Category Archives: SULUK JAYALENGKARA

SULUK JAYALENGKARA


 PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. //Amestuti ruwiya utami / Suluk Jayalengkara pramiyan / prakawis ya rayasane / nistha madya tameku / kanang murweng gita sawitning/ Pangran Pekik ing sura / kaya duking dangu / sinawung jawindrasmara / sinancaya saarsa tinedhak sungging / dening Sang Drengge Sastra//
  2. //Kaping nembelas ri Soma manis / wulan Rabingulakir Je warsa / nuju Kulawu lambange / Sancaya ingkang windu / sinengkalan angkaning warsi  / pamuluking dahana / ngesthi jagat agung / pinurwa murtining kandha  / Prabu Santya Gnyana Sunya wirya nagri / ratu gung pinandhita//
  3. //Amenga wak nirada sutengsi / tumanggah karya ambeg apanggah / ngapus ing ngrat pungkasane / kapandhitanya putus / tuhu prabu anyakrawati / prakatha dipaning ngrat / ing ngrat kang pinulung / lulutaning lokatara / prabu luwih jejulukira Narpati / Bathara Santya Gnyana//
  4. //Yen amangun laga jayeng jurit / pan pratama ingering supaka / murba titih bebakune / agama sedya hayu / prabu jaya wijayeng jurit / kinasihan dening Yang / sudibya beg alus / kinajrihan ing sesame / sameng nata sakathahe kang sumiwi / samya jrih kumawula//
  5. //Kwulaning wadya den uningani / uninganira sangking sinuksma / sinukma salir kawane / bawaning ratu luhur / tan angendhak manahing bangkit / bangkit kang karya sura / surasa biyantu / anuntuni manah midha / anrepaken wadya ingkang manah tunggil / tunggal sapari-polah//
  6. //Kakasihe Kangjeng Sri Bupati / Maha Pandhita Sang Kala Sonya / tuhu patut  prawirane / sembada tengranipun / prabu anom wicakseng  luwih / garwanirayu endah / lir kumala murup / lir Supraba ayunira / tuhu endah warnanira sang suputri / pideksa pengadegnya//
  7. //Angripta Kumbacarana kadi / ing sakalire pradikanira / kang amadani kaya oleh / supana ayonipun / pan tegese angreka kadi / tulis pamolahira / kumba artenipun / kadi ukiran kencana / acerana lir warana yen kaeksi / lir wulan karahinan//
  8. //Angripta ika tegese kadi / antuke anyipta hayonira / anawenga saklangone / ingkang ngajeng anyelak ajrih / bekti dhateng priya / yen dereng arengu / pinten lamine kagarwa / mring sang nata tan kena pisah salatri / lan Dewi Wiladmara//
  9. //Adarbe putra tetiga estri / kalih jalu tur awicaksana / Jayalengkara kasihe / lampah yukti tan sinung / dene Kangjeng Sri Narapati / tan suka cinacada / langkung sih sang prabu / pan putra ginadhang nata / gentyanana ing rama sri narapati / aneng sunya wibawa//
  10. //Kaduk mindel semunya awingit / Kangjeng Rahadyan Jayalengkara / andhap lusrah andikane / bagus semunya luhur / ajatmika ambegan wingit / tansah karya la-ela / kang anem sang bagus / Dyan Subekti kekasihnya / angler kembar citrane rahadyan mantra / anglir sang maha dewa//
  11. //Awayah umur patbelas warsi / lagya remen angadu ing bala / kang ginulang-gulang tang nglen / ing sandi sastra putus / wiru tameng sudigbya luwih / pratameng baya gita / ngenaki  tyas wadu / angsung la-elaniredyang / samya brangta mintir atur burat wangi / sekar ruming kang seda//

PUPUH II
M  I  J  I  L 

  1. //Amangun kiswa tuna sawawi / pangaskartanya wong / Dewi Ragasmra luwih sedune / anglungita jro tur angenteni / ing ngrenah ing dasih / bisa anir wuyung//
  2. //Tan kuwasa amarnaa malih / pangaskartanya wong / mapan tunggal lan ibu warnane / ananging tan kang ibu meh tili / rah anenta meksih / taruna yu surub//
  3. //Eman tan panuku suka aji / ambengan wirangrong / denira prih driyanira Raden / Jayalengkara dhemit ing galih / Rahadyan Subekti / mirsa kedah tumut//
  4. //Dadya kewran Raden Jaya dening / ranten tumut marot / apa dene ramaji tan aweh / sun limpe de araning sun benjing / lah kaya pa yayi / temahe tumutur//
  5. //Ingsun uga sung wingit busari / dadya mrih mak gallon / anawun tyas amrih atunggule / tigang candra geng mendra mong resmi/ ana wong ajawi / wayang wong kaburu//
  6. //Sanamun-samun tan kena lali / ing panduganing nyong / sampun lipuh kang rayi rahaden / sangking wagete anawun kapti / denya mrih sukaning / yayah lawan ibu//
  7. //Langkung lembahe raden meh silip / kawarna sang katong / arsa miyos rinangkul padane / dening garwa lan sang raja putri / myang Raden Subekti / katiga ya muhun//
  8. //Sotya balut sayembuh kang manis / angres tyase katong / amlas arsa kang garwa ature / kakang aji kadi paran benjing / solah patik haji / yen ki putra nglangut//
  9. //Tansah ketang ngen-angening ati / sinten yogya katong / yen suruda paduka ing tembe / raden putri-putra samya nangis / nangis pyuh tyasnya nerpati / jinejel ing atur//
  10. //Pukulun yen tulus kaki mantra / atilar kedhaton / kadospundi patik sang arajeng / suka pejaha ing Wanagiri / raden putri anjrit / kawula bu tumut//
  11. //Kewran tyase sang sri narapati / jaja lir tinonyog / mulat ing putra sanget  tangise / kumembeng waspanira tyas rujit / nanging tyas tan lali / dhateng ing Hyang Agung//
  12. //Sang nata ngling Allah sira yayi / dening tresnaning ngong / nanging yayi tan ana wandene / kaki putra atilar nagari / nging panduga mami / tyase during lipur//
  13. //Angur yayi kesahe ki mantra / leheng ta rinojong / sinung mantri kang milu lampahe / kang ngawruhi lara patineki / sanggone ki mantra / iku sunga weruh//
  14. //Yen lunga les kaki putra benjing / agung marmaningong / tur ta sapa wruha ing parane / menet yayi dilalah na ugi / so kana amantri / kang  wruh paranipun//
  15. //Iya yayi tresnaning mring siwi / pasrahna Yang Manon / lah ta yayi kawruhana rehe / ing tumuwuh suka duka pati / pan sangking Yang Widi / tan kena winangsul//
  16. //Sapa nulak karsane Yang Widi / yen wus pesthining wong / supa ngrusak yen suksma sih mule / sapa sanggup rumeksa ing pesthi / yen Hyang Suksma amrih / rusake wong iku//
  17. //Iku yayi sira ywa kasilip / ujar wus mengkono / titahing Yang sira aywa  kaget / parandene yen Hyang Suksma asih / pinanggihken malih / kaki putra wangsul//
  18. //Lawan kesahe putra yayi / datan watak awon / dudulange iku ta solahe / kaya amrih kasenten sun liri / prameswari anjrit / miwah Raden Galuh//
  19. //Maturira ta tan pegat nangis / sebda pegat-pegot / dhuh sang aji swawi sami dherek / karsanipun ki mantra mring pundi / sampun wonten dasih / ingkang atut pungkur//
  20. //Melar malar meranga ing margi / lungane Ki Ino / bilih agunga ina ing tyase / wagu gening tyas sri narapati / myang aturing sari / ngandika sang prabu//
  21. //Wijiling sabda asepet gendhis / kendela riningong / ingsun arsa sinewaka angger / tigang candra ingsun tan tinangkil / lah paliwara glis / priksanen wadyengsun//
  22. //Kang anangkil dyan paliwara glis / lampahira alon / sakpraptane ing jawi / lampahe tinon pesat sagunging kang nangkil / tan owah ing linggih / ing saprehipun//
  23. //Wangsul ing Sri Manganti ningali / namur lampahnya wong / datan kadi ingutus polahe / anamun tingal amitambuhi  / bilih wonten uning / dyan prapta umatur//
  24. //Sang aprabu dyan kampuhanapti / busana kang katon / denya rujit ing galih sang aji / akampuhira sumisir silir / sampun kaping kalih / kampuh kang rinasuk//
  25. //Harja paningset pita sinamir / lancingan bebukten / mirip lan Hyang Asmara baguse / dhuwung kaprabotan pasesumping / makutha di mukti / cihnaning piturun//
  26. //Akarya la-alaning kang ati / prabanya sumarot / pan wus tedhak sang nata miyose / plara-lara neng wingking sang aji / sawijiling kari / upacara dulur//
  27. //Sumrek lampah ingarsa narpati / pacara tan kledhok / prang wedani asri pawohane / puh jenggi gandhek kacuja rukmi / kidang sawunggaling / ardawalika gung//
  28. //Horeg kabeh wadya kang anangkil / sawiyosing katong / ajrih lamun yen nyama pengangge / yen ana kang nyama kampuh aji / winangsulken aglis / wong tan wrin ing angkuh//
  29. //Wus mliringa mring kancanereki / wong tan wring ing kewoh / anyenyampat wekaning sang rajeng / wus tinundhung medal sekala glis / dadya samya uning / niti krameng prabu//
  30. //Lan sang nata tedhak ing sitinggil / sumrek wadya tumon / para mantri tilar ing lantene / sampun lenggah kangjeng sri bupati / ing dhedhampar rukmi / cahyane umancur//
  31. //Angsung cipta mring sagunging mantra / majegan wot sinom / para mantra atata silane / mukane sewa sri narapati / seseg ngarsa aji / kya patih ing ngayun//
  32. //Sinang arya tumenggung dipati / datan kena adoh / demang rangga ngabehi jajare / asya duaji tandha myang mantra / nomnya anyambungi / gandhek lawan manggung//
  33. //Kawarnaa agunging pra dipati / ingkang jageng kewoh / pan Ki Patih Jaya Santa rane / Tumenggung Mulya Wecana tuwin  / tuwin demang wong prajeki / Rangga Wijayeku//
  34. //Demang Urawan andeling jurit / tan kewran tinaros / Dipati Jagalaya  ajare / mong wasita paniti prajeki / pandaming nagari / andel karyanipun//
  35. //Datan nana swarane kumlisik / miwah kang kekayon / datan nana kumresek swarane / miwah peksi tan ana kang muni / mung kemasan gendhing / lawan manuk engkuk//
  36. //Kang anangkil angrepa konjeming / ing siti tan anon / saklangkung jrihnya mring sang ngarajeng / samya yun yunenan dika aji / rasanireng ati / kadya amegatruh//

 @@@