Category Archives: SERAT GEMBRING BARING

SERAT GEMBRING BARING


Sinambetan Serat Gembring Baring, anggitanipun Raden Rangga Prawiradireja, ingkang kaping tiga, ing kitha Mahespati, kitha, negari Mediun.

PUPUH I

  1. // Wong anom ngripta carita / pralambanging dalil kadis / emper-emper lan upama / luwange kang dhingin-dhingin / amrih sagung babayi / kalis bajang sawanipun / tinambanan ing sastra / sajeroneseket siji / yen kebanjur wuta tuli temahira //
  2. // Jer wong tan bisa ing sastra / tuna liwat lamun angling / tur dadi pangewan-ewan / lekas gendhung anyenyengit / gumisa ngaku bangkit / yen kaweleh saya lacut / nututi ujar salah / sangsaya kabelik-belik / yen kapengkok ing pakewuh nyuda praya //
  3. // Basa praya iku ulat / ulat sesumuk ing ati / asebut nguthuh tur cemplang / nora darbeni prak-ati / taberi gawe sisip / sugih satru tanpa nganggur / warengkeng nalar cekak / tan pracaya ing sasami / sasar susur awekasan utang walat //
  4. // Walate sabarang ingkang / handarbeni netra kuping / tuwuh ing rasa pengrasa / arus amis kang agething / sayekti anemahi / wong kasurang tuman busuk / loro dununging sastra / Jawa Arab netra kalih / Arab tengen sastra Jawa netra kiwa //
  5. // Delap-delape agesang / kudu wruh salah satunggil / siji-siji sok meleka / dadi jalaraning budi / budi kang amrih becik / ambeciki raganipun / jer sastra Arab dadya / paningal mring sukma Jawi / sastra Jawa dadya paningaling raga //
  6. // Yen tan wruh salah satunggal / JawaArab angluputi / tetep nora mangan ujar / wuruke apalan kaki / wus kawrat aneng ati / miwah karna myang pandulu / tersandha anengujar / kenyatahan solah liring / liring iku juru basane kang manah //
  7. // Sapa arsa wruh jro manah / dulunen ing solah liring / tuwin kang ponangrarasan / yaiku sajroning ati / apa kang dipunamrih / pan wuskapanggih ing ngriku / ana pantes katiwar / ana pantes de astuti / pantes taklim ana pantes sinuwiyah //
  8. // Ana kang pantes den urak/ ana pantes den raketi / jer wenang kerana gesang / angedohi nalar sisip / nalar bener ingudi / amrih aja lura-luru / nunulari cilaka / beda lawan nalar becik / becik iku marganira saking sastra //
  9. // Becik iku nyatanira / wus kagem ing nabi wali / mukmin tanapi ulama / ratu satriya bupati / iku wus dadi mingsil / tegese mingsil puniku / tepa lawan tuladha / emper-emper nalar becik / tibeng kawi ingaran kidung pralambang //
  10. // Yogya samya kawruhana / paugeraning wong urip / alane tan bisa Arab / tan wruh pratikeling urip / urip saking Hyang Widi / ing tembe tan wurung lampus / urip pesthine pejah / yen wus pejah nora urip / tanpa lalilelakone tanpa wekas //
  11. // Kasep nora bisa sambat / tan kena samaya ngaji / anom tuwa nyandhing pejah / ing kono gone kepanggih / yen pinupus ing ati / jer kangelan ngaji ngelmu / elek wong aneng nraka / turun cures sothal-santhil / aneng donya tan pegat nemu cilaka //
  12. // Alane tan bisa Jawa / juwareh adoh ing becik / tan wruh undha usuk ira / ratu satriya bupati / sanak myang guru nadi / Gusti myang wong tuwanipun / tata kramaning ujar / kajejer neng sastra Jawi / wekasira prabot angawruhi raga //
  13. // Yen pinupus ing wong sungkan / jer kangelan wong abangkit / wruh obah osiking jagat / wruh obah osiking ati / wruh rembuge wong luwih / wruh mring lelejeming semu / elek dadi wong kompra / anganggoni wuta tuli / sak jeg urip aji wedhus bebek ayam //
  14. // Wong busuk tuman de sepak / ing ngepak samining urip / apepet cupeting manah / kelarahan ukur urip / mrih mati nora mati / kudu urip nora urus / tan kelar nyandhang mangan / turun tedhak saya gembring / muktenira apilenggah dadi bujang //
  15. // Luhur-luhuring derajat / andaleming dadi baring / enak tanpa kaparentah / witne kang jumeneng najis / bubrah krewek dres mili / ting perngangah gegroh sumpung / dedilat aneng pasar / sagunging wong kirig-kirig / iya iku labete wong tanpa nalar //
  16. // Milane wong aneng donya / rong prakara den temeni / olah sampurnaning pejah / olah luhuring kamuktin / apan ta wus pinasthi / yen wong cilaka puniku / saya kari kang amal / lawan wong wibawa mukti / nadyan alit ber-budiman ulah nalar //
  17. // Amale saya mangambak / delajat saya nututi / tedhak turun saya minggah / aninggal panggawe nisthip / sik kompra saya keri / neng donyakekel galuruh / anutuh raganira / saya wuwuh kang bilahi / kabanjure iku nutuh mring Hyang Sukma //
  18. // Tan wruh jinarag priyangga / leluhur tur anglabeti / neng donya kena wewelak / neng neraka dadi intip / ana ngisoring iblis / nora urip nora lampus / paran marganinggesang / yen lumuh analar becik /suprandene dilalah kudu anemah //
  19. // Dhemen budine wong ala / lumuh budine wong becik / jer isin yentitiruwa / nganti becike pribadi / sarate wus pinasthi / sabarang karya jinaluk / marang duga prayoga / tinuku ing budi becik / ingran becik becik iku dudu ala //
  20. // Kaya ta ingaran amal / datan ngamungken mas picis / paweweh lan dana krama / kelawan sabarang bukti / iya sabarang angling / sabarang pratingkah patut / sabarang karya nikmat / asih barang kawlas asih / barang karya kang anarik suka rena //
  21. // Iku kabeh ingran amal / katemu ing donya akir / ing saturun-turun tedhak / milu kuwalesan becik / pan tikel sewu luwih / walese amal puniku /kang karya wong satunggal / turunira tanpa wilis / samya nampi wawales amaling tapa //
  22. // Babu kaki nini canggah / miwah wareng sapanginggil / pamanggihira tan beda / milu kuwalesan becik / den titenana ati / binjang tan wurung katemu / yen sira tan suminggah / anglakoni nalar becik / aja keri lan anak putune kumpra //
  23. // Sanadyan wong awibawa / yen tansah akarya sisip / kapam marang kaluputan / tedhak turun dadi gembring / mila sagunging jalmi / gedhe cilik anom sepuh / miwah pawestri priya / wajib gegulang ngasami / dipunemut marang kang dadya tuladha //
  24. // Iki saking dadil Kur’an / yakmal miskala dzaratin / kaeran yarah myang waman / yakmal maskala dzaratin / saran yarah sayekti / amal sakelaring semut / ala becik pinanggya / endi ta lire kang margi / amrih mulya gegulangen saking sastra //
  25. // Ya ta malih kawruhana / yen arsa ngidung rerepi / den prayitna tembung tembang / suku wulu tarung-taling / papat praboting tulis / lima lan legenanipun / liya saking punika / pepet pengkal paten tuwin / cakra cecak wignyan keret lan layaran //
  26. // Sasanga nora winenang / amurba wileting gendhing / kejaba saking kang papat / apan ta sampun pinasthi / tembang kang tan lumaris / wewilangane pangidung / kaya ta pada lingsa / andheg-andheging pangrepi / tuna liwat datan kena anerajang //
  27. // Kaya ta warnning tembang / tembang kang sawiji-wiji / kinarya ngimpuni basa / mamanisnya den peksani / lamun bubrah kang gendhing / sastra ngalih raosipun / apa gawe mamaca / tan karuan den openi/ ngrusak urus kang ingucap tawangtowang //
  28. // Dene kang sekar macapat / ingkang kasrawunging gendhing / ponangsekar maskumambang / ing sajroning pada panjing / sastranira tan gingsir / iya tigang dasa catur / dene kang pada lingsa / sekawan sajroning panjing / kang megatruh sastranira kawan dasa //
  29. // Lan malih langkung sakawan / sajroning kang pada panjing / pada lingsanira gangsal / dene kang sekar kinanthi / sastranira tan gingsir / apan kawandasa catur / dene kang pada lingsa / nenem sajeroning panjing / kawarna agantya sekar dhandhanggula //

PUPUH II
DHANDHANGGULA

  1. // Sastranira jroning pada panjing / wus tan ginggang wolung dasa papat / dene ta pada lingsane / kathah ira sapuluh / de warnanen kang sekar mijil / sastranya kawandasa / langkungira wolu / pada lingsanira gangsal / myang asmaradana seket gangsal nenggih / sastra sajroning pada //
  2. // Pitu ingkang pada lingsa pasthi / sinom sastranira pitung dasa / lawan sakawan punjule / kang pada lingsa tamtu / pantesa ngasajroning panjing / durma seket kalih jña / nenggih sastranipun nenem ingkang pada lingsa / sekar pangkur sastranya sawidak kalih / pitu kang pada lingsa //
  3. // Saben-saben wong mangolah tulis / barang sabda barang winicara / sedene munggeng sastrane / ye gya mawiya petung / dimen aja kajarah kang wit / dadya tan liru basa / tetela ing tembung / tembunge semu niscaya / sumeh manis-manise wimbuh prak-ati / tumrap lawan wirama //
  4. // Wiramane srawungan lan gendhing / titi tatas titis trusing manah / tur ganep wiwilangane / tan beda estri jalu / rehning munggeng ing praja niti / sabecikane kurang / becik ingkang punjul / among arjaning sarira / sarining tyas sumyak dumeling kaeksi / wijining kanugrahan //
  5. // Dalil waman ngarafa rabahi / lawan fakat ngarafa napsaha / iku mungguh wewekase / yekti manungsa iku / lamun awas sarira dhiri / tuhu awasing Sukma / Sukma kang sung tuduh / tan liyan marang kawula / sak osike sak mobah pratingkah puji / kadeling mring Wasesa //
  6. // Loro pajuning wong ulah ngelmi / basa ngelmu kawruh kang utama / kang angsung labet harjane / yen ta wus tekeng hayu / kayuning tyas anerambahi / kerana sipat rahman / Hyang Kang Maha Luhur / amurahi marang titah / lamun temen kaleksanan ing pamuji / mulyane kang sarira //
  7. // Lamun sira mrih arjaning dhiri / ing ngedohna barang tindak nistha / kang tan patut lan ing akeh / miwah walering guru / Gusti lawan bapa myang kaki / babu myang sanak tuwa / wajibing nituhu / marmanira angsung warah / amrih hayu aja kongsi nemu sisip / dadya asihing raga //
  8. // Kepatuh rusuh nlutuh nyenyengit / yen wong busun tan narimeng warah / warengkeng tulus busuke / dudu trape wong luhur / ngalamat tan dadi wong gembring / tan angsal pangawulan / ing sasama nyatru / nadyan ana kang ngrampeka / sanak kadang anggepe angambil kardi / lowung lir darbe berah //
  9. // Lamun luput sinereng kepati / ngumpah-umpah tur den undhamana / amarga saking busuke / wong cubluk kumprung pengung / tanpa nalar datan wruh isin / tuman dadi urakan / ing saparanipun / kena pisan luput pisan / yen wong urip arsa rumeksa ing ragi / ywa kang sida dikumpra //
  10. // Kaping kalihira ulah ngelmi / ngelmu wajib bab rukuning Islam / marga wruh ing Pangerane / tan kena apitan wruh / wus wajibe sagunging urip / sahadad lawan salat / pasa malihipun / jakat pitrah tata Islam / munggah kaji yen kuwasa ingkang margi / kawruhana denira //
  11. // Rinaosna kalawan pinikir / linakona kang kalawan rila / paugeraning krahayon / aja angrusak urus / ngaras-aras myang ngirib-birab / manungsa kang wus limpat / pintanen kang tuduh kawruh sampurnaning pejah / yen wus awas pamuwuse para salim / selamete pinanggya //
  12. // Amrih aja kadhadhunging iblis / manah kuwel kempel tanpa akal / jugul kajahul alane / andaru tur kalurung / yen wong urip datanpa ngelmi / apugal tur cadhala / andadra tyas bingung / nora duwe kaoleyan / pipinginan weweden pangeling-eling / tulus pinangan nraka //
  13. // Saking dene denya tan mangerti / cegul cubluk wuta tuli mamak / setan wutuh pangidhepe / sabab wus nora ketung / ing sabarang penggawe becik / tuman tan kuwarasan / delap tur calimut / sae nora darbe wirang / monyar-manyir gorohe kepati-pati / antepe teranjalan //
  14. // Nora liyan rahina lan wengi / kang pinikir mung penggawe muyap / apan ta iku labete / manungsa tanpa ngelmu / nora dhenger rukuning urip / mula den sinauwa / aja tuman busuk / Jawa Arab rong prakara / endi lire denira adadi wajib / sastra Arab punika //
  15. // Kang atuduh kamulyaning urip / kang ginelar dening Rasulolah / kanggo wong sejagat kabeh / sastra Jawa puniku / witing tapeling tanah Jawi / marna wateging tata / krama kang rahayu / rehning kinarya manungsa / dening Sukma tinitah neng nungsa Jawi / mila kedah wruh Jawa //
  16. // Yen wong mungkir tataning ngaurip / lumuh sinau aksara Arab / pantes binuwang jabane / saking bawahing rasul / wong kepingin dadi yahudi / kinekep setan kawak / awangkot tur cubluk / yen tan bisa sastra Jawa / yekti pantes binuwang sing nungsa Jawi / wong bingung kumprung mamak //
  17. // Wuta pengung dhemen dadi gembring / lumuh tata kramane wong Jawa / tan kena ngambah bumine / iku wong ngrusak urus / yen wong datan angreksa ragi / lumuh mring kawibawan / mring pratingkah patut / lumuh ngestoaken ujar / lan wong lumuh datan amrih sihing Gusti / wong pantes pinejahan //
  18. // Iku wong jeber awake najis / wong musibat setan rarambutan / wong gelem ngambah bumine / nyandhang berkahing ratu / mangan turu bumining Gusti / wong tuman kurang ajar / tan wruh ajar-ujur / kang kajejer aneng praja / dalil Kur’an sinebut rahina wengi / teka kudu nemaha //
  19. // Pan wus kocap taati Ngullahi / kaping dwi wa atingulrasulla / ping tri wa ulul amrine / wedia mring Hyang Agung / lan wedia mring rasul sami / lan padha mituhuwa / parentahing ratu / Allah Muhammad lan raja / pirang-pirang parentah kang amrih becik / pegene tan rumangsa //
  20. // Suprandene yen manggih bilahi / ngundhamana mring Allah tangala / myang rasul miwah ratune / dosane tan kaetung / penjarage nora pinikir / yen lekas manggih mulya / teka lurus wedhus / pantes kinethok adegan / ponang sirah jer nepsu patang prakawis / marga saking kepala //
  21. // Rusaking jasad katempuh dhiri / denira wrad gadhuhaning Sukma / ina nistha sing penggawe / ngucap mangan tan patut / paningale karem mring sisip / tan ngrungokake ujar / kang amrih rahayu / grana margane sasmita / kang katempuh ananggung urip lan budi / dadya bantening raga //
  22. // Kerantene sagunging ngaurip / sapa asih marang jasad ira / temah asih Pangerane / asih ing jasad iku / angedohi sakeh bilahi / degsura papan nistha / raga kang katempuh / kerana apesing tingkah / aminta awuruke daluwang mangsi / angadehken cilaka //
  23. // He wruha ya wong aminta ing sih / mring wong tuwa sanak kadang mitra / yen tan pareng lega tyase / pira betahan wuruk / saking nglathi ing ngandhap nginggil / prayoga saking sastra / wong aminta wuruk / timbangen lawan upama / emperemper wuruke netra lan kuping / kang samya mrih utama //
  24. // Utamane srawungan lan anglir / lan wong ingkang samya ulah nalar / lan wong mangulah ngelmune / wus pasthi manggih untung / nora tuna sabarang budi / aja lir wong cilaka / lamun ana catur / saminggu nora nglegewa / ungas lengus lumaku binatang bangkit / pengrasa wus kadhadha //
  25. // Yen katona angastuti isin / dadi kanyina batine kumpra / kurang pantes sawangane / nanging wekasan kumprung / kang saweneh dhemen ngacuwis / anglarak jajagongan / lan wong kang wus punjul / peksa ngumuki kagunan / clemang-clemong geseh ngarsa lan ing wuri / kanyina kabeh dora //
  26. // Nora layak rinungu ing kuping / wicarane lir kurang janganan / pantes binungis lambene / mundhak nyanyamur laku / ati monyet pengawak jalmi / weneh mindha wong limpat / nalare saukur / taberi maoni tindak / angesemi sabarang kang amrih becik / ajail padha rowang //
  27. // Rusakira kinarya pribadi / siningkang-singkang dening wong kathah / jajal-lanat kejatene / wong corah tan wruh urus / dene-dene yekti ya bangkit / sagone angawula / sagone dudunung / lir wong sember pelanyahan / nora den del wicaranira gigingsir / kadya wong tuwuk imbar //
  28. // Kng saweneh jalma cupet budi / lamun ana ingkang asih marma / angsung tuduh sapatute / ing manah asru jumbul / ngrasa pinrih ingkang bilahi / katungkul ngikal basa / ing weweka cubluk / ana jalma kangsatengah / ala meneng becik meneng nora mikir / kamidelepen ujar //
  29. // Sungkan takon lumuh den takoni / yen ketanggor ing kewuh tyas bubrah / temah dadi gawening wong / wareg gunging wong misuh / yen keniya sagunging urip / aja anyupet basa / tuman dadi kumprung /wekas-wekasaning basa / yen wong lumuh ing sastra nora berbudi / ngalamate cilaka //
  30. // Iku mungguh prabote wong urip / mangka sampun samya kelampahan / salah siji kawignyane / bab tata kramanipun / angawruhi ing sastra Jawi / miwah aksara Arab / bangbune krahayun / salah siji wong agesang / aja lumuh ing sastra Arab myang Jawi / sokur wignya sadaya //
  31. // Yen wus rampung pratingkah ing budi / ingkang cukul sabab saking sastra / dipungemi pangreksane / basa pangreksa iku / eman lamun anemu sisip /eman tumekeng wirang / endi ta liripun / eman oweling agesang / salawase marsudi genya prihatin / aja ngungkurken nalar //

PUPUH III

  1. // Poma padha kawruhana / elingeling manungsane Hyang Widi / kang samya mangudi tuwuh / sadaya nora beda / tuwuh iku apan ta kathah liripun / ana cukuling sasawah / ana cukuling mas picis //
  2. // Ana cukuling derajat / atenapi cukul saking kasektin / myang cukul kawignyan luhur / ingkang satunggal-tunggal / awiwitan tan saking nalar kang busuk / undhake sing saban songan / amarga saking ber-budi //
  3. // Akeh lelepehanira / adat saking wuruke netra kuping / rahina wengi kadulu / da tansah kapiarsa / gunging urip sadaya pan amrih untung / untunge wong aneng ngonya / malah ta ginawa mati //
  4. // Nang donya nemu cilaka / neng ngakerat lestari kadya nguni / melarat kebacut-bacut / sayekti nora beda / malah-malah yen wong gesang durung nemu / wawalese nalar mulya / akerat mesthi pinanggih //
  5. // Ing saturun-turun tedhak / anglabeti saking penggawe becik / yen cubluk ing uripipun / anistha tur cilaka / neng akerat melarat kabacut-bacut / cures ingkang turun tedhak / ajember awon lan najis //
  6. // Kaojat saisining rat / sastra kidung pralambang miwah mingsil / aja pepeka mring kawruh / rumeksa nalar mulya / endi lire ingkang anjodheri laku / angangsaraken cilaka / ambubrah ing nalar becik //
  7. // Anom tuwa estri priya / gedhe cilik sudagar miwah tani / sanadyan kang bangsa luhur / yen ngambah bobotohan / adu-adu rerekan apuspingapus / kurang gawe wong agesang / dadya kasukaning eblis //
  8. // Wus pinesthi ngalamatan / sajeg urip tumanda digigingsir / yen wus nalutuh kepatuh / mungguh wong lara ayan / nora kena tinamban sangsaya gemblung / goroh cilakane muyap / lumuh seka liring kardi //
  9. // Lumuh penggawe mring Sukma / lawan lumuh penggawe marang Gusti / lumuh mikir somah sunu / lumuh tani sudagar / lumuh tata kramane wong ingkang urus / tan kena angambah praja / neng desa dadi waweri //
  10. // Kena wilalating jagat / wus pinasthi tan kena awor jalmi / ngakua mari tan tuhu / manungsa pepedhotan / lewer sember anduweni pirang wedhus / kekewan kena den ajar / botohe ra kena mari //
  11. // Marine lamun wus gombal / blejet lacuti narang ing sesami / judhegenya apus-apus / wus kepaten pesaban / dheradhasan kapipit adiling ratu / lamun nyekel dhuwit suwang / sakala akumat malih //
  12. // Tobate botoh keparat / ngaku mari yen durung den ulesi / sayekti aja ginugu / salawase neng donya / kuna mula yen bobotoh luput ngurus / kanyina ing solah netra / kalicatan awor jalmi //
  13. // Malih margane cilaka / yen wong urip nyenyekrok mamadati / anggegulang mangan apyan / iku bubrah ing tata / raga rusak bencirih mring karya ngepyuk / neng donya manggung sungkanan / umur ira mendap-mendip //
  14. // Yen koncatan lir wong edan / petagiyan cotho sabarang kardi / riyak umbel dadi mungsuh / luh barebes tan kendhat / perbahperbeh ngising lir pedhot kang usus / dalinding kaworan erah / iku aji tai anjing //
  15. // Keri animpal kewala / datan kena den umumken wong urip / yen wus nyeret pasang angkuh / kaya lanang priyangga / pangrasane sapa sira sapa ingsun / ngaku wong guna istiyar / wruh mring rasa kang linuwih //
  16. // Ing ngreka-rekane nalar / sugih sanak lawan wong saba bengi / pengrasa tan ana ratu / myang Allah Rasulolah / mung dheweke kang jumeneng tai basu / yen mendem nyeret gremengan / ngacemong kadi daleming //
  17. // Dhidhis sarwi salusuran / bliyarbliyur napase menggrak-menggrik / slonjor ngagir jegang timpuh / lamun wus mendem niba / den grijaga dene gajah wolung puluh / enak kepati anedra / wus lali lamun wong urip //
  18. // Iku panggawe cilaka / ina nistha kukumpra gembring baring / nora kalap karyanipun / mung mendem petagiyan / sak jeg urip nora kadunungan patut / datan angsal pangawulan / nora tepung ing sesami //
  19. // Sinarang dening kekadang / sagunging wong samya ngipati-pati / ajeber nguthuh tur rusuh / jereh ing ngadhep panas / jroning driya awedi yen nglunga nglurug / pinrih sabarange lepat / tan pegat mung karya ngising //
  20. // Yen tuwuk panyeratira / pangisinge limang jam durung uwis / mongkrong dangu prengat-prengut / nadyan ginebugan / tinabokan binanda sayekti nutut / nglakoni prentahing tinja / dhedhel mangkel langsru sengkil //
  21. // Yen koncatan panyeratnya / aneng paran kadya satengah mati / anglemprak sarwi amurus / tinja nurut wedi dang / medang-medong bolira amungap-mungup / nora lawan tinabokan / sumangga sirah sinikil //
  22. // Ala-alane manungsa / nora kalap ing sahwad ngapirani / prandene sengguh gumagus / meksa angingu rayat / kang sinuprih namung ngambil karyanipun / umuk katona wong lanang / sasap-sasaping ngaurip //
  23. // Dilalah kudu neng nraka / yen wong urip duwe reka madati / kasurang kadarung-darung / cures ingkang derajat / calimute tan mari luput sinembur / sanadyan ta wong wibawa / yen ngambah kalih prakawis //
  24. // Nadyan salah sijenira / lamun kocap bobotoh mamadati / tan kena ginawe hayu / sadulur jajal-lanat / wus tinakdir dadi buburoning ratu / ing karya sabarang cacat / dadi lesaning bilahi //
  25. // Upama dosa ing jagat / yen manungsa bobotoh mamadati / dosa lara kukum lampus / sedene dosa pejah / wus tan patut cedhak lan budi rahayu / kaojat bangsane setan / lir nabi mulad wong kapir //
  26. // Kocap ing dalil mukammat / jejembering manungsa kang sejati / manungsa kang kadya iku / setan makna wirannya / rupa jalma sejatine setan wutuh / aji kuwuk gagarangan / pinaten nora dosani //
  27. // pralambang kang wus kaojat / sastra kalih wijiling nugra jati / ewa semono den guru / marang wong rong prakara / nyeret bangsat datan patut malah lacut / gemblunge saya daluya / dadi paitan gegingsir //
  28. // Wong wibawa temah kumpra / sekti apes sarana dadi nisthip / nadyan guna dadi cubluk / sugih temah melarat / temen goroh ber-budia clula-clulu / pancen ayem dadi grangsang / wit saking kalih prakawis //
  29. // Madati lawan botohan / bapa babu nira penggawe eblis / wus tan kena pinrih hayu / jugul imuling ajar / kumprung pengung iku martabatan wedhus / lumuh penggawe mring sukma / dhemen dadi gembring baring //
  30. // Pramila dipuncegaha / aja amrih marang penggawe nisthip / wirang amumurung laku / murungken kanugrahan / kawruhana rumeksa ing raganipun / makluk saisining jagad / alenga nedya bilahi //
  31. // Yekti manungsa punika / sinung kacek lan sagunging kumelip / lawan kewan badanipun / manungsa pan sinungan / nampik milih istiyar durunge kuncung / aja nganti kaya kewan / wruhnya sawuse pinanggih //
  32. // Yen tan enget sangkan paran / nora eling urip wekasan mati / datan welas anak putu / satemah siya-siya / yekti nora amungaken raganipun / datan kena sinelakan / tedhak turunanglabeti //
  33. // Iku luwih siya-siya / kaleng aya marang kang kari-kari / sanadyan mring jasadipun / rusak tanpa kerana / awiwitan marga saking nalar busuk / mamadati lawan bangsat / katulatula ketali //
  34. // Nalutuh jembering jagat / donya kerat aneng ngisoring eblis / kerana manungsa iku / sinilih ing dad tolah / misah ngumpul kalawan sipat rong puluh / yen salah luwih cilaka / yen bener luwih kakasih //
  35. // Pitung bumi pitung wiyat / kamulyane kagadhuh wong angsal sih / beda lawan sanesipun / kewan lan thuthukulan / nora duwe siksa lan ganjaranipun / wus narima ing satitah / tur tan sinilih Hyang Widi //
  36. // Sanadyan para malekat / widadari tan padha lawan jalmi / namung pininta wani gung / seng pakone Hyang Sukma / dalil Kur’an kang kasebut kun payakun / sarupaning kadadeyan / kang gumelar bumi langit //
  37. // Tan luwih namung manungsa / sih ing sukma ngreh sinung nampik milih / nata pranataning tuwuh / anjaga jejeging rat / pa namung jim ingkang mirib karkatipun / puniku lamun jim Islam / nanging tan padha lan jalmi //
  38. // Mila lamun ana tindak / ngrusak urus dadya sukering bumi / sang ngarsa ranging tumuwuh / kena ing penagiyan / tan rumangsa kinarsan ingkang panebut / sinilih dening dad tolah / dilalah milih bilahi //
  39. // Sanadyan sami manungsa / mangka wonten pinilih dadya arsi / niyakaning reh rahayu / among saliring titah / pangkat-pangkat tinundha saundha usuk / nabi wali lan ulama / ratu satriya bupati //
  40. // Padhane sayekti padha / amung kari jejuluk ulul amri / ing ruhyad sampun kasebut / pethetaning manungsa / sadurunge kang bumi langit maujud / ulul amri wus pininta / marentah samining urip //
  41. // Urip sami ing uripan / saking amrih barkate ing sabumi / mila sagunging tumuwuh / aja atinggal nalar / sasar-susur yen kasurang tuman busuk / nora ngrungoake ujar / wuruke netra lan kuping //
  42. // Iku wong tan weruh warah / mungkir lamun Allah subkanallahi / wong jember wenang binunuh / gegedheging neraka / nalar iku luwih santosaning tuduh / kagunganira Hyang Sukma / prandene nora ngestuti //
  43. // Pamuji lawan panembah / saking nalar tuwuhe wong ber-budi / nora saking nalar busuk / gegembring tanpa Iman / dalil iman AIlahu ‘amal kasebut / nora kena sesembranan / sapituduh ywa ngunduri //

PUPUH IV

  1. // Eling-eling kang samya mangudi nalar / jalarane tyas arji / tan lyan saking sastra / plambang mingsil utama / ijemak dalil lan kadis / sampun kaojat / sinandhingan nugrah sih //
  2. // Kang kasebut ing dalem mingsil pralambang / tata kramaning budi / padha kawruhana / aja ina ing sarak / sarate wong golek becik / wajibing gesang / anyinggahi bilahi //
  3. // Aja kongsi lir wong kang padha cilaka / sadurunge amanggih / lelakone raga / napi mring kira-kira / lali yen Hyang Maha Suci / amise seng rat / ngudaneni sekalir //
  4. // Pengrasane nora ana apaapa / jampeng gogobog tuli / lali yen manungsa / winayangken mring sukma / rahina wengi lumaris / akethen yutan / peling mring manah siri //
  5. // Kang supaya den prayitna lalampahan / aja kongsi gegingsir / rumekseng tyas arja / aja tumibeng nistha / tur yen wus manggih bilahi / kang manah muyab / panrimane lir anjing //
  6. // Lekas lamun anggegulang panarima / kungsul kuwalik-walik / nyupetken istiyar / kumingsun ngaku pasrah / iku pasrahe wong gembring / narima ala / dadi jembering bumi //
  7. // Basa trima iku sawuse istiyar / istiyar iku katri / dhingin bangsa setan / prayitna barang ujar / kapindho anteping ati / kaping tiganya / barang pratingkah becik //
  8. // Yen wus kumpul nenggih kang telung prakara / ati terus lan angling / kanyatan pratingkah / amrih arjaning jasad / aja kongsi nemu sisip / yen wus pinasang / meksa kudu bilahi //
  9. // Iya kono enggone uwong narima / bahyanira pan uwis / iku kukumolah / adiling penagiyan / inguni utang bilahi / angrusak nalar / mulane analuri //
  10. // Utang piutang kathah kang karya sabab / weneh utange kaki / bapa lawan biyang / sedene raga dhawak / Allah jumeneng lan adil / wong utang samar / padha samar nawuri //
  11. // Lamun uwis kapungkur ing adilonglah / panrimane den becik / kang sampun kaliwat / iku wajibing gesang / aja nganti tuman lali / manungsa salah / panrimane kuwalik //
  12. // Gaib lair winor lan kang wus dhumawah / iku trimaning eblis / dhemen aneng nraka / tan jamak ingsasama / kajungkel kuwalik-walik / iku lemprakan / satemah murangmuring //
  13. // Kekes ngenes angrasula ing kukummlah / wong maoni mring dalil / nacat kodrat tolah / saya sinungan lanat / wuwuh sasauring adil / pa gene datan / ngawruhi nalar becik //
  14. // Jer cuwere nora ngrungoake ujar / slewengan kaya genjik / tuman kalicatan / doh lan wong berbudiman / ulate biyas tur isin / ceceplos mata / nora niteni mingsil //
  15. // Jeroane wus kebak akale setan / walet petenging ati / sayekti Hyang Sukma / asu lanat mring sira / kadi wong den piranteni / datan rumangsa / kinarya insan kamil //
  16. // Loatira manungsa yekti sampurna / sapraboting ngaurip / pan wus pinaringan / tan kinen kadi kewan / yen wong cilaka ing ati / jembering kewan / meksih jember sujalmi //
  17. // Kerantene ywa isi nungsa waratan / tegese wong ngaurip / ywa pegat sumantan / tatakon tekironan / endi kang amrih basuki / arjaning jasad / cacawis sih ing Widi //
  18. // Datan wenang sumengka pengawak braja / munajat lawan Gusti / kang ama amung lya / tuhu tanpa lawanan / beda lawan para nabi / saliring tingkah / amung anyenyadhang sih //
  19. // Nora susah abicara endah-endah / lawan ingkang pangarti / tan liyan amriha / kaslametaning raga / sangkane saking ber-budi / mantep ing tindak / tanduk panggawe becik //
  20. // Wus pinasthi sinung mulya dening Sukma / sinung pituduh luwih / rehning sipat samar / Allah kang murbeng alam / amesthi mawi sisilih / saking manungsa / jalaraning nugra sih //
  21. // Datan ana parentah kinen menyunyang / mring samaning ngaurip / kawulaning Sukma / endi kang ahli ywa / ahli tapa ahli supi / ahli mring nalar / ahli kirkating dalil //
  22. // Wus sinrahken mring manungsa kang kinarsan / endi lire pinilih / kocap yen manungsa / punjul saking sesama / pratandha lamun angsal sih / pangkate ana / kocap ing dalil kadis //
  23. // Kaluwihan ing Hyang kang aneng manungsa / mukjijat mungguh nabi / kramat walilulah / mukmin ingran mangunah / istijrat mungguh wong kapir / ingkang sinungan / dudu wong cupet budi //
  24. // Basa nabi ratu gegentining Sukma / wali para kekasih / mukmin kang santosa / kapir mungkir agama / prandene yen mantep ati / sinung istijrat / luwih saking sasami //
  25. // Mila lamun manungsa sru pangudinya / amesthi sinung luwih / mring Allah tangala / pramila ywa pepeka / gumampang mring wong angsal sih / tan wurung sira / kena dhendhaning Widi //
  26. // Wonten malih andonga luwih istijab / basa istijab mandi / kaping kalihira / dhingine babu bapa / leluhur kalangkung mandi / ampuh dunganya / dongane wong sesirik //
  27. // Labetira kakenan penganiaya / ping tiganira malih / pandongane arwah / kubur marang wong gesang / pramila tan kena lali / mingsil pralambang / tamba pepeting ati //
  28. // Kerantene kena ingaranan tamba / sagung ngilmuning Widi / kang gumlaring donya / jer sapetenging driya / sayekti iku sekit / angrusak akal / imane rontang-ranting //
  29. // Ingran iman eling marang ing pangeran / eling sarira dhiri / eling ing pratingkah / eling arja myang rusak / eling iku dudu lali / sarat ginulang / ngestoken nalar becik //
  30. // Basa ngelmu iku nalar kang prayoga / iman estuning ati / kocap ing dalil nas / sarupaning agesang / nora kena tuman lali / sarat ginulang / marang ing nalar becik //
  31. // Ngran dalil nas iku andikaning Allah / rampung tur wus pinasthi / nora kena ginggang / pramila gunging gesang / kudu milih nalar becik / estuning ujar / aja maido dalil //
  32. // Lawan aja maido kadis ijemak / tuwin pralambang mingsil / yekti nora kena / iya kinaya ngapa / gelem nora anglakoni yen gelem mara / lakonana den aglis //
  33. // Lamun lumuh wus mesthi tumekeng pejah / dudu umating Widi / golek Allah liyan / tan kena ngambah jagat / bawah angin atas angin / saubenging rad / tan kena den lindhungi //
  34. // Iku jalma tekad watu kadi setan / cilaka becik anjing / nadyan kang babathang / tan kena ngambah lemah / jer kagunganing Hyang Widi / manungsa muyab / alane terus ati //
  35. // Dene lumuh marang penggawe kang mulya / manjing pratingkah eblis / yen sampun kadriya / sagung kang winicara / ing serat pralambang mingsil / sagunging gesang / tan kena ngaku tan wrin //
  36. // Nora kena tumindak lan wuta mamak / nadyan wong gedhe cilik / estri miwah priya / sagung manungsa gesang / witne kang samya angsal sih / kinen waspada / mring Hyang kang murbeng bumi //
  37. // Kocap sidik amanat tableg ingaran / wajib tigang prakawis / pikukuhing iman / tiga malih ingucap / kiyanat kitman lan gidib / pecating iman / dumunung sihing Widi //
  38. // Iingran sidik temen pamicara panggah / bener pratingkah becik / anrus marang kena / amanat tyas pracaya / amantep tur wani mati / datan was uwas / nglabuhi tyas raharji //
  39. // Ingran tableh angestokaken ing nalar / migateken ngreh becik / sengkut kandel manah / iku ugering gesang / nora kena minyak-minyik / wong ulah nalar / tiga praboting budi //
  40. // Malih ingkang dadya marganing nrubigsa / jejember setan gembring / kang aran kiyanat / jail pengarah muyap / nora urus becik anjing / jubleging manah / bahyani tyas gumriwis //
  41. // Ingran kitman kang angumpet kasat mata / sat mata-mata lali / clemer darbeking lyan / ngalalken tanpa ekrar / andlemer lir babi gundhik / aselingkuhan / tan wruh mring nalar becik //
  42. // Ingran gidib goroh ing sabarang ujar / jeroane gigingsir / ucape keparat / tan nena ing ugeman / beda lambe lan ing ati / setan alasan / meksih ala wong gidib //
  43. // Luwih ewah akarya bubrah ing manah / gegedheg poring eblis / wong ngrusak dad sipat / iku tan kena ngambah / sesuker tigang prakawis / satruning Allah / kiyanat kitman gidib //
  44. // Beda lawan sidik kalawan amanat / tableh praboting ngurip / budi trusing sukma / iku ingkang linakyan / nora tampik wong ngaurip / tan kena ginggang / sidik amanat tablih //
  45. // Samantara amesthi katur Hyang Sugma / sakedhap gya tinulis / dening kalamulah / suwe gebyaring kiblat / sanadyan kerteging ati / padha sakala / lawan tetesing tulis //
  46. // Ingran kalam iku andikane Allah / basa kalam kakalih / kang dhingin muktada / kapindho kalam mubram / muktada ingkang piningit / mubram kawentar / labet pujining dasih //
  47. // Krenteg nyana tinulis kalam muktada / puji pratingkah lathi / tinulis ing mubram / pesthi tan kena ginggang / nora kena wedi-wedi / tan kena tuwas / manungsa amrih luwih //
  48. // Luwih iku namung ngulihken titipan / rumangsa yen sinilih / dening ing dad sipat / lawan kang asma apral / dad ana sipat kang warni / kang asma apral / iku obahing jisim //
  49. // Pinituduh karya arjaning buwana / karya arjaning ragi / arjaning sasama / jangkep tigang prakara / sakawan kunjuk ing Widi / iku manungsa / tetep rumangsa dasih //
  50. // Kang saweneh ana anggep jajal-lanat / karya ngampung gigingsir / mapanaken akal / guguru setan pecak / kiyanat kitman lan gidib / ingkang den angkah / kiyas karsaning Widi //
  51. // Mirit saking fakat drilan dzatsaraha / untung ala lan becik / sing Allah tangala / pramila milih ala / yekti tan prentah Hyang Widi / menggawe ala / wong gendheng ngampung ngelmi //
  52. // Sajatine untung becik lawan ala / saking Hyang Maha Suci / denirarsa mikrat / nyandhingi lara nikmat / nikmatan sinung wong gidib / ingkang sinungan / yekti wong kang angsal sih //
  53. // Lamun milar ngambil ar insanusyara / myang fa inna syarrihi / rasaning manungsa / kang duwe mring Hyang Sukma / rasaning Hyang Maha Suci / aneng manungsa / iku wong nyolong tokit //
  54. // Candhak rawud kinarya bandha musibat / dadi men kandel ati / tan mangkono lirnya / rasaning Hyang Kang Mulya / tambas sumuk wong ber-budi / rasaning titah / kaudanen ing Widi //
  55. // Beda gawe kinarya ngampung musibat / iku praboting tegbir / latul lawan ekram / sabil mangesthi pejah / jatine manungsa luwih / ingkang ginanjar / dudu wong gembring baring //
  56. // Yen wong gembring duraka dunya akerat / wajib dipunjuwing / pinurat sinempal / den jur cinacah-cacah / ingobar awu den ungsir / barat limengan / ing tengahing jeladri //
  57. // Dosa gedhe satrune kang murbeng alam / satrune nabi wali / mukmin lan nalendra / bupati lan satriya / sagung kawulaning Widi / sapa uninga / den kebat anandangi //
  58. // Sabab dene uripe lir berkasakan / merkongkong nyilih ragi / lumaku den ruwat / beda wong ber-budiman / pra malekat ngrekseng budi / sapa uninga / setane mlayu gendring //
  59. // wus dilalah ala tanpa sah utama / destun unggul kang wiwit / nengahi kasoran / wekasan mesthi tiwas / tiwase katempuh dhiri / rusaking jasad / marga tan den kawruhi //
  60. // Pramilane den emut ugering gesang / dadya sundhul lelangit / kabudayanira / sektia mandra guna / ngajia den kongsi miwir / den kadi dhalang / denira marna ngelmi //
  61. // Nora suwe manungsa sagebyar kilat / antep gingsiring ati / yen mantep trus mulya / yen ginggang sanalika / tinempuh bebaya prapti / imane pecat / pinancingan brengkutis //
  62. // Lamun nora ginulang kumudhening tyas / rikuh tur isin-isin / yen tuman manah was / dadi sawiyah-wiyah / ngreksa kagunganing Widi / praptaning ajal / kudu angati-ati //
  63. // Angling ngucap punika praptaning ajal / dadya pratingkah lair / sayekti tan beda / tur sami sanalika / kalah kedhap antep ati / tinabok datan / sumedya anggetihi //
  64. // Kari eling rineksa imane mulya / wanuh winenang wani / yen sampun ginulang / ginelung lenyep ing tyas / nora malik tangguh siji / wong sura panggah / wong jereh jejemberi //
  65. // Beda lawan wanuh wanining winenang / wanuh pinawor ing sih / wenang sinengaja / wani mangsah pracaya / anglakoni karya becik / teruse manah / ngemban khadirat suci //
  66. // Nora nana undha usuke wong eklas / pratingkah trusing ati / ati trus paningal / ngestrenan ing pangeran / sureng tyas amukul sisip / kedek katimpah / kapiles tanpa kongkih //
  67. // Endi lire kamudhining tus santosa / sidik amanat tablih / reringkesing rahsa / temen mantep wigatya / babakune iman suci / datanpa lawan / ing urip tekeng pati //
  68. // Ila-ila ujar pituturing sastra / sing amral sanusiri / trusing dalil Kur’an / linaras babuning tyas / katersandhan praja niti / mingsil pralambang / winestu anyekteni //
  69. // Nora bakal kumpra nglawan berbudiman / kadya minyak lan warih / kalis sak jeg ira / nanging ta aja ina / pitutur kang amrih becik / lawan dalil nas / kadis ijemak mingsil //
  70. // Wekasane ngudheg pepete ing akal / saking denira langib / kawulaning Allah / trima dadi jenggesan / den temen antep ing ati / lan aja ngambah / ajail ing sesami //
  71. // Ywa calimut lan aja goroh ing ujar / lan malih toging urip / peng-penganing tekad / tan kena api ora / gerget saut bandha wani / ywa dadi berak / yen wani iku becik //
  72. // Aja nganti jalma anggulang manah was / was-was manuting eblis / yekti nora bakal / ing prana iman rusak / nalar wedi dadi silip / wong jereh jarah / jejeroane sepi //
  73. // Jalma manah yen ta kenaa ingaran / ngreh krasa panas perih / enak lan kapenak / nadyan anjing kawilang / ambeg jegug lawan wani / sukur oleya / angalap raja peni //
  74. // Kabutuhe nyakot jegug lan ambetan / kabutuhira malih / nadyan tan ambetan / anjegug nora pisan / mung wani anyakot genjik / nora kabuwang / ngambah lataring jalmi //
  75. // Witne asu datan jegug lan ambetan / tan nyokot tur gegudhig / kuru sengkoyongan / tinimbang lan wong rucah / sawiyah-wiyah ing urip / becik srenggala / lawan wong jereh ati //
  76. // Kari kena pinitayan mangan tinja / lan kekompra gegingsir / ajereh manah was / tan etung tanpa ilat / datan wani padha siji / pan dududu titah / urip pengawak tai //
  77. // Padha ala amesthi becik srenggala / mula sagunging urip / padha gegulanga / aja tuman lir tinja / apa jereh apa wani / yen jereh mara / tan wurung den pateni //
  78. // Yen wong jereh awedi-wedi manah was / tumindak lan kuwatir / pengrasa istiyar / ngalingi ingkang jasad / tyas sira pan ora isin / apendirangan / sajake minggrangminggring //
  79. // Kang saweneh gorohe angayap-ayap / pengrasa wus tan keksi / jatine kuwangwang / mendhak kalingan padhang / krentegke saya dumeling / nadyan menenga / iku enenging tai //
  80. // Mengok-mengok ketrajang jembere mubal / gubras ciniri-ciri / ing sacandhak-cadhak / denira buwang tilas / tur wruh tumindak lan silip / pan wus jinarag / sedya tangis bilahi //
  81. // Gruyah-gruyuh anggendholi tawangtowang / kepleset tiba dhiri / sapa ingkang tiwas / iya wong kang sugih was / sawiyah wong den gorohi / dimene sasar / ing seja aja prapti //
  82. // Dhemen ngembet-embet nalar kaluputan / amrih katon dumeling / awake wong limpat / rekane wus den anam / nemua becik pribadi / tan wurung tiwas / tinagih wong sabumi //
  83. // Arjaning rat arjane jagat niskara / arjanireng pamuji / sing sura nrus bisa / basuki amrih mulya / tanpa lawan wong ber-budi / mantep ing tindak / tanduk panggawe becik //
  84. // Dalil jalal jamal kamal lawan kahar / rerengganing Hyang Widi / jalal kaelokan / jamal agung tegesnya / kamas sampurna prituwin / kahar misesa / kunjuk ingaras kursi //
  85. // Barang gawe pangucap pratingkah arja / yekti dadi pamuji / tinarimeng sembah / anjunjung kaluhuran / angagungaken ing Widi / paesing iman / reruba ing tyas eling //
  86. // Wus pinesthi pamangsul ing tyas raharja / temen-temen winorsih / pinarcayeng Sukma / kandel datanpa sama / yen wus kandel apa pinrih / sasedyanira / jinurung tan ngluputi //
  87. // Nora kena manyak-minyak kang panembah / wedi was-was kuwatir / kumitir tyas bubrah / dudu empaning sembah / lan guna satata prapti / namung ngaraha / ber-panggah sura wani //
  88. // Ber lan panggah sura wani pan ingaran / ber pangarah linuwih / murka mring raharja / ngangahangah bekmulya / panggah kukuh ing pamuji / santosa dhadhag / gemi mring nalar becik //
  89. // Sura wani anggatekaken mring nalar / nora narima gembring / nglabuhi utama / ngedohi ina nistha / wani tan kewuhan pamrih / tan ulap ing lyan / tan wedi padha siji //
  90. // Saking kudu anyuthat akale setan / pramila lamun keni / aja milih ala / wajip milih utama / apes-apese wong urip / nora kudua / ingaranan wong becik //
  91. // Mung bisaa tetep ingaranan jalma / aja ingaran tai / endi lire tinja / jegogos sira ana / kasebut tlotok ing jalmi / abelarongan / mila ingaran tai //
  92. // Gubras bacin nora sinandhang priyangga / sagunging wong mrangguhi / mimisuh sadaya / nadyan sisingidana / ambune anduleg sisip / tansah den ucap / sedene kang angising //
  93. // Wong delondong bok iya anganggo pernah / tan wruh kaciprat najis / dumadak jinarag / teka nora rinuwat / pramila sagunging urip / balane datan / sinandhang raga dhiri //
  94. // Bapa babu kaki nini melu kambat / rowang tatangga sami / anak putu miwah / weruhnya wus gegubras / rusak ingkang praja niti / bubrah ing nalar / awit gedublong siji //
  95. // Nora mirib tinibang lan purwanira / anguntragaken bumi / nugraha ruhara / mumurung sihing Sukma / sanadyan terus syargadi / myang dhindhing jalal / camah sing tlotok siji //
  96. // Para arwah wahyu myang para nurbuwat / malekat widadari / sagung sipat samar / aestu langsung lanat / mring wong urip ngaku tai / gedublong kompra / datan weruh ing becik //
  97. // Titi tamat kang serat mingsil pralambang / jaman ingaran gembring / kang darbe tetilas / punjul samaning titah / dyan rongga ing maespati / siwaya nata / mantu Sri kaping kalih //

@@@