SERAT SUKMA WIWARA


SERAT SUKMA WIWARA

Serat Sukma Wiwara

Amarsitakaken sarta pratikel ingkang anjalarri gampil anggénnipun anglampahi pitedahing ngélmikasampurnan sarta pamilihing tetedhan ingkang sarinipun andamel pepering luamah tuwin amarah. Pipiridan saking pangandikaning Gusti ingkang kamot dalem Kuran sarta piwulangnging para nabi tuwin wali, tuwin serat-serat téyosopi, punapa déné anyariyossaken patrap sarta roas ingkang karaos ing dalem semédi.

Kaanggit déning:

Radén Harja Saputra

Pésiyunan Assitén Koléktur Apyan Rêsi

Ing Wannagiri

1e DRUK

Kawedallaken sarta kasadé déning

THAN GUN SWI

Ing Kediri

1928

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 31 Januari 2022

@@@

Isinipun Serat : Serat Suksma Wiwara

  1. 1.  Adegging manungsa,

2.  Watakking badan-badan ingkang dados adegging manungsa,

3.  Tetedhan tuwin pratikel ingkang anjalarri alus watak watakkipun badanning manusa.

  1. 1.  Kawontennan ingkang anukullaken kekencengnganning karsa,

2.  Anyumerêppi sapinten bablassipun tebaning badan badanning manusa,

3.  Bab sawangngan gaib,

4.  Lapal makna, murad maksudding dalil-dalil Kuran.

  1. 1.  Pangandikanipun rasul bing su, nerangngaken ingkang dados kreteg ing antawissing badan jasmani tuwin kéwani,

2.  Bab Gusti Allah anggénning anitahaken manungsa, badhé dados wakil amranata isining bawana,

3.  Bab solah tuwin pikajengannipun salat gangsal wektu,

4.  Bab ngupaya kadunyan dados sarananing ngabekti.

  1. 1.  Bab dhawuh piwulangngipun Sang Buddha tumrap kabudan,

2.  Bab piwulangngipun Sang Jagad Guru dhateng Sang Kresna Murthi.

  • 1.  Bab piwulang ingkang anjalarri sudaning angel anglampahi salat Jumuah, salat Kaji, salat Wusta, tuwin salat  Ismungalim,

2.  Bab rékadayanipun angresikki ébahing manah ingkang léréggipun dhateng kahardan,

3.  Bab ajining pakarti kalahirran tuwin kabatossan wontennipun ing satunggal tunggalling alam,

4.  Bab patrap tuwin raos ing dalem semédi.

BUBUKA

Sadangunipun kula wonten ing Wanagiri, saben dinten ingkang katemtokaken menawi boten kepambeng punapa-punapa, ajeg sami saraséhan bab kawruh kasuksman sagadug-gaduggipun kaliyan para sadhérék lidding pakempallan téyosopi, wonten ing lose téyosopi Wanagiri, ing antawissing para sadhérék wau, anuju satunggal dinten wonten ingkang sami amedharraken raossing manahipun inggih punika sasampunning sagadug-gaduggipun mangertos dhateng séléhing kawruh, teka angel anggénning anglampahi.

Wiwit kala samanten sarta salajengngipun bab ingkang makaten wau tansah dados pamanahan, awit kajawi kapora yektos sagaduggipun gampil dipun ucappaken nanging angel dipun lampahi, ingkang mesthi para sadhérék dalasan kula saking sakedhik sami ambetahaken lampah. Sadumugi-muginipun para sadhérék wau, ugi sami urun pamanggih, piwulang ingkang anjalarri widada ing lampah, kadosta: kedah rosa karsanipun utawi pandhengnging benang titiga, inggih punika, benang pangangen-angen benang karsa, benang nglampahi sapanunggillannipun, éwa samanten para sadhérék meksa adreng karsanipun supados kula angimpunna piwulangnging para sukci ing bab punika, lajeng karêmbag ing sadhérék kathah.

Saking kumedah kedah kula angleganni panggubelling para sadhérék kathah, tuwin anyekappi betah kula piyambak wekasan lajeng andhapuk piwulangnging para sukci, kula wewahi pamanggih kula, wekasan dadosserat nama : Suksma Wiwara. Pamuji kula rinten dalu, mugi-mugi serat punika, atas asmanning Gusti, ambrekahana dhateng sadhérék kathah.

Ingkang nganggit:

Harja Saputra

— @@@ —

[7]Ing ngandhap punika saraséhannipun

cantrik jathi pitutur, kaliyan sutannipun nama Sudarsana,

Anglajengaken bab kawruh kasuksman ingkang sampun kocap

 ing Serat Warat Maya jilid 1 tuwin 2. 

Cantrik jati pitutur. Kapriyé enggér, apa wis bisa topa, mungguh surasané piwulang kang kamot ing laying warat maya jilid 1 tumekan jilid 2.

Sudarsana. Sanadyan déréng nyakup sadaya, éwa samaten kados kados sampun kathah ingkang dados pamarêmming manah. Nanging sasampunnipun mangertos sarta tampi menggah surtaossing piwulang, ing ngriku kula angsal kaya kinnan manawi wonten betah ageng ingkang anusulli, ingkang suwaunipun boten kenyanan inggih punika bab anggénnipun anglampahi. Suwaunipun kula gadhah panginten uger sampun mangertos ngélminipun mesthi lajeng saged anglampahi, boten béda kados kawontennanipun kawruh ingkang kanggé anggayuh kadunyan kados ingkang sampu kula sinau, sata kula tindakken praktikkipun,malah boten kirang para ingkang angregem kawruh kadunyan kados ta para garap partikelir tuwin dhines ingkang sami nindakkaken kawruh punapa déné prétah ing kuwajibannipun sami dipun alemba[8]na ing lurahipun sabab saking anggénning nindakkaken praktik kaliyan téyori laras, saking larassipun malah kathah ingkang tampi kanugrahan awarni medhali, sesebuttan song-song tuwin sanéssipun, kula piyambak sakedhik-sakedhik ugi sampun anindakkaken praktik kala-kala ugi andadossaken panarimahing lurah kula, nanging sarêng nyoba nindakkaken téyorining kawruh kasuksman rumaos judheg trimah among badhé nglampahi suraossing piwulang namung kalih wanda kémawon ing kayektos terussing manah, meksa wangsul ing margi, boten kadumugén ing mongka kula sampun ajeng sata rêmen sayektos dhateng suraossing piwulang wau, upaminipun: sabar. Manawi pinuju thenguk-thenguk énget dhateng kasukciyan asring mirêng kasagahanning manah kula, bahdé anglampahi sabar, sarta mawi anedahaken piwulang-piwulang ingkang anjalarri saged dados sabar. Kalasamanten kula bingah déning kasagahannipun sajak permati, kados sampun boten ngapintenni. Déréng sapintenna dangunipun kaliyan anggénning sagah, malah kala-kala among elet menittan manawi katrenjuhing sabab punapa kémawon ingkang boten andadossaken rênanipun boten sumerêp pinangkanipun sumerê[9]p-sumerêp sampun mubal, kasagahannipun ingkang kentheng-kentheng boten wonten nyatanipun wongsal wangsul among kndel wonten ing kasagahan.

Awit saking punika, saréhning kula kap éngin yektos saged anglampahi dhawuhing ng élmi terussing batos boten pulassan ing mongka sampun kula coba wongsal wangsul tansah tanpa wasana, mila mugi kersa aparing seserêpan punapa ingkang saged anjalarri kasembadan.

Cantrik Jati pitutur. Yén tumrappé aku kaya luwih prayoga weruh marang angéllé, tinimbang ora diweruhi, adhakkanné kalebu ing paribasan angempukkaké watu, lan amracihnanni yén durung ngerti temennan mungguh karêppé wong ulah kawruh kasukciyan.

Saréhné wis dibasakaké tétéla Manawa angel kalakonné, mulané kudu sing saréh, sing ngati-ati, sing titi, sing gemi oléhé ngupaya margané bisa kasembadan sing teteg sing tlatén sing tulus sing memet oléhé amétanni marang sakéhing sabab sabab kang anjalarri pamurungnging sedya, marga ing dalem Kura nana dalil pangandikanné [10]Allah, paring dhawuh Manawa sajronning Kuran akéh ayat cetha pirang-pirang, kabéh iku dadi babonning kitab lan uga akéh ayat kang surasané samar. Déné wong kang atiné ambelasar, banjur padha milih ayat kang surasané samar-samar mau, pamrihé dianggo maéka nasarraké uwong, lan di surasa karêpé dhéwé. Kang mangkono ora ana kang sumurup marang surasané ayat kang samar mau, kajaba Gusti Allah kaya kang wis kocap ing layang warat maya jilid 1. Rumongsa abot kang mangkono mau, ora andhéwékki, sing akéh nanging kang temen-temen sumeja kadunungngan kasukciyan sajati, pancén ya ora béda sambatté, sanadyan aku ya mangkono uga.

Saréhné ing dhwur wis prasaja Manawa aku dhéwé durung kadunungngan kasukciyan kang sajati, destun lagi sinau, mulané wis masthi baé ora bisa akéh pituduh apa kang dadi margané anggampangngaké laku, nanging saréhné aku katempuh dadi tuwa, kawoggan mulang muruk marang anak mulané gabug hos mung trima luwung, minongka dadi panganti-anti tumekané mongsa kala, ana marmaning gusti oléh juru pituduh kang sampurna kawruhé. Ya coba-coba, mulané piwulang kang bakal dak a[11]ndharraké, manawi ing buri kurang pigunané, utawa kurang rêsik prayoga aja dikukuhi, tegesé prayoga di kurangngi lan di wuwuhi, nanging Manawa bisa nerangngaké nganggo pasaksén lan wawaton kang cukup, kosok baliné Manawa ora cukup katrangnganné, piwulangku iki kena dirungkebbi, sabab satemenné piwulang kang bakal dak andharraké mau, dudu metu saka panemuku dhéwé, anging wiriddan saka kitab Kuran lan buku-buku yasanné para wali.

Saka panemuku kang dadi sababbé angéltumindak kang praktik mau warna-warna, no. 1 mungguh kanggo angungkabbi kawruh kadunyan lan kasuksman iku pada baé, ora liya mung nalar utawa utek sing sapa nalarré landhep mesthi bisa ngungkabbi barang angel, nanging kang nindakkaké kawruh kang séjé. Watakmu isih miring marang kadunyan mongka kawruh kang dilakonni tuduhé piranti kang kanggo angganthol kadunyan wis masthi baé tumindak tanpa sangsaya, marga laras karo watakké, malah nglungguhi babasan geni oléh urub-urub, barêng tumindakké kawruh kasuksman sulaya karo dhasarmu, watakmu marang kadunyan pakonning piwulang dikon mungkur, dadi sulaya karo dhasarré, mulané cengkah ngalor karo ngidul, sabab kang mang[12]kono mau kang perlu di titi pariksa kang bakal anglakonni, sabab iku kang bakal nyambut gawé, Manawa durung laras karosing bakal disambut perlu dipun diupakara dhisik, saranané kudu aniti pariksa kang salesih, ungguh wijang-wijangngé adeggé badan pakoléhé Manawa wis weruh temennan dunungnging sawiji-wiji, bakal anjalarri marêm tan mathem wekassan anukullaké santosaning karsa, Manawa karsa wis santosa, kang marga saka kayakinnan samubarang kang kinarsan dadi. Coba cocogna karo kahananmu dhéwé, sakéhé panggayuh kang kasembadan iku mesthi sinartan karêp kang santosa, yén kasepén siji iku sayekti tanpa dadi. Déné thukullé karsa kang rosa, sabab ambutuhaké (butuh), tukulling butuh sabab saka yakin mulané perlu kudu yakin ing samubarang.  Ing dalem Ku’ar ana pangandikané Gusti Allah kang kamot ing surat Baqarah “Alladzina jumina billgaibi wa jikinuna ccalata wa mimma razaqnahum jufikun” tegessé: sira pada pracayaha marang kahannan kang gaib lan sira padha ngibadaha, lan sakéhé paparingngingsun marang sira, wratakna marang bangsamu, sarana niyatta ngabekti marang ingsun, barêng ana pangandika kang mangkono, rumongsa padhang ilang pepetengnging ati, nanging barêng ta[13]k rasak-rasakaké saya jero, ing kono banjur buntu manéh, marga saka ayat kang tegessé mangkéné: pracayaha sira marang kahanan kang gaib, lo, kuwi keplassé marang ngendi, yén kang mangkono mau ateges kita kudu pracaya marang Allah, anané malaekat marang lokhil makful lan sabanjuré, iku wis dipacak ana rukun iman nem prakara. Upamo mangkono karêppé dalil mau, rasané atiku durung sambung karo dalil kang kocap ing dhuwur, ayak ana surasa liyané. Sajron aku thenguk-thenguk ngrsakaké  dalil mau, banjur kathukullan gagassan éling marang dalil kang muni mangkéné: “Man arafa nafsahu arafa rabahu” = sing sapa weruh marang pribadiné, yekti weruh marang Allahé, lan “A’linsanu sirri, wa anna siruhu” = sirri ra iya sir ingsun, sawenéhé wong ana kang kléru panampané tumrap tegessé tembung: yekti weruh marang Allahé kéné ateges meruhi, ngéstokaké, ngimannaké, déné Allah tétéla ora kena dinulu, dadi tegessé manungsa iku wajib meruhi ngéstokaké, utawa bekti marang kang gaib ing mongka dalil kang kapindho kang kocap ing dhuwur mau mangkéné: “wa yukimuna shalata” tembung salat iku tumrappé wong lumarah ateges salat limang wektu, ya dhasar bener Manawa salat limang [14]wektu iku uga panunggallanné ngabekti, jer sajroné salat limang wektu mau, wajib ing batin kudu sumungkem ngabekti gusti. Saréhné mired dalil-dalil ing dalem Kuran piwulang-piwulang téyosopi, layang déwa ruci lan liya-liyané, apa déné sambungé karo dalil-dalil kang wis kajarwa ing dhuwur, manembah iku kudu weruh dunungé kang sinembah, marga yén ora mangkono, bok Manawa baé méh padha karo nyembah marang kayu watu. Ing kono banjur kathukullan rasa pangrasa sumeja nyatakaké dunungngé Sang Pribadi, kang wajib di éstokaké. Saranané kudu meruhi marang adegging manungsa, kaya kang wis kajarwa buku piwulang téyosopi. Apa déné angVlingngi marang wawatakkanné badan badanning manungsa, kang pamanggonné marang mangan énak turu kapénak awak kapénak wibawa mukti, sugih raja brana, pangkat gedhé, suwur, pangaji-aji, nganakaké kang sempulur sempulur. Kang lumrah kang ditengennaké wong urip kalebu aku, ya mangkono iku, dadi ngétokaké watakking badan-badan apa sababbé kang akéh ingkang mangkonono?, kira-kira kajaba angel oléhé nyinggahi, uga kagawa saka durung yakin temennan mungguh wijang-wijangngé adegging badanning manungsa, lan durung mangerti temennan mungguh sé[15]léhing ngélmu, wekassan tuna dungkap oléhé nampanni. Slingsing nganning panompa, mahannani kléruning panindak sabab Manawa wong wis mangerti temennan marang séléhing pituduh, aku méh wanimesthékaké, sanadyan ora sakala banjur sukci urippé, apessé ora ambandhang. Coba ayo padha ngrasakaké teges lan séléhé tembung: sira padha pracaya amarang kang gaib paparingngingsun padha sira wratakna marang bangsamu, nékadna ngabekti marang ingsun, yén mungguh saka panyurasaku, tembung pracaya utawi ngimannaké iku ora cukup kaya wong lumrah enggonné pracaya lan ngimannaké marang Gusthi Allah, para malaekat lan sabanjurré (rukun iman nem prakara) kang lumrah oléhé pracaya  mau mung marga krungu kandhaning liyan, yén oléhé pracaya mung sabab kaya mangkono baé, aku wani mesthékaké durung pracaya temennan tumrap wong lumrah, durung bisa anjalarri ngimannaké utawa ngéstokaké kang dadi karsanné. Apessé kudu ngerti utawa duwé kanyatahan ing kono lagi santosa oléhé ngéstokaké, wujuddé yén pracaya marang anané Allah iku angéstokaké terus ing ati apa kang dadi karsané (ora mung lahir baé, nanging barinné rêged), déné [16]kang tinembungngaké pracaya utawa angimannaké marang lokhilmakpul iku, Manawa ana sajronning panandhang ora anggarantes (ora mung lahir baé, nanging trussing batin), kosok baliné yén pinuju kabegjan ora mbadhedheg ora béda mungguh piyandellé marang kang gaib.

Barêng gagassan tumeka ing kono rumongsa padhang manéh, banjur sumeja angungkabbi kang gaib awawaton kitab-kitab téyosopi, piwulangngé para panuntun, sabab Manawa manungsa wis yakin marang Sang Pribadi kang ana telengngé adegging urip mesthi sandyan mung sawatara ancassé urippé banjur séjé tujuwanné, yaiku sumedya anut marang karsané Sang Pribadi, ora miturutti pakarêmmanné badan badanné, apessé anyunyuda, marga banjur mangerti bédané kang dadi karsané Gusti, lan karêppé badan-baanné. Mulané No.2 perlu angglédhahi badan-badan golékkana socaning jiwangganira. Ing layang wédhatama anggittan dalem suwragi Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Harya Mangku Nagara ping IV, uga ana piwulang kang laras karo pribadi: “……. Balik sira sarawungan baé durung, mring atining tata krama, gon anggon agama sukci” socaning jiwangganira, pan katatara lamun pocappan pasthi, lumuh asor kudu unggul sume[17]ngah sosongarran yén mangkoné kena ing ngaran katungkul karêm ing réh kaprawiran ora énak iku kaki. Kekerranné ngélmu karang, kakarangngan saking bangsanning gaib iku boréh paminipun tan rumasukking jasad among anéng sajabaning daging kulup yén kapengkok poncabaya, ubayané balénjanni.

Saréhning ing Layang Waratmaya jilid 1 wis tak terangngaké mungguh wijang-wijangngé pribadi, dalasan badan-badanné, mula ing kéné kaya-kaya kurang perlu tak amballi manéh cukup mung tak wuwuhi katrangan sathithik baé.

Sudarsana: Kados pundi terangngipun sang pribadi, sarta kados pundi dayanipun tumrap anyantosakaken karsa dhateng ulah kasampurnan ingkang wekasannipun saged anggampillaken lampah.

Cantrik Jati Pitutur: Piwulang kita wajib kudu nyumuruppi marang kang pribadi iku, wis kuna banget anané, dhék jamanné sang sinukci Sokrates pandhita gedhé ing tanah Yunanni (grikenlan) angandika mangkéné: “Genothie se auton” cara jawané: “Man arafa napsahu fakad arafa rabahu” ing tembung walonda uga ana “Ken U Zelf” Manawa manungsa salumrah oléh sume[18]ja anggayuh kasukciyan kathullan sedya, sumeja angolah alik adegging badan sumeja ameruhi marang kang pribadi, iku tondha wis jumangkah arêp mancik ing tatarran kapisan kang anjog ing kasukciyan sajati, sumeja ngambah dalan kang cedhak lan bener.

Mungguh gagayuttanné sang pribadi karo badan-badanné iku cethané mangkéné: mungguh hakékatté manungsa iku paletikké Gusti ingkang Maha Agung, kang as asana ing Alam Manu padhaka utawa paranirwana. Paletik kang esa mau sinebut dat kang esa iya dattolah (nurrolah), sabab saka kaperluawan utawi pigunaning kamajuwan dattolah mau mandhap marang alam kang uwih wadhag ngupaya kagunan, kanggo nyukuppi kabutuhan mau, Manawa mandhap satatarran sipatté banjur warna telu, ora béda kaya sipatté Kang Maha Luhur kang as asana ing Alam Adi (maha paranirrwana) uga telu, déné sipat telu mau kang siji tetep  asasana ana alam nirwana, yén ing tembung jawa nyawa, iya iku Atmaning manusa. Sipat kang kapindho as asana ana ing Alam mental pérangan luhur sinebut manas luhur (piker marang kaluhurran), kumpu[19]llé tetelu iku (telu-teluning tunggal) iku sinebut Sang Pribadiné manusa, dadi ringkessanné, pribadiné manusa iku: dat maletik saka pribadi kanga gung (munadhe utawa nurrolah) as asana ana alam nirwana, manjalma ing alam mental kang luhur, asipat telu, ATMA, budi lanmanas lan angagem urung kang dumadi saka setoppé Alam mental kang luhur, jenengngé badan jalarran (badan roh nurranni) iku banning manungsa kang langgeng sajroné bola-bali lahir ana ngalam dunya ngupaya kagunan sabab kahanané Alam mental kang pérangngan ngisor, Alam Astral lan alam dunya isih kuwadhaggen tumrappé sang pribadi (manungsa sejati),  mulané ora kersa mandhap piyambak mung maletikkaké date, yaiku kanga ran uwong (topéng, aku), badanné telu: badan jasmani, badan astral lan badannméntal pérangngan ngisor. Dadi tétélané, uwong: iku paletik utawa karsané manungsa sajati, déné sang pribadi (manungsa sajati) iku paletikking date karsané (munadhe) nurrolah). Munadhe: paletikking date kang maha luhur. Dadi pribadining manungsa mau kena dadi tembungngaké paletikking dattolah kang lagi ngupaya kagunan Manawa wis sukci bakal mulih marang ajal kamulanné. Cocog karo pangandikané Kangjeng Nabi Ngisa: [22]marga Manawa manungsa durung weruh lan gelem nutuh marang luputté, isih ngalembana marang tindakké kang saka karêppé tutunggangngan kena dipesthékaké durung kathukullan panalongsa, durung duwé kasaguhan kang rasa rosa, sumeja nglakonni pituduh yekti. Manawa manungsa kathukullan rasa kang mangkono trussing ati, kang sabab anggonné ngolak-alik dhéwé, niti pariksa lan dirasak-rasakaké, digathukkaké karo anané kang gumelar, nganti metu kasaguhanné kang thukul saka telengnging batinné, kandhas ing telengnging samodra jinem iku tinembungngaké wis mancik ing tatarran kapisan kang tumuju marang kasukciyan sajati, wis wiwit kena diarêp kalakonné, marga wis ambutuhaké, wis wiwit rosa sakarsané. Sabab kang mangkono mau, tékad kang wiwit gumana iku wajib di upakara aja nganti ura, kang jalarran sangka kathuthuk saka ing jaba.

Kasaguhan kang lagi samono drajatté, adat kang wus kalakon durung kena dipitaya, ubayané sok balénjanni, isih akéh sambékalané, yén katliweng sathithik baé, bubar larut tanpa dadi. Poncadriyané kagepok ing gendhing gambir sawit mirong baé, lumrahé isih anggeter, apa manéh gendhing niba, binarêng seblakké sampur, obahing warangga[23]na mundur kapisan ing kono enggér, ulatna kaya apa obahé rahsaning ati, minongka pinitikkan, sabab yén mung lagi saguh ukur-ukur baé, sing wis kalakon kena ditamtokaké, ing dalem mongsa kang kaya mangkono, gonjing suralaya, apa manéh yén wis tri kaawula busana (gelung gelas), mulané yén wis tekan kono kasaguhanné, prayoga kang kerêp di coba, perluné banjur bisa nyumuruppi, sapira ajuning kasantosanné, lan bisa aniti pariksa kasaguhan kang goroh lan temen.

Lumrahé Manawa prayoga pangruktiné,manungsa kang kathukullan rasa mangkono mau, banjur mulur gagassanné, bisa milah-milahaké adegging urip ingkono getun kang nutuppi papadhangnging bathin wiwit tipis bisa ngrasakaké kukubbanné nurutti pakarêmmanné badan jasmani, kang watakké kudu mangan énak turu kapénak wibawa mukti, keséd apa oléh-oléhanné anguja nurutti pakarêmmanné badan kéwanni, lan apaha wohé nurutti watakké badan pikirran (badan rohkani). Barêng wis diyakinnaké mungguh kang dadi undhuh-undhuhanné nurutti kang dadi karêppé badan-badan mau, tétéla ora migunanni ing ngatassing urip ing kono banjur saya maju sumeja anyumuruppi ma[24]rang kalepassanné. Ingkono katon melok yén bablassé mung iring-iringngan baé karo tebaning poncadriya. Barêng wis tekan kono oléhé meruhi, saya gela, saya rangu-rangu nurutti karêpping badan-badan, wekssan thukul patakonnanné ing dalem batin: yén mangkono gék apa perluné urip sabab yén urip mung mangkéné, tegessé yén mung bisa médahaké dayaning pamikir, hawa napsu, pépénginnan lan pakartining badanjasmani, sayekti panduluné, pangrunguné, lan pangrasané, ora bisa tekan  ing kaalussan ing mongka wis kathukullan piyandel Manawa ana alam kang luwih luhur tinimbang ngalam dunya, apa déné isi kahanan kang luwih luhur tinimbang ngalam dunya, la nisi kahanan kang luwih edi lan sampurna, ana rasa kang luwih nikmat tinimbang rasa ing ngalam dunya. Piyandel kang mangkono mau, saya wuwuh kandellé, marga saka dayaning piwulang kang kamot ing buku-buku lan ing kitab kitab apa manéh kang akéh wis kanyatakaké, nanging lagi turut pinggir, kayata nyandhung weruhing gaib ora kanyanan kabuki sawanganné kang élok-élok nanging ana nyatané, ing kono banjur saya sengkud pamarsudiné. Nyoba matrappaké surasané piwulangnging para sukci kanthi mursidding pangati a[25]ti, saréhné satemenné kawruhé pancén ya wis cukup temennan patrap pratikellé yaw is ora kléru, nanging wekas bola bali tanpa wasana, begja-begjané mung kala-kala urut pinggir.

Ing dalem kalbuné wis krasa temennan Manawa ana apa-apa kang gaibnanging ora bisa nyatakaké kang melok sabab pirantiné meruhi mung piker, ing mongka piker ora bisa tekan kono, dadi wekasanné kaya wong weruh ayang-ayangnganné baé. Manawa manusa gagasanné bisa tekan kono, banjur lagi krasa yén urippé nandhang kapitunnan déné pantoggé mung amburu kang ora langgeng, nurutti pakartining piker, pépénginnan jebul tundonné mung marakaké kiyamat sabendina. Mauné durung duwé pangira Manawa ana kasenengngan liyané iku. Mauné ngira Manawa wong kang ngisep sepuhing supana iku rusak urippé, sabab ora duwé kasenengnan mati kakarêppanné. Siki lagi mangerti yén miturutti pakarêmmanning badan-badan iki, dikepung ing sabab warna-warna kang najalarri rusakking badabn lan pikirran, Manawa manungsa ing sajroné batinné wis bisa kondha mangkono, lagi kena diaranni [26]meruh marang kang pribadi, lagi kena diarêp-arêp bakal angéstokaké karsané sang pribadi, ing kono batinné muni mangkéné: “Iyaka na’budu, wa iyaka nastain, ihdinas sirotol mustakim, sirotol ladina an’amta, ghairil magdlubi ‘alaihim, waladla lien amien” amba ngabekti ing tuwan amba nyuwun ing tuwan mugi-mugi amba katun-tunna ing margi ingkang lerês sanés margi ingkang kléntu. Manung sa kang batinné wis bisa kondha mangkono, iku wis wiwit ngambah tatarran kang kapindho ing dalan arêp meruhi pribadi.

Manawa wis mangkono tékaddé, banjur séjé sawanganné, lagi bisa ngaranni trussi batin kabéh kang gumelar ing ngalam dunya iku ayang-ayangngan dudu kang langgeng. Urippé padinan mung dianggep sinau ana pamulangngan kabéh kang gumelar dianggep kawruh kang anjalarri ajuning kasukciyanné, urippé padinané ora angrumangsanni, awake tinitah ana ing dunya perlu ngrasakaké kasenengngan lan kapénak nanging rumangsané mung dadi garap, dayaning kadunyan wis ora anedhassi, sanadyan dhéwékké isih nganggo basan jasmani, urip kaya wong lumrah, lan nindhakki pakaryan kaya wonfg akéh, nanging ora duwé sengsem marang uwohing panggawéné. Panyawangngé marang kang gumelar i[27]ku sae sa, ora dipérang-pérang, wis ora angrumangsanni andhéwé, panganggeppé rahmatting Gust iwis ora tumrap sawijining wong, nanging kanggo saisining bawana, kaya pangandikané Rasul Bing Cu mangkéné: “Put tok chin, put tok cu ki cu = ora mung Kresna marang kula wargané dhéwé, lan ora mung ngéman marang anak-anakké dhéwé.”

Katentremmanning ati kang mangkono mau, amracihnanni kabukané ila amta tarram kang katelu. Samengko wis oléh kayakinnan kang sajati, Manawa pribadi kang tanpa badan iku, dumunung ana sakéhing wujud (dat kang wajibul wujud), tegessé kang wajib duwé badan iku ora liya mung panjenengnganné. Panjenengnganné iku kang wajib anané, kang langgeng, kang ora geseng déning geni, ora teles déning banyu, ora garing déning dayaning panas ora tatu déning gagaman kang ora tau lair lan mati, langgeng anané, Ajali Abadi. Kayakinnan kang mangkono mau, mung dinarbé déning manungsa kang wis tinarbuka papadhangnging atiné (socaning jiwangga), sabab piker wis ora bisa ngungkabbi, rasa rumongsa kang mangkono wis ana sadhuwurring piker, kang bisa nyumuruppi mung rasaning batin kang wis sepi nye[28]nyet poncodriya wis lerêm ora obah, wis kalubu ing dalil “Kalbu mu’min baitul ‘llahi” kalbuné wong mukmin asmané Allah.

Ambalénni bab badan-badanné sang pribadi. Mungguh perluné sang pribadi ngagem badan kang kena rusak kayata: badan jasmani utawa badan wadhag badan roh rabani utawa date risse dhebel badan roh kéwanni utawa Astral lan badan rohmanni utawa badan mental iku supaya saged angambah lan gegepokkan karo sawiji-wijiné alam kang kahananné laras karo badan-badan mau, supaya oléh panemu lan kagunan perlu kanggo andiwasakakédayané (vermogen) kang ginaib kang satemenné wijiné wis pepak marga bisané diwasa kudu digugah sarana panemu, iya sabab kaperluwan kang mangkono mau, mulané kita padha linairraké marang ngalam dunya, mulané miturut kawruh téyosopi, ngalam dunya iki dianggep pamulangngan, mungguh wawatakkanné badan-badan wau ora padha, kayata: 1: badan jasmani, prabotté poncadriya, perluné gegepokkan karo kahanan wadhag watakké dhemen énak kapénak wibawa mukti. 2: badan Astral utawa roh kéwanni, watakké marang pépénginnan hawa napsu, rahsaning ati kaya[29]ta: bungah susah, dhemen gething, rasa kapénak ora kapénak kapéngin anu, kepéngin ngéné, cekakké kabéh saisining jagad arêp diangkut, 3: badan roh rahmanni utawa badan pikirran watakké mikir-mikir, nimbang-nimbang, ngira-ngira, ngakal-akal suthik meneng, tansah obah, lumuh asor, kudu luhur, kabéh iku watakké badanning jwa.  Cocoggé karo dalil ing dalem Kuran kasbut ing surat Ali Imram Ayat 14 mangkéné: “Zuyyina lin-nāsi ḥubbusy-syahawāti minan-nisā`i wal-banīna wal-qanaṭīril-muqanṭarati minaż-żahabi wal-fiḍḍati wal-khailil-musawwamati wal-an’āmi wal-ḥarṡ, żālika matā’ul-ḥayātid-dun-yā,” = manusa iku duwé pépénginnan marang wanodya kang éndah ing warna, kapéngin anak akéh, sugih raja brana  lan sapiturutté, kabéh iku kasenengngan kadunyan.

Pangurippan kang yén sinawang saka ing kasukciyan kléru mau, lumrahé dadi kabutuhanné wong urip ana ing alam dunya, malah dalan kang utama lan bener, nanging énggal lawassé Manawa wis katekan lan pantog pangudiné marang raja brana, suwur, pangaji-aji, pangkat lan liya-liyané, mesthi banujur ménggok karêppé dhéwé. Kagawa saka panggawéné panemu, kang tinemu ing dalem urip tumuju mrono, marga sajroné ander pa[30]t iwis mesthi bakal dielud ing cuwa lan prihatin mungguhé marang papa lan sangsra. Ingkono manungsa lagi oléh panemu lan ngandel yén kang mangkono mau kléru urippé, nurutti utawa mangéran marang pakarêmanning badan “A’ddunya zanatul qarifin” = kadunyan iku kaswarganné wong kapir. Sabab kang mangkono mau banjur mangerti Manawa kang dadi pangésthiné mau jebul maya, ayang-ayangngan ora langgeng, malah kebak isi parangcuri. Yén wis oléh kayakinnan kang mangkono, pangudiné marang kadunyan banjur adhadhasar: waspada, santosa, ngésthi utama. Ora daya-daya, awas marang obahing papasthén (bab iki dawa katranganné.

Sudarsana. Saréhning sosorah panjenengan sadaya wau tumandukking badan karaos seger, sumyah, rumesep ing batos amajarri ingkang leki-klekik mila kula angkah sanget sagedda gesang kula, sanadyan taksih déréng mengker kadunyan ngimbir-imbirri salaras kaliyan karsaning Gusti. Ing ngajeng kula sampun matur, manawi pitedah ing ngélmi kasampurnan punika, gampil dipun ucappaken nanging angel dipun lampahi, awit saking punika, kajawi ingkang sampun dipun ngandikakaken bok manawi taksih tunggillipun malih. Mugi keparêngnga paring ancer-ancer malih.

[31]Cantrik Jathi Pitutur. Iya enggér, watonné mung trima lowung, ya coba-coba sagadug sagadugku Manawa isih ana tunggallé. Nanging aja lali, aku ngélingngaké, sanadyan akéh tanpa gawé yén ora dilakonni. Dawéya kitab sabené tyén tanpa laku, ora bisa anggawé kabegjan ing dunya tekan akérat, malah ing dalem Kura nana salil surasané: wong ahli kitab iku pakanné naraka. (Min ahlil kitabi finail jahanam).

Kaya kang wis kajarwa ing ngarêp saréhné prakara iki babaggan gawat anggayuh gagayuhan Manawa kacekel rêgané  babasan tanpa pétungngan dad iwis mesthi baé panggarappé, pangararêp-arêppé, kudu ora kena dipadhakaké anggayuh lan anggarap kadunyan kang binasakaké maya. Dadi tumrappé kang durung kadunungngan wahyu kasukciyan kudu tlatén tulus trima saka sathithik, sakéhing laku kang lumrahé di anggep réméh, kudu dilakonni sarana mantep madhep karêp ngandel sabab sajatiné kang mangkono mau dudu réméh, malah iku tumrappé kang lagi sinau kang luwih déning perlu. Sababbé ngrumangsanni angel oléhé nglakonni mau, ora liya sabab ninggal nbarang kang  di anggep réméh. Mulané aja daya-daya, sing wis kalakon ora katekan kang da[32]di sedyané, adhakkanné banjur bosen maido marang piwulang, angéldilakonni, nrima durung pesthiné. Éling piwulangngé bocah klas siji ing sadhéngah pamulangngan bobotté arêp diwulang nulis aksara “a, b, c” di pinangkanni saka gawé rurupan kang angémperri aksara mau, kayata: gawé ondé-ondé O, wajik ▲, dhadhon ■ lagi sabanjurré. Yén tanganné wis kulina gawé rurupan mau, lagi disengkakaké gawé aksara. Mangkono pratikellé guru mulang nulis, mulané Manawa wis dadi, kajaba tulissanné bagus rikatté ana kang bisa nututti osikké atiné. Mangkono uga ora béda pamangunné watak kang laras karo sang pribadi. Yén mangkono oléhé minangkanni, kira-kira bakal bisa dadi watak kang santosa, utawa banjur ora rumongsa angel sabab kabéh-kabéh iku mung gumantung ing pakulinan, No.3. Badan jasmani kudu dirêsikki, pratikellé kudu nyirik sarupané pangannan lan ombén-ombén kang sarine anggawé pitunaning kawarasanning badan aja kakéhen mangan daging utawa getihing satikéwan inuman kang ngendemmi. Anékadna mangan iku aja mung marga katarik déné rasané énak nanging angangkaha mangan iku kang[33]gé perluning urip, yén dirasakaké énakking pangannan iku dawané mung sadriji, yén wis liwat saka ilat wis ora krasa manéh, lan lawuhé kang énak iku satemenné luwé. Saréhné dadi prabotté ancassing urip mula perlu kudu wilakonni, sabab yén ora dipinangkanni saka kono, kena di tamtokaké ora dadi-dadi. Sariné papangannan lan ombén-ombén kang sukci mau pakoléhé bisa anjalarri adeggé badan jasmani kang alus lan sukci, wekassan bisa nampanni geter kang lembut bisa nampanni geterré utawa karsané sang pribadi kanga gung, kang dumunung ana telengnging badan, upanaé sang pribadi kang gaung, kang dumunung ana telengnging badan, upamané swaraning gender kang bcik iku bisa anuduhaké kapinterranné wiyaga kang pilihan, mangkono uga mungguh badan jasmani kang sukci, saka sathithik bisa anggugah utawa ambuka dayaning manungsa sajati kang sinimpen, layang bagawatgita wiraossan kaping pitulas amot pituduhé Sri Kresna bab panganan kang prayoga lan ora prayoga tumrappé para ulah kasukciyan mangkéné: pangan kang mikuwatti urip watak kakuwattan kawarassan lan kasenengngan iya iku kang nyegerri, kang mirasa, kang nglenga, pangan kang migunanni mau, proyoga tumrap kang ulah satwam, pangan kang pait [34]kecut asin panas sedhep garing lan kang gising, sarta kang anjalarri sedhih, ngenes miwah lara, iku prayoga tumrap oléh raras, pangan kang wus wayu, ora énak bosok lan malenyok sisa utawa lethek iku prayoga tumrap kang ulah tamas.

Kajaba piwulang bab pangan kang prayoga lan ora prayoga, ing Layang Bagawatgita uga amot pituduh warna-warna kang léréggé amangun budi rahayu.

Sudarsana. Wonten sawenéhing sadhérék ingkang cariyos sarta manawi kula boten kesupén ing agami Islam ugi ngawissi, tiyang misakit badan sarana tapa, boten nedga dhaging, wadat sapanunggalannipun, punika kados pundi.

Cantrik jathi Pitutur. Kang mangkono mau bok Manawa iya bener, aku ora wani ngluputtaké, sabab angélingngi ing dunya iki akéh wong pinter-pinter, kang wis misuwur pinter ana kang ngungkulli manéh, kajaba mung Gusti Allah kang pinter dhéwé. Kangjeng Nabi Mukamad uga nagandika: aja sok ngemohi sarupaning bebenerran sanadyan saka sapa baé pinangkané. Saréhné aku iki uga wong agama Islam nanging sathithik-sathithik necep kawruh téyosopi, (Islam ing kéné atege[35]s agama Mukamad = Mohammedaansch godtdienst, marga saka panopaku kabéh agamané para Nabi, wiwit Nabi Adam tumekané Nabi panutup iku Islam kabéh), mulané sabisa-bisa wah yén pinuju éling, wajib angimannaké kawruhing Allah kang kamot ing dalem Kuran = Juz Amma surah Al-Kafirun ayat 6: “Lakum dinukum waliyadin” lan Kuran surah 22 ayat 66: Ingsun wis aneteppaké pranatan kang mesthi dilakonnii kalawan becik-becik déning para kang ngrasuk sawiji-wijining agama. Sira padha aja sulaya lan garêjeggan prakara iku, balik padha ajakken ngabekti ing Gustimu, sabab sabeberré sira nurut lan kang bener. Lan isihakéh ayat Kuran lan kawruhing Nbi kang surasané ora ken angina, ngasorraké, nganggo tembung wadhag ngécé, angguguyu marang sapapadha, ing ngatassé anggunem ngélmu. Sabab kang mangkono mau aku ora wani ngluputtaké kawruhé mitraku, Manawa téyosopi awéh pituduh, kudu aniksa badan sarana tapa, wadat sapanunggalanné. Bok Manawa ana pasaksénné sapa kang weruh. Mulané bukuné kang akéh pitutur mangkono baé prayoga gawanen coba tak wacané, Manawa kapara nyata ora perlu tak réwangngi bengkerengngan ba[36]njur cukup kalah trussing ngati. Sabab sasuwéné agilut kawruh téyosopi, kok durung tau mranggulli wulang kang kaya mangkoné, malah kang dadi kosok baliné, kudu rumeksa ingbadan supaya seger bagas kuwarassan tekan pangan baé kudu dirêksa, kaya kang wis kajarwa ing ngarêp.

Kajaba dayaning daging lan panganan kang ora prayoga tumrapping badan apa déné ombén-ombén kang angendemmi mau ora becik tumrap adegging badan jasamni, uga dayané sariné daging iku mawéh daya arda utawa serêng (macaha buku inleiding tot Yoga piwulangngé sang sinukci nyonyah Anibésan).

Sakéhing panggawé kang sinartan ing kahardan sayekti tuna dungkap wekassan ora katemu uwassé, banjur bnutu kapepet tanpa pamrih,ya pamrih menang kuwi mau. Dadi ora ngimbir-imbirri ngéstokaké dhawuh kang kamot ing Kuran, mulané pangarêp-arêpku, kang awawaton kawruh téyosopi, prayoga wiwit sudanen oléhmu mangan daging, bokmanawa bisa anggawé sudané watakmu kang sarwa notol wekassan Manawa arêp nacad kang nawung karêp ambenerraké, nadyan nacad uga dadi larangngan éwadéné bisa patitis o[37]ra kaya buta buteng betah nganiaya (wédhatama). Sawiji wijining kawruh prayoga jajaggana dhisik dadi bisa nyumuruppi bener lan luputté. Ora kurang papangannan kang gawé seger lan kuwatting badan kayata jangannan bangsané elung-elungngan bayem kedhelé, kacang sapanunggallanné, puhan mertéga uga becik tumrapping badan, karo déné manéh yén nitik angger-anggerring kodrat pirantiné manungsa, kayata untu, kuku, iku ora laras kanggo mangan bangsaning daging. Béda karo pirantiné macan lan liya-liyané kang pakannané daging, pancén laras santosa.

Ing Layang Waratmaya jilid II kaya-kaya aku wis methik sawiji-wijiné agamané para nabi, yén aku ora kléru agamané Kangjeng Nabi Musa nglarangngi ora kena mangan daging. Dadi upama téyosopi amék wawaton iku, kaya-kaya wis ngayom marang saréngatté sawijining nabi, apa manéh yén téyosopi duwé kayakinnan dhéwé. Lahi dipék cethék-cethékkan baé iya uwis ana séléhé, yaiku kalebu anggulang watakwekassan marga yén diraksakaké: kéwan karo manungsa iku, Manawa di sembeléh geterré atiné padha baé, kalané arêp di[38]paténni saupama bisa angoncatti, mesthi diketog kakuwattan lan akallé. Bab kita wajib nyinau watak welassan lan tepa, ing agama Islam Manawa ora kléru panyurasaku, kaya-kaya wis ana prasemonné, ya iku puwasa ing wula ramelan jakat lan liya-liyané. Nanging kang mangkono mau Manawa ora ditompa déning dhasarring bubudénmu kang lembut sayekti ora karasa. Bokmanawa garanné aneteppaké yén kawruh téyosopi mulang kudu milara badan sarana tapa iku, marga ing Layang Manguswapada guru, yasanné sang Sinukci Kresna Murti, amot piwulang kudu amati raga. Manawa iku kang kang kanggo wawaton jenengngé kléru panyurqasané engger, tegessé mati raga iku, ngilangngi hawa napsu, dudu ragané dipaténni. Sabab badanné manungsa iku ora ngemungngaké badan daging iki baé, tunggallé ana telu, kang watakké sawiji-wijiné wis tak terangngaké ing ngarêp, kabéh mau kudu disirêp supaya tumanggal matmainahé.

Sudarsana. Panagndika panjenengngan sadaya wau sasinggihan saget ngagesang punika perlu sugih kawruh, minongka kanggé teken anggén kita lumampah wonten ing ngalam dunya, wekassan manawi anggarap samukawis kadunungngan jembar, boten pa[39]tossa kagéttan, punapa malih sarêng angéngetti ing dalem Kuran kathah dalil pangandikanipun Allah ingkang paring pépénget bilih kathah ayat ingkang samar-samar punapa déné pamaos kita kedah memet sayektos satemah wontennipun among ajrih badhé anggagahi, kuwatos bokmanawi kléntu, wekassan kula piyambak ingkang nandhang kapinunan.

Catrik Jathi Piturur. Karêpmu kangmangkono mau aku mangaubagya banget, kajaba sarawa  saréh iku dadi titikkanné wong mukmin uga bakal saya wuwuh susurupanné, marga duwé watak tadah, kabéh kalebu, mengko gampang, sing ora édah di buwang, kang prayoga di kandhut sinalarlan pamikir préntahana milih, dadi laras karo dhawuhé Kangjeng Nabi panuttan: tampannana sakéhing bebenerran aja ana kang di emohi.

Séjé kang kandhakaké, dhék aku nerangngaké bab badan-badan lali durung nerangngaké bab badan roh rabanni (eterisch dubble). Badan mau sanadyan luwih alus tinimbang hawa, nanging golongngan jasmani. Manawa adegging badan jasmani saka sarining papangannan kang sukci, badanné roh rabbani uga katut sukci, marga saben atum (babakalla[40]anné badan jasmani) iku ana rangkepanné ya iku ether (roh rabanni). Sabab kang mangkono mau badan kita astral (badan kéwanni) uga katut wuwuh prayoga, marma ing antarané badan jasmani lan kéwanni ana kreteggé, déné kreteg mau ya iku badan roh rabbani, dadi badan mau kang anjarri badan kéwani bisa gathuk ro badan jasmani, teteg-tineteggan rêsep-rineseppan, déné badan ether iku kang dadi tungganganné prana, daya saka srengéngé, ya iku uripping badan jasmani. Yén miturut layang déwa ruci jenengngé pramana. Urup siji wowolu kang warni, ya iku uripping bawana, jagad cilik jagad gedhé, pan padha isinipun tinimbangken isinéréki, yén ilang warnaning kang, jagad kabéh iku, salirring réka tan ana, kinumpullaken ana rupa kang sawiji, tan kakung tan wanodya. Déné daya urip (prana) oléhé anyamaddi badan jasmani, mila urut sarap (Zenieuwen), wekassan angurippi poncadriya. Mulané Manawa badan ether pisah saka jasmani, sakéhing poncadriya mesthi ora urip (ilang rasané), wekassan badan jasmani iya ilang panbgrasané (gevoeloos) marga ora bisa sasambung karo badan kéwani, mongka bdan kéwani iku wadhahing pangrasa. Déné pigunané ba[41]dan jasmanirangkep loro mau, sabab yén tanpa badan jasmani sang pribadi ora saged gegepokkan karo alam dunya, mangkono uga badan wadhag ora bisa sambung karo badan kéwani Manawa tanpa badan ether. Pisahé badan roh rabani kang temennan iku, Manawa manungsa tinggal dunya. Nanging sajroné manungsa isih urip badan jasmani uga bisa pisah ing sawatara mongsa, ya iku Manawa sajroné klenger, turu kapati (sirêp) kang marga dayaning hypnose utawa diambonni chloroform (cengkrung). Merit katrangngan kang kajarwa ing dhuwur, dadi Manawa kita anucénni badan jasamni, badan badan roh rabani lan kéwani katut sukci kabéh, sabab badan-badan mau padha pupulettan dadi siji, ing mongka siji lan sijiné kudu tunggal jinis tegessé rêsik padha rêsik.

Manawa dititi pariksa kang temennan nanané manungsa duwé karêp nambut gawé, gunemman andulu samubarang, ngrungokaké apa-apa, iku tétéla saka karêppé rasaning ati, pépénginnan lan pangrasa, utawa kappé badan astral, saba kang mangkono mau mulané watakké badan astral wajib di rêsikki, supaya yén angajak makarti tumuju marang kang sarwa rêsik, No. 4 mungguh oléhé ngresikki bisa saka rong pang[42]gonnan ya iku saka badan jasamani kaya kang wis kajarwa ing ngarêp lan saka badan pikirran, (roh kéwani) sabab yén manusa mikir, pikirran mau mudhun malang alam astral banjur nganggo urung jasad astral kang laras karo watakking pikirran wau. Sabab kang mangkono mau, wajib kita rumeksa aja nganti kathungkullan piker kang ora prayoga, kaya piker kang tumuju marang  kahardan piker dhiri pribadi. Manawa kathukullan piker kang ora prayoga, banjur tumuli di salinni piker kang utama, welas asih lan sapanunggallanné, supaya badan rohkani pangaékké urung jasad astral uga kang alus kang mangkono mau kajaba kita anucénni badan pikirran uga ngresikki badab astran dadi loro­-loro gawéné. Kita perlu banget anucénni badan astral (kéwani) sabab adegging urip kita gumantung ana dhéwékké, asor luhurring pangrasa lan pépénginan mung manut asor luhurré watakké badan astral,  Manawa kahananné badan-badan wis rêsik aku wani mesthékkaké ora bakal rumongsa angel diajak anglakonni pituduhing ngélmu kasukciyan malah ora perlu diajak mlaku karêppé dhéwé. No. 5 sabisa-bisa kudu sumingkir saka rurungon sawangngan bisa anggugah rasa pangrasa kang [43] tumuju marang kabungahankahardan lan kamurkan sabab iku pakarêmmanné badan astral, kosok baliné kudu seneng meleng cipta dumunung ing papan kang spi lan sukci (dudu tapa), perluné supaya bisa krungu swaraning batin, saréhné kang akéh kita isih urip ana jaman kalumrahan ya kudu nglakonni apa lumrahé, supaya loro-loroné bisa kandhak, aju undurré dumunung ana duga-duga lan watara, nanging kang perlu banget atiné aja nganti lali marang kang dadi ngésthining sedya, utawa puputonning tékaddé. Sabab kang mangkono mau, saben melék sanadyan lungguha dhéwé, ana sajronning pakumpullan mlaku-mlaku, apadené sajroning karaméyan aja lali marang watakké badan Astral kang wis kajarwa ing ngarêp, ing layang wédhatama ana piwulang dalem kang laras karo bab iki: “Ngélmu iku kalakonné kanthi laku, lekassé lawan kas tegessé kas nyantosanni, santa budya pangekessé dur angkara”. Angkara gung néng angga agung gumulung, gogolongngannira, triloka lekerré kongsi, yén dén umbar ambabar dadi rubéda. Béda lamun wus sengsem réhing ngasamun semuné ngaksama, sasamané bongsa sisip sarwa saréh saking mardi martama tama. Basa [44] ngélmu mupangkatté lan panemu, pasahé lan tapa, yén satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginelung tri parka. Lila lamun kélangngan nora gegetun trima yén kataman sak serik saméng dumadi, tri lagawa nalongsa pasrah bathara. Yén mangkono oléhé minangkanni, sayekti ora rumongsa angel sanadyan ropyan-ropyanna pisan kena dipasthékaké mung dumunung ana ing jaba, ora bisa saka lebu ing ati. Kosob baliné Manawa panggappé di barêng kaya déné kanthané sawenéhé kancaku urip kadunyan ya di garap kasuksman ya arêp adakkanné yén mung manungsa lumrah baé, mesthi ora dadi, ora tumuli bisa kalakon kang dadi pangésthiné, sabab kena binasakaké ora bisa kenthel-kenthel kajaba yén tansah ngandhut kang dadi pupuntonning tékad kaya kandhaku ing ngarêp, mired pangandikané sang sinukci Nyonyah Anibésan kang kocap ing layang inleiding tot Joga watakké élingnging rahsa jasmani iku mangkéné: Manawa ponca driya kagepok ing samubarang, banjur kudu ameruhi. Manwa wis mangerti apa kuwi, banjur thukul karsané kapingin andarbénni, manwa wis thukul karsané kapéngin andarbénni, Manawa wis thukul karsané banjur sumeja anggarap, mula ringkessané watakké telu: mangerti, kapéngin anindakki.

Saréhné watakké élingnging rahsa mau mangkono, mula[45]né para kang lagi sinau, yén ngangkah temen-temen bisané kelakon kudu tansah éling sumeja angéstokaké mituhu watakké sang pribadi, kudu awas marang watakké badan tetelu mau. Nindakki samubarang kang watakké badan-badan Astral ora dadi apa, Manawa kapeksa déning lalakon anggerré batinné aja mangerti lan kapéngin nanging kang waspada, sayekti ditya rukmaka rukmakala ucula saka babaddan kosok baliné Manawa tansah éling, bisa ngunjara, adhakkanné bisa malih Bathara Endra lan Bayu. No. 6 kudu karêp tutunggallan lan para ulah kasukciyan marga geterré bisa andayanni marang osik kang tumuju marang bakti ing Gusthi, kudu kerêp maca buku-buku utawa kitab-kitab apa déné rêrêmbuggan babagga kasuksman kosok baliné oja sok demen ngrungokaké suwara kang surasané landhep-landhep, pamancané buku-buku mau kudu mangerti temennan marang surasané, sabab kajaba surasané buku mau, bakal awéh pituduh marang kang maca, uga Manawa mangerti temennan marang surasané, bisa anukullaké rosining karsa sumeja nglakonni, kudu anglalantih angulinakaké kasuciyan lan tatakrama. No. 7 manwa anggunem kawruh u[46]tawa liya-liyané, ngulinakna aja kawoworran ukara wadhak mungguhé marang pipisuh, apa déné ngulinakna kedalling ukara kang empuk, sajroné anggunem bab kasuciyan kalebu dadi larangngan Manawa winor guguyon lulucon mundhak anyuda ajining piwulang lan anggawé réméh. Ngélingna ing pakumpullan muhamaddiyah, yén pinuju maca Kuran kajaba kang nyandhak Koran kudu wulu, uga kabéh kang pakumpullan kurmat ngadeg, merit wawarahé leider muhamaddiyah, kedalling lésan kudu diangkah aja natonni ing liyan anguguyu, ngréméhaké lan moyok, ing bubukané layang wicara keras muni mangkéné: Watakké wicara keras sumukking pangucap wengis gelisnangékaké napas sétanné banjur kikithil pangucap arum manis ora tangi napassipun alussing pamicara, sétané lumayu gendering, pan wus kocap wong sabar ngunjara sétan, sapira boboté kapinterranné, alussing bubudénné, asor luhurré ngélmuné, iku wis kacihna ana solah bawa, wong ahli budi ora bakal kasamarran, iki lo tak cuwillaké wulanh réh: Sekar Pangkur Kang Winarna, kalakuwan kang kanggo ing wong urip ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, ngadat waton punika di[47]pun kadulu, miwah tata kramanira, dén kaésthi siyang ratri. Duduga lawan prayoga, myang riringa watara aja lali, iku prabot kang satuhu, tan kena tininggalla, tangi lungguh angadeg lawan lumaku, angucap miwah anéndra, duga-duga aja kari. Kalamun ana manusa, anyinggahi dudugi lan prayogi, iku watekké tanpatut among lan wong ngakathah, wong deksura: ndaludur tan wruh ing ngedur, aja sira perak-perak nora wurung niniwassi. Apan waratakké manungsa, titikkanné ing laku lawan linggih, splah muna muninipun pan dadya panengerran kang painter kang bodho miwah kang luhur, kang asor miwah kang mlarat tannapi manungsa sugih. Ngulama miwah maksiyat wong kang kendel tannapi wong kang jirih, durjana bobotoh kaum lanang wadon pan padha, panitikkan watak lilima punika apa déné wong kang nyata, ing pangawruh kang wus pasthi. Tinitik ing solah tingkah, muna muni ing laku lawan linggih, iku panengerran agung, winawang ing graita, pramilané wong kuna-kuna puniku, yén amawas ing sujalma, datan amindho gawénni. Kandaku kabéh mau dudu panemuku dhéwé, aku mung kari nglairraké piwulangngé para sukci lan para luhur, kang tak timbang miguna[48]nni tumrappé kang rumongsa kangéllan anglakonni pituduh ing ngélmu kasampurnan.

Yén di sawang sabrébéttan piwulang-piwulang mau sajak sapélé, kaya piwulangé bocah. Manawa ana wong duwé pangrtasa mangono, kira-kira wong mau durung duwé karêp anglakonni pituduhé ngélmu, utawa durung tau nyoba nglakonni kang temennan, saupama wis tau nyoba, watonné durung mancik ing tatarran ing kono lagi bisa neteppaké lan ambenerraké, manapa piwulang –piwulang kang sajak réméh iku malah kang migunanni tumrap kang lagi sinau anggayuh marang sabar trima, lila, legawa. Piwulang kang kadhuwurên ora laras karo drajatting kamanusanné, iku ora migunanni babar pisan malah ambabaluhi. No. 8 yén saka panemuku, merit piwulang piwulang kang wis tak sumurppi, kang prayoga dhéwé tumrappé kang lagi gladhén angagayuh marang kang sukci lan kang sajati, anyunyuda marang  ardaning angkara murka, iku nglakonni salat limang waktu. Éwa semono kang perlu iku jodhon wenang milih nganggo piwulang kang endi kang mathuk karo dhasarré. Sadurungngé anggunem bab salat limang waktu, ayo padha ngrasakaké surasané kuran surat bakoroh a[49]yat 20 sabab saka panampaku surasani sambung tumrap kang angudi laku lan bab lair marambah-rambah, mangkéné dalillé:  Yakaadul barqu yakhthafu abshaarahum kullamaa adhaa-a lahum masyau fiihi wa-idzaa azhlama ‘alaihim qaamuu walau syaa-allahu ladzahaba bisam’ihim waabshaarihim innallaha ‘ala kulli syai-in qadiirun.

Méh baé kilat iku ngirup sawangnganné wong-wong munapék (munapék tegessé goroh, lair lan batinné pra padha. H) saben kitab mau amadhangngi wong-wong munapék dhéwékké padha mlaku ing dalem papadhang, nanging Manawa peteng (ora ana kilat) banjur padha  ngadeg lérén, saupama Allah karsa anyirnakaké sawangngan lan pangrunguné wong-wong munapék mau, sayekti saged amarga Allah iku kuwasa tumrap sakéhing kahanan, mangkono tegessé dalil mau, dadi sandyan wong munapék mau ora akéh kaélingnganné marang Allah, nanging ing dalem batinné kala-kala iya sok éling marang Gusti, utawa marang kasukciyan nanging élingngé mung sakwplassan banjur ilang, dadi ajuné kadiwasanné mung sakedhép nétra banjur lérén.

Saréhné watakking badan-badan kang dadi adeggé manungsa kaya kang wus kajarwa ing ngarêp iku kabéh sulaya karo karsané Gu[50]sti, nanging miturut surasané dalil mau, sanadyan sagebyarring kilat wong-wong munapék ing batinné uga kadunungan kasukciyan (papadhang), dadi surasané dalil mau sambung karo dalil pangandikaning Allah kang wis kajarwa ing ngarêp: sira padha pracayaha marang kang gaib sira padha salatta (baktiya). Barêng mangkono kahananné, dadi tétéla kang kudu di bakténni, dipituhu karsané, iku kang gaib kang dumunung ana ing kita, iya papadhang kang mung sagebyarring kilat mau, kang kudu di upakara bisané sumilak amadhangngi jagad kita dhéwé, lan jagad gedhé. Yaiku kanga ran sang pribadi, iya manusa sajati, palitikké pribadi kanga gung kang as asana ing alam Anupadhaka utawa Paranirwana, mungguh pangupakarané kaya déné pitutur kang lagi di gunem kosok baliné wajib anduwa karêppé badan-badan.

Dadi dalil Kuran mau kajaba laras karo séléhé salat limang wektu, uga tunggal surasa karo kawruh kang kocap ing layang margining para siswan karangnganné sang sinukci nyonyah Anibésan, ing dalem piwulang mau ana surasa kang sajak mangsulli pitakonnan mangkéné: saréhné Gusti Allah kawasa, sabab déning punapa boten kersa anitihaken sadaya manungsa ingkang [51] watakkipun saé kémawon ingkang karêm dhateng kasukciyan, wangsullanné mangkéné: Manawa Gusti Allah kersaha, sayekti saged kalampahan jer kawasa, nanging saréhning Gusti Allah anitahaken manusa boten kadamel kados golek jénggé boten kados masine ingkang among manut kajengngipun ingkang nglampahaken manawi boten kalampahaken inggih kéndel mila boten kersaangagem panguwaossipun anitahaken manungsa ingkang watakkipun saaya tumuju dhateng kautamén, gék angger-angger punapa naminipun manawi makaten teka kalayan mayar kémawon sampurnanipun, ing mongka Gusti Allah anitahaken manungsa badhé dipun pasrahi pakaryan ingkang awrat sarta rungsit saya luhur kasukciyannipun saya gawat garappipannipun, awit saking punika mila perlu kedah diwasa wawatakking kamardikanning pamilih, inggih punika saged milih ingkang prayogi, saged angemohi ingkang boten amigunanni, ingkang sabab saking angsal kayakinan sabab saking anyatakkaken piyambak, déné tuwuh ing kayakinnan wau  boten liya sabab saking dayaning pamanggih ingkang pinanggih wonten ing satunggilling alam.

Mirit dalil Kuran lan piwulangngé sang sinukciNyonyah Ani [52] Bésan kena minongka dadi pambukané pamikir, manwa sakéhing panandhang déning manungsa sajroné urip ana ngalam dunya, kayata nandhang lara, kapitunan sapiturutté, tétéla dudu  ukumman nanging pangowellé Gusti marang manungsa, pépéling supaya rahayu, supaya aja kabanjur tindakké kang sulaya karo kersané sang pribadi, ayat sajroné fatéhah) “Alhamdulillah hirobbilngalamin” = sakéhé pangalembana iku sajatiné kagungnganné Allah, kang wus genah anggulawenthah alam kabéh. Kaya déné surasané Layang Boja Busana. Iya sana panggula wenthah mangkono mau, Gusti Allah oléhé agawé sukciné manungsa, dadi dipurih thukullé nalarré, sanadyan Gusti Allah kuwasa, nanging ora karsa sakarsa-karsa nitahaké manungsa atiné di gawé karêm marang kabecikkan, mangkona mungguh panyurasaku surasané ayat 20 lan piwulang kang kocap ing buku Marganning Siswan, aku ora mesthékaké kudu ngandel marang bebenerranku. Dadi teteppé tembung panggula wentah mau, di thukullaké panemuné, di weruhké bener, marga saka nglakonni panggawé luput kang mauné di anggep bener. Sababbé sukci atiné marga anglakonni panggawé kang [53] ora sukci, kang uga mauné di sengguh sukci, mangkono sabanjurré. Sabab Manawa weruhé bener becik sukci, iku mung sabab saka di pituturi, durung kena dianggep weruh kang nyata, wekassan isih semang-semang, marga durung ngrasakaké dhéwé, durung duwé kayakinnan, sabab kang mangkono mau, Manawa manungsa kesandhung ing aral banjur ngresula, ngluputtaké adilling Allah, iku mungguh sajatiné kléru, sabab iku wujudding panggula wenthah. Déné manungsa kang wujuddé durung tau kesandhung-sandhung, nanging karêm marang panggawé bener lan bedik Manawa miturut panemu téyosopi lan larassé karo dalil mau, dék urippé biyén wis kerêp kasandhung-sandhung, Kuran surat Ali Imran ayat 182 : Dzaalika bimaa qaddamat aydiikum wa-annallaaha laysa bizhallaamin lil’abiid = tumibané ganjaran iku ora manut karêpmu, lan ora manut karêppé wong kapir kang ahli kitab, sing sapa nidakkaké pakarti ala, mesthi oléh wawales kang marga saka pialané. Ora ona bakal kang ngayommi, kajaba Allah, lan ora ana kang bisa mitulungngi angoncattaké saka wawales mau. Kangjeng Nabi Ngisa ngandika: “Apa kang kotandur, yaiku kang ko udhuh.

Ambalénni bab Gusti Allah ora karsa anitahaké ma[54]nungsa kaya masine, lan bakal dadi wakil dipasrahi pakaryan kang kang abot yaiku amranata sakéhing titah kang kasandhangngan nyawa, kang kasandhangngan badan utawa jisim kaya pangandikané Allah kang mangkéné: “Wabi’lhakekati ‘linasani yukhalifu husyaiun minha”. Saupama watakké manungsa mung kaya lokomotip tegessé ora duwé panemu, kang sah lan patitis mawa wawaton gék kaya apa bakal tatannanné, infg mongka uwitting panemu yaiku yén mungguhing aku saka panandhang utawa nglakonni dhéwé, dadi weruh yakin rasané pait getirré. Ing mongka yén nitik karsané Gusti, manungsa kang di pasrahi pakaryan amranata sawiji-wiji mau, mesthiné ya kang wis sukxi lan amunpunni ing guna pangawikan sabab kang mangkono mau tétéla ora gampang tinitah dadi manungsa. Saréhné mangkono kahananné, mulané wajib kita kudu tansaha niniti marang obahing batin apa karêppé badan utawa karsané kang pribadi, lan uga yén manut dali Kuran manungsqa iku kudu yakin temennan mungguhing akirrat (akirré) “Alladina yu minuna bima unzila ilaika wama unzila minqalika wabilachirottihum yuqinun” = sira [55] padha pracaya marang nabi kang ana, (Nabi Mukhammad) lan para nabi liya-liyané, lan wajib pada yakin temennan mungguhing akirrat (akirré). Saréhné kahanan akirrat iku tétéla ora gampang, yén saka panemuku, bisané kagayuh, kajaba saka wewenganning Gusti, uga kudu rêsik pamikirré, pangrembuggé, karo wong kang akéh kawruhé, panemu lan tutuladanné, marga yén ora mangkono, mung anggugu benerré dhéwé, watakké ora wuwuh susuruppanné, kabenerranné durung mesthi rêsik wekassan ora mulih karo dhawuhé Kangjeng Nabi panuttan: aja sira ngemohi sakéhing bebenerran sanadyan saka sapa baé.

Kaya kang wus tak kandhakaké ing ngarêp yén miturut panemu, nglakonni sembahyang limang wektu iku, ora ngemungngaké prayoga kanggo anipissaké watak marang kahardan lan kamurkan nanging uga isi daya panggéndéng tumekané makrifat kang magkono mau, Manawa dilakonni klayan temen-temen lan dirasakaké. Manawa di sampirraké ana ing jaba, iya oléh-oléhanné mung pérangan jaba. Ing sajroné sembahyang ngemu kawruh: kawarassanning badan kasukciyan katertibban kasegerranning badan gimnastik batin ngélmu A[56]lam, patrappé kalairran nalikané sembahyang mau, wis dituruttaké karo rasa kang anjog marang kabatinnan, saréhné ing took-toko buku wis ana buku-buku bab sembahyang, kang wawarahé rampung dalasan donga-dongané pisan malah nganggoogambar pratikellé, apadéné kitab patkul karib amot rukun-rukun kang winajibbaké marang para kang nglakonni salat limang wektu, mulané ing kéné aku ora bakal nerangaké bab pratikel lan donga-dongané. Déné kang arêp tak gunem mung dayané kang bisa anjalarri tipissing kamurkan lan kahardan kang tundanné anuntun marang madhepp mantep ngidhep marang karsaning Gusti.

Coba ayo padha niti pariksa kapriyé mungguh séléh lan karêppé amék banyu wulu. Miturut kitab bab sembahyang tegessé “Wudlu” iku padhang, dadi amék banyu wulu iku karêppé amék utawa golék padhang, ing kéné ateges padhangnging ati. Dadi wiwit wulu, wong arêp sembahyang, wis diwajibbaké atiné kudu padhang. Dadi dongané mangkéné: “Nawaitu wudlua liruf-il khadasil asghari fardlol lillahi ta’ala” tegessé kula wulu angicalli khadas (kotorran) ingkang alit karana karsaning Allah. Déné u[57]rut urutanné: 1. Raup; 2. Masuh tangan loro wiwit sikut tumekané pucuk dariji, 3. Anelessi embun-embunnan; 4. Masuh sikil loro wiwit polok mangsor; 5. Ing githok, dadi mungguh saka panampaku, karêppé wong apék banyu wulu iku niyat terussing ati angilangngi khadas (rêrêged) kang cilik-cilik kang alus-alus supaya batinné dadi padhang. Déné pakoléhé tumrap kalairran: (a) angresikki pérangnganning badan kang kasat mata supaya katon rêsik apadéné amigunanni marang kawarasanning badan marga kang di kumbah mau pancén pérangan kang prelu-prelu ing ngatassing pangreksaning badan wekassan badan  karasa seger. Lan uga ngemu prasemon aja padha nglakonni panggawé maksiyat sabab satemenné kangnglakonni panggawé ala lan becik iku, saranduning badan kang wisuhi mau. (b) wajib kita angresikki rasaning batin kaya ta: hawa napsu lan geterré  rasaning ati kang tumuju marang angkara murka, supaya sang pribadi ora tansah katutup ing pepeteng, marga binungkus ing karêppé tunggangan wekassan kadunungan rasa wening maligi ngabekti ing Gusti. Sabab mungguh sajatiné manwa geterring hawa napsu lan piker kang tumuju marang kang ora sukci durung lerêm kita durung kadunungan weningnging ngati, [58] durung bisa tompa ilhamming Gusti, durung bisa krungu swaraning sepi, durung bisa krungu gentha kekeléng. Iya angugah rasa kang mangkono mau preluné ing dalem wulu, mulané manwa ora ana banyu, kena sarana lebu kang rêsik utawa tayamum baé, tegessé mung sarana anindakki pratikel preluné supaya bisa andudut rasa batin ana nangi rasaning ati marang kaeningngan katentremman lan kanjenjemman supaya geterring ati marang kahardan kaamurkan lan kaangkaran bisa lerêm, sabab tumrappé wong lumrah, panggugahé rasaning atinné mung manut kahanan kang di tonpa saka kalairran utawa kang anggepok poncadriya.

Yén wis rampung oléhé amék banyu wulu, nuli wiwitngadeg marang kéblat, ing antarané amék banyu wulu tumekané ngadeg arêp acak sembahyang, tumrappé wong kang durung dadi ngélmuné, ora prayoga anggagas utawa anggarap apa-apa, saliyané kang sambung karo bab sembahyang, sabab obahing batin iku, kang lumrah saka panggawéné kalairran manwa kathuthuk ing panggawé kang ora sambung karo kasucikyan rasaning ati kang tentrem jenjem lan wening, kang [59] di rata ana sajroné wulu, bakal katurut katut panggawé kalairran mau (atiné salin). Manawa wis ngadeg madhep marang kéblat banjur wiwit maca “Usalli fardlal subhi lillahi ta’ala”, tegessé amba salat subuh karana Allah, (yén subuh 2, dzuhur 4, ashar 4, maghrib 3, lan isya 4 rêkangat) banjur maca “Allahu akbar”, tanganné karo di junjung tekan bennerring kuping, épék-épékké di tadhahaké, donga mau jejengné: takbiratul ikram.

Miturut wawaton kang kena maca donga swarané seru mung kang dadi imam déné kang makmum pamacané mung kudu krungu batinné dhéwé. Mulané kudu mangreti surané donga-donga kang di ucappaké, lan banjur di gawé nata batinné, sing nganti karasa temennan ing dalem batinné. Kajaba surasané donga-donga mau preluné kanggo nata atiné kang salat uga bisa angobahaké, anenarik rasané makluk kang abadan rohkhani, kang dumunung ana ing alam luhur, sabab kang mangkono mau nalikané ngucap “Allahu akbar” wajib ing dalem atiné kang sukci lan wening, krasa temennan Manawa Gusti Allah iku Maha Agung, tegessé anglimputti kabéh kahanan dumunung ana sakéhé kang ana, lan sakéhé kang [60] ana dumunung ing Allah, god is alles in alles. Bab iki diterangaké ing dalem Kura nana ayat warna-warna kayata: ayat kursi, ing dalem surat bakarah jus 1 ayat 114 mangkene dalillé: “wa lillāhil-masyriqu wal-magribu fa ainamā tuwallụ fa ṡamma waj-hullāh, innallāha wāsi’un ‘alīm” = masrik (wétan) lan magrib (kulon) iku kangunganné Allah, sabab kang mangkono mau, sanadyan marang endi baéadheppira, sarirané Allah ana ing konp, sajatiné Allah iku wiyar sarta anguninganni. Nuli tanganné loro sedakep di téplékkaké ing dhadha kabener sangisorring susu, sajroné mangkono maca donga “ifitah” lapallé mangkéné “Allahu akbar” tuwan ingkang Maha Agung, ingkang sayektossipun agung “walhandu lillahi kasiran” = ingkang wajib kagungngan sadaya puji,  “wasubhanallahi kasiran” = ingkang wajib kagungngan sadaya puji, “wasubhanallahi bukrata wa-asila” = inngkang Maha Sukci ing dalem sdakathahing wanci, “inni wajahtu wajjahtu lillahi fataras samawati war-ardli” = hamba ngadheppaken rai hamba (manah) dhumateng dat ingkang anitahaken langit bumi, “kanifan musliman wama anna minal-musriqina” = sarta hamba anyawijékaken sarta pasrah ing tuwan awit hamba punika sanés tiyang musrik “inna salati wa[61]nusuki wamahyaya wama mati lillahi robil-alamina” = sembahyang hamba, ngibadah hamba, pejah gesang hamba, punika sadaya kagungngan tuwan ingkang mangéranni sagungnging alam “la sarikalahu wa bidzalika umirtu wa ana minal-muslimina” = boten wonten ingkang anyakuthonni ing tuwan hamba dipun dhawuhi nyawijékaken dhateng tuwan hamba punika golongngannipun tiyang manut miturut sarta pasrah ing tuwan.

Ing dalem “iftitah” akéh piwulang kang anuntun utawa anggugah marang saka weningngan bakti lan sukci, kang pantes tinancebbaké ing dalem ati kang nganti kandhas di éling-éling rina lan wengi, di nganti kasarira, aja nganti lali sanadyan mung sagebyarring kilat, sanadyan ana sajroné kasenengngan utawa kasusahan wajib ora kena lali marang pangésthi mau.

Manawa surasané donga-donga lan katrangan kang kajarwa ing ngarê mau, durung gumana ing dalem ati, yén mungguh panampaku, sembahyangngé durung nteppi pranatan isih ana kalairran durung kena sinebut bakti marang Gusti, kaya kang kajarwa ing dalem surat al baqarah 1 ayat 8 mangkené: “wa minan-nāsi may yaqụlu āmannā billāhi wa bil-yaumil-ākhiri wa mā hum bimu`minīn” [64] lya kajaba Allah. Kita, yaiku badan jasamani, hawa napsu, pépénginnan piker, iku satemenné bekakas, rasa kang mangkono mau kang prelu tumanem ing sajroning ati, kang bebles kalané maca fatékah.

Barêng wis yakin yén kabéh-kabéh mau mung piranti, saiki kari aniti pariksa endi kanga ran ingsun, merit katrangan-katrangané ora liya mung sang pribadi, kang karsané laras karo karsaning Allah, sabab saka kono pinangkané, “Fan arafa nafsuhu, fakad arafa robahu” Manawa kita bisa ngestokaké kang dadi karsané sang pribadi, sayekti kita bisa anyéléhaké tegessé dalil “inna lillahi wa inna ilaihi rajiun” = asallé saka Allah, mulih marang Allah, lan “alinsanu siri, waana siruhu” = sirrira iya sir ingsun, Kangjeng Nabi Ngisa ngandika: padha sampurnaha kabéh kaya sampurnané ramanira kang ana ing surge.

Ora béda kaya sirnaning srengéngé, iku pinangkané saka srengéngé, mangona uga tumrappé pribadi, uga pinangkané saka pribadi kang agung, tunggal kahanan binasakaké putra lan rama.

Miturut panyurasaku, Manawa oléhé nampanni [65] tegessé ´Alhamdulillahi robbilalamina arrohmanurrochimi” lan dilakuni kaya katrangngan ing dhuwur mau, bokmanawa lagi bisa aneteppi rukun iman nem prakara.

Saréhning ing dalem buku piwulang bab sembahyang limang waktu, wis amot piwulang donga-donga dalasan maknané, patrap lan pratikellé: mulané bab iku tak punggel saméné baé. Déné ringkessanné piwulang kang kajarwa ing ongka 1 tumekané 6 iku, anggugah rasaning manungsa tumuju marang kasukciyan lan bekti ing Allah, apa déné  supaya kadunungngan:

  1. Rumeksa badan jasmanni dalassan badan roh rabanni.
  2. Rumeksa badan astral utawa badan roh kéwanni.
  3. Rumeksa badan pikirran utawa badan roh rahmanni.
  4. Anukullaké  rasa sajroning ati, mungguh sipatté Gusti Allah iku Esa, ora ana kang nyakuthonni.
  5. Ambeblessaké tékad terusing ati, Manawa Gusti Allah iku Maha Agung, Maha Kuwasa, Maha Sukci, Maha Mulya, Maha Murah, Maha Asih, Maha Sampurna, lan sabanjurré.
  6. Niyat terusing ati, kaesthi rina lan wengi sumeja anglakonni bakti marang ing Gusti, tegessé sumeja anglakonni lan angé[66]stokaké karsanné Gusti, sanadya sajroné golék pangupa jiwa (dadi priyayi, dagang utawa tani, lan liya-liyané), ngayahi anak bojo, tutunggallan wong akéh, lan sabanjurré.

Sudarsana. Sasampunning kula tampi piwulang panjenengngan ingkang kajarwa ing ongka: 1, dumugi 6 mau, ingkang léréggipun anukullakén raos ingkang anjalarri gampil tumindakking pratik lajeng kulo coba, dumugining dinten punika tansah kula gémbol ngalér-ngidul, wekassan dayanipun dhateng gesang kula padintennan lakar wonten sayektos lirripun makaten: manawi atutunggillan kaliyan tiyang kathah, radi gampil tarimahipun manawi kacorok ing samukawis patrap ugi namung samurwat kémawon manawi pinuju kapitunan gampil narimahipun uger nanggung saukur, ingkang makaten wau bokmanawi, saya dangu saged saya wewah sayanipun.

Sanés ingkang kula aturraken saréhning merit piwulang ingkang kajarwa ing ngajeng, ngudi dhateng kadunyan punika kalebet dados sirikkannipun tiyang anggayuh dhateng kasukciyan ing mong[67]ka nitik dhasar kula, déréng saged mengker kadunyan ingkang makaten wau manawi kula garap sapunika, punapa boten dados wisuna tumrapping gesang kula.

Cantrik Jathi Pitutur. Kang mangkono mau pancén lumrah ana kang padha kléru panompa, bokmanawa kagawa saka kurang rêsikké panggarappé piwulang. Mungguh sajatiné piwulang kasukciyan ora meksa manungsa daya-daya  mungkur kadunyan, ing dalem Kuran uga ana dalil kang surasané mangkéné. Déné kang diwajibbaké marang manungsa iku kudu saka sathithik nanging ajeg aglalintih mungkur marang kadunyan, ing Layang Warat Maya uga wis ana wawarah, mungguh séléhé tembung mungkur kadunya iku, dudu ngemohi lan nyapélékaké sarupaning kadunyan déné kang dilarangngi iku sengsemmé sarta karêmmé.

Dhék Sang Buddha Gutama di adhep ing para siswané pipilihan angandikakaké ora prayogané kadunyan, saréhné ang Buddha mau sarwa linuwih samubarangngé, pangandikané mawa prabawa, yén paring piwulang kajaba cetha, tétéh, turut nyata uga kanthi pasaksén kang cukup, dhék samana ana siswa anyar andhérék ngadhep sandhanganné sarwa bregas tur sugih, panggaotanné dadi jagal, barêng krungu piwu[68]langngé Buddha, kang surasané ora ambenerraké marang wong kang padha amburu kadunyan marga dudu kalanggengngan lan amemetengngi, sakala dhéwékké kapranan banjur matur marang SDang Buddha, yén wiwit wektu iku kenceng tékaddé sumeja ambuwang raja darbékké, didarmakaké marang pekir miskin utawa marang liya-liyané. Dhawuh wangsullanné Sang Buddha, tumrap dhéwékké ing wektu iki, durung mrayogakaké Manawa ambuwangngi raja branané. Amarga dadiné tékaddé kang mangkono mau dadakkan kagawa saka ngrungokaké piwulangngé ang Buddha, kang tata tétéh, turut nganti katompa temennan Manawa kadunyan iku dadi aling-alingnging kanikmattan kang langgeng. Kang mangkono mau, tétéla dudu tékad kang thukul saka panggawéné panemu, lan kaya kinnan kang sampurna. Wekassanné bakal tumiba ing kasangsaran kang gehdé, tangéh manawi bisa manggon ing katentreman.

Sudarsana. Sababbipun punapa teka kados makaten kadadosannipun.

Cavtrik Jathi Pitutur. Mungguh kang dadi sababbé marga isih duwé pangarêp-arêp malah luwih gedhé tinimbang sadurungngé. Marga gelemmé ambuwangngi raja brana, di dedel ing pépénginnanné, yaiku supaya bisa dumunung ing kanikmattan kang langgeng, kang ing [69] dunya ora ana pipindhanné. Ing mongka kanikmatan kang langgeng iku, bisané kagayuh, mung sarana lila, legawa, sepi pamrih, makarti ora ngarêp-arêp ngundhuh uwohé, ing Layang Bagawatgita, panguswapada Guru, lan liya-liyané, ngamot piwulang kang mangkono, ing dalem Kuran jus 3 ayat 92 ana dalil mangkéné, “Lan tanālul-birra ḥattā tunfiqụ mimmā ……………………….”. Sira ora bisa nampanni ganjarranning kabecikkan kajaba yén sira legawa méwéhaké barang kang sira dhemenni ……………………….

Yén saka panemuku kaya-kaya wis cukup paseksénné, saka piwulang téyosopi, saka dalil Kuran lan sak kitab liya-liyané, yasanné para nabi, kena di pasthékaké padha amot piwulang kang mangkono surasané, émanné aku durung bisa ngandharraké kang terang. Sabab kang mangkono mau, mula prayogané sing ajeg lan awas oléhmu maspadakaké obahing atimu, wis legawa apa durung, apa wis sepi saka geterring luamah lan amarah apa durung. Saupama durung, prayoga ulahen dhisik kabatinnan mau: gér, aja ngarêp-arêp ganjaranning kabecikkan dhisik iku bakal teka karêppé dhéwé, Gusti Allah sipat adil, ambalé[70]nni sudagar sugih kang kajarwa ing ngarêp saréhné sulaya karo wawaton dadi mawana kalakon ambuwangngi raja branané, wekasanné malah bakal kalebu ing panasarran sabab rajabranané wis kabanjur enték kanikmattan kang langgeng ora kacandhak, déné kang pryoga iku anglantih saka sathithik kang ajeng nanging sarana kakencengngan sumedya angoncatti kadunyan kalakonné anglakonni pituduh kang kamot ing ongka :1; tumekané :8;, utawa pituduhing para sukci liya-liyané, kena milih endi kang laras lan mempan karo dhasarré, watonné sarana kekencengngan aja sakoberré lan sakapémakké. Énggal lawassé Manawa sang pribadi wis diwasa, pra prelu nganggo dieréh, mesthi mungkur  kadunyan karêppé dhéwé jer wis mangkono anggerré, iku binasakaké wis bisa mangréh tunggangnganné, toléhen kahananné para wali, para pandhita, para mukmin kas.

Sudarsana. Bab pitedah-pitedah saha sarana ingkang saged anggampillaken anggénning anglampahi pitedahing ngélmi ksampurnan sampun katerangngaken sapunika kantun nyuwun berkah seserêppan bokmanawi wonten lampah ingkang sambet kaliyan salat sakawan tatarran, ingkang sampun kocap ing serat wa[71]maya jilid II inggih punika: 1. Salat Jumuah, 2. Salat Kaji, 3. Salat  Wusta, 4. Salat Ismungalim.

Cantrik Jathi Pitutur. Déné laku kang bisa anggampangké sampurnané salat patang prakara iku, ora liya temen-temen nglakonni pituduh kang wis kajarwa ongka: 1; tumekané ;8;. Kanggo ngalussaké watakké badan astral lan badan pikirran, ing dalem piwulang mau wis dipinangkanni saka rong panggonnan; saka papangannan lan ombén-ombén kang anjalarri wawatakké badan jasmani tipis marang karêm mumah-mumah, mukti wibawa, keséd notol (adreng), lan tansah ngulattaké obahing piker, kang tumuju marang kang ora rahayu.

Saréhné badan-badan mau ora langgeng, lan kabéh-kabéh mau gumantung ana ing pakulinan dadi Manawa panggarappé sarana mantep madhep karêp lan tetep énggal lawas kena di tamtokaké bakal duwé watak kulinan marang sakéhing panggawé rahayu. Coba ayo padha nitip pariksa bab salat ongka 2 (salat kaji) dunungngé ana tarékat wuluné tanpa banyu, nanging ora kena drengki lan sréi, iya iku salatting ati. Dadi wajibbé rina lan wengi kudu tansah angulattaké obahing ati, aja nganti kathukullan a[72]ti kang tumuju marang drengki lan sréi. Tegessé drengki, méri marang kabegjanning liyan gawé sandi upaya kang murih bilahi utawa pituna. Déné tegessé sréi, wis oléh pandumman akéh isih rumongsa kurang (luamah). Sapa ta kang watakké mangkono, ora liya si badan astral utawa badan roh kéwanni. Ing mongka badan mau tansah di upakara saka rong panggonnan kaya kang wis kajarwa ing ngarêp dadi Manawa temen-temen pangupakarané, nganti kaleksanan bisa rêsik salat ongka 2 mau wis kacandhak ana ing kono. Kang prelu iku mung kari temen-temenning panggarap sanadyan anggarap apa baé, sanadyan prakara réméh pisan Manawa ora digarap temennan wis mesthi ora kadadéyan, saiki bab salat ongka 3, yaiku salat wusta, dunungngé ana khakékat wuluné ora angegungngaké sarira, lakuné sabar, iya iku salatting roh. Dunungngé salat khakékat mau, kudu ora angegungngaké sarira, lan sabar, tegessé ora angegungngaké iku, ora angadekaké tumrap samubarang, kudu trima saanané, kaya ta bab sandhang pangan pangaji-aji, sapiturutté, kabéh mau tumrappé salat khakékat kudu bisa nyabarraké. Co[73]ba ayo padha di titi pariksa, sapa kang duwe watak mangkono, ora liya watakké badan pikirran kang wus kumpul karo badan astral, badan pikirran iku watakké dsuthik kungkullan: 1. Ladak oran kena kesliring basa sathithi ngajak kerêngngan; 2. Dir, ngegungngaké kaluhurranné utawa kasugihanné, 3. Dhiri, suthik kasorran karo sapadha-padhané, dhemen di ajénni emoh ngajénni, 4. Kumaki, kumini, tegessé para tanta, lan kumintir, 5. Gumagus kumayu, tegessé, duwé karêp diarannana bagus utawa ayu, 6. Gumaib kudu diarannana becik dhéwé, 7. Gumedhé, satemenné cilik diarannan gedhé. (Tegessing tembung-tembung mau, pethikkan saka pathi basa, anggittanné swargi Padma Susatran). Saréhné badan loro mau saben dina tansah di upakara, Manawa temen-temen pangupakarané, watak ora angegungngaké lan sabar, bakal thukul karêppé dhéwé. Saréhné panggayuhé wis tekan ing kono, mesthiné wis ora ambutuhaké urip sacarané jaman lumrahan kaya kang wis kajarwa ing ngarêp, yén wis mankono kahananné, mung kari ngenceng marang kang dadi pangésthiné, wekassan saya rikat ajuné. Déné salat ongka 4, Manawa wis dadi salatté ongka telu, [74] bakal mapan karêppé dhéwé, marga kang wis kalakon para sukci kang wis samono drajatté kasukciyanné, watakké ora kersa ngandika, Manawa ora ana karsané Gusti.

Kajaba piwulang-piwulang kang kajarwa ing ongka ;1; tumekané ;8; supaya kasukciyan mau tumuli kadarbé ing titah kang temen-temen sumeja ngambah dalan kasukciyan prayoga angVstokaké dhawuh piwulangngé Sang Kresna Murti, kang kocap ing Layang Manguswa Pada Guru, kaya mangkéné: bab 3 budi sabar lan saréh. Sira kudu ngajénni sarta matrappaké kasabarran marang agama, awit kabéh mau pituduh dalan marang Gusti, kaya déné agamanira dhéwé. Malah luwih becik Manawa sira mangreti marang agamané wong liya, yén sira arêp tutulung, weruha marang carané agamané.

Supaya sira bisa nglakonni sabar lan saréh, kudu dumingkir ing watak cekak lan rupak tuwin brangassan, sanadyan wong nglakonni agama kalawan tertip yén atiné rumongsa luwih utama utawa luwih luhur saka wong kang ora nglakonni agama iku, satemenné wong kang mangkono iku ora bener, (laras kaliyan Kuran Jus Amma: Tidak engkau berkuasa atas merika itu. Nasehatkanlah olehmu [75] sungguh engkau Cuma juru nasehat).

Mangkono manéh sira aja nacad marang wong liya, kang anduwénni pangira, yén pranataning agama lair (sarak) luwih prelu, karêbén dhéwékké nglakonni sakarêppé, mung aja meksa marang sira wis sumurup marang yektiné, (hakékatté), sira ora kena dipeksa manut marang bab kang wis sira liwatti, nanging sira kudu nandukkaké budi saréh lan manis.

Saiki sira wis kabuka lan bisa sumurus yén pira-pira piyandel sarta sarak agama kang di turut ing jaman kuna, terkadhang saiki wis ora prelu, lan tanpa pédah marga sira ora gelem nglakonni. Sandyan mangkonowa, aja sira nacad lan ngréméhaké, awit ana uga paédahé, lan bokmanawa prelu banget marang kang isih nglakonni prakara iku. Satemenné sarak iku ana uga prteluné marang jiwa-jiwa kang isih enom upamané nalika sira isih miwitti nulis harak nganggo garissan rangkep nanging yén sira wis baud nulis ora susah nganggo garissan tur tulisanné luwih becik.

Ana sawijining guru linuwih kang ngandika: nalika aku isih bocah, calathuku lan pangretiku uga kala bocah, [76] nanging barêng wis tuwa caraku bocah tak tinggal nanging wong kang wis lali carané bocah, lan ora duwé katrenan marang bocah, ora bisa mulang lan tutulung marang bocah.

Sira kudu ngrengkuh kalawan manis lan sabar tuwin saréh marang sadhéngah agama, kayata: agama buda, sindu, cina, yahudi, srani, utawa islam aja ana kang sira gethingngi lan ngapirraké.

Bab 4. Ayemming Ati. Samubarang karmanira utawa takdirria kang tumiba ing badannira, tampannana kalawan legawaning ati, Manawa sira katekan susah kalawan cilaka, iku prasasat nugraha, minangka pitulungngan ajuning jiwanira, iku mesthi ana wahanané. Ora gampang sira anglakonni panggawéyanné sang guru déwa, sadurungngé bisa coplok ing panandhangngira mau, enz. enz.

Kajaba saka iku, sira aja rumangsa duduwé, lire: atinira aja kumanthil marang apa-apa. Manawa sira kaocattan mu barang kang sira dhemenni, utawa sira kasihi, utawa kapatén wong kang banget sira tresnanni, iku ora dadi apa, éklasna kalawan rila legawaning ati, kudu sumarah.

Karêpbé sang guru déwa arêp ring pitulung utawa nyata[77]kaké kuwasané marang  manungsa lantarran murid-muriddé, nanging yén atiné murid mau pinuju susah lan prihatin ora kena di anggé lantarran mulané prelu atinira kudu ayem lan seneng tanpa kendhat.

Sudarsana. Bab pitedah ingkang anjalarri anggampillaken lampah dhateng kasidan jati, sampun kawijang-wijang, sapunika kantun margi ingkang anggapillaken dhateng kaenengngan tuwin kaeningngan mugi kaparêngnga angresikkaken.

Cantrik Jathi Pitutur. Bab iku yén saka panemuku, kang prayoga dhéwé kaya déné laku kang wis kajarwa ing layang waratmaya jilid II, éwa déné kang akéh  manungsa iku sok jodhon mulané coba-coba mengko tak nyaritakaké laku liya. Sanadyan awawatonna tiyori kang endi baé, kang prelu iku watakké padinan kudu dirêkksi. Manawa dhasarré atiné kang suthik asor kudu luhur dahwén sendhon para waonnan panas baran milikkan lan sabanjurré durung tipis wis menthe saben di enengngaké gronjallan pating jredhul pikirran warna-warna padha tangi. Manwaha sasrawungngan karo manungsa utawa liyané, isih duwé krenteg ambutuhaké kanggo pigunané dhéwé, utawa ngowahi kahana[78]nné, munggahé éwa lan nacad yén pinuju di golongngaké sayekti angel bisané meneng.

Saka kurang titimu, lan sabab ora nyana, kala-kala ngrumangsanni Manawa atiné sanadyan durung sukci, wis rêsik, kanggo meruhi temen lan orané, coba saben poncadriya di gepok ing samubarang, kang prelu dulu lan pangrungu, atimu awasna, kapriyé panemu lan kandhané, tumrappé kang anggepok mau, upamané: nétra andulu wong liwat kang durung wanuh, utawa kang ora disenengngi, sanalika swaraning atimu rungokna, kapriyé kandhané. Sabab kang wis kalakon Manawa atiné durung rêsik ing dalem mongsa kangmangkono, mesthi muni, katata: wong iku ora bagus nanging gemagus mlaku baé digawé-gawé nyangking wiron kaya ………….., iket-ikettanné kaya …………, apessé wong kuwi sajak rêged ora tau adus  enz enz.

Sudarsana. Pangandika panjenengngan punika singgihan saget babasan boten géséh semendhang pinara pitu, awit kula piyambak ajeggannipun inggih makaten, saréhning rêsikking manah punika dados pancaddan ageng, tumrap tiyang anggayuh kasidanjati, mila mugi wontenna karsa panjenengngan paring pite[79]dah, margi pundi ingkang kedah kula lampahi, supados kabatossan kula, manawi kula anggé nyawang tiyang boten ébah dhateng ingkang boten prayogi.

Kajawi saking punika, saréhning namung ébahing manah, wujud kalahirran tondha yékti déréng wonten punapa ingkang makaten wau saged angregeddi, utawi dados karma.

Cantrik Jati Pitutur. Pitakonmu dalan endi kang kudu dilakonni, supaya kadunungngan ati rêsik aku mung bisa awéh pituduh, amék pipiriddan saka piwulangngé para sukci mangkéné: kang kapisan: kudu temen-temen oléhé nglakonni pituduh kang wis kajarwa ing ongka: 1: tumekané ongka: 8: kang pindho: kudu prasetya ing dalem ati, kalawan temen-temen sumeja angéling-éling, Manawa nétra andulu samubarang, lan karna rurungon sumeja rumeksa aja nganti kathukullan osik kang leréggé marang dahwén sendhon para waonnan, sabab wong-wong mau padha duwé karmadikan dhéwé-dhéwé, sakéhé pakartiné iku kanggo kapreluwanné kana, nanging ora tumrap kéné.

Manawa kita isih duwé rasa, Manawa pakartining liyan iku sambung karo kabutuhanné kéné, wis mesthi isih ana geter [80] kang ora mathuk, dadi Manawa dipikir kang dawa, satemenné kang sugih ora mathuk iku kéné, mangkono pangandikanné para sukci. Yén dasar ing ati kang mangkono mau durung ilang, tangéh bisané sukci, wong rêsik baé durung. Mulané prayogané aja anjangkah liyané kang dhuwur-dhuwur. Kuwi baé di upakara sing nganti rêsik, sakéhing rékadaya, sakéhing piwulang, endi kang mathuk tindakenna, kanggo angresikki geterring ati kang marang dahwén open sendhon para waonnan, yén panggarappé dhasarring wawatakkan wis becik kena diupamakaké sawijining palemahan sanadyan di tandurrana apa baé, sayekti metu uwohé. Déné pratikellé supaya énggal kalakon kadunungngan ati rêsik atimu lalantihen saben kapranggul sapapadhaning urip rasamu welas lan mélu krasa (medegevoe) tatanginen upama durung gelem ya peksanen suwé-suwé Manawa ajeg lan ora bosen mesthi bakal dadi watak, sakéhing tindak kang tumuju marang kadiwasanning jiwa, di surung déning kodrat.

Bab pitakonmu obahing ati kang durung ana sihnané, apa dadi sabab, iku Manawa miturut piwulang karma, malah luwih gedhé ajiné tinimbang pakarti lair, upama mangké[81]né ana sawijining wong papriman diwénéhi dhuwit utawa panganan nanging ing dalem batiné oléhé ménéhi mau duwé sedya gék dang tumuli lungaha. Pawéwéh mau tanpa gawé, ora anjalarri sukci ing jiwa, sabab ajining kalahirran miturun beginselen der theosofie dorr Mr. C. Jinara jadasa upama barang wujud mung sapralimanné ajiné rasaning ati. Kosok baliné, upama wong priman mau ora diwénéhi apa-apa, nanging atiné karasa welas mung diwangsulli nganggo tembung kang manis anuduhaké welassé, iku luwih gedhé ajiné tumrappé kasukciyan tinimbang ménéhi, nanging trajangngé kaya kang wis kajarwa ing ngarêp, iki lo tak cuwillaké gambar wujuddé rêrêngganning pakarti lahir lan batin kang kocap ing “eerste beginselen der theosofie”.

ARTIE en REACTIE
Hooger mentalAspiratiesIdealen۞125
Lager mentalWaardeeringen AanmerkingenInspiraties TobberijenO O25 25
AstraalSymphaties WrokVreugden SmartenΘ Θ5 5
FijsiekHulpbrengende daden   Nadeel toebrengende dadenBehaaglijkheden   PijnenѺ ●1   1

[82]Séjé kang tak kandhakaké, mungguh trappé semédi, miturut piwulangngé para ahli sufi mangkéné: sadurungngé patrap antara sajam utawa luwih, ora kena gunemman apa-apa, kajaba maca donga, ora kena seneng-seneng, ora kena mikir kadunyan, tumuli nganggo sandhangngan kaya kang kajarwa buku piwulang konsentrasi piwulangngé sang sinukci Darnésmud, kang lumrah mori putih adhapur rukuh, banjur wiwit linggih sila ana papan pasemadén lungguhé kang jejeg sirah, githok tumekané geger kang lurus aja nganti andhoyong, nanging ora kena kaku utawa kenceng, supaya lakuné napas bisa bablas sabab iku kang minongka tunggangngan tangan tinumpangngaké ing pangkon driji kiwa ana ing jaba, suméléh saka pénakké. Piker banjur dikumpullaké kang alon tumuju marang ati sanubari, titik ing telengnging jantung, ora kudu gumana, watonné tumuju mrono, miturut esirring ati, ora kena di elah-elih, kudu mindeng tumuju mrono, ing papan pasemadén prayoga di obongngi dupa utawa ratus, piker aja nampanni panggepok saka ing jaba, rasa diurippaké meleng sawiji (mrono), atiné kang ayem tentrem, [83]Manawa katarima,ing kono bakal ana rasa, ora obah, ora molah, ora mosik ora rumongsa ana alam dunya, ora ana alam astral ora ana alam pikirran ora rumongsa duwé badan ora rumongsa duwé pangrasa, marga wis dadi rasa, ing kono bakal ana rasaning rasa, rumongsa……….,.

Sudarsana. Sadaya piwulang kang ingkang panjenengngan dhawuhaken rasossing manah kula sampun tampi sadaya. Sapunika kantun angudi sageddipun tetep dados busananing raga. Sanadyan angéllipun sakuwawi-kuwawi kula, sumeja kula lampahi. Mugi-mugi anyarêngngana mongsa kala.

Sanés ingkang kula aturraken wonten satunggal malih ingkang dados petengnging manah, inggih punika bab lair marambah-rambah tuwin bab karma utawi lokilmakpul, punika tumrap agami kula islam taksih peteng ing panampi kula. Saupami botenna nyata wonten nalarripun kalebet anéh, awit No.1 dados gégéyongngannipun tiyang ingkang sampun diwasa nalarripun malah panyawang kula para lid téyosopi sabagéyan ageng para saged mokal manawi bab punika ngayawara, déné para ahli nalar sami ngajengngi. No. 2 para panuntun té[84]yosopi sajati. Kula nyipatti piyambak awit asring rawuh ing tanah Jawi, kula tumut nyatakkaken ing lose-lose téyosopi, kajawi rasa kwedallan saking pamulangngan luhur, ugi nyata luhur kasukciyannipun sabab, lila, legawa sayektos malah ing wekdal sapunika, ing tanah Jawi  kula déréng naté mranggulli tiyang ingkang lila, legawa, sukci kados makaten terkadhang wonten ingkang karilannipun angémperri, nanging kawruhipun kalahirran ingkang prelu kanggé nerangngaken kawruh kabatossan déréng paja-paja nyawénni kilap bokmanawi kabekta kirangnging seserêppan kula. No. 3 Kramattipun ingkang minongka dados panitikkanning wahyu kawalén inggih sampun jangkep sayektos, No. 4 mirid piwulangngipun ingkang kamot  ing buku-buku téyosopi, ingkang pinangkanipun saking jagad guru, rumaos kula babar pisan boten gadhah aget wontennipun among asrep boten wonten piwulang ingkang léréggipun nyaékaken minggahipun isi pamrih dhateng gadhahannipun piyambak (téyosopi). Panganggeppipun dhateng sadaya piwulangnging para Nabi boten sanés: kajawi naung saé. Boten angemungngaken panganggep saé dhateng piwulangnging para nabi, malah ing buku piwulang [85] téyosopi jilid III amot wawarah: manawi isining ngalam dunya punika boten wonten ingkang awon sadaya saé. Saking pamanggih kula, ingkang makaten wau kados amracihnanni, manawi sampun kandhas ayektos dhateng sajatossing awon sarta saé, sampun pindha samodra.

Nitik katrangngan ingkang kajarwa ing nginggil élok manawi téyosopi purun pitados dhateng kawontennan ingkang boten nyata utawi nalar. Nanging saupami ingkang makaten punika kapara nyata, sabab déning punapa ing dalem Kuran utawi piwulang agami kula islam teka boten anggelarraken bab lair marambah-rambah, aluwung bab lokilmakpul sanadyan menggah panampi kula piyambak déréng nama anyekappi pitakénning para ingkang juwed pitakén nanging samun wonten malah kalebet rukun islam, bab déréng  nama nyekappi pitakénnan wau, kilap kabekta saking cupetting kawruh kula ing bab agami islam kilap saking kléntunipun ingkang pitakén.

Ing ngajeng sampun wonten ancer-ancer, manawi uwossipun anglerêssaken agamining sadaya para Nabi, ing mongka wonten ingkang boten cocog inggih punika bab lair ma[86]rambah-rambah tuwin bab karma, nanging namung sawatawis, mila ing batos radi rangu-rangu, déné wujuddipun boten cocog nanging saged anglerêssaken (nganggep lerês), awit saking punika, kados pundi menggah terangngipun.

Cantrik Jathi Pitutur. Sabab aku ora putus ing agamaku dhéwé, yén miturut panemuku kang aora putus mau, ing agama islam pancén ora anggelaraké bab lair rambah-rambah. Nanging Manawa pamancané Kuran kanthi sabar, saréh, titi, dirasakaké sarana angélingngi  pangandika: yén ing dalem Kuran akéh ayat kang samar-samar (jus 3 surat Ali Ngimran ayat 5) lan dalil kang paring pépéling, sing sapa kang maca kitab kudu mangreti surasané (Kuran ayat 41), angélingngi Manawa lumrahé buku piwulang Jawa lan Arab akéh nganggo pasemon dadi kudu angganeppaké pangreti, yaiku ameruhi marang prakara, lapak makna, murad maksud apa déné oléhé ngrasakaké sarana ngadil ora kadhedherran marang sawijining piyandel ora nisih, ahli nalar, sugih kawruh, kayata: kawruh bab tembung, kawruhna tir kendhe, sekéba kendhe, ngélmu bumi, dhirkendhe, plankendhe, kawruh babaddé sawiji-wi[87]jining manungsa ing jagad ahli niniti watakké sawiji-wijining jaman kawruh anatomi, kawruh pangréh praja lan liya-liyané, bokmanawa bisa nyuwurppi, Manawa ing dalem Kuran uga ngamot kawruh lair marambah-rambah. Nanging saréhné saiki wis kesel lan satemenné aku ora duwé kawruh kaya kang kajarwa ing dhuwur, mula prayogané liya dina baé ngrembug iku, ngiras tak golék kawruh, utawa golék sarjana kang sugih kawruh.

tamat

Leave a comment