah donga dèn ngamalaken, sartanè luput sakèhé bilahi, bésuk kiyamat luput ing geni, Allah ta’aalaa ambagusana, wong kang seregep angapalna, sing sapa mamang pesthinè kufur, dhawuhé nabi dhak kena nyingkur, kabèhé tsawab idhak nulisi, banyu segara dèn-gawé mangsi.
  11. Sakèhé kayon dèn-gawè kalam, sakèhé godhong dèn-gawé papan, yekti dhak cukup iku dèn tulis, sakèhé ganjaran dhak bisa milis, lamun wus hafal ing donga iki, sakèhé sètan iku dhak wani, lan lamun ana sateruné metu, maka wacanen mali ping pitu, dadi saterumu iku dhak wani, Allah ta’aalaa kang ngudanèni, gusti Hasan ngandikakaken, lan Sayyid Ali wus ngapalaken, Allah ngandika aja kon lali, weruhna dosa maring awwali, kelawan darus kang wali-wali, simpen parasé ing Kanjeng Nabi, supaya weruh maring bodhoné, maring si dosa siji-sijiné, sakèhé wong mukmin padha mufakat, nyuwun syafa’at Nabi Muhammad.
  12. Ngandika Allah ingsun ngasihi, wong kang ngupaya carita nabi, wong munafik aja tuturi, sabab agamané idhak ngerti, sing sapa simpen ing carita nabi, maka selamet ing sak umuré, maka sun paring rahmat sak leksa, saben wengi lawan dèn reksa, sing dhak gelem simpen ing caritané, ingsun kurangi ing sak isiné, lan sun kurangi sandhang pangané, sakèh perabot jero omahé, yèn wong kang dhemen carita rusul, olèhé paras ing Kanjeng Rasul, jin sétan iku dhak wani, tur dadi syahid bésok mati, lan yèn lara nyang gelis waras, olèh berkaté nabi peparas.
  13. Lamun sira arep lelungan, pesthi selamet ing kala lungan, lawan selamet maring kesasar, miwah selamet sakèhé bégal, sato galak dharat dhak wani buru, lan sato galak jeroné banyu, malaikat sèwu ingkang ngereksa, wong kang ngupaya iki carita, kekasih ingsun Nabi Muhammad, olèhé paras dadi syafa’at, lan lamun sira saba nyang guru, aja lali paras jeng ratu, dadi selamet dhak kena bendu, sarta welas maring ragamu, lamun ana wong kena wesi, kelakuhané tulisan iki, lan banyu adhem tur ingkang tawa, dèn inumaken maring kang lara, insya Allah nyang gelis waras, olèh berkaté nabi peparas.
  14. Poma dipoma nyang ngupayaha, paras Jeng Nabi kang dèn ngupaya, yèn dhak duwé nyiliha sira, angupayaha ing kanca sira, lamun wong mukmin ngupaya cerita, amèrih nyimpeni iki carita, maka sun paring ing wong kang bisa, ana akhirat idhak dèn siksa, sing gelem maca ing donga iki, dèn-gawé sangu bésuk yèn mati, iki wus khatam donga dèn syarah, atas dhawuhé Jeng Rasulullah, akèhé mung wolu likur, ing buri iki donga dèn tutur, bismillahirrahmanirrahiim, allahu allahu al-azizu al-hakiimu, allahu allahu al-maliku al-qudduusu.
  15. Allahu allahu al-ghafuuru al-waduudu, allahu allahu al-syakuuru al-haliimu, allahu allahu al-shamadu, allahu allahu al-hamiidu al-khabiiru, allahu allahu sayyidu al-jabbaaru, allahu allahu al-ilaika al-khabiiru, allahu allahu al-kabiiru al-akbaru, allahu allahu al-qaadiru al-wahhaabu, allahu allahu al-waahidu al-qohhaaru, allahu allahu al-azhiimu al-qudduusu, allahu allahu al-khaaliqu al-mubiinu, allahu allahu al-„aliyyu al-muta‟aali, allahu allahu al-zhaahiru al-baathinu, allahu allahu al-awwalu al-aakhiru, allahu allahu al-baari‟u al-mushowwiru, allahu allahu al-maliku al-qudduusu al-raufu, allahu allahu al-mukminu al-muhaiminu, allahu allahu al-raufu al-rahiimu.
  16. Allahu allahu al-baa‟itsu al-waaritsu, allahu allahu al-dayyaanu, allahu allahu al-syahaadatu, allahu allahu al-qaabidlu al-kariimu, allahu allahu al-khallaaqu, allahu allahu al-hakiimu, allahu allahu al-qawiyyu al-muniiru, allahu allahu muhammadu rasulullah, laa ilaaha illallahu muhammadu rasulullahu shallallahu „alaihi wasallamu wa „ala aalihi wa ashhaabihi ajma’iina. aamiin. wallahu al-haliim.

—@@@—

%d bloggers like this: