Category Archives: SERAT ISMAIL

SERAT ISMAIL


Sedikit cuplikan tentang cerita Sarip Mail dari kerajaan Balsorah di Tanah Arab, dalam mencari jati diri sebelum dinobatkan menjadi raja, yang terangkum dalam Serat Ismail.

PUPUH I
S i n o m

  1. Raras sing sesinomira / anenggih purwaning wiwit / denirarsa ngrakit basa / mas kawining wulang ngelmi / aksara pinrih dadi / mamanising wulang luhur / supadya reh tumular / tingrua mring sarjanadi / tata titi wuryaning carita mulya.

  2. Mangkana purwaning gita ya / crita arap tembang jawi / winangun rarengganira / mrih karya renaning galih / ingkang samya umegsa / rosing rasa linuhung / ingkang mangka bebuka / Balsorah praja linuwih / abebisik maha Prabu Abdul Jalal.

  3. Nata ambeg pinandhita / kuncara kasubing bumi / kinarilan ing Hyang Suksma / wiwit karatonireki / tentrem para wadyalit / tata raharja dhi luhung / keringana parang muka / kinedhepana pra nrepati / ambeg mulya sudibya nata agama.

  4. Suci tumungkula pra wadya / mring narendra ajrih asih / wit nata ambeg samodra / angapura mring dasih / marma gemah nglangkungi / tulus kang samya tinandur / mirah sandhang lan pangan / tanana cewil cinewil / wit ratunya ambeg luhur para marta.

  5. Asih maring para wadya / miwah asih pekir miskin / wadya sih lulut sutrisna / sumungkeming lahir batin / saking karobaningsih / nadya sagung para nata / kanan kering lulut asih / lan nunggil yayah wibi / suwita anggeguru / sumungkem tan riringa / samya nganggep guru nadi / keh sumewa nuhun barkah piwulangan.

  6. Mangkana wau kocapa / Sri Dul Jalal narapati / kang wonten sajroning pura / ing wau nuju marwngi / bakda salat ngaseri / lenggah lan garwa myang sunu / mungging emper paningrat / putra nata mung sawiji / priya bagus pidegsaa mawa cahya.

  7. Ywanjana murti namanya / peparab sisarip Mail / sudibya prawireng yuda / mandraguna sura sekti / putusing elmu ais / sabarang reh agalembut / putus sangajinira / agamanira netepi / rama ibu saklangkung ing putra.

  8. Dhasar mung putra sajuga / dinama dama nglangkungi / tumplek elmune kang rama / sadaya sampun katampi / widagdeng rehing elmi / Mail kakasih Hyang Agung / winong mring malaekat / rinegseng dera Hyang Widi / tuhu lamun ywanjana murti minulya.

  9. Wicagsana wiratama / putus gunawan undhagi / karyarah ayuning puja / mamayu hayuning bumi / ambeg suci martasih / wewaka waskitheng semu / mumpuni saniskara / ramebu tan kena tebih / siyang ratri gung winulang reh karajan.

  10. Kang supadya raja putra / jenjem mring trap kukum / ngadil / nadyan tumrap putra / ywa kongsi bauka pini / utamaning narpati / tan kena cabaring kukum / nadyan badan priyangga / kapegsa miturut raditya / ngadat waton apa pranataning praja.

  11. Mrih ngasta ri donya kerat / rahayuning reh sabumi / nata kuncar ambeg darma / delahan cinadhang swargi / duk neng donya ambeg sih / paramarta ambeg sandu / tuhu musthikaning rat / jumeneng bagenda aji / sabar enget tur tebih ing pancabaya.

  12. Mangkana andikanira / sang prabu marang ing siwi / sarip Mail rehning sira / mengko wus diwasa kaki / sedheng reh wadya sami / yogya ngupaya kulup / wahteng kaprabon tama / lyan praja suyuta asih / marmanira ngupayaa pra pandita.

  13. Mring lyan praja kang wus wikan / ing reh utamaning elmi / yaiku samintaning wang / poma den kongsi pinanggih / rowangan prihatin / nasuhun maring Hyang Agung / bisane kajurugan / kaluhuraning narpati / de pun bapa ya amung menjurung puja.

  14. Arahenya kongsi nyimpang / saking parentah ing widi / kanthi rasakna kang nyata / kanggo sehing donya akir / iku guyuben yekti / kulup bisane kacakup / kandele tan melikan / awing ayya kongsi tampik / sambikala dedalan aja tumeka.

  15. Tinemu sasedyanira / yen wus lebda nuli kaki / dadekna padha sakala / haywa sandeya ing galih / yaiku kang sayekti / pusakaning ngelmu luhur / kang langgeng datan rusak / donya akire ya urip / iya iku urip ing sanyatanira.

  16. Awit kita iki nyawa / ing guna singgih / kabarayan panjang yuswa / nanging tan wun tekeng pati / kabeh iku mung nyilih / kewala dadi puniku / marma ing uripira / parlu ngupaya angelmi / ingkang muksin kamulyaning sangkan paran.

  17. Yen wus antuk kawruh nyata / nuli ngupayaa kaki / marma kang ayu utama / tan sedheng tindak ing krami / suci setya inglaki / kang tetep agamanipun / kang magsih rara kenya / lir reh ingkang wutuh magsih / sokur-sokur antuk jodho nunggal bangsa.

  18. Trahing ingkang asalam / putus tur sugih pangerti / sanadyan neng asli dosa / eger setya warna peni / kang baku islam yekti / datan sulaya ing kalbu / iku jatukramanta / tetep madhep mring Hyang Widi / iku kaya adoh ingkang sambikala.

  19. Kulup iku kalakona / ing endi enggone keni / yen wus apsah ing samangsa / tan susah rinengga dadi / sarip Mail turnya ris / dhuh rama miwah jeng ibu / kawula karilana / nglampahi tuduhira ji / nata nabda ya kulup alkamdulillah.

  20. Muga Hyang Kang Maha Mulya / jurungna setyanta kaki / amung yen wus antuk papan / kang prayoga iku kaki / praja miwah ing ardi / anulisa atur / slamete tekeng paran / lakunira saking nagri / Yaman nawa ana parlumu neng paran.

  21. Apa kabutuhanira / nyuwuna ibunireki / desa mengko jenengingwang / mung paring isarat kaki / busana miwah picis / kanggo sarana lumaku / iki rong kethi dinar / kamot pethen kancana di / ngono kae gek suniki / kang mangkana tokitna sajroning driya.

  22. Kuda sarakit sarenya / mara wus mangkata gagi / iku ki wanci mumpung enjang / maringi kerdyatireki / ywa nganggo walangati / mengko gek kepriye mungguh / ngono kae suniki / kang mangkana tokitna sajroning driya.

  23. Yya mandeg tumoleh sira / dipunpasrah ing Hyang Widi / dene tetep santhosa eklas / muhung pintanen ta kaki / sira lawan kang kari / hayuning wekasanipun / wit lakon kapurbeng ya / sandika dyan putra amit / sarwi ngujung padaning ibu rama.

  24. Wus panembah sigra bidhal / numpak kreta mung pribadi / Sri Narendra duk tumingal / tanapi Sri Prameswari / dangu angresing galih / mangun-mangung akrami sunu / timtis anglesing cipta / ketang mung putra sawiji / Sri Bupati lan garwa anenggak waspa.

  25. Kararantan gung tumingal / lampahe putraneki / ngentosi kretahe goknya / dupi wus datan kaeksi / lepas lampahireki / nata lan garwa saklangkung / nangnang marang ing putra / dadya sumungkem sang kalih / dyan munajad mrring Allah huwatangala.

  26. Rahayu lampah ing putra / sigra jengkar Sri Bupati / kondur maring patulaya / tan wusen wau sang aji / mangkana kang winarni / lyanjana murti sang bagus / curup prapteng dhawapan / ngandika sang sari Mail / heh ta kusir ngupaya apitakonan.

  27. Dhukuh ngendi iki baya / sun dulu katingal asri / miwah katon iku ana / walangar munggul pas pati / pantese iku kusir / kang darbe langgar jalma nung / mara sira takonna / sarta minta rerem dhain / tur sandika kusir angandhegken rata.

  28. Kenek lumampah dinuta / kapanggih kang jagi kori / kenek aris atetanya / Ki Sanak tanya sun iki / ngriki dhukuh ing pundi / lan sinten ingkang dhedhukuh / santri jaga wuwusnya / Ki Sanak andangu ngriki / winastanan ing ngriki dhukuh Dhadhapan.

  29. Dene kang darbe wisma / umbala pangulu anami / Danajati naip desa / ngiras ngrangkep dadya kyai / paguron santri desi / wangsul sinten dika bagus / utusan pundi dika / dene prapta wanci mahgrib / dhuh Ki Sanak paran kang sinedyeng karsa.

  30. Kenek ari aturira / kula amung rencang santri / lelana tana sinedya / kadalon pados pangungsin / lurah kula Samail / Balsorah pinangkanipun / yen pareng lurah dika / nyuwun tulung rerep ngriki / reh punika wonten masjid katingalan.

  31. Mung sadalu datan lama / parlu angrerepken dhiri / rata lan sakudanira / santri jaga mring pandhapi / Ki Panghulu marengi / arsa siram kagyat dulu / rencang santri praptanya / ngandika kiyai santri / heh ta kacung baya ana parlu sira.

  32. Kang sinung sabda turira / kyai kula atur uning / jawi wonten tamu prapta / sajuga dasihira dwi / kareta kenek kusir / pasemon kadi priyantun / pangulu duk myarsa / suka andikanira ris / aturana mring sarkara tinja maya.

PUPUH II
M a n i s

  1. Ki Pangulu gupuh angurmati / tamunira [inethun ing latar / ajawap asta kalihe / sumangka anank bagus / laju panjing empering masjid / dungkap maghrib sembahyang / dyan Mail lon matur / rehning wanci wus meh telat / sae sami lajeng ambil toyastuti / pangulu nayubagya.

  2. Kacung tanggap adan khalik-khalik / sawusira salat gangsal iman / bakda salat lenggah ngemper / Pangulu nabda arum / mara kacung wedangmu nuli / ladekna lan nyamikan / yasa ananipun / ing desa adoh nagara / krana Allah sumanggang gerha ngrahabi / tan susah abageyan.

  3. Uger sampun kasanggih basuki / gih punika nyataning rajarja / yen rembagan sae mangke / suwawi wedangipun / dipununjuk lan dhahar nyamik / kacung padha mangana / lan dhayohmu iku / santri kusir kenek tanggap / wusnya tuwuk Ki Pangulu ngandika ris / dhuh angger kula tanya.

  4. Nama sinten pinangkanta pundi / turut wana ngupados punapa / wus angsal punapa dereng / sang ywanjana umatur / kula santri nama pun Mail / saking nagri Balsorah / nedya pados guru / kang sekti lan mandraguna / nawung krida sambegana prameng kawi / prawira sastra.

  5. Ki Pangulu angandika ris / dhuh anak masrah mangsa wonten / guru kang genep kawruhe / wolung bab kang kadyeku / dhusun malih sageta olih / nadyan jroning praja / kados tan pikantuk / awit jaman sapunika / guru dhukun pujangga ingkang netepi / wajibe wus tana.

  6. ugi wonten yen dipun petani / agumpulken sujana sarjana / karigen praja desane / yen sampun saged guyup / dipundangu ngriku manawi / saget angsal katrangan / kang mirit lir wau / yen tan makaten tan angsal / kula tanggel bilih boten trimah kedhik / pasthi tan pantukan.

  7. Mail legeg duk mireng denya ngling / ngunandika sajroning wardaya / baya bener tutur kiye / layak jeng rama prabu / gone dhawuh jajah prajardi / ngupaya pra pandhita / tekan guru dhukun / iku karsane supaya / angimpuni pangawruh saking sathithik / yen wus lawas sampun.

  8. Ki Pangulu waskitha pasmoning / adhuh angger sampun wancak driya / yen temen-temen karsane / tamtu saget kacakup / ing nrimaa saking sakedhik / benjang bilih wus ramatula / panggih kang kinayun / kula tan susah tur lapal / putra kula tan lingwa ing dalil kadis / ijemak miwah kiyas.

  9. Mail matur mring pangulu aris / kyai ulun asrah jiwa raga / sumangga anut sapangreh / kula tan niyat mantuk / yen tan antuk warita jati / patraping niti praja jawi lebetipun / pun patik tan saget kesah / meneng mosik mung sang yogi kang mrentahi / donya prapteng delahan.

  10. Ki Pangulu angres welas asih / mring sang Mail dene bisa ngrasa / bener lupute karepe / tan pisan ambeg digung / sugih pinter tur banda wani / lan darah ing narendra / ibu saking ratu / rumangsa padha kawula / mung srengate ginawe beda geng alit / yeku ngalamat wirya.

  11. Danajati angandika aris / dhuh anak mas punapa wus karsa / trima kula wulang dhewe / saduweke wong busuk / dhasar desa adoh berbudi / yen angger wus pracaya / mangke lingsir dalu / kula wejang kawruh nyata / ingkang saget sura legawa ing pati / teteg tentremtu nyata.

  12. Tan cinatur pranataning panti / dupi wanci lingsir dalu radyan / den ajak manjing pasepen / winisik mring pangulu / talingan pakiwa wus tampi / niti tana kumendhang / tumpleg kawruhipun / sasat tunggal jiwa raga / Ki Pangulu kelawan dyan sarip Mail / wus sampat paripurna.

  13. Mail matur dhuh rama kiyai / rehning sampun rampung wulang tuwan / kang mring praja lan kerate / mangkya mba nyuwun tuduh / anggen kula yun palakrami / dhateng pundi purun / praja napi dhusun / sampun kantos katanggelan / Ki Pangulu mangsuli bilih marengi / kula darbe sumitra.

  14. Pangkatipun ngandhap ing Bupati / nanging mlarat sabab sarwa dremba / bagus Ripangi wastane / punika darbe sunu / estri juga ayu respati / tur magsih sunthi kenya / mring agama mungkul / kula jawabe manawa / dados jodho yen tan pareng sampun serik / yen pareng sampun suka.

  15. Awit kula mung dremi ngrembagi / dados boten wonten kang kawasa / kita wayang upamane / tan wenang milih andum / Mail matur leres sang yogi / bilih sampun prayoga / kula nyuwun dhawuh / Ki Danajati lon nabda / kula damel serat sorongan rumiyin / punika kados warna.

  16. Punika ger serat sampun dadi / kabekta pun kacung kewala / sarenga raden lampahe / ananging dhatengipun / wonten ngriku kacung rumiyin / anak mas ngantosan / wonten masjid kidul / lamun den undang lajenga / ywa sandeya punika tandha wus dadi / rembag kula prayoga.

  17. Mail sanggem angestoken weling / sigra pamit mring Ki Jatidana / wus kari lan mangkat age / serat binagta sampun / numpak kreta nunggil lan kusir / Mail ijen angganya / takocap ing wenu / gancanging carita prapta / kreta kendel wonten sakidul ing masjid / kacung mandhap priyangga.

  18. Nulya sowan mring raden Ripangi / matur kula  nuwun sowan kula / kautus rakanta raden / Kyai Ageng Pangulu / kang rumiyin ngaturaken taklim / kanthi ngaturaken serat / dyan Ripangi nuhun / sarat sigra tinampenan / atur priksa ngalamat serat kang mugi / kaatura adhimas.

  19. Dyan Ripangi ingkang ampil adil / angrampungi prakara rukunan / wiyosipun kula raden / mila mba kusung-kusung / atur serat bilih marengi / yayi mas sakaliyan / putranta sang ayu / dereng darbe calon garwa / kula suwun dhaup lan pulunan mami / dyan Mail namanira.

  20. Kula tanggel saenipun pasthi / gambaripun sare lawan serat / manawi wus mami ceceg / kula atur panjurung / satus ringgit minangka tali / tulus sadaya garwa / titi pun pangulu / Danajati ing Dhadhapan / dyan Ripangi rampungnya amaos tulis / serat sagambarira.

  21. Pinaringan mring garwa lan siwi / wusnya rampung panupigsanira / dyan Ripangi andikane / kapriye pamikirmu / dhuh ibune lan putra mami / kang garwa tur sumangga / kula suka sampun rujuk nini priye karepira / salugune kang eklas terusing ati / sang dyah gambuh ing driya.

PUPUH III
G a m b u h

  1. Dhuh inggih rama ibu / ing sakarsa gih sandika ulun / reh wanadya sayekti kedah nglampahi / sadhawuh ing rama ibu / punika sasat Hyang Manon.

  2. Paran gen amba mingkuh / mila inggih sandika sadhawuh / inggih sakit sandyan praptaning lir pis / tan pisan mingkareng dhawuh / sumangga sakarsa dados.

  3. Wau sang jagsa sampun / anampeni turing putra wau / raden jagsa dhawuh kinen angaturi / mring wau sang raja tamu / kacung sandika dyan miyos.

  4. Kapanggih raja sunu / kacung pasrangkara aturipun / adhuh raden wanjana sang sarip Mail / raden ing andikan laju / mring ramanta jagsa kaot.

  5. Dyan Mail sukeng kalbu / sigra dasih dwi tantun / tumut sowan dyang Ripangi ngancarani / anak mas banjur agupuh / ing kene lenggah laningngong.

  6. Angger padha rahayu / praptanira ana ing warsengsun / neng dhawapan apa ta sira wus lami / sang Mail ing ngaturipun ing pangestu sang kinaot.

  7. Lamun andika dangu / neng Dhadhapan saestu wus dangu / prapta kala mariki inggih antawis / kyai inggih kawan tengsu / sang Ripangi ngandika lon.

  8. Dhuh babo wong abagus / apa sira wus wikan rayimu / lah ta iki sutaningsun niken tumi / nah ing warna kurang patut / ugungan tan wikarathon.

  9. Manawa siraju / lan tanpana dhuh aja pakewuh / ya prasajan krana Allah cara santri / dene yen saharju ulun / arih ta dherek sapakon.

  10. Sang Mail aturipun / kula inggih prasaja / inggih seneng maring putranira ki / dyan Ripangi sukeng kalbu / myarsa ature sang anom.

  11. Wau andikanipun / yen mangkana yogyanipun kulup / dhuh ngasokna neng jro panti / lan dasih ta kalihipun / kenek kusir dimen ngaso.

  12. Pondhok Angepong kidul / sang ywanjana sandika wus mundur / mring pondhokan ing sarowangira kalih / duk wus prapta wancinipun / pasuggatan palumadon.

  13. Datan winarneng ngenu / ing antara wus samadyeng tengsu / sang ywanjana nenggih denira anyantri / neng daleming jagsa wau / rembagira sampun dados.

  14. Mung nganti mulan ngayun / dyan Ripangi apan sampun dhawuh / maring para abdi miwah warga sami / busekan angrakit tarup / sinipem tana weroh.

  15. Tan kawistareng semu / raden jagsa lamun karsa mantu / anjawi mung warganira ingkang nunggil / karsanya sang jagsa wau / magsih kinaryan wawadon.

  16. Ywa nglingsemi yen wurung / wus karaos tan eca tyasipun / ananging ta darunannira tan dugi / mung karaos gung kumepyur / myating putra sang lir si kodya.

  17. Lungse wancining undhur / sirik lawun kawedharing kalbu / sanadyan ta mring garwa datan kawijil / wit mung myarsa warta wau / ing pribadi dereng anon.

  18. Mung kedhap kilatipun / krenteg mosik kang kamangsen kalbu / pasemoning putra tansah den yitnani / sang Jagsa ribeng kalangkung / siyang ratri ngudi batos.

  19. Menggah kayektenipun / raden Mail ugi myarseng wadul / datan pae lan rama raden Ripangi / tan wrin pribadi mung catur / jroning tyas dahat karaos.

  20. Tinitik solahipun / putreng Jagsa badhe garwanipun / pandus katon sirna sarining kenya di / tansah mangudi sang bagus / kanyatahaning lalakon.

  21. Mangkana sang binagus / wanci dalu munajat salatu / putranira Ripangi amung sawiji / pawestri yeku sang ayu / pacanganira sang anom.

  22. Sajatinira sampun / anglampahi sedheng saba dalu / karembang sari lan dasih pribadi / saben temon tana wruh / sawiji dina sang ginom.

  23. Manggihi bedhangipun / neng jron kareta pulang hyun / kacarita sang Mail awas ningali / solah tingkahnya sang ayu / dahat merang sang wiranom.

  24. Datan cipta setuhu / ing lakon kang kadya punika / osiking tyas dene teka nora ngipi / yen sang dyah sedheng trapipun / kodhengi tyas sang wiranom.

  25. Osiking tyas sang agung / lalu tilar kesah angelangut / pedah apa wadon kang wus tindak musrik / mungkir sing panggawe ayu / laku jina sakgonenggon.

  26. Nanging sang dyah tan weruh / kawenangan lalampahanipun / sarip Mail gupuh denira manggihi / kenek kusir dasihipun / winangsit saliring wadon.

  27. Ki Kusir gupuh-gupuh / ngrakit rata reh dalu tana udani / mung nilar wurat sang bagus / dinugung mungging paturon.

  28. Tan wusen wusing rampung / gupuh-gupuh nitih ratanipun / enggar-inggar sinambi aplesir-plesir / Mail lawan kusiripun / mung pethi tansah ginen wong.

  29. Mangkana enjingipun / dyan Ripangi tindak pondhokipun / wit wus nampi saking turing dasih jagi / bagus Mail ning sing dalu / Ripangi langku sumedhot.

  30. Dyan Jagsa dahat tungun / yen estu wahanis duk ing dalu / gya jumeneng tindak pamondhokan nuli / ywanjana ing dunungipun / wus satuhu datan katon.

  31. Den gledah tuhu suwung / bagus Mail lan sarowangipun / dyan Ripangi sungkawa nyipta tan dadi / apa baya sababipun / dene lunga datan padon.

  32. Dhawuh mring abdinipun / kinen ngersiki pagulinganipun / kang liningan tur sandika angersiki / duk manggih serat neng kasur / ingaturaken gupoh-gipoh.

  33. Serat sinugmeng kalbu / wus kadhadha surasaning tembung / sarip Mail saklangkung anuhun aglis / mila nis ing dalu-dalu / tan pamit saking tyas kobong.

  34. Ing ngandharken sadarum purwa madya / ing wasananipun / milamba anis lunga don ping wengi / saking tan sabiling kalbu / awekasan trimah lolos.

  35. Dene arta tur atur / saking kula ujut dinar satus / ringgit kuning sumngga wus rila mami / mugi kaagema buwuh / puwranta ingkang jejodhon.

  36. Tamat wilapa ulun / ingkang putra pun Mail kaswayun / mangkana ta wau rahaden Ripangi / dupi trang suraosipun / brahma tuni ratan padon.

  37. Jajabang sumung-sumung / winga wengis nabda gedrug-gedrug / ngububilah heh si murang sarak anjing / wadon kang mangkana iku / sapanten semung den theplok.

  38. Mimirang tyas saklangkung / mring wong tuwa iku wawarnanmu / apan sarwi ngadeg gyat Raden Ripangi / wau ta putra duk dulu / karana duka tanpa don.

  39. Sang dyah oncat gya mundur / lolos minggat saking dalemipun / medal kori bebutulan ingkang wuri / ngulari putra tan pangguh / ciptanya sang jagsa mantri / sang dyah saestu cidrengdon.

  40. Tandha ngelesi laku / muwut ing galih sya sru / dukanira mring putra saking sru isin / dene ing lolosipun / sang dyah angasmareng lakon.

PUPUH XIV
Asmarandana

  1. Ngandika Sayit  Dul Majit / lamun sira putraningwang / yen tanya rinta neng gandhok / lah mengko ta antenana / arinta cik ben dandan / he ibune dipun gupuh / mreneya lan satmajanta.

  2. Nemonana tamu iki / warnane bagus taruna / nyai sayit turnya alon / sarwi ngandika mring putra / rara sira den denya / tinimbalan sudarmamu / kinen ngadhep tamunira.

  3. Kusumaning dyah wanadri / nut ing ibu tan renggana / gya busana pamerane / sarampunge mangkat sigra / lumebeng wisma lawan / ibune arantung / prapta ngarsane kang rama / heh ra enggal.

  4. Ngabdulah Ajit ngandika ris / maring putra sang lir retna / dhuh dhenok ngadhepa kene / iki ta sadulurira / kang lagi nembe prapta / saking lelana anglangut / manembah dyah Marianah.

  5. Sang Sayit ngandika malih / maring sang wanjana tama / angger yaiku warnane / sadulurmu weton ngalas / Mail dupi tumingal / mring sang dyah kakenan ing kung / tan kengkeng siptaning driya.

  6. Kadya ngung ngrumat tumuli / nanging gelane ing cipta / wit dyah tan methuki tyase / Sayit wruh semuning netya / lamun Mail kasmaran / enggal denira adhawuh / mring putra heh ra enggal.

  7. Ngrakita sesuguh nini / iku sadulurmu lanang / kang mentas lelana suwe / banjur ladenana sega / sandika Marianah / inggal medal saking ngayun / Ngabdul Ajit langkung suka.

  8. Dulu putranya sang dewi / ngandika mring sang ywanjana / paran sira wau angger / apa wus mring arinta / mesem ri sang ywanjana / pan sarwi pasrangkara rum / dhuh sang ambega paramarta.

  9. Den lepatna tulah sarik / kawula matur prasaja / mring Paduka setuhune / kalamun sambodeng karsa / amba ngesrhaken raga / mring putranta sang retnayu / kang mindha gebyaring candra.

  10. Nadyan den apdekna dadi / panembah ing pagulingan / kawula manut kemawon / lawan mugi kahatura / picis ulun kancana / mring Paduka sang beg luhung / arta dinar mas sumangga.

  11. Ngabdul Ajit amangsuli / yeku kang luwih prayoga / sarta dadi sukaningong / yen sira rumasa arsa / ngrabi mring atmajengwang / ananging pamintaningsun / sira haywa bela tampa.

  12. Weh picis maringsun awit / uwis sugih rata brana / pribadi lan kapindhone / wismaningsun aneng wana / dhuwit digawe apa / becik kok simpeni kulup / Mail tan langganeng karsa.

  13. Tan dangu bujana mijil / prasamnya adhedhaharan / sarampungira linorot / Mail pinaring pondhokon / ana sajroning langgar / kuwuwusa dangunipun / sampun wonten tigang candra.

  14. Sang Dyah wus dhaup lan Mail / tan winarna saratira / kang musikumi ramane / Sayit Dul Ajit pribadya / nanging kuciwa nira / wus lami antawisipun / dereng atut kang pangantyan.

  15. Kang dadya mula Sang Dewi / saben pinaran renggana / datan anut ing kesane / dahat emeng sang wanjana / ciptaning wardayanya / wus lami antawisipun / dereng atut kang pangantyan.

  16. Marengi anggara kasih / Sang Mail dhekukul lenggah / neng arsa kori tilame / wancinya tabuh sakawan / kagyat kang garwa prapta / ngadepeg neng ngarsanipun / sang retna umatur nembah.

  17. Kakang mas milamba prapti / mareg ing ngarsa Paduka / anyuwun rilah wiyose / mangke kawula sakesah / tirakat ngandhap kayam / wit yen gara kasih tamtu / kawula kesah tirakat.

  18. Sang wanjana amangsuli / dhuh mas mirah woding manah / satuhune ingasun kiye / durung nguwasani sira / becik nimas banjura / pamit mring rama Sang Wiku / Marianah tur sandika.

  19. Prapteng ngarsa mangenjali / umatur ing ramanira / rama prapta ulun mangke / nuwun rilah ing Paduka / rehnehi saban-saban / ri anggara kasih ulun / kesah sing wisma tirakat.

  20. Punika anggara kasih / mula nuwun rilah / karilana amba mangke / ing wanci surus baskara / amba arsa tirakat / kang Rama mangsuli wuwus / heh dhenok weruhanira.

  21. Sayektine ingsun iki / samengko nora kuwasa / amengkoni maring kowe / awit ing saiki sira / wus winengku ing priya / nalika sira sih timur / ingsun kang darbe bubuhan.

  22. Balik samengko wus krami / iya iku garwanira / kang majibi mring sirangger / Baba Biyung mung sadarma / saiki nora wenang / becik pamita garwamu / yen pareng ing mangkata.

  23. Nanging lamun tan marengi / sira nora wenang megsa / awit wong wadon darbeke / mung sumarah maring priya / Sang Dyah manembah mentar / lajeng mareg garwanipun / prapteng ngarsa sila nembah.

  24. Dhuh Kang Mas panutan mami / kula sampun pamit Rama / nyuwun rilah dalu mangke / arsa tirakat lir ngadat / nutugaken tarak brongta / dhawuhipun Rama Ibu / kinen pamit mring paduka.

  25. Yen Kang Mas sampun marengi / kula inggih kinen mangkat / jeng Rama nyarah kemawon / Sang Mail lon ngandika / dhuh mirah woting driya / lamun mangkana wong ngayu / iya apa sakarsa.

  26. Pun Kakang nora malangi / nanging ta pamintaningwang / mengko sira mirah ing wong / kelamun estu tirakat / ywa adoh lawan wisma / manawa ana pangkewuh / tan mundur maring kanisthan.

PUPUH XV
D u r m a

  1. Lamun pareg pun Kakang dherek tirakat / janma dwi lawan mami / kepingin lelungan / runtung-runtung lan sira / mring ngendi ratuning ratih / mengko karsanta / pun kakang atut wuri.

  2. Dyah wacana mesem sarwi angujit / nanging batin Sang Putri / langkung singkelira / Kang Mas pangeraningwang / saestu langkung prayogi / menggah karsanta / sarta amba nyondongi.

  3. Yen duka ngaterken lampah kawula / witne samar ing margi / yektining sadaya / sapa wani waniya / ngriki dhuh jalma lumaris / lan garwanira / pasthi nora prayogi.

  4. Naning wonten cacat geng atasing lampah / punika awit saking / nguni duk  kawula / mangkat arsa tirakat / pun Bapa gadhah ngeling / lamun kawula / tirakat sampun mawi.

  5. Rowang awit badhe badharak sedya / ingkang kelangkung ening / mangga gen kawula / tirakat tan punika / kantun sang anggara kasih / ngajeng punika / badhara qwel yekti.

  6. Ewa dene yen Paduka karya badhar / ngudhari cipta ening / amtan ngrasula / estri kapurba priya / sang ywanjana duk miarsi / kagagas-gagas / samar yen putungi.

  7. Paran baya yen mutunga garwaningwang / mangka durung karonsih / yen wis watara / ana ing telung candra / datan arsa mamareni / wus sedhengingwang / wenang ora nglilani.

  8. Lamun nora mituruti raganingwang / tan yun ngaruharuhi / iba susah ingwang / wasana ris ngandika / sdhuh nimas ari mami / bapa karsanta / pun kakang nayogani.

  9. Wus pragad rembaging putri lan putra / Marianah wot sari / dyan tindak prayoga / Mail kari anggara / ngentosi neng pojok puri / nhandhap ron kroya / ing wandi sirep janmi.

  10. Sang kusuma sapraptaning  ngandap kroya / mangu denya ngentosi / mring bedhanganira / gandharwa raja singa / sasmita nguwuh Sang Dewi / Raja Gandarwa / prapta mondhong Sang Putri.

  11. Rinarungrum ingaran pinothapotha / sang retna pobah pangih / lah bok den saranta / kaya wong nembe pirsa / garwa napda dhuh gusti / sangking wus lama / tan tunggalan sing dewi.

  12. Lah pagene sun anti lami tan prapta / ewuh apa dhuh wong sigit / sang Gandarwa nabda / saweg dadosi wisma / kagem siram kang retnadi / sigra binanta / mring tilam pureng peri.

  13. Tan cinatur denira amung asamara / wusing dugi sesuci / lenggah sakaliyan / neng tepi bale kambang / ningali asrining kali / dhahar wowohan / gunanya sang pisaci.

  14. Sangking cipta apa kapinuja ana / pura sasaputa pranti / karyeram kang mulat / dhaharan warna-warna / busana nganti ngemohi/ mila sang retna / katrem anut pisaci.

  15. Sigek gantya wau kang lenggah satata / kocapa Sarp Mail / kang ngentosi garwa / wus wanci bang-mbang wetan / meh padhang tanana mulih / lah apa baya / kang dadi sabab iki.

  16. Sang wanjana tan eca raosing driya / sigra nusul dyan siwi / dupi prapta pura / kora kadhaton pujan / sang Mail datan kaeksi / umpetan samar / mrih wruha kang suwardi.

  17. Dupi prigsa kang garwa lenggah satata / lan priya anom sigit / dadya sang wanjana / wus duga yen punika / bedhanging garwa dyah dewi / makpet panonnya / lir pejah tanpa kanin.

  18. Nging den ampah tan arsa ngentos duduk / mung munajat sang Mail / mugi Hyang kang Murba / Misesa Urip kita / Gandarwa lawan sang dewi / ywa bisa lunga / yen ulun dereng prapta.

  19. Angkluwari dosane kang laku jina / dhuh srallah mugi-mugi / kula linanjara / sabar tak kuwat / nglampahi cobaning widi / tan saget salak / kumambang lahir batin.

PUPUH XVIII
M i j i l

  1. Wus neng jroning Jabalbar sang Mail / sawatara ngaso / dahat lesu osang sirirane / aneng wana kang mina argaming / uwi lan gembili / bentul lawan garut.

  2. Ana maneh senenge sang Mail / lamun nemu ganyong / miwah pisang kidang dhaharane / rada aring gelenter sang Mail / yen sayahnya wusning / ngangkati lumaku.

  3. Saya nyerang mring tengah wanadri / drengma nganyut layon / kendelira lamun sayah bae /  enengena wau sarip Mail / gantya kang winarni / gupitaning tembung.

  4. Madyeng wana wonten jinising jin / kakang adhi karo / ingkang tuwa Sakarjan wastane / ingkang anem awasta Sakarji / wau jin kakalih / sami yogyanipun.

  5. Jin Sakardas kang ing ngukum nguni / mring Suleman katong / kongsi dwi ewu warsa lamine / neng samodra Sakarjan Sakarji / samya neng wanadri / awit kalanipun.

  6. Nusul ramanira mring jaladri / wineling jin karo / kinen samya maring sasadonyane / wus kalakyan winaris sakyehning / barange mung kari / panah pedhang dhuwung.

  7. Yeku kang sami dereng winaris / wit sami pakewoh / teka banjur gampang pambagene / nora kaya pusaka tri iki / angel timen adhi / iku pamanipun.

  8. Ingsun ingkang andarbeni keris / sira ariningong / jemparinge lah sapa madhange / upamane pedhang iku mami /  kerise sireki / lo jemparingipun.

  9. Durung ana ingkang andarbeni / ge kapriye mono / upamane keris mring kowe / ingsun ingkang darbeni jemparing / loya isih siji / Sakarji ris muwus.

  10. Kakang mas yen paduka nyondhongi / sarehning lelakon / punika wus dangu antarane / yen kapareng bok sumangga sami / angupaya adil darapon glis rampung.

  11. Lamun mboten makaten sayekti / sawarsa tan pedhot / tansah amung ubengan slawase / ingkang rayi aris nauri / ingsun iki yayi / sayekti mung nurat.

  12. Naging ngendi gone golek ngadil / Sakarji turnya lon / datan tebih inggih ngriki bae / lah punika wonten jalma inggih / sangandhaping uwit / gayam thenguk-thenguk.

  13. Bok punika saget amutusi / Sakarjan nabda lon / o adhimas manungswa maneh / bakit ngedum nadyan ingsun iki / jin dene tan bakit / wit angel kalangkung.

  14. Jin Sakarjan turira aris / kakang ywa mangkana / nadyan jalma punika wangune / sanes rucah jalaran kok bakit / prapta jro wanadri / kang angker kalangkung.

  15. Yen busuka datan prapta ngriki / ing ngenu kemawon / tur kadhangan wus entek kuwate mangkana punika dumugi ngriki / tandha yen winarmi / enenging ing kalbu.

  16. Yogyanira sumangga denaglis / pinarak jin karo / jin Sakarjan anut mring rayine / wus lumampah Sakarjan Sakarji / mring unggyan sang Mail / denira pitekur.

  17. Saprapta jin kalih nguluki / salam ngalaekum / sang wanjana tanggap wangsulane / iya ngalaekum wasalami / Sakarjan nabda ris / manuswa sireku.

  18. Haywa kongsi kaget tyasireki / dene praptaningong / arsa prasanakan mring dheweke / nora sedya ala ingsun iki / malah nedya becik / yekti ing karepku.

  19. Sang ywanjana amangsuli aris / heh sireku karo / jinis apa prapta aneng kene / lamun prejengamu kala janmi / nanging mawa swiwi / nganggo lar lir manuk.

  20. Yen manuka de atata janmi / miwah nganggo-anggo / nganggo gelang kalunge mas kabeh / lamun dudu manuk apa ta jin / praptanira ngriki / heh apa karsamu.

  21. Amangsuli sang ejim kakasih / dhuh kakang yen takon / jinisingsun iki jim jatine / dene praptaningsun kene sadermi / amiminta ing sih / kakang pitulungmu.

  22. Muga-muga legaa ing galih / maring ramaningong / ingsun iki nalika biyene / nusul bapa marang ing jeladri / jer wong tuwa mami / magsih neng jro kukum.

  23. Luwarira kurang sewu warsi / dadi dhawuh mringwong / barangira kinane bage kabeh / wus kawaris ingsun lan si adhi / wus kalakon sami / sun edum sadarum.

  24. Amung kari pusaka tri iku / kang magsih pakewoh / durung ingsun waris awit angel / salawase tan bisa nyeplesi / tansah turah siji / kang iku kelamun.

  25. Si lega lan condhonging kapti / muga pusakanengong / sira dumna kang nyamleng patrape / lamun sira kakang andhangani / sa ibata dadi / sinoming tyasingsun.

PUPUH XVIII
S i n o m

  1. Sang ywanjana duk miarsa / sabdanya ejim kakalih / tanggap manisi wacana / heh jim pusakamu katri / apa padha darbeni kasiyat prabawa langkung / sarwa tri rupa apa / lan saiki ana ngendi / ges wacana Sakarji lawan Sakarjan.

  2. Dhuh kakang pusakaningwang / sawi arupa keris / kapindho arupa panah / katelu pedhang linuwih / kabeh iku linuwih / ampuh yuwana setuhu / kalamun kango medhang / ing sagara miwah bumi / sapepitu kang pasthi rengka sadaya.

  3. Sipanah mangkana uga / kasiyat padha lan keris / mung si pedhang iku beda / tan darbe ampuh ananging / sing nganggar pasthi / bisa mabur kaya manuk / bisa ngambah gagana / padha bae lan neng bumi / ya mulane kakang sira muga-muga.

  4. Welas asiha maringwang / warisna barangku iki / kang nyampleng ywa kongsi turah / ibata bungahing ati / yen sira andhangani / ngedumken pusakanipun / mangsuli sang wanjana / heh karo ri ningsun ejim / pamintamu iku uga ingsun dhangan.

  5. Sunlakoni ananging ta / upama pangedum mami / mau durung kabeneran / sira karo haywa runtik / awit ingsun dudulit / kapindhone awak ingsun / lagi bingung pribadya / yen pangedum mami / samengko wus sira gep luwih prayoga.

  6. Ya sokur bage sayuta / Sakarjan mangsuli aris / ya apa sakarsanira / mangsa gek ingsun nyarweni / nanging coba denya glis / edumen pusakaningsun sang Mail atrangginas / lah iki ta mara ejim / yen mrih nyamleng pangedumku tinggalan.

  7. Mangkene pambegeningwang / bisane nyamleng tan luwih / Sakarjan iku kang tuwa / pantes pusakanta keris / dhasar eluk respati / luwih kasiyate ampuh / Sakarji sira mudha / pantes nampani jemparing / uga ampuh lan kerise nora beda.

  8. Tur padha paring Rama / dene pedhang kang darbeni / iku pantese mung ingwang / awit ingsun ingkang maris / dadine nora luwih / iku yen pamikir ingsun / kaya panjalukira / katanpa turah siwiji / lah kapriye apa jebles apa ora.

  9. Jim kalih dupi miarsa / pamrailira sang Mail / dahat denya sukeng driya / cumemplong raosing galih / mangsuli maring Mail / sarwi nabda ya wis ya wus / ceples pangedumira / wus tan bisa turah malih / heh Sakarji rak iya wusnya mlengtena.

  10. Sakarji ris aturira/ kakang mas ngraos mami / kados sampun kaleresan / paduka kang tampi keris / kawula kang jemparing / kakang Mail pedhangipun / sumangga kagaliha / pleg kemawon sapuniki / ris ngandika Sakarjan dhuh iya-iya.

  11. Kathik nyamleng bener sira / sun iki tampa keris / tak anggone dene sira / panah tampanen denya glis / sira sang bagus Mail / atampaa pedhang gupuh / rehning wus wajipira / tan liwat iya saiki / tampanan kelawan sukaning driya.

  12. Heh kajaba iku kakang / ingsun banget trima kasih / lan semu panrimaningwang / katuranira sang wasis / dene ta sira bakit / mitulungi bingung ingsun / tan luwih benjang sira / kalamun nyandhung prihatin / ingsun lurua ganti tulung mring sira.

  13. Wasana rehning wus rama / lan wus rampung kang wigati / ingsun kakang rilanana / lan adhiku arsa mulih / dene pedhangireki / anggaren karyanen mabur / dyan Mail pasrangkara / ingsun nyanggoni basuki / lamun sira arsa mulih lan rinira.

  14. Widadaa aneng / jim kalih wus lengser sangking / ngarsanira sang ywanjana / wus sawusnya para jim / datana kaeksi / sang ywanjana murti gupuh / denyarsa / sinung begja suka bisa / ngambara kalangan benjing / manawa temen bakit / inganggar neng kering sampun / Mail nyipteng gagana / nedya angelaya bumi / kethap tyasnya Mail langkung suka.

  15. Saiba sukaning driya / cilakanira sangarsi / sinung begja suka bisa / ngambara kalangan benjing / manawa temen bakit / inganggar neng kering sampun / Mail nyipteng gagana / nedya angelaya bumi / kethap-kethap tyasnya Mail langkung suka.

  16. Dene ta bisa ngambara / apa kang sinedya dugi / angger wus angangger pedhang / iku sukane sang Mail / saben dina paleser / neng ngawang awang ngelangut / midering wana pringga / wus temu gelang ngideri / wana Liman kelawan wana Jabalbar.

  17. Sang Mail tansah ngambara / anenging giling wanadri / kaseng seramdanira bisa / ngambara neng ngawiyati / wau wanjana murti / duk neng awang-awang dulu / samdyaning Jabalbar / ana ujut gameng putih / katingalan saking inggil ramad-ramad.

  18. Empere ling ling pager bata / ciptanira sarip Mail / punikarsa pinarekan / enggaliyup sarip Mail / ginelan sampun prapti / neng ngandhap sang dibyarjanung / dene kang kasat mata / wau jatine puradi / patilasanira kangjeng Nabi Iskak.

  19. Awit ana gapuranya / kanangi wara tinulis / ciri patilasanira / jeng Nabi Iskak ing nguni marma ri sang minantri / kacaryan arsa lumebu / nanging jrih nglangkah ana / pager bata awit saking / kabeh kupeng tinulis asma jeng Iskak.

  20. Becik liwat ing gapura / nanging gapura kinunci / wang inepi pintunira / ginubet ing ngoyot wringin / dadya ciptanya Mail / ngupaya koriyanipun / yenana bebutulan / Mail sigra angubengi / ya ta wau wusnya tepung ubengira.

  21. Ti tatana pintunya / wanjana nginjen sing jawi / wrin wisma majeng mangetan / kidul wonten kori alit / kadya wus lami mati / pinepet oyoting kayu / elor wetaning wisma / ana lawang maneh mati / wangun lawang kabeh iku pratamanan.

  22. Ribeng tyasnya sang wanjana / dene ta tan saget manjing / arsa malumpat kewala /  ajrih lawan keneng sagik / asmanya kangjeng Nabi / Iskak kang maksih kadulu / kakencenganing cipta / keh ingayot oyot sami / binabatan dening sang wanjana tama.

  23. Enggal denya narik pedhang / keh ingoyotan babati / kang gubet gapura bablas / kang kumliwer kabeh tapis / binuka ponang nori / gumerot seret saklangkung / saking lami tan menga / pinegsa tan dangu keni / wus sing menga jro gapura ana pura.

  24. .Gumrining wisma kancana / sarip Mail sigra manjing / prapteng jro dulu rakit / pranyata lamun respati / kiwa tengening panti / radi tebih prenahipun / ana gedhong salira / lawangane jejer katri / sang wanjana aniti rengganing pura.

  25. Gedhong kidhul kang pracima / enggon praboting prajurit / manca warnane kaneka / pedhang jambeya lan bedhil / garanira wus gripis / saking langkung lamenipun / panamung ta nira / kang magsih wetah kaeksi / sigra ri ywanjana nenggah marigsa.

  26. Maring gen gedhong sandama / kaliyan gedhonging mimis / atusan matumpa-tumpa / gedhong kang wetan pribadi / binuka katon isi / sakehing sandanganipun / prajurit kang paliyan / kathok kethu lan kelambi / bulu ngulularing pegsi dhandhanggula.

PUPUH XIX
Dhandhanggula

  1. Langkung suka sang wanjana murti / mulat marang rengganing pura ya / gya manjing gedhong keringe / kang kilen binuka wus / katon isih keh ing picis / salaka myang kencana / kongsi tumpuk-tumpuk / wusnya rampung pamrigsanya / gedhong ingkang madya iku kang kaeksi / isine kendul kebak.

  2. Lan bekakas miniman mepegi / strup anggur ingkang datan karam / mancawara luwih akeh / nulya kang wetan sampun / binuka glis isinya aming / bekakas meja dhahar / komlit aneng ngriku / piring saput prantinira / wusnya rampung mring gangsanira sang Mail / dulu gedhong salira.

  3. Nulya tindak salebeting puri / ingkang sarwa kancana sadaya / saya ebat panggilihe / jroning pura kadulu / rinarengga mutyara tuwin / jumerut widuri lan / mirah retna dadu / meh ingaran tanpa cacat / dadya Mail karasan donya ngengeni / kadhaton patilasan.

  4. Kongsi lami sang wanjana murti / datan lunga sangking pura / suka rena ijen bae / karemanira minum / anggur setrup winoran warih / dhasar nora kurangan / sumawis sadarum / saben ri ngliweta priyangga / anjagani ingkang dinahar pribadi / ulamnya angupaya.

  5. Nyaya kidang menjangan lan kancil / ijen bae tanpa mawi rowang / saben ri tan kendhate / dhasar kewannya mecul / saben-saben kapencil / enggal katiban uncal / nora bisa ucul / yen cinekel mancal-mancal / nanging kenceng tan bisa oncat si kancil / sanadyan karoncalan.

  6. Sampun dangu sang ywanjana murti / denya lerep patilasan tita / kasup ening kamulane / sarta tan metu-metu / dangu-dangu sajroning galih / karasa lir tinata / wus maring ametu / enget kadya wewentehan / mara sang dyah ing nalika den tumuti / neng wana wus tan kena.

  7. Watara wus sawarsa dyan mantri / Mail denya aneng patilasan / ing mangke enget karyane / ngupaya dyah kang ayu / gya tusana ciptaning galih / kedah arsa lelana / mring saparan nglangut / ngiras ngupaya wanedya / kang utama sigra ngenggar pedhang aglis / mijil saking jro pura.

  8. Angunceni sarupaning kori / wusnya sigra medal ing gapura / tan darana dedel age / apak ing wiyat nglangut / akalangan luhuring wanadri / tan karuwan sedyanya / amung tansah muluk / kethap mor lan ima / akakejer wira-wiri / Jabalbar kaukulan.

  9. Duk samana wayah sampun lingsir / sang wajana murti asembahyang / enggal cumlkorot udhune / ana desa kadulu / langkung suka sang sarip Mail / dene madyaning sendhang / ana selanipun / wiyar item lir kalasa / sang wanjana praptanira sendhang nuli / wungu sigra sembahyang.

  10. Wusnya rampung dangu denira nis / neng madyaning sela kumalasa / tyasnya dahat kasaryane / awit toyanireku / dahat wening asrep tan sipi / sendhangnya pinageran / ing pandhan ngrembuyung / sedhumnya kadi tinata / tur sendhang akeh minanyalit-alit / pating clurit katingal.

  11. Sadangunya sang wanjana murti / apitekur neng madyaning sendhang / myarsa ana sabawane / janma sambat geluruh / gereng runtu asambat mati / sarwi nangis glangsaran / dyan kagyat tyasi[un / ginalih lamun Gandarwa / nanging mokal tan ratri ana memedi / dhuh apa iku baya.

  12. Yen manungswa de ana ing ngriki / Mail inggal denya angupaya / ngubengi tepi sendhange / tan dangu wus katemu / mring kang sambat janma pawestri / glangsaran neng ngandhapnya / pandhan sarwi ngadhuh / sasambat mring kang priya / gya dinangu maring Raden Sarip Mail / mangkana sabdanira.

  13. Heh ta bibi wong apa sireki / de glangsaran neng tepining sendhang / sarwa adoh desa kene / apa ta karyanipun / dene ijen tanpa piranti / ing ngendi wismanira / wong wadon umatur / dhuh sang ambeg sudibyarja / yen dangu maring amba tiyang miskin / mila neng tepi sendhang.

  14. Tanpa wisma awit saking miskin / ulun tinilar ing semah amba / saben ari mriman bae / mubeng mring dhusun-dhusun / lamun antuk gyan amba ngemis / inggih kawula bekta / mariki pukulun / ulun tedha lan lakya mba / mila miskin sarwi anangis / angeses sambatnya.

  15. Dene ulun ing wektu puniki / tanpa priman wit saklangkung sayah / wah karaos badan cape / osing weteng ulun / kadi-kadi ing mangke mijil / kata wus wah karasa / pegel geger ulun / tuwin karaos kumranyas / denya umatur bok miskin sarwi anangis / angeses sambatnya.

  16. Ngola ngalir pandelikan sarwi / muwus adhuh gusti nyuwun tobat / priye ta sing lunga kiye / ngemis wus kongsi bedhug / teka nora amulih-mulih / dhuh-dhuh ya Allah tobat / bok ya gek dang metu / ing jero ngenteni apa / adhuh biyung tobat-tobat apa iku / thik nganggo mancal-mancal.

  17. Srah bok uwis ta ger nuli lahir / aja suwe aku selak lara / adhuh-adhuh makel bae / kapriye Allah biyung / bok ya teka bapakne iki / apa ta nora krasa / kok gumun awanku / apa binadhog ing buta / Allah tobat kapriye bapakne iki / rasane tan kasaa.

  18. Lo kapriye ta bayine iki / wong den dendenken dene nora / gelem lahir-lahir kiye / ah tobat adhuh biyung / nekat bae larane iki / kaya nora sudiya / manak kaping pitu / layak wong ragane tobat / baya kongsi anggawa iki / adhuh lah kapriye ta.

  19. Saya meteg nora bisa mari / wau sang ywanjana duk miarsa / nyai miskin sasambate bela welas kalangkung / angandika sarwi marpegi / heh nyai yen sembada / eklas ing atimu / mengko sun tulunginira / kang supaya glis lahire jabang bayi / ya suwe laranira.

  20. Nanging ingsun kudu minta jangji / lamun ing mengko atmajanira / metu wadon sun tukune / seket dinar mas wutuh / lamun uwis saguh sireki / nuli manapa enggal / sun paringi jamu / nyai aturnya mlasarsa / inggih raden sakarsa kula nyagahi / anggeripun dang medal.

  21. Dyan angasta gedhonging widuri / wusnya rinemet sinungken sigra / mring nyai miskin dhawuhe / heh nyai dipungupuh / usapen pulungmu ati / nyai trangginas nyandhak / remetan ron wau / gupuh nampinenen masjid / tan antara jabang bayi nulya lahir / larapetan rekasa.

  22. Saestu yen jabang bayi / dyan ngandika nyai waspadan / estu pawestri / mulane atmajamu / saikine sun gawa nuli / lah iki tampana / mangka ijolipun / arta emas seket dinar / nyai matur dhuh gusti ingkang manawi / kapareng tyas paduka.

  23. Ngentosan inggih sawatawis / dhateng ingkang kesah peparingan / rahaden aris sabdane / tan susah bibi ingsun / angenteni lakimu awit / selak kasuwen ingwang / sarehning wus dangu / baya ing asta rahadyan / dedel gayuh jumantara tan kahegsi / wus lepas lampahira.

  24. Nyai miskin wus datan winarni / wau raden sakondure tiba / patilasan datan suwe / ri ari kinethok wus / tana tara rampungnya nuli linabuh si jabang / ngopenan neng ngriku / ing ombenan lawan pohan / pangopene datan kendat siyang ratri / mangkana salaminya.

  25. Tinengeran namane kang bayi / umi Sakrah wus sira atara / sapuluh warsa umure / umi Sakrah umi sigra / dyan winulang paring kramaning pawestri / mangulah samubarang.

  26. Miwah tyasnya sanget denya lantip / saben winuruk sapisan wus dadya / olah-olah wignya kabeh / pendheng lan iwak wuduh / terik lapa kelawan bestik / miwah mangsak nyenyamikan / sadaya wus baut / duk wau karsanira dyan / ywanjana memulang sakehing aji / supadya karyasmara.

PUPUH XX
Asmaradana

  1. Sira sang pangeran Mail / pinuju lenggah pandhapa / Sakrah Umi ngadhep aneng / warsane dyan ngandika / maring sang dyah mangkana / yayi rengenta wuwusku / rehning saiki sira.

  2. Wus wignya karyaning estri / nenun letih bathik nyulam / prakareku bakit kabeh / marma pamrayoganingwang / saiki becik sira / coba wiwita sireku / angajidimene bisa.

  3. Dhuh sarak pasuwan becik / haywa katungkul gulimpang / mundhak tan becik dadine / Sakrah Umi pasrangkara / inggih kakang prayaga / pancen kawularsa nyuwun / wulang sampun paduka.

  4. Ngandika dhateng patik / sang ywanjana dahat suka / myarsa aturnya sang sinom / nulya enggal ngasta kitap / kinarya mulang sang dyah tinalaten sore esuk / saben ari datan kendhat.

  5. Mangkana ing lami-lami / antara wus tigang warsa / sang dyah putus pangajine / sang ywanjana sukeng driya / sang dyah winulang sarak / watara dereng sataun / jangkepira kawan warsa.

  6. Sang retna putusing jalmi / sang ywanjana saya suka / wimbuh mulat suwarnane / Sakrah Umi yu utama / tan mantra suteng priyan / ing mangke sang dyah wus umur / limalas warsa tumapak.

  7. Ri sedhengira birahi / angedi busana / saben enjang miwah sore / tansah asalin busana / pancen tan kakurangan / wimbuh warnanira ayu / respati kaduka prasaja.

  8. Sang dyah jinarwan ing wadi / tuhunya arsa ginarwa / miwah jinten purwane / yektinya sang umi Sakrah / atmajane wong priman / wit lahir denira mupu / kongsi prapta ing dewasa.

  9. Sang dyah tan lengga neng kapti / anut sakrehira radyan / wus watara ing lamine / rahadyan nuju lenggahan / lwan dyah umu Sakrah / Mail pangandikanipun / yayi woteng tyas pun kakang.

  10. Sarehning sira saiki wus dewasa rembungingwang / ngupaya walinta angger / supaya aningkahen / ingsun dhaup lan sira / mungguh prayoganing laku / benjang ingsun mangkat.

  11. Sira tungguwa ning panti / kang ati-ati kewala / yya kurang prayitna angger / awit akeh dirga neng wana / ya kurang pinter sira / dene yayi ulih ingsun / nora kaya saben dina.

  12. Wit rada suwe saiki / gelis-gelese sapasar / sapuluh dina lawase / aneng wisma memujiya / muga nuli temuwa / iya kelawan walimu / Sakrah umi tur sandika.

  13. Inggih kakang mugi-mugi / deng kongsi bakit kapanggya / amba memuji mring manon / wuwusen ing enjangira / radyan sampun busana / angagem rasukanipun / miwah nganggar pedhangira.

  14. Dyan ngandika heh ta yayi / regole kancingen padha / sun arsa tindak samangke / wekas ngong bae mring sira / poma ywa bvuka lawang / gapura kalamun ingsun / amulih aminta menga.

  15. Sandika dyan Sakrah umi / sarip Mail gya umangkat / prapteng jawi gapura ge / mesat andedel gagana / kethap-kethap wor ima / milang-miling kadya jangkung / ngulati papan tepaga.

  16. nanging pangulonen dadi / komngsi prapta wana Liman / sigegen sang Mail mangke / gantya-gantya malih cinarita / jroning praja Bahgedat / ana juga satriya nung / bagus pidegsa baranyak.

  17. Apan putuning nrepati / sawiji dina panarsa / angupaya seneng tyase / abebedhat maring wana / nyala kidang menjangan / kancil rase miwah kenthus / enggal nimbali abdinya.

  18. Watara sadasa prapti / pawarsane abdi nama / Sentolidin matur alon / dhuh wonten karsa punapa / Gusti nimbali amba / dyan Sogelen ngandika rum / heh Sentolidin pyarsakna.

  19. Sun arsa tindak wanadri / misaya kidang menjangan / iya mung nyanjayta bae / mula ageming sun linggar / enggal den resikana / warahen kabeh kancamu / tuduhen mranti sanjata.

  20. Sentolidin matur aris / benjang punapa tindak / miwah dasih ta kang dherek / pinten ing karsa paduka / sang Sogelen ngandika / heh Sentolidin karsengsun / benjang enjang tindak ingwang.

  21. Dene kang bakal sun piji / jalma sawelas kewala / rolase kowe / Sentolidin tur sandika / sigra suka parentah / maring para kancanipun / ngersiki agem sanjata.

  22. Sikep kabeh saput pranti / amba thithit wong sawelas / werna-werna panyiptane / ratrinya datan winarna / wau ta enjingira / sang Sogelen raden buyut / pan sampun sadhiya.

  23. Wanci jam sakawan enjing / raden putra nulya tindak / miwah sawelas dasihe / maring samadyaning wana / Jabalbar angupaya / kidang menjangan lan kenthus / sigegen kang pindha grema.

  24. Gantya malih kang winarni / sang ywanjana murti ingkang / ngulati talaga gone / wong papriman nguni ingkang / atmajane tinumbas / sang nararyya kongsi klangkung / prapta jroning  wana Liman.

  25. Meling-meling ning wiyati / kadyangganing winanteya / mangajap ngulati kang we / dangu neng gagana mulat / ana kang kasat mata / kadya sendhang wangunipun / sedhum sedhume katara.

  26. Sang aryenggalnya loroti / sendhang kang katon tinarka / dunungnya nyi priman biyen / wasana praptaning ngandhap / miarsa wong sasambat / pinrpeg kanyata lamun / ana wong dwi angluh lir pegat.

PUPUH XXIII
Asmarandana

  1. Dhuh raden kula puniki / ana ing janma sangsara / tan wruh ing yayah renana / lajeng pinet tyang ngumbara / bagus Mail namanya / wit alit dumugi umur / pat belas warsa punika.

  2. Rehning wus dewasa mami / ulun panarsa de ningkah / mila bagus Mail mangke / ngupadosi bapa kula / dadya wali maningkah / pamitipun tigang dalu / saweg kalakon sadina.

  3. Marma den eca ing galih / sumangga den dhahara ngunjuk punapa karsane / dyan Sogelen nulya bujana / dhahar inum inuman / sareng kaliyan sang ayu / tuwuk denya andrawina.

  4. Dyang Sogelen ngandika ris / nimas jimate pun kakang / mugi pinarengna angger / mitulungi jampi sayah / suku kaken kalintang / otot kenceng tan keneng luk / kula pasrah jiwa raga.

  5. Haywa tanggel mitulungi / kapabegan sakedhap / mupung panggih sami ijen / iba sukaning wardaya / ya ta sang umi Sakrah / kumepyur raosing kalbu / bingung wuyung priyang-priyang.

  6. Nyemarsa marening senik / menggah menggeh tarataban / kapriye mengko dadine / katembenke neng sambrama / mila minggu kewala / dyan arya tanggaping kalbu / nulya pinondhong sang retna.

  7. Ingimur ing arih / sang dyah wus binakteng tilam / miturut sakarsa raden / kutha bedhah mungsuh nengah/ wus sayah kang campuh prang / mijil sangking beteng sampun / lajeng siram sakaliyan.

  8. Rampung pinondhong sang dewi / lajeng lenggah sakaliyan / neng taman minum sakloron / nentremaken lungguh ing anggaga sare sakaliyan / tan winarna dalunipun / enjang wus lenggah neng jaba.

  9. Sigeg gantya kang winarni / dyan Mail kang alelampah / ngupaya badhe waline / umi Sakrah tan pinang gya / sedya mantuk kewala / mring wisma madyeng wana gung / gancangi carita prapta.

  10. Nitik gapura ing jawi / kagyat ana tapak jalma / gedhe cilik janma rara / dyan Mail wus agrahita / yen katekan bahaya / cinedreng resmi ing dalu / Mail mumbul mring ngudyana.

  11. Ngungak sanginggiling panti / tetela yen ana jalma / priya bagus magsih anem / eca lenggah sakalian / lan garwa umi Sakrah / dyan Mail cangkelak wangsul / medal ing kori geng arsa.

  12. Sengadi aminta kori / e dhenok jaluk lawang / wengakena dipun age / selak sayah raganingwang / kang garwa langkung kagyat / dyan Soglen ngandika arum / sapa yayi kang angundang.

  13. Mring sira aminta kori / umi Sakrah aturira / semah kawula badhene / kang ngupaya bapa kula / kinen maleni ningkah / lah sumangga raden gupuh / mlebeta benet  kewala.

  14. Yen kawruhan mesthi blahi / yekti pejah kalih pisan / kula lan andika raden / bojo kula mandraguna / yekti datanpa lawan / yen boten lan pedhangipun / tan wonten saget pawon.

  15. Dyan putra mangsuli angling / sun tan ajrih mring lakinta / sun bedhile dhase bae / mangsa nganti amindhawa / umi Sakrah amenggak / sampun kakathahan rembug / prayogi lajeng mlebeta.

  16. Dimen tulus apa panggih / dyan Soglen nut umi Sakrah / laju kalebetken benet / umi Sakrah methuk garwa / ambuka kori jaba / lajeng tundhuk kalihipun / umi sakrah ngawas padha.

  17. Laju lenggah jroning puri / sang Mail aris ngandika / yayi sapungkuringong / ing kene padha raharja / sira pan barangira / kang liningan nembah matur / ing pangestu sang minulya.

  18. Dhuh kakangmas kadospundi / anggena paduka ngupaya / bapa kula saestune / punapa sampun pingangya / yen sampun wonten paran / dene tan sareng pukulun / praptanipun ing jro pura.

  19. Sang Mail ngandika anis / dhuh yayi gon sun ngupaya / siang ratri tanpa leren / milang kori jajah desa / ing wana dhusun praja / nanging meksa tan katemu / durung kapareng manawa.

  20. Sira dhaup lawan mami / kathithik datan pinanggya / yen jodho rak gampang bae / ewadene sedyaningwang / magsih kudu ngupaya / kang nganti bisa ketemu / mulane mengko kariya.

  21. Umi Sakrah matur aris / kangmas punapa tan sayah / bok ngasoken sarirane / dhahar ngunjuk lawan amba / bilih wus nir kang sayah / sumangga karsa pukulun / nanging nentrem sarira.

  22. Sang ywanjana ngandika ris / iya mesthi dahat sayah / ananging duk sawisingong / dulu ing sira mudha / enggal lir sayahingwang / kadya ing usadaningsun / sang retna karoseng driya.

  23. Lah ta wis kariya yayi / neng wisma suka pirena / ywa prihatin kaya ing ngong / raden sawusnya ngandika / jumeneng kya wisata / prapteng jawi gagana wus / andedel ngayuh gagana.

  24. Kemba iberira kadi / layangan tanpa maruta / uluke angendha bae / ciptanira sang nararya / lumuh lamun uripa / peples denira amumbul / bana sedya pinaran.

  25. Sida ingkang bipta pati / wuwusen ingkang tinilar / sang retna kadya tan panon / kami tenggengen ciptanya / maring anglesing raka / cat enget mring kang dumunung / neng benet lir kinanthi ya.

PUPUH XXV
Pangkur

  1. Enengen sang ywanjana / ingkang magsih sumlagrangi aneng uwit / gantya kang winarne nglaku / wonten janma ngumbara / aneng wiyat wiyose sayit si ngerum / kalangan kadya kukila / ri sang ywanjana musti wrin.

  2. Dahat eraming wardaya / ciptaning tyas babo nora mung mami / kewalang kang bakit matur / iya titah ing suksma / pasthi kang sineren gunapunjul / lah apa ta karepira / wong iku dene mariki.

  3. Wangun warune lir arsa / sembahyang mring madyaning beji iki / awit kabeneran luhur / wau sang sayit sigra / duk praptane luhuring beji aniyup / mangandhap prapteng pratala / gung pinandeng maring Mail.

  4. Sang sayit sasolahira / sayit nora uninga maring Mail / nanging bakit dulu / sing pragak bendha tamad / wuwusen kang aneng sendhang arsa wulu / sayit surbanira lukar / sarwi mendhet cupu nuli.

  5. Ingkang den slempitken surban / wus binuka wau kang cupu adi / sang Sayit gya nguwuh uwuh / kanjeng ratu mijila / sangking cupu ambarsa met banyu wulu / kangjeng ratu glis wedalya / tanda wuwus aneng jawi.

  6. Sang sayit gya pasrangkara / yayi ratu kantung neng ngriki / kula mring tengah rumuhun / sembahyang aneng sela / yayi ratu siram-sirama rumuhun / jeng ratu inggih sabdanya / wus manengari sang sayit.

  7. Wuwusen kang aneng pragak pang / duk wrin solahira wau sang sayit / sakaliring watinipun / ciptaning wardaya / manusweke tan wurung lalakonipun / pasthi jebles lir wingking wang.

  8. Tansah ginawa lelana / pasti dahat buta repan sang sayit / tan dangu wau jeng ratu / wusnya tininggal garwa / sigra nguwuh uwuh mring bedhanganipun / Abdul Abit wastanira / neng jro suweng jro suweng gone Abit.

  9. Kakang andika mijila / sumangga dus mupung si kakang sayit / pinuju sembahyang luhur / Abdul Abit gya medal / kawuwusa kang mungging progok ing kayu / tyasnya lir mesem-mesema / duk wrin tingkahnya sang dewi.

  10. Saya nir prihatinira / mangke malah suka tyase sang Mail / tansah kacaryan andulu / maring tingkahira sang / karongroneng toya Abdul Abit muwus / paran jeng ratu punika / dene kinen angupasi.

  11. Mring si sayit bae ta nora / mati-mati uwis luwih sawarsi / jeng ratu maring sabdanipun / kadi paran ta kakang / gen andika angsung wisa duk rumuhun / punika gih sampun kula / tamakaken kakang sayit.

  12. Ewadene tanpa guna / paekane sangking andika inggih / kathah wisa kang kalebu / sangking kula pribadya / ingkang rupa dhendhang kang sangking sang wiku / kabeh tana tumama / kakuning tyas kula niki.

  13. Kongsi ngupaya saraya / mring pra juru tenung kang luwih sidik / enggal linegsanan sampun / tinuju tan tumama / dadya mangke ingkang para nujum tenung / wus saleh tana sagah / mrih patine garwa mami.

  14. Mapan pun kakang punika / langkung sangking wulet nyawanya pinrih / patine wusun mataun / teka grejes kewala / Abdul Abit gedhe gedhen langkung ngungun / paranta pangupayeng wang / mring patine sayit iki.

  15. Sang ywanjana kang neng epang / duk miarsa rerasan ting kalesik / dahal wlas mring sang tinenung / dene nora kayaa / bobote wus binabedhang garwanipun / tambah pinrih antakanya / wau wuwusen sang sayit.

  16. Wus rampung denya sembayang / enggal denya mepegi mring kang sayit / jeng ratu duk miyat gugup / kaluluti rengatag / wangsula mring jroning suweng dipun gupuh / sang Abdul Abit trengginas / denira mring suteng manjing.

  17. Sayit prapta gysning garwa / atatanya sampun siram ta yayi / jeng ratu ing aturipun / pun dangu kuming toya / yen makaten lah suwawi kangjeng ratu / nuli andika wangsula / maring jroning cupu malih.

  18. Jeng ratu wus mangsul sigra / ponang cupu tinutup gya sinlempit / taken surbanipun gupuh / wus sira tata-tata / sigra dedel gayuh jumantara sampun / kethap-kethap wor lan ima / wau kang neng pragak ing wit.

  19. Duk wring sang sayit wus mesat / sangking beji gayuh maring wiyati / enggal sang ywanjana nusul / anapak jumantara / kalihira lir maruta iberipun / dhasar padha wirutama / sayit bagus ponang warni.

  20. Sang ywanjana apidegsa / ing sepuh sang sayit sawatawis / watara limalas taun / kaceke yuswanira / duk neng wiyat sayait mibernya kasusul / nguwuh-uwuh sang ywanjana / dhuh sadulur haywa runtik.

  21. Mandhega sapangusira / sayit kagyat likanira myarsi / ing wuri ana kang nguwuh / wangsulanira sora / ana paran heh sira ngandheg maring sun / sedya becik apa ala / sang ywanjana wacana ris.

  22. Dhuh ywa kliru salah cipta / kyai sanak mula ngandhek sun iki / iya becik sedyanipun / sayit anganti sigra / ri sang Mail prapta salaman wus thundhuk / ri sang sayit pasrangkara / ana apa ta sireki.

  23. Ngandheg mring wisataningwang / ri sang Mail sabdanira dhuh sayit / marmane ngandheg wakingsun / mara ing lakunira / setuhune sun iki dahat kapencut / darbe sadulursira / marmane yen sira sudi.

  24. Sun iki dahat kacaryan / amet kadang iya lawan sireki / sayit pasrangkara sampun / banget suka tyasing wang / lamun sira sedya nirarsa rahayu / apa dene aganingwang / lah iya mangkana ugi.

  25. Sapa yayi aranira / sira patut bae kakang mring mami / yen nyata ngaku sadulur / sang ywanjana lingira / tinengeran sarip Mail jeneng ingsun / lahha dene sira kakang / sapa kakang sireki.

  26. Sang sayit aris wacana / Sayit Abdullah yayi ran mami / praja rum pinangkaningsun / sarta minantu marang / jeng bagendha raja narendra ing rum / katrima bisa menang prang / nalika mudha ing nguni.

PUPUH XXVII
D u r m a

  1. Sayit arum wacana malih riningwang / iya bener sireki / tan sira kewala / kang minta tuduh mringwang / mring basanireng rasa tri / lan kasampurnan / nira pati patitis.

  2. Lah to babo iya yayi muga-muga / antuka nugraha di / palestheng kabisan / nira mring kasampurnan / minangka sarana dadi / pandayanira / ngukurken mring jagad tri.

  3. Sabdanira sang ywanjana nuwun kakang / muga bakit nglakoni / estune sun puja / aneng anggraning cipta / dahat suka ri sang Sayit / panggalihira / dene kapadhan kapti.

  4. Dhuh yayi tan mas darbe saduluringwang / liyan sangking sireki / apa karepira / pasti anut pun kakang / yen tanangkep bumi langit / ingsun tanarsa / pisah lawan sireki.

  5. Dhasar ingsun yayi prasetya ing sira / anuhun turnya Mail / aris aturira / ananging aja mangkana / duga kakang kang sireki / nora katula / tula kaya wak mami.

  6. Sayit muwus iya yayi nadyan / lalana jajah nagri / sun tan arsa pisah / mring ngendi paranira / kajaba sangking sireki / kang darbe sedya / pisah lawan wak mami.

  7. Yen mangkana yayi ingsun datan wikan / ywanjana wacana ris / ya dahat katedha / muga ta lestariya / ywa pisah neng donya akir / walahu alam / gantya ingkang winarmi.

  8. Umi Sakrah denya anata dhaharan / tinata meja inggil / prapta atur sembah / punika ta kakangmas / wus sampat gyan amba ngrugti / ri sang ywanjana / aris angancarani.

  9. Maring ta pun adhuh sumangga ta kakang / gya kanthen sang kekasih / prapta gening dhahar / neng wuri umi Sakrah / mesem wadana sang Mail / dhuh apa nyata / kakang gonira ngambil.

  10. Mring wakingsun angaku kadang sanyata / wuwusira sang sayit / e sireku apa / tan ngandela maringwang / yen mungguh Sayit rum iki / saestu nyata /  mangsa wuwusa kidip.

  11. Mesem mojar yen nyata mangkana kakang / sireku haywa runtik / ingsun minta gungan / apa kapareng kakang / sang sayit muwus sireki / ing mau ingwang / wus satya tuhu yayi.

  12. Minta apa pun kakang ya pasthi rila / Mail mesem nauri / ya alkamdulilah / lah kakang garwanira / jeng ratu muga kon mijil / kene ing jaba / darapon kembul bugti.

  13. Ri sang sayit muwusnya dhuh yayi iya / kelalen ingsun yayi / dadi bakyunira / jeng ratu nut lelana / jeng ratu andika mijil / praptaning jaba / sayit wacana aris.

  14. Dhuh jeng ratu punika sadherek kula / mudha dangu tan panggih / prayogi wanuha / lan yayi bakyunira / iya bageken nuli / dheku ywanjana / wus samya mungging korsi.

  15. Sang Mail lon wuwusnya mring Umi Sakrah / heh undangane mariki / kang net iku / arsengsun ajak dhahar / kumepyur sang retna dupi / miarsa sabda / andres waspa umijil.

  16. Senggruk-senggruk minta agsamaning raka / alon denya nauri / lah ywa nanging sarira / ingsun tanda di duka / lah aja mangkana aglis / sira mangkata / sang dyah angleksani.

  17. Tan panon rat idhepnya sang Umi Sakrah / wuwusen ingkang kari / sayit pasrangkara / lah catur caturana / yayi lan bakyunireki / ywa nganggo taha / yayi sun wus rilani.

  18. Mail nabda iya kakang reh prayoga / yen nora walang ati / jeng ratu tetanya / sinten yayi andika / sang Mail turira aris / lamun paduka / andangu wasta mami.

  19. Ingkang sudi mastani Mail kawula / manawi pareng gusti / mugi jeng paduka / sampun krami kewala / inggih dhumateng pun patik / awit paduka atmajeng narapati.

  20. Wah begenda ing erum kaonang-onang / sajagad tanpa tanding / sayit wuwusira / ah ora becik basa / yen ngoko nora prayogi / sigegen ingkang / magsih mungging pandhapi.

  21. Wau sang dyah Umi Sakrah kang mring wisma / ambuka benet aglis / radyan garagapan / sang dyah srutengis sira / ribenging wardaya kadi / murcat manira / temah mung kontrang-kantring.

  22. Radyang Soglen garagapan sigra medal / ngandhika di pedhang edi / yayi kaya apa / pedhange si ywanjana / dene ta angluwihi / rak ya wis kena / maring sira ta yayi.

  23. Kang tinanya sengkruk sengkruka wacana / paduka den timbali maring sang ywanjana / paduka neng pandhapa / pan arsa den ajak bugti / jebul wis wikan / kelamun amba silip.

  24. Dyan Soglen tyasira anggung tratapan / tinahanken aring / mesem sarwi nabda / groyok pamuwusira / ata sireku yayi / dhemen sembrana / pedhange apa uwis.

  25. Kena-kena bae teka sira kanca / ingsun den undang Mail / ah yayi gorohan / mangsa gek temena / sang dyah wacananya aris / kados pundi ta / saestu den timbali.

  26. Lah sumangga mangke yen kadapon mindhak / bramantya sang Ngamail / tan wus prapteng tiwas / dyan Sogelen duk myarsa / bayu kadya den lolosi / tanpa budaya / tyasira ketir-ketir.

  27. Dangu enget ginagas reh sami priya / madegsuraning galih / wuwusnya mring sang dyah / dhuh yayi aja-aja / tyasira nganggo kuwatir / wakingsun mapan / ubaya tan ngungkuri.

PUPUH XXVIII
P a n g k u r

  1. Dhuh nimas ywa nangisira / yen sanyata dhawuh tiyang suksma jati / mangsa tiwas awak ingsun / lan Mail ngadu dibya / nadyan ta mejajaha kantara bau / tan wegah sariraningong / apa guna ingsun wedi.

  2. Lan mail manuswa desa / trah ing suda darma sutaning cantrik / pae ki sariraningsun / atmanajaning brahmana / trah utama sewasaning nata ya sudarmaningsun / sun iki buyut narendra / apa guna jrih lan kula.

  3. Wong pikun ing wara rahan / sun bedhile bae si nistha yayi / pundhut tinggar sun gupuh / sang retna ris turira / sarwi nangis drawaya / wijiling kang luh / dhuh kakang kadang punapa / yen mangke datan ngemasi.

  4. Mring angganya sang ywanjana / dyan Sogelen amuwus sarwi runtik / dhuh haywa samari ningsun / ngendikan manuswa / tan mamadal ing sanjataningsun / Mail maneh angukupa / ing nguni Bahgedat nagri.

  5. Ya ana sarip sajuga / wus kaonang-onang  prakesweng jurit / Sayit Ibrahim ramanipun / Bahgedat tanpa lawan / kekes kabeh wong mulat kadibyaninipun / dahat asihnya sang nata / ya ta ing alami-lami.

  6. Ibrahim tagiyan perang / rehning praja Bahgedat ya wis / kekes biyas tyas atakut / arsa ngrusak praja / duk sang praja myarsa kene metu / dadya kabeh ken ngrubuta / pamrih patine Ibrahim.

  7. Reh Ibrahim widagdeng prang / pra janma keh mati tumpes atapis / tujune ana ingsun / dadya nuli sun papag / nora kongsi mindho wong sanjata lampus / mulane si Mail uga / pasthi mati dina iki.

  8. Lah mulane sira enggal / angambila tinggaringsun ta yayi / sang dyah lejaring tyasipun / enggal angambil tinggar / prapteng arsa tinggar ing ngisen tan dangu / lah ingsun iki tuduhna / marang si Mail tumula.

  9. Wus prapta pintu ning wisma / sang dyah  tuduh punika ta pun Mail / aneng kulon lenggahipun / sang aryenggalnya anjata / wus sigulet kang sandawamunya saha sru / mimisnya mamprung tumiba / ing gigirira sang Mail.

  10. Mimis gepeng tan tumama / Mail nolih ngadeg sigra lumaris / kang pinaran tanpa bayu / lumayu nora bisa / dadya dheprok dharedheg sariranipun / sang ywanjana prasangkara / e.. e.. tobil bocah iki.

  11. Kathik reka-reka bisa / wong diundang bae kok ngango becik / suwe tan prapta warsengsun / apa gek dipapak / ta wis mrene tujune tan pisah mringsun / dyan Sogelen gya cinandhak / neng kanan dene kang kering.

  12. Ambosong dyan Umi Sakrah / kalih pisan wus si neleh ing korsi / raden Sogelen tumungkul / asta dwi ngapurancang / tanpa ngucap jinejer lan sang retnayu / mring sang Mail ajrih dat / sang ywanjana wacana ris.

  13. Mring sayit ya iki kakang / kang ayidra ing resmi satriya di / dyan Sogelen naminipun / praja gung ing Bahgedat / dalemira raden saya sru tumungkul / kekes tan wani dhangak / kadi manuk den kum warih.

  14. Rehing ngrai nir tana / napas ngangsur kesar-kesar tanpa sir / sirna budidayanipun / panjuju sang ywanjana / enggal tanya mesem-mesem wuwusipun / yayi duk dinten punapa / praptanta ing wisma ngriku.

  15. Sampun yayi maras ing tyas / botenipun pun kakang krodheng budi / dumeh pun kakang tyang dhusun / nanging rak desatama / mung omahe kang manggon tengah wana gung / yen wongepik tinar / dadi ciptane si adhi.

  16. Tana ing ngemperiria / sang Sogelen nembah turnya ris / yen paduka sang pukulun / andangan ing praptamba / antawis wus sapeken dungkap pukulun / sang ywanjana mesem nabda / e / dene kok sampun lami.

  17. Lah ngriku anembangan / tuwin rayi dika pun Sakrah umi / rahadyan merang tumungkul / sayit mesem ngandika / heh ta radenya kecil ati sireku / ora dadi apa sira / jeriningsun Mail iki.

  18. Wus wruh karsaning hyang suksma / sang ywanjana prasangkara mring sayit / kakang sun minta rilahmu / yen pareng rinta arsa / parlu darbe pakuwun maring jeng ratu / sayit amangsuli iya / haywa nganggo walang ati.

  19. Jer sira saduluringwang / aja ingkang amung slanggapan angling / yekti sun rila setuhu / nadyan bakayusira / sirambil wor tableg rila wakingsun / Mail sokur mring sang hyang suksma / sang Mail gya matur aris.

  20. Maring garwanipun Abdullah / dhuh pukulun jeng ratu mugi-mugi / ywa runtik tyasnya jeng ratu / amba arsa bon / mring jeng ratu kepala inten ing Ngerum / mirah barleyaning praja / jeng ratu aris nauri.

  21. Paranta punapaningwang / sira pinta bakayune ing riki / sayekti yen bisa angsung / jangji ywa minta nyawa / Maul muwus tan pisan jeng ratu / nanging inggih sok sampun / kangjeng ratu asarengi.

  22. Rakanta kang keng jro sengkang / aturana darapon mijil bukti / jeng ratu kagyat tyasipun / inggih yayi lakarkula / bekta tyang priya sawiji.

  23. Punika remena kula / lah mendela kula undange dhihin / heh kakang Dul Abit gupuh / andika gya mijila / kang ing uwuh bibisik wangsulanipun / wonten pundi ta Abdullah / punapa sampun ngemasi.

  24. Dhendhangi rak gih pun pasah / jeng ratu sru manbda maring Abit / e.. kakang inggih ta gupuh / punikA SANG Abdullah / andharodhog seh Abit gyanira metu / mangkana Sayit Abdullah / duk myarsa wicareng Mail.

  25. Dadya wruh sarandunira / ngusap rabi riwut denya ningali / sarwi geget wajanipun / kumitir latinira / netra andika ngadhu rancana idemipun / saya sang sayit duk wikan / wijilira Abdul Abit.

  26. Muntab kordanya Allah / srepet narik jambeyanira aglis / ngucap heh heh si pahung / Abit mati deningwang / Abit pucat dharodhog sarwi tumungkul / sang Mail waspada mula tawa maring kordhanira sayit.

  27. Sayit duk sedeng jumengkah / sang ywanjana gupuh denya megati / lolo pamuwusipun / paran ta sira kakang / de lamut lali pandhita linuhung / apa yen eling mring sabda / dene yayah tanpa manis.

PUPUH XXIX
DHANDANGGULA

  1. Tyasira enget sang Abdullah Sayit / duk miarsa sabdanira ri sang / Mail sayit ning dukane / sariranira nglumpuk / ngrangkaken jameya sarwi / aris awacananira / mring Mail angrangkul / paran yayi yen ajaa / ana sira pasthi si Abit babar ji / iba benduning suksma.

  2. Rakanira meh kalimput yayi / muga aja dadya ing tyasira / Mail apuran ta bae / dene mau mumuruk / temah kalah sabar sun yayi / Mail apasrangkara / maring Abdullah rum / nora mangkana ta kakang / uwis lumrah titah ing tyang nganggo lali / yen nora klawan lena.

  3. Apa baya Alah ta sireki / aja maneh ingsun lawan sira / nora kena kalalen / kakasihnya hyang agung / kangjeng nabi Sulaeman nguni / kedhepan ing sajagad / prandene keneng dur / tuk siku papa cintraka / papa kongsi lawane sadasa waji / galihen iku kakang.

  4. Yya narka yen ingsun sabar budi / ya mulane Sogelen duk myarsa / ingsun tan kordha wit dene / ajrih maring welingmu / ya mulane ingsun sabari / Sart arum wacana / ya bener sireku / dhuh yayi aja rinasa / sang ywanjana mesem sarwi ngancarani / maring tatamu sira.

  5. Lah suwawi sarip Abdul Abit / sami bukti ing mriki ywa maras / panggalih den tetep bae / Abdullah ngeh wa gupuh / wuwusnya heh sira Dul Abit / ywa maras dahat / malah sun iki wus / rilah garwengsun wus pasrah / Abdul Abit sumembah sarwi nungkemi / ing padanya Abdullah.

  6. Mintagsama sarwi merbesmillah / turira dhuh mugi sampun duk / sang sayit aris wuwuse nora dadi ngopengsun / mung ajaa ana sihadheg Mail duk sira / pasthi ajur luluh / tan matga sangka denira / ambebedhang mring garwengsun amung sangking / enggonmu kurang ajar.

  7. Saben ari aneng sirah mami / pasthine yen apa-apa sira / tan lunga neng gundhul kene / sang ywanjana angguyu sang Sogelen arsa guyu jrih / esemi pinekan Mail gya turipun / mring sayit lah payo kakang / padha bukti sumangga sadaya sami / sareng kemawon pisan.

  8. Tan dangu rampung denya bukti / sang ywanjana aris turira / dhuh kakang sun nyambat kowe / ningkahen den gupuh / dyan Sogelen lawan si Umi / Sakrah ingsun wus rila / lisegsanan gupuh / rampungnya sayit wacana / ingsun yayi anyambat mring sira ganti / jeng ratu ningkahan.

  9. Iya lawan Sayit Abdul Abit / Mail trangginas sampun kalakyan / jeng ratu den ningkahaken / rampung kakalihipun / gya bubaran sang Mail nuli / malbeng wisma kancana / lan sang ambeg luhung / sayit kang wiratameng tyas / dyan Sogelen kalawan dyah Sakrah Umi / sampun samya pinernah.

  10. Neng kidul ing pandhapa wisma lit / gecong salira mujur mangetan / guthekan kang kulon dhewe / dene ta kangjeng ratu / kang karongron lan Abdul Abit / mungging panti kang tengah / ugi gedhong kidul / sang karongron pinangantyan / mapan sampun sami suka sukeng galih / wuwusen  kang neng pura.

  11. Sang ywanjana murti lawan sayit / samya rarasan tyasira karasa / resep denira anggandheng / kadi panganten temu / sih sinihan malah ngungkuli / panggih ing putri putra / trapsilanging lungguh / lega panggalihnya samya / tan kawarna siyang praptanireng ratri / suruping bagaskara.

  12. Ginantya ing purnamaning sasi / sang sayit lan sira sang ywanjana / lenggahan sakarong-ron neng / palataran kang pungkur / sayit sami ngenggar diyatdi / duk candra mawayahnya / angayomi gunung / sang sayit aris wadhana / manusweru kang bisa wruh ing dumadi / dadining kasampurnan.

  13. Nembah maring hyang wisesa jati / iku yayi tan susah asalat / Mail mangulen adhepe / mundhuk lir santri cubluk / tan wruh marang subasita nir / enerireng kasedyan / tinarka hyang agung / neng pracima dunungira / datan wikan uriping bawan iki / sumarambah ing sajagad.

  14. Lamun iku nora angenggoni / sayektine tana manuswa / tertamtu suwung jagate / dadi kadi duk embuh / sirna kabeh bumi lan langit / nora ana pinanggya / mungguh ing awakmu / marma aran randhu alas / rumambati wit sembukan iku yayi / de kurasa kang nyata.

  15. Randhu wana ora urip yayi / lamune ama rambat sembukan / kaya ta iya mulane / manuswa dipun agung / anarima titah ing widi / lamun tinitah kaya / ywa agung gumunggung / ngengkoki yen darbe kaira / pribadinya yayi panyiptaning eblis / mungkir maring hyang suksma.

  16. Dadi tan wruh kang mandraweng budi / nanging yayi kelamun tinitah / miskin haywa sakpikire / dipun rimeng pandum / bok manawa lagi kinardi / lalakon mring hyang suksma / wit manuswa iku / isbat wawayanganira / ingkang lami mungging rasa jroning dharmin / dadi sasolahira.

  17. Siwayangan pasthi atut wuri / manuswane pamane hyang suksma / ingsun sira wayange / rehning bae sireku / wus den anggep dhindhing ing gusti / sinungan pancadriya / cacahira catur / kuning kresna reta seta / wah sinungan titipan mring Allah yekti / iku sampurnahen.

  18. Nanging angel sampurnaning urip / ngarep-arep ulup limang warna / tur iku bekal lan gedhe / tan dadi ciptanipun / lamun ora bisa bali mring / suwa sananing jagad / kang mindrawa mau / sayekti aran kasasar / tanpa kusur tiwas uwis prapteng pati / tanpa titis patrapnya.

  19. Yen tekate yayi ing kapatin / lamun uwis ngulihken titipan / kaya wus cukup yektine / uripe tan keneng dur / ana uga ingkang kinardi / lesan lepasing panah / kathane ing besuk / enur kang katon anggana / yeku dadi kasampurnanireng pati / panah netra kepala.

  20. Yeku kepalaning kawruh yayi / nanging ana saweneh pandhita / kang tekate benceng tembe / kelamun prapteng luput / masuk maring adi bundanbi / wus sipat dasa dina / nuli glis umangsuk / mring maningkem dadya kama / ing karepe gayuh / urip kaping kalih / cinakrama gilingan.

  21. Dadi dhemen si pandhita kuwi / nora putus-putus patinira / tansah ubenge sajege / nanging ya telung-telung / isih ana kang den gandhuli / iya tinimbang tanpa / ana kang den enut / sang ywanjana pasrangkara / iya bener mangkono tekating pati / tidheming ati sonya.

  22. Wus waskitha mring kithaning takdir / deder patia mrih tanpa kontha / kekanthan siniwungake / yen mangkana puniku / ing atase ingsun ta yayi / banjur nganggep musibat / awit denya purun / anyepekaken mring Allah / sok mangkana dadi dheweke ngengkoki / jumeneng Gusti Allah.

  23. Iya mangsa becika pinanggih / janma darbe cipta kang mangkana / yayi iku akeh walate / kasare bae iku / winayuyun kang para kakim / mangsa winora janma pinarnah gon suwung / sang Mail mesem wacana / iya bener kakang sabdanira yekti / iku pas nora nyimpang.

  24. Sayit nabda heh ta malih yayi / lamun sira durung bakit tampa / mring mas witengsun kang akeh / mangka bau cukup / ing ngaurip weruha yayi / paraning pati diyan / iku anunggal wus kelawan manuswa tama / kabeh-kabeh linimput mring kang nglimputi / matinmg ing jagad raya.

  25. Swara muni makthing iku yayi / sayektine uga sangking kana / parane ya mrana maneh / lah apa bae tamtu / reh manuswa asalnya sangking / kang anglimputi jagat / dadi ulihipun / iya pasthine marana / sangkan paran padha kawruhan yayi / sanadyan sira padha.

PUPUH XLVII
S i n o m

  1. Sawung pinaripurna / binakteng pasetran nuli / rehingsun maksih gung trisna / iya mring Siti Umartin / mula kalakon dadi / sun tugu neng daganing / ingsun kanthi ganedha / mring Allah keng maha suci / supayane garwengsun mau uripa.

  2. Wasana bakit kateka / pamintengsun mring Hyang Widi / ana marmaning pangeran / malaekat cat prapti ing utus maha suci / amara ing nyawaningsun / darapone kinarya / uripe Siti Umartin / marma urip garwengsun sangking palastra.

  3. Wus sira urip sun ajak / mulih marang ing Barginil / nanging neng marga sun dahat / arip duk tumekeng margi / dadya ingsung aguling / garwaku sun purih tunggu / satengah ingsun nendra / garwengsun den bradhat maring / ratunira sang Prabu Abdul Jaelan.

  4. Sang nindya mantra miarsa / sabdanya ywanjana murti / angguguk matur narendra / temen timbalan narpati / punika tiyang baring / katawis ing wuwusipun / sang ywanjana wacana / heh heh rekyana apatih / aja sira angira baring maringwang.

  5. Apa dumeh sun carita / katemu sang Jabrail / iku kok wong edan / yen sira tan ngandel mami / wuwusingsun puniki / mara antinen sapangu / sang malaekat papat / kang minangka dadya saksi / sun undange ki patih wacana iya.

  6. Kaya ngapa malaekat / munajat sang sarip Mail / marmeng suksma nulya prapta / malaekat catur sami / nanging wus karseng widi / ngukuhaken takdiripun / dumadak malaekat / mijil sri manganti / duk mring natar datan anjujug kewala.

  7. Sang Mail aris wacana / lah ta iki narapatih / saksiku sang malaekat / kapat pisan samya prapti / patih matur sang aji / dhuh gusti punika sampun / terang edan sabanjar / datan pantes yen ginalih / Ki Pangulu nambungi wuwusira.

  8. Ki Patih sampun mangkana / tetepipun dadya ngadil / nadyan punika wong edan / yen sangking pirembag mami / putri sadalem puri / kinen medala sadarum / sampuning prapteng jaba / pun tiyang kinen anitik / pundi ingkang dinulu tilas garwanya.

  9. Kya Patih Manadukara / matur maring narapati / gusti mugi karilana / punika langkung prayogi / sang nata anuruti / prakenya mijil sadarum / amung sang prameswara / kang tan sinung amedali / kyana Patih aris denira wacana.

  10. Lah anak apelihana / kang endi garwanta nguni / Mail asru wuwusira / kabeh dudu garwa mami / garwengsun durung kaeksi / magsih piningit ratumu / heh patih wruhanira / sun iki dudu wong baring / sun narpatma suteng Bagendha Balsorah.

  11. Ratu Agung pandhita / muknimu mulana ngadil / sinembah samining nata / sun iki lalaneng bumi / lumaku anglakoni / sangking karsaning Hyang Agung / ratu Betal Mukadas / heh eling-eling sireki / aja dumeh sun amung badan supata.

  12. Yen ora den nulungena / garwengsun Siti Umartin / iya pacara sak ana / wong Betal Mukadas sami / wau dupi miarsi / kya patih nembah umatur / dhuh Gusti Sri Narendra / yen pareng karsa sang aji / mugi-mugi sadaya kawedalan.

  13. Sang nata saklangkung kewran / anging kapegsa nuruti / dhawuh yen sang prameswara / kinen anglugasa dhiri / wau nalika mijil / sang Mail wruh sigra nguwuh / lah kae garwaningwang / kya patih kinon nimbali / patih nabda Siti Umartin mreneya.

  14. Wus lawas sun antisira / teka nora animbangi / brantaningsun wus nemcandra / taji dhahar lawan guling / labet tresanane yayi / praptaningsun mung tumambuh / dumeh wus manjing garwa / kawengku ing narapati / nadyan dadi ratu iku durung terang.

  15. Dudu benere ginarwa / amarag wus darbe laki / mulane nimas mreneya / yen sira nora nimbangi / baya ingsun ngemasi / wurung mati sigra gandrung / durung kasurang-surang / kasang saya kawlas asih / dhuh nimasku / sapanen bojomu lawas.

  16. Kang wus labuh lara lapa / wiring sun lakoni / nganti nyawaku sinigar / saparo mring sira yayi / bok iya nuli eling / nulungi wong lara gandrung / dimen tulus raharja / yen sira nimbangi / lah rasakna ing mengko nandhang cilaka.

  17. Wus dangu denya ngrarepa / Umartin datan nanggapi / sang Mail dahat bramantya / heh wangkat timen wong iki / tan kena pinrih becik / kudu angajap kang dudu / dupi pra malaekat / mriksa nepsune sang Mail / amambengi heh Mail sira elinga.

  18. Haywa tansah saru nabda / lali yen wiratama di / kadya trahing sudra papa / kang sinung pakarti eblis / sira trahing winarni / prabu tama sudarmamu / pandulu janma rucah / tuhu trahing winata sri / lah pyarsakna kelamun prayoganira.

  19. Rehning uni nyawanira / kang kanggo Siti Umartin / mangkata saiki nora / anut ing karsanta yekti / panimbangingsun becik / jabelen bae nyawamu / Mail aris turira / dhuh owel ulun puniki / yen mati malih inggih kadi paran.

  20. Warnanya tuhu utama / sadonya tan wonten yekti / malaekat nambung sabda / dyah rak mung sira pribadi / iku ingarani / prayoga gugunen ingsun / wis ta jabelen inggalya / yen sira nut tuduh mami / malah bakal sinung garwa mring Hyang Suksma.

  21. Lawan maneh dhuh ywanjana / thik kadingaren saiki / ngarepi wong kang wus cidra / ta uwis jabelen nuli / aja nganggo nglithih / sang arya ing aturipun / heh yayi apa sira / temen denira tan sudi / lah mreneya haywang gung minggung kewala.

  22. Tables nora kajamak / teka nora amiarsi / dhuh iya ta rasakena / ing mengko Siti Umartin / sun jabut nyawa mami / ajo kok kira gadebus / dumeh apa ta sira / wus dadi jeng prameswari / yen mengkono ingsun jabel nyawaningwang.

  23. Duk raden wau ngandika / lan malaekat tan keksi / glethak Prabu Dul Jaelan / sareng lan Siti Umartin / denira tibeng pati / patih jagsa lan pangulu / dupi wrin kang mangkana / saklangkung denira ajrih / patepat tan dharodhog sariranira.

  24. Prajurit lumpuh sadaya / pucat biyas tanpa getih / dhasari sang malaekat / enggal denya wangsul malih / ngasta pedhangnya sarwi / dhawuh mring janma sawegung / heh kabeh wadya bala / apa padha nora wedi / mring patine ratu mung kang dahat murka.

  25. Wruhanta heh sira patya / janma  kang sira arani / dhangngling iku karseng suksma / ginanjar jumeneng aji / ngratoni mring sireki / iku yen sira tan anut / sun jabut nyawanira / patih pangulu bupati / sapangandhap saur pegsi tur sumangga.

  26. Ngestoken dhawuh ing suksma / sing Malaekat Jabrail / yen saiki sang ywanjana / jinunjung jumeneng aji / wadya bala sanagri / Betal Mukadas sadaum / ngujunga sri narendra / jrih asih jalu lan estri / anom tuwa gedhe cilik tan suwala.

  27. Bakda ngabekti mring nata / bibaran prasamya mulih / sri nata jengkar mring pura / pinethuk badhaya srimpi / munggung katanggung selir / lebetipun ing kadhatun / narendra enget garwa / saputing tyas lir ngemasi / sapandurat kasiliring samirana.

  28. Enget munajat mring suksma / ngeningaken tyas sri bupati / tan dangu malaekat prapta / Jabrail miwah Mingkail / maringken widadari / dadya prameswari prabu / Mail nuhun turira / kang garwa deningkah kang maleni musikumi malaekat.

  29. Wusnya pragat sami salat / malaekat kalih gya mulih / patih sigra tinimbalan / kinen dhawuhaken waradin / yen mangke sri bupati / wus tampi sih ing Hyang Agung / ginanjar jatukrama / widadari sangking swargi / wus deningklah musikumi wali malaekat.

  30. Tan cinatur rarenggannya / denya wiwaha sang aji / joking patang puluh dina / wadya bala suk angetung / tontonan warni-warni / ambalabar ulam sekul / arta brana jro pura / wedalnya lir toya mili / langkung arja praja di Betal Mukadas.

  31. Duk dhaupnya sri narendra / lan garwa sangking swarga di / parab Siti Maemunah / warnayu luwih respati / tanpa cacat sademi / mila kangjeng sang aparbu / kasok sih tresnanira / dhasar katemben saresmi / jaka kasep antuk garwa sangking swarga.

  32. Nugrahanira sri nata / tan wus ucapen ing tulis / suka senenging wardaya / yen cinandra [itung ari / tan dugi / malah luwih / marma tan winarneng kidung / ngebosi yen rinasa / yogya sinimpen sayekti / demen dadya wuwus pangrarasing driya.

Nuwun.

Sinengkalan candra muka jalma manembah.

Atur uninga dhateng para maos / punika srat cariyos Jaka Mail / babon asal saking Ngayoja / kagunganipun Masbehi / Mangun Seduta / rehning wau serat Jaka Mail sampun rungsak sarta kathah ingkang ical / kamulyakaken sarta kaanggit / dening Raden Mas Puspasudirja / saweg cobi-cobi nganggit serat bilih awon / utawi sae naming nyumanggak kaki dhateng ingkang maos.

Ringkasan Cerita

Serat Ismail ini bercerita tentang kerajaan Balsorah di Tanah Arab dengan Raja Prabu Abdul Jalal. Ia mempunyai seorang anak laki-laki bernama Mail, oleh karena itu kepandaian dan kepintaran kedua orang tuanya semua diturunkan kapada anak laki-laki mereka. Setelah dewasa, Mail pamit untuk pergi berkelana. Sampailah  Mail di desa Dadhapan, ia bertemu dan berguru pada Pengulu Ki Danajati. Ki Pengulu Danajati menawarkan Mail untuk menikah dengan putri R. Ripangi bernama Rara Pumi dan mereka pun menikah. Ternyata Rara Puni berzinah dengan teman ayahnya. Mail kecewa dan memutuskan untuk pergi dan meninggalkan surat untuk mertuanya.

Mail melanjutkan perjalanannya dan ia sampai di rumah Ki Ahmad Besari di magrib. Di sana Mail bermaksud menikahi anak Ki Ahmad Besari, bernama Ken Rara. Di balik keinginan Mail, ada seorang anak pemimpin Negara Maghrib yang mendengar berita kecantikan Ken Rara dan ia berniat untuk menikahinya. Tidak sengaja Ken Rara bertemu dengan anak pemimpin tersebut di rumah Nyai Jaruman dan mereka saling menyukai. Mail mengetahui hal tersebut dan ia pulang ke pondok Ki Ahmad Besari, meninggalkan surat dan pergi melanjutkan pengelanaannya.

Sewaktu Mail melanjutkan perjalanannya, mendadak ia jatuh cinta melihat putri bupati yang akan bertemu dengan putra patih. Sang putri tetap pergi, tetapi Mail mengikuti karena telah berjanji akan menjaga putri bupati tersebut. Mail telah sampai di halaman pondok, melihat sang putri bertemu dengan laki-laki, laki-laki tersebut didakwa pencuri lalu ia berkelahi dengan mail. Akhirnya laki-laki tersbut tewas, dan ternyata ia adalah putra patih (kekasih sang putri). Ketika itu juga Mail pergi dan meninggalkan surat.

Mail melanjutkan kembali pengelanaannya dari kaki gunung di hutan Liman, sampailah ia di rumah Sayid Abdul Majid, putra Sri Iskandar. Di sana Mail dinikahkan dengan putri Sayid Abdul Majid bernama Dyah Marianah, Dyah Marianah mempunyai kebiasaan, setiap malam Selasa Kliwon ia bertirakat di bawah pohon gayam. Dyah pamit untuk bertirakat, tetapi disana ternyata ia bertemu dengan kekasihnya yaitu Gandarwa Raja. Keesokan harinya hal tersebut dikatahui Mail, ia melihat Dyah yang sedang duduk bersama dengan Gandarwa. Mail merasa sedih melihat kejadian tersebut. Saat itu juga Mail pergi melanjutkan perjalanannya dan ia pun sampai di hutan Djabalbar.

Mail yang sedang beristirahat dihampiri oleh dua orang, yaitu Sakarjan dan Sakarji. Mereka meminta pertolongan untuk membagikan harta warisan sebab jumlahnya ganjil yang akhirnya selalu tidak sama rata untuk dibagi. Mail membagikan harta tersebut, Mail mendapat sebuah pedang sebagai upah. Pedang tersebut memiliki kekuatan bisa terbang.

Mail melanjutkan perjalanannya dan sampai di rumah Nabi Iskak. Mail berputar-putar di langit lalu turun di danau, di sana ia membantu wanita miskin yang akan melahirkan. Bayi yang dilahirkan adalah bayi perempuan, ia dibawa oleh Mail ke rumah Nabi Iskak. Bayi tersebut diberi nama Umi Sakrah. Setelah dewasa Mail ingin menikahi Umi Sakrah, lalau berusaha mencari bapak Umi Sakrah sebagai wali. Anak Raja Begedad bernama R. Sogelen ingin berburu hewan di hutan. R. Sogelen berpisah dengan abdinya. Ia sampai di rumah Mail dan bertemu dengan Umi Sakrah. Umi Sakrah berselingkuh dengan R. Sogelan, tetapi berpura-pura tidak tahu. R. Sogelen bersembunyi di lemari. Mail bertemu dengan Umi Sakrah. Lalu Mail pergi kembali mencari wali.

Berganti cerita, Sayit dari Rum bernama Abdullah yang sedang mengembara dan bertemu dengan orang tuanya di Beji. Orang tuanya mengeluarkan kotak, yang ternyata berisi seorang dewi dan dinikahkannya. Sang dewi berselingkuh dengan kekasihnya bernama Abdul Abit yang disembunyikan oleh sang dewi. Mereka berunding untuk membunuh Sayit Abdullah, lalu disembunyikan kembali. Sayit Abdullah pamit pada kedua orang tuanya untuk pergi mengembara. Sang Putri dibawa diletakkan di kotak lalu bertemu Mail. Mail telah sampai beserta Sayit Abdullah di rumah peninggalan  Nabi Iskak di hutan. Sesampainya di rumah Mail, kekasih Umi Sakrah masih disembunyikan.

Mail mengadakan perjamuan makan, setelah selesai makan Mail menyuruh Umi Sakrah mengeluarkan kekasihnya dari lemari. R. Sogelen marah lalu ia pergi. Mail menyuruh sang dewi putri dari Rum untuk mengelurakan kekasihnya Abdul abit. Selesainya perjamuan Mail dan Sayit abdullah merundingkan masalah ini. R. Sogelen menikah dengan Umi Sakrah, abdul abit menikah dengan putri Rum, sedang Mail dengan Sayit Abdullah memutuskan untuk menjadi pendheta. Mail dan Sayit Abdullah belajar untuk menambah ilmunya.

Sampailah mereka di negeri Bagedad. Di sana sedang diadakan sayembara. Barang siapa yang dapat menebak jumlah istana yang dibuat oleh raja maka akan dihadiahkan putri raja dan kedudukan. Sayit Abdullah tertarik untuk mengikutinya. Ia dibantu oleh Mail dalam menjawab pertanyaan sayembara tersebut. Akhirnya Sayit abdullah memenangkan sayembara tersebut dan dijadikan raja mengantikan mertuanya.

Mail pamit untuk melanjutkan berkelana tetapi Sayit Abdullah ingin ikut berkelana. Ia pamit kepada istrinya. Patih beserta pengawal dari Bagedad sedang berunding ingin menyingkirkan raja muda Sayit Abdullah. Sayit Abdullah, istri dan Mail mendatangi pertapaan mertuanya, hal ini membuat hati sang patih ketakutan, karena ia akan melakukan kesalahan. Mail pamit melanjutkan perjalanan. Raja muda Sayit Abdullah pergi ke istana dan dihadang oleh patih. Raja muda bertanya kepada Bupati Branwes, sebab sang bupati tiadak datang sewaktu ada pertemuan. Bupati Branwes tidak hadir karena ia merasa tidak sudi berada dibawah perintah raja muda. Utusan raja muda bertemu dengan Bupati Branwes, dan menyampaikan pesa Sayit Abdullah. Bupati Branwes sangat marah, lalu menyuruh raksasa pergi ke Bagedad.

Sesampainya di Bagedad dirinya disambut oleh Sayit Abdullah dan Bupati Branwes kalah dan mati beserta raksasanya. Di tengah perjalanan, Mail bertemu dengan seorang wanita. Mail ikut dengan wanita tersebut, lalu bertemu dengan bapaknya dan lalu belajar ilmu. Mail dinikahkan dengan wanita itu, pada saat akan bersenggama tanpa sebab wanita itu meninggal. Mail sangat mencintainya. Mail meminta agar istrinya dapat hidup lagi. Lalu datang malaekat bertanya apakah sungguh-sungguh keinginannya? Dengan imbalan mengurangi umur Mail untuk istrinya dan ia dapat hidup kembali. Istrinya pun dapat hidup kemabali. Mail beserta istri pulang ke rumah, karena mengantuk istrinya mereka beristirahat untuk tidur. Seorang Raja Abdul Jaelan melihat wajah Umartin (istri Mail), tiba-tiba jatuh cinta. Umartin tidak tertarik oleh bujukan Abdul Jaelan, tetapi ia dibawa pulang oleh Abdul Jaelan.

Mail bangun dari tidurnya dan istrinya tidak ada, ia mendapat keterangan dari orang lain bahwa istrinya dibawa oleh raja lalu ia menyusul ke istana dan diperiksa oleh patih. Patih tidak percaya kepada Mail. Meil mendatangkan malaikat sebagai saksi kebenaran. Umartin dan abdul Jaelan dicabut nyawanya oleh malaekat. Mail menggantika sebagai raja di Betal Mukadas, dan belas kasih Allah dihadiahkan istri bernama Maimunah. Mail mengutus patih menyampaikan surat berita pada Raja Bagedad sayit Abdullah.

Raja Sayit Abdullah menerima kedatangan Djenal Ohat dari Betal Mukadas, ia mengadukan berita mengenai kelakuan jelek ratunya di Betal Mukadas. Sayit Abdullah sangat sedih, berniat ke Betal Mukadas, tetapi terhalang oleh pati batel Mukadas dengan surat keterangan Sri Ismail. Pati Betal Mukadas mengutarakan keinginan Sri Mail bisa menjadi raja di Bagedad. Patih Betal Mukadas pulang dengan membawa surat dari Sayit abdullah. Raja Mail memberi pengajaran kepada kedua patih tersebut (patih Bagedad dan Betal Mukadas). Raja Mail merasa bahwa ilmu kesempurnaan telah sampai pada kedua patih tersebut. Patih Bagedad pun pulang.

Alang alang kumitir