KITAB ZUBAD JAWI


KITAB ZUBAD JAWI

Punika Kitab: Zubad Jawi
Asli saking Kitab: Zubad Ngarob amratélakaken
khukum safiyyah, wiwit kawittanning kawruh :
idhep dhateng Gusthi Alloh. Susuci naja-sa-t
assiwa-k wulu-k adus sola-h sapanunggilannipun
angantos khajji lan umroh.
Wewah: sadé tinumbas sapanunggillannipun dumugi
amardikakaken budhak, Kasambungan kawruh tasawwuf,

Karangannipun Kyai Saikh Akhmad putra kakungngipun Kyai Ruslan Assyafingiyyi, mugidipun rokhmattana déning Gusthi Alloh.

Kajarwakaken
Déning:
Mas Karta Subrata

Ugi nama Ngabdullpi bin Mukhamad Ajjad
Ing Kenthangngan Semarang.
1925

@@@

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 9 April 2019
@@@

BUBUKA

Nuwun-nuwun kaliyan kaliyan umatur nuwun kapundhi ing embun déné kula kasageddaken anjarwakaken Kitab: Zubad Ngarob karanganipun Kyai Saikh Akhmad putra kakungngipun Kyai Ruslan Assyafingiyyi, mugi dipun rokhmattan déning Gusthi Alloh, angantos saged rampung, dumugi kula saged ngecappaken, Alhamdulillah, kula namani : Zubad Jawi. Mugi-mugi Gusti Allah aparingnga munfangat kanggénipun dhateng bongsa kula Jawi ing tanah Jawi Ngriki, dipun kados munfangattipun: Zubad Ngarob kanggénipun ing bongsa Ngarob, jer kitab: Zubad punika kalebet kondhang, kalok ing para ngulamak déning luwessing basa, tuwin ramessing isén-isénnipun dhasar kadhentongngaken mawi dhenthong rojaz inggih punika kalih larik salarikkipun trep kalih welas kecap (wanda) mboten kirang mboten langkung. Saking saénipun agantos kapethik pethik ing para ngulamak kaisékaken ing kitab karangannipun, lah anggén kula anjarwakaken dadossipun: Zubad Jawi, punika inggih mawi anirokaken laku dhenthongngipun rojaz wau, bédanipun: ing Ngarobbipun pungkassanning larikkan satunggal kaliyan satunggalipun aksaranipun sami, ing wanda menga tuwin sigeg mboten wonten bédanipun, ing Jawinipun ngriki naming kula ugerri sisigeg lan sandhangngannipun swara kémawon mboten angugerri aksaranipun, kadosta: Ngarobbipun:

“Awwalu wajibin ngalal insane, mangrifatul ilabistikoni. Jawinipun: Kawit-kawitanné wajibbing manusa, idhep marang Pangéran klawan sanyata. Sapanunggilannipun”,

Ing wasana bilih wonten cirri cacaddipun anggn kula anjarwakaken punika, mugi dipun angung pangaksamanipun para nupiksani, langkung malih para limpad ing budi, salajengngipun kaparêngnga anglerêssaken ing salerêssipun saha kula umatur nuwun déning kaparêngnga anglerêssaken ing salerêssipun saha kula umatur nuwun déning kaparêngngipun sadhérék ingkang masajakaken panggalih, mboten amamahonni, angawon-awon, kula pitados: panggalihannipun para linangkung punika makaten,

Wasollallohu ngalasayyidina wamaolana muhammadin wangala alihi wasohbihi ajmangin amin: amin: amin yarobbal ngalamin.

Washallallahu ala sayidina wa maulana Muhammad wa ala alihi wasohbihi ajmaina amn amin amin ya rabbal alamina, jarwanipun : mugi-mugi Gusthi Alloh aparing indhakking kanugrahan dating gusti pupundhén kita Kangjeng Nbi Muhammad sollallohu ngalaihi wasallam sapara Santana, tuwin samitra karuhipun sadaya. Dhuh mugi anyembadannana Gusthi ingkang mangéranni ing ngalam sakalir.

Titi ing Semarang, kaping: 15 Januwari 1925

Déning:
Mas Karta Subrata
Inggih
Ngabdullah bin Muhammad Syajad.

Pénget:

Seréhning ing kitab: Zubad Jawi, punika kathah seserattannipun ingkang déréng kalimrah ing serat serat Jawi aksara Jawi sanéssipun inggih punika ingkang gegepokkan kaliyan tembung Ngarob ing riki aneteppi ugerran ingkang sampun kapratélakaken ing kitab: carakan Jawi: Ngarob ingkang ingkang sampun kawuningan ing para kathah, jer pamaossipun tembung Ngarob bilih mboten patitis mboten sokh langkung malih bilih maos Kuran bilih mboten patitis kharom, milaha murih patitissing kecappipun dados inggih kedah anirokaken ing satunggalling aksaranipun asarana kawewahan aksarékan makaten :
…………….
…………….
…………….
…………….

Sasampunnipun ati rumaketen suprandossipun taksih kedah angéngetti watekké cappipun aksara Jawi. Ing Ngarob ingkang swaranipun jejegna [3] mung wolu kadosta : ……………….. sanéssipun sadaya swaranipun rêbah. Makaten punika ajeg ing wanda menga tuwin sigeg sami kémawon ingkang jejeg lulus jejeg ingkang rêbah inggih mboten éwah. Béda watekkipun aksara Jawi ing kecappipun tansah éwah-éwah kémawon mboten kedah ing wanda menga: sigeg sanajan menga kaliyan menga, upami: raja, ratu, tuwin sigeg sami sigeg kadosta: bathuk-bathukké sapanunggillannipun, awit déning sapunika, dados ing tembung Ngarob: ………. Serattannipun Jawi kedah: rosul mboten: rasul, …….. kedah: tholak mboten talak ……. Kedah: khail (kawaos sawanda) mboten: él utawi: kél, ……….. kedah: taobah, (kalih wanda) mboten: tobah, utawi: toba[4]t, sapanunggallannipun, langkung malih Muhammad kedah: Mukhammad Sollallohu ngalaihi wasallam mboten: Muhamat utawi: Mukamad,

Wasana bilih pénget punika sampun kasumerêppan lerês saéstu mboten wonten pakéweddipun anyeratti tembung Ngarob aksara Jawi, ingkang waossannipun ugi patitis kados bilih kaserat ing aksara Ngarob, samanten punika kedah mangretos ing sakalih-kalihipun waossan Jawi, waossan Ngarob,

Ingkang punika, mugi andadossaken ing pamirsanipun para sadhérék ingkang sami anupiksani.

Wassalam,

Fakir Ilalloh:
Karta Subrata,

@@@

KITAB ZUBAD JAWI

[1]Bismillahirrahmanirrahim

  1. Sagung puji mring Gusthi kang darbé jalal tur kang nindakkaken prakara kharom khalal,
  2. Nuli rokhmatillah tuwin salammira, mring Jeng Nabi kang pinilih tan lyannira.
  3.  Mukhammad kang tuduh dalan kang minulya, saking sasarring klakuwanné kawula. 3. a.     Lan mring luwih utamané kang pra mitra, karuh Nabi lén ing para santanannya.
  4. Wussé iku Zubad nganggo dén dhéndhongké, winuwuhan dadi séwu larikkanné. 4. a.     Malah luwih tan sinebut punjullanné, satemenné : séwu satus siji treppé.
  5. [2]Mrih gampangngé ingapalken déning bocah, tur munfangat mring kang padha ulah genah.
  6. Cukup klawan taofikillah kang ngreténni, yén rinetén sartané dén lalakonni.
  7. Tandangngana: nadyan sapra puluhanné, yékti metu nurré ngilmu sing petengngé.
  8. Lah wong ngalim kang tan ngamalken ngilmuné, winasésa sadurung wong kang mumulé.
  9. Saben wong kang ngamal nora klawan ngilmu, sakyéh ngamallé tinulak nora payu.
  10. Ingarêp paring ikhlassé Hyang kang murah, dimén ikhlas ngeculké sakéhé susah.

II. KAWITTANNING KAWRUH

  1. Kawit-kawittanné wijibbing manusa, idhep marang Pangéran klawan anyata.
  2. Ngucap syahadad loro winilang-wilang, dadi sohéh iman marang wong kang kongang.
  3. [3]Yén benerké atiné sartané ngamal iman ana kalané nunusan kamal,
  4. Lah arahen iman mumundhak-mundhakka, déné beningnging ati anyar-anyarna.
  5. Klawan ngakéh-akéhna solat lan thongat atinggalla ing nafsu saka ing sahwat,
  6. Sahwatting napsu sartané kanthi dosa, iku majibbaké ing atossé nala.
  7. Satemenné doh ing atiné manusa, mring Pangéran kang asih: ati kang bongka.
  8. Lan sakéhé ngamal nora bisa buntas kajabané akanthi niyyat kang ikhlas,
  9. Marma ngarah aseja sadurung ngamal barêngna niyyatmu myang awwallé ngamal,
  10. Lamun lulus niyyat kongsi pungkassanné, nemu ganjarran sampurna akhrotté.
  11. [4]Niyyat ucap sartané ngamal sulaya, myang klakuwan Jeng Nabi: nora sampurna.
  12. Wong kang tan wruh ing warah iki takonna, mring wong kang wus ngreti sanadyan adoha.
  13. Wong kang thongat mangan harom nora gigu, papadhané adeg saka ngombak banyu.
  14. Tetepna tep ing atimu kang santosa, sakéh ngalam anyar: mauné tan ana.
  15. Allah kang adamel ana tanpa silla, lamun ora yekti salawas tan ana.
  16. Iya Allah kang ngarsakaké anané, norana kang madhani Panjenengnganné.
  17. Kawasané Allah mring sakéh kang kena, waskithané mengkuhana: ora ana.
  18. Mung pribadi dénta nitahken lan ngener, Maha Agung adoh saking mémba mémper.
  19. [5]Gesang: karsa: kawasa tur wicaksana, Allah langgeng: miyarsa myang angandika.
  20. Ngandikanékaya sifatté kang kodim tan ngayarké kang rinungu Nabi Kali-m,
  21. Tinulis ing dluwang ngucap klawan lathi, winaca kaya dén afadhken ing ati.
  22. Ngutus Gusthi ing rusul klawan mungjizat kang katon mring makhluk nora bisa télat,
  23. Nar tamtokken Gusthi mring Nabi Mukhammad, nora tinemu Nabi bau Muhammad,
  24. Ngluwihaké Gusthi saka ing kabéhé, yéku safangatté lan ing kinasihé.
  25. Bau Nabi kang Aflol sidina Bakar, sambung kapindhoné sayyidina Ngumar.
  26. Nuli Sayyidina Ngusman kapat Ngali lan nem kariné: pra ahli badri.
  27. [6]Kya Safingiy lan Ki Malik Khanafiyyi, Kyai Akhmaddin Khambal lan Ki Sufyani.
  28. Lan lya lyané sapanunggallanné immah, kang tuh pituduh: sulayané rokhmah.
  29. Gya pra wali karomatté béda-béda, nora tutug mring anak kang séjé bapa.
  30. Nora wenang lyané kapir kang saweca, metu kita saking papréntahan raja.
  31. Laku lakuné pra sokhbah kita meneng, ganjarranné pra ijtihad kita seneng.
  32. Farlu marang marang manusa ngadegken rathu, dudu wajib mring Allah adeggé rathu.
  33. Ngaganjar marang wong kang bekti murahé Hyang, niksa wong kang sakarsané ngadillé Hyang.
  34. Ngapura sakarsa liyané wong sirik lulussé néng nraka: kita nora mbalik,
  35. [7]Wenang Gusthi masésa mring wong kang bekti, ngaganjar mring wong kang ngasi-tanna ngalangngi.
  36. mankitab zubadh wenang maring lara marang bocah, niayané Gusthi Mukhal tan kasrambah.
  37. Paring rizki ing sakarsa: nora éram dé rizki munfangatti sanajan kharam,
  38. Ngudanénni mring wong kang mati angandel nora baé cilaka wong mati ngandel,
  39. Tansah baé rilané Sidina Bakar, ing sabarang ngindallahé dadi kodar.
  40. Satuhuné cilaka wus azal mula, mangkonuga begja iya kuna mula.
  41. Wongtan mati sadurung tékké ngumurré, dé nyawané lulus wutuh salawassé.
  42. Jisim bosok mung rongkong kang nora milu, sahid Nabi: uga mangkono tan milu.
  43. [8]Déné nyawa mungguh dhawuhé Jeng Nabi, kita kudu meneng ora kena muni.   
  44. Ngilmu iku ngungkulli sakéhé ngamal ngilmu tuduhken ing becik lan ing Aflal,
  45. Gatiné ngilmu wruhi sifatté Gusthi, lan ngawruhi sabarang kang pinarsudi.
  46. Yéku dinul islam salawassannéya, lir susuci lan solah tanapi pwasa.
  47. Lan dol tinuku mring wong kang duwé seja, uga tumrap sakéhé khukummé karya.
  48. Lén ngawruhi lalara pangrusak ati, kaya kaju: gumedhé tanapi drengki.
  49. Lyanné kang wus tinutur iki kukummé, fardhu kifayah mring manusa tibané.
  50. Sabarang kang gati sejakna oléhé, klawan yén ta winilang sakéh kang gawé.
  51. [9]Kalakon agawé becik negah ala, nadyan nyana ing orané nglabettana.
  52. Sakéh khukum syarngill….i pitung warna, fardhu; sunnah, kharommé warna katiga.
  53. Kapat makruh kalima tumiba wenang, kanem bathil pungkassan sokhihé numpang.
  54. Jeneng fadhu gawéné oléh ganjarran tinggallé ing fardhu oléhé: ajarran,
  55. Klebu fardhu ingaran  fardhu kifayah, lir anjawab salam saka ing jamangah.
  56. Jeneng sunnah ginanjar wong kang agawé, nora siniksa sakéh kang ora gawé.
  57. Klebu sunnah ingaran sunnah kifayah, kaya ngawitti salam saking jamangah.
  58. Déné kharom ginanjar wong kang atinggal lan siniksa wong kang nempuh mancal-mancal,
  59. [10]Wong kang nerak ing makruh nora siniksa, lamun nyegah karanalloh léh nugraha.
  60. Lan tinamtu barang wenang nora béda, gawé; mora gawé ya tanna bédannya.
  61. Nanging kala mangan niyyat kuwat thongat oléh ganjarran wong iku dénnya niyyat,
  62. Wasana sokhikhé sakéh ing ngibadah, kudu cocog pethuk ing khukummé Allah.
  63. Lah prakara dol tinuku sapadhané, nut labetté bau ayon ing teteppé.
  64. Yata bathol lan sokhikhi iku walikké, iya bathil sepiné rukun syaroththé.
  65. Mengko anjabakna barang kang tinemu, lir tayammum bauné: anemu banyu.
  66. Mangkonuga  sepiné kaya kahanan yéku diyah sing waris kang pinaténnan,

III. PRAKARA SUSUCI

  • [11]Pancénné sokh asusuci banyu murni, yéku nora mustangmal nora ngemorri.
  • Barang suci kang kongsi banget owahé, angilangken nama banyu sawecané.
  • Owah rasa: ambu tanapi warnané, sedheng banyu tan butuh mring mau kaé.
  • Kajaba yén owah sabab tossé kayu, godhong: ganggeng atanapi sabab lebu.
  • Béda banyu kenang najis iku béda, banyu cilik owah ora: tetep padha.
  • Najis bathang kang getihé ora mili, lang kang nora katon mata tan nglabetti.
  • Banyu gedhé: rong kulah sapandhuwurré, najis nora nglabetti: jaba owahé.

83. a. [12]Rong kulah katén kang bongsa tanah romli, wolung puluh cepak punjullé sakati.

  • Lah rong kulah kang bangsa katéndim syiki, tutug kongsi satus luwih wolung kati.
  • Najis ngowahken ing banyu wus tétéla, banyu panassing srengéngé tan ngapaha.
  • Lamun ilang owahé kalawan dhéwé, suci: banyu: bédak lawan zafaronné.
  • Sabenbanyu mustangmal kanggo nucénni, ing prakara farlu yekti nora suci.

IV. PRAKARA NAJA-SA-T (Jasat)

  • Saben cecéwérran ingkang angendemmi, asu: céléng: kirik genjikké lan babi.
  • Manéh bathang: balung lan wuluné pisan béda kang sembaléhan tannapi isan,
  • [13]Wuwutahan getih: lan sing dalan loro, amung mani kang metu nora mangkono.
  • Pépérangan kang urip lamun pinisah, kaya bathang: ora wuluné makkulah.
  • Wulu: elar: idu tanapi kringetté, kasturiné dalasan pisan wadhahé.
  • Dadi suci maléhé arak ing cekak, maléh dhéwé nadyan mundhuk kongsi kebak,
  • Lulang bathang liyané céléng lan babi, lawan asu yén sinamak dadi suci.
  • Kanajissanné céléng padha lan asu, tinuruh ping pitu kinanthénnan lebu.
  • Liyanéku cukup tinuruh sapisan, déné kang ping teluné mrih kautaman,
  • Najis khukmi cukup binlébérran banyu, najis ngabani: dzat sifatté kudu lalu.
  • [14]Uyuh bayi lanang kang mungan puhan binlébérran banyu geng gon lang kanggonnan,
  • Banyu tuturuhan khukummé panggonnan kala nora owah kalané pisahan,
  • Ingapura sithikké getih lan nanah, sing mamala: kukul plenthing kang wus lumarah.

V. PRAKARA WADHAH-WADHAH

  1. Wenang nganggo wadhah suci kayu: gelas lan lyané: aja nganggo slake: emas,
  2. Luthik celak mas salaka ora kena, kanggo wadon prayoga nganggo sosotya.
  3. Tambal sopak mas saloka nora kena, lamun gedhé angiran kinarya rêngga.
  4. Kena sepinéro: ijén nésih cegah, [15]ing sidané kena madhani kang pecah.
  5. Dén sunnatken anutuppi sakéh wadhah, nadyan kayu tinumpangken dhuwur wadhah.
  6. Dén prayitna sarupaning suci: jembar, nadyan marang wong picak kang bisa bener.
  7. Ora pucukking lebennan uyuh: bathang, mawar: arak puhan unta kang pinantang.

VI. PRAKARA ASSIWAK

  1. Sunnah: ora wong kang pwasa bangda lingsir, dén bangetké wong kang tangi wise nglilir.
  2. Gonad ala ing cangkem lan krana solah, tangan tengen kayu arok iku aulah.
  3. Sunnah cecelakkan ganjil mongsa kala, alelengan tanapi kethok kanaka.
  4. Mbubut wulu kélék brengos ginuntingngan [16]nyukur ngisor: wajib bocah lanang khitan,
  5. Kang wus balig kang nutupi ndhas planangan wadon pucuk dén makruhaken kuncungan,
  6. Manéh angulappi pinggirranning rawis, pinggir jénggot tanapi pinggirran alis,
  7. Nyukur rambutté wadon kaya anulak pawéhing wong lenga wangi minyak minyak,
  8. Sayuk kharommé mring lanang lan wanita, angirêng ing rambut nora mangun yuda.

VII. PRAKARA WUDLUK

  1. Wajib wudluk metuné sing ngarêp mburi, lyanné mani kang majibken agedussi.
  2. Lan ilangngé ngakol ora turu sila, ingkang tetep lan gepokké éstri priya.
  3. Makhrom ora: ling aling anulak rusak [17]ndemék ferji manusa kalawan tapak,
  4. Lan dén pilih mangan daging unta bathol manéh temenné nyata suci lan bathol,
  5. Kala samar gocékkanna walikkanné, ing lakinné: dhisikké tan kawruhanné.
  6. Métta walikanné sadurung yakinné, yén tan kinawruhan sih tetep wuluné.
  7. Farluniyyah masuh tangan karo pisan dalasan sikutté pisan,
  8. Ngusap sirah sawatara masuh sikil, dalah polok karoné tartibbé kinthil,
  9. Sarot lima kapisan suci banyuné, wongngé islam lan pinter ing sanyatané.
  10. Tanpa na kang nyegah tumekané banyu, mring sakéhé kulit kulit kang winulu.
  11. Wuwuh manjing waktu solah wong bésér, [18]rofingi: milang ilangngé najis bésér.
  12. Sunnah siwak nuli angucap bismillah, mangsuh tangan sadurung mlebu ing wadhah.
  13. Kemu kemu: ngiseb banyu ngirung methuk ngrata sirah kinawittan saking bathuk,
  14. Ngusap kuping njaba: njero sakaroné, bolongnganné uga binanyu liyané.
  15. Nyenyelani sakéh driji tangan loro, jénggot ketel lan driji sikillé karo.
  16. Sampurnakna telu telu nyata nyata, tengen kiwa: tangan sikil tan lyannira.
  17. Nglulusna ing niyyah tekan pungkasanné, ngosokki anggota lanal nunuliné.
  18. Cukuppan kanggo wudluk banyu samudu, kanggo adus sasong tlobéhé umilu.
  19. [19]Wong kang junub sunnah wudluk krana turu, krana ngombé lan krana ngamballi mau.
  20. Mangkonuga nganyarké wudluk yén solah, farlu tuwin mutlak atanapi sunnah.
  21. Rong rokangat krana wudluk lan dungané, ing bangdané wudluk sabarang waktuné.
  22. Pranatané madheppa kiblah: sakira, nyipratti banyuné wudluk andhodhokka.
  23. Kawit masuh tangan lan pék épék karo, pungkassan sakéhé driji sikil loro.
  24. Makruhé wudluk zngbréh ebréh banyu, nadyan nyawuk saka ing sagara telu.
  25. Utawa: ndhisikken kiwa tengen kari, tuwin ngluwihi telu klawan yakini.

VIII. PRAKARA NGUSAP MUZAH

  1. Minurahken wulak mring wong kang néng omah, [20]sahari: lan tri hari mring wong kang késah.
  2. Kang winenang solah kosor: sangwenginé, telu mau kawit miwitté khadassé.
  3. Lamun kisruh tutuggé mongsa: masuha, sarotté nganggo: wise suci sampurna.
  4. Tur muzahé kuwat kanggo mrana mrana, lan nutuppi sikil sapolok karonnya.
  5. Fardluné ngusap ing dhuwur sawatara, sunnah ngusap ngisorré lan tungkakkira.
  6. Lan orané maratani sakabéhé, makruh masuh lan lan ngusap ngambal amballé.
  7. Kang mbatalken pocok lan entékking mongsa, manéh kang majibbaken ing adussira.

IX. PRAKARA CÉWOK

  1. Kékétéssé farji majibbaken céwok [21]sunnah pépér watu sinusullan céwok,
  2. Nyukuppi banyu tanapi séla tiga, kang bisa ngresikaké: sunnah ganjilla.
  3. Nadyan watu siji kang pojokké telu,
  4. Sorotté nora aking  najis kang metu, nora ngalih: najis liya tan tinemu.
  5. Sunnah sajronning jamban madhep kiblah, tan ngungkurken  kharom yén ana ing sawah.
  6. Ywa néng banyu mambek paniyuppé angin sor wit kang who lan léngyéng tela ing sabin,
  7. Nggon iyubban dalan dalan angadoha ywa anggawa ismalloh lan utusannya.
  8. Yén kelalén angegemma tangannira, anyuwunna pangreksa: ndhisikna kiwa.
  9. Metu tengen dhisik nyuwunna pangapura, [22]lan maturra: nuwun ilangngé lalara.
  10. Metekken sikil kiwa: jarit cinincing, saka sithik meneng: nganggowa ling aling.
  11. Karén uyuh dén tuntasna karo aja, céwok ing gondhodhokkira atotoya.
  12. Kanggo pépér kudu atos suci lawan dudu wuyuh: ora pangannan wowohan.

X. PRAKARA ADUS

  1. Majibbaké ing adus mani kang metu, mati: lawan lumebuné khasafatu.
  2. Jroning farji nadyan mayyit tan mbalénni, mampetté haid lan nifas metuné bayi.
  3. Kinawruhan mani déning nglermetuné, gonda mayang kurma: roti don adonné.
  4. [23]Wong kang kisruh nitik mani lawan madyi, sinakarêp kena milih salah siji.
  5. Fadlu adus mratani awak sakojur, rambut kulit kuku lan lambéné dubur.
  6. Niyyah kudu binarêngngaken kawitté, adussé haid lan junub sapapadhané.
  7. Sorot ngilangken najis kinawruhan saliyané lir wudluk away kalépyan,
  8. Sunnah ngucap: bismillah rêged nuli wudluk sikil winasuhan pisan,
  9. Lamun niyyah fardlu: sunnah oléh karo, tuwin saben sapadhané: ya mangkono.
  10. Ing sunnatté adus niyyah khadas gedhé, sepi khadas cilik yén ya: walikanné.
  11. Prayitna: ing rambut lan lelekikkan ping teluné: kawit tengen lan kosokkan,
  12. [24]Labetté khail dén misik lan nuli-nuli.
  13. Béda loro: waras édan manjing islam, grahana lan istikok sarta rêp ikhram,
  14. Malbu makkah: wukuf ana ing ngarofah, mbalang jumroh lan nginep ing muszdalifah.
  15. Adussé wong ngedussi mayyit gathuk, karo wong kang mring padusan lantas cundhuk,
  16. Adus ing padussan wenang mring wong priya, sarta nganggo telessan ngerêmken mata.
  17. Makruh malebuné wadon kang tan nifas,
  18. Sadurungngé malebu wéha bayarran, nora wenang nganggo banyu bréhan,

XI. [25]PRAKARA TAYAMMUM

  1. Dén wenangken tayammum mring sakaroné, wong kang khadas cilik atanapi gedhé.
  2. Syarot kudu wedi nganggoné ing banyu, wong kang kasepén ing banyu lawan lebu.
  3. Sedheng manjing waktu lan wus takon banyu, wong kang kesepén ing banyu lawan lebu.
  4. Nadyan bledug wedhi: mustangmal tan kena, némpél ing anggota utawa pisaha.
  5. Farlu tayammum ngalihken lebu: pama, sing rahi ring tangan sabalikké kena.
  6. Nedya lebu lan niyyaha menangngaké, ing farluné solah banjur ngusappaké.
  7. Ing rail an tangan karo sasikutté, tartib nora  ing enggon dhukul rambutté.
  8. Sunnah ngrenggangke driji maca blimillah, [26]dhisik tengen anyelani nora pisah.
  9. Mocot ali-ali ketabban kapisan kapindhoné pamocotté kawajibban,
  10. Pranatané angadhep ing kiblati, makruh nganggo lebu kéh tan dugi-dugi.
  11. Kharom tayamum nganggo lebuné masjid lan kang nyegah sarong ing liyané masjid,
  12. Kang mbatholké sakéh kang mbatholké wudluk wuwuh nyipta ana banyu cedhak ing tuk,
  13. Mangkonéku sadurung nglakonni solah, yén wis sajro wajib ing ngadahé solah.
  14. Yogya ambatholna solah dimén bisa, wudluk kadi solahira tan kuciwa.
  15. Murtad bathol solatté: nora wudluné, nganyarna: tayamum ing saben farluné.
  16. Ngusap tambal ing banyu gya tayammumma, [27] tan mbalénni solah yén bener séléhnya.
  17. Nanging tambal kang néng anggota tayammum wudluné tayammummé ing kono manglum,
  18. Wong kang junub sinakarêp sakarsanya, dhisikké wudlu tayammum nora béda.
  19. Wong kang khadas yogya tayammumma kala, amasuh ing mamala gya sampurnakna.
  20. Bangdané yén karêp ing fardlu solatta, yén tan khadas solatté atayammumma.
  21. Wong kang khadas lanjunub kasebut nginggil ambalénni ngreksa tartib ujarré kil,
  22. Lah wong kang kasepén banyu lawan lebu, asolatta: mbalénni mangsané nemu.
  23. Ing salah sawiji banyu tuwin lebu, mrih suwakké ing sakéh kadla:né fardlu.

XII. [28]PRAKARA HAID (ANGGARAPSARI)

  1. Kongangngé haid sangang tahun sathithikké, sadina sawengi tan kena kurangngé.
  2. Kékéhé: limalas dina lan lumrahé, nem tanapi pitung dina cecedhakké.
  3. Sathithikké nifas pan naming sadhéla, notog swidak lumrah patang puluh dina.
  4. Lamun luwih sing notog sawidak dina, lulussé rah mustahalotun rannira.
  5. Nora kena inganggerran kéhé suci, mung sithikké tinamtu satengah sasi.
  6. Sithik sithikké meteng iku nem sasi, notog notoggé pat tahun wus jinanji.
  7. Saprateluning tahunné toggé rupa, lumrah sampurnané meteng sangan condra.
  8. Sabab khadas kharom solah lan tho[29]waffé, tuwin kharom nggawa Kuran lan nggepokké.
  9. Junub wuwuh kharom maca Kuran nedya, ngunder masjid haid nifas wuwuh kharomnya.
  10. Guyon nggepok sor wudel ndhuwur dhengkullé, kenané yén wis adus ing sakaroné.
  11. Kena mrih liruné adus sakaroné, wuwuh manéh anglakonni puwasané.
  12. Lan pinegat uga kharom sakaroné, kenané yén wus padha mampet getihé.

XIII. PRAKARA SOLAH

  1. Mangkya solah: farlu mring wong kang pinredi, haid lannifas karoné kudu ngedohi.
  2. [30]Nuli wajib pamong mring kang dén wengkonni, akon solah kawit ngumur pitung warsi.
  3. Kena nggitik yén wus ngumurring sadasa, diwasané tan mbalénni solattira.
  4. Tan ngudur ngakirken solah jaba lépya, turu lan jamantakkir tuwin pineksa.
  5. Waktu dhuhur wit lingsir praptaning mongsa, wuwuh ing wayangngan barang saupama.
  6. Nuli nyandhak waktu ngasor kang nyandhingngi, pinilih wayangngan  rokang  ngpamani.
  7. Wenang kongsi surup surya yén solatta, gya manjing waktu magrib wussé mangkana.
  8. Lulus manut panemu dhisik kang terang, kongsi sisa sirnanira mega kanga bang.
  9. Gya nyandhak waktu ngisak praptaning fajar, mega malang wétan katon mayar-mayar.
  10. [31]Lan pinilih pra teluning wengi: wenang, tekan pecungullé fajar sodik wenang.
  11. Nyandhak subuh pinilih praptaning padhang, wenang lulus kongsi mundhak padhang-padhang.
  12. Sunnah acancingngan solah awwal waktu, sedheng kono kéh sabab kang dadi tuju.
  13. Sunnah manéh mrih adhem agawé dhuhur, dé bangetting benter praja benter luhur.
  14. Krana amrih jamangah ing nggon tekané, maring masjiddé ning doh: béda jumngahé.
  15. Solah kang tanpa sabab dhisik cinegah, bangda solah subuh jaba surya mungguh.
  16. Lan bangdané solah ngasor kongsi surup, atanapi kala surya lagi mungup,
  17. Ing tengangé kajaba yén dina jumngah, jaba lingsir: lan ngayom surya digenah.
  18. [32]Déné lamun mawa sabab kang ndhisikki, lire nadzar lan bobor tan dén kharommi.
  19. Manéh rong rokangat thowaf lan thahiyyah, sukur: kusuf tanapi solah janajrih.
  20. Lan ing makkah: ora yén sabab yun ikhram tan dén makruh anan solah ing jro khammam,
  21. Ing nggon cucul enggon unta: pakuburran kang tan dhinudhuk ing dalan ing jagallan,
  22. Sartané sokh kang angampet uyuh entut sandhing pangan asolah atiné kényut,
  23. Solah kang dén sunnatken badaro: kusuf mangkonu ga al-istisko ilankusuf,
  24. Witrun sarokangat sawelas notoggé, wise solah ngisak tumeka fajarré.
  25. Rong rokangat koblassubakhi lan dzuhuri, bangda dzuhur, maghrib tanapi ngisa-i.
  26. [33]Manéh rong rokangat sadurung dzuhurré, dadi papat kaya sadurung ngasorré.
  27. Tandya tarowihu sunnah: dén gawéya, nuli dluhka wolung rokangat tamanya.
  28. Sorsorré rong rokangat unggahé surya, lulus kongsi nengah-nengahé baskara.
  29. Solah sunnah ingsir wengi luwih gati, sayuk solah sunnah tahyatul masjidi.
  30. Rong rokangat sasalam pan nora luwih, katut dning solah: fardlu sunnah malih.
  31. Ora déning sarokangat lan janazah, tuwin sujud sukur tanapi tilawah.
  32. Ambal-ambal sabab karêppé lumebu, rong rokangat sawessé srengéngé mlebu.
  33. Bobor solah sunnah kang dén waktu-waktu, sunnah kala….: ora kang sababbé mengku.
  34. [34]Gagén urut angoloni ing bobarran, lueih manéh mring wong kang nora ijirran,
  35. Wenang ngakhirraké dhisik sih dadakkan, nora wenang ndhisikaké muakkhoran,
  36. Metu prakara loro ababarêngngan, sabab tutug  barang kang winaktu sarngan,
  37. Nuli wenang solah sunnah karo linggih, tanpa ngudzur: saparoléhé tan luwih.
  38. Sakéh rukun solahi ngétung telulas, niyyah: gawé fardlu tangyinné angiras,
  39. Déné kang darbé sabab winaktu-waktu, wajib nedya gawé tangyinné umilu.
  40. Kaya witrin déné solah muthlak mangkya, kono cukup niyyah agawé kéwala.
  41. Tanpa séndhén mring kang kagungngan fadlilah, [35] wilangnganning rokangat madheppé kiblah.
  42. Pindha ngadeg mring wong kang bisa ngadegga, telu takbirotil ikhrom nora liya.
  43. Nadyan tinamtu takbir saking carukkan kudu niyyah lan takbirra ababarêngngan,
  44. Mungguh kang pinilih ing imam nawawi, lan Gozali prakaréku anyukuppi.
  45. Klawan yén ta atiné wong kang nglakonni, solah madhep ing niyyatté nora lali.
  46. Lah yén ora bisa ngadeg jejeg kena, karombengkuk yén ora: iya linggiha.
  47. Sabisané: meksa nora bisa: kena, turon miring lambung tengen kang utama.
  48. Misih nora bisa kena lumah-lumah.
  49. Yén tan bisa nganggowa tlapukkan mata, [36] ora nglakokna rukun sajroning nala.
  50. Tinggal solah tan wenang: yén sih budiné, bau apes yén bisa kala ginawé.
  51. Wong kang nusul rokangat tanpa Fatikhah, sakéh huruf tasdid fatikhah dadi genah.
  52. Yén liniru kharof fatikhah tan dadi, wajib tartib wacanné yén nuli-nuli.
  53. Pedhot fatikhah sabab meneng kang suwé, lén sadhéla nedya medhot dadi gawé.
  54. Ora: sabab sujud sajadahé makmum Amin dungak wacanné imammé makmum,
  55. Nuli pitung ayat runtut lwih utama, tinimbang kang balenjattan nora rata.
  56. Gya dzikir kang tan  kurang saka khuruffé, fatikhah: tan dya meneng ing samurwatté.
  57. [37]Mbanjur rukuk nyandhak dengkul gya ingtidal yéku bali ngadeggira saking asal.
  58. Anyandhak kapitu sujud rong sujuddan anyéléhken bathukké tan katutuppan,
  59. Gya lungguh amisah ing sujud karoné, kanthi tumakninah anteng sakabéhé.
  60. Nuli linggih maca tasahhud akhirré, kono maca solawatting utussanné.
  61. Rampung bab jur uluk salam kang kapisan nuli tartib tumiba rukun pungkassan,
  62. Gyantya sunnah abngallé solah I ngaran ahyat awwal lungguh solawatté pisan,
  63. Ngalan nabi waalihi munggéng akhir, nulya kunut lan ageggé nora cicir.
  64. Ing adeggé subuh rokangat pindhoné, lan ing witir bangda nisfu puwasané.
  65. [38]Sunnah solah sadurungngé iku adzan lan ikomah nadyan anéng pasawahan,
  66. Saroththé karo tartib lan nuli-nuli, wong kang adzan kudu lanang lan mangerti.
  67. Tur kudu kang islam lan manéh sartané, kudu weruh ing waktu manjing-manjingngé.
  68. Sunnah genah ing adzan nyerokken swara, ing ikomah alon sarta gancangnganna.
  69. Manéh noléh karoné kala: khaingalah, sembadané suci lan ngadhepken kiblah.
  70. Ngadil jujur pik swarané lan taswibbé, adzan subukh tarjing tur krana Allohé.
  71. Sedheng luhur ucappé: nyembadannana, wong kang ngrungu: sanajan isih junubba.
  72. [39]Nanging wong kang ngrungu ngliruwa khaukolah, kala muadzin ngucapken ing khaingalah.
  73. Mengkon junjung tangan ro ing takbir ikhram pucuk jempol ro lan godhoh lir ginendam,
  74. Lan kabuka sarta driji karênggangna, witté njunjung iya witté takbirrira.
  75. Mangkonu garukunglan igtidallira, séléh tangantengen numpang glangngan kiwa.
  76. Sorring dhadha ngingetké prenah sujuddan gya ngucanken iftithah sakabéh pisan,
  77. Ing saben rokangat tangawwudz alonnan amin serum yang imam mrih abarêngngan,
  78. Maca suroh seru lirih nut prenahnya, béda wadon cedhakkan angalonnena.
  79. Takbir ngalih (intikol) sakabéhira, mung igtidal : sami ngalloh sa-akbarnya.
  80. [40]Lanang rukug ambenggangken sikuttira, tunggal karo ngrata geger gulunira.
  81. Nyéléh tangan ro ing dhengkullé sawussé, kumpul rakad lohorré maring kéblatté.
  82. Dhuwurna wetengngé sing pupu loroné, sikil benggang ratakira sakilanné.
  83. Lan linggiha istirohah saben kala, arêp tangi saka rokangat ji: lunya.
  84. Maca tasbih jro rukun lan sujuddira, séléh tangan ing pupu loro takhyatnya.
  85. Mbébér sakéh driji tangan kiwanira, ngegem lyanné panuduh tangan kanannya.
  86. Lah kalané illalloh: angobahena, ing panuduh kraya taohid solattira.
  87. Nuli salam kapindhoné noléhira, niyyattana metu saking solattira.
  88. [41]Kang ngimammi niyyata wéh salam konca, kang néng kono: kabéh niyyat jawabbira.
  89. Mangkya saroth solah islam lawan pinter, kraya pitung taun lumrahé wus thenger.
  90. Mring farlu lan sunnah marang wong kang mredi, ferlu nora dadi sunnah dén aranni.
  91. Suci barang kang tan mangaf lire khobas, jarit enggon badanné tan khobas khadas,
  92. Wadon tokon anutuppi ngauttira, antarané wudel lawan dhengkullira.
  93. Mardi késtri nutuppi sakojur badan, mung rail an pék-épékké katingallan,
  94. Maning waktu kudu wruh utawa nyana, madhep kublah tan ken ra: jaba yuda.
  95. Solah sunnah lulungan nadyan cedhakka, kudu tinggal cukurran marang manusa.
  96. [42]Ing rong kharof sakharof winaca dawa, tanapi wéh rêti: ya ngguyu nangissa.
  97. Tuwin dikir: maca kuran kang mungbaé, awéh rêti tanapi tanna niyyatté.
  98. Njawab ing wong kang wahing saka pujiné, lén nyaurri ing wong kang uluk salammé.
  99. Ora: sabab watuk dhéhém kang kapeksa.
  100. Léh yén imam dhéhém kongsi nyata-nyata, kharof loro sayogya isih manutta.
  101. Dé panggawé kéh sanadyan kalalénna, pama telung idhakkan kang nulya-nulya.
  102. Lumumpat kangbanget kang mbetholken swasa, mangkonuga owahé ing niyyattira.
  103. Sunnah lanang tasbikh katekannan swara, wadon keplok gigirré pék épékkira.
  104. [43]Tinggal rukun dadi ambathoken solah, sepi saroth iya dadi nora esakh,
  105. Makruh nyilakken jarit tuwin rambutté, andengéngék ngingetti langit dhuwurré.
  106. Manéh malang kadhak tangan néng lempéngé, ngusap lebu tuwin krikil sing bathukké.
  107. Pék épék ro suméléh jro lengennanné, kala sujud tanapi takbir ihrommé.
  108. Sujud mémba kaya panucukké gagak, lungguh nglésod lir nglésoddé asumanak,
  109. Yéku bokong  tangan ro sumléh nglemah, kémpol loro ngadegken luhuirré lemah.
  110. Manéh nolah-noléh tan ana preluné, idu nengen tanapi ancer kiblatté.

XIV. PRAKARA SUJUD SAHWI

  1. [44]Sunnah sujud lorongeméhi salammé, krana klalén kang mbatholken panjaraggé.
  2. Lén tinggal sunnah abngal njarag lén lali, ngelih rukun kouli: ora yén hai ati.
  3. Saben rukun kang tininggal krana lepya, wussé iku muspra: tekan nekan nana.
  4. Papadhané: iku dadi gegentiné, nadyan klawan nedya sunnah panggawéné.
  5. Wong kang klalén gawé ta sahud awwallé, ngadeg jejeg bali dadi ing khawommé.
  6. Wong kang bodho ing mangkono tuwin lali, ora bathol yén ora iya ngabetti.
  7. Nanging makmum mangkonéku masthi bali, maring lungguh krana nut imammé dadi.
  8. [45]Déné bali sadurung jejeg adeggé, sunnah sujud sahwi yén wis méh jejeggé.
  9. Wong kanga nut tan sujud laliné dhéwé, ning laliné kang dén nut kudu manutté.
  10. Mamang pétung rokangat koblas salammé, nora kena nguyu ucap sapa baé.
  11. Nanging kudu mrih yakinné nut sithikké, sabanjurré: sujud sahwi mrih becikké.

XV. PRAKARA SOLAH JAMANGAH

  1.  Sunnah jamangah ing solahé maktubah, witir: tarowihi: ora yé jumungah.
  2. Wong kang mbalénni farluné aniyatta, ing jamangah nikodna ing sunnattira.
  3. Kéhé jamangah dén sunnatken sakira, masjid parêkké tan dadi suwungngira.
  4. [46]Utawa fasik imammé tuwin bidngah, déné jumngah aran nemu: sarokangah.
  5. Kang utama takbir ikrom katungkulla, makmum angiringngi takbir imammira.
  6. Ngudzur jumngah lan jamangah iku udan panas banget atis banget jejebloggan,
  7. Tuwin lara: ngorong: luwé sanyatané, ing karoné wuwuh ngerêk ing turuné.
  8. Sedheng jembar waktuné solah lan wuda, mamangan mentahan kang agonda ala.
  9. Yén tan ilang ing omah becik linggiha, lan nora soh nut ing wong kang wong liya.
  10. Uga marang wong kang wajib kalanira, lan wong kang angadeg wuwuh rokangatnya.
  11. Sarotté makmum wruh tandangngé imammé, tuturuttan kena wruh maring kancané.
  12. [47]Lyanné masjid makmum marêkka imammé, lan nora kaling-kalingngan hawa baé.
  13. Yén tan luwih tri atus dzira longkangngé, tan ngalingngi: kali dalan lan gumukké.
  14. Wenang imam: budhak bosah: duwé budi, lan wong fasik liyanéki lwih utami.
  15. Ora wadon kang ingenut déning priya, wong kang kisruh wacan déning kang sampurna.
  16. Ngéri tuwin andhisikki ing imammé, rukun gawé loro nuli wruh karoné.
  17. Rukun papat dawa dawa tur sampurna, krana ngudur: sakéh pangucap lir karya.
  18. Lir mamangngé makmum rêmben ing wawacanné, dhesekkan tan bisa sujud myang laliné,
  19. Dé niyyaté makmum ing kawittan wajib imam ing lyané jumngah pan ora wa[48]jib.

XVI. PRAKARA SOLAH LULUNGAN

  1. Minurahken ngringkes solah fardlu ana, kala bongsa pat jroning lungan yén nedya.
  2. Dohé kira nemblas farsak sing omahé, lungan wenang anganti ing sabaliné.
  3. Saroth niyyah sajroning takbir ikhrommé, tinggal barang kang sulaya salawassé.
  4. Wenang ngiras jamang dhuhur lan ngasorré, ing sawaktu kaya magrib lan ngisané.
  5. Lir wenangngé jamang mring wong kang tan lungan, jamang takdim krana ing anané udan,
  6. Kaya udan kala kawitté solatté, ngladeng kongsi kawit solatté sijiné.
  7. [49]Mring wong kang solah jamangah sangkané, ing panggonnan dadi sangsara lakuné.
  8. Saroth niyyah jamag ing solah ji: roné, nuli-nuli nedyan tayamun wudluné.
  9. Déné jamag takdim lan jamag takkirré, pilih-pilih endi kang mayar ngudlurré.
  10. Sabab lara: manut ing kaoul kang premati, milih iku: khamdun yahyi lan nawawi.

XVII. PRAKARA SOLAH KHOUF

  1. Warna telu: lamun ana mungsuh kita, ing lyan kiblah sunnah saponthan jagaha.
  2. Solah imam jamangah pan than liyané, ing rokangat awwal gya nyampurnakaké.
  3. Nuli genti anjaga: imam trus solah, pan than anut sanadyan solatté jumngah.
  4. [50]gya nyampurnakken kabéhé ing salammé, lah yén mungsuh prenah ancerring kiblatté.
  5. Ambariessa rong sof takbirré barêngngan imam sujud sasof miluwa barêngngan,
  6. Sasof jaga mungsuh kongsi deggé imam kono sujud dadya anusul ing imam,
  7. Ing prang ruket kono solah sabisanya, dharat nunggang ngéntrani sabisa-bisa.
  8. Gya ngaromken priya anganggo kancana, asulamman sadurran jaba yén sirna.
  9. Sutra-sutra bongsa sutra nora kena, carob luwih: jaba bocah iku kena.

XVIII. PRAKARA SOLAH JUMNGAH

  1. Rong rokangat fardlu solah mring mukmi[51]nin, kang pinredi: mardika: lanang mustauthin,
  2. Tur kang waras  saroth kudu ingadeggan jamangah wong patang puluh tan kliwattan,
  3. Klawan sifat wajib waktu kang tinamtu, lamun mbrojol lah dhzuhur wus saéstu.
  4. Salong saroth ndhisikken kuthbah loroné, wajib lungguh antara kutbah karoné.
  5. Gya rukunné ngadeg ing Alloh amuji, ing sawussé: maca slawat ing Jeng Nabi.
  6. Wekas wedi ing Alloh tuwin rêtiné, lir athingullaha ing sajro karoné.
  7. Tutup ngaouroh nuli-nuli antarané, khutbah loro: solah lan suci karoné.
  8. [52]Thumakninah antara khutbah loroné, maca ayat ing salah siji karoné.
  9. Maca dungak mukminin khutbah akirré, yogya seru dimen ngrungu sakabéhé.
  10. Sunnah jumngah adus lan ngresikki badan nyandhang putih wangen wangen aja éman,
  11. Ésukkana sing fajar lumaku jumngah, wuwuh mava kuran dzikir away wegah.
  12. Sunnah: nélingngaké khutbah dén tindakna, takhyat masjid gancangngan aywana léna.

XIX. PRAKARA SOLAH BADA LORO

  1. Dén sunnatken rong rokangat nadyan dhéwé, wit munjukké surya tumeka lingsirré.
  2. Takbir pitu: sawissé takbir ikhrommé, [53] lima: wussé takbir ngadeg kapindhoné.
  3. Takbirré jro ikhrommé lan ing adeggé, khutbah wise kaya ing khutbah jumngahé.
  4. Takbir ing khutbah kapisan kaping sanga, khutbah kapindhoné takbir kaping sapta.
  5. Sunnah sadurung solah fithir sarappan sadurung riaya nakhar cecegahan,
  6. Manéh sunnah ésuk umetu lumaku, jabakothib papaés mangénni baju.
  7. Padha takbir ing wengi bada loroné, tumeka ing takbir ikhrommé solatté.
  8. Lan ngiringngi ing solah subukh sangané, tutug wise ngasor ing patangdinané.

XX. PRAKARA SOLAH KHUSUF LAN KUSUF

  1. Rong rokangat solat grahana karoné, [54] mengku ruku ngloro lan ngadeg loroné.
  2. Sunnah ndawakkén wacan sakéh ngadeggé, lan tasbihé arukug tanapi sujuddé.
  3. Grahana rêmbulan aseru wacanné, ing grahana rêmbulan srengéngé lon-alon baé.
  4. Khutbah loro wise solah lir jumngahé, andhisikna farlu yén jembar mangsané.

XXI. PRAKARA SOLAH ISTISKOK

  1.  Dén solatta lir bada badasing réhé khakim amawohna sakéh wong kang padha dhzolim,
  2. Mardikakna gawé becik lan puwasa, telung dina nyandhak ing patang dinannya.
  3. Mrih ametu lan sor-sorna awakkira, [55] bayi suson kebo sapi lan pratuwa.
  4. Maca khutbah mungkur kiblah kaya bada, lirunen takbir ing anyuwun ngapura.

XXII. PRAKARA JANAZAH

  1. Wajib ngedussi ngulessi lan nyolatti, sabanjurré mendhem mring  wong kang wus mati.
  2. Jaba wong kang mati sahid ing paprangngan, lawan kuffar tan solah tan ingedussan,
  3. Nanging wong kang mati kérêm karubuhan lara weteng kobong kabéh sinolattan,
  4. Yata bayi kang wus kapanjingngan nyawa, matiné dén adussi lan uloessana.
  5. Kang wus cengér: ngrejet padha lan wong tuwa, sunnah nutuppi ngganjilli adussira.
  6. Cinarubban ron widara ing dhisikké, [56] mawa kapur atos yogya pungkassanné.
  7. Mayyit lanang ingungussan telung lapis, jarit omba kang padha putihé tapis,
  8. Wadon tapih makena sartané komis, atanapi jarit omba mung rong lapis,
  9. Solah mayyit niyyah takbir tan kenora, macal khamdu gya takbir pungkassannira.
  10. Wise takbir kapindho solawat nabi, ing sawussé solawat takbirré katri.
  11. Gya andungakkén ing mayyit bagdza tiga, pungkassanné takbir catur gya salamma.
  12. Wajib mendhemmé angadheppaken kiblah, sunnah linuwang landhak ing tossé lemah.
  13. Sunnah layat mring ahliné kang tininggal kongsi telung dina ing wussé tininggal,
  14. Wenang nangissi tan nganggo napuk rai, [57] nora jerit jerit anyuwek kulambi.

XXIII. PRAKARA ZAKAH

  1. Masthi zakah ya wong islam kang mardika, kang sanyata anduwénni kang sampurna.
  2. Yéku khéwan unta sapi lan wedhussé, klawan shorot satahun khaol lan dén ngonné.
  3. Manéh emas salaka lyan panganggoné, wenang nganggo sandayan dén séwakaké.
  4. Uga bondha dagangngan bathi ntukkira, klawan syarothsataun nisab sampurna.
  5. Bongsa pangan kang nguwatti tan kapeksa, kadi anggur kurma lan wetuné gaga.
  6. Klawan syaroth nisab ing kala atossé, [58] wiji: lan wus katon apik sakéh wohé.
  7. Mungguh untu sor-sorré nisobbé lima, unta lima zakatté ménda sajuga.
  8. Lulus kongsi tekan patlikurré unta, gémbél siji sataun kacang rong warsa.
  9. Unta slawé: pedhétté ing sataunné, tlung puluh nem wajib zakatté pehdétté.
  10. Kang wus tutug ngumur rong taun sampurna, patang puluh nem unta: khikkoh tetepnta.
  11. Swidak siji: jidngah kang dadi zakatté, pitung puluh nem bintulabon loroné.
  12. Sangang puluh siji: tikellé khikkohé, satus slikur untu tinemu sakatté.
  13. Bintulabon tetelu: sawussé kuwé, saben unta pat puluh bintulabonné.
  14. Saben skeet dén wajibken khikkoh siji, [59] ingapuwa lwihé sing anggerran iki.
  15. Mangkya nisob sapi telung puluh iji, ing saben samono zakat pedhét siji.
  16. Patang puluh musinnah siji zakatté, yéku pedhét kang wus ngumur rong taunné.
  17. Yata ménda ndungkap patang puluh éka, zakat cempé kang wus ngumur sataunnya.
  18. Satus slikur zakatté cempé loroné, rong atus lan siji cempé teteluné.
  19. Nuli saban wedhus satus dén pakolih, cempé siji zakatté tamtu tan luwih.
  20. Bék kacarub lir bandhané wong siji, yén nggon liwat lan nggon kumpullé sawiji.
  21. Lan bangsané: kang anggon lan nggon ngepuhé, nggon wenginé lan nggon pangombé kabéhé.
  22. [60]Mangkya nisobbé mas rong puluh miskollé, salaka rong atus dirham ing wajibbé.
  23. Karonéki zakat pra patang puluhé, ing luwihé ingitung ing sabenerré.
  24. Bondha rikaz yéku pendhemman wong buda, para lima lan kuduné sanalika.
  25. Gya nisobbé kurma: pametuné gaga, rong atussé punjul skeet lima katya.
  26. Kang lwih gring lan lyanné kang dén rêsikki, prta puluh antan mrabiyanni nyirammi.
  27. Pra rong puluh kanthi prabéya nyirammi, paron dadi: tlung prapatté pra sadési.
  28. Bondha dagangngan ing akhirré taunné, ngijir-ijir ing bathén lan kulakkanné.

XXIV. PRAKARA ZAKAT FITHROH

  1.  Sasuruppé srengéngé pungkassan pwasa [61] wajib fitroh tumeka dinané bada.
  2. Tekannana sasongnging nabi takerré, limang kati lan sapratelu punjullé.
  3. Ing bugdzad kodarré song klawan cawukkan, marêkki papat tangan roroné insane,
  4. Bongsa pangan kang nguwatti: pra puluhan, lumrah ing wong nagara kang sinucénnan,
  5. Lah wong islam kang mardika wajibban, firtoh lan mitrohi wong kang winengkonnan,
  6. Jaba kafir nora wajib finittrohan, nadyan wajib ngingonni lan winengkonnan,
  7. Ambayarri utang pangan lan wragaddé, kang tinanggung ing dina wengi badané.

XXV. PRAKARA AMBAGI SODAKOH

  1. Kéhing warnané tinemu iku wolu, [62] sakirané ngukup mring kang tan tinemu.
  2. Yéku fakir lire kang tan darbé arta, miskin anyukuppi nanging tan sampurna.
  3. Ngamil wong kang ngumpullaken sakéh zakah, gya muallaf yé kapes ngagama kang sakh,
  4. Mukatabun budhak wong kang darbé utang, wong kang amrihing utang sartané wenang.
  5. Sabillilah wong kang prang krana agama, ibnussabil lulungan duwénni sedya.
  6. Lah tetelu sithik sithikké ing warna, lyanné ngamil lan tan nyukuppi pawéhnya.
  7. Zakah marang kafir lan asifat budhak, rong bagiyan maring kang sifat rorokhak,
  8. Lan mring bani hasim muthollibi uga, lan wong luwih arta tanapi karyanya.
  9. [63]Lan wong kang wus cinukuppan kadya garwa, luwih manéh sanak sanak wengkonnira.
  10. Wong kang nglihké saking nggon wong kang duwénni, ing fitroh lan ing bondha kang dén zakatti.
  11. Nora dadi suwak ing kapreluwanné, suwak kaffaroh: wekas lawan nzarré.
  12. Sakéh sodakoh sunnah samar tandukké, utamané mring sanak lan tatanggané.
  13. Jroning waktu khajah lan sasi puwasa, ing barang kang karêp batihé tan kena.
  14. Sodakoh kang luwih karêppé ginanjar, marang wong kang kamlarattan iku sobar.

XXVI. PRAKARA PUWASA

  1.  Wajib pwasa romalon ing salah siji, prakara ro: sampurnané ing sang bani.
  2. [64]Lan wruhé wong ngadil tanggal romalonné, mring wong kang doh kurang sing solah kosorré.
  3. Wus pancénné fardlu mring kuwat nglakonni, kang islam tur pinredi sartané suci.
  4. Sarotté pwasa sunnah niyyat pwasané, saben dina sadurung lingsir srengéngé.
  5. Déné fardlu sarotté kudu niyyatti, puwasané tan keno ra mongsa bengi.
  6. Lan sepiné kang mbathollaké pwasané, suci khaildlan nifas tan pedhot islammé.
  7. Uga édan nanging yén turu suwéné, kongsi muput sadina dina pwasané.
  8. Wong kang ayan yén waras jroné sadina, nadyan mung sadhéla baé iya pwasa.
  9. Saben barang kang malbu ing guwa garba, [65] sartané sih kélingan nglakonnii pwasa.
  10. Jroning weteng utek tanapi puyuhan, atanapi dubur lan sajro talingan,
  11. Wong kang sarêsmi lan mutah jajaraggan, mrih metuné kamalan metuné pisan,
  12. Dén sunnatken buka wruh suruppé samasi, énggal buka sedheng sahur lingsir wengi.
  13. Abuka abanyu lamun sepi tamar,
  14. Makruh candhuk ngemut mut lan ngingicippi, nlepéh banyu kala buka dén sengitti.
  15. Déné siwak wise lingsir tan ngapaha, nut ing warah: kharom anggandhéngken pwasa,
  16. Sunnah pwasa ing saben dina ngarofah, jaba marang wong kang khajji men klesah.
  17. Lan nem dina sawwal kanthi nuli-nuli, [66] kasanga lan sapuluh sura utami.
  18. Luwih manéh isnain lan khomis dinané, sakéh dina putih: wenangna kang gawé.
  19. Pwasa sunnah amedhot tanpa ngodloni, karo wenang medhotté ing pwasa  fardli.
  20. Lan nora sokh puwasa dina rihaya, dina tasrik dina mamang mangkonuga.
  21. Nanging ora: yén methukki ing ngadatté, nadzar tuwin nepungken ing pwasané.
  22. Kengnang sapudhendha ngrusakken sadina, pwasa romdlon déning cumban lan dosa.
  23. Lir dhendhané wong dhihar ora wodonné, dhendha kaping déning kapingngé ngrusakké.
  24. Sabab mati: wajib déning ora pwasa, wise kongang: ya ing saben saben dina.
  25. [67] Samud pangan kang lumarahé anguwatti, amenangna mukah krana wedi mati.
  26. Uga wong kang lara lan lungan ing paran, kang nusonni tanapi drabé wetengngan,
  27. Ora pwasa déning lungkrah wak karoné, wajib kala ora wajib pidiyahé.
  28. Tinggal pwasa sangsara déning jomponé, piyah lirring ngarêp tan kala pwasané.
  29. Pidyah: kala wong kang meteng lan nusonni, yén ngwatirké pasuson lan wetengnganné.

XXVII. PRAKARA IKTIKAF

  1. Dén sunnahken  ngundher masjid pancén iya, mring wong islam ing sawussé niyattira.
  2. Sadhélaha: sunnah sadina sampurna, [68]masjid jamig sasi pwasa lwih utama.
  3. Dadi bothol ngundher nadzar nuli-nuli, sabab ismig ngepok sarta metu mani.
  4. Ora yén metu sing masjid sabab lali, tuwin krana nekani khajat insane.
  5. Uga lara kang sangsara nora lunga, tanapi khaillan adus metuné kama.
  6. Mamangan lan ngombé atanapi adzan sing muaddzin rotib lan wedi ing sulthan.

XXVIII. PRAKARA KHAJJI

  1. Fardlu khajji: lan ngumroh wajib karoné, mung sapisan ing sadawaning ngumurré.
  2. Mring sakéhé wong islam ingkang mardika, pinredi tur kuwat sartané sembada.
  3. Ing panganné ombénné lan tunggangnganné, [69]lunga teka: tan kuciwa ing awake.
  4. Klawan sharoth apik aman dadalanné, kongang liwat samongsa-mongsa waktuné.
  5. Sakéh rukunné khajji: ikhrom lan niyyah wukuf lingsir sanga besar ing ngarofah.
  6. Tandya towaf ngiderri ka’bah ping pitu.
  7. Wussé nuli ngilangngi rambut tetelu rukun ngumroh padha: mung wukuf tan milu.
  8. Suruppé dam iku tamballing wajibbé wajib khjji ikhrom saka ing mikrotté.
  9. Lan ngumpulken antara rina wenginé, ing ngarofah lan mbanglang sakéh jumrohé,
  10. Nuli nginep wina wise mujdzalifah, pungkasanné thowaf wadag ing baitullah.
  11. Sunnah dhisikké kajji ngumrohé kari, [70]wongkang ikhrom nyepékna sandhang nglimputti.
  12. Mung ngabebedlan rémong putih karoné, gya talbiyah thowaf lan sakéh dungané.
  13. Ngéjég kang telung iderran ing ngaréppé, sakariné lumaku lon-lonnan baé.
  14. Salémpangan (ilthibag) jroning jéggé, sagyi iya lumayu ing sakabéhé.
  15. Rong rokangat thowaf ing buri makommé, sesak jro khijir ismangil jro masjiddé.
  16. Lan nginep ing muzdalifah lan minané, wise saka ing ngarofah ing wukuffé.
  17. Nginep budhal fajar: masngaril kharommé, dungak tuwin rikattan jurang makhasarré.
  18. Ing mina gya mbalang jumroh ngakhobahé, kaping pitu krikil sing muzdalifahé.
  19. [71]Tandya takbir amedhot ing talbiyahé, mbeléha dyah tanapi mbeleé kurbanné.
  20. Gya cukurra lan mendhemma rambuttira, wussé iku nuli thowaf rukunnira.
  21. Wise bada: ing tasrik bangda lingsirré, ambalangnga jumroh kabéh saurutté.
  22. Klawan loro: cukur lan mbalangngé bada, atanapi thowaf khono khalallira.
  23. Kethok kuku manganggo lan ambuburu, klawan telu; kena kod cumbana papu.
  24. Gya ngombéya ing sakarêp banyu zamzam, lan thowaffa wadag ngaraha multazah,
  25. Mangkya wajib mring wong mutammatigdzamu, atanapi khajji korin sing kharomu.
  26. Dé kang kena lakon kosor puwasaha, telung dina ing sadurungngé riaya.
  27. [72]Pitung dina kala tekan ing omahé, wong kang bobor wukuf takhallul ngumrohé.
  28. Kaladamun, kajji ikhsor takhalulla, klawan niyyah lan cukur mbayar dammira.

XXIX. PRAKARA SAKÉ KANG DIKAROMMAKÉ IKHROM

  1. Dén karomken sabab ikhrom mring priya, nganggo dondomman lan nutuppi sirahnya.
  2. Pra wadon nutup tai lengan rambutté, cukur nganggo wangén lan ngethok kukuné.
  3. Gegepokkan klawan syahwah kabéh kuwé, sina karêp nyembeléh kena liyané.
  4. Yéku telung gantang kanggo nem miskinné, tanapi pwasa tri ari ngineppaké.
  5. [73]Wong kang njarak sarêsmmi rusak khajjiné, atanapi kala ing taun candhakké.
  6. Kadya khali pwasa: kaffarotté solah, pakoléhé kala lir ada kang esakh,
  7. Sokh kalané bocah lan budhak kang rêsmi, kaffarotté unta: tan bisa nésapi.
  8. Tandya ménda pipitu orané: kena, sarêgané unta orané puwasa.
  9. Ing sawilanganné muddé: manéh kharom, mring wong ikhrom lan khalal ing tanah kharom,
  10. Ngrusak buron buburon upama unta, iku tunggal kaya suwari kukila.
  11. Wedhus gibas kaya mémper macan kombang, wedhus kacang wadon pawadhané kidang. 11a.  [74]Lan ya kaya dara: samengko wedhussé, atanapi menyawak padha lan cempé.
  12. Kena pangan sarêgané tuwin pwasa, lah ing makkah tinamtu pangan lawan dam, sawilangan mud ingenut pirang dina.
  13. Lah ing makkah tinamtu pangan lawan dam, ora pwasa: yén ngakod nikah wong ikhrom,
  14. Dadi bathol nugel thuthukullan kharom, kang sih teles mbedhol ngudur nora kharom,

XXX. PRAKARA ADOL TINUKU

  1. Pancén do tinuku klawan tembung, lan wangsullan utawa amrih tinimbung.
  2. Ingkang suci: migunani tur nduwénni, bisa ngulungké kang tuku dén kawruhi.
  3. Kahananné barang sarta nggon liwatté, [75] lan murwatt ora pwasa: yén ngakod nikah wong ikhrom, ing sajroné sumayané.
  4. Saroth adol mas slake padha mas slake, pangannan padha pangannan karonira.
  5. Kudu tanggap tinanggap ing nggon tumuli, wruh padhané jinis atunggal sawiji.
  6. Wus pancénné winilang padha pinadha, kala sampurna munfangat pakoléhnya.
  7. Marang puhan lan kurma: kurma lan ruthab, dén murahken kurang sanisob lir nginab,
  8. Saroth adol wowohan utawa gaga, sadurungngé tuwa janji anegorra.
  9. Adol barang sadurungngé tinanggappan, nora dadya: kaya daging lan khalawan,
  10. Dol tinuku kena janji: sido ora, ing sadurung pipisahan karonira.
  11. Dén syarothken khiyar saliyanétempah, [76] telung dina sakurangngé kudu genah.
  12. Barang kang ingedol yén ana celané, sadurung dén tampanni kena baliné.
  13. Ing baliné barang klawan agé-agé, kaya wong kang dén tuku jroning ngiddahé.

XXXI. PRAKARA TEMPAH

  1. Saroth tempah kuduné dén lestarékké, lan tinampan bayarré jronning linggihé.
  2. Yén kang tinempahan dadi tanggulnganné, pratélakna sifat lan kira kirané.
  3. Anané kang tinempahan iku utang, sanalika sinemayan kono terang.
  4. Ning sumaya kang maglum kéh tinemuné, neteppiné dén santosakkén orané.
  5. Ora yén who saking cilikké désané, [77]kinarwan tindakkira ning anggerranné.
  6. Bongsa warna lan sakéhing katranganné, ingkang dadi mbédakkén rêga rêgané.
  7. Mung baé katerangngan kang dén anggerri, ora ingkang carob mateng déning geni.
  8. Nerangna ing sumaya nggon pambayarré, yén tan cocog ing nggon ayonné karoné.

XXXII. PRAKARA GADHÉ

  1. Wenang gedhé ing barang wenang adollé, kaya sokh khautang kang tetep janjiné.
  2. Kena njabel sadurungngé tinampannan, wong kang pinredi idinné kang rinilan,
  3. Wus pancénna nempuhi wong kang anggadhé, ndaléyané ing barang kang ingandellé.
  4. [78]Suwak rusak gadhé déning lebaranné, kaya déné ilangngé sakéh utangngé.

XXXIII. PRAKARA CEGAH

  1. Anyegaha sakéhé wong kang ngemongngi, bocah: édan tanapi dhuwit mbuwangngi.
  2. Tandang tandukké dhuwit temen bathollé, wuwuh wong kang tan darbé wang ing utangngé.
  3. Wong kang muflis kofi nyegah tandangngira, apa baé barang kang bakal dadyarta.
  4. Ora bathol dzimah lan lara ngwatirké, ing matiné ingandheg tandang dhuwitté.
  5. Agung kulli sapara telu bandhané, déning sakéh waris ing wussé matiné.
  6. Budhak kang tan ngidzinnan ing padagangngé, dén nut ken tindak arta mring mardikané.

[79] XXXIV. PRAKARA BEDHAMI

  1. Dadi wenang bedhami sarta ucappé, ing sawussé para padutan sélakké.
  2. Klawan terka sawataranning kahanan, iku awéh utawa lebar utangngan.
  3. Lyané adol tinuku tuwin nyilihi, iku omah ngengngonni apan dandanni.
  4. Ambatholken lan menangken léngkong dawa, kanggo liwat lan nyeblokken kayu kurma.
  5. Wenang metokken jang – abjang ing ndhuwurré, lurung kang terussan tan éwuh liwatté.
  6. Manéh wenangnga jokaké ing lawangngé, ngundurraké klawan idinné kancané.

XXXV. PRAKARA LIGERRAN

  1. Saroth rilanning ligerran sakaroné, [80]utang loro tunggal ing kéhé ajiné.
  2. Lulus pecahé prakara ligerranné, ing utangngé utawa dén lebarraké.

XXXVI. PRAKARA NANANGGUNG

  1. Wus pancénné sokh nanggungngé wong ngibadah, ing utang kang tetep kinawruhan genah.
  2. Anglebarké lan nagih kang darbé potang, mring kang nanggung tanapi kang darbé utang.
  3. Kenanjabel wong kang nagging ing izinné, klawan mbayar kang sinaksi panyaurré.
  4. Susullan tanggungngan marang ing sor sorré, iku mengku ing cela lan ing timbangngé.
  5. Asokh nanggung sawussé tompa bayarré, manéh asokh nanggung badandé rilané.
  6. Ing saben wong anekani tan keno ra, [81]pépérangngan kang tan lulus iku ora.
  7. Enggon kang tinanggung lamun kinawruhan, kira-kira lunga mulihé cukuppan,
  8. Lamun mati: ngilang nora katempuhan, sarta bathol saroth bondha tineteppan.

XXXVII. PRAKARA BATHON

  1. Wenang bathon mring wong kang padha nindakké, kudu tunggal dhuwit bongsa lan warnané.
  2. Mas salaka lan liyané lan carubbé, ora bédha: tanpa idin ing tindakké.
  3. Bathi: tuna dén pétungnga ing murwatté, pira kéhé dhuwitté lawan rêgané.
  4. Rusak bathon majibkvn rusakké ayon, déné mati lan ayan kaya biyanton.

[82] XXXVIII. PRAKARA SUSULIHAN

  1. Sokhé barang kang liakon ing tandangngé, klawan dhéwé kono wenang masrahaké.
  2. Wenang ing prakara  kang wus kinawruhan, ora dadi ucappé kang sinulihan.
  3. Nora wenang adol mring awake dhéwé, bocah: édan sanadyan klawan idinné.
  4. Pinitaya: pépékané: katempuhan gya pinocot uga sabab édan ayan

XXXIX. PRAKARA PANGAKU

  1. Wus pancénné sokhé déning wong pinardya, tan kapeksa sanajan sajroning lara.
  2. Manéh pinter: kala ngaku klawan arta, [83]lan sokh njabakken tetemu ring khak kita.
  3. Nora kena jinabel khakké manusa, yén khakkulloh njabellé dadi utama.
  4. Wong kang ngaku samar iku tinarima, pratélané saben ingkang dadi arta.

XL. PRAKARA NYINYILIH

  1. Sokh anyilih janji mongsa tuwin ora, ing mubarang kang munfangat nora suda.
  2. Katemuhan sawragaddé mbalékaké, ing rêgané nalika dina rusakké.
  3. Déné anak lan puhanné tan nempuhi, wong kang nyilih nora wenang anyilihi.
  4. Lamun meksa nyilihaké ing silihan, kono rusak katempuhan kang kanggonnan. 4a.  [84]Tempuh ora bali marang kang nyilihi, margo léhé nyilihké tan dén rilani.

XLI. PRAKARA ANGGE GAMPANG

  1. Wajib ambalékké nadyan pangalihé, lan muwuhi kurangngé upah padhané.
  2. Katempuhan rusakké barang padhané, padha baé dhéwékké tuwin liyané.
  3. Padha sapadhané den wenangken tempah, kebak timbang taker lir banyu ing wadhah.
  4. Ora tetemuné wong klawan sagara, kang dén rêga-rêga sakoatoggé rêga.
  5. Sing mangsané nggegampang tekan rusakké, klawan dhuwit nagara kang linumrahké.

XLII. PRAKARA NANAMBELLI

  1. Tetep kang sumrambah kadya pakarangngan, [85]kang kena dén dum lan katut pépérangngan,
  2. Ora omah kang buminé dén lettaken, iku kaya dén lih nora dén séwakken.
  3. Ngulangngaké tuwin masrahké rêgané, yén ingedol lan mas kawin sapadhané.
  4. Ning mas kawin padha tumuli tamtuné, mring pra konca sapira ing dum dummanné.

XLIII. PRAKARA NGUTANGNGI PAWITTAN DAGANG

  1. Sokh klawan izin kang duwé mring ngamillé, dadagangan kang tamtu dhuwit oléhé.
  2. Tan tinamtu tandukké barang anané, nora kaya tuku bocah saembokné.
  3. Tan namtokken kang duwé mangsané gawé, lir sataun nggantungken dadi bathollé.
  4. Kinawruhan  bathénné ing sakaroné, [86]tunané dén tambal bathi sacukuppé.
  5. Ngamil anduwénni bathén bagiyanné, rusak ayon dhuwit dadi dum dummanné.

XLIV. PRAKARA NYIRAMMI WIT-WITTAN

  1. Sokh siramman wit kurma: anggur kalané, tinamtu mangsané jro mongsa lumarhé.
  2. Pakoléh sing pametu kang kinawruhan, yéku wohé wit-wittan kang siniramman.
  3. Dadi mundhak wohé déning gumatiné, dé kang duwé rumaksa ing wit-wittanné.
  4. Gya ngeletté bumi klawan pametuné, tan linakyan iku luwih ing becikké.

XLV. PRAKARA NYÉWAKAKÉ

  1. Saroth nyéwakké lir adol tinukuné, klawan tembung wangsillan ing sakaroné.
  2. [87]Sokhé kena klawan bayar sagléthékké, atanapi kinawruhan sumayané.
  3. Ing barang kang munfangat ing sasuwéné, tur kang kongang masrahken nganggo rêgané.
  4. Yén kinira kira ing mongsa nganggoné, atanpi kinirakken ing gawéné. 4.a. Kang wus padha kinawruhan sakaroné, dé kumpullé karoné dadi bathollé.
  5. Wenang sakal lan sumaya pambayarré, yén orané neteppi: dadi sakallé.
  6. Bathol kala rusak barang kang dén séwa, ora: marga matiné kang darbé séwa. 6.a. Nanging sabab anggagampang amiliha, kena ngluluské lan kena anglebarna.
  7. Dé sarothé nyéwakké jroning sumaya, masrahna ing bayar kalané papanggya.
  8. [88]Katempuhan wong kang nyéwa tangan pinitaya.
  9. Déné bumi kang dén séwakken lan pangan, sapa dhané: sokh sanadyan sinumayan.
  10. Ora: bayar pametuné kang kinarwan, mring wong tandur lan ora warêggé mangan.

XLVI. PRAKARA ANGEBANG EBANG

  1. Sokh ngebang bang sing carukkan ing tandukké, klawan tembung wangsul lan dalah janjiné.
  2. Ambalékkén budhak minggat sapadhané, kang kinarwan pakoléhing nglakonniné.
  3. Lah rusakké sadurung rampung gawané, ingopahan déning kang akon mauné.

XLVII. PRAKARA NGURIP URIP BUMI MATI

  1. Wenang mring wong islam nguripken ing bumi, [89]kang ora darbékké islam anglabetti.
  2. Klawan barang kang ngurippi mrih arjané, béda béda khukummé klawan sejané.
  3. Kang duwénni sumur sumberran ménéhna, banyu luwih raja kaya: nora gaga.
  4. Déné mangdzin kang nyata isi jauhara, saking ora ngupakara dadi kaya.
  5. Lenga dammar: etir tuwin wlirang uga, kaya runtuhan wowohan tuwin gaga.

XLVIII. PRAKARA KHOF

  1. Sokhé wakof metu sing wong tabarungan, ing mubarang kang wenang mrih munfangattan.
  2. Lan lulussé tetep dén latarékaké, kena nganggo kang padha tunggal ahliné.
  3. [90]Pedhot tengah pedhot mburi iya dadi, mring kang luwih parêkké kang wakhof bali.
  4. Saroth barang srumambah: nora mrih ala, janji tan dén séwakken anutta madha.
  5. Lan dhisikké lan kariné iya nutta, lah nadhirré ngramékna lan nglestaréhna.
  6. Barang wakhof kagungngan Hyang Maha Mulya, mula wakhof masjid kadi wong mardika.

XLIX. PRAKARA WÉWÉH

  1. Sokhé wéwéh kala skhé dol tinuku, jaba wiji rong las iku nora payu.
  2. Klawan tembung wangsullan lir: wéwéh aku, ing iki: nuwun utawa nrima aku. 2a.  Manéh ménéhké aku ing sngumurmu, [91]lan ngalungké aku ing kowé: tinemu.
  3. Iya pancén dadi duwékké kangmap, ing sawussé nampanni pawéh ing kana.
  4. Nora kena anjabel kajaba bapa, salaginé barang sih tinemu ana.

L. PRAKARA CICIRRAN

  1. Wongkang nhopénni cicirran bumi mati, dalan dalan pasolattan lwih utami.
  2. Samonéku yén tan cidra asantosa, tan tinamtu wong kang ngopénni meruhna.
  3. Ing cicirran bongsa tanapi dawahé, murwat warna atanapi tataliné.
  4. Ngraswattana ing simpennan sapatutté, yén ngarêppi kang sithik kiranen dhéwé.
  5. Mring kang amrih: lyanné sithik ing sawarsa, [92]becik ngarêppana: mburi nempuhana.
  6. Ing tekané wong kang nduwénni cicirran, dé pangannan becik dén doll an pinangan.
  7. Gya nempuhi: lah kang kena ngupakara, kaya kurma gemedhung ngupakaraha.
  8. Nggaringngaké tinimbang adol telessé, kharom améksa kanggon kang ngwatirraké.
  9. Kharom ngepék khayawan kang nguwatirri, lah kang ora lir ménda yogya ngpénni.
  10. Amiliha ngopénni sarta makanni, karanalloh: ngutangngi idzinné kholi.
  11. Utawa dol rêksanen dhuwit payonné, kena kongga tetepna ing tetempuhé.
  12. Ora wajib misah dhuwit papayonné, dé khayawan ngarêp milih sakarêppé.

LI. PRAKARA BOCAH TEMON

  1. Wong kang ngadil ngukup bocah ngulandara, fardlu kifayah ngopénni kang mangkana.
  2. Gya panganné dhuwitté, idzinné kolhir, sepiné sek sékna utangna tumuli.
  3. Kala sepi baitul mal  tan aménéhi, mburi cukuppé: bocah kang ambayarri.

[93]LII. PRAKARA TITIPPAN

  1. Sunnah nrima titippan kala santosa, nora cidra: orané ana narima.
  2. Mring wong iku ngreksaha ing sapatutté, yéku ngandel titippan ing asollé.
  3. Tinarima sumpahé ambalékaké, ora ambalékké sawussé angassé.
  4. Wus pancénné tinempuhké pépékané, [94]nyunyuwéné masrahké ing titippanné.
  5. Klawan tanpa ngudzur kang nyata nyatané, dadi ilang sabab mati lan édanné.

LIII. PRAKARA FAROIL

  1. Kawit saking tirkah mayyit sanyatané, lir gantungngan zakah: gadhén kahananné.
  2. Wragat mulasara mayyit dén apikna, gya utangngé wewekassé tuhonnana.
  3. Saking sapratelu: waris sakariné, dumman fardlu kang kiniralén tangsibbé.
  4. Farlu nenem saparoné kang sampurna, anak wadon bintul ibni saterussé.
  5. Kadang wadon tunggal karo tunggal bapa, bojo lanang tan kalingngan bagiyannya.
  6. Déning anak nak lanang ngénak lanangngé, [95]kang saprapat bojo lanang nak karoné.
  7. Bojo wadon munggah yén suwung karoné, sdapro wolu pra wadon sanak karoné.
  8. Rong pra telu pakoléh ing saparoné, sapadhané pra wadon kang luwih kéhé.
  9. Sapra telu wong loro nakking emokné, sapandhuwur pra wadon sakéh lanangngé.
  10. Yéku mbokné mayyit kala tan kalingngan, sapratelu karén mbokné mayyit lawan.
  11. Bapa lan salah siji lanang wadonné, gya sapranem embok saanak anakké. 11a.  Lan nak lanangngé nak lanang atanapi, loro saking prakadang kadang pawéstri.
  12. Uga saking pra kadang kadang priya, lan ing siji sing nak biyungngé mayyitnya.
  13. Manéh nini sawiji lwih akéh ora, [96]kang mbangsanni lanangh ing wadon rokana.
  14. Lan sakéh anak wadonné nak lanangngé, kanthi nak wadon siji lan ing kadangngé. 14a.  Kadang wadon kang saking bapa tanapi, kadang wadon kang atunggal yayah wiji.
  15. Lan ing Bapa ing Kaki sapandhuwurré, anak myang nak lanangngé lanang medhunné.
  16. Mring luwih parêkké ngasbat wise fardlu.kang tetep yén sepi fardlu kabéh milu.
  17. Anak lanang turun lanang mangisorré, Bapa Kaki munggah lanang mandhuwurré.
  18. Lah yén ana anak Bapa Biyung: Bapa, wuwuh pratelu dummé wajib pratiga.
  19. Wit tanna farlu: utawa na unggahé, marang pra nem lan pra telunning karénné.
  20. Utawa na dum dumman tinemu fardlu, [97]yén mangkono dummé kaki luwih lemu.
  21. Gya ngedumma pakoléh mring kadang-kadang, lanang wadon wadonné saparo lanang.
  22. Kadang lanang tunggal karo: tunggal Bapa, nak lanangngé kadang tunggal ro lén Bapa.
  23. Paman nuli nak lanangngé: Bapa baé, nak lanangngé: merdikakké: ngasobahé.
  24. Gya baitilmal kono warissthe princess agents sub indo wong mati, dzawil furul ora bojo jaler éstri.
  25. Sapatutté furul nuli dlirrokhimi, kangfarlu kang  ngasobah kinarya sepi.
  26. Ngsobah ing kadang wadon sing lanangngé, kang padha: lan bintul ibnisa midhunné.
  27. Dulur wadon tantuk dumman lawan kaki, jaba tunggal bapa biyung nyampurnani.
  28. [98]Bojo lanang: biyung maris sakariné, rong pratelu kaki: ukhtin sakariné.
  29. Saben nini ingalingngan déning réna, lan kalingan dulur kandhet déning bapa.
  30. Anak lanang sapadhané anak Bapa, kabéh ing ngalingan kadang yayah réna.
  31. Anak biyung ngalingan bapa lan kaki, anak lan nak lanangngé ingkang sajati.
  32. Tan tuk waris budhak lan wong kang murtadi, wong kang maténni lir khakim kang ngukummi.
  33. Lan tan kena islam winarissan kafir, mungaidun kharbiyyun kang nyata kafir.

LIV. PRAKARA WASIYYAH, (WEKAS,)

  1. Soh wewekas klawan samar: tan anané, krana mrih kang tinutur ing sumrambahé.
  2. [99]Kang tan dado dosa: lan bakal nduwénni, ing matiné kang wekas lir kang maténni.
  3. Pancén esoh wekas wring ahli warissé, nglestarékké sakari waris mayyitté.

LV. PRAKARA NYATAKAKÉ WASIYYAH

  1. Sunnah nglestarékké wekas lan nuhonni, utangngé: lan wekas mardika pinredi.
  2. Sing pamongngé: mengkonniné ing idzinné, marang bocah lan wong édan sakaroné.
  3. Tekan ing pinredi kalawan ngadillé, lwih utama prakaréki mring biyungné.

LVI. PRAKARA ANNIKAH

  1. Sunnah wong kang karêp tur bisa mragaddi, nikah prawan kang ana matur kang tliti.
  2. [100]Wenang ing wong mardi kapapat kumpullé, batur tukon kenané mung loro bé.
  3. Pancén kena mardika mring islam budhak, krana wedi ing dadiné bandrék cedhak. 3a.  Karo déné sing tan bisa nyirkawini, mring padha mardika déning sepi joni.
  4. Lan ngaromna kowé ing priya: ndemékké, maring wadon liyané bojo budhakké.
  5. Uga kharom ngingetké kojur awake, luwih farji: mring bojo budhak makruhé.
  6. Dé makhrom lan udhak kang wus dén lakékké, kena ndeleng lyan tara wudel dhengkullé.
  7. Wong kang karêp ngrabénni becik ngingetna, rai épék-épékké dzohir bathinnya.
  8. Wenang saksi lan wong kang ngulah larine, [101]ngingetkaké rai lan enggon larine.
  9. Tuwin wong kang tuku: ndeleng sakarêppé, yén mranggulli ing wadon cegah ndelenggé.
  10. Tan sokh ngakod nikakh kajaba lan wali, kanthi saksi loroné islam sajati.
  11. Wadon kafir tan kudu wali islami, wali kudu mukallaf mardika ugi.
  12. Kudu lanang tur katon ngadil dhohirré, ora: bendarané budhak lan sulthonné.
  13. Wali wadon mardika: bapa myang kaki, gya sadulur lanang urut lir warisi.
  14. Nuli wong kang mardikakké saurutté, toggé khakim lamun fasik lan mampangngé.
  15. Kharom nembung cetha sajroning ngiddahé, uga njawab béda wong kang ngiddahaké.
  16. Wenang adu semu kang wis sokh pegatté, [102]kena laki wadon rampungnging ngiddahé.
  17. Bapa: kaki ing prawan angréh karoné, rondha wlanjar nora gampang ing pangréhé.
  18. Balik wajib idzinné wussé diwasa, kharom kadang susulan dulur pribadya.
  19. Ora kharom anak bibék saka bapa, iya uga anak uwa sakaréna.
  20. Kharom ngakod maratuwa: lan mantuné, sapa ngisor: bojo bapa samunggahé.
  21. Manéh makné bojo wadun wise wruhé, wise dukhul anakké dén kharommaké.
  22. Kharom mayuh wadon dalasan dilurré, uga bibék uwa sakaro karoné.
  23. Sabab édan budhak belang kang ngenani, [103]lanang wadon dadi ucul yén ngarêppi.
  24. Kaya buntu daging sungu ing farjiné, papadhané: pruthul peluh mring lanangngé.

LVII. PRAKARA SODAK

  1. Sunnah jroning ngakod acanthi maharré, nayan sithik kang munfangat lan samarré.
  2. Lamun ora sinebut ya sokh ngakoddé, wise: tinamtu karoné ing khukummé.
  3. Wise kumpul tuwin mati salah siji, dén wajibken mahar misil kang pinasthi.
  4. Sabab pegat saduru carêmmé priya, mung saparo mahar lir khulunga pinadha.
  5. Angedhohké wadon marang ing awake, kajaba yén wis nanggappi sir kawinné.

[104]LVIII. PRAKARA WALIMAHÉ PENGANTEN

  1. Dén sunnatken walimah wdhus sawiji, nekaniné wajib yén tanna ngudzuri.
  2. Yén ngarêpké wong kang ngundang ing nenedha, mukahe wong kang pwasa sunnah: utama.

LIX. PRAKARA GILIRRAN LAN PAMBANGKANGNGÉ WADON

  1. Wajib gilir mring bojo lwih saka siji, nadyan lara iya buntu pisan farji.
  2. Mring lyanné kang dén gilirri sanapura, lumebuné lanang wengi kasangsaya.
  3. Ing rinané katarik déning fardzuné, kaya tilik ing wadon nuju larine.
  4. Wus pancénné lanang ngundhirêp lungané, [105]mring pra wadon kawittan ing nggon anané.
  5. Oléh prawan kinawittan pitung bengi, marang rondha telung bengi nuli-nuli.
  6. Yén ngawruhi lanang ing solah wadonné, kira bakal mbangkang yogya nuturriné.
  7. Yén tan kena kudu mbangkang tininggalla, cuthak gilir cuthak blonja dén rasakna.
  8. Lamun mberung: dén gitik kaki ra yogya, lyané rail an nempuhi kang tumiba.

LX. PRAKARA KHULUNG (PAMANCAL)

  1. Sokh mring lanang kang pinredi tan kapeksa, ingulangngan arta liru kang sanyata.
  2. Déné klawan arak lan tan kinawruhan, pan ing kono majibken mahar padhan.
  3. Sabab khulung wadon duwénni awake, [106] tanpa tholak tur tan kena binalénnan.

LXI. PRAKARA THOLAK, (PEGAT)

  1. Tholak cetha iku tembung: megat aku, mocot aku tanapi amisah aku.
  2. Saben tembung pisah amengku pegattan, dé pasemon kanthi niyyah kadadiyan.
  3. Sunnah megat jronning suci tan cumbana, klawan khlung mangkonéku iya dadya.
  4. Megat wadon tan dén mathi luwas darah, meteng: bocah: nora sunnah tan bidengah.
  5. Wong mardika dén mulyakken tholak tiga, budhak mung ro dadyan wadonné mardika.
  6. Wus pancénné sokh tholak sing wong pinredi, tan kapeksa sartané nduwénni wedi.
  7. Nadyan marang wadon kang ngiddah rojngiyyah. [107] ora bain kalawan ngiwal ngitiyyah.
  8. Sokh anggantungngaké tholak klawan sipah, nanging klawan sifah mukhal nora esah.
  9. Uga njabakké ing barang kang tetemu, ora: angentekké barang kang tinemu.

LXII. PRAKARA RUJUG (AMBALÉNNI)

  1.  Tetep rujug jroning ngiddahé tholakké, tanpa liru kala sih jroning ngiddahé.
  2. Sarampungngé ngiddah kudu anganyarké, ora sampurnaning tholak inganyarké.
  3. Jaba sampurna ngiddahé nuli laki, lanang liya: lan wis dukul lanang shani.
  4. Wussé dukul pinegat rampung ngiddahé, lah ing kono kena nganyarké awwallé.
  5. Tan winilang rozngiyyah ing paneksiné, [108] kitab umi lan mukhtasor wus neteppé.
  6. Koul kodim rujug khuduné klawan seksi, loro: kitab imlak ngandikakké iki.
  7. Ya mangkono imam robig lan syafingi, lah kang roikh mangkonéku ya nemenni.
  8. Neksékaké: ring koul loro iku sunnah, meruhaké bojo wadon uga sunnah.

LXIII. PRAKARA ILAK (SUPATA)

  1. Supatané lanang moh kumpul sajeggé, mring bojoné tanapi lwih pat candrané.
  2. Wise patang sasi wenang ring wadonné, njaluk kumpul yén ora: wajib tebussé.
  3. [109]Tuwin mbegut déné yén mampang karoné, megat tholak siji kono panguluné.

LXIV. PRAKARA DHOHAR (MADHAKAKÉ)

  1. Ujar lanang kang pinredi dadyandimmi, mring bojoné: kowéki wis kaya ummi.
  2. Sapadhané: yén tan wusulli tholakké, kono kudu angemohi ing kumpullé.
  3. Kajaba yén ambayarri tebusanné, mardikakké niyyah fardlu sing thoharré.
  4. Ing budhak kang mukminah mring kang minulya, tur salamet sing barang tandang gawénya.
  5. Yén nora: pwasa rong sasi tuturuttan, jaba krana ngudzurré kang gegepokkan,
  6. Yén tan bisa ménéhna ing swidak muddé, mring wong miskin swidak kadi ing fithrohé.

[110] LXV. PRAKARA ALLINGAH (SUMPAH)

  1. Ngucap ping pat déning pakonné parétah, kala bandrékking bojoné kang wus genah.
  2. Lan tinemokké bocah sing bandrék laku, demi Alloh yekti benerré ucapku.
  3. Ing barang kang dak aranni kang satuhu, du dwanakku: ping lima: nemu pabendu.
  4. Tetep lanang panggawéné: lamun dora, wéha kuduh yén ana wadon ing kana.
  5. Wadon kang ingarannan ping pat ucappé, demi Alloh yekti goroh ing ucappé.
  6. Ing barang kang ngaranni: kaping limané, klawan nesu: ngaranniné sing gorohé.
  7. Sunnah anéng mesjid gedhé ing minbarré, ngarêppanning akéh tan kurang papatté.
  8. Medénnana khakim lanang kang nutukké, [111]ing karoné klawan nutuppi cangkemmé.
  9. Déning sumpah anak ucul sing turunné, lan khukummé lanang wadon wus masthiné.
  10. Dadi kharom karoné ing salawassé, mahar paron dulur wadon dén khalalké.
  11. Déning sumpahé wadon lepas khukummé, bandrék nora dén rojam lan sinapuné.

LXVI. PRAKARA NGIDDAH

  1. Lanang mati nadyan during sacarêmmé, klawan lahir sampurnaning wetengnganné.
  2. Kang kongang sing lanang kang anginddahaké, lah yén sepi: pat sasi sadasa riné.
  3. Sing mardika: budhak wadon saparoné, tetep tholak wise wathi sampurnané.
  4. Lepas tholak déning babar wetengnganné, [112]lamun ora: saprapat taun pancénné. 4a.  Mangkonéku saking wadon kang mardika, budhak wadon saparoné nora suda.
  5. Yéku kang tan darbé khail kang ték getihé, ning rong sasi budhak luwih utamané.
  6. Mardika kang khail ngidah tri sucénnanné, budhak rong sucénnan ora saparoné.
  7. Yéku wadon meteng lan tholak rojangi, jroning ngidah tetep lanangngé ngomahi.
  8. Nora metu kajaba prelu mamangan, ngwatirké wak bandhané lir karubuhan.
  9. Ngidah mati kharom nganggo wangi-wangi, apapaés kaya rambut dén lenganni.

LXVII. PRAKARA ISTIBROK

  1. Wong kang oléh budhak wadhon dén kha[113]romké, aguguyon kena mung amrih ladénné.
  2. Oléh boyongngan khalal liyané wathi, lah yén mati bendara sawussé wathi.
  3. Sadurung lakiné tumiba wetengngan, nadyan bandrék kang legan khail lha sapisan.
  4. Anuntasna sasasi kang darbé condra, sunnah wong kang tuku bojo anuntasna.

LXVIII. PRAKARA ROLHOGH

  1. Nusonniné wadon ngumur sangang taun, marang bocah kang ngumur rong rong taun.
  2. Limang suson iyéku limang enyuttan, kono dadi biyung né tanpa antaran. 2a. Bojoné siwadon pan dadi bapakné, [114]sadulurré si wadon dadi pamanné.
  3. Limang suson tetep kharom, kaya nikah ngingetké lan ing pasapén kono mubakh.
  4. Tan lumangkah kharom mring bapakné bocah, iya marang sanak sadulurré bocah.

LXIX. PRAKARA NAFAKOT

  1. Fardlu lanang kang luwih wéh pangan rong mud, lamun cukup lanang miskin awéh samud,
  2. Karo tengah muddé marang kang tengahan, wiji nagarané kang nguwatti badan,
  3. Salawuhé daging caraning nagriné, wéha batur wadon kang ana pangkatté.
  4. Wadon kudhung: sandhangngan ingkang prayoga, nut ing cara: katiga nganggo cenéla.
  5. Manéh klambi landhung ing mongsa rêndhengngan, [115]pranatannén cara bongsa kasenengngan,
  6. Mbecikkenna ing sandhang nganggo: orané, dadi rusak nikakh kholhi kang neteppé.
  7. Pangan sandhangngé wadon lan panggonnanné, dén srantékké telung dina ing pungkassé.
  8. Rusak during cumbana nganggo nukonni, farlhu kifayah kang luwih mbelanjani.
  9. Mring bapa lan anak kang padha fakirré, ora kang wus diwasa lan nyambut gawé.
  10. Manéh raja kaya  nyudhak sacukuppé, tan pinredi gawéné ing sakaroné.

LXX. PRAKARA KHALHONAH (MULASARA)

  1. Sarothté kudu mardika nangkhollé, islam tur kena kinira ing becikké.
  2. Biyung kang nusonni anak pasusonné, [116]sepiné mbok mbokné biyung saurutté.
  3. Tékké kabéh lagi bandhak mring bapakné, mbokné bapa iya terus sabanjurré.
  4. Lah sepiné bapa biyung saturutté, gya sadulur uwa bibi nak anakké.
  5. Tumrap anak tunggal karo tunggal bapa, dulur wadon anak embok kang sabongsa.
  6. Nyandhak anak kaki tunggal karonira, tunggal bapa nuli bibi tunggal réna.
  7. Gya nak wadon saking embok saking bapa, nuli lanang sing paman waris warata.
  8. Ndhisikki wadon saben saben tingkahnya, dulur wadon lwih becik paman sing réna.
  9. Lan bapa kang lunga krana pangaléhé, mbok kang laki ing lyan kang ngrumattiné.
  10. Yén wus pinter bocah milih mring bapakné, [117]angukuppa: biyang wenang ing tilikké.

LXXI. PRAKARA JINIYAT (PATÉNPINATÉN)

  1. Njeneng njarag iku nggitik klawan seja, mring wong klawan gaman maténni lumrahnya.
  2. Kaluputtan iku mbalang tan pasedya, angenani manusa dadi praléna.
  3. Mémper njarag iku mbalang apa-apa, klawan barang lumrah ora magat nyawa.
  4. Nora wajib kisos liyané amaha, krana dadi metokké nyawa pépéka.
  5. Lamun ngapura sing kisos lirudiyah, sing wong kang ngekhakki dadi wajib diyah.
  6. Nanging kudu dén botké klawan tumuli, dadyan klawan benduné wong kang maténni.
  7. [118]kaluputtan maha kaluputtan padha, dén semayakaken diya telung warsa.
  8. Ingénthéngken kaluputtan sawecané, lir kang ingabotken mau during suwé.
  9. Lah dén kisos liyané bapa sing mahrom, sasi kharom tanapi jro tanah kharom,
  10. Sanalika wong akéh sabab sawiji, maténnana awak adon adon siji.
  11. Mengko lamun kang maténni: wong pinredi, ora kena bapakné kang dén kisosi.
  12. Papadhané lir tan kisos saturunné, klawan kafir budhak kang khisil karoné.
  13. Saroth padha pucuk ro ing panggonnanné, tan tinugel kang waras margé kijémpé.
  14. Déné diyah sampurnéku satus unta, yén ngebotkén cukuppé diyah kadyéka.
  15. [119]Swidah unta: unta jidngah lan ikkohé, patang puluh padha meteng sakabéhé.
  16. Lah yén ngénthangken binti makhol rong dasa, kaya bintila bon kasebut ing ngarsa.
  17. Lan ibni labon murwatté lan padhané, saking ikkoh lan jidngah kala diyatté.
  18. Saking unta kang waras slamet kabéhé,  ora cela lan ora ilang rêgané.
  19. Mring pra wadon saparo: kafir kitabi, lan kang nyurupani iku sapara tri.
  20. Nembah surya tanapi  kafir majusi, ing brahala mung telung pra limanéki.
  21. Angrega budhak lan wetengngan mardika, kinadukna saparoning pra sadasa.
  22. Diyah budhak sapra puluh annempuhi, ing rename mbok tumrappé kang nduwénni.
  23. [120]Prakara kol lisan tanapi wicara, khaddar swara rasa lan khasafah uga.
  24. Lir diyatté awak gya kuping pangrungu, ngrungu kuping ngrungu sakéhé urufu.
  25. Tangan tuwin obahé: ngambuné grana, lambé mata tuwin pandelengnging mata.
  26. Sikil laku tanapi pringsilannira,  bokong janggut kabéh iku saparonya.
  27. Pangkat pangkat jro irung lan tatu jroné, sapratelu: tlapukkan saprapattanné.
  28. Driji siji sapra puluh: ros rosanné, saprateluné: jempallan lan pecah koffe.
  29. Untu tuwin mulikhah sarta amisah, saparoné prasapuluh tanpa congkrah.
  30. Dégga uta tan munfangat kinawruhan, [121]tatu tan tinutur mung tukon warassan,
  31. Prakara matenni kaffaroh lillahi, mardikakké puwasa kaya dhiari.

LXXII. PRAKARA DAGMADDAMI (TERKA GETIH)

  1. Yén mbarêngngi tarka getih laufrinungu, yéku papatutté nyana kaju-kaju.
  2. Supata akaping skeet wong kang nerka, dé diyatté maha maha kang tinerka.
  3. Lamun ana kang nerka nyegah supata. Anyumpaha kang dén terka mring kang nerka.

LXXIII. PRAKARA BUGHOH (MAMPANG)

  1. Wong kang nyulayani rathu anyananni, ing prakara wenang: jugar nyananéki.
  2. Ngrasa kendel ngira kongang anandhingngi, [122]marang rathu: mbangkang prakara kang gati.
  3. Nora pinaténnan dénnira lumari, ora tatu: boyongnganné dén paténni.
  4. Ing baliné kala pisahing perangngé, barré sakéh boyongngan ingecullaké.
  5. Raja darbékké kabéh bali tumuli, dé nganggoné ing barang kaya ghosobi.

LXXIV. PRAKARA KHUKUMMÉ MURTAD

  1. Dadi kufur mukallaf kang oléh warah, tan pineksa nadyan angangassi solah.
  2. Wajib taubah kuduné padha tumuli, yén tan taubah kono wajib dén paténni.
  3. Wise: tan dén dussi nora dén salatti, balik kinubur tunggal mring wong islamo.
  4. Nora angas nanging njarag lumuh solah, [123]waktu jamagh taubahna: ingukum pejah.
  5. Klawan pedhang wise saiki anyolatti, gya kinubur tunggal kita pra islami.

LXXV. PRAKARA KHUKUM BANDRÉK

  1. Rinijam mardika mukullaf muhshoni, klawan mathi bojo ngakoddé sokhikhi.
  2. Jaka prawan mardika satus jeblessan, binuwang sataun lakon rong pondhokkan,
  3. Budhak saparo jebles lan buwanganné, bandrék duburré budhak kaya liyané.
  4. Ngarah kebo sapi: duburré bojoné, lyané farji kinapokken gebugganné.

LXXVI. PRAKARA KODZIF (NGARAN ARANNI)

  1. Wajib mring wong kang ngaranni wathi zina, [124]sinapu mardika kreksa wolung dasa.
  2. Marang budhak karêksa mung saparoné, islam mardika pinredi tan bandrékké.
  3. Yén ngadeggan saksi ingarannan zina, lepas kaya yén dén benerké ngapura.

LXXVII. PRAKARA KHUKUMMÉ SAROKOH (BOBOLONG)

  1. Wajib sabab anyolong wong kang pinredi, lyanné bapa lan anak barang madhani.
  2. Ing rêga saprapatté dinar masjoni, nadya rêmekkan kang ora dén carubbi.
  3. Sing simpennanning barang tannyarupani, wong kang nyolong kaya bathon terka ugi.
  4. Tinugel tangan tengenné ing gelangngan, nyolong manéh sikillé kiwa watessan,
  5. [125]manéh nyolong tinugel tangan kiwané, nyolong manéh tinugel sikil tengenné.
  6. Isih nyolong manéh kudu kinapokké, tangan kang tinugul cinelup umobbé.

LXXVIII.PRAKARA KHUKUMMÉ AMBÉBÉGAL

  1. Wong kang mbégal klawan medénni tandukké, nyolong sanisob padha kinapokaké.
  2. Pék épékké tengen lan sikil kiwané, tinugel bali: tinugel ing sisihé.
  3. Yén maténni natonni njarag mesthiné, pinaté mét- dhuwit maténni padhané.
  4. Wise nuli pinanjer ing telung dina, lamun taubah sadurungngé dén apura.
  5. [126]Wajib khukum tan lebar darbék manusa, tan pinatén pisahé dén dhihinnena.
  6. Békké budhak kang énthéng ing tumibané, dén undhiya dhisikké iya dhisikké.

LXXIX. PRAKARA NGOMBÉ ARAK

  1. Wong kang genep sabab ngobé kang mendemmi, patang puluh jeblessan kinapok ugi.
  2. Wenang kongsi wolung puluhé jeblessan, budhak separoné mesthi ingukumman,
  3. Yén neksénni ngadil loro tuwin ngaku, ora déning mutah tuwin cangkem mambu.

LXXX. PRAKARA KHUKUMMÉ SOIL (AGAWÉ ALA)

  1. Ing wong kang agawé ala ing salira, far jyang sota tulakké anthéng énthéngna.
  2. [127]Lan ing nulak majibna kalamun farji, dudu arta siya-siya anulakki.
  3. Katempuhan kang rinusak raja kaya, wayah bengi nora wanutta ing rêga.

LXXXI. PRAKARA JIHAD (PERANG)

  1. Farlu banget saben lanang kang pinredi, kang mardika islam tur bisa ningalli.
  2. Waras tur kang bisa prang yén tuk boyongngan, dadi budhak wadon déné bocah: édan,
  3. Lan liyané: ngrembug imam kang prayoga, sing maténni: budhak cul myang tebussira.
  4.  Ring arta boyongngan arta angreksaha, sing sadurung milahé imam islamnya,
  5. Lén sadurung binoyong bocah nak bongsa, arta: ngukumna ing bocah islammira.
  6. [128]Islam sing bapakné: uga mangkonoha, mboyong bocah wong islam kala pribadya.
  7. Sing bapakné: bocah temon islammira, lir tinemu ing wong islam singnggonnira.

LXXXII. PRAKARA GONIMAH (JARAHAN)

  1. Tamtu jarahan kang maténnii éndhadhélli, pinralima: kariné pralima nabi.
  2. Dén wéhké wong solikh lanang ambangsani, kya asimi sadhérék kya muthollibi.
  3. Mring prapriya tikelna lan prayatama, yéku tanpa rama yén during diwasa.
  4. Para fakir masakin lan pra lulungan, ing prakara zikah dén dhisikna tan lyan.
  5. Patang pralima arta dadi sumdumman, [129]wong kang milu perang ana ing paprangngan,
  6. Kang padha lumaku sikil bagyan telu, praprajurit yén mtai warissé mupu.
  7. Budhak wadon lan bocah amunfangatti, para kafir kang ing prangngan klawan idzni.
  8. Imam kita: sadumman kurang sing nyata, amesthi ya imam klawan prayitnannya.
  9. Déné Alfaik iku rayahan kafirra, santosa lir prapuluhan sudagarri.
  10. Lah praliman iku lir pralima jarah, sakariné kala léh dumduman genah.

LXXXIII. PRAKARA RIZYAH (PAREG)

  1. Wus pancénné jizyah ngalap sing mardika, lanang: mredi mring kang duwé kitabkuna.
  2. Ring majusi: ora maring wong yahudi, [130]bapak bapakné sawussé nabi kami.
  3. Sithikké sataun mbayar sajoni, tikellanné mring wong sandhuwurré iki.
  4. Patang joni mring kang sugih tinarima, saroth suguh dhayoh pra dzimmi kang ana.
  5. Telung dina: sandhangngé kafir ing siyar, tuwin ngungkulli sandhang kafir ing zunar,
  6. Padha tinggal nunggang jaran prangngan, lan tan kena madhep islam jejenengngan,
  7. Rusak janji déning mogokké ing jizyah, khukum syarogh sida nulakka: dipanggah.
  8. Ora sabab lumayu nacad agama, lén panggawé kang mlarat ing pra islamnya.
  9. Déné rusakké déjanjekken tinggallé, imam kinon amilih saprayogané. 9.a.Kena milih maténni lan mbudhakaké, [131]kaya wong kang sampurna léh boyonganné.

LXXXIV. PRAKARA SOID LAN DZABAIKH
(AMBU-BURU LAN NYENYEMMELÉH)

  1. Sakéh islam lan kafir kafir kitabi, halal ora pisan wasyani majusi.
  2. Sarothé kawan kang karéh iku kuduné, tugel gorokanné lan tugel marine.
  3. Sakirané urip tetep ing khukummé, klawan tinatonnan tan kukunya lungngé.
  4. Kang tan rinéh khéwan kesit buburonné, kena unta lumayu nyegur pluwangngé.
  5. Natonniné maténniné orak lawan, kuku balung kaya tutu ring ngarêppan, 5.a. Endi-endi tatuné sembeléhanné, lah yénnatonniné dadi ing sususahé.
  6. [132]Ngeculna sukang natonni lan liyané, sato galak kang mungalla mlénmanukké.
  7. Kang nut préntah ing saben kala mangsané, tur tan gelem mongsa: kandheg ing cecegahé.
  8. Iya pancén khalal buron kang tinemu, mati: tuwin urip sinembeléh laju.
  9. Sunnah kudu nugel sakéhé ototté, lir nyembeléh labbahé unta ngadeggé.
  10. Lan dén adhepké khéwanné maring kiblah, sadurungngé: maca solawah bismillah.
  11. Uga bismillah lan takbir ing kurbanné, klawan duwak lan kobul dén bangettaké.

            LXXXV. PRAKARA ULHA KHIYAH (KURBAN)

  1. Waktu kurban kira solah rong rokangah, sing plethékké srengéngé lan rongnékhuthbah.
  2. [133]Sunnah ing sawissé munggahé baskara, tekan telung dinané tasrik sampurna.
  3. Mring wong siji gémbél siji wus sawarsa, lén kacangan loro sawissé rong warsa.
  4. Kaya sapi siji cukup ing wong pitu, unta limang taun sampurna kinudu.
  5. Nora cukup geringngé khéwan mbangetti, lara: pincang nadyan dadiné tumuli.
  6. Lan kurangngé pérangan kaya kupingngé, atanapi buntut kérané matané.
  7. Tuwin wuta tanapi kowék bokongngé, wenang kurang sunguné lan pringsillanné.
  8. Lah farluné daging nadyan mung sapala, amanganna kurban sunnah: nadzar aja.

LXXXVI. PRAKARA NGAKIKOH

  1. Sunnah dinakapitu: ranné sayogya, [124]cukur rambut, adzan kuping away lépya.
  2. Wedhus siji bocah bocah wadon ing lanangngé, loroné tan kena mecahing balungngé.

LXXXVII. PRAKARA MANGANNAN

  1. Khalal mangan pangannan suci-suci, bathang iwak bathang walang iku suci.
  2. Khéwan kuku: tanapi siyung kuwatté, dén kharomké lit baya anak asuné.
  3. Tetep kharom tur tan kena anyedhakki, yéku khéwan kang dén jembarké ngarobi.
  4. Ora kang dén benerké bangetté sedya, bathang khalal mbuntonni kuwatté karya.

LXXXVIII. PRAKARA MUSABAKOH (BALAPPAN)

  1. Yata sokh balappan tunggangan lan panah, [135]uger kinawruhan antarané genah.
  2. Lan terangngé padha uga ametokna, bondha salah sijiné ro lan wong lima.
  3. Yén padha metokken ing bondha karoné, dadi aran totohan ing sakaroné. 3.a. Mangkonéku kharom ora kena ora, kajaba nganggo mukhall kono kena.
  4. Lah karoné iku karéh ing karoné, yén mukhallil ndhisikki ngukup artané.

LXXXIX. PRAKARA SUMPAH

  1. Wus pancénné sokh sumpah klawan: asmalloh, atanapi sifat tartamtu  ing Alloh.
  2. Tuwin netepké bektiné lén nadzirré, [136]ora musprané sumpah brojol lésanné.
  3. Wong kang sumpah tan karya prakaroné, ra nerak yén gawé salah sijiné.
  4. Manéh ora nerak kala nyulihaké, gawé barang kang sumpah ora gawéné.
  5. Kaffarotté amardikakaké budhak, mukmin kang salamet sing cacadding awak,
  6. Tanapi wéh pangan ing wiskin sadési, kang nguwatti siji sijiné samudi.
  7. Uga sandhang kang ingaran sasandhangngan, jarit klambi kacu atanapi surban.
  8. Tan bisané kena pwasa telung dina, pisah pisah utamané ginandhangngan.

XC. PRAKARA NADZAR

  1. Tetep nadzar dénnya netepké ing bekti, [137]tan kang wajib ngaini lan kang wenang ugi.
  2. Klawan ucap njanjékaké kaénakkan, atanapi anulak ing kasangsaran.
  3. Nglestarékna: ucap demi Alloh aku, nedya sodakoh: yén ala iku dudu.
  4. Wong kang janji nedya nandukaké bendu, tuwin tinggal neteppaké kaffarotu.
  5. Yén tinemu kang jinanji neteppana, kaffarotté kang supata sasamannya.
  6. Kaya barang kang nuturri mam syafingi, lan salong mitrané yéku mam rofingi.
  7. Dé mam nawawi ngandika: kinon milih, kaffarotté tanapi neteppi milih.
  8. Carukanning ngabekti nadzar kang nyata, nadzar solah rokkngataniha ngadegga.
  9. [138]Mardikakké tetep kaffaroh dadiné, asodakoh sithikké ana ajiné.

XCI. PRAKARA KHOLHOK (KHUKUM)

  1. Ya pancé khakim islam lanang mardika, pinredi ngrungngu tur andedeleng bisa.
  2. Élingngan ngadil ngucap sartané pirsa, khukum kitab kitab kadis pira pira.
  3. Cara ngarob khilaf ijmag ing ngulama, dalanné mrayitnani sakéhé warna.
  4. Sunnah bisa nulis tur ésuk tekané, dina isnain manggon nang nagri tebahé.
  5. Enggon lungguhé ngukummi kudu ngégla, tur kang jembar: bangetté panas nyegaha.
  6. Makruh ing sajroné masjid ngukumminé, [139]sedheng imam malik akhmad tan mangkéné.
  7. Manéh nganggo juru lawang lan alingngan, tanpa ngudzur yén iya: tanpa alangngan.
  8. Ngukumminé klawan nyelani pikirran, kaya duka carob nafas siningittan.
  9. Lara ngorong luwé lan ngempet uyuhé, males ngantuk bosennan lan karêggenné.
  10. Panas adhem bungah susah kang tinemu, kabéh iku lulus khukummé pangulu.
  11. Nganggep padha pra paduro mulyakkenné, iku fardlu wenang ngluhurken islammé.
  12. Wenang mangkonéké jroning pasamuan, ngluhurken islam ngungkulli ing dzimmiyan.
  13. Dé pawéwéh pra padusing tan ngadattan, sadurung ngukummi kharom tan linilan.
  14. Nora kena mituturi ing paturran, [140] atanapi namtokken siji sing liyan.
  15. Ing pancénné nrima kang wus tinulissan, kala wong kang nerka adarbé paturran.
  16. Klawan saksi loro tur lanang karoné, anetepken ing kalana: pamukirré.
  17. Wong kang ala tandukké néng pasamuwan, kongsi mindho kinapokna aja tuman.

XCII. PRAKARA KISMAH (DUM DUMMAN)

  1. Khakim meksaha pangedum kang cinegah, sarupané, rinegané kang wus genah.
  2. Samanéku lamun nora malaratti, ngedumna ing lanang mardika pinredi, ngadil lawan bisa ngétung kang mangreti.
  3. Ngadegna ing lanang mardika pinredi, ngadil lawan bisa ngétung kang mangreti.
  4. Saroth loro kalané rinega rêga, [141] lamun ora: cukup dén dum ing sajuga.

XCIII. PRAKARA SAHADAT (PARA SAKSI)

  1. Pancén tinarima wong islam mardika, kang pinredi ngucap: temen temen pirsa.
  2. Ngadil ing doso gedhé nora nekani, olah becik dosa cilik tan nganteppi.
  3. Ulah sakéh kapatuttan yogya taubah, mangkonéku sunnah mungguh koul kang asakh,
  4. Kaprawiran tan narik mring awak dhéwé, munfangatté tan nulak kamlarattanné.
  5. Bapa: anak naksénniné tan tinrima, papadhané satru uga ora kena.
  6. Neksénni wong wuta kondha wruh dhisikké, atanapi wong kang ngaku dén gantungké.
  7. [142]Klawan ngrungu nikakh mati lan wakoffé, manéh walak ora klawan ngen angenné.
  8. Bandrék papat padha weruh samelokké, kaya luthik celak lumebu wadhahé.
  9. Lyané: loro kaya ngaku ing bandrékké, tanggal pwasa ngadil siji sanyatané.
  10. Lanang siji wadon ro: lén lanang siji, nuli sumpah prakarra talan mejaji.
  11. Kala tatu kang genah nora kawruhan, nyatané: prakarra ta datan kencéngngan,
  12. Uga sabab prakarra ta lir ikolah, adol nanggung ligerran yéku khawalah.
  13. Lanang siji wadon ro tuwin sakawan, ring prakara pra lanang tan kena wikan,
  14. Yéku kadi nusonni lan pamanakké, ciriné éstri khaillan kaprawannanné.

[143]XCIV. PRAKARA TERKA, LAN CIHNA

  1. Lamun genah terka barang kinawruhan, gya takonna noli sartané ngukumman,
  2. Lamun ngaku tuwin angas para padu, kanthi saksi angukummana pangulu.
  3. Lamun tanpa saksi kang tinarka sumpah, mangkonéké yén kang narka njaluk sumpah.
  4. Lah yén mampang kang tinerka mbalik sumpah, mring kang nerka: kang tinarka sida kalah.
  5. Prakara terka kahanan sakaroné, tanpa saksi kang kanggonnan dén menangké.
  6. Déné yén kaseksén sakaro karoné, tanpa saksi kang kanggonnan dén menangké.
  7. Khakim nyumpah ing wong kang madhep panerka, saliyané khukum kang tetep lillahnya.
  8. Kolhi nora sinumpah dadyan po[144]cotta, saksi lan wong kang nyelakki sulihira.
  9. Mesthi sumpah karoné lir jawab terka, ing tan wruhé panggawé liyané ora.

XCV. PRAKARA MARDIKAKAKÉ

  1. Sokh wong kang anduwénni mardikakaké, genahé ucap merdika: ngecullaké.
  2. Iya sokh mardikakaké myang pasemonné, nganggo niyyah lir tan duwé aku kowé.
  3. Mardikakken pérangngan dadi mréntékké, bathon karo liyané yén ngluwihiné.
  4. Gya mardikakna ing kariné rêgané, ing sakala: wong kang miskin sapandummé.
  5. Wong kang anduwénni bapa lan anakké, kaya léhé waris lan kang dén edollé.
  6. [145]wong kang mardikakké ngebekki malénni, wasana mring dhéwékké: ya ngasobahi.
  7. Nadyan sulaya agama majibbaké, lan ora sokh dol kwaliyan lan wéwéhé.

XCVI. PRAKARA TADBIR (NGJENNAKÉ)

  1. Ngucap mring budhakké: nginjenké ing kowé, wise mati aku amardika kowé.
  2. Yéku mardika wise mati: shulussé, batho tadbir sabab ilangngé budhakké.

XCVII. PRAKARA KITABAH (NICIL)

  1. Budhak nyambut gawé njaluk bendarané, pinracaya nora ngebréh dén sunnatté.
  2. Syaroth kinawruhan bayar sumayané, rong cicillan tuwin luwih tan kurangngé.
  3. [146]Rusak marang budhak sakarêppé: pisah, tan bendara kajaba apes kang genah.
  4. Menang budhak gawéné lir mardika, ora ngibadahé bobrokking gawéné.
  5. Narik swiji wiji bendara budhakké, luwih manéh cicillan kang ing buriné.
  6. Salaginé budhak sih lulus neteppi, ambayarri ring bendara tan nyidrani.

XCVIII. PRAKARA EMBOK EMBOKNÉ SAKÉHING ANAK

  1.  Budhak wadon iku dadi anduwénni, malah salong majibké mardikanéki.
  2. Ing matiné bendara anak nemokké, sing liyané mardika wussé manakké.
  3. Sing uwitté dhuwit sadurung nutangngé, [147]cukup metokké nak kang sarupané.
  4. Wenang mburuhké ngladénni lan caremmé, nora wenang dén wéhké gadhé adollé.
  5. Wong kang milih nganakki mring budhak éstri, klawan ngakod utawa bandrékka ugi.
  6. Anakké kudu donuwékké bendara, lah yén mathi sub’ah anakké mardika.
  7. Lamun fasik tukuné budhak sawussé, manak tan mardika bendara matiné.
  8. Nanging wenang ngregani rêga mardika, gya tur puji robbi zubad wus sampurna.

XCIX. PUNGKASSAN, MARNA: KAWRUH TASOWWUF

  1. Wong kang mulya kang nyegah sakéh piala, iku ngedoh ing sakéh prakara ina.
  2. [148]Tansah condhong mring sifat luhur tanapi, melék amrih kamulyan ing saben wengi.
  3. Wong kang idhep marang Gusthi Pangéranné, yéku weruh ing adoh saking parêkké.
  4. Dadi wedi ngarêp arêp ngrurungokké, sakéh kang dhinawuhken lan cecegahé.
  5. Saben barang kinon linakon tumuli, kang cinegah sing panggawé dén edohhi.
  6. Mula dadi kinasihi nganggep abdi, déning ngrungu obah mosih niningalli.
  7. Gusthi Allah iku asih lamun pinrih, paring weweh ing abdi kang wedi asih.
  8. Wong kang cekak ngen angenné tan mreduli, iku bodho luwih bodho nora ngreti.
  9. Mula mrih aling apik tinggalla ala, bendu parêk lan adoh dén prayitnaha.
  10. [149]Saben krentek timbangen klawan sarngiyyah, lamun pakon lakonnana aywa nggresah.
  11. Aja wedi ing pangridhuning drubiksa, saben krentek iku saking kang mamulya.
  12. Lamun wedi kowé tumibané cegah, kaya sifat ngujub aja dadi susah.
  13. Lamun istigfar kita iku ngarêppi, sapadhané nuwun ngapura tumuli.
  14. Nglakonnana nambannana ing ngujuba, anuwunna ngapura nutuppi dosa.
  15. Lamun krentek saking barang kang cinegah, iku ridhu saking saithon dén suminggah.
  16. Lamun condhong dadi nyuwunmu ngapura, saking dosa malah anyélakki dosa.
  17. Angapura Gusthi ing ucappé ati, lan nedya wong kang rarasan tan nglakonni.
  18. [150]Merangngana ing nafsu ora nglakonni, lamun gawé énggal taubatta tumuli.
  19. Yén tan mecat déning kapénakké rasa, rasa ngajak marang saithon tarikkira.
  20. Élingnga ing kagétté anugel éca, lan énggallé ilangngé ing kaséppira.
  21. Gya taubatta: ya taubah iku nalongsa, dé nglakonni ing barang kang dadi dosa.
  22. Ngaran taubah iku mocot sanalika, nedya tinggal mbalénni ing wussira.
  23. Lah yén taubah iku tumraap ing manusa, wajib anglebarken ing sakéhé cela.
  24. Wajib meruhken yén nora kinawruhan, yén sih samar ngélingna klawan énggallan,
  25. Yén wus mati cela tininggal warissé, sapiné wéhna mring sakéhing fakirré.
  26. [151]Niyyah nempuhi kang darbé kala teka, yén kangéllan niyyah nyaur ing sabisa.
  27. Sokhé ataubah: baliné tan dadi bahya, nora rusak sokhé ataubah kang lumakya.
  28. Wajib taubah dosa cilik sanalika, dosa gedhé tan ana ing bédanira.
  29. Nadyan doso saliyané kang atansah, marga taubah dadi rêsikké ing manah.
  30. Wajib kinon ing panggawé ingkang samar, lén cinegah ing panggawé ingkang sasar.
  31. Lah pik ala iku tekané tan béda, saking kwasa Alloh lan karsané uga.
  32. Gusthi Alloh adamel panggawé kita, sing kwasané lan karsané tan kenora.
  33. Uga dame ling gawéné wong kang gawé, [152]panggawéné wong akéh dudu gawéné.
  34. Koul kang nojikh mbecikaké tawakkulu, mutakkhir mbecikaké luru luru.
  35. Katri kang pinilih yogya kudu misah, lah bédané manusané kudu genah.
  36. Wong kang bekti ing Gusthi yogya milihé, nora nggresah déning angéllé rizkiné.
  37. Ora ana amrih ngarêppan rizkiné, saking liyan balik mung sing Pangéranné.
  38. Satuhuné wong kang nganteppiku pasrah, yén tan ngono yogya nyambut gawé manéh.
  39. Lah wong tajrid anyingkirri pépénginnan, ingkang ngajak ajak marang ing kapirran,
  40. Balik adheppé mung marang Pangéranné, [153]mring lyané tanpati ingupa gawé.
  41. Sayogyané kudu meneng nggonnaké, kongsi dén satru tinggal ing benerré.
  42. Lah sejané satru tinggal ing benerré, sakéh sabab ingengkokkan sing awake
  43. angapeskV sartané sungkannan gawé, kang nglairké ing nyatané tawakkallé.
  44. Wong kang tinulung ing Alloh dn wruhak, ing rêmbug sing iki loro gya weruh.
  45. Tan tinemu lyan kang kinarsakkan Allah, kawruh kita yn tan kinarsakken bubrah.
  46. Sagung pangalem lillahi kang sampurna, nyuwun pitulung saéning tingkah kita.
  47. Gya solawat lan salam lulus salama, konjuk Kanjeng Nabi Akhmad Asimiyya.
  48. Kula warga pra mitra pra nut sadaya, [154]kang nyukuppi kita Alloh kang Maha Mulya.
  49. Panuwun nuwun kawula  Ngabdulloh Sajjad, matur nuwun ing Gusthi Allohussomad,
  50. Sakalangkung langkung pamundhi kawula, ring Gusthi kang Murbéng Ngalam sadayanya.
  51. Déné nyageddaken kula angyasani, Zubad Jawi asol sing Zubad ngarobi.
  52. Anggittipun Sang Saikh Akhmad bin Ruslani, Assafingi rong ikhmallohu ngalaihi.
  53. Mugi mugi paringnga munfangat Gusthi, Zubad Jawi kanggénipun bongsa Jawi.
  54. Dipun kados Zubad Asli ing ngarobi kondhang angittipun Ki Akhmad Ruslani.
  55. Bongsa Jawi ngaos lafadhdhipun ngarbi, kathah kerot kerot dénnya angretossi.
  56. Dén maleni gantungngan acara Jawi, [155]srattan pégon ngégah égah tan tuk margi.
  57. Kang gancarran pégon misih déréng gambling, ning lumayan tinimbang kaliyan komplang.
  58. Angéllipun laruggan pabenggangngan, wewah kisruhé jan éjanning serattan.
  59. Béda Jawi ing serattannipun Jawi, benggang déning padaling sapada lungsi.
  60. Genah éjan éjannipun tanpa kisruh, ing satembungngipun mboten cawuh.
  61. Kadosta: gemblong: gemblung sampun tétéla, kropak krupuk inggih sampun wéla wéla.
  62. Kréwék kriwik melék melik sampun misah, kapok kapuk dhokdhok guguk [156]inggih genah.
  63. Nadyan mancad lafadh ngarob pami: jannah, inggih saged tiru tétéh mboten wegah.
  64. Waton kitab carakan Jawi ngarobi, ingkang sampun inguningan pra ngulami.
  65. Thukkipun carakan lan ijaiyati, boten céwét janji maossipun titi.
  66. Lakar ngretos Jawi ngarob ing waossan, dalasan madmaddipun ing Kuran pisan.

66a.Pan samangké saya kathah kitab Jawén, ameratah anggittipun para gambén.
66b.Kadosta: bapa Nuliman lan kasidanjati: ka-Allohan sami gegepokkan,
66c.Lafadh ngarob nyata dakk warahira, lakar dados babakuning gesang kita.
66d.[157]Fardlu sanget angretossi wawarahnya, bilih mboten yekti dados tunanira.
66e.Mung kémawon éman déné serattannya, mboten saplek kaliyan ing ngarobbira.
66f.Lafadhz: Alloh sih kaserat mungel: Allah. Rosul taksih mungel: rasul kados limrah.
66g.Nggih makaten punika sasminira, dados margi waonnan santri ucapnya.
66h.Cara Jawa: hanacaraka: rakena, kanggo nulis lafadhz ngarob aja aja.
66i.Ora genah ora soikh ora cetha, kang mangkana winasullan: alon konca.
66j.Mangkonéku rak kang nora wruh ing lagu, [158]lagu Jawa lagu ngarob blura bluru.
66k.Kang wus ngreti sakaroné nora paé, tulis Jawa tulis Ngarob padha baé.

  1. Tam wasollallohu ngalasayyiduna, mukhammad ali sokhbihi ajmangina.
  2. Déning fakir ilalloh ngabdulloh sajjad, ing kampung Kendhangngan Semarang Albalad,
  3. Mugi ngapunten sakathah dosanira, saramé bulén sagung mukmin sadaya.
  4. Amin….. Amin….. Amin…..: dhuh Gusthi, mugi nyembadannan panyuwun abdi.

Wallohu Anglamubinssowab

tamat

2 thoughts on “KITAB ZUBAD JAWI

  1. Suhandayana

    Sae, Kang. Matur nuwun.

    Semasa ngeji / ngelmu TAUHID, aku ditunjukkan oleh Mursyid didampingi badal, hal pokok / utama isi Kitab Az-Zubad; yakni ejahan yang kudu aku camkan baik-baik, bahwa: “Ngaweruhono siro kabeh, saktemene kawitane perkoro agomo yoiku NGAWERUHI ALLOH (ma’rifat maring ALLOH TA’AALA), koyo kang didawuhake ingdalem Kitab Az-Zubad: ‘Awwalu waajibin ‘alal insaani ma’rifatul ilaahi bistiiqon.’ Artinya: Kawitane perkoro kang wajib ingatase menungso yoiku ngaweruhi Pengiran (Robb, Tuhan bagi alam semesta raya) kelawan yaqin.”

Leave a comment