SERAT TAJUSALATIN Bag. IV


SERAT TAJUSALATIN Bag. IV

Pupuh XXII
S I N O M

  1. Ingkang meneddi kawula, pan ratu kawula lami, punniku ingkang misudha, munpangat sandhang lan bukti, ing jenneng paduka ji, pan kawula déréng wawuh, déréng ngasung munpangat paduka mring kawuléki, milannipun yén amba nedya suwita.
  2. Dénné tuwan angandika, Narka ing ngamba prihatin paran boten prihatinna, ratu kawula ing nriki, paduka kang angendhih, angalap karatonnipun yekti amba sungkawa, ambélanni marang gsuti, ingkang asung munpangat salaminnira.
  3. Mésem dénnira ngandika, Jeng Sultan Ngabdulah Tahir, éh mengkono Darisalam miwah sira Nawir Katib praptannira kakalih iya [275] ngabyantaranning sun angajarraken rusak sira ing sadinna iki, ragannira lan sahaannak rabinnira.
  4. Sagung punggawa wus séba, ing ngamonca myang pasisir, animannaken sadaya, iya ing karaton mami, amung sira sun undang, mengkonno ujarriréki, apa lali lamun nana ngarsanning wang.
  5. Apa sira nora lira, ing nagara Karsanniki, yén ningsun kang madeg natha, umatur mantri kakalih, mokal pangandika ji, yén amba kang boten angsung Hyang Suksma sampun lila, pinnaringken tuwan mangkin pratandhanné ratu kawula kang lama.
  6. Sinung ngapes kasorring prang,  paduka kang dén paringngi, pratondha unggulling aprang, ing Karsan tuwan ancikki, ngandika Sri Bupathi apa karanné siréku, wanni ning ngarsanning wang, amicara akéh kedhik ingsun niki nora sira anggep raja.
  7. Mantri kakalih tur sembah, milamba micara wanni medalken sarasanning tyas dénéng ngarsanning narpathi, lamun micaréng jawi, liyan saking ngarsa prabu, apa gawé micara ingkang tan pantes kawijil ngarséng ratu sasat ngarsanning Hyang Suksma.
  8. Nora kenna taha-taha, angundhet rasanning galih, lalamis dora sembada, punniku rarasan jawi, lamun ngarsa narpahathi, tan kénging nganggé kadyéku, temah wong munnapékkan wong munnapék ing narpathi, sami lawan munnapék ing Hyang [276] Suksma.
  9. Apan ratu boten esah,  angngawulakna angngathik mring mantri kang munnapékkan suwita angrusak bumi, Sultan Ngabdulah tahir tedhak saking dénnua lungguh, ing patarana emas angrangkul mantri kakalih, sru ngandika Sultan Aoladi Kahar.
  10. Lah iki mantri utama, kang parêk saking Hyang Widdhi, ratunning karana Allah, tan ajrih ing lara pati, Sang Prabu nulya linggih, Si Ngangsana ngandika sru, éh kabéh ngéstokenna, nayaka mantri dipathi, Nawir Kathib kalawan Si Darisalam,
  11. Karo sun srahi nagara, ing Karsan sun tan ngawruhi, darma baé madeg natha, ala becikking nagari, sun pasrah wong kakalih, kalawan malihé iku, karo sun aku bapa, ing ngawal prapta ing ngakir, angalangna angujurrênna solah ing wang.
  12. Wus misuwur sanagara, Darisalam Nawir Kathik kabéh jumenneng papat, angréh sagungnging wadya ji, langkung sih Sri Bupathi, bébasa pracayanning ratu suyud sagung nayaka, jrih marang Kya Patih kalih, sanagara tan nana sumelangnging tyas,
  13. Sang Natha kondur ngadhatyan nimballi Patih Kalih, Nawir Kathik Darisalam prapténg ngrasa ngandika ris payo bapa apatih, ingsun narsa atetemu, mring wismanning pandhitha, kang durung prapta ing mami, ingsun pantes kang umarêk  ing pandhitha.
  14. Sapa aranning pandhitha, umatur Kya Patih kalih, satunggalMuka[277]mat Islam satunggal Mukamad Ngarbi, siyaga Sri bupathi, amung Kya Patih Kartumut lawan wadya sadaya, annamur saking  jro puri, tan kawarna  praptanning ngarsa pandhitha.
  15. Malebet ing wismannira, uluk salam Sri Bupathi, Séh Muhkadarbi mulat tedhak sarwi amanggihi, Séh Mukammad lingnya ris éh Nawir Katib siréku, sapata réwangngira, wong nganom marénné iki, Darisalam nembah maturring pandhitha.
  16. Éh Ki Séh inggih punnika, putra tuwan Sri Bupathi, kang mengku ing mangké uga, nagari Karsan punniki, Sultan Ngabdullah Tahir, punnika birbisikkipun ngurmatti ing paduka, réhning madeg nathéng ngriki, pan wontenna pangéstu munpangat tuwan,
  17. Séh Amad Ngarbi lingngira, dika bagé Sri Bupathi, inggih kawula miyarsa, ing pawarta yénna pekik kula mangké udanni, sayekti lamunna bagus émanné kang suwarna, ratu dura néng Hyang Widdhi, dénné ngambil karaton sarta niyaya.
  18. Lamun maido Sang Natha, lah mangké tuwan anténni, kawula nedha ing suksma, yén warni tuwan kang pekik boten owah samangkin tetep rahmanning Hyang Ngagung, sampun manggih ngapura, saksana andonga anglis mung rong amin Sang Pandhitha amalih warna.
  19. Kadya cukulub kang warna, rêged angnglir dén angussi, warata saragannira, anjukel Sri Narapathi, sumukem sukunnéki, [278] mring Sang pandhitha amuwus kawula tedhakenna, ngapura maring Hyang Widdhi, éh papatih timbalanna rabinning wang.
  20. Metuwa saking jro pura, boyongnga marénné aglis ingsun nora madeg Natha, yén warnaning ngong tan pulih, Kyana Patih mondhongngi, sagung praméswari prabu, prapténg wismanné samya, ngarsanné Séh Amad Ngarbi, Sri Naréndra lan garwa dres atilawat,
  21. Séh Amad Ngarbi lingngir, katujunné Sri Bupathi, ing ngunni gung dosa tuwan duk wiwit dosa kedhik dénné ngapura maring mantri, kang loro punniku, sarta paduka  angkat angadeggaken patih, sinurat kadénning malékat kutubah.
  22. Yénna karêp kabecikkan ngadoh ing panggawé silip karana mantri punnika, Darisalam Nawir Kathib katartantonning nguni, prawiran nira rajayu, pan boten montra montra, amirib panggawé sisip namakaken karyanning bala mrih arja.
  23. Kapindho gempilling dosa, tuwan nedya annedhakki, manggihi para kukumma, punnika sampun tinulis ngambal tuwan sakethi, dénnya sih mring para jamhur, norraga asung kurmat mangkana Sri Narapathi, prapkéng pitung dinna néng wisméng pandhitha.
  24. Kadhawuhan pangapura, wus mantuk warnanné lami, ing kapraban diwangkara, mingé sekar ing ngudadi, maha dipanning ngaji, angngrong rumenggéng sitangsu, sorobbing jaladhiyan mése[278]mma mannis namengngi, kujanning ngrat rumabaséng tri buwana.
  25. Madmud subbing pra marêdya, Jeng Sultan Ngabdullah tahir, ninditanning bumintara, Karsan angadeg narpathi, Mesir nurring rat kabir, maha diwéng Ibnu Yakubkamidun pramudipta, menggep manuhara bangkit kari angngréh maketerté kang durring rat.
  26. Langkung dénnira mangrepa, marang Ki Séh Amad Ngarbi, wus kinén mring Sang pandhitha, kondur angadhaton aglis lawan Sang Praméswari, Kya Patih mamatah wadu, kang rumekséng pandhitha, naossi sakarsanéki, langkung kurmat natha pathi mrih ambapa.
  27. Sapraptaniréng jro pura, nimballi Kya Patih kalih, prapta byantara ngandika, Jeng Sulrtan Ngabdullah Tahir, lah bapa kari siji durung ingsun atetemu, tuwan Séh Amad Islam layakké bapa apatih, kapindhonné kenna ing pameléh ing wang.
  28. Nadyan silih  mangkaha, sayekti katemu mami, umarêkka ing pandhitha, ing ngari Jumungah ngarsi, baya kang luwih ngésthi, kang kari pandhitha iku, Ki Seh Mukamad Islam, asiha ing raga mami, sukurringsundhinnawuhana duduka.
  29. Sasat parmanning Hyang Suksma, dénné awekassan becik Kyap Patih kalih tur sembah, alerês karsa Sang Ngaji, dukanning pandhithéki, lawan pujinné wong cubluk, papasthi lamun mangangat dudukanning padhithéki. Lawan wajib ratu mumulé pandhitha.
  30. Karana ingkang pandhi[280]tha, karya sampurnanning bumi, kunneng laminning winnarna, praptanning Jumungah ari, Sultan Ngabdullah Tahir, siyaga lan garwannipun marêkmarang pandhitha, Séh Amad Islam kinnapti, sampun mimba Naréndra saking jro pura.
  31. Kyana Patih kalih samya, tan karilan Sri Bupathi, lan sagung mantri nayaka,  rakit kaprabon narphathi, ginnarêbegging dasih, pratondha karatonnipun yata séh Amad Islam lalampah amung pribadi, lan teteken arsa medalli Jumungah.
  32. Wonten wadya tur unningnga, yén Ki Séh wonten ing margi, lalampah amung priyongga, kéndel wau Sri Bupathi, tedhak saking wanniti, dhedheg kang wadya ngungurung, Ki Séh Mukamad Islam tan kéndel dénnya lumaris Sri Naréndra methukkaken uluk salam,
  33. Ki Séh kagyat atatannya, wong apa sira punniki, lawan apa karyannira, sira katemu ing mami, Kya Patih Nawir Katib maring pandhitha umatur, Ki Séh inggih punnika, putra dika Sri Bupathi, amanggihi ing tuwan amrih sapangat,
  34. Sigra méngo Sang pandhitha, sira Patih lawan mami, apa dénné wak mami, tan nana manpangattingsun papanggih lawan sira, sira durakéng Hyang Widdhi, sarwi méngo Ki Séh datannarsa mulat,
  35. Sang Natha langkung anjola, niba sumungkem padéki, nangis nenedhéng Hyang Suksma, a[281]jrit pannangis siréki, ya Allah kang akardi, ing dasih suker mulyéku, dénné kawula tuwan Séh Amad Islam punniki, ingkang langkung tuwan titahaken mulya.
  36. Dénné datannarsa mulat ing wadanamba punniki, kalangkung susuker amba, annenedha amba mangkin pangapunten sayekti, suker kang sampun kalangkung, anulya wonten swara, swara mijil saking gaib, sang pandhitha marang Sang Natha.
  37. Éh Sang Prabu dipun énggal  junjung mastakanniréki, dhawuh apuranning suksma, mring sira iya saiki, malah sira narpathi sinung wuwuh wahyu agung, kagyat tangngi naréndra, kinnanthi astanniréki, pan binekta Sang Natha mring wismannira.
  38. Sarwi mojar Ki Pandhitha, Sang Natha mannira iki, arsa metonni Jumungah, bali dhoyohan siréki, ganjarranné pan sami, lawan wong dhayohan ratu, dénné mengko mannira, atur kojah ing sang Ngaji, apannamrih kamulyanné wong sajagad,
  39. Prapta wismanning pandhitha, wus tata samya alinggih, Ki Séh metokaken kojah, wruhannira Sri Bupathi, ingapuran-niréki, sabab kurmat pandhithéku, marmanné wajib uga, ing wong madeg narapathi, ngulattan ngulama lawan pandhitha.
  40. Wéhana pangkat  kamulyan sayogya wéh sukéng galih, dadi mén kojahé wutah, tan nana sulayéng warti, mrih sampurnanning budi, ana sara[282]t kaping wolu, aywa ngegungken awak yén mungguh maring wadyéki, lawan aja karya sak atinning bala.
  41. Kayata aningallana, ing bala lir armajéki, kolur sahari pannyapa, dipun agung mulyéng budi, amrih padhangnging galih aja kadi ngalammipun Pirngon Namrud lan Sadat iku kang tetep tinnampik tinuladda karatonné Nabi Musa.
  42. Musa ngaléhi wasalam tata kramanné nganteppi, amengku wawengkonning tyas sakayunné dén ambekki, asih panggawé becik mannis antaranning tembung, lamun namakken undhang, alus sartanné patitis marang mungsuh kalangkung bengis tur keras,
  43. Angon sakarêpping wadya, anuwukki maring dasih, buwang pannasténning bala, ngulappi irénning dasih, yén ganjar maratanni, sabagi-bagi  apatut miwah ana ing teba, watekké Jeng Musa Nabi, wonten  kocap ing tepsir surat bekarah.
  44. Pan waidistaka musa, anenggih likaomihi, ya pakulnal ribi ngasa, kal kajarwan pajarati, min usnata anuli, ngasrata ngaténnipun duk Nabi mangun yuda, kasattan balanné sami, annenedha Nabi Musa mring Hyang Suksma.
  45. Saking tanna manggih toya, mila nangis ing Hyang Widdhi, tresna welas maring bala, lara pati  dén labuhi, sanget dénnya prihatin musakatting balannipun sanget pannangngissira, wonten rahmat améngetti, wau kinnén ang[283]gitik ing tekennira.
  46. Angangkat teken grahita, pangunnandika Jeng Nabi, dénnya punggawanné rolas mangala pangirid baris lamunnana amangkin iya rahmatting Hyang Ngagung, bannyu sanggon kéwala, yekti rusuh bala iki, rêbut dhingin pangombenné salang tunjang.
  47. Dhasar wus lami kasattan kangéllan madyanning jurit pasthi akéh lali rowang, kang ngamrih nginum rumiyin becik anaha iki, rolas susumberrannipun punggawan-ningsun rolas ingsun bagé siji-siji, sabaturré tan rusuh anginum toya.
  48. Tepsir jalalén sapisan Nabi Musa dénnya gitik dadya sumber kalih welas tepsir Mundrik Baélawi, Ibnu Ngabas geng sami, myang Bahwa Ayatulngurum anggitik kaping rolas dadi sumber siji-siji, angijénni punggawanné kalih welas,
  49. Apan nulya kat ngalima, ngalima kulu unasin mas srabahum paparéntah, sawusnya wruh  bala sami, padha nginumma aglis iku rêjeki Hyang Ngagung, lah iku ta Sang Natha, polah sih rumekséng dasih, irên lawan  pannastén ingkang jinnaga.
  50. Enggonné ing rong prakara, kang dhingin namakken kardi, kapindhonné anggaganjar, yéku gon pannastén iki, rêksannen dénna becik mungguh rong prakara iku, nuwun sarwi norraga, Jeng Sultan  Ngabdullah Tahir, mugi-mugi antukka sapangat tuwan,
  51. Ka[284]é Séh Mukamat Islam alon angandika malih, ana sarat kaping sanga, mungguh jennengnging Narpathi, élingnga dén abecik sabarang pakaryannipun dén wruh tepa sarira, mung iy ajisim punniki, rathu: wadya ing wadhaggé nora béda.
  52. Yén ugi namakken karya,  marangwadya sannagari, ngagemma tepa sarira, yén nana karêpping ngati barang karêp punniki, ngagemma wajibbing rathu, bongsa eroh punnika, roh rathu sor-sorran Nabi, nora kenna akarêpkang ora-ora.
  53. Lawan miliya wajirak kang kinnén namakken  kardi, kang sinung paparéntahan punggawa ingkang abecik  apa lire abecik apariksa sabar maklum patitissing wiwéka, pamicara rum amannis barang karya wruha wekassaaning tingkah.
  54. Ngedohi panggawé ala, marpekki panggawé becik ngétungnga nistha utama, nistha pan wajib tinampik kang ajrih ing ruruntik mungguh durakéng Hyang Ngagung, karêksanning nagara, yénna kéh punggawa becik barang tindak lirikken ing maklum molah.
  55. Yén nana kakasihira, niaya marang wadya lit nuli énggal patrappana, yén sira nora matrappi, dadi tibéng siréki, niayanné wong punniku, sarat kang kaping sadasa, ratu iku apan wajib gugulangnga ing ngélmu kawicaksannan,
  56. Pambukanné éndah-éndah, kitab maparittunnasi, réhning amengku [285] nagara, wruha wong ala wong becik pamétté dén tingalli, laku linggih solahipun mungguh ngélmu wilayat kang bisa ambuka arti, sipat katon warnanné wruh watekkira.
  57. Rupanné anggawa tondha, kang pantes sinungngan kardi, ngélmu iku nora kenna, lamun dén nanggo wong cilik yekti andurakanni, karsanné Hyang kang dén ecup amung kang para raja, nganggo ngélmu iku wajib iya milih ing wadya amrih dandannan,
  58. Ana pasal ping walulas kang wajib ing para aji, anganggo ngélmu pirasat iku ngélmunning narpathi, lawan piyapat nenggih, kang nger ngélmunning ratu, amung patang prakara, tan kenna tinninggal ugi, saprakara iya ing ngélmu nurbuwah.
  59. Mila sarat sing sadasa, kang wajib sagung narpathi, ngulaha kawicaksannan pasang graita lulungit darapon kenna ugi, ambuka sagungnging ngélmu, ngélmu kang kawajibban paparingngira Hyang Widdhi, kang winnajib dénning para raja-raja.
  60. Iya kang patang prakara, nurbuwah wilayat nenggih, kikmat kalawan pirasat piyapat punniku nunggil lawan pirasat sami, siji wiwilangngannipun nanging ana binéda, sayekti punniku nunggil ana dénné mungguha ngélmu nurbuwah.
  61. Anapon ngélmu nurbuwah, tegessé kang para Nabi, lalakonné kinnawruhan Nabi kang dadi narpathi, dénnya angréh wadya lit [286] lan ingerring prajannipun dénnya rumekséng bala karêksanné wong sabumi, wahyunnipun Nabi tinurunnan ilam,
  62. Nugraha kalawan kikmat sabarang pangréhiréki, pangawasiréng Hyang Suksma, anggung tinurunnan gaib ngalamt miwah wangsit kalawan isarat iku, tedhak amawi  ayat pangandikanning Hyang  Widi, duk semana Nabi pan ingaken tunggal,
  63. Sagungnging kang para raja, iya sor-sorrnning Nabi, dénné para Aoliya, kang datan ngisar narpati, sor-sorranning para ji, wahyunning wali punniku, ing tingal batin ilam nugrahannira Hyang Widdhi, nora nganggo kitab wruh rasanning kitab,
  64. Nora sinnau micara, kabéh wicara wus enting, kenna ingkang samar-samar, karana tyassing pra wali, kadi upama carmin wus mengkonno wahyunnipun upama kang paésan kang katon jro dén tingalli, pasthi nyata wali nétranning Pangéran,
  65. Ngandhappé tigangprakara, para Nabi lan para ji, para wali kaping tiga, sor-sorran tigang prakawis para kukama nenggih, tegessé kakim punniku, sagung wong wicaksana awas sabarang prakawis iya iku amucara sarta kitab,
  66. Kitab ingkang éndah-éndah, kitab ingkang buka gaib kabéh sami kinnawruhan yén mungguh  wong bawah angin ingkang minnongka kim para sujanna punniku, lan wong bérbudi samya, [287] yéku kang winnilang kakim ingkang dadya  yén Ngarab para kukuma.
  67. Apan wus kocapping kojah, jro kitab mar-atu ngadlin dhawuh andikanning suksma, marang  sagungnging Narpathi, wasawir umpikulli, amrin kakimin punniku, éh sagung para raja, tata rénna barang kardi, marang ngaklun kamilun para kukuma.
  68. Rasullolah kadhawuhan sabarang kinnén atari, marang kang para sakabat terah mring  para Narpathi, samya kinnéb atari, maring para kukuméku, karana inallaha, yukibul mutakabirin satuhunné Allah kang Maha Wisésa.
  69. Tannasih mring kawulannya, ya ingkang takabur sami, dénné kang para kukuma, wus ilang takaburnéki, amung maring wong kapir, mungsuh  kang kinnén takabur, sawab sampun micara, ayat sampun dén dhawuhi, pan patakullaha yayaulil albab,
  70. Tegessé padah wediya, sira kabéh ing Hyang Widdhi, sagungnging para kukuma, sujana para bérbudi , aywa amamarahi, mawing wong padha tekabur, karana sira padha, kang samya pinnaring budi, budi iku pan gegedhinning nugraha.
  71. Sang Natha langkung mangrepa, Jeng Sultan Ngabdullah Tahir, ti cobanniréng kiddemat Sang Padhitha angling malih, milanné Sri Bupathi, ngélmu kang éndah punniku, wajib kang para natha, paédah madhangken budi, wajib rathu angedohken kukama.
  72. Kalawan ngélmu pirasat piya[288]pat punniku wajib kaduwé kang para raja, mila sagung kukaméki, prasamya angawruhi, sinnaosken para ratu, kang padha kawajibban ngélmu palak lan buru ji, ngélmu nujum lintang tut lintang si arah.
  73. Wruh lakunning diwangkara, kalih welas dadi margi, lintang tub lintang si arah , wong meteng kang dén kawruhi, duklagi kawan sasi, wruh lannang lan wadonnipun cirinné kinnawruhan myang banjurré jabang bayi, wawatekké tan luput sampun  kawruhana,
  74. Sarta daulatté pisan cilakanné dén kawruhi, marma ratu kawajibban yén anurunnaken wiji, wruha kang bakal dadi, papancén satriya ratu, dénné ngélmu pirasat  wajibbing  akarya mantri, bobotting  wong rupanné anggwa tondha.
  75. Ing kinna ana kukuma, anama Suléman Paris umatté Kajeng Nabi Musa, iku anama Yahudi, sinnebut sanagari, Suléman Paris Trama Gung, langkung kawicaksannan sabarang ngélmu wus kenni, iku dadi pguronning para raja.
  76. Nalika Kajeng Nayakéng  ngrat anglar jajahan agami, dénnya mamangun saréngat sagung  nagari-nagari, kang miyarsa  para ji, maido annarka dudu, ing ngaran ngélmu kemat amung patang prakara  samimandhek mangu kaya dudu kaya iya.
  77. Samangya gubel gurunnira, mring Ki Séh Suléman Paris ratu kang  patang prakara, punnapa punniki inggih, lamun naya[289]kéng  bumi, dipanning jagad panutup punnapa ngélmu kemat tuwan awasna kang yekti, Séh Suléman Paris sigra maring Mekah.
  78. Amomor wus prapténg  Mekah, wau Séh Suléman aris annyipat ngélmu pirasat kakimin Suléman aris rapli lawan maknawi, kang cinipta ngélmunnipun maksuddé wus kajajah, dupi tumingal Jeng Nabi, adawadhu; layawa biwadin lingnya.
  79. Alah iku kang wadana, kang nora kenna ing kidib yéku sarira kang mulya, pasthi tan kenna ing drengki, amung agawé becik rupa wong mengkonno iku, lawan asung kamulyan sama-samanning ngaurip nulya mantuk Suléman Paris praptanya.
  80. Ratu kang patang prakara, ing ngajak siyaga aglis séba mring Sang Nabi duta, ujarré Suléman Paris dora kabéh kang warti, anarka wong ngaku-aku, yekti mungguh pirasat dudu kemat dudu drengki, nulya budhal narpathi patang prakara.
  81. Prapténg  Mekah ratu papat manjing sakabat mring Nabi, wus kandel agamannira, miwah Ki Suléman Paris nulya sinungngan pamit angrata agamannipun ing nagrinnira samya, lah iku Sri Narapathi, gawé gedhé mungguhing ngélmu pirasat,
  82. Lawan ing kaol muktamat katondha Ngimam Sapingi, Sapingi usirtu misra, lumaku mring nagari Mesir, kathah sabatté ngiring, lalampah [290] wus kalih dalu, kéndel ing nagri Rumlah, wonten satepining margi, yata wonten wong bumi metu lélédhang.
  83. Annom abagus ajennar, Imam Sapingi ningalli, dinukking ngélmu pirasat gunnraita jronning galih, wong iki langkung pekik kuciwa matanné biru, iku atinné ala éman warnanné apekik wong abagus  duwéya ati raharja.
  84. Wong nganom iku tumingal Imam Sapingi néng margi, kadhepek mara tur sembah, tuwan kawula aturri, sampun dangu néng margi, kéndella ing wisméng ulun langkung dénnya mangrepa, dénnira amrih ngaturri, adhaharra inggih  ing wisma kawula.
  85. Yén sampun  dhahar siramma, nunten gogonda amingnging, kawula saos er mawar, yén sampun sarira sami, ayem tan angrungsangngi, sakarsa tuwan lumaju, andhatengngaken karsa, mangkana Imam Sapingi, osikking tyas sampelah graitannira.
  86. Lamun kaya mangkénnéya, wong iki atinné becik dénné pirasatté ala, apa cidra ngélmu mami, dadi wurung sung anggit ya ngélmu pirasat iku, lagi antuk satengngah, kitab pirasat su anggit yén cidraha angur baya sun wurungna.
  87. Ngénnakki tyas pocappan Imam Sapingi nurutti, nanging jro  driya sungkawa, Sayid Amiril Sapingi, sabat samya udanni, sungkawanné Gustinipun praptanning wi[291]smannira, ginnelarran prang wadanni, lapis sapta sinnebarran kembang-kembang.
  88. Agupuh ithak-ithikkan kang duwé wisma gumati, wus aglar kang pasugata, ngaturkes sarwi wotsari, wau Imam Sapingi, sangsaya pangungunnipun dénné nora kayaha, wong iki atinné becik yén becikka dénné pirasatté ala.
  89. Lajeng nurutti adhahar, nanging jronning tyas prihatin wus dhahar  ngaturran siram ér mawar wus dén cawissi, penuh sarowang néki, wus ayem sarirannipun anulya papamittan,
  90. Ungelling serat punnika, duk tuwan wau abukti, wonten ing wisma kawula, prabéya kawula ugi, pasugatanan nami, pan telas dinnar sapuluh, mangké panuwun amba, angajeng-ngajeng paparing, aparingnga tuwan kalih dasa dinnar.
  91. Mésem sungkawanné ilang, sakala Imam Sapingi, netya bingar lon ngandika, iya dinnar patang puluh, manjing iku tikel pat nora wurung sida dadi, enggonningsun anganggit ngélmu pisarat,
  92. Anulya ungkur-ungkurran sabat matur turut margi, kang munggéng kéringnging kuda, umatur saha wotsari, amba maturring Gusti, mila tuwan waunnipun nalika manjing wisma, tuwan kalangkung prihatin jronning dhahar taksih kalangkung sungkawa.
  93. Imam Sapingi [292] ngandika, wau mila ngong prihatin duk ginnawa maring wisma, wong ika ingsun tingalli, wadananné tan becik pratondha matanné biru, pasthi atinné ala, wekassan teka gukati, mring tatamu dénné ta matanné ala.
  94. Apa iya kukurangngan  kitab kang lagi sun  anggit pangréhing ngélmu pirasat mila ngong suwé prihatin ngundhat-tundhatting batin dalil ayat ingkang dhawuh, mila ngong nuli bingar, sawussé atompa tulis nora cidra lire kang ngélmu pirasat,
  95. Wong ika nyata yén ala, atinné pan nora becik susuguh kinnarya kemat sajatinné amrih bathi, susuguhé mring mami, lawan ta sabaturringsun enték sapuluh dinnar, balonja sugaténg mami, layang ika anagih rong puluh dinnar.
  96. Wus sayekti tyassé ala, mila sun mari  prihatin dadi nora kukurangngan ing ngélmu pirasat iki,  mila nuli sun wéhi, tikel ping pat bathinnipun wus pasthi nora cidra, kang kenna ing ngélmu iki, ala becik badanné anggawa tondha.
  97. Kunnéng malih winursita, nenggih pirasat maknawi, wonten wong guguru annyar, mring Sayid Imam Sapingi, sahantukké wong kalih, kakang adhi pan anuju, kawengngén duk lumampah, asipeng wonten ing margi, wisméng rondha annakké kakalih priya.
  98. Sinuguh kurma satalam dhadhayoh kang anom nenggih, tan mélu amanga[293]n kurma, amung kang tuwa kang bukti, ngancaran wanti-wanti, amung sumahur andheku, nanging tan purun mangan amung kakangné pribadi, kang susuguh ngoncatti mennawa taha.
  99. Kakang ngadhi sami késah, kang ngannom kari angintip ing solahé tamunira, dhayoh kang tuwa lingnya ris pagénné sir adhi, ngendi ana wong sinuguh, nora ngénnakki sarak kalebu wong anampik sih, lon sumahur milanné kawula kakang.
  100. Tan purun  amangan kurma, pan inggih  kurma punniki, tuwuh nginggil pajarattan lawan kakang kaping kalih, enggén sipeng punniki, sayekti amanggih mekruh, ingkang adarbé wisma , punnika jadah satunggil ingkang ngannom inggih  kang dadinning jinna.
  101. Kang tuwa alon angucap iku yayi saking ngendi, sapa kang muruk ing sira, ngélmu kang ambuka gaib kang ngannom annahurri, inggih tan liya guguru amung sarêng pun kakang, ing Gusti Imam Sapingi, pan pirasat maknawi kula winnejang.
  102. Anunggil lawan pun kakang, amung kang pirasat tapli, dénné mannawi punnika, kula winnejang pribadi, kang tuwan angling malih, sukur ta lah yayi sukur, saking ngapa sira angaranni jadah.
  103. Marang kang anduwé wisma, kadangngé kang ngannommiki, kang ngannom lan sahurrira, katondha in salah linggih, yén wong  annom upami, suker amanggihi tamu, ta[294]n jennak kalicattan cipta dhayoh glissa mulih, gih punniku yekti kadadénning jinna.
  104. Dénné kurma kang annondha, arummé tur ésmu amis mila tuwuh pajarattan wau kang lagya angintip atassing pamiyarsi, késah maring kakangngipun tutur pangintippira, lire kang dhadhayoh kalih, wus tinutur wiwittan prapténg wekassan,
  105. Kakangngé ngungun kalintang, yén mengkonno payo adhi, mara maring ibunnira, tatannya ingkang sayekti, karuhanné kang ngati, saksana sami lumaku, pratanning ibunnira, sarêng dénnya tatannya ris inggih ibu sinten kang ngukir kawula.
  106. Kalawan adhi punnika, punnapa tunggilla wiji, punnapa inggih liyaha, kang ibu alon naurri, pagénné sira kakalih, tatannya mengkonno iku, pan nora nana liya, mung ramannira pribadi, apanningsun nora tau laku cidra.
  107. Kang putra kalih turrira, ibu dika éling-ngéling, kang ngibu gupuh lingngira, apa lire ujar iki, kang putra matur kalih, tatamu punnika ibu, saking nagari Ngarab satrinné Imam Sapingi, mentas samya guguru ngélmu pirasat,
  108. Kula pun adhi punnika, inggih ing salah satunggil winnastan dadinning jinna, kang ngibu ngungun miyarsi, mengko ingsun tuturri, duk misihé ramak amu, nalika mara tapa, ing wukir kang katonniki, saben dalu yén subuh mantuk mring wisma.
  109. Saben sa[295]ben bakda salat sun saossi puhan roti, bukanné pendhak byarrinna, mekana dinna sawiji, nuju ing tengah wengngi, ramannira mulih dalu, anuronni maring wang, sawussé anuli bali, saossanné roti martéga dhinnahar.
  110. Jro roti isinné singgat nuli tatannya mring mami, pagénné saossannira, teka isi singgat iki gupuh ing ngong nahurri, mennawi ing wau dalu, dika nuronni mapan déréng kula jinnabaddi, bok punnika kang dadi cacad kawula.
  111. Dupi mirsa ramannira, tumungkul banget prihatin sarwi maca subkannalah, lawas-lawas ingsun titi, nora mulih nuronni, nalika martapéng gunung, iku ingsun kélingngan ing mongsa ingsun sarêsmi, dhunning rahsa apannas awakku awrat,
  112. Kiranné padha pandhitha, ingkang nyalubuk ing rêsmi, karana tatangganning wang, tannana wong mahas siji,  wong rong puluh pan luwih, kang nunggal sakrajanniku, tan nana katrocobban pandhitha kalawan murid miwah dhukuh kabéh tur padha pandhitha.
  113. Mokal yén wong moncapatta kang annyamur nyidra rêsmi, dénné sun tan nedya jinna, yén mengkonno annak mami, undangngen dipun anglis dhadhayoh roro punniku, ingsun arsa tatannya, dadinning jinna kang ngendi, apa sira utawa ta arinnira.
  114. Dhadhayoh wus  ingaturran prapta ngarsanning bunnéki, nyai rondha lon tata[296]nnya, dadinning jinna kang ngendi, ywa dadi tyassiréki, mannira tannya satuhu, iku ta arinnira, aran nana salah siji, endi ingkang kakdadéyan saking jinna,
  115. Dhadhayoh kang ngannom mojar, mangké andika saratti, babalungngé rakandika, kiyai kang sampun lalis dika kén mendhet kedhik annak kakalih agupuh, méntar maring ngastana, dhudhuk babalung wus olih, mung sacengkang mulih sapraptanning wisma.
  116. Katurring dhadhayohira, dhadhayoh kang ngannom lingnya ris dika medallaken erah, inggih punnadhi kakalih, sacerêt dika kuwik ing beling kémawon metu, anulya kalih samya, medallaken rah sakedhik kinnén ngusappaken babalungnging bapa.
  117. Pundi ingkang boten ilang, getih néng babalung ngriki, punniku dadinning jinna, kang sirna ing babalung ngriki, pan putranné sayekti, kang tuwa miwitti gupuh, ingusappan rahira, balungnging ramannira glis kaping tiga rah sirna ping tiga pisan,
  118. Kang annom anulya ngusap ing getih; getihé maksih, gugubras anggubrassi, marbabak anéng babalung, dhoyoh kang annom mojar, inggih pun adhi punniki, ingkang nganén kang tetep dadinning jinna.
  119. Pratondha rah datan ilang, néng balungngé ramannéki, iya ingkang duwé darah, tannantara samya nangis annak lan ibunné[297]ki,samya tobat ing Hyang Ngagung, Ki Séh Mukamad Islam pangandikannira aris lah Sang Natha yéku maknawi pirasat,
  120. Thukullé karya duduga, labet pirasat maknawi, pasangnging pangunandika, pangraita parimurti, adu mannis lulungit kridhanning budi amengku, ing naya pariwara, mila wajibbing narpathi, angathikka wong rahayu wicaksana.
  121. Duk jamhur Sapingi Imam sirtu ilabaldis sami, anng marga pan kapapag wong angon unta anglari, tannya Imam Sapingi, yén angluruh untannipun Imam Sapingi mojar, untannira picak siji, lawan wadon matanné kang kiwa picak,
  122. Lan kakéwér dhadhungngira, momottanné bot sasisih, kang duwé unta graita, wong iki weruh sayekti, sigra dénnira angling, ya mengkonno untanningsun Imam Sapingi mojar, ya turutten dalan iki, sigra lajeng wau kang ngaduwé unta.
  123. Nurut marga saonjottan untanné tan nana kéksi, anulya bali canhkélak nututti Imam Sapingi, annempuhaken ugi, wong ngika wau kang weruh, inguwuhkén mandhegga, apan sarwi memedénni, anggigila solahé kadya nempuhna.
  124. Sigra pinnenthangken laras Imam Sapingi ngandheggi, kang duwé unta lingngira, sira kang wruh cirinné untanningsun Imam Sapingi mo[298]jar, nora ngong weruh pribadi, weruh ingsun saka watara duduga.
  125. Sun naranni untannira, momottanné bot sasisih, marmanné sun naranni, untamu kékéwér dhadhyng, ing suket lusah-lusah, sunnaranni picak siji, ingkang kiwa katara enggonné mangan,
  126. Suket sakiwanning marga, saeler tan kalong siji, amung tengenning marga, pinnangan sami lumaristandhanné picak siji, kang kiwa suketté wutuh, tandhanné wadon iya, panguyuhé kocar-kacir, pan tabetté iku dudu uyuh lannang.
  127. Gawok ingkang duwé unta, tur sembah Imam Sapingi, cakélak bali anginthar, anurut margi kang ngunni, lajeng Imam Sapingi, Séh Mukamad Islam muwus lestari dadi wejang, mring Sultan  Ngabdul Tahir, lah punnika empanné ngélmu pirasat,
  128. Nora kenna géya-géya, sawang sawungngen ing warni, ing pirasat kang lapli, kalawan maknawinnipun ing bobotté kawruhan aywa duméh yén sira sih, bok kaliru pirasatté karo ala.
  129. Dadi ing gagawa tiwas ing praja angliling semmi, angilang-ilang darajad nyunyukerri prapténg batin wong jail  ati kecil dursila tanna mrih ayu, marang sasama-sama, nunusuhken karyanéki, wong mengkono i[299]ku pirasatté ala.
  130. Hyang Suksma agawé titah,sarandunning badan iki, miwah netranné kalih, ulat liringngé tinnemu, kabéh kang tapaking Hyang, mét pratondha wateknéki, nora cidra muktamad sagung pandhitha.
  131. Karana kang pra pandhitha, sadaya wus angrembaggi, bennerring ngélmu pirasat wusnyatakaken prasami, miwah andika Nabi, yaatlikukawajukum kang lawan malih lapal nginda ihsannil jujuhi, ing tegessé sakabéh padha ngulattana.
  132. Sagung kawulanning Ngallah, myang kang tinnitah para Ji, ngingu wong myang pawong sannak kang becik wadanannéki, apa tegessé becik jembar lumah lawan nalus tancep sarta wang malang, tanpikken wadana miring, gatellati miyar-miyur glis kawuntat,

Pupuh XXIII

  1. Lawan malih wonten lapal ya albiruka timupit lawali, walyaumatu walkikmatu, wal ngitanatu lawan pilwasiti umati yapwapitnatu,  wal maodatu punnika, pilkassari yaumati.
  2. Lire umad Rasullullah, kang ngabarkat kalawan kang ngabecik akéh mring dedeg kang luhur, luhur ingkang sembada, kaprawiran kawicaksannan rahayu, gonné dedeg kang pideksa, wong ngantér budi bérbudi.
  3. Gonné kemat palacidra, umat Rasul kangdeeg péndhék cilik miwah kang rada bikukul iku gonning musibat [300] nadyan nalus kul asparin malngunun kalamun rambutté abang, lannat kasuruppan iblis,
  4. Pasal kang kaping sangalas nyatakaken ngélmu tigang prakawis iya pirasat punniku, lawan ngélmu piyapat nama roro jatinné tunggal sawujud kanyatahanné karana, karosaking gon sawiji.
  5. Tegessé kalih punnika, pratandhanné élingngan barang kardi, sirah kang cilik punnika, tondha budinné cekak lawan kurang iya  pamicarannipun sirah kang sedheng punnika, tondha wicaksannéng budi.
  6. Lan sinungngan pangawikan rambut akas iku tandhanning wanni, rambut kang lemes punniku, jirih nora wirangngan rambut sedheng  tegessé ingkang ambakung, mantep teteg barang karya, rahayu tuhu ing janji.
  7. Rambut kang lembut punnika, pratandhanné cekak budinné kedhik rambut kang irêng  punniku, bérbudi tur taharja, wanni kéwuh tangngon barang  gelarripun ennya dhadha endi dhadha, culika kang dén singgahi.
  8. Labuhan salirring karya, angandhemmi wicara kang kawijil rambut kang kunning punniku, tondha budinné kurang, amung rada barang barangngassan kaduk lengngus rabut kang irêng kang ngatap luwih barang solahnéki.
  9. Kang ana wulu walikat wulu lembut pratondha tuhu jangji, lawan lepas budinnipun sagung wulu punnika, kang ngalembut salamet nora  tekabur, norraga angéca[301]nni tyas yéku dandannanning budi.
  10. Lamun simpenning wiwéka, wanni kukum annambak lara pati, anyimpang edir lan lengngus graita trussing tékad kunneng sirah lan  wulu genti cinnatur, bathuk alis grana nétra, lambé lan karna winnarni.
  11. Bathuk kang ciyut punnika, pratandhanné kurang budinné kedhik bathuk kang jembar punniku, bengngis kebluk sungkannan, bathuk sedheng kang nora nan jang kerut iku tandhanning mlas sarsa, kalahan sabarang kardi.
  12. Dénné jang kerut punnika, ingkang mujur ing ngantaranning ngalis tondha kéh prihatinnipun kerêng datan saronta, lan jangkerut ila kang malangnging bathuk iku tondha wicaksana, limpad lila kalah wanni.
  13. Alis kang lembut wulunya, yéku tondha rahayu kéh kang ngasih, tannana nyenyetittipun dénné kang luntur ika, tondha kebluk doyan mangan agadebus alis kang tepung punnika, tondha bencana muthakil,
  14. Suka mét lumuh kélingan lawan tan wruhing ngala lawan becik alis rada  kapendhuwur, tondha geng budinnira, nanging rada gumunggung ambeknya agung, alis kang sedheng punnika, lepas tyas sampurnéng budi.
  15. Kuping kang  ciyut punnika, tondha akéh salahé awor drengki, kuping kang ngomba punniku, bodho nanging raharja, kaduk puguh kuping kang sedheng punniku, bérbudi bawa leksana, sasolah[302]é tanyenyengit,
  16. Utawi nétra  kang ngomba, tondha kebluk ala anteppé kedhik dénné nétra kang ngaciyut jongngla sugih mamaras graitanné kalepassen wanni kéwuh, nanging kakéyan mamaras nétra kang  sedheng linuwih.
  17. Kang sampurna tur agama, wicaksana nuhonni marang jangji, nétra kang lekok punniku, musibat sarta pitnah, andengkénni amrih alanning wong ngiku, nétra ngapendul punnika, drengki jail tur gumangkit,
  18. Nétra lembut ideppira, yén anglirik ya kariyip-kariyip tondha kurang budinnipun tur kurang  pamicara, nétra ingkang arang-arang kedhéppipun iku tandhanning sampurna, pamicara ulah niti.
  19. Yaiku mata tandandannan dénné nétra kang sanget irêng néki, tondha kéh wiwékannipun nétra biru punnika, liwat ala yén puputih nétra biru, iku ratunning musibat pitennah tur betah ngisin,
  20. Lengngus drengki ngandaka, ratunning durjana linyok duwénni, anggadur ambek amberung, datan angétang tékad ala-ala kang tinnékaddaken iku, lamun nétra iku abang, wanninné kurang prayogi.
  21. Mata kunning puputihnya, iku pates dadi gurunning maling, mata lindri liyeppiku, tan ciyut datan omba, kedhép arang atajem panglirikkipun tondha mantep barang karya, bérbudi tur béra[303]gami.
  22. Patitis ulah wicara, ing wiwéka andhap tur ora edir, alus barang ambekkipun sedhih ing ngajak ala, datan ngarsa kawennangngan yén tutulung, lepas marang pangawikan  iku dandannanning bumi.
  23. Yén putih ing nétra ika, akéh biru iku pratondha  sarik musibat wanni bebendu, nguwitken ngamandaka, adhadhasar dréngki dursila tekabur, angepak panggawé cidra, rahayu kang dén singgahi.
  24. Suka sikara niaya, lamun nora pitenah ing gariming, amung mata sedheng ngiku, nindakki kautaman wiwéka yu aluhur aluhur darajaddipun pamicara bér-agama, amung becik dén tindakki.
  25. Yén nana sajronning mata, yén amandeng ana kadya nar ywa lit nungsang jungkel lir gumuyu, tondha umurré dawa, lamun nétra pipinggirré ing jang kerut tondhanné nora wirangngan agung niyaya drengkénni.
  26. Mata nai laler ika rada ngunus terijillanné kalih, pinggir lir gerêtting gulu iku mata pitennah, mata kunning puputihé tan kadulu, tunggallé mata niyaya. Mata abang kadya genni.
  27. Kriyip-kriyip kaentassan pasemonné kadi matanning sapi, tondha kurang budinnipun jinnah tanpa nginumman andaluya mati lan  sembranannipun bodho lire kang mengkana, miwah moh pakarti becik,
  28. Nétra kula wu punnika, pratandha karêm panggawé becik mata [304] nai laler iku, ingkang kaliwat  ala, maba matu yén merêm rada ngapendul yén melék rada jelalat yéku tondha mamak budi.
  29. Betah anggung-gung sarira,  ing ngambekké kadya wus angengkokki, kasusu rongkah tan pecus tangéh mét kautaman lamun nétra ting palingker ideppipun kriyip-kriyip yénna mulat ideppé pating besasik,
  30. Yaiku ratunning ngédan aja sira sasandhingngan alinggih sasat nyandhing ula dumung, tan kenna katungkulla, wurungnga yén anyakot tan wandé nyembur, ratunning dubilah sétan nora kenna dén pedhakki.
  31. Gelar mindeng ngamandaka, katon becik yén wus kalingngan salin anglelebur padha batur, anggung angrusak sannak kuthanning blis mung mengkonno gunnannipun  tinnerakna ing prakara, kang bahya anninniwassi.
  32.  Mung bandhannéka jaillan mring pakéwuh tipis ati jejerih, mung mamak wanni bebendu, kemat tur palinyokkan uwit bodho kumintir ling-ngalingngipun anggung angalap seram, adol nama dedrengkénni.
  33. Mata kang sungsun kedhépnya, tondha gecul angas sarta jejerih, mata rangkep lirikkipun ngétan kenna lor kenna, iya iku  tondha lamis para padu, tan wruh empanning duraka, pratingkahé kukum kucing.
  34. Ugerré pirasat mata, ing manungsa kabéh sariranéki, tondha wonten penneddipun kapanggih [305] sarandunya, gantya irung cinnatur pirasattipun yén irung bangir adawa, pratondha kagehdén budi.
  35. Nanging budinné belasar, irung kandel ing ngantaranning léngnéki, pratondha sugih calathu, irung jembar pucuknya, iya iku tondha ratunning gadebus gonning dora palinyokkan grana geng kang ngisor malik,
  36. Iku tondha sih ing sahwat lamun grana  jembar léng-léngngan néki, drengki tur kenna bebendu, grana sedheng punnika, pratondha yén becik  barang pakaryéku, kunneng lambé kang winnarna, wong lambé ciyut jejerih.
  37. Wong kandel lambénné ika, budi jero gedhén mamak sakedhik lambé kang sedheng punnika, barang budi sampurna, lambé tipis élingngan wawatekkipun lambé kang biru punnika, tondha linyok barang kardi.
  38. Lambé kang rada semu bang, nora lawan kinnang semunné abrit sedheng kandel tipissipun iku pratondha paham barang karya  katom ambekké rahayu, kunneng untu kang winnarna, yénnarang tur cilik-cilik, iku gung niyatté ala, untu dawa gung-ngagung angarangngi, pratondha pitnah punniku, untun sedheng tur rata, wong bérngakal benner barang ngakallipun janggut kang lincip punnika, kurang budi awor drengki.
  39. Gung luput yénna micara, janggut kandel gedhé iku bekicik lawan dhadha sarta kabur, janggut sedheng punnika, pratondha bérbudi sampurna raha[306]yu, kunneng swara kang winnarna, swara banget tondha wanni.
  40. Wanni sabarang pakarya, wanni kéwuh annambak lara pati, swara kang keméng punniku, lumuh ajrih ing baya, sarta lalén sabaranga pakaryannipun swara kang sedheng punnika, tan narsa tekabur edir.
  41. Jéjénggot kang winursita, wulu jénggot kang lembut iku aris-aris barang lakunnipun rahayu solahira, wulu jénggot ngrempel tan nganggo pinnatut iku tondha wicaksana, sampurna barang pakarti.
  42. Jénggot mulet muyek ika, pratandhanné culika barang kardi, rada wanni ing bebendu, anggung akarya cidra, sapolahé adoh panggawé rahayu, ngapus-sapus barang karya, nora jeg tindakké malih.
  43. Lirre banget winnalerran mata biru kalawan  janggut lincip wulu jénggot  muyeg iku, kalawan bathuk lengar, nora kenna pinnawong sannak punniku, nora wurung gawé ala, sasat nyandhing ula mandi.
  44. Tanpa gawé perakkana, pasthi wajib ngedhohi ula mandi, mupakat kang para jamhur, muktamat pinnélingngan mring sagungnging para pandhitha gung ngagung, wong tinnitah kang mangkana, dadi kadhatonning ngéblis.
  45. Gulu ingkang winursita, gulu cendhak pratondha nora becik sarênggep yén  alaku dur, dénné gulu kang dawa, suda ati mamak anyaléwéng kéwuh, gulu kandel doyan mangan sembrana tan wruh ing ngisin,
  46. Gu[307]lu kang sedheng punnika, pratondha kéh budinné micara riris benner barang tingkahipun wau ingkang winnarna,  tau wijang sura yénna manggih kéwuh, lan étahnang budinné dhangan tutulung pakarti becik,
  47. Tau mringkus aprantondha, lamun ngimel pakarti kang anyilib kabélan akarya luput kaluputtanning sannak myang sarowang totongga ginnawé luput iku sétan apapanthan nora kenna dén becikki.
  48. Dhawa ingkang ginupit, ingkang jembar kebluk amalénthonni, padha kang sedheng punniku, bérbudi wicaksana, wetir gedhé tandhanné punniku kebluk weteng kang sedheng prayoga, patitis barang pakarti.
  49. Wentis kang gedhé punnika, sariranné yénnora nembadanni, keras kurang budinnipun dariji suku asta, lamun cendhak nguthakil panjang kang lurus pratondha lus  kang wiwéka, bakuh wanni wanni annorragi.
  50. Kunneng saratting wirasat lan piyapat gumantung wong bérbudi, bisa ngawassakenniku, darapon amanggiha, ing sakira ambédakaken punniku, ing ngantaranning wong ngala, lan antaranning wong becik,
  51. Pasal kaping kalih dasa, anyatakken sagung para narpathi, kang ngamong rong prakaréku, ing wadya kang ngawarna, kapir Islam bédanné yén nawéh kukum larangngana bébésannan wadya kang Islam lan kapir.
  52. Yén ratu adarbé bala, kapir Islam ngagemma kukum kalih, ajaha [308] woworran kukum miwah tindakking praja, angger-angger pan nana kocapping kukum pratingkah ambahu rêksa, ing bala Islam lan kapir.
  53. Pan sami angalih dasa, bab saratté ing bala warni kalih, apan sami ngrong puluh, yogya kang para raja, teteppana kakké prakara rong puluh, yén ratu ngilang ilangnga, iya ing salah sawiji.
  54. Tan wandé amanggih bala, wus muktamat sagung para musannip angger-angger ang rong puluh, ingwadya kapir islam sarat maring islam cinnatur rumuhun kakké kang dhingin punnika, wajibbing para narpathi.
  55. Aywa ngagungken sarira, endi lire asring dénnya nindakki, panggawé wewennang iku, aja anula-nula, karana tan darbé potang ing Hyang Ngagung, annyupet réh kautaman nora duwé potang batin,
  56. Apura iku utama, apan nana dalillé Sultan Mesir, jro kitab Ahbarul Muluk Jeng Nabi Yusup mulya, apan nenggih pangandikanné Hyang Luhur, éh Yusup mulanné sira, sun junjung karaton nadi.
  57. Ing pangkat kamulyannira, ratu agung luwih samanning ngaji, lan kannabéyanniréku, sawab sira ngapura, ing dosanné sadulurrira punniku, dé sira amrih  utama, ingsun males angundhakki.
  58. Pira-pira kaluhurran lawan pira-pira kamulyan adi, darajattira sun junjung, rahayu karatonnya, sun sorraken sagung para ra[309]tu, amriha bekti ing sira, wewennang iku ajinnis.
  59. Lan tekabur ujubbriya, Allah layukibun mutakabirin Hyang Suksma tan asih iku, mring wong tekabur ika, kang sinniyan wong ngandhappasor kang ngalus marma ratu undhangngana, mring wadya ywa trap edir.
  60. Wong ladak akarya rusak apan ana undhangngé Kangjeng Nabi, ingsun kadhawuhan wahyu, darapon umat padha, norragaha aywa na watek tekabur, nadyan tinnitah naréndra, utama lus puréng dasih.
  61. Lapallat kulunnasa lawan malih  mankannapi kalbihi, miskaladaratinniku, minnal kabirin nika, nora manjing wiwilangngan manungséku, yén nana wong jronning mannah, isiya wijinning sawi.
  62. Isi tekabur punnika. Iya saking tekabur mungsuh kapir, wong ngedir tekabur iku, dadi jinnissing sétan nora manjing wilanganning manungséku, manjing wilangnning sétan nora kalap barang kardi.
  63. Dadi praja siya-siya, lamun ratu ngingu punggawa mantri, budinné edir tekabur, angrusak kautaman utawi kak kaping kalih kang winuwus wajibbing ratu ngarsakna, kang sembada turring dasih.
  64. Yén ana aturring wadya, madullaken alanné koncanéki, rungunnen aja ginugu, yén durung sah pariksa, telu papat kang nunggal sakaryannipun aja nuli aduduka, lagi aturring sawiji.
  65. Karana ratu tan wennang, miyarsakna ing ngatur[310]ré wong drengki, rusak kaprabonning ratu, kang dahwén marang konca, gunuguwa iku rusakking praja gung, wus sah kang para pandhitha, ratu kang pantes kinnathik,
  66. Wong prawira wicaksana ing tegessé rahayu barang kardi, pinter iku tegessipun wruh kukum batal karam wruh ing nistha madya lan utamannipun yén wong pinter ngambah nistha, iku pinterranning ngéblis,
  67. Duk jaman karatonnira, Sultan Kabir Mahmudin Sayih Ngali, ana punggawa wawadul angalakaken konca, Bagendha Li angandika sarwi rêngu, ya sun rungu aturrira, yén nyata ingsun yékténni.
  68. Nanging sira tobatta, aja mindho karya witting bilahi, yén goroh wadulliréku, ngong tugel ilattira, wong madulken  ing luptté kancannipun tan manjing jinis manungsa, iku wus jinnis lan iblis,
  69. Nadyan ta silih temenna, tuturrira tobatta aywa malih, langkung nuhun aturripun tobat amindhonnana, sinneksénnan sabat punggawa gung ngagung, lilih rêngunning naréndra, Sultan Sayiddinna Ngali.
  70. Utawi kak kaping tiga, ratu aja angathik wong kang jail yén kurang pariksannipun duduka cacah cucah, ngilangngaken darajad karaton nagung, karya rêngkanning nagara, rusak dalajadding bumi.
  71. Lawan ratu angulaha, lepas budi amrih undhakking pikir, larangngana ratu-ratu, aja undhagi asta, anunungkul marang gunggungn[311]ging pakéwuh,  kalédhon sapéngngerring rat balikkan ratu kang wajib,
  72. Amateng-matengna gelar, ing ngayuda mennawa manggih jurit yén kasorra balannipun sawab innanning gelar, akéh mati panniku dosanning ratu, pépéka tan wruh ing gelar, ginnéndhongngan dosa pati.
  73. Utawi  kak ping sakawan ratu wajib ambahu rêkséng dasih, sandhang bukti mrih rahayu, apan kang Maha Mulya, nora mukir kéh warnanné dasihipun pasék masiyat milalat isinning dinnya punniki.
  74. Kapir islam wong bidengah, Nabi Wali Mukmin kalawan sirik rinneksa sadayannipun dénning pancénning dosa, wus kinnarya takdirring samohannipun ala becik wus ginnelar, kelirré dunnya punniki.
  75. Marmanné luwih utama, umat Nabi asih ing sami-sami, nadyan dénnalanni iku, aja amales ala, utawi kak kang kaping lima punniku, wajibbing para naréndra, aja asring niningalli.
  76. Marang rayatting punggawa, aja mélik angrujit jronning galih, lan wajibbing para ratu, angingu angathikka, ing kawula  kang micara wantu-wantu, éling réhing kinna-kinna, srawungngan ingkang  para Ji.
  77. Miwah kang tau micara, lan wong tapa miwah wong papasarran apaédah atepa sarirannipun ilang ingkang kajaillan tepa-tepa sariréki.
  78. Wong pinter ja[312]il tan nana, pan wong bodho tegessé kang jail lapal jail iku jahlu, bodho tegessé mapan yén wong wicaksana prawira satuhu, opén dahwén sinninggahan méri iri dén singgahi.
  79. Yén nana maturring raja,  angaranni luput kancanné sami, ngaku benner dhéwékkipun sétan panunjang palang, wong mengkonno tan pantes kinathik ratu, dénné wong kang wus micara, ing kukum sadaya kenni.
  80. Dénné tak kaping nenemmika, ratu wajib taklim ing kaki-kaki, lan malih aja malebut, marang wismanning wadya, lan maliyé annenggih wajibbing ratu, miwah kang awassing gelar, kang taté ngabenning jurit,
  81. Lan angulattana wadya, ingkang taté gunnem ing ngunni-ngunni, lawan sagung ratu-ratu, kang taté gitik praja, nadyan nora ngawakki kang wruh ing tutur, pratingkah angadu bala, solahé amangun jurit,
  82. Barang kang kenna micara, ing pratingkah menggahing krama yekti, lepas budi amamatut asih ing sama-sama, nora ginggang ing tepa sarirannipun iku kena tinnariya, rêksannen sandhang lan bukti.
  83. Dénné ta kak kaping sapta, arêppana sagung ingkang para Ji, asungnga kurmat kang tulus maring wong tuwa-tuwa nadyan silih  tannanaha ngélmunnipun wennang ratu sih welassa, sabab kéh ing ngumur néki.
  84. Apa dénné tuwa tapa, miwah tuwa kang wicaksana ngalim kinnurmattan iku parlu nadyan kumprung pengungnga, taklimana iya sabab tuwannipun kak kaping wolu [313] punnika, ratu wajib ngasmarannira.  

Pupuh XXIV
ASMARADANA

  1. Wajib anuhonni jangji, mring sagung kawulanning Hyang, nora gingsir timballanné, kang luwih kinnasegittan ratu cidra ngubaya, jro Kitab Ahbarul Muluk kojahé Sultan Iskandar.
  2. Iskandar Dulkarnaénni, marma sinungngan kagungngan luwih agung karatonné, pra sasat Nabi Suléman pamalessing Hyang Suksma, telung prakara lirripun lampah ingkang  tinnarima.
  3. Kang dhingin tuhu ing jangji, tanna ngitung-itung janma, lan wong cilik-cilik baé, tannarsa cidra ngubaya, kaping kalih punnika, mring wadya kang gung mumuruk pangandika kak kéwala.
  4. Kaping tiganné anenggih, sagung pametunning praja, bulu bekti sadayanné, kang saking ing raja-raja, tannarsa asimpenna, ginnadhuh punggawannipun kinnén akarya sidekah.
  5. Kang kaping sanga para Ji, aja na pupuk duka, nibakaken paréntahé, miwah yén angukummana, ing wadya kang mradata, myang pangréh wadya bala gung, dén terah mannissing ngulat,
  6. Kang wus kocap ngunni-unni, sagungnging kang kautaman busana barang solahé, ririh lemes patembungngan mannissing kang wadana, ruruh jetmita ing tanduk yéku kaisén utama.
  7. Jeng Nabi nalikéng wengngi,  ameng-ngameng lan sakabat ana kabuka saking éb pira-pira katingngallan maligé nawa [314] rêtna, saking mannikem kadulu, kocakking jro nrussing jaba.
  8. Sakabat matur wotsari, Gusti maligé punnika, inggih sinten ingkang ngadarbé, ngandika Sang Nayakéngngrat iya maligé ika, saossanning ratu-ratu, kang samya adil mring bala.
  9. Sakabat umatur malih, punnapa ratu kéwala, kang tinnarima lampahé, wong cilik-cilik punnika, punnapa tan wontenna, tinnarima lampahipun tan darbé kang maligéndah.
  10. Mésem sang dipanning bumi, sanadyan wong dudu raja, iya ana  milu duwé, wong ngandhap pasor budinya, asih ing sama-sama, yén anembung mannis sarum anrussing driya raharja,
  11. Tan nana mantranné runtik tanna males sinnikara, sabar sapari bawanné, iku kang padha lan raja, daulatting wekassan kunnéng kak kaping sapuluh, sagungnging kang raja-raja.
  12. Akarya sakking dasih, amilara tanpa dosa, dénné ulet pariksanné, aywa ngegungken yén raja, yén anggung karya susah, mring sagungnging wadyannipun tan wuntenna wawalessan,
  13. Kak kaping sawelas nenggih, sagungnging kang raja-raja, sirêppen ing sawadyanné, aywa na wong cecengngillan miwah wong kang mradata, sirêppen kalawan patut yén wus tiga ora kenna.
  14. Iku gebyurna ing ngadil karana yén  praja ika, akéh swaranning papadon iku ngalamatté ala, sara [315] labetting praja, lan malih undhangnging rasul tan nana kang nimbangngan.
  15. Gegedhénning ngamat iki, laku kang luwih katrima,  wong ngatuttaken sasatron kungkullan sagung sidekah, lan sagung salat sunnat luwih tinnarima iku, sinung luhur kang darajad,
  16. Kak kaping rolas winnarni, aja sih kang para raja, mring wadya opén panastén myang wadya  sring gawé dosa mring kacanné punnika, iku sétan ngadhul-ladhul amurwa rêngkanning praja.
  17. Balik ratu kang utami, ngapura ngéling-ngélingna, maring bala kang kalalén nutuppi celanning bala, ratu luwih utama, yekti darajatté luhur, kang punjul samanning raja.
  18. Lire sapa kang nutuppi, maring celanning manungsa, yekti tinutup celanné, maring Hyang Kang Maha Mulya, mangkana cinnarita, ing nalika jennengngipun Kalipah Bagéndha Ngumar.
  19. Nalika mayengnging wangngi, sajronning nagri Madinnah, siji tan mawi balanné, anjejep wong kang dursila, mangkana amiyarsa, wong arsa dora caréku, duk lagya ambur-amburran,
  20. Bagéndha Ngumar angintip maring kang sawiji wisma, ana alinggih wong roro, dinukking ngélmu wirasat lannang wadonné ala, sarwi nyandhing gucinnipun isi sajeng lan waragang.
  21. Gelassé ana sumandhing, Bagéndha Ngumar saksana, bramantya narik pedhangngé, cocorring wisma sinningkal saking nginggil panjingnya, anjo[316]g sarwi ngandika sru, éh mengkonno solahira.
  22. Éh iki satrunning bumi, apa ta pannyanannira, nora na wruh kang mengkonno, kagyat pra samya tumungkul kaliyé mendhak-mendhak annon pedhangngé wus konus kumitir méh tibannira.
  23. Kang lannang matur wotsari, ya Sultanku Sayid Ngumar, sakedhap paduka antos wontenning ngatur kawula, yén wus katur punnika, pan sakarsa tuwan prabu, angukum badan kawula.
  24. Yén kénging aturring dasih, inggih pan éstu kawula, adamel dosa sawiyos sajronning wengngi punnika, dénné tuwan ping tiga, nennerak salah pukulun sajronning dalu punnika.
  25. Kalipah Ngumar lingnya ris lah ta endi salah ing wang, wong lannang umaturra lon inggih ing dalil punnika, mongsa tuwan kilappa, lapal walata jassasu, aja anjalimet sira.
  26. Mangké tuwan anglampahi, sisiku lakunning raja, dénné ta kaping kaliyé, kang lapal waktul buyuta, lawan min abawabiha, lire malebuwa iku, ing wisma saking ing lawang,
  27. Mangké tuwan anglampahi, tan malebet saking lawang, saking pager bedhah cocor, tumurun  anjog ing wisma, latatkulut buyutta, miwahé rubuyuttikum kattatas takdilu lirnya.
  28. Ajana manjing siréki, maring ing sawiji wisma, yén nora sarta idinné, kang gadhah [317] wisma punnika, tuwan mangké angambah, walerring kitab pukulun dénné ta badan kawula.
  29. Saweg sapisan punniki, lan malihipun punnika, kawula pan dédé katong, Bagéndha Ngumar ngandika, wus benner ujarrira, nanging pakaryanniréku, sun ukum yén mindhonnana.
  30. Wong lannang matur wotsasri, inggih yéng tuwan ngapura, kawula tobat ing mangké, lah ta tuwan neksénnana, lamun malih-maliha, sumangga paduka ukum dadossa bojanning pedhang.
  31. Lah tuwan sinten neksénni, ing salahing tingkah tuwan Bagéndha Ngumar delingngé, iya nyata solah ing wang, nging tan dadi duraka, pannerakkingsun ing kukum nedya ambuwang wong ngala.
  32. Kang arsa ingsun tandangngi, duk sira laku dursila, dadi wennang solah ing ngong, nerak kukum tan duraka, lan malih raganning wang, tobatta mring salahingsun kang neksénni nora nana.
  33. Sira iki pan wong cilik tan dadi seksi kalipah, yén dudu samanning katong, tobatté wus tinnarima, kondur Bagéndha Ngumar, kunneng malih kang winuwus kak kaping tiga welas,
  34. Wajib kang sagung narpathi, lamun anglampahi salah, annyilippa ing balanné, aywa kongsi kawunningngan yén wruha ingkang wadya, temah mamanni nununtun iku ing pakarti salah.
  35. Karana lakunning bumi, anut wawatekking raja, yén becik kalakuhanné, [318]gonné ngratonni nagara, wadya anut kéwala, yén saru watekking ratu, balanné anut kéwala.
  36. Mila ratu datan kenni, anutuh lakunning bala, anutuha sariranné, sabarang tingkahing raja, bala nurut kéwala, jer ratu saosikkipun dadi wit sagung manungsa.
  37. Manungsa kang dén ratonni, pasthi nut tannantuk nyimpang, saking watekking Prabunné, marma ratu nora kenna, gawé sawiyah-wiyah, abotté wong dadi ratu, angimanni wong sajagad,
  38. Yén nyimpangnga wateknéki, wong cilik durakéng  ngiman mila kang tipis budinné, tan purun  ginnawé raja, botté sawab gagawa, watakking sabalannipun ratu salah milu salah.
  39. Ratu suci milu suci, dosanning ratu  tan nana, yén duraka gedhé dhéwé, yén mulya benner tan salah, iya tan nana padha, agungnging ganjarrannipun yekti tan kenna winnilang.
  40. Kadi tan nguman-ngumanni, lamun kennaha ginnebag kunneng kak ping pat belassé, wajib ingkang raja-raja, ten kenna anggagampang, kang nedya ngomahi kukum panggawé pira-pira.
  41. Pakéwuh sajronning bumi, lire pangucap sakecap akéh abot dadi énthéng, kang ngénthvng wekasan awrat kang ngéwuh dadi gampang, kang agampang dadi éwuh, yéku uwitting dursila.
  42. Awit saking welas sasih, ambuwang takdirring suksma, ingkang abot dadi [319] énthéng, kang énthéng satemah awrat wit saking sesengittan kang pannastén kancannipun mulanné némpélli dosa.
  43. Kang ping gangsal welas nenggih, wajib ingkang para raja, amulyakna dan-dananné, lahir batin dén santosa, latir mungguh punggawa, kang yogya kenna tinnuntun ing kéwuh  angulah praja.
  44. Kang ngana ing barang kardi, gedhé cilikking prakara, kang tinnarima ring gedhé, aja dén uwor ring karsa, mrih karya cicilikkan miwah ta ganjarannipun dén anganggo pangkat pangkat,
  45. Dénné pangulahing batin  sagung kang para ngulama, myang pekir miskin jinnissé, wong jahidu ngabittika, sakéh lahirrika.
  46. Karana ratu alinggih, lawan wong ahli nagara, suda cahyanné kang ngijo, wuwuh cahyanné kang abang, yén ratu lulungguhan lan wong ahli dunnya iku, wong amrih undhakking arta.
  47. Artinné wong laku grami, apa dénné yén nunggalla, kang amrih undhak tan saréh, mesum cahyanning naréndra, béla maring nagara, cahyanné akulu-kulu, ruwet tindakking nagara.
  48. Tegessé iku wong mati, mati pikirré kang yogya, mung undhakking arta baé, tan wruh wekassing ngagesang, iku tan wurung pejah, tur mongsa anaha iku, wong kang umur séwu warsa.
  49. Amung dhingin para Nabi, Nabi Enuh Nabi Adam a[320]nyéwu warsa umurré, ing jaman Rasul tan nana, ing saurutté pisan kang wennang ulah dunnyéku, tegessé wong ahli praja.
  50. Ingkang tinnitah para Ji, kenna angiras mrih arja, karana iku liyossé, kinnarya béyanning praja, amrih mulyanning kathah, marma gung ganjarannipun ngamal kang luwih karima.
  51. Iya ngamallé para Ji, dénnya rumeksa ing kathah, ingkang ngadil paréntahé, Imam Bukari wasit éh sagung para raja, aja na ingkang katungkul angulah kamuktén donnya.
  52. Émannen sihing Hyang Widdhi, dénnya minongko kalipah, dén karêksa sakaronné, ing dunnya lawan ngakérat karonné kacandhakka, yén benner pratikellipun ingkana kénné atompa.
  53. Mila wajib kang para Ji, taklimma marang ngulama, yén datan antukka dénné, kang ngulama kang kukama, kiang wajib maca kitab-kitab kang annyatur ratu, wruh nistha madya utama.
  54. Lan jumbuh padhangnging ngati, yén ratu padhangnging mannah, nagri sumringah cahyanné, barkat wong cilik manpangat kocap gungnging ganjarran ratu sih kawulannipun palimarma barang karya.
  55. Lan wajib ingkang para Ji, angulattan pandhitha, ingkang sampurna tingallé, kang yogya pindhuttana, bot répotting nagara, susuker petengnging laku, annennedha ing Hyang Suksma.
  56. Yén nora nana manggih, pa[321]ndhitha angulattana, wicaksana bérbudinné, darapon kenna amyarsa, ing rah sajronning kitab aywa kandhek dénnya ngutus angruruh rahsanning kitab,
  57. Kitab kang nyatur para Ji, aywa kandheg anggugulang, kukumpullan anglalantéh, lan wadya kang wicaksana,iku nedya manpangat nadyan tan kawasa niru, sakelarré nidakkana.
  58. Sayekti amanpangatti, dénné kak kaping nembelas arêppana para katong, angéling-ngéling kurmatta, pekir miskin langippan annak yatim sadayéku, sajronning karatonnira, pakoléh ngarjakken bumi, karêksa sukerring praja, iya aparétahé, kalawan angrawuhana, marga kang awekassan mungguh dadannanning lampus pakoléh lila ing dunnya.
  59. Yogyanné kang para Aji, angngulihenna kakkolah, ingkang wus dén sinungngaké, ratu sinungngan pangwasa, ambagi ngulihenna, kakkul adam sadayéku, karyanning kalipattolah.
  60. Kang wus kocap jronning dalil para ratu kang sembrana, ing wajibbing lalakonné, sagungngé kang kawajibban dadi ingonné raja, iku yén ginnawé tambuh, amanggih pangéwan-néwan,
  61. Malakul samya ngundhangngi, lah iku dosanning raja, kang amanggih dosanné, tambuh mring kawulanning Hyang, kang wus sinrahken samya, kawengku karatonnipun dénné kak kaping songalas,
  62. [322]Wajib sagung kang para Ji, ambecikkana dadalan angadeggenna papayon kang cumadhang palérénnan ing janma kang lumampah, supaya amanggih aub miwah dénné kasantosan,
  63. Yén manungsa ngrurusuhi, ambébékan wong lumampah, lunassen pinggir marganné, ing wuri-wuri kawussa, janma kang rungsang-rungsang, amanggiha ayemmipun mewahi cahyanning praja.
  64. Yén meksa tan kenna mari, wong karya rubetting marga, mungguh ing ratu wajibbé, anugurrana gagaman sasat tunggu tampingngan ludden saparanné iku, wong karya rubedding marga.
  65. Wonten hikayat narpathi, duk kalipah Sayid Ngumar, Abu Dardaki namanné, sabat pamugarinnira, kinondhang ulah praja, rumekséng wadya bala gung, Abu Dardaki prawira.
  66. Nuju ing dinna sawiji, kalipattollahu Ngumar, sinniwi ing punggawanné, satriya mantri lubalang, miwah mantri tampingan Abu Dardadik néng ngayun Sri Mulku Ngumar ngandika.
  67. Maring ing Abu Dardadi, pira batalling kalipah, kang nora sinnebut kathong, Abu Dardaki tur sembah, inggih kalih prakara, kang sanget aywa sinnebut kajawi adillé rusak,
  68. Yén ratu angrisak adil datan kenna winnicara, kang batal saking tingkahé, dhingin paréntahé cabar, mungguh ruwetting marga, tanna  ingkang  mituhu, nora ngilangken dursila.
  69. Tan kenna sinne[323]but aji, kaping kalih yén papara, sembrana mring makuthanné, gigal sah saking mastaka, punnika sampun batal tan kenna sinibut ratu, Abu Dardaki turrira.
  70. Kaping wolulas winnarni, sagungnging kang para raja, wajib akarya apondhok kang minongka patugurran mennawa wong jro kitha ana ilang darbékkipun  metuwa saking jro kitha.
  71. Pondhok ingkang  ngapit margi, supaya angawruhana, duwék kang ginnawa nguwong, kang duwé mennawa lagya, nambut karyanning raja, miwah kang nedya mamandung, taharungngak dé kapalang.
  72. Miwah wong alaku grami, kang kawengén alalampah, anaha panginneppanné, lan malih wajibbing raja, iya anguwattana, sakéhing bangngawan nagung, darapon angguladrawa.

Pupuh XXV
DHANGDHANGGULA

  1. Dhangan tyassé janma kang lumaris tanpa kéwuh ya dénning sabrangngan iku para ratu wajibbé, karya gampangnging laku, ngénnakkaken wadya lumaris aywa na kasangsaya, sabarang laku, sagung kawulanning Allah, lamun ratu tan bisa  madhangken margi, langkung saking duraka.
  2. Lan malih wajib karya masjid saben-saben désa kang sayogya, jembar sarta kéh cacahé, jumungah adeggipun ketib modin ratu kang manci, panganné sawatara, sedheng kang cukup sartanné kang dadi imam yén mengkonno tur takal punniku wajib supadi gung ginnanjar.
  3. Ping sangalas ka[324]kké kang winnarni, ping rong puluh wajibbing naréndra, dursila buwangen agé, ngamal parêkna iku, api tutur panggawé becik dénnira mrih sampurna, pasal ping salikur,  ana sarat kalih dasa, mungguh ratu amengku ing bala kapir, kalawan bala islam,
  4. Ngah dinna ngamah kitabbiréki, ratu mengku bala kapir islam aja dén uwor kukummé, yén bala kapir iku, duwé tilas wasiyat néki, pupujan lan brahala, yén rusak amangun aywa nyanyambut wong islam lan wong islam lalaku kasaput margi, larangngana nginneppa.
  5. Nginnepping gon brahalanning kapir, balik sipengnga gonning lulurah, telung dinna wawangenné, ing panyugatannipun rumeksanné mring duwéknéki, dénné kang bala islam kapondhokkan lamun mring wadya kapir sadinna, wawangenné gonné rumeksa ngingonni, lan sawengngi tan liwat,
  6. Lawan tan wennang kang bala kapir, nginum sajeng sarwi surak-surak anéng wong islam wismanné, balik wong islammiku, mara dhateng maring wong kapir, wajib dén kurmattana, dénné gung susugun alok asurak surakka, asung kurmat dén dadi kawula gusti, tannana winnangennan,
  7. Yén ninitih turangga wong kapir, anéng lurungngé kang bala islam buwangngen songga wedhinné, buwangngen rarabbipun tanpa  rarab lan songga wedhi, mangkonno baé wennang, lawan malihipun [325] wong kapir awor wong islam nora kenna anganggo kang ali-yali, sosotya inten mirah.
  8. Yén ana nganggo kang ali-yali, barang sosotya lan mas giliggan dén abanget siyasatté, yén peksa andalurung, kedah dénnya nganggo liya-li, lunnassen rampassana, ing saduwékkipun lawan wong kapir tan wennang, jejennengna mring annak putunniréki, kadi jenneng wong islam,
  9. Lan sakéhé busannaning kapir, bituwahé padha lestariya, sabarang anggon-nanggonné, aja anganggo biru, angon-nanggon wong islam sami, lan lamun kapejahan annak putrannipun annéjéya pakuburran larangngan aja nangissi wong mati, sagung kang bala kopar.
  10. Lan tan wennang sagung bala kapir, annebussa mring sagung wong ngamat miwah les kartu tukonné, wong islam kang ngatuku, nora kenna tinnebus malih, lamun tan mangkonnowa, pan wajib ingukum jinnarah tur tinumpessa, iku sarat amrih kamulyanning bumi, wuwuhé kang darajat,
  11. Yén wus atut saulahé becik aja sira nedya nganniaya, maring wong kapir  ywa duméh, winnales tikel pitu, kapirro wong yén dén nalanni, yén uga linnampahan uger-rugerripun sagung kang kocapping ngarsa, kunneng Pasal ping kalih likur winnarni, annyatakken kaloman,
  12. Kalih prakara ingkang bi[326]nnagi, kang pinnaro adil lawan loma, ingkang  saparo adillé, pinnaringngaken sampun mring Nusirwan Sultan Madayin saparo dinum marang, para ratu-ratu, ing nglam donnya sadaya, kang saparo mung ginnadhuh ratu siji, Sultan Nadil Nusriwan,
  13. Kaloloman ya pinnaro malih, kang saparo dinum wong sajagad saparo wong siji baé, tur iku dudu ratu, kang pinnaring loman sapalih, wong cilik tur mardika, nenggih wadyannipun Sri Naranatha ing Ngarab nama Katim iya kang abongsa tayi, nenggih ing Péhak Ngarab,
  14. Assakiyu Kabibullah nenggih, walbakilu apan ngaduwulah, lapal punniku tegessé, nenggih wong loka iku, pan kakasihira Hyang Widdhi, wong kumet satrunning Hyang, pinanci dosa gung, muktamad para pandhitha, dosa roro alanné wong kumet siji, lan becikké wong loma.
  15. Lamun ana wong loma ing bumi, atas angen-nangénné sampurna, sinnungngan benner tatanné, saking murah tyassipun nadyan dudu kang dén  lomanni, yekti milu manpangat saking budi luhur, wong kumet budinné andhap ya sanadyan duduwa kang dén kumetti, tan wandé milu mada.
  16. Sebel purêt wahyunning Hyang Widdhi, kami sasat akéh kang amada, dénné kanisthan budinné, jro kitab sirul muluk kocap wonten  ratu sawiji, annama Sultan Bahram ratu [327] gung pinunjul sawapattira memekas mring kang putra bésuk yénningsun ngemassi, sira gumatya ring wang.
  17. Lamun ana abdinning narpathi, wanni munni anéng ngarsannira, angalembana yéktinné, lawan sabennerripun mungguh tindakkiréng narpathi, anuli paringngana, arta dipun nagung, sajennengngé anéng dunnya, aywa kongsi mangan artanné pribadi, maksiha artannira.
  18. Iku witté karaton sayekti, mratélakken ing wahyu kang prapta, ngundurraken tyassirong gér, solahira kang dudu, yekti sira wirang nindakki, pratingkahing kanisthan sawab wus ginunggung, yéku wong magerri nistha, wonten  malih jro kitab adabusaltin ratu kang winnicara.
  19. Kang ngilangken pamujinning dasih, ratu kumet tannana tumama, sagung pandhitha punjinné, ratu loma punniku, nadyan nora nana kang muji, aja nganggo pandhitha, darajatté luhur, tinnekan barang sinnedya, iya dénné sasat nampanni pribadi, duwék anéng potangngan,
  20. Ngunni kang dadi ojatting bumi, katimtakyi kang ngapéhak Ngarab ngesorken ratu lokanné, nadyan ratu tetelu, kang miyarsa bramantya sami, dénné andinna-dinna, sagung wadyannipun tan nana malih dén ucap amung Katimtayi lomanné ngluwihi, tan nana kasumbaga.
  21. Sulatanning Rum nalika sinniwi, Prabu Kaésarumi ngandika, marang sagung punggawanné, pira ta [328] dunnyannipun ingkang aran Si Katimtakyi, pira gedhong baya, isi artannipun dénné lomanning kalintang, ingkang padha narpathi angngréh nagari, nora sida diloka.
  22. Lan wong apa lungguhé Si Katim apa lubalang apa satriya, apata juru gedhongngé, mring Kangjeng Kakang Prabu, Narapathi Baddar Ngulami, punggawa matur samya, punnika pukulun tiyang angguran kéwala, bongsa takyi ing Péhak Ngarab pun Katim inggih amung mardika.
  23. Sultanning Rum angandika malih, ya pagénné angluwihi raja, si Katim Takyi lomanné, apa dén anggo iku, dénné nora tampi upeti, nora angréh nagara, bisanné kadyaku, apa bisa gawé emas aturripun inggih samya  tan kadugi, mungguhing tekdirrolah.
  24. Sultanning Rum angandika malih, dénné ingsun iki ratu murah, teka tannana lokanné, iya sapa kang ngrungngu, ing samengko iki si Katim dhedhemennanné apa, kang dadi  tyassipun punggawa matur tur sembah, wartinnipun samangké rêmen turanggi, arêgi tigang leksa.
  25. Sakalangkung génnira ngremenni, annéh lan turongga kathah-kathah, geng luhur miwah ulessé, nadyan kang para rathu, datan darbé ingkang ngemperri, kadi katurangannira, pun Katim pukulun gedhoggan tinunggil néndra, inggih saking tan kénging pisah pun Katim dé[329]nnya sih mring kudanya.
  26. Sultan Ngerum angandika aris wong tetelu mantri asaossa, si Katim ingsun punniki, si Katim duwé kuda, iku ingsun pundhut duta sugra lumaksana, tiga mantri datan kawarna ing margi, prapta jajahan Ngarab,
  27. Wanci wektu ngasar praptanéki, Katim Takyi mentas tatamiyan pan sadinna susuguhé, saking gungngé kang tamu, ngenting dénnya annyugatanni,langkung suka tyassira, sabubarring tamu, dutanné rajVng Rum prapta, wektu ngasar mendhungngé angliliwatti, prapta udan sok-sokkan,
  28. Kadi banjir saking wiyatti, awor ampuwan kagila-gila, Ki Katim sarta tamunné, sami kekes angukud dénnya geng nging jawah lan angin nalika iku datan ana ingkang metu, saking jrih udan ampuwan Kyai Katim arsa suguh mring tatami, kéweddan dénning ngulam,
  29. Kirang warni ulam ulamnéki, dénning jawah tan kenna wong méntar, ngupaya sanget jawahé, dadya turanggannipun sinnambeléh kang dén rêmenni, ing ngolah warna-warna, sinuguhken tamu, Ki Katim suka tyassira, tatamunné acakut dénnira bukti, maca alkamdulilah.
  30. Samya ngungun dénnira abukti, tamu ngraos lamun kapotangngan kanikmattan ing suguhé, arip néndra ing dalu, énjingngira samya alinggih, munggéng ma[330]dé antara, kapat lawan tamu, caraka ing Rum anulya maringngaken surat saking narapathi, mring Ki Katim tinnampan,
  31. Nulya duta ing Rum muwus saris lah punnika yayi Gustinning wang, akikirim paparingngé, Sri Maha Prabu ing Rum Katim dheku  amaos tulis munni sajronning surat mundhut kudannipun Katim wusnya maos surat nétra pucat angungun kapati-pati, sannés wadannannira.
  32. Carakéng Rum  miyat maring Katim sawussira maos ingkang surat teka aclum madananné, sarta sanget anjetung, kadya nenggak ing waspannéki, duténg Rum tarkannira, sanget awrattipun pinundhut turanggannira, carakéng Rum palimarma angling ririh, mila yayi andika.
  33. Sasampunnira amaos tulis cahyannira yayi sanget biyas saéngga maras ing tyassé, ing ngong ingkang nanggungnga, dukanné Sang Prabu, kuda maksiya néng dika, dyan Ki Katim mésem dénnira nahurri, taha yén makatenna.
  34. Pun kakang kula tetah sakedhik wingi-wingi nalika prapta, teka boten dhawuhaké, dadya mangké katrucut temah cuwa karséng Sang Ngaji, dénning kuda punnika, kang ngarsa pinundhut taksiya gesang upama, yakti katur sumongga ing siyang ratri, ing gusthi Sri Naréndra.
  35. Sampun menggah kang punnika malih, kinnarsakken ing [331] Prabu kaésa, yekti lestari karsanné, tanpaé anggep ingsun lan kang raka Sang Prabu ngriki, Sulthan Bandar Ngulama, sami Gusthinningsun dadya ing mangké kawula, tan kadugi inggih ngupadossa malih, ingkang mirib punnika.
  36. Ingkang sinambeléh wau ratri, kinnarya segah mring dika samya, kirang ulam-mulammanné, kasaput jawah agung, mila datan kenna wong mijil inggih ngupaya ulam mila mannah nglampus turongga dadya kapragat karya ulam ing ngabukti wau ratri, duténg Rum duk miyarsa.
  37. Rinangkul gapyuk sigra pun  Katim iya dénné nora kaya sira, ingsun kainnan minginné, duta sigra min mantuk tanning ngucap lampah ing margi, prapta nagarannira, marêk ing Sang Prabu, katur solahnya dinuta, wiwittannya duk prapta wismanning Katim malah prapkéng wusana.
  38. Katur solah bawannipun Katim Prabu Kaésa Rum amiyarsa, ing Katim paribawanné, kagyat gumujeng guguk goyang muka angembat wentis benner dadiya loka, ya Si Katim iku, liwat saking legawéng tyas kunneng Prabu ing Rum gantya kang winarni, Sri Nara Nathéng Ngesam,
  39. Amiyarsa yén kabarré Katim kang ngabongsa takyi Péhak Ngarab kaonnang ngonnang lomanné, kasusra amisuwur, warta malah katur Sang Ngaji, dyang Sri Bupathi Ngesam pannarsa angutus amundhut kang ngora-ora, anyo-[332]nyoba ing bérré Katim yekti, rayatté natha Ngarab,
  40. Nathéng Ngesam pannarsa ngayonni, mantri kakalih ingkang dinuta, amundhut kang ngannéh-annéh, unta satus pinundhut tur kang dawa wulunné sami, kang irêng-ngirêng samya, mata kalihipun kangrangkung-rangkung dedegnya,
  41. Wus apanggih lan Sang Katim Takyi, dhinawuhken  timballanning natha, Jeng Sulthan sapundhuttanné, langkung ngannéh punniku, kaya nora pinnikir, Katim deku turrira, sandika wakkingsun sanadyan inggih longkaa, darmi-darmi yén maksih sihing Hyang Widdhi, dhateng Sang Prabu Ngesam,
  42. Lamun maksih dinnamel narpathi, nathéng Ngesam dénning Hyang kang murba, mokal tannantukka mangké, duta sinnegah sampun Katim sigra dénnya ngulatti, marang nging padhukuhan turut gunung-gunung, sannak-sannaknya sadaya, binnobottan samya tumut angulatti, yén binudi tan majad,
  43. Ngendi ana unta kang kadyéki, parandénné takdirring Hyang Suksma, datanna lami antukké, pepak kang ngunta satus duténg Ngesam ngungun ningalli, Katim  pasarh ing duta, sumonga punniku, sami andika kapariksa, bok mannawi wonten  siwah salah siji, welingé Prabu Ngesam,
  44. Tinniténnan sadaya ngayekténni, kadi pundhuttanné nathéng Ngesam caraka mit sinungngagé, pasangonné luma[333]ku, pira-pira Katim nyangonni, unta satus binnekta, tan kawarnéng ngenu, ing nagari Ngesam prapta, katur maring  Sang Prabu unta Si Katim ngungun Sang Nathéng Ngesam,
  45. Sarwi jetung angandika aris éstu lamun si Katim balaba, iku ingsun coba baé, agawok temenningsun dudu rathu bisa ngulatti, unta kang longka-longka, kapotangngan-ningsun ing jamanniki tannana, kaya Katim kinnén amangsulna malih, sarta mot raja brana.
  46. Paparingngé nathéng Sam mring Katim unta satus kawrattan barana, pénni-pénni paparingngé, tan kawarna ing ngenu, duta ing Sam samana prapti, ing Takyi Péhak Ngarab lan Katim wus  pangguh, dhinnawuhaken sadaya, unta  wangsul sarta winnottan paparing, pénni mas raja brana.
  47. Sira Katim andheku nakpénni, ingundhangngan sannak sannakira, kang ngadarbé unta kabéh, prapta sadaya sinung, Katim datan arsa angambil ing pangaji sadinnar, datan narsa mundhut pangaji sakethi ana, duk punniku annak putunné Ki Katim sugih sami sakala.
  48. Carakéng Sam éram anningalli, dénné Katim tannarsa angalap ing barana paparingngé, lajeng mring ngannak putu, duténg Ngesam amit mring Katim prapta nagari Ngesam katurring Sang Prabu, tetekonné Katim Mulya, Nathéng Ngesam tetep mawong sannak Katim saking kayungyun myarsa.
  49. Kunneng Sulthan Sam ing[334]kang winnarni, Prabu ing Yaman ri sedhengngira, myarsa Katim wartanné, duka yayah mannebut sru ngandika mring para mantri, ya ngendi ana kumpra, angluwihi rathu, si Katim pan wong ngalassan sajinnissé angon wedhus datan malih lawan wong  angon unta.
  50. Pira kadarré wong angon kambing, dadak duwé pametu saleksa, apa kang dén lomakaké, wong bingung anut ubyang, ingkang padha ngalem si Katim ingsun séwu sadinna, ya sidhekah ingsun mring pekir miskin yatinnan parandénné iya tan nana kang muji, kasaru wonten duta.
  51. Dutannira Sulthanning Mahribbi, atur surat anuwun wawarta, saking Mahribbi lokanné, ana wong bongsa dhukuh, lomannira angliwatti, ngesorken para raja, nenggih ojattipun saking Mahribbi kapyarsa, Péhak Ngarab kang ngabongsa Katim Takyi, loma kagila-gila.
  52. Pamryarsanya surat ing Mahribbi, rajéng Yaman sumungku tindaknya, latu-latu bang jajanné, asru dénnira muwus mring pandhéga kang sabéng bengi, lumakuwa mring Ngarab wongngé Kakang Prabu, paténnana dipun énggal kang anama si Katim kang bongsa takyi, cangkingngen  ingkang murda.
  53. Ya mulanné iku sun paténni, aja kongsi temah tibéng sasar, kakéyan lok pamujinné. Dénning wong nora weruh, wus anggung-gung marang si Katim karana ingsun wennang, [335] maténni wong ngiku, yén kalakon karyannira, ingsun ganjar apa sasukanniréki, yén wus yuda kennaka.

Pupuh XXVI
PANGKUR

  1. Baduwi tur sembah mesat saha sampun binnektan pedhang kalih, kagungngannira Sang Prabu, kang katé bangkat karya, cinnacakken ing wesi sawentis rampung, wus lepas ing lampahira, ing marga datan  winnarni.
  2. Wus prapta jajahan Ngarab prapténg shukuh wismanning Katim Takyi, baduwi lérén angaub Katim anuju medal atatanya baduwi ingkang angaub paman wong pundi andika, lan ingkang sinnedya pundi.
  3. Baduwi alon sahurnya, kula annak saking Yaman nagari, sedyanning driya nakkingsun ingutus ngambil unta, Katim Tayi angling paman yén anuju, kéndella wisma kawula, mucangnga nginumma warih.
  4. Begja yén manggiya paman pannekullan inggih saé binukti, gampil lamun sampun tuwuk lajengnga alalampah, sokur séwu sipengnga ing wismanningsun baduwi lega tyassira, rêsepping mannah nurutti.
  5. Prapténg wisma sinugata, dyan sinuba-suba samya sbukti, gumatinnira kalangkung, malah supé ing lampah, kongsi dalu tan pegat sugatannipun nyamikkan inum-inumman sadalu leketting budi.
  6. Samya ngrasa piutangngan Katim mojar paman lamun suwawi,jangkeppa ing pitung dalu, wonten wisma kawula, anglegakna pun pa[336]man ing mannah ingsun baduwi lon sahurrira, yén sampun ing ngudur inggih.
  7. Asanget ngudurré annak dédé ngudur ing lampah kang ngagampil luwih sanget luwih éwuh, annak dédé kinontha, Katim angling paman mannira yun weruh, mannawi inggih kawula, saged angapénni-pénni.
  8. Ing susahipun pun paman pinten banggi kula ngawat-tawatti, yén pracaya marangngingsun sampun kawalang driya, wong baduwi ing cipta kayapa iku, panggawé kang luwih gampang, iya lakunningsun niki.
  9. Annak mannira aweca, gih mannira dinuta mring Sang Ngaji, kinnén angulatti ingsun mring  Sang Prabu  ing Yaman wong kang ngaran Katim Takti basannipun ingsun kinén mejahana, murdanné kinnén anyangking.
  10. Sang Natha arsa unningnga, ing murdanné kang ngaran Katim Takti, Katim Takyi dupi ngrungu, gumuyu sarwi mojar, boten angél paman kalamun punniku, mannira paman kang sagah, miranténni amrin kenni.
  11. Kadi pejahé kang minna, ingkang sampun manjing anéng piranti, kantun amithes anyaplus ing sajatinné paman tunggil dhusun kang ngran Katim iku, ing dhukuh punniki uga, nanging tanggung sapunniki.
  12. Ing bénjing-ngénjing kéwala, karana pun Katim ing sabén énjing, ameng-ngameng anéng dhukuh, inggih kidul punnika, ngandhap wukir sangisorring gurda agung, yén prapta mudhun sing ku[337]da, lajeng angidul abukti.
  13. Turanggannira cinnancang, sapuniki daweg anuli guling, kawula andika turut paman tan wandé kenna, sampun nganti ngantossi kula dén ésuk karana yén kongsi awan kapelak késah pun Katim,
  14. Lah paman pedhang, luwih landhep angénnen medhang bénjing, ri sedheng turu akubut sampun dadya kang rêmbag ngéling-éling sawengngi wuwussen ésuk baduwi nulya lalampah, sawlingngé Katim Takyi.
  15. Ri sedheng baduwi medal Katim Takyi sigra dénnya kakambil anyilip ing margannipun turanggannira nyongklang, pasthi dhingin praptannira anéng dhukuh, mudhun saking ing turongga, kuda cinnancang waringin,
  16. Katim sigra apinéndra, sarwi kukub kadya guling sakénjing, baduwi tan dangu rawuh, mulat kuna cinnancang, angling ngaris nyata temen tuduhipun si annak kang darbé siwi wisma, lah iki  ana wong guling.
  17. Sigra wau pinnarpekkan kang ngaguling sarwi pedhang tinnarik ingikal méh tibannipun nulya graiténg nala, ingsun iya kongkonnanné rathu agung, yén nuli ingsun pedhangnga, mongka durung wruh ing rai.
  18. Sayekti agawé nistha, kang aguling sun ungkabbanné dhingin sigra binuka kang kukub kagyat prasamya jola, angungkabbi ingsukunné anjrit nguwuh, dhuh annak kadi punnapa, polah makatén punniki.
  19. Pangga[338]wé kang boten layak teka arsa ambuwang nyawa iki, Katim Takyi nulya muwus paman kadi punnapa, jer kawula sampun sagah wau dalu, ngilangngaken susah dika, gih kula kang ngaran Katim,
  20. Lah andika wong dinuta, maring rathu annyangking sirah mami, paran ta karsanniréku, kula paman wus rila, dika paman ampun kongsi antuk rêngu, wong suwita ing naréndra, awrat yén tan  anglampahi.
  21. Baduwi nangis ngrerêpa, nadyan silih dinukan awak mami, ingsun matur baé bésuk ing gusti rajéng Yaman ingsun amit sigra mesat lampahipun cinnaponnan kanggé marga, sabarang dénning pun Katim,
  22. Datan kawarga ing marga, prpaténg Yaman marêk ing Sri Bupathi, baduwi nembah umatur, ing solah tingkahira, Katim Takyi lila loma tekéng umur, sampun kaatur sadaya, miwitti malah mekassi.
  23. Prabu Yaman langkung suka, myarsa turré baduwi ngandika ris benner wong akéh punniku, kang padha ngalembana, durung tumon teka lila umurripun lah iya karêppé uga wus aja sira paténni.
  24.  Kuneng kocap jronning kitabmashur lamun balaba Katim Takyi, akathah mét misillipun kang para raja, wonten warah yén agung manpangattipun anenggih sajronning kitab jawairal mamaratti.
  25. Jamanning wuri kawruhan ukurripun nenggih Ki Katim Ta[339]kyi, ana turun ping sapuluh, ing ngannak putunnira, Katim Takyi kabanjirran kuburripun astana kendhih ing toya, jisimmé arsa dén elih.
  26. Kang jisim wutuh kéwala, nora bosok tinnon kadya wong guling, yén mungguh ahli tasawup tiwas tan bisa ilang, déné mungguh  ing jaman Ngarab punniku, tan kenna ingaran tiwas karana uwitting becik,
  27. Dadi ing sakukannira, sasennengngé tan kenna dén wancénni, ilangnga katonna iku, yekti tan antuk cacad yén ing tannah jawa mangkonno wong busuk wong mati katon tan nana, yén katon sayekti iblis,
  28. Mung iku kinnarya tondha, tondha lamun wong loma iku becik, wong kumet punniku antuk nama busuk lan ala, kunneng wau kocap Pasal tiga likur, kang cinnatur jronning pasal ing wong kang tuhu ing janji.
  29. Karan jronning ngagesang, kang utama nenggih tuhu ing janji, tuwin para ratu-ratu, wajib aja atilar, aja lirwa mungguhing janji punniku, bakal sakéh kabecikkan yén rathu ngoncatti janji.
  30. Karana witting karatyan pan gumantung iya kalawan janji, janji kang mungguh Hyang Ngagung, adilla marang bala, wonten kocap kitab: ikkatul muksinun kang tuhu ing janji paman karaton Nabi Ismangil,
  31. Nalika meng-ngameng medal lan sakabat satung[340]gal atut wuri, sakabat unnikumatur, amba mantuk sakedhap wonten ngudur mangké amba nunten wangsul paduka angantossana, sakala wonten  ing ngriki.
  32. Sakabat sampun kalilan prapténg wisma dilalah saking lali, janji marang gustinnipun ing ngantos pinggir marga, dumadakkan akéh gawé kang sinnambut malah kongsi tigang dinna, sakabat tannana bali.
  33. Mangkanna ing patang dinna, nuju ana gawé kangdén lakonni, metu sajawinning dhukuh, katingal rathunnira, Kangjeng Nabi Ismangil alenguk-lenguk gupuh amlayonni sigra, angrangkul padannira glis,
  34. Mila tuwan tanpa wadya, anéng ngriki inggih punnapa kardi, Kangjeng Nabi ngandika rum sira kang lali baya, ingsunniki nganti sumayanniréku, mila sun tan arsa késah, dénné sira sanggup bali.
  35. Sakabat umatur nenggih, inggih amba tan saged wangsul malih, mila tuwan datan kondur, tita ing tigang dinna, Kangjeng Nabi Ismangil ngandika arum dosa gung cidra ngubaya, mila ngong nuhonni janji.
  36. Nandyan kongsi ya sawulan sira nora prapta ing ngarsa mami, mongsata linggarra ingsun jer wus nyaguhi ingwang, muwus iya duk sira matur maringsun nawalannira Hyang Suksma, wajib anuhonni janji.
  37. Sabat umatur manembah, amba nuwun  apunten saking lali, ubaya lawan tuwanku, Nabi Mésem nga[341]ndika, iya kinnon angapura ing wong luput Jeng Nabi kondur ngadhaton kunneng kang winuwus malih.                                     

Pupuh XXVII
DHANDHANGGULA

  1. Jronning kitab jannatul maliki, nathéng Bustam nalika grahira, ubaya maring artanné, yén mulya gerah ingsun, dunnyanningsun sajronning puri, sun sebarraken marang, ing kawulanningsun kang pekir miskin sadaya, tan antara waluya gerah narpathi, nimballi Patih prapta.
  2. Lawang kang sagung para Bupathi, Natha Bustam angsru ngandika, maring sagung nayakanné, dhomas bupathinnipun, liya saking monca nagari, nalika grah Sang Natha, prapta samya tugur, samya pinnatedhan wikan, Sri Naréndra arsa luwarri ubanggi, anyebarraken dunnya.
  3. Jro kadhaton  gedhong-gedhong sami, bedhahana usungngana  medal, entékna sadinna baé, Kyana Patih wot santun rêmbag sagung kang  pra dipathi, pukulun nuwun  duka, ing karsa Sang Prabu, dipun watawis kéwala, yén suwengnga gedhong salebetting puri, yekti apes kang praja.
  4. Inggih  gusti arjanning nagari, pan gumantung inggih lawan arta, dunnya parlu prabéyanné, sanget kainnannipun yén suweng ngadunnya jro puri, datan antara mongsa, dhatengnging pakéwuh, punnapa damel prabéya, bilih-bilih wonten parang muka prapti, tan wandé kasorring prang.
  5. Asru ngandika  Sri Natapathi, sapa ingkang nanggung dosanning [342] wang, pratignyanningsun tibanné, Ki Patih  nembah matur, iyek sagung kang pra dipathi, inggihpunnika wadya, sadaya kang nanggung, Sang natha émengnging nala, payo metu ya ingsun arsa tinnangkil lan padha undhangngana.
  6. Racuttana sagung wong jajarri, ajana kang ngadegken jajarran yén wong liwat sasukanné, nadyan parêk lan ingsun singa wongnga aja malerri, mangkana Sri Naréndra, tedhak wus  angracut kaprabonning pannangkillan sinnapiyan sagungnging wong kang jajarri, birat padhang kéwala.
  7. Amung sagung  ingkang pra dipathi, kang séwaka ing ngarsa Narédra, mantri ing kannan kérinné, yata rare andulu, annon lamu Sri Narpathi, jajarrannira birat dadya  kang andulu, anyelak enggén Sang Natha, yata wonten wong édan siji tut wuri, amor lan rare kathah.
  8. Dénya lumaku sarwi sisirig pépéncossan sarwi akakayan, Naréndra awas tingallé, kinnén nimballi gupuh, prapténg ngarsannira Narpathi, Sang Natha atatanya, wong édan siréku, rare kang celak tur sembah milannipun lampahé anggung sisirig punnika tiyang jawal,
  9. Angandika asru Sri Bupathi, éh wong édan parêkka dén nénggal dén kaparéng ngarsa kénné, wong édan mundhuk-mundhuk marêk sarwi angiwi-iwi, dénné nimballi wong [343] édan Sang Natha ngling arsu sun tariréki, gonningsun duwé ujar.
  10. Yén waluya iya gerah mami, dunnyanningsun ing gedhong jro pura, iku sun danakken kabéh, maring wong  pekir iku, wong ngumbara pekir musapir, nanging nayakanning wang, padha  duwé atur, dadi kainnanning jagad yén sepi gegedhong kang anéng jro puri, gawé apessing praja.
  11. Édan mundur sarwi ngiwi-iwi, yén paduka ngandika trussing tyas sampun kawijil ing lambé, punnapa ta Hyang Ngagung, boten nuhonnana ing janji, boten aké atilar, ing ngubayannipun luwih sirik gungnging dosa, lamun wonten Narpathi ngoncatti janji, barang kang wus kawedal,
  12. Angandika wau Sri Bupathi, iya ingsun  arsa tan atilar, ing ngubaya sayektinné, nanging punggawanningsun iya ingkang padha mambengngi sigra Rêkyana Patya, annambungi wuwus éh wong édan wruhannira, milannipun umatur iya ngaturri, lan sagung kancanning wang.
  13. Kagungngan dalem dunnya jro puri, iya iku pametunné kathah, pasthi dadiya bélanné, bok ana éwah éwuh, yakti dadi saratting jurit upama ginnanjarna, dunnya jro kadhatun mring pekir miskin sadaya, tapa gawé wong pekir gawénné kesik satindakking nagara.
  14. Édan matur ing Jeng Sri Bupathi, tuwan punnapa paring ubaya, maring pekir miskin kabéh, sa[344]barang milya nyambut barang karya tuwan nagari, Sang Natha angandika, durung janji ingsun wong pekir iku anggurran barang karya  kabéh kang lumakwéng kardi , bubuhanning nagara.
  15. Wong édan sigra matur mring Patih, lah Ki Patih punnika Sang Natha, déréng  janji ing pangréhé, mring wong pekir punniku, datan antuk dika piéri, ngopénni dahuwénna, barang tingkahipun dénné iku kadhawuhan lan sang  Natha iku karsanné pribadi, dhawuhaken timballan,
  16. Koluhulkak wakala sadikin nora kenna yén ratu oncatta, wong édan nampél pupunné, sarya sru dénnya muwus kari gawé lah ingsunniki, sigra dénnira mesat saking ngarsa prabu, sakala wus tan katingal anggarjita tyassira Sri Narapathi, asruh dénnya ngandika.
  17. Éh Apatih dadi ingsun niki, nora ngarsakken ing ngaturrira, aturré wong édan  baé, iya kang ingsun  guu, lah wong jro kadhatun dunnya jro padha wetokna, dipun telas iya ing sadinna iki, ngiridda jagul kathah.
  18. Sigra manjing pura para mantri, ngirid jagul pra samya bubuhan para mantri sagedhongngé, dunnya wus telas metu, wus tinumpuk néng poncaniti, sagung pekir sadaya, ingundhangngan sampun angrayah dunnya Sang Natha, sasenneng[345]ngé tan nana suwaléng ngati, Sang Natha nulya jengkar.
  19. Sami tolih sapraptanning puri, tontonnen mulak agedhongngira, tedhak Sang Natha karsanné, ningalli gedhongngipun artannira wus kebak malih, bentet tur isi arta,mantuk kadi wau, Sang Natha ngungun nalongsa, annimballi marang Rêkyana Apatih, lawan sagng punggawa.
  20. Tan antara prapta ing Jro puri, ngarsa Natha Prabu ngandika, éh Apatih kaya priyé, sagung kawulanningsun ingkang padha mét dunnya sami, gedhong ngong pirsannana, nulya méntar sampun Kyana Patih lan punggawa, samya ngungun angraos doséng Narpathi, wangsul prapténg  byantara.
  21. Kyana Patih umatur wotsari, angrerêpa atur pejah gesang, yén kagungngan dalem kabéh, gedhong sadaya wutuh, isinnipun wus bentet malih, Sang Natha angandika, sihing Hyang kang ngagung, yén guguwa aturrira, dadi nistha lan cacad karaton mami, katujunné wong édan,
  22. Ika mau kang pindha wong baring, sayektinné ika malaékat ingkang atuduh bennerré, oncaddé atinningsun yén duwéya pikir bok miskin dadi gawénné ika, anggawa bebendu, mecat wahyu kanaréndran ingsun kukuh tan  kennéng aturriréki, dadi gawa nugraha.
  23. Marma iya angger-rangger mami, rong prakara aja wanni sira, ngalangngi amrih wurungngé, kang dhingi[346]n angerringsun lamun ana wong dosa pati, ingsun sedya ngapura, aja sira matur, amumurang kautaman lawan iya yén arsa adana mami, aja matur amalang.
  24. Iya iku kabéh tan mangenni, ya nagara kasrah maring sira, sakayunnira dé rang ngréh, Ki Patih langkung nuhun ingapunten dénning Narpathi, dadi angger-ranggerran pangréh amrih  émut kunneng sagung para raja, dénnastiti ing kaol Imam Bukarai, marna Pasal wekassan,
  25. Ping Pat Likur Pasal kang ginupit pamungkassing carita utama, sinung kamulyan akéh, nugrahanning  Hyang Ngagung, kaol sidik Imam Bukari, wasiyat maring samya, sagung rathu-rathu, darapon manggih raharja, saturassé tulussa kang mangku adil kalipah ing Hyang Suksma.
  26. Éh sagungnging kang amrih basuki, énget wasiyatting patang pangkat kinnén nampénni yogyanné, dhingin kang para ratu, ingkang mukmin kang samya ngadil bérbudi ing ngagama, kaping kalihipun mantri gung ngalit sadaya, yé kang samya wicaksana yu ing budi, kaping tri kala tontra.
  27. Lirringmantri agung pinnapatih, amamatah mantri lan nayaka, punggawa mring saturunné, kaping pat ing tumuwuh, barang kang wong sinungan urip yogya angawruhana, ing ngélmu punniku, sampurna sabarang lampah, réhning  murih ing kaol Imam Bukari, sudibya ki[347]nnarilan,
  28. Maharannya ingkang bumi-bumi, yén kang samya kaisén manungsa, tuwin kang ana rathunné, wajibbing rathu-rathu, ngingu kaol Imam Bukari, wacannen sabennahar, dén kongsi anggilut lamun tan arsa amaca, proyoganya ngutus sang dasihiréki, supaya miyarsakna.
  29. Santosanya kang bisa nglakonni, yé kang ngadhep wruha sarasahnya, ing sastra murud maksuddé, tula-tula tumuluk tatal kelah réhning tan lali, lalu luludding ring tyas darsananning ngayu, rahayu mayukannangngrat nipthéng praya priyongga réhning sinneksi, déra Sang Maha Mulya.
  30. Anapon wasiyat  kang rumiyin para rathu wajib anduwéya, kang tinnari tyassé saréh, asring mumurung bendu, wanni malang tadhah duka ji, kalahirran rumaksa, sih kakancannipun kabatinnan sihing raja, ing yektinné aywa nistha gustinnéki, nistha kekembang rusak,
  31. Annyadakken ing panggawé becik anunulak ing panggawé nistha, iku wong becik lahirré, ing kaol kang mashur lamun rathu anduwé dasih, kang mangkonno pratondha, nugraha satuhu, malah Jeng Rasul wasiyat para katim ajana gagampang pati, ngedohaken nugraha.
  32. Yén ana kang tinnari ing gusti, wong ngadonni amrih ing duduka, iku wong ngamuk aranné, angamuk karo menthang, iku uga angrusak gusti, [348] ngedohaken darajad anggegem pal wahyu, wongmangkonno singahana, sayektinné gelah-gelahing sabumi, satrunning natha rêdya.
  33. Ingatassangin kang aran katim bawah angin ingaran sujana, nora mangkonno lakunné, pasthi ngalingngi luput nanging pémut awanti-wanti, sira yén amindhowa, panggawé kang luput wewennang ana ing raja, sira uga tan wun apanggih bilahi, poma dén énget padha.
  34. Para katim punnika kang wajib nulak ingkang malaratti badan badanné wadya ji kabéh, rumeksa nikmattipun teteppipun man pangatnéki, sagung wadya Sang Natha, dén padha rahayu, ratu wuwuh kang darajad yén nagara tan ana sawiji-wiji, yéku tondha nugraha.
  35. Anapon wasiyat ping kalih, nginguwa wong betah kennahat lawan ing kang betah melék sarta wong sabar maklum wataknya ta ing réh titis wasiyat kaping tiga, sagung rathu-rathu, élingnga ing tunggal dinna, saben-saben kang baskara méh umijil suhul langen ingkang tyas,
  36. Aja suwé sapa dhenget uwis acipta apasrah ing Hyang Suksma, mennawa ana luputté, iya sadinna iku, réhning madeg kinnarya wakil mugyantukka agama;nnira Sang Maha Agung, dénnira kalipatullah, angukummi yén surya sampun umijil salat su[349]kurran nahar.
  37. Rong rokangat salam nuli uwis usalinné kang salat punnika, ya ussali rêkangatté, sukurran nahar iku, mujiha ilal kakbatti, lajeng Allahu Akbar, nulya ayattipun patékah kulhu annyandhak kalih pisan rêkangattipun tur sami, lajeng anulya salam,
  38. Sabakdanning salam andonganni, dongannipun salamet kéwala, salametta karatonné, lawan sawadyannipun sawijillé baskara mijil aja anuli dhahar, niyatta punniku, puwasa saking saejam myang rong tengah ejam mungguhing narpathi, agung pakantukkira.
  39. Yén rong ngejam tapanning narpathi, pitung sasi tapanné sok wongnga, padha lan saejam baé, mungguh tapanning rathu, yén wus bakda salat ing ngunni, macaha kitab bustam salatin punniku, kaol Bukari sadaya, dén kawang-wang yén tan  amaos pribadi, kongkonna dasihira.
  40. Aprayoga gunnem kang prayogi, aju salati makutha raja, dén kenna murad maksuddé, darapon teteppipun wahyu kabir ingkang para ji, lir liron tasbéh salat maos kitab iku, ing tegessé annennedha, séwu donga pakoléh kaol Bukari, yén mungguh para raja.
  41. Aywa tungkul asorring pakarti, dunnya iku yén nora micara, Imam Bukarai kaollé, upama wong ngalungguh, [350] nora ngarah enggon kang rêsik eprak-eprong kéwala, sagén-enggénnipun dodot amoh asangsaya, apek pengnguk ambunné luwih abacin lungguh ing tambelékkan,
  42. Nadyan amoh dodotté upami, lamunlungguhé angarah-arah, milih kang rêsik enggonné, nadyan amoha iku, nora mambu pating kalennyit nadyan Sang Maha Mulya, mulur wahyunnipun yén mangkonno para raja, lalakonné karaton kabuka yekti, lawangnging kabecikkan,
  43. Sagung panggawé ala sumingkir, dadi ngalamat yén tinnarima, mungguh ing Hyang karatonné, maning wakil satuhu, awallakir maksih narpathi, réhning tindak utama, saréh sabar maklum winnalessing kaluhurran wus mangkana éh sagung para narpathi, nayaka myang punggawa.
  44. Padha amriya setya ing gusthi, lirring prawira kaprajurittan ngupayaha dén pakoléh, rahsanning kitab iku, iya bustan tajusalatin myang sipatul ngukala, lan jannatul muluk wajib padha marsudiya, aja amunglapal maknanné kang munni, priyén kennanning murad,
  45. Yén nora mrih ing kaol Bukari, sasolahé temah siya-siya, dénnya ngampingngi rathunné, adoh rahayunnipun nayakéku wakil  narpathi, dVnnira ngulah praja, gegentén kawengku, nistha madya lan utama, suminggaha kanistha[351]n anunularri, babo mring ratunnira.
  46. Lan weruhé prabédanning gusti, lan kawula terussenna pisan kawula  lan pangéranné, darapon  nyatannipun panggawé kang sira lakonni, pakaryanning nagara, sore lawan ésuk tétéla madya kanisthan kautaman dersana pangéling-éling, mantri kondhangnging praja.
  47. Yén nagara kéh punggawa becik wruh ing nistha madya lan utama,  kekembang arja rathunné, singkirna ywa ginugu, lamun ana mata macicil yaiku tapakking Hyang, jail watekkipun tan amrih rahayunning lyan amung rêbat pakoléh awak pribadi, ngaranni sarunning lyan,
  48. Nora dadi babonning wadya ji, kaliwat nistha tindak mangkana, éh nayaka aja suwé, supaya sungnga pémut réhning samya ngampingngi gusti, karya mannissing praja, tindakking rahayu, tannana janma sangsaya, anak rabi sayekti padha basuki, pasaja réh kang arja.
  49. Yén wus antuk rasanning Bukari, wurukkenna annak putunnira, rahayu sawurinné, tarsép tatrappi tutur, réhning munggéng  praja narpathi, mannawa kang kinnarsan déra kang amengku, ing wirêdya kasujanan dén lestari ing solah kang ngunni-unni, ngunnandika ing praja.
  50. Darapom tumurassa  ing wuri, wuryanning kang nayaka prawira, mongka dersana sakéhé, dasihira Sang Prabu, mantri rêdya anglalajerri, angi[352]mpu kautaman nyingkirraken saru, marma wajib annimpenna, para mantri ing kaol Imam Bukari, wéh tulad  wong sapraja.
  51. Wus muktamat tétéla sayekti, wahyu bukra pangiketting rahsa,  Bukari ing pakartinné, wahyunné kang satuhu, nugrahanni kaol Bukari, lumaris pakonning Hyang, sang miséséng kayun kayungyun dadi wirayat ing kawiryan pratikel amrih praja di, seminning pasawuwan,

Pupuh XXVIII
S I N O M

  1. Ngunni sagungnging wirayat kang prapta ing bawah angin tangéh manggiha sayogya, lumudding réh mutawatir, mawi lettaken kidik papakem réh ing Malayu, dorring kriddha pandaya, wong lumayu dén karêmmi, réh raharja kalissing lumayu praja.
  2. Ngunni yén kocap ing patrap nenggih ing kaol Bukari, Hyang Suksma lamun annitah, narpathi sukerring budi, murkad bek sanget mukti, panglulu nagri lumayu, sanadyan sami janma, kang ngawirya nrussing niti, nora titah améng Malayu nagara.
  3. Balikkannen kéringngira, kéh tinnitah rathu sekti, kang santa ambek raharja, kawiryan dipanning bumi, éh sagung para mantri, énget-ténget ing pitutur, miwah pradanning praja, nayaka angeng manniti, yé kang mong kawod sagungnging karaharjan,
  4. Kanyatahanning yunningrat nugrahanning narapathi, sinung nayaka prawira, béngkas yé[353]n amangun jurit kaprawiranné yekti, tumindak sarta rahayu, réhning sampun aulah, telahing kaol Bukari, pira-pira prabu wisésa ing praja.
  5. Mila Nabi duto tama,  wasiyat umattiréki, sagung pakarya utama, iku nikmatting Hyang Widdhi, sagung panggawé becik yéku hidayat satuhu, sakéhing ahli makna, ngrasa asukurring Widdhi, pituturré ya wis kocap jronning Kuran,
  6. Waama binnikmatika, iya rabika pakadin anapon sagungnging nikmat saking Pangéranniréki, caritakna ta ugi, mring batur  mring ngannak putu, darapon tétélaha,  kasampurnanning Hyang Lewih, dersanala ayem kang sinnungngan nikmat,
  7. Sarta waspadéng tarima, kang jalarran narapathi, énget surasanning kitab kasraha maring Sang Ngaji, sanggem dénnya naossi, ing pakarti Sang Ngaprabu, lirring mantri prawira, trussing tingal kaping kalih, lirring prabu: lirring Hyang Maha Wisésa.
  8. Nora nibakaké rowang, réhning atunggal lan kardi, ika ana ingkang kocap kang kadi mannissing ngélmi, sesepuh ing ngagami, nalika ngarsanning rathu, yén rathu arsa duka, maring konca dén pambengngi, datan kongsi dhawuh dudukanning raja.
  9. Tegessé mantri urakkan yén sang rathu  andukanni, mring wong  kang tunggal sabaya, nora malang angrojongngi, lan amrih su[354]sah malih, karya wah-owahing laku, barang wus kaliwat kang wus tetep dén lakonni iya iku mantri awak kawak sétan,
  10. Riwayat kang kaping tiga, sagung kawula bérbudi, lawan sagung bér-agama, dén éling ing kitab iki yogya mriyang pakolih, suraséng kaol pitutur, aja pegat micara, supaya rahsanné enting, salaminné ywa kandheg ing lapal makna.
  11. Lan aja mamang warta, kang kocap kaol Bukari, wajib uga akojaha, mring sagung  wadyanniréki, supaya amrih dadi, kaduka tanggapping  rathu, pakéwuh ing nagara, sumrambah wadyéng narpathi, singa-singa tinuduh  waspadéng tindak,
  12. Wahyu nugrahéng naréndra, yén bala sarwa sumaji, sabarang ing réh kabéngkas mentas noramindho kardi, tur nora dadi silib utama réh wus pinnétung, annyegahi kanisthan madya sampun dén  liwatti, kautaman tetep pitulung Hyang Suksma.
  13. Yogya narpathi asiya, mring sagung wadyannira ji, tondha lamat sawiji, yén rathu kéh wadya  lulut pinuji ing kasantan tan nanasak tyassing patik awassenna énnakking tyas balannira.
  14. Kocap sakéhing pratingkah, tan nana ingkang ngluwihi, liya rukun sih sinniyan sama-samanning wadya ji, trussing Sang maha Lewih, kaluhur[355]ran luwih agung, rinnojong dénning bala, samya nennedhéng Hyang Widdhi, apan ana undhangngé Jeng Nabi Duta.
  15. Éh umat samya wikanna, ing ngunni ana narpathi, luwih tinnitahken ala, tyassira ginnonjing ngéblis agung niyaya maring, bala tontra mantrinnipun wonten siji punggawa, marak ing Sang Pandhitha di, annennedha donganné ing Sang pandhitha.
  16. Muga-muga binnéngkassa, atinné rathunniréki, kang pinanjing jajal lannat nulya ing  dalu Sang Ngaji, asaré ing patanni, lawan para garwannipun sakawan pipingittan langkung sakéca aguling, anyupenna binujung ditya dribiksa.
  17. Langkung dénning kamigilan tan nana ingkang nulungngi, saparan kinuya-kuya, kedah manjing garwannéki, annaut angerêkki, Sri Naréndra kagum-kagum punggawa ingkang késah, mrih donga Sang Maha Yekti, jro supenna atulung maring Sang Natha.
  18. Sarwi angucap mangkana, éh dannawa aywa manjing, ing garwanné rathunning wang, lah iki manungsa yekti, sayekti amrih becik dudu kang kaya siréku, sétan amrih bencana, sawungunya Sri Bupathi, lajeng kagum lumayu wisméng punggawa.
  19. Kang katon jronning supenna, dharadhoggan Sri Bupathi, punggawa anuju prapta, saking wismVng Pandhithéki, Sang Natha anungkemmi, akathah sasambattipun tan purun  ingaturran manjingnga [356] kadhaton mami, saking kawus tannarsa umadeg raja.
  20. Punggawa nulya prasetya, yén anedha dongannéki, pandhitha ingkang nglarutta, ing jagaddé rathu mami, ngungun Sri Narapathi, myarsa turré punggawéku, sigra sagung nayaka, miwah patih dén timballi, prapta sami munggéng wismanning punggawa.
  21. Samya kinnén neksén nana, prajanjinné Sri Bupathi, tannarsa angulihana, panggawé kang nguni-unni, tobat maring Hyang Widdhi, lan mundhut apurannipun mring sagung wadya-wadya, kang dén kanniayéng ngunni, wus sinneksén sigra ingiring jro pura.
  22. Mila Jeng Nabi wasiyat punggawa wadyanning ngaji, bisa junjungngi sabirat mring rathunné kang tan yekti, ipalailul katib kitab kojah kang misuwur, utamanning punggawa, kang agama kang bérbudi, ingkang  ngawas tingallé marang Hyang Suksma.
  23. Mila winulang hidayat nagri kéh punggawa becik, dadya wajibbing ngagesang, nimpenni kaol Bukari, yéku hidayat yekti, warnanné hidayat iku, dana lan barang karya, kang maring panggawé becik pikir ala iku  rupanning bencana.
  24. Lamun katut ing bencana, nora katula ing galih, yaiku bakal rinusak, nurut aturré wong jail  marmanné dadi wajib sagungnging wong agung ngagung, weruh sarta simpenna, muraddé kaol Bukari, mongka paés kalahirran kabatinna[357]n,
  25. Mongka parmata di  mulya, néng gedhong kaol Bukari, sayekti temah nugraha, kang maos ngiling-ilingngi, dén pasthi angawruhi, dén éling ing murad maksud karana dén waspada, sah ingkang kaol Bukari, wus tétéla punniku sawiji nikmat,
  26. Wasiyat kaping sakawan mring sagungnging juru tulis sakéh ingkang lalampahan mijil saking juru tulis nagri barang pakarti, tan liya saking punniku, dén éling dipun awas prakara sajronning tulis mongka marga karusakkan karaharjan,
  27. Pakarti nora gampang, kabéh anéng juru tulis panggawé kang luwih gampang, iya anéng juru tulis mulanné iku wajib anglampahenna tepakur, amrih  nora sembrana, angéling-éling  dén éling, aywa tungkul ngangen-nangen réh kang liyan,
  28. Mila rathu kawajibban mulasara juru tulis  nityasa ywa karusakkan ing tyas kaéronning budi, mulya barangnging kardi, réhning ngayem wusanémut sagungnging kang réh salah, terus terangnging narpathi, temah mulya wewengkonning pamicara.
  29. Lawan sakéhing wasiyat ingkang samya angampingngi, ing kaprabon nawa rêdya, nimpenna kaol Bukari, supaya aywa lali, ing karajan amrih luhur, kocap ing  dalem kitab hidayattira Hyang Widdhi, andum wahyu mring sagungnging raja-raja.
  30. [358]Ing kinna ana naréndra,  pangréhing mring juru turlis sabarang barang prakara, ingkang kinnén anulissi, kadya karyanning dasih, ingkang juru gedhongngipun dalu miyarsa swara, éh juru gedhong siréki, marén nana anulissi barang barang karya.
  31. Karana ta rathunnira, kapéngin karyanniréki, anulissi barang karya, akéh padha dén tulissi, nora ambobot kardi, kang pantes karyanning rathu, pun gedhong satanginya, émut swara jronning guling, barang karya atambuh tan tinulissan,
  32. Dinnangu mring rathunnira, kaémuttan ing ngartéki, pun juru gedhong aturnya, saparanné Sri Bupathi, sabarang dén tulissi, maring juru gedhongngipun nora anganggo yogya barang réh kalebéng tulis Sri Naréndra miyarsa gedhong turrira.
  33. Kabennerran dukannira, kadya anuwekka aglis nulya mendhung angin gora, sakala nampek jro puri, peteng anglimputti, wus sinnamber Sang Ngaprabu, binuwang saking pura, ingelih gedhongngiréki, juru gedhong ingelih kinnarya raja.
  34. Sirnanning mendhung apadhang, Sang Natha salin gonnéki, anéng wisma gedhongngira, sarta dén sandhingngi tulis kasiku ing Hyang Widdhi, rêmen dudu karyannipun ana panten lan nora, ingkang pantes dén tulissi, nora rathu gawé salah tanpa karya.
  35. Adoh pangandelling Suksma, [259] yén barang réh dén tulissi,  angakéhaken mamaras kurang legawanniréki, yén mungguh ahli ngélmi, kurang papat wussannipun yén mungguh ahli praja, kurang pangandelling Widdhi,  lali éling iku karsanning Hyang Suksma.
  36. Éling-ngéling éh manungsa, iku hidayat Hyang Widdhi, yén tapa iku kaéwan dadya kang pinnaring lali, wennang tobatting Widdhi, supaya dadi sesepuh, wruh karêngon ngésemman prayitna amrih basuki, yén acipta éling baé ya ingéman,
  37. Ana ta lirring ngidayat barang réh ingkang sumaji, ing ngarsanning naraditha, kang géndahpéah narpathi, barang réh  kang pinnilih, kang gumantung ing Sang Prabu, sagungnging ahli makna, dénnanggung sukurring Widdhi, kang sampurna ing tingkah sawiji nikmat,
  38. Lirring tajuya makutha, salatin iku narpathi, Bukari makutha raja, kawicaksananning ngaji, luhurring para aji, duk ananning gesangngipun akéh pakarti mulya, sairib lan para Nabi, saungkurré Bukari makutha raja.
  39. Kang angimannaken samya, kabéh rathu luwih-luwih, sinnembah samanning raja, nora kapirran ing pati, manpangat annerahi, réhning mituhu ing tutur, kurmat saksat duk gesang, réhning sinrahan ing Widdhi, Jeng Bukari babunning prabu wisésa.
  40. tegess bukari tetep nugraha, kang ngantuk kaol Bukari, anne[360]teppaken risalah, kang muktamat para mupti, pratondha angrampungngi, s bukariwu sukurring praja gung, iku tegess bukari nikmat nugrahannira Hyang Widdhi, amadhangngi ing praja paramurêdya.
  41. Saking pitulungnging sarak rarasanning kang nartibbi, buwang namanning risalah, katartamton darajatti, ingatassing Hyang Widdhi, ing ngantara manungsa mung, imann bukari tinnarima, myang kala ngamallir bukariki, kapanujon prapt bukaring bungkassing buwana.

¤¤¤tamat¤¤¤

1 thought on “SERAT TAJUSALATIN Bag. IV

  1. yoyonputrakelana

    Rahayu sagung dumadi….. Dèn…
    Minongko keparing perso panjenengan… menopo saget….. mergi kulo pribadi kepingin saged belajar lan nģelmu budaya jawa poro leluhur.
    Rahatu.

Leave a comment