SERAT KAWRUH BATIN


SERAT KAWRUH BATIN
(nékodémus)

Anyariyosaken nalika nékodémus angguguru
dhateng kangjeng Nabi Ngisa, tuwin bab
pamejangngipun kangjeng Nabi. Salajengipun
anerangngaken kasilling piwulang wau,
inggih punika wonten kalih bab:

1. Bab lahir kaping kalih = sajatining urip;
2. Bab kratonning Allah = sajatining swarga.

Anggittannipun babah
Sisya Ucong,

ing
SURAKARTHA.

1934

Kaecap ing gedhong pangecappannipun
V. MIJ. VORKINK – BANDOENG

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir
Sidoarjo, 26 Oktober 2018

@@@

SINOM

  1. Sinnom tumapakking kalam siyaga gyanya ngudharri, carita nira ing kitab mangkana déra mrih mathis gén ulun amiwitti, sukur muji mring Hyang Ngagung, ramané swarga dunya, karsa paring barkah luwih, tata nira nétra mba trusthi mring Allah.
  2. Ganjarké kanang kanang carita, nékodémus du king nguni, pruwita mring Nabi Ngisa[1], nékodémus tyang Yahudi, dadya madhab Parisi, punika golongngannipun srékatting agamanya, wus pinisah sing lyannéki, nékodémus sanget dénnira angantya.
  3. Marang karatonné swarga, kang ateges bongsa batin sami lan kratonné Allah, pikukuh kekeranning sih, sih ing Hyang nylametti, sing ngawongngé kang sumurup mratobat pracayéng tyas nékodémus angluluri, sabdanira Nabi yokanan baptista.
  4. Lah ta padha mratobatta, kraton swarga wus nyedhakki, mangkana karya pralambambang, rawuhnya guru sajati, yéku Ngisa Jeng Nabi, dutanya Allah satuhu, kang paring sih rahmatnya, [3]

********* TamaT *********

[1] Asma : Ngisa = Isa (Arab) Yésuwa (Ibrani) Yesus Griek = Yoenani.

Leave a comment