Category Archives: BABAD DERMAYU

BABAD DERMAYU


PUPUH I
S I N O M

  1. …li ka[h]ula haserat, hing dalu Jumahah legi, (nu)ju se(neng)…tiyang, jam kalih dalu nu jo …n[n]i, waktuna … sasih, nuju seneng manah hulun, hing tanggal kaping sadasa … wan di…nuju néki, tahun séwu sanga ngatus pan[n]e…
  2. Tan sanés hingkang sinekar, wedar[r]ing kanda rumi(yin), …sajarah tiyang ku[n]na, turun-tumurun niréki, hanak……nakin…, Ki Wiralodra rumuhun, bermula Da(lem Kang)jeng, Kang hana hing Darmayu mangkin, trus tumurun hing putra…
  3. … kinarang sinekarna, sampun kantos… langkin, supaya samya huni[ng]nga, kartadipran[n]a……s, hérpol sa[ng]king Mantri Haris, supaya … galur. Hanak putu Wiralodra, bénjang lang…… kun hakir, Klayan sanak kadang[ng]é hingkang pun sir…
  4. (Mar)gan[n]é kula …hanyerat, buku sajarah dalem …… nti pada … rusak, ka…hical hingga tu … …n[n]é sujarah dingin, maksa hing ngila[r]ran hulun, Minggu palesir kula, pakuburan pun tinga[l]li… …ngungun rusak[k]é hing pakuburan.
  5. Nulya ka[h]ul[l]a, ningal[l]i sujarah mangkin, turun[n]i Wiralodra, Larakelar hasal néki, laki…mangkin, Pejajar[r]an putra ratu, hapeputra… tumenggung hanang Metawis…, hapeputra Ngabéhi (Wirase)ca(pa).
  6. Wirasecapan kagu[ng]ngan, Kartiwangsa …(mang)kin, Tumenggung hanang Mataram, wedar……kantos dateng Majapahit, … Pan sada……(tu)menggung, Panembahan Kyahi Be(la)ra, …sumi,
  7. ……hingkang ka…wecar[r]é hing para …u… nulya kagu[ng]ngan putra, Jeng Pangeran Hadi… hingkang peperab, Bagelén hing rang(gah) ( hapepu)tra malih, Gagak Pernala Tu(menggung), …ki gumantya, Lajeng ha… …puna…sekawan. 1a (2, 822)
  8. … Pringgadipura, gumantya para bopati, Dén Gagak Wirahandaka. … nagara, Karangjati kang nagari, Putra hingkang pa… Pan Radén Gagak Kumitir, nulya peputra … hanang Banyu Hurip Kedu, Dén Gagak Wiraku(suma) hapeputra malih, Gagak Singalodraka…da…ya.
  9. Pembajeng Wangsanagara, Wangsayuda rayi héstri, (Wi)ralodra katiganya, Tanujaya hingkang rayi, (Tanu)jiwa kang wuragil, hing Bagelén dalem[m]ipun, Wiralodra, sanget saking nyandang kingkin, kasa, remen[n]ipun hamertapa.
  10. Hana …ling malaya, pernah hingkang sepi mangkin, gumuling hing wisma, hanenuwun hing Yang Widi, saréngat (hakeka)t mangkin, hakékat mahripat wahu, tansa(h) hingkang tumingal, hamandeng hing wujud tunggil …nya (hing) jero supaya dados satunggal.
  11. … (sa)réh miwah dahar, tigang dahun lamin[n]éki, kantu Bagelén.. rosik[k]a, sampun hical wujudnéki, …cahya hingkang bening, tanda tinarim[m]éng hagu(ng), …ngaran suwun hing yang sukma, muga-muga hantuk mu(lya) turun[n]é mugiya hantuk (k)amulyan.
  12. (nu)ju dalu Jumah, ningal[l]i wonten hing langit, (pa)dang kadya lintang, sareng ming wétan ning[ng]al[l]i, …dang nelahi, yahiku cahya handaru, cahya…mang tapa, hicaling pepadang mangkin, nulya …kinanti hingkang tinembang,

PUPUH II
K I N A N T I

  1. (Su)kma hing yang hagung, suwara kang kapiyarsi…, …Wiralodra, lamun péngén mulya kaki…nira, …ru ngira, babad[d]ahing halas kaki.
  2. Ngulon hungsinen kacung, hing halas Cimanuk halas gedé hi[ng]ku nyawa, pan bakal dadi nga…. (ha)turan turun[n]ira, duging turun pitu kaki
  3. …tuhamu, mila hénggal lunga haka… …Wiralodra, Halilir hanggé …sami katar …hing jeng rama Ngatur[r]aken pi … hing jeng …nas mikatur 2 (3, 822) //…ning ram[m]a, kaki hanak [k]ingsun mangkin.
  4. Sun pasrah(a)ken yang hagung, sangking sakarsan[n]é kaki, putra ningsun hayu …cw, rinangkul dipun tang[ng]is[s]i, putra ngambung suku ram[m]a, miwah nang[n]i hingan[n]néki.
  5. Kahidinan sampun kondur, sing ngar(sa) ram[m]a hing hibun[n]éki, sami medal toya..waspa, handres miji(l) ditangis[s]i, kaliyan Kang Pandakawan, Kyahi Tinggil tanéki.
  6. Medal ngidul pinggir gunung, malebeting wanadri, lali turu miwah dahar, mapan déréng ha…ta, (hing) kali Cimanuk pernahnya, hing pundi panggé(nénéki).
  7. Kantos lami tigang nahun, hanggén[n]é wa(na)dri, …hapandé ring hantuk marma, pitulung Yang Maha Widi, nulya jeng hing lampahnya, kantos dumugi hing kali,
  8. Kali hageng hing Citarum, hang linggih hing pinggir kali, …toya geng prapta. Nulya hawecan[n]a haris, hanang hing(kang panda)kawan, ka(ng) kekasih Kyahi Tinggil.
  9. “(Pa)man susah hingsun, kali gedé hangliwati, (pri)yén pan karo hapa?” Humatur kiyahi Tinggil, …sowan, kula tur[r]i sabar briyin… …mi pukulun, Le… 2a (4, 823)
  10. Saparantos bendara, Léréh[h]an nyenangna pikir, lan puniki Gusti dara, kathah wowotan puniki.
  11. Kula kinten be…dusun, hutawi kebon jalmi. Sareng héca gényagah, wunten kaki tuwa prapti, hingkang mindah kaki tuwa, Buyut Sidum tiyang karihin.
  12. Raden Wiralodra dulu, wunten kaki kaki prapti, sanget bhingah[h]é hang… lah bagja temen pun mami, bakal hingsun (hantuk) warta, sangking kaki tuwa hiki.
  13. Hénggal ti(nari)k rinangkul, sesalaman hasta kalih, sarta sareng nya lenggah, humatur hawelas sasih. “Haduh Kakang tu (lung) kula, nuwun pitulung pun kaki.
  14. Pun lami lampah …n hulun, sangking Bagelén nagari, tigang (tahun) lampah kula, hing pundi Cimanuk kali, kula (harsa) hantuk warta, muga kaki hanulung[ng]i.
  15. Kyahi Dum wecan[n]a harum, sarwi megap megas har[r]is, dé… (han)tuk hawecan[n]a, “Duh Ki Putu welas mami, sampéyan … kula, ngatur[r]aké lampah néki.
  16. …(Kali) Citarum, … Kerawang bagiyan néki, sampun…kedah wangsul malih niki, hamesisir la… 3 (5, 824) //…la ngétan pernah néki. “
  17. Nulya hical kaki sepuh, kagét wahu haning[ng]al[l]i, getun Radén Wiralodra, déréng (ta)kén wastanéki, lan sing pundi hika hasal, kabujeng (mu)sna pun kaki.
  18. Nulya hawecan[n]a harum, “Duh paman Kiyahi Tinggil, hing ngendi si kaki tuwa?” Ki Tinggil humatur haris gugup dara hameriksa, boten[n] takén wasta kriyi(n).
  19. Hutawi negarin[n]ipun, nanging bagja kula Gusti, …manten pan hantuk marma, pitulung[ng]é hing Yang Widi, mila…hénggal-lénggal, kula lajeng pangkat Gusti.
  20. Pu(ni)ki pan margin[n]ipun, hambhujeng lampah pun hénjing, ningal[l]i medal[l]ing surya, nulya hénggal halumaris, lampa[h]hing KiWiralodra, ngétan ngalér margin[n]éki.
  21. Hangrem(pug) hing wana (a)gung, lumampah siyang lan wengi, datan saréh miwah dahar, sareng duging Pasir Hucing, lér[r]éh (h)ing wana[h] puniki, wonten toyan[n]ipun mili.
  22. Sumber medal saking sumur wan[n]a dateng Ki Tinggil. “Duh Paman Tinggil pun kula, meng(ké) laréh pada mandi, sun ting[ng]ali hiki toya, langkung sa(hé) toya bening.”
  23. Kyahi Tinggil pan humatur, (lamun Gusti) kersa mandi, kula péngén sesaréyan, 3a (6, 825) pi//wiwitan hiki, hadem kasilir marut[t]a, hénggal sa(r)é Kyahi Tinggil.
  24. Lami hanthuk kalih minggu, hana (to)ya tengah wanadri, nulya pangkat Wiralodra, ming[ng]elér lampah hiréki. nulya manggih tiyang gaga, madukuhwan hing wan[n]adri.
  25. Wirasetra wastanipun, sing wétan hasli rumihin, hing bénjang bakal nurun[n]a, Dalem (Pega)dén hing bénjang, Kyahi Wiralodra tanya, sarwi sesalaman kalih.
  26. “Duh kakang basa pukulun, hing Kakang tembé pinanggih, lan sinten kakang peparab, duh Wirasetra jeneng mami” “Hingkang wewangi pun kakang, Wirasetra jeneng ma(mi).
  27. Yayi sinten jeneng[ng]ipun, lan badé karsa hing pundi, sah[h]a hasli pundi ranti?” Wiralodra jeneng rayi, sing Bagelén hasli kula, ngalar[r]i Cimanuk kali.”
  28. Karun[n]a sarwi hangrangku(l), “Duh bagja temen rayi, pinanggih kaliyan kakang. Kakang (ing) wétan nagari, Banyu Hurip dulur misan, Wirakusuma Dipati.
  29. Hanulya binakta wangsul, hing wisma pernah hi(ré)ki. Sinubu- subu haneda, sami pada suka hati, pu……na tan dahar, tyang tangga samiya bhukti.
  30. Kyahi…humatur, “Duh Bendara tembé habdi, dahar …se//(ka)lih hulam, salaminé boten bukti, dameng gegodong[ng]an kula, hingkang dipun bukti habdi.
  31. Haduh dara kula suwun, hingkang lami manggén riki, badé hanglemok[k]en badan, handugék hagen pun daging, daging kula kathah hical, dameng tambi weteng blending,
  32. Ngayang hayang hir tiyang bu… suku hasta halit halit, yén lumampah sempoyongan, kula hasring niba tangi, kasrimped déning la…tan, mila sing lami hing riki.
  33. Tyang kalih sami (gu)yu, hamireng hatur[r]é Tinggil. “Ya paman Tinggil wus begja, pinanggih lan kadang mami, sarta rejekimu paman, bis[s]a wareg dika bukti.”
  34. Kyahi Wirasetra puniku[s] hanyambung[ng]i sabda man[n]is. “Duh kabegjan pama..la. manggén tengah wana mami, pinanggih kaliyan kadang, lubér[r]an masșa redi,
  35. hanggén[n]é bungah wak ingsun.” Humatur Kyahi Tinggil, “Duh bagja kula ben(dara) kranten kula nyémah niki, sampun gama rasa kula, sadinten ping kalih bukti.”
  36. Radén Wiralodra wahu kantuk sasasih mangkin, nulya humatur hing raka, “Duh kakang panrima yayi, muga dén hidin[n]i kula, 4a (8, 827) ba(dé)//pangkat dinten mangkin.
  37. Hing pundi panggén[n]an[n]ipun, pernah[h]ipun hingkang kali, Cimanuk wangsit yang sukma?” Wirasetra muwus haris, “Muga dak jujurung pandonga, mugiya hénggal pinanggih.
  38. Sarta rineksa Yang Hagung.” Nulya sesalaman sami, Ki Tinggil pan manembah, sarwi matur klayan lirih, “Nun bhendara nuwun kula, daging kula dugi malih.”
  39. Ki Wirasetra hangguguk, gumujeng[ng]é suka hati. “Héh Tinggil sun dongakna, hénggal hasira pinanggih, sangking daramu pikersa, gampang bésuk sandang malih.”
  40. Hang kalih pangkat hanjugjug, mingétan hingkang … dén…i maksih hageng hingkang wana. Nulya pinanggih lan kali, kelangkung sanget bungahnya, “Lah paman Tinggil puniki,
  41. tak duga hiki Cimanuk.” Ki Tinggil humatur lirih, “Duh dara men[n]awi nyata, namung héwuh ……habdi, boten wonten padukuh[w]an, kanggé… kan…yaktosnéki.
  42. Nulya tiyang kalih lumaku, hatut pinggir pinggir kali, kalih sasih hing laminya, ming (pinggi)ran[n]iréki. Kyahi Sidum sanget welas, ningal[l]i dangka kalih,
  43. lumampah nrajang rinungkun. 5 (9, 828) Hanulya nyipta kiyahi, kebon lega palawija, langkung sahé dén tinga[l]li, tanem[m]ana warna- warna, térong kara sabrang cipir.
  44. Boléd homas miwah jagung, paré gajih putih putih, bonténg timun miwah lobak, langkung seneng haningal[l]i, kebon lega palawija, hing wétan tan[n]ana Tinggil.
  45. Pinggir kali wésma nipun, pinuter kembang srengkun[n]i, tongkéng malengkung hing lawang, kanan kéri mandakaki, sundrem malem mangajeng[ng]an, Ki Sidum lenggah (ing bumi).
  46. Raden Wiralodra dulu, ningal[l]i kebonan mangkin. Wiralodra hawecan[n]a, “Duh Tinggil bagja wak mami, kebon bhagus datan[n]ana, hing wétan kadya puniki.
  47. Gemuh wéhing kebon wahu.” Nulya hamarin[n]i sirih, hing wésma wonten tiyang lenggah, linggih hongot-hongot deling, bakal wuwus aya hulam. Nulya hawecan[n]a haris.
  48. “Kiyahi ka[h]ul[l]a nuwun mugya hagung pangaksami, badé tanya pan kagu[ng]ngan, kebon sahé sapuniki, sarta Kyahi kali nap[p]a, wastan[n]é puniki kali.
  49. Hanyentak ngandika wahu, (“Ha)rep hapa siréki, nembé teka hamariksa, 5a (10, 829) //wong ngendi sira hiki, hapa harep ngrampog hingwang, sira tekang wisma mami.
  50. Hiki kali pan Cimanuk, sun kang duwé kebon hiki, harep hapa sira tanya? Kakang tan[n]i malih warni. Haran ningsun kang sinambat, tan mingsir bari halinggih”
  51. Kyahi Wiralodra getun, “Sugal temen kaki kakang, hingsun tanya bentak nyentak.” Humatur Kyahi Tinggil, hinggih leres Gusti Dara, nembé kula haningal[l]i,
  52. Nanging hadat[t]é puniku, prawantu tiyang dusun Gusti, (bo)ten gadah tatakrama, kedah[d]ipun maklum Gusti, na pamali tiyang halas[s]an. 33 Nulya dén pedek[k]i lirih.
  53. “Duh Kyahi pan hingsun tulung, senyatan[n]é kula kyahi, tebih sing Bagelén nagara, tan liyan hingkang sun hilar[r]i, kali Cimanuk pan hingwang, hing tembé ningal[l]i kali.
  54. Ya hiki kali Cimanuk, kuma tumut ngebon kaki?” Hang réncang[ng]i jeng ngandika, muga dén pernahna Kyahi hingsun nurut jeng ngandika, welas sakya hing mami,
  55. Kyahi malih warni muwus, “Hora harep tulu(ng) mami krana hingsun sugih rayat, 6 (11, 830) tan harep hingsun // nulung[ng]i, hénggal sira hamampus[s]a, haku tan sudi ning[ng]al[l]i.”
  56. Radén Wiralodra bendu, jajabang muka lir gen[n]i, rin[n]aket[t]an kaki tuwa, sorah ngandikan[n]é mangkin, “Héh kaki dika wong hapa, hora ken[n]a tak bhedam[m]i!
  57. Sahiki kaki sun jaluk, perkara kebonan kaki, hawéh hingsun jaluk paksa, kaki grendaka sun tan[n]i, ngisén[n]i dika wong dés[s]a, hora ken[n]a sun halus[s]i.
  58. Hingkang mindhah kaki wahu, hangadeg linggih hing korsi, langkung sorah hawecan[n]a, walang kerik hanuding[ng]i, mapan haku hora sérab, han[n]ingal[l]i hing siréki.
  59. Bermula halas dén jaluk, kari kari kebon mami, bener sira pan bherandhal.” Radén Wiralodra mangkin, hanubruk hing kaki tuwa, surung-sinurung tiyang kalih.
  60. Hing pernah kebon wahu, hangadu sakti linuwih, binanting hanulya hical, musna kebon kaki-kaki, hical mapan dadi wana, nameng wonten kapiyarsi…
  61. “Hah Wiralodra putuku, yén hora weruh hing mami, Buyut Sidum haran ningwang, pan dudu Cimanuk kali, pan pinasti karsa n[n]ing wang, bésuk dadi dés[ș]a hiki.
  62. Pammanuk[k]an hingwang dusun, Cipuhnegara kang kali, hénggal sira hanyabrang, 6a (12, 831) //mengkola mun șira manggih, kidang mas hinten kang soca, hénggal bhurun[n]en dah kaki.
  63. Hing pundi hical ké wahu, yahiku Cimanuk kali, bénjang lamun kaki babad, poma kaki wekas mami, tetapa hahaja néndra, pasti turun nira mukti.”
  64. Tyang kalih hanyabrang sampun, hing Cipunegara kang [kang] kali, hénggal-hénggal lumampahnya, surya hingkang dén ningal[l]i, yén hénjing tamtu hing wétan, yén șonten kulon pun lingsir.”
  65. Lajeng malebetan gung, pinanggih macan gedéki hangadang margan[n]ya. Hinggebeg kiyahi Tinggil, “Duh tulung bendara ningwang, hing pundi nusup pun haki.
  66. Hana macan hagung.” Hanulya wecan[n]a haris, mapan Radén Wiralodra. “Man Tinggil meneng siréki, mangko hingsun harep tanya, macan hapa karen[n]éki?”
  67. Sima[h] kekerag hing ngayun, nulya hanubruk tumul[l]i. Radén Wiralodra hindha, macan tin[n]abok tumul[l]i, nulya musna rupi macan, wunten takșaka hageng prapti,
  68. Lajeng takșaka hambhuru, hambhakta pendhu Ki Tinggil, dén pendhung hula sirahnya. Musna hula dadi kali, Radén Wiralodra héran, ningal[l]i kali geng néki.
  69. Nulya mendak (taska)ra wahu dén lepas[ș]aken tumul[l]i, hing Radén Wiralodra, 7 (13, 832) //kali musna tan kahékși, wunten pawéstri yu héndah, taksih nonoman maran[n]i.

PUPUH III
S I N O M

  1. Dateng Radén [pan] Wiralodra, ngalih hasih melas șasih. “Duh Radén bagus jandika, tiyang bagus pinanggih riki, salebet[t]ing wanadri. Haduh melas temen hingsun, pan badé ngilar[r]i napa, sarta kang sineja n[n]éki? Manggah Radén tampinen pan[n]yémi kula.
  2. Pan kula makșih[h]aken[n]ya, déréng hanglampah[h]i laki, Larawan[n]a wasta kul[l]a, manggah jandi katurut[t]i, napa sakarsan niréki, kula sanggup badé tulung, kasugih[y]an kadigjayan, hasar kula dipun kawin, manggah Radén turut[t]an[n]a sedya kula.”
  3. Ki Tinggil majeng hing ngarsa, sarwi humatur halirih, “Duh bendara dén hénget[t]a, puniki tengah wanadri.” Wiralodra ngandika haris, “Tan gingsir paman wak [k]ingsun, mangko badé hingsun priksa, bisșa temen ngomé hiki, hamit kula badé hamangsul[l]i sabda.
  4. “Sampéyan wonten hing wana, datan pantes tiyang héstri, hana hing tengahing wana, ngangken kenya déréng laki, pan ka[h]ul[l]a datan hasti, …da krama kula wahu, sanajan héstri yuhéndah… hé ora ha(rsa) șeja krami, langkung gampil tiyang …karma bénjang…
  5. Mangsul[l]i Nyi Lara wan[n]a, 7a (14, 833) su…//pekik, hangantos hantuk kamulyan, buru dadi kaki-kaki, huntu lunga kempo(t) pipi, kuping tuli gigir bekuk, hanuwun șamangké kula, yén șampéyan tan nurut[t]i, pasti pejah sareng ngakalih jandika.
  6. Hangadang[ng]i hing ngajeng[ng]an, Radén nyimpang nganan ngéri, nulya nyandak Larawan[n]a, dateng Wiralodra mangkin, kinipat[t]aken tumul[l]i, kalumah[h]an nulya nubruk, malempat Ki Wiralodra, dibujeng sami prang lirih, ngadu sakti gumreget Nyi Larawana.
  7. Wiralodra dén priyatna, tan ken[n]a sun hé mangkin, suka matiya wak[k] ingwang, yén nora dadi sawiji, candak- cinandak mangkin, malajeng ming wétan wahu, Wiralodra dén priyatna, senjata ranté pan hiki, tadah hana tyang pekik kaya jandika.
  8. Nulya dén pe[n]ta sanjata, Wiralodra hanadah[h]i, senjata ranté tumiba, hananging tan pasrah mangkin, gébés-gébés haningal[l]i, …cak pan[n]a wong [ng] abagus, héran temen Wiralodra, wong bagus ..tun[n]a …sakti, manggah Radén sampéyan males hing kula.
  9. Nulya Radén Wiralodra, hangasta cakra tumuli, Ki Tinggil maran[n]i hénggal, “Duh Radén kang ngatiyati kinten bhabar pisan Gusti, karanten ……, nulya Dén Wiracabra pinendi, Nyi Larawan[n]a nadah[h]i, kénging musna rupi kidang pan kencana.
  10. Hanulya Radén tuminghal 8 (15, 834) gumebyar saliran[n]éki, tan șamar kidang kencan[n]a, nulya hangandika haris, “Hing paman kiyahi Tinggil, paman dén hawas handulu, hika pan kidang kencan[n]a, hayuh paman haja kari, hingsun bhujeng hing pundi purug[g]é kidang.”
  11. Tyang kalih hambhujeng kidang, dén pegat nganan lan ngéri cinandak-candak tan ken[n]a, yén tebih kidang ngentos[ș]i sampun lepas lampah néki, ming wétan kidang malayu, tyang kalih datan katinggal, hanutut[t]i kidang mangkin, siyang dalu hambujeng kidang kencan[n]a.
  12. Nulya dumugi hing lampah, karsan[n]é…mara tinggi kidang kencan[n]a pan hical, katingal hujur ring kali, toya deres hingkang mili, punika kali Cimanuk, nulya léréh hing ngandapya, kajeng kiharah geng néki, nulya nétra tiyang kalih ngandap kiyarah.
  13. Hing ngimpén kang kapiyarsa riki kacung hapan kali, Cimanuk kang dén pilalah, wis bhagja muraki bénjing, hing turun-turun siréki, karsan[n]é Yang Maha Hagung, mapan holih kamuktiyan, wis katrima hing Yang Widi, nulya nglilir Ki Tinggil lan Wiralodra.
  14. Sanget bhungah réhing manah, hing himpén kang kapiyarsi, wélan-wélan hasung warta, Radén Wiralodra mangkin, ngandika hing paman Tinggil, “Duh paman bhegja wak[k]ingsun, pan[n] ingsun șaréh lan dina, 8a (16, 835) supen[n]a pana……//warti, nyata hiki Cimanuk kali pernahnya.
  15. Wis terang wang(si)t Yang Sukma.” Ki Tinggil humatur lirih, “Duh bendara yén waten[n]a, menggah Gusti kersa pundi, kanggé panggénan pun habdi?” Radén Wiralodra wahu, nulya hangilar[r]i pernah, hangilar[r]i minggir kali, manggih pernah tan[n]a jembhar tur harata.
  16. Nulya hadamel kang wisma, Ki Tinggil damel[l]an[n]éki, hanulya hamasuh raga, Radén Wiralodra mangkin, hanggén[n]é babad wanadri, miwah banténg warak wahu, mapan bhibar katawur[r]an, paribawan[n]é panas hatis, sétan hibhlis prayangan bhubar sedaya.
  17. Mangka Raja Budipakșa, miwah patih Bujar[r]awis, hakumpul șabhalad nira, miwah para kang prajurit, sarta sakéng sén[n]apati. Ki Gedé muwara Cimanuk, kelangkung sanget duka[n]nya, sakéng bala bubar mangkin, kénging Radén Wiralodra babad wana.
  18. Nulya kalurug Dén Wira, kapethuk hing wisman[n]éki. Bhudi Pakșa hangandika, “Héh satriya wongasigit, pasti lancang kumawan[n]i, hi ra[n]né sapa siréku, gawé rusak bhala[n]ningwang, hénggal nyingkir sira hiki!” Nulya ngadeg Wiralodra hawecan[n]a.
  19. “Héh juru(wiksa) sapa[n] șira, ngisén[n]a pan[n]aw[a]ung[ng]an hibhlis, 9 (17, 836) kumawani// ngusir hingwang, dikira haku pan wedi, braga brigih ngarsa mami, ngisén[n]i gandarwo bulus, hingkén[n]é majuwa sira, mapan hingsun tan ngoncat[t]i.” Radén Wiralodra bubut sabalan[n]ira.
  20. Sakéh[h]é Gedén Muwara, samya dugi hangrawuh[h]i, ribut prang[ng]é Radén Wira, hamasing donga Ki Tinggil, Sulahémana Srabad mangkin, jurubiksa kathah lumpuh, nulya wonten hutus[s]an[n]ya, sangking Tungjung Bang puniki, Kala Cungkring hulukbhalang Langlang Jagat.
  21. Dugi hanang Sultan Hemas “Haja pada dén ganggon[n]i, hiku Radén Wiralodra, krana turun Majapahit, becik dén raksa hahiki, pada hakuren sadulur, krana maksih pernah cangga, Rara Kidul Gusti mami, nulya hénggal Werdinata cahos ngarsa.”
  22. Sarwi manembah hing ngarsa, ngasih hasih melas șasih, “Duh Radén Gusti kawul[l]a, kasamaran bhala habdi, muga dén hampura Gusti.” Ngandika Dén Wira wahu, “Mangké sinten pan jandika, katambhet[t]an Gusti habdi, Werdinata sultan hanang Pulo Mas.”
  23. “Duh kasuwun jeng ngandika, Rayi Sultan bhas[s]a mami, sukur bagja rayi sultan, pada kekadang[ng]an mami, dumugi saturun rayi, sahanak sadulur, kakang pan gawé hi…s[s]a, 9a (18, 837) wangsit ing Yang Maha Tinggi, samya bubar sadaya hiblis prayang[ng]an.
  24. Nulya siyang dalu babad, Ki Tinggil kang dadi koki, miwah nanem palawija, boléd jagung kalih cipir, palawija warni- warni, gundem juwawut hagemuh, datan wonten kakirang[ng]an. Ki Tinggil humatur haris, “Duh bendara hing tembhé seneng ka[h]ul[l]a.
  25. Boten wonten kakirang[ng]an, palawija tan kabukti, kawentar kebon[n]an[n]ira, lamun bhagus tanah néki, kathah tiyang sami prapti, tumut wisma hanang riku, hawit tetaneman gemah, lumintu tiyang kang dugi, sami gemah kebon[n]an hawarna-warna.
  26. Kathah tiyang kang damel wisma, manca negari kang dugi, Ki Tinggil kadadi lurah, tan wonten tiyang kirang nedi, hingkang lén Cimanuk kali, sampun hantuk tigang tahun, lami damel padukuwan. Radén hangandika haris, “Duh mang Tinggil sampun lami[ng] lelampah kula.
  27. Sanget kapéngin pinanggya, kalih rama hibu mami, manah paman dén kariya, teng[g]ah[h] ing kén[n]é dingin, bok hana tiyang kang yuda, trimanen kongkon malebhu, haja dén télaksaman. Tinggil dén kari basuki, hénggal pangkat Radén hang[ng]ungsi nagari.
  28. Kacariyos hing lampahnya, pun dugi hing Banyu Hurip, hanjujug hing padalem[m]an 10 (19, 838) //Bagelén hingkang negari, rama hibu sami linggih, sumanding putra tetelu, kagét hibu miwah rama, ningal[l]i kang putra prapti, pan rinangkul tinangis[s]an melas harsa.
  29. “Haduh nyawa putra[n]ningwang, hora nyan[n]a temen kaki, siyang dalu pan kating[ng]al, hibumu pan șamya bintip, hanangis șiyang lan ratri, yén hinget hing sira kacung, marah hanak[k]ingsun nyawa, lelampah[h]an putra mami, caritha hing ngarsa hibu lan ram[m]a.”
  30. Putra humatur Jeng Rama, pun katurang lelampahnéki, rama hibu mirengna, miwah kadang kadang néki, sadaya samya han[n]angis, welas[ș]é hing lampah[h]ipun, “Duh mas han[n]ak ingsun nyawa, sangking marman[n]é Yang Widi, muga muga lulus[ș]a sakarsa[n]nira.
  31. Si Tinggil hingkang hatenggah, kang dadi lurah hiréki, sekawan[n]é putra ningwang, sahiki pan sira kaki, mengkuwa Bagelén negari, supaya dadi weruh, hatur[r]an ngurus nagara, kambi sadulurmu kaki, Wangsayuda kaliyan si Tanu[h]jaya.
  32. Miwah si Wangsanagari, lan Tanu[h]jiwa siréki, gampang bésuk yan wus dadya, hing kulon dadi nagari, samya matur ram[m]a haji, handérék șakarsan[n]ipun, dawuh[h]ipun hing kang ram[m]a, sadaya cakep ping kardi, 10a (20, 839) kadang kadang hanggén[n]é ngurus//nagara.
  33. Ki Tinggil hingkang dén tilar, langkung kathah tiyang prapti, tumut magén padukuh[w]an, cacah limang ngatus jalmi, mapan mukti kiyahi Tinggil, kadya pangkat[t]ing tumenggung, Sukubahu Jungjangkrawat, hangkat[t]an[n]é kiyahi Tinggil, Bayantaka Jayantaka Surantaka.
  34. Wanasara Puspahita, miwah Ki Pulaha kyahi, cakep hadamel gelar[r]an, margi hageng lurungnéki, pinedhak kadya nagari, tempat panjagian gardu, saban lurung panjagahan, tyang halit șeneng kang hati, 46 saban din[n]a tiyang dugi hadamel wisma.
  35. Hanulya wonten tiyang prapta, hayun[n]é hang luluwih[h]i, Hindang Darma hingkang nama, tur maksihken[n]ya pawéstri, dén hiring pawong[ng]an kalih, mikul gandum kalih pantun, tan[n]a tan[n]i kang pawong[ng]an, hanjujug wisma Ki Tinggil, pan kapanggih Ki Tinggil ngatur[r]ing unggah.
  36. Ki Tinggil haris tetanya, “Hamit palamarta habdi, hing sémah manembah prapta, punapa sejan[n]é Nyahi, lan șinten kang wangi, hasli sangking pundi hayu?” Nyi Hindang mangsul[l]i sabda, “Duh paman tambet hing mami, Hindang Darma hasli ngum(b)ara ka[h]ul[l]a.
  37. Bade handérék ka[h]ul[l]a, tumut damel wisma kaki, 11 (21, 840) kula haningal[l]i senang, badé ngebon kula kyahi, hutawi kula hanyabin, muga dén hidin[n]i hulun.” Ki Tinggil hambales șabda, “Sumanggah handérék habdi, dateng pundi sumanggah kapilih karsa.
  38. Hakulon hutawi wétan, sumanggah hayu hamilih, tan[n]ah hingkang radi jembar, Nyi Hindang mariyos makin, hing pernah kang senang milih, tan[n]a tan[n]i dérék wahu, sampun medal șangking wisma, Ki Tinggil getun ning[ng]al[l]i, nembé temen hingsun ningal[l]i wanodya.
  39. Hayu mulus kang salira, mandan napa Gusti mami, kanggé garwan[n]é bendara, nanging bénjang dara mami, yén rawuh hanang riki, temtu haku nulya matur, mandah bungah[h]é bendara, ningal[l]i wong hayu luwih, mapan șampun Hindang Darma damel wisma.
  40. Pan gemah kang pakebonan, hingkang murid-muridnéki, Hindang Darma mulang jaya, kedot pan gun[n]a sakti, sakéh murid pan șami, ngajeng-ngajeng manggih mu[ng]suh, sakathah[h]é murid[d]ira, kawentar liyan nagari, kapiyarsa marang Pangéran Palémbang.
  41. Sanget dukan[n]é Pang[ng]éran, hana wanodya nglan[n](c)ang[ng]i, ngandika hing murid[d]ira, pan likur pangéran[n]éki, “Héh sekabéh murid mami, hingsun mapan wis hangrungu, hana wanodya hamulang, memada… hing jenengi 11a (22, 841) //hangguruhna ngélmu kaya jeneng hingwang.
  42. Sahiki murid șadaya, pada sira dangdan haglis, hingsun ngungsi Pulo Jawa, hanangkep kang pada mami, hingsun ngrungu t[t]an șudi. “ Sampun numpak hingkang prahu, nulya hénggal babar layar, sampun dugi prahun[n]éki, hing muwara mentas pangéran sedaya.
  43. Pangéran pan wicakșan[n]a, sakedap nétra wus prapti, hanang wisma Hindang Darma, kagét Nyi Hindang ningal[l]i, wunten tiyang kathah prapti, nulya haris gé nya matur, “Duh [duh] bagja kula sémahan, tiyang hagung hang rawuh[h]i, manggah Gusti katur[r]an lenggah sadaya.”
  44. Pangéran gawok tumingal, cipta sajroning galih, hiki wanodya yu héndah, héman temen tingkahnéki, pangéstri hang lelanang[ng]i. Nulya Nyi Hindang humatur, “Duh hamit hing palamarta, mila hing ngabrama Gusti, samya rawu[h]hing cémpok pernah ka[h]ul[l]a.
  45. Sanget kumejot hing manah, kawit[n]é tyang dusun habdi, lan badé karsa punapa, saha sinten kang wawang[ng]i, hasli sangking pundi Gusti, kados wonten karya hagung, samakta rawuh paduka, sakaprabon hing ngajurit, kados wonten dén bujeng lampah paduka.”
  46. Pangéran mangsul[l]i sabda, “Héman temen pan șiraki, 12 (23, 842) //wong hayu sira wanodya, hora ngrungu béja warti, kang lagi guruhna ngélmi, hing Palémbang nagrinipun, tedak Haryadilah Sultan, Pangéran Guruh ran mami, dadi guruh sakéhé para pangéran.
  47. Mapan hiki murid hingwang, hingkang ngiring marang mami, hingsun parlu mrikșa sira, yén șira guruhna ngélmi, haja mungkir sira hiki, memadahing jeneng hingsun, kawentar saban nagara, suyud pangéran hing mami, hakéh pada hangguruh hing jeneng hingwang.
  48. Kari kari Hindang Darma, pakșa lumancang hawan[n]i, dadi guruh kaya hingwang, hapa kadiran siréki, wong hayu tur lencang kuning, hora nana padan[n]ipun, kaya hayun[n]é Hindang Darma, dayang humbaran sira hiki, hora nganggo tatakramané wanodya.
  49. Kaya sakti sakti sira, kaya gun[n]a hang luwih[h]i, lancang[ng]é kaliwat-liwat, tan karuwan negarin[n]éki, tan[n]ana manus[s]a hiki, kaya tingkah hira hiku. Hambales sabda Nyi Hindang, “Duh héman hing rupi Gusti, langkung sahé pideksa rupi paduka.
  50. Hananging sugal wecan[n]a, boten wonten bas[s]a lirih, mungguh pan dakwah Pangéran, matur héstu kang sayekti, badé pun[n]apa Gusti, mapan wisma datan nyambut, hutawi karéh hing karya, 12a (26, 845) hipe kon paduka Gusti, badé napa sumanggah dérék pikersa.
  51. Hindang Darma datan sérab, hutawi hajrih ning[ng]al[l]i, sakayu(n)-kayun[n]ing hadang, sémah neda dén suguh[h]i, bedama pucuk[k]ing keris, hutawi saktining guru, manggah Gusti kersandika, sagending habdi lados[s]i, lamun kawon mapan kula boten wirang.
  52. Hénggal hanubruk pangéran Wisanggen[n]i jenengnéki, Bramakendali kalihnya, Bratakusuma kang rayi, hanulya medal tumul[l]i, maran[n]i papan Kang Hagung, 51 kinten jembar yudabrata, sarwi nguwuh huwuh tanding, “Duh Pangéran hing riki papan kang jembar.
  53. Sampun rucah jeng ngandika, héman rupi hadi hadi, prang tanding ngadu gun[n]a, samya perang silih huki, kathah Pangéran ngemas[s]i, Nyi Hindang sakti pinunjul, sasih hanggén[n]é yuda, sadaya pangéran ngemas[s]i, kang sumaréh hing Darmayu setan[n]a.
  54. Ki Tinggil sanget hajrihnya, Ki Pulaha dén timbal[l]i, sampun cahos hanang ngarsi, “Susah kang Pulaha mami, bendun[n]é bendara mami, hidin[n]é kon gawé dus[s]un, kanggé tiyang tani tempat, kang seneng[ng]an lampah tan[n]i, kari kari kanggé tempat yudabrata.
  55. Sadaya para pangeran, prang sami hangemas[s]i, 13 (27, 846) //sangking Palémbang nagara, tak duga pan maksih wargi, kalih Gusti puniki, sadaya pan kancan[n]ipun, kariya tunggu nagara, sun harep matur hing Gusti, sampun kantos hantuk duka hing bendara.”
  56. Nulya pangkat gegancangan, lumampah siyang lan wengi, prawantu Ki Tinggil lampah, najan pandakawan mangkin, wicaksan[n]a tur hasakti, sakedap[p]an sampun rawuh, lanang Bagelén nagara, tumunten cahos hing Gusti, samya kagét praptan[n]é Ki Tinggil ngarsa.
  57. Tinubruk Ki Pandakawan sarwi dén rangkul tumul[l]i, “Duh paman welas ka[h]ul[l]a, sun tinggal kari rumihin, toya waspahan dres mijil. karun[n]a sesambat[t]ipun, duk dingin sareng sangsara, Ki Tinggil hangguguk nangis, sareng hénget sakalih sareng hanembah.
  58. Nulya kang rama ngandika, “Haduh hanak[k]ingsun kaki.” Sakalih pada menenga. “Wis jamak[k]é sira kaki, sun dongak[k]aken Yang Widi, muktiya wong loro kulup, si Tinggil turun[n]ira, muktiya dugi hing bénjing, mengko hingsun si Tinggil harep sun tan[n]ya.”
  59. Haduh mas pawong[ng]an hingwang, linggihya hasoh rumihin, legan[n]a hingkang man[n]ah, sarta matur[r]a hing mami, saré[h]hing dén tinggal kari, Tinggil han[n]éng pagusténmu, hapa holih kasenengi, 13a (30, 849) //kancamu pada basuki, marah Tinggil matur ngarsa n[n]ingwang.
  60. Kasinggiyan[n]ipun dara, hanggén[n]é tinggal nagari, hantuk marma ning Yang Sukma, pinaring[ng]an harja Gusti, dalah kadados[s]an sasti, gemah rah[h]arja hing dusun, sarta win[n]angun[n] nagara, gelar[r]an pangatur habdi, berkah dalem putra Tuwan kadados[s]an.
  61. Nameng humatur kaul[l]a, katiwas[s]an habdi Gusti, kadugén Nyi Hindang Darma, masih ken[n]ya hayu luwih, dérék damel wisma Gusti, Hindang Darma pan pinunjul, dalah kathah tiyang prapta, Hindang Darma mulang ngélmi, kapiyarsa hing Gusti Pangéran Plémbang.
  62. Hang wulang[ng]aken kagunan, Nyi Hindang memada mangkin, nulya dén lurug Nyi Hindang, Pangéran Guruh ngrawuh kyahi, bantasa kaprabon jurit, pan badé hanangkep wahu, Nyi Hindang Darma dinakwa, dadi guru mulang ngélmi, sarwi bakta muridné para pangéran.
  63. Mapan sami yudabrata, ngaben sakti hing ngajurit, kelangkung sakti Nyi Hindang, pangéran samya ngemas[s]i, tan kiyat hananding jurit, kantos lami pan setahun, mila habdi gegancang[ng]an, matur huning dateng Gusti, kados pundi Gusti sakarsa paduka.”
  64. Kang Gusti pan Singalodra, tumenggung Bagelén nagara, 14 (31, 850) //”Héh kulup pan Wiralodra, hiku héyang ngira kaki, sing Palémbang guruh ngélmi, turun Majapahit kulup, poma kaki dén tangkep[p]a, Hindang Darma tiyang pawéstri, nameng kaki kang halus panangkep[p]ira.
  65. Gawanen pan kadang[ng]ira, Si Wangsanagara kaki, Wangsayuda Tanujaya, Tanujiwa hingkang rayi, Hindang Darma luwih sakti, héyangmu pan sami lampus, kang putra dérék pikarsa, nuwun hidin hing ramaji, hingkang rama hanjurung pandonga pasrah.
  66. Sadaya samiya manembah, hing hibu miwah ramaji, dipati hamaca donga, kapasrah[h]aken hing Yang Widi, Ki Tinggil humatur haris, “Duh Gusti pepundén hulun, didongakhaken ka[h]ul[l]a, habdi suwun berkah Gusti, hinsahalah, Tinggil sun durung kamulyan.
  67. Tan kawuwus hanang marga, samya prapta wisman[n]éki, hing parnah Ki Tinggil wisma, Jungjang Krawat cahos ngarsi, Bayantaka hana ngarsi, miwah Ki Pulaha wahu, Puspahita Wan[n]asara, sadaya pepek hing ngarsi, hangandika Radén hanang Ki Pulaha.
  68. “Pan paman Kyahi Pulaha, hiringen lampah Ki Tinggil, kanggé ngatur[r]i Nyi Hindang, kinten kabaktaha kyahi, lan kanca dika haja kari.” “Sumanggah dérék pukulun.” sampun kondur sangking ngarsa, handumuk wisman[n]iréki, 14a (32, 851) gegancangan gumanti ganti tembang.

PUPUH IV
K I N A N T I

  1. Sampun prapta kan hing ngutus, hing wisma Nyi Hindang mangkin. Nyi Hindang kagét tumingal, hamaran[n]ika Ki Tinggil, “Duh bagéya paman dika, lami datan tan kahéksi.”
  2. Ki Tinggil haris humatur, “Radén Hayu héstu habdi, lepat boten tur huni[ng]nga, sahéstu [pa]manah pun habdi, ningal[li] tiyang yudabrata, Radén[n]ayu habdi hajrih.
  3. Dados singid[d]an pukulun, kaluntan wangsul pun habdi, dateng wisma hanang wétan, sareng wangsul wisma habdi, bendara tumut ming kula, miwah kadang raka rayi.
  4. Mila habdi dipun hutus, Radén hayu dipun hatur[r]i, linggih han[n]ang compok kula, kedah kéring da hing habdi, miwah Jungjang Krawat kula, hénggal Nyi Mas dén ngatur[r]i.
  5. Nyi Hindang ngandika harum, manggah badé dangdos briyin, Nyi Hindang ngrusuk busan[n]a, pin[n]ahés releng asuri, rémah cemeng handan pandan, kulit kuning nemu giring.
  6. Dedeg kelangkung hayu, datan han[n]a sakéng héstri, kadi rupi Hindang Darma. sekancan[n]é kaki Tinggil, handérék Nyi Hindang Darma, kadia putri widadari.
  7. Sampun dugi nembah ngayun, hing raség sadayan[n]éki, mapan sadaya tumingal, 15 (33, 852) hamite geng[ng]en ningal[l]i, dateng wahu Hindang Darma, hayun[n]é hangliliwat[t]i.
  8. Radén hénggal wecan[n]a harum, “Bagéya kang nembé prapti, manggah katuran haunggah, kula sémah nembé prapti, kapéngén hénggal pinanggya.” Nyi Hindang humatur haris.
  9. “Radén mahéwu [ng]kang suwun, hugi Radén nembé prapti, rawuh hing dukuh punika, mapan Gusti kula mangkin, habdi hingkang dérék numpang, dateng tapak hasta Gusti.”
  10. Mila dén timbal[l]i hulun, dateng paman Kiyahi Tinggil, gegancangan lampah kul[l]a, sangking sanget hajrih habdi, ngrahos handérék ka[h]ula, dateng tapak hasta Gusti.
  11. Hugi Radén sanget nuwun, bekti habdi nun katampi, sangking sembran[n]a ka[h]ul[l]a, prawantu pawéstri habdi, kaliyan miskin ka[h]ul[l]a, handérék tumut basuk[k]i.
  12. Wiralodra ngandika harum, hora dadi hapa Nya[h]i, pan hingsun hasung paréntah, hing paman Kyahi Tinggil, sapakersa gawé wisma, hingsun préntah hangidin[n]i.
  13. Hamung hingsun Nyahi perlu, tebih sing Bagelén nagri, miwah kadang kadang kula, perlu mriksa hing perkawis krana kuwajib[b]an kula, muga matur[r]a hing mami.
  14. Pan dakwah Pang[ng]éran guru, sami yudabrata Nyahi, coba matur[r]an Nyi Hindang 15a (34, 853) //priyén bermulan[n]iréki, hingsun harsa mireng[ng]en[n]a, kang dadi kawitan mangkin.”
  15. Nyi Hindang nulya humatur, “Duh Radén humatur habdi, sumpah hing hayahan Tuwan, datan wantun hang[ng]langkung[ng]i, hutawi ngirang[ng]i kul[l]a, matur héstu kang sayekti,
  16. Bermulan[n]ipun pukulun, saweg linggih wisma habdi, kagét rawuh[w]é Pangéran, samurid[d]é sami dugi, dateng compok pun ka[h]ul[l]a, lajeng bendu hangliwat[t]i,
  17. Pan dakwah Pangéran gugu, réning habdi sugih jalmi, ha[k]bujeng damel sawah, hutawi kebon[n]an habdi, prawantu héstri kul[l]a, damel hakal Radén habdi.
  18. Mejanggu tan[n]i hulun, tiyang hingkang hambanton[n]i, 59 nyabin miwah pakebonan, dén dakwah memada habdi, mejang hélmu klayan, badé hanangkep pun habdi.
  19. Seja pin[n]ejahan hulun, kinepung hing para murid, sakéh[h]é para pangéran, pitulung Yang Maha Widi, hapes yudan[n]é Pangéran, seja sami ngemas[s]i.”
  20. Wiralodra ngandika rum, “Yén bener haniréki, Héyang Guruh hingkang salah, nurut[t]i napsu niréki, sanajan wong kuwat n[n]ingwang, hingsun[n]ora hamilon[n]i.
  21. Jadi pan karsan[n]ingsun, tak jaluk sukan[n]é Nyahi, 16 (35, 854) réhna gawa jago hingwang, tak jajal[l]é karo Nyahi, totohwan pan jiwa raga, Nyahi kalah dadi rabi.
  22. Yén menang dadi bujangmu, bogan lanang kalah ngéstri, hiku pan jaluk wak [k]ingwang, supaya huni[ng]nga mami, satingkah polah Nyi Hindang, hingkang hanyaksan[n]i mami.”
  23. Hindang Darma hamlas[s]ayun, humatur sanget pan hajrih, “Duh bendara Radén kul[l]a, hapan sanget hajrih habdi, nuwun ges[s]ang paduka, héstu ngapunten pun habdi,
  24. Wiralodra haris muwus, “Hiku Nyahi haja hajrih, pan sangking hidin[n]ing wang, seja hingsun han[n]iwal[l]i, dadi manjing…yang bara, hadin[n]ingsun kangge galih.
  25. Perang tanding rebut hunggul, Hindang Darma karo rayi, yén makaten déra k[k]arsa, kumedah majeng hing jurit, nameng sanget hanuwun kula, sampun dados manah Gusti.
  26. Hindang Darma nembah ngayun, hakondur sing ngarsa Gusti, hanulya Radén hamedal sekalih dangdos hing jurit, Tanujiwa Tanujaya, hangedal[l]i perang tanding.
  27. Radén medal nguwuh huwuh, Tanujaya haran mami, wong ayu sira Nyi Hindang, payuh pada ngadu sakti, lamun kalaha Nyi Hindang, pasti bakal hingsun kawin.
  28. Hapan dadi bojon[n]ingsun, Nyi Hindang methuk prang lirih, sili hugi ngadu gun[n]a 16a (36, 855) //Radén sinabet tumul[l]i, Tanujaya kapisanan, gumuling ken[n]a hing siti.
  29. Ki Tinggil hambakta sampun, Tanujiwa majeng nuli, pun hayun- hayun[n]an yuda, “Haduh Nyahi Hindang golis, nyata sakti mandragun[n]a, wong hayu hanarik hati.
  30. Haja hinda duh wong[ng]ayu, péngén ngemb[b]éhé Nyahi.” Nyi Hindang nulya hanggeblag, kabur tiba han[n]ang ngarsi, hing ngarsan[n]é Wiralodra, mésem haningal[l]i rayi.
  31. Pendelik lan socan[n]ipun, megap-megap napan[n]aki, sambat hora kuwat kakang, Hindang Darma luwih (sakti), kaki pasrah ka[h]ul[l]a, kénging ngén Nyi Hindang geulis.”
  32. Wiralodra ngandika harum, “Priyén rayi rasan[n]éki, paju wong yudabrata, tak ras[s]a sen[n]ang kang hati, wong nom lok yan mangan, hasuk[k]a-suka wédang kopi.
  33. Ngadirane rama hibu, sugih banda kaya mangkin, putra gegedé nagara, gagah kayan[n]é rayi, sawitan ngatur pakéyan, perang kalah hing pawéstri.
  34. Lamun kaya hawak [k]ingsun, wirang kathah kang ningal[l]i, Tanujaya sabda sugal, “Cobi kakang kangedal[l]i, mingkin kula ningalan[n]a, HindangDarma luwih sakti.
  35. Nulya dén hatur[r]i wahu, 17 (37, 856) Radén//Wangsayuda mangkin, “Manggah sampéyan hakarsa, je…yudabrata kalih, Nyahi Hindang Darma kaki.” Wangsayuda matur haris.
  36. “Duh rayi kakang tan sanggup, Nyi Hindang tandangiréki, lir sikat[t]an nyamber walang, rayi kalih pan kajodi kawirang[ng]an yudabrata, haja kakang hangawit[t]i.
  37. Muga kang susah kelangkung, mérang marang rama mangkin, katimbalan[n]én nangkep[p]a, hanang Nyahi Hindang geulis, wus san[n]a kala(h) jagonya, kakang pasrah hingkang rayi. “
  38. Kang rayi sami humatur, “Dédé musuh Hindang Geulis, mungguh kakang mérang ram[m]a, sampun wangsul hing nagari, manggah nganclong saba…ran, bagjan[n]é ngungsi hing ngukir.”
  39. Radén Wiralodra muwus, sarwi mésem ngandika haris, “Loh hadat[t]é wong kalah prang, wirang hisin yén hamulih, nyambung sabda Wangsayuda hora gun[n]a hingsun hiki.
  40. Gawa jago loro hiku, kelurug samargi margi, tak nyana solot tarungnya, ne …sun haben lan bibit, kari kari hora gun[n]a, tarung (kero)yok[k]an mangkin.
  41. Nyentak Tanujaya muwus, miwah Tanujiwa rayi, “Loh kang Wangsayuda bis[s]a, mancén[n]i hing rayi kalih, manggah kaki géh yudaha, mengkin rayi kang ningal[l]i. 17a (38, 857)
  42. //Lamun hunggul yuda wahu, kalih Hindang Darma mangkin, kul[l]a kahul géndong kakang, sing riki duging negari, Bagelén hing kanjeng ram[m]a, bagjan[n]é gentén tyang kalih.”
  43. Wangsayuda hagemuyu, halatah- latah hambelik. “Sekalih rayi wecan[n]a, kakang tanda hora wan[n]i, kala thothot wedi pis[s]an. Nulya hangandika haris.
  44. Radén Wiralodra wahu, hing ka[ng]dang- kadang[ng]iréki. “Wis rayi dén baris[s]an[n]a, mengko kakang maju[ng] jurit, yudabrata kalih Hindang, Nyi Hindang hingsun timbal[l]i.”
  45. Nulya hanimbal[l]i wahu, Nyi Hindang cahos hing ngarsi, nulya manembah Nyi Hindang, Wiralodra ngandika haris, “Duh mas Nyahi Hindang Darma, dadin[n]é hingsun timbal[l]i.
  46. Haja dadi ma(nah) (ya)yi, jamak[k]é wong mangun jurit, sapa kalah sapa men[n]a(ng), nyata hunggul hing ngajurit, prawantu tanding hing yuda.” Nyembah Nyahi dén turut[t]i.
  47. Kari kam[m]i hawak [k] ingsun yén tedan péngén ngrahos[s]i, man[n]is legin[n]é….” Nyahi Hindang matur haris, “Duh bendara Radén kul[l]a dados pundi polah habdi.
  48. Hora Nyahi …u…kma, mudu bahé dén turut[t]i, hénggal Nyahi metung … 18 (39, 858) //…Nyi Hindang panembah lirih, medal hanang yudabrata, (wi)réh(i) hawelas[s]asih.

PUPUH V
D U R M A

  1. Nulya ngalas siyagi hing yudabrata, Radén kalih Hindang golis, sampun hayun[n]ayun[n]an, hanggén[n]é hang[ng]adu saktya, prawantu sakalih sakti, hing mondragun[n]a, mapan sami hanimbang[ng]i.
  2. Nulya sami surung-sinurung hing yuda, tarik tinarik wani, Wiralodra ngandika, dateng Nyahi Hindang Darma, “Héh tuhu nyata prajurit, sira Nyi Hindang.” Hanulya dén candak wan[n]i.
  3. Nyi Hindang hical saking hastanira, hanulya dén bujeng wahu, malempat Nyahi Hindang, pan Radén hambujeng hénggal, Dén turut[t]i Hindang golis, saparan[n]ira, hical pan dadi wanadri.
  4. Dados taman habening hing toyan[n]ira, (yuda)brata man[n]iréki, hical dadi taksaka, hambhujeng hing Radén Wira, dén mapan dadi peksi, peksi garuda, taksaka hical mangkin.
  5. Hindang Darma manjing hing jambu wénya, mapan Radén dadi peksi, kuthilang badé dahar, hing buwah jambu punika, nulya hical jambu mangkin, sarwi (sinam)mbat, “Duh susah hawak mami.
  6. Mapan Radén sekti liwat- liwat, hingsun humpet[t]an pinanggih, 18a (40, 859) //ngendi paran[n]ing wang.” Nyi Hindang héwed hing manah, Radén hanang hanutut[t]i, saparan[n]ira, nulya prang pinggir hukir.
  7. Dadi watu sagunung hanak hagengnya, campur kalan hukir, nanging tan samar Dén Wira, juwet temen Nyahi Hindang, Nyipta glap sinamber haglis, Nyi Hindang honcat, hanggebur hanang wari.
  8. Hawecan[n]a héh Hindang…haja wangkal, Nyahi hang[ng]etut[t]a mangkin, …né hing hayun[n]ira, bareng ngamukti lan hingwang, dadiya (se)kar ring puri, kalawan hingwang, kula tan saged kami.
  9. “Awit kula kersan[n]é yang maha mulya, maksih panjang lampah[h]a (sirek)i nameng hanuwun nama, sampun hical nama kula, ha(ngdad)i manuk puniki, sareng babadnya, Radén kaliyan nagri.
  10. Lamun sampun dados nagari hing bénjang, hing kulon Cimanuk kali, muga dén nama nama, Darmayu bénjang nagara, Hindang sing namhing wari, pan hanang tuknya, dateng Cimanuk (hing) ukir.”
  11. Radén Wira haget[t]un sajroning manah, leng manah Nyi Hindang golis, kasmaran ningal[l]in[n]a, nulya mengngulon hing lampah, hing Pegadén kang dén hungsi, kang wa … nulya ngrangkul pinanggih. 19 (41, 860)
  12. “Haduh rayi //nembé pinanggya, sangking pundi sangkan rayi, kado(s pundi lelam)pah[h]an, hanggén[n]é damel nagara, hing wan[n]a Cimanuk …repun dadya?” Kang rayi matur haris.
  13. “Pan sedaya batur dateng hing kang raka.” Kang raka nulya ngamin[n]i, “Sukur bagja rinta, muga lulus[s]a hing bénjang, dadiya negariya, …kanggé turun[n]ya, hanak putun[n]é rayi.
  14. Hing Pegadén Wiralodra tigang din[n]a, gén[n]é sisiniyan kalih, nulya matur kang raka, badé nuwun hidin raka. Kang raka hangidin[n]i, hanulya pangkat, wangsul hanang negari.
  15. Sareng dugi hing wates Cimanuk wétan, kagét hana pri……ni, surak mangambal[l]ambal, hawor suwaran[n]ing bedil pan Radén hamaran[n]i, dateng baris[s]an, baris[s]é mangun jurit.
  16. Pan baris[s]an Pangéran Harya Kun(ingan), pan sineja mriksan[n]i, kulon Cimanuk wan[n]a, hana hing gawé negara, sing wétan haslininéki, hanulya duging baris.
  17. Nulya pethuk kali panarah, Wiralodra tanya haris, “Duh nilari ngapa, pun[n]iki baris[s]an napa, siyagi samakta jurit … 19a (42, 861)
  18. …//…ngan, hangiring Gusti mami, badé hamriksana, … hingkang wangun nagara, lan sinten hingkang wewangi (wa)n[n]i hambabad, Gragé wewengkon[n]éki.
  19. Yén ngucap kabener[r]an hawak [k]ingwang, kadiparan yén wis manjing, hageng nagara hing wang, sapa layak yudabrata, maksih bakal nya nagari, tamtu hing rusak, nulya humatur haris,.
  20. “Katambet[t]an kang wangun bakal nagara, sahéstu kula puniki, Wiralodra pan kula, kang wantun wangun nagara, hénjing kula cahos Gusti, hing Kanjeng Sultan, sampun da(dya) nagari,
  21. Kran[n]a waktu punika, pan maksih bakal Dipasarah nulya hangling, lah kabener[r]an hingwang, sukur bagja pan pinanggya, sumanggah cahos hing Gusti, (Dalem) Kuning[ng]an, nulya cahos tyang kalih.
  22. Sa(mpu)n katur hing Harya Gusti Kuning[ng]an, nulya hangandika wahu, …ngagéh da Dipasarah, cahos hanang harsan[n]ingwang, (ga)wa (kang) kanca siréki, pan hiku sap[p]a?” Nulya humatur haris.
  23. “Mila cahos Gusti ka[h]ula hing ngarsa (ma)tur Gusti, hingkang wangun nagara, puniki hing ….” 20 (43, 862) Hangandika Kumuning.
  24. Katembat[t]an ka[h]ula Harya Kuning[ng]an cahos sangking harsa Gusti, hing Gragé sinuhun holiya, katimbalan majung yuda, mapan mentas perang tanding, lan dalem Kiban, sangking Galuh prajurit.
  25. Lah punika ka[h]ul[l]a kahutus Sultan, kéngkén hamriksa puniki, kang wantun gawé negara, hanang wawengkon sultan, Geragé hing pan[n]egari, hidin sing sapa.” Wiralodra hamangsul[l]i.
  26. “Maturan lepat ka[h]ul[l]a hing jeng ngandika, hawit déréng matur Gusti, hanang sultan holiya, upas repat pun hamba, nameng nuwun hadil habdi, sakersandika, dérék tiyang salah habdi.”
  27. Ngandikan[n]é Kuning[ng]an pan langkung sugal, “Yén mangkon[n]o réki, tan katon Gusti sultan, lamun prajurit téku sangking Kuning[ng]an, nagari pan wicaksan[n]a, hingsun Harya Kumun[n]ing.
  28. Wiralodra prawantu putra sing wétan, turun saking Majapahit.” Hanulya wecan[n]a, “Lah wong hapa Kuning[ng]an, haku jaluk pangaksami, teka semban[n]a, ngadir[r]aken prajurit.
  29. Pan ngisén[n]i Kemun[n]ing sira wong Sunda, hora duwé tatakrami, wong Sunda pan sembrana, ngakun[n]é prajurit ku[n]na, pangrasan[n]é hingsun wedi, hing rupan[n]ira, 20a (44, 863) Kumuning //sun tan wedi.”
  30. Nulya nyentak kemuning hing Wiralodra, “Lah coba tanding lan mami, hing rupa kaya sira.” Dipasarah nyandak kula, Wiralodra hangingget[t]i, sinépak hénggal, Dipasarah gumuling,
  31. Masandakom hing siti pan Dipasarah, Kumuning nrajang wan[n]i, surung sinurung haprang, hanggé pun ngadu jaya, prawantu tiyang ngajurit, tan hénget[t]a tan holih hidin Gusti.
  32. Harya Kumuning hanggén[n]é harep pribadya, sinuhun hora ngidin[n]i, prang hutawa ngusir hing tiyang gawé negara, mugi sukur hanambahi, gawé jajahan, Kumuning hanglancang[ng]i.
  33. Pan sinurung Kumuning tiba kalumah, sin[n]épak kajumpalik mrangkang ngungsi hing kuda, si Windu titiyan[n]ira, hanulya pun titih[h]i, dén nang[ng]ngen hingwang, pasti sira ngemas[s]i.
  34. Yén hanyépak si Windu pan jaran jimat, mangsa kuwat siréki, kran[n]a hakéh luwangnya, wong Galuh hakéh kang pejah, si Windu hingkang nyépak[k]i, payuh majuwa, nulya cinandak wani.
  35. Dateng Radén Wiralodra pan cinandak, kendal[l]i dipun cekel[l]i, datan bis[s]a mobah, jimat kapal sampun hical, 21 (45, 864) nalika prang Galuh //dingin, waktu Dalem Kiban, nyinirat hanang hukir,
  36. Mila windu tan kiyat gén yudabrata, hanggebeg saliran[n]éki, Dén Wira langkung welas, Si Windu hangéréng nulya, dén ngucap Si Windu mangkin, “Haduh pan Radian, huculna habdi Gusti,
  37. Pan kahul[l]a datan wani yudabrata, kaliyan Radén habdi, Windu dekuh sukunya, pertanda sujud hing ngarsa, pan Radén welas ningal[l]i, nulya dén lepas, mundur lampah turanggi.
  38. Gurawal[l]an Kumuning wecan[n]a nira, “Héran temen Windu mangkin, pan sira sering haprang, hanggempur wong sanegara, nyap[p]rang hiki pantos siji, sira kalah haprang.” Si Windu hambesat haglis.
  39. Kinencang[ng]an tan hampuh pelajeng[ng]ira, mapan Windu napsu wan[n]i, semu radi ngelawan, hangeprang hapus sinebrak, tan kiyat harya Kumuning, han[n]ahan[n]ana, lir kilat palajengnéki.
  40. Sareng dugi hing wates nagarin[n]ira, kiniwit[t]aken tumuli, hingkang Gusti Kuning[ng]an, kantaka datan hémut[t]a, Kang Gusti gumuling siti, Windu malempat, hical sajron[n]ing wanadri.
  41. Merkayangan si Windu hana hing wana, prawantu kuda duk dingin, turun Budaprawa, sangking jaran Harba Puspa, mangka Wiralodra mangkin sa… 21a (46, 865) … //pinanggya, lan Dipasarah patih.
  42. Dipasarah hanulya, panembah hénggal, dateng Wiralodra mangkin, sarwi hamasrahin[n]a, hing jiwa raga pun hamba.” Wiralodra ngadika haris, hing Dipasarah, wis rayi hénggal balik.
  43. Hambujeng[ng]a hing Gusti nira samangkya, pan sampun hanang nagari.” Dipasarah manembah, dateng Kyahi Wiralodra, kalangkung bingah hing ngati, kalintang sabar, nyata tuhu prajurit.
  44. Sampun bibar sedaya bala Kuning[ng]an. Nulya Radén Wira mangkin, seja nuntun hing lampah, hing pundi kang pudi dipun sedya, hing Garagé pan negari, hing Gusti sultan, wus cahos ngarsa Gusti.
  45. Nulya nembah hangambung sukun[n]ing sultan, nulya dén candak tumuli, “Duh Wiralodra sira, kabener[r]an pan pinanggah, pinuju kumpul[l]ing wali, bagja pan sira, kasuwun berkah Gusti.
  46. Nuwun duka mahéwuh deduka, pejah ges[s]ang[ng]é pun habdi, pasrah hing ngayahan Tuwan, sedaya karsa nata, kaliyan takdir Yang Widi, hing lancang hamba, habdi damel nagari.
  47. Kanggo turun turun nira Wiralodra, sarta hasanak put[t]u kaki, mapan sira turun sultan, Majapahit turun[n]ira, sangking Brawijaya wing[ng]in, turun[n]an[n]ira, 22 (47, 866) wang //hingkang gumanti.

PUPUH VI
DHANGHANGGULA

  1. Wiralodran matur ring Gusti, “Hanuwun berkah hing para holiya, badé wangsul Gusti mangké, sedaya hidin sampun.” Wiralodra kondurning ngarsi, gegancangan hing lampahnya, dugi hing Cimanuk, mapan samya pinanggya, kadang kadang hingkang dipun tinggal kari, ngrangkul kadang sadaya.
  2. “Duh kakang langkung sanget kuwatir, kadang sadaya hingkang katinggal, tan manggih béja wartos, Hindang Darma pinunjul, kados pundi raka samangkin, werni na… pun nyi Hindang Darma, katangkep[p]é wahu?” Kang raka haris ngandika, “Haduh rayi Hindang Darma musnang kali, lumuh nglakon[n]i krama.
  3. Han[n]a tuk kali Cimanuk rayi, nameng Hindang weling hing suwara, yén dadi negari mangké, winastanan Darmayu, nanging rayi hingsun turut[t]i, kran[n]a Nyahi Hindang Darma, héstu tiyang punjul, datan kotor yudabrata, Hindang Darma bas[s]an[n]é hapan halirih, tuhu wong wicaksan[n]a.
  4. Lan pinasti kersan[n]é Yang Widi, sanajan hingkang ngawit[t]i kakang, hingkang gawé negaran[n]é, Hindang Darma pan tumut, hangelar gawé nagari, dadi campur wanita, hadat wong Dermayu, bénjang han[n]ak putu kaki, yén lelungan tan nganggé wasiyat bénjing, keris hatawa pedang.
  5. Bénjing negari Darmayu ri, 22a (48, 867) //dadi pangungsén segala bangsa, tan[n]ah sabrang dugi mangké, sing wétan kulon rawuh, mapan pribawan[n]ing pawéstri, samya ber[r]umah tangga, han[n]a hing Darmayu, luwih raméh pan negara, nameng susah bénjang hanak putu mami, hakéh pan kasengsara.
  6. Namung kakang sadaya pun rayi, kula turri kadang sedayanya, karsa ngatur gelar[r]an[n]é, mugiya sami wangun, wisma katem[m]a katem[m]enggung[ng]an rayi, tempat[t]é tiyang ngatur karya, miwah tarub hagung, kanggé ngistrnén[n]i negara, tiyang kakang sedaya kén kumpul rayi, hanjeneng hing nagara.
  7. Kadang kadang sedayan[n]iréki, humatur manggah karsa kakang, hamit rai medal mangké, kakang ngidin[n]i wahu, pan sekalih medal hing jawi, han[n]epang hing hupacara, kaki Tinggil wahu, Kyahi Pulaha Bayantaka, Surantaka miwah Wanasara mantri, hanjér pepek hing ngarsa.
  8. Sampun bedama sadayan[n]éki, badé hawangun liyan negara, cakep siyagi sakabéh, wangunan tarub hagung, pan kanggé tempat kajat bénjing kumpul[l]a hing kawul[l]a, pan hantuk saminggu, jaler héstri kumpulna, patis[s]an[n]é kidang sasambat[t]éng sapi, hantuk[k]é hing kawul[l]a.
  9. Gamel[l]an[n]é hangklung calung sul[l]ing, miwah tetembangan suka suka, haganti sami ngibing[ng]é, Ki Tinggil ngibing wahu, 23 (49, 868) mé// gat- mégot weteng belenjing, kinepok[k]an hing kancanya, cangkem[m]é mecucu, tyang gumujeng latah latah, kang sawenéh gemujeng[ng]é niba tangi, surak kadya hampuh[w]an.
  10. Haningal[l]i polah[h]é Ki Tinggil, pancén Ki Tinggil lucu hing ting[ng]al, gumuruh tyang suwaran[n]é, hageng halit pan kumpul, mulya medal hajat[t]iréki, sadaya kumpul[l]ing kajat, nulya ngandika rum, mapan Radén Wiralodra, “Héh sanak kula sadaya kang hing riki, muga dén sakesn[n]an.
  11. Hanggén[n]é sami wangun nagari, pan sampun langados[s]an nagara klayan kersan[n]é Yang Manon, negari dadi sampun, sarta sira pada naksén[n]i, pan[n]ingsun hawéh jeneng[ng]an, negari Darmayu.” Humatur sadaya tiyang, “Han[n]aksén[n]i jeneng[ng]an[n]é kang nagari, kawul[l]a suka sadaya.”
  12. Para sepuh sami hangamin[n]i, sarta maca donga kaslamet[t]an, gumuruh hamin wong hakéh, pun maca donga rampung, nulya Radén ngandika haris, “Duh sanak kula sadaya, sami linggih wahu, manggah kula hatur[r]i neda, pan hanulya bismil[l]ah sadan[n]éki, raméh hanggén dahar[r]an.
  13. Sasampun[n]é hanggén[n]é bukti, mangka Ki Tinggil hanyambung wecan[n]a, “Duh sanak kula sekabéh, sedaya kula suwun, saban sasih kados puniki, hurun[n]an sanak sedaya, 23a (50, 869) kula handon//blenduk, sarwi ngibing dedeng[ng]éngan, tiyang kathah gumujeng surak ngepok[k]i, tunjang hambakta berekat.
  14. Sarwi bibar sedayan[n]iréki, kadang-kadang samiya dahar[r]an, Ki Tinggil tukang méjan[n]é, daharan suka sampun, gamelan[n]é calempung sul[l]ing, rebab tiyang[ng]é hanembang, senggak muluk-muluk, kang dahar suka hing manah, suwaran[n]é celempung suling rangin, cinampur kalih tembang.
  15. Para rayi pan sampun halami, nulya matur kados pundi raka, sarén[n]ingpun lami mangké, rama pan ngayun[n]an, dateng habdi sadaya rayi, “Yén hidin paduka raka, rayi bade kondur.” Kang raka haris ngandika, sarwi ngrangkul “Kang rayi sedayan[n]éki, kaya hap[p]olah hingwang.
  16. Mapan katinggal hing rayi-rayi, nameng kakang rayi hatur[r]en[n]a, datang rama hibu mangké, hapa sangking kadulu, rayi sedaya kang han[n]ang riki, gelar[r]é Dalem nagara, hageng halit[t]ipun, sampun lepat dén haturan, mungguh kakang tan bis[s]a wangsul saniki, maksih dangdan nagara.
  17. Sareng hénjing rayi pangkat nuli, wangsul han[n]ang Bagelén nagara, kang raka hangater[r]ake(n), dumugi hing wates[s]ipun, 24 (51, 870) nulya//sami salaman rayi, sarta kang Wangsanagara, mapan hipé wahu, “Duh rayi muga lulus[s]a, pikantuk kanugraha hing Yang Widi, sinalin demang madurma.

PUPUH VII
D U R M A

  1. Sakondurnya kadang-kadang sing nagara, wunten musuh nekan[n]i, hangrebat nagara, krana bakal mulyan[n]ira, dumugi hing hakir mangkin, hanak putunya, turun pitu bopatih.
  2. Pan tumenggung sing Jepara pelariyan, hing ngiring sakancan[n]éki, jeneng niki nagara, Watuhaji hingkang raka, pun dugi Dalem miréki, Dén Wiralodra, nulya dén priksa mangkin.
  3. “Niki sinten hangrawuh[h]i teng kahul[l]a, boten nganggé tata krami, duméh nagara bakal, hanang satengah hing wana, mapan dadi jig jawin[n]é, hanunggangtaya.” Watuhaji hambales[s]i.
  4. “Ketambuwan pan hingsun halelan[n]a, saparan paran mami, dadin[n]é hingsun tumekang, pan hanang nagaran[n]ira, hiki pan bakal nagari, bade sun teda, tan suka hingsun jurit.”
  5. Wiralodra hantik panduka lir brama, h[h]anulya ming[ng]éh hangeri, ngadeg kiyahi pulaha, miwah sakanca sadaya, dén candak binaktang Jawi, gégér hurahan, 24a (54, 873) raméh gén mangun jurit.
  6. Kyahi Tinggil lagi dedemen[n]ing ngaprang, baksan[n]é hanglétér wani, yén sinabet bedama, malempat kadi kilat, pan mégot ngigel maran[n]i, raméh hanang ngaprang, musuh kathah kajodi.
  7. Ki Pulaha majeng han[n]ang rananggan[n]a, baksan[n]é halus hamanis, duhung sinondénganana, pedang hing ngagem dén hasta, mapan cakep hing ngajurit, maju jatmika, héran tiyang kang ningal[l]i.
  8. Musuh kathah kang pejah déning Pulaha, balan[n]é Watuhaji. Héran Nitinegara, wong tengah hana hing wana, ko pada bis[s]a hing jurit, lir tiyang nagara, tak kira tan bis[s]a jurit.
  9. Nulya medal Nitinagara hing yuda, sarwi hanguwuh tanding, “Héh Wiralodra sira, haja suwé ngadu bal[l]a, pan hayuh maju wang jurit, hayuh mapag[g]a!” Radén Wira hangedal[l]i.
  10. Sampun mapag hayun[n]ayun[n]an hing yuda, “Héh Wiralodra mangkin, hayuh hénggal gitik[k]a, keris hatawa pedang, hayuh hingsun tadah[h]i!” Ngandika Wira, “Hora watek handingin[n]i.
  11. Payuh sira nyabet[t]a lawan bedama!” Hénggal Nitinegari, hang[ng]asta wangking[ng]an, han[n]yuduk[k]i Wiralodra. Nitinegara binanting, gumuling kisma, 25 (55, 874) dén talén[n]i hing Ki Tinggil.
  12. Pan binakta binekta hanangkon Wira, nulya majeng rana malih. Sesumbar Radén Wira, pan hanang tengah hing ran[n]a, “Héh prajurit Watuhaji, maju wang ran[n]a, tanding[ng]en jeneng mami.
  13. Ngajok[k]aken prajurit hurakan rucah, yén tuhu sira prajurit, kang janglar han[n]ang ran[n]a, haja gugup gitik hira, pan tuhu sira prajurit, hayun[n]ayun[n]an, hudreg hasili(h) huki.”
  14. Samya benthak bedama huleng-huleng[ng]an, pan Radén hanang ngajurit, nemu tending hing yuda, Watuhaji lan dén Wira, sinurung-surung hing jurit, pan Wiralodra, medal tiwikraman[n]éki.
  15. Hantaran[n]ya sagunung hanak hagengnya, Watuhaji ngoncat[t]i, pan malajeng sing ran[n]a, ming[ng]idul palajeng[ng]ira, hingsun dikang dén hungsi, mapan mertapa, dadi pandita mangkin.
  16. Mapan bénjang Ki Tumenggung panglinggihnya, Ki Gedéng Dépok mangkin, Cisambeng hingkang pernah, caritan[n]ipun kanda, pan salin naman[n]iréki, Ki Gedéng Sambeng nama, hing bénjang pan turun néki.
  17. Hang rusuh[h]i hing Dramayu pan negara, susah pan tiyang halit, jinarah kebo sapin[n]ya, beras pari lan harta, kathah tiyang dén patén[n]i, bubar sasar[r]an, medal sangking Bantarjati. 25a (56, 875).
  18. Mapus//…it[t]a, Drayantaka Wan[n]asara, ngamuk hana hing jurit, nulya dén Wiralodra, hangamuk bala kathah, balan[n]é tumenggung mangkin, nungkul sedaya, kapasrah[h]aken Ki Tinggil.
  19. Mila raméh nagari tambah hing tiyang sahatus[s]an balan[n]iréki, sami berumah tangga, pan senang sadaya, langkung raméh pan nagari, tiyang kang teka, pan damel wisma mangkin.
  20. Pan Sumatra Pelémbang kathah kang pindah, Wiralodra jenengnéki. Kyahi dalem jenengnya, pan ngangkat demang ranggah, Ki Tumenggung miwah patih, pepek sedaya, ponggawa para mantri.
  21. Watuhaji kaliyan Nitinagara, hingkang wade tanah mangkin, hanang bangsa Blanda, tan[n]ah Bogor lan Krawang, bala hambral kathah mangkin, pun ngadeg jéndral, miwah kathah soldatnéki.
  22. Lolos[s]ipun hangungsi Dramajeng hika, hambakta harta mangkin, pinten sinten gotong[ng]an, harta mahéwu yutan, Radén Wiralodra sugih, ngateran harta, hanang tumenggung kalih.
  23. Hamiruda bade kapotong jangganya miruda lolos wengi, sangking keraton[n]ya, 26 (57, 876) damel salah hing la//mpah, pan badé hambedah mangkin, Darmayun[n]ika, hiku pan hora becik.
  24. Gemah harja darmayu dadi nagara, sen[n]ang pan tiyang halit, kawentar saban negara, giris haningal[l]in[n]a, saktin[n]é hang liliwat[t]i, pan Wiralodra, mapan macan nagari.
  25. Kin[n]asiyan hing sultan nagri Metaram, mila monca negari jri sedaya kathah tiyang, san[n]és sangking nagara, bakta bandakayan[n]éki, Dramayu hika, ginanti dangdang malih.

PUPUH VIII
DHANGHANGGULA

  1. Mapan Nitinagara hanangis, han[n]ing harsan[n]ipun Radén Wira, yén bade kakirim make, hing Metaram sinuhun, hatur[r]ipun melas sasih, misti Gusti kahul[l]a, potong jangga hulun, “Habdi Gusti nuhun ges[s]ang.”, Wiralodra sanget telas haningal[l]i, Watuhaji kang dos[s]a.
  2. Pan sinangonan Nitinegari, kén kés[s]ah hangungsi han[n]ang marga, kén mertapa ngilangké, dos[s]a hingkang luwih hagung, nulya kés[s]a Nitinegari, pun lepas lampah[h]ira, bénjang lenggah hing pun, hing luwih sahéng punika, mila bénjang turun[n]é Nitinegari, tumut dérék hing brandal.
  3. Kacarita Kyahi Dalemnéki, pun lami hanggén mukti negara, dados Dalem Dramayun[n]é, mangka sampun sesunu, 26a (58, 877) pan sekawan kathah hire//ki, pambajeng[ng]é Sutamerta, Wirapati wahu, Pan Nyayu Hinten histrinya, wuragil[l]é Radén Drayantaka mangkin, kang rama sampun séda.
  4. Hingkang gumanti dalem néki, hingkang putra Radén Wirapatya, gumanti wahu lungguwé, dalem han[n]ang Darmayu, mapan Wiralodra kapi(ng) kalih, tinggal sen[n]ang karajahan, dalem hing Darmayu, garwanya wahu sekawan, mijil putra tigalas kathah hiréki, héstri pan miwa(h) priya.
  5. Mapan Radén Wirapati, kagungan sadérék[k]an sang nata, hing Pulo Mas negarin[n]é, Werdinata sang prabu, pan sanget hanggén[n]ipun halih, kadya hingkang sudara, silih genti rawuh. Lami-lami gadah manah, Werdinata dateng rayi hinten mangkin, blaka matur hing raka.
  6. Kang raka sanget jumurungnéki, nameng sampun kabakta harinta, hing nagari rayi mangké nameng satunggil wahu, sadérék kahul[l]a kang héstri, Kang Rayi Werdinata, dérék karsa wahu, pan sampun dahup punika, Werdinata kalih Nyayu Hinten mangkin, sang[ng]et hanggén sesiniyan.
  7. Sareng lami-lami hingkang rayi, Nyayu Hinten pan gadah wawrat[t]an, tigalas sasih lamin[n]é, mangka pun babar wahu, medal kakung pekik hing rupi, sanget bingah sang nata 27 (59, 878) //han[n]ang putranipun, lin[n]ingling lingling kang putra, pan sinareng kakang Dén Wirapati, kang putra pin[n]aring[ng]an.
  8. Hingkang peparab pirempag mangkin, Bagus Radén Wringin Hanom nama, gumilang gilang cahyan[n]é, kuning cahya humancur. sanget hasih harama kalih, pan dateng hing kang putra, humur tigang tahun, pan kabakta dateng rama, Werdinata Pulo Mas néki, pan sampun wicaksan[n]a.
  9. Danulya Dén Wirapati mangkin, dén pinangsraya Dalem Sumedang, badé nuwun bantu mangké, sarén[n]ing dipun lurug, mapan Dalem Cihamis negari, miwah dalem hing Kuning[ng]an, balan[n]é lelembut, sangking honom durubiksa, tyang Sumedang kathah kang kénging panyakit, tan kiyat yudabrata.
  10. Nulya kang rama nimbal[l]i mangkin, dateng putran[n]é Sultan Pulo Mas, mapan Radén Wringin Hanom, kang putra sampun rawuh, cahos hing ngarsa ramaji, kang rama hangandika, bagéya nak[k]ingsun, humatur kasuwun rama, muga ram[m]a bekti putra dipun tampi, sah[h]a wonten dawuh napa.
  11. Nulya ram[m]a ngandika haris, “Héh mas wong bagus nak [k]ingwang, gancang taktimbal[l]i mangko, rama tampi srat wahu, sangking Dalem Sumedang Gusti, 27a (60, 894) dén //pinangsraya rama, pan litempung mu[ng]suh, Cihamis miwah Kuning[ng]an, sarta gawa bala juru biksa kaki, sing honom durubiksa.
  12. Hingsun pasrah musuh para demit, pan rama hingkang nandang jurit, Kuning[ng]an Cihamis mangké.” Sumanggah putra matur, sampun kuwatos ramaji, putra hingkang nanggel[l]a, musuh bala lelembut. Nulya ram[m]a hangandika, “Yén mangkono hingsun pangkat din[n]a hiki, kang putra dérék kersa.
  13. Tyang Sumedang kathah kang ngili, mapan bibar kénging jurubiksa, gumarenggeng pan suwaran[n]é, tiyang ngétan kadulu, mila sanget hajrih hiréki, rawuh Dalem Wiralodra, cahos hanang ngayun, hing ngarsa Dalem Sumedang, sareng prapti rinangkul sarwi han[n]angis, “Duh putra banton[n]an.
  14. Tan kiyat musuh Dalem Ciyamis, mapan balan[n]ipun durubiksa, datan katingal wujud[d]é, mung suwara gumuruh, kadya tiyang baris hing jurit, sumanggah putra hing karsa, katur nagri hulun, nulya RadénWiralodra, sanget welas karun[n]é dalem mangkin, sampun kuwatos ram[m]a.
  15. Sareng hénjing medal hing ngajurit, Hingkang putra ngusir jurubiksa, mapan Radén Wringin Hanom, lan Dongkara Tumenggung, hemban[n]ipun hingkang putra mangkin, 28 (61, 895) raméh //tempuh hing yuda, bala honom satru, niba tang[ng]i palajengnya, hasasaran tinggal kancanya lan Gusti, burbar bala hing Kuning[ng]an.
  16. Hanulya tiyang Sumedang mangkin, sareng ngrahos mulya sadayanya, prajurit medal sekabéh, hang rangseg perang pupuh, samya ngusir tiyang Ciyamis, kathah prajurit kang pejah, tyang Cihamis wahu, pangamulya tyang Sumedang, Dalem Kuning[ng]an miwah Dalem Ciyamis, samya hamapag yuda.
  17. Suradiningrat Brata Kumun[n]ing, wahu Radén Dalem Wiralodra, kin[n]arubut hing yudan[n]é, mapan sanget bungah[h]ipun, Dalem Darmayu mapan sakti, nulya Dalem Wiralodra, tiwikrama wahu, hantawis sagunung hanak, méh kacandak dalem kekalih pun[n]iki, mlajeng lir kadya kilat.
  18. Bubar wadya bala sing Ciyamis, dén bujeng hing Dalem Wiralodra, soca lir kembar srang[ng]éngé, siyung thathit dinulu, rémah ngrimbyak kéngsér hing siti, suwaranya kadya gelap, gégér tiyang melayu, pis[s]ah Gusti lan kawul[l]a, 94 rebat ges[s]ang kawulabala Ciyamis, dugi hing pawates[s]an.
  19. Dén Wringin Hanom bujeng dedemit, nulya pethuk kaliyan kang rama, kalih Jongka réncang[ng]é, “Loh kabener[r]an kulup, kaya priyén musuhmu kaki?” Putra matur hing ram[m]a, 28a (62, 896) berkah …//lumayu, huga musuh[h]é kang rama, wus samya bubar tan[n]ana hingkang kari, Ciyamis lan Kuning[ng]an.
  20. Nulya kang putra haris, “Men[n]awi wunten hidin jeng rama, putra bade wangsul mangké, kalih Paman Tumenggung, hawit kuwatos hing nagari, tan prayoga kang jaga.” Rama hidin sampun, nulya manembah kang putra, kalih Paman Tumenggung Jongkara nenggih, mlesat han[n]ang gegan[n]a.
  21. Nulya Kang Rama miyarsa sawarti, bala Ciyamis miwah Kuning[ng]an, mapan sampun bubar mangké, hénggal[l] (k)ang rama hamethuk, sarta bakta putrané héstri, niti joli lan jempan[n]a, mangka sampun pethuk, “Duh putra sareng nganumpak, kahul[l]I pun rama hibu putra mami, tyang kalih sareng numpak.
  22. Punika putra ram[m]a pribadi, kanggé jru sapu miwah jru dang, han[n]ak hukir langkung hawon. Kang putra matur nuwun, numpak han[n]ang jempan[n]a haglis, samargi dados tingal[l]an, sedeng hayun[n]ipun, sareng dugi cin[n]awis[s]an, dipun papag gamel[l]an miwah prajurit, peng[ng]ulu pun siyaga.
  23. Sareng turun sing jempan[n]a mangkin, para héstri miwah hibun[n]ira, hambakta bokor hemas[s], hisi harta hemas wahu, cinampur kalih kimtal[l]i, tinawurna wahu harta. Raméh tiyang hamburu, samya rebut[t]an harta, 29 (63, 897) sinareng[ng]an gamela//n mariyem muni, lir rengat hing pratal[l]a.
  24. Sedayan[n]ipun para prajurit, miwah san[n]apati hing ngalaga, sarta kawul[l]a sekabéh, pan samya hormat wahu, sangking sanget bungah hiréki, handhér kawul[l]a hing ngarsa, Dalem ngandika harum, hing para kawul[l]a bala. “Saksén[n]an, sangking pangandika mami, langkung sangking sanget katrima.
  25. Marang putra Wiralodra mangkin, lenggah Dalem Darmayu nagara, bawah[h]an[n]ipun sekabéh, pasisir Kandang[ng]ahur sun pasrahaken hanang putra mami, dadi sawiji nagara, karo hing Darmayu, hingsun mapan hora gadah, sakéng kawul[l]a miwah kang prajurit, nyaksén[n]i pan sedaya.”
  26. Hanulya kang putra Dalem Wirapatih, mundun sangking palinggiyan[n]ira, “Sarwi hatampi sih[h]é, héh sanak kadang hulun, hingkang sareng linggih hing riki, sangking sih paduka ram[m]a, mahéwu héwu kasuwun, kanugrahan sih hing ram[m]a, Kandang[ng]ahur pasisir lér kula tampi.” Nulya sami sesalam[m]an.
  27. Lajeng sadaya[n]ning para mantri, miwah para ponggawa ngalaga, suka bungah sedayan[n]é, samya dahar[r]an wahu, raméh raméh gé nya bukti, kantos hantuk pitung din[n]a, nulya samiya kondur, handérék[k]aken sedaya, dateng Dalem Wiralodra, kondur néki, dugi hing pawates[s]an. 29a (64, 898)
  28. Kang lajeng Lodramayu negari para kadang-kadang miwah ranggah, nulya pinethuk rawuh[w]é, kang garwa putran[n]ipun, sanget bungah rama prapti, hantuk kanugraha[n]ning yang, rah[h]erja hing laku, sarta pin[n]aring[ng]an garwa, kaliyan pa[ng]sisir Kandang[ng]ahur lenggah, langkung hasih hing garwa.
  29. Garwa Sumedang tan kari-kari, mapan kinanti kanti tan gingga, sanget hasih hing garwan[n]é, hing wingking mara maru, gandék putra sedayéki, sanget bungah[h]é hing manah, sedaya pan runtut, para maru miwah putra, sanget mukti hanggén[n]é lenggah negari. namin[n]ipun kang putra.
  30. Kang pambajeng mapan Radén Kowi, Radén Timur miwah Sawerdinya, Wirantaka sekawan[n]yané, Wiratmaja pan wahu, mapan gangsal kakung [ng]iréki, hanulya putra héstrinya, Hastrasuta wahu, sekalih Raksadiwangsa, Nayawangsa Wiralaksan[n]a niréki, Hadiwangsa Nayastra.
  31. Puspa Tarun[n]a Patranayéki, sampun jejeg putra tigalasnya, sedaya dadi pangkat[t]é, samya mukti sampun, para putra sadayan[n]éki, nulya wapat dalem ram[m]a, pan ginanti wahu, Radén Sawerdi putranya, hingkang sampun gumanti lungguh ramekin, jumeneng dalem pangkat.
  32. Hapan sampun hapeputra mangkin, sekawan ling putra kathahnya, 30 (65, 899) pambajeng Benggala //Radén Benggali rayin[n]ipun, Singawijaya putra héstri, miwah Nyi Raksawinata, pan sekawan[n]ipun, nanging Benggali Benggal[l]a, putra kakung hingkang sekalih hiréki, mapan sampun gegarwa.
  33. Lajeng rama duging ngajal malih, hingkang gumanti rebat pangkat, kang rayi sanget kapéngén, dadiya dalem lungguh, Benggal[l]i jeneng niréki, Singalodra kang pan gagah, wicaksan[n]a punjul, kang raka Radén Benggal[l]a, kaliyan Wiralodra kajenengnéki, pan handérék pangkersa.
  34. Nanging rempaggé para ponggawi, miwah para pambes[s]ar nagara, kang ganti kedah rakan[n]é, nang[ng]ing kang rayi wahu, lamun kakang hingkang gumanti, dalem lungguhipun rama, pasti hingsun ngamuk, bagjan[n]én tumekang ngajal, lamun hingsun tan dadi dalem puniki, gumanti lungguh ram[m]a.
  35. Kelangkung sesah para ponggawi, limang sasih tan[n]ana dalemnya, nulya wonten hutus[s]an[n]é, sangking Betawi wahu, kang dén hutus tuwan[n]iréki, Pandebos jeneng[ng]an[n]ya, pangkat kumendur, hambakta satambur soldat, hutus[s]an[n]é Guperbur Jéndral Batawi, kang raka kang gumantya.
  36. Nanging tigang nahun lamin[n]éki, dadi dalem pangkat gumantiya, kang rama wahu lungguh[w]é, nulya kang rayi matur, 30a (66, 900) Radén Singalodra kan[n]éki, yén mangkon[n]o nurut hingwang, raka dérék sampun, nanging Radén Singalodra, mapan tumut handérék hing lahut mangkin, dateng kumendur tuwan.
  37. Kambang kampul hing lahut[t]an mangkin, lamun mentas hanang Batawiya, ka Bantarhanak bojon[n]é, kang raka hing Dramayu, jeneng dadi dalem puniki, nanging tan hénak hing manah, hing[ng]et rayin[n]ipun, siyang dalu ngahos Kurhan, hanulya dumugi hing watesnéki, tigang tahun lamin[n]ira.
  38. Nulya para mantri dén timbal[l]i, mapan sampun kesah hander hing ngarsa, nulya haris pangandikan[n]é, sanak ponggawan[n]ingsun, dadin[n]é pan hingsun timbal[l]i, sekabéh[h]a hing ponggawa, mapan pasrah hingsun, prakara hiki nagara, kran[n]a wis tumeka hing jangji rumihin, karun[n]a para ponggawa.
  39. Han[n]ingal[l]i welas[s]é kang Gusti, hanulya Mas Patih Hasrasutanaya, hanyambung[ng]i sabda mangké, miwah Trun[n]ajaya tumenggung, yén tan hingething kadang Gusti, sadaya sangggup hing pejah, bala hing sang[ng]ulun. Dalem haris ngandika, “Sanak mami sadaya nurut hing pasti, karsan[n]é Yang Maha Mulya.”
  40. Nulya sami kondur sedayéki, pan sami ngambung sukunya, hanuwun pangaksaman[n]é, Dalem Wiralodra wahu, kagung[ng]an putra kathah ing réki, 31 (67, 901) //wolung nunggal hingkang putra pambajeng Dén Lahut, Gandur lan Purwadin[n]ata, Kartawijayastra gangsalnéki, Gembruk kalih Toyib,
  41. Nyahi Moka wuragil néki, putra saweg rumébed hing dahar, hasanget sakit manah[h]é, pan ngahos siyang dalu, hanuwun hing Yang Maha Suci, mugiya kandel himan[n]ya, pitulung Yang Hagung, kang putra Kartawijaya, hingkang sanget datan, hénak hing panggalih, ngirangi saréh lan dahar.
  42. Yén dalu saréhing setan[n]a mangkin, hing setan[n]a buyut héyang-héyang, jam papat wangsul wisman[n]é, karsan[n]é Yang Maha Hagung, Kang Rama dén timbal[l]i Gusti, hing Sultan Cirebon Pangéran, mapan sampun matur, cahos han[n]ang kasultan[n]an, hanang Gusti Panembahan Sunan Haji, nulya Sunan ngandika.
  43. “Dadiné paman hingsun timbal[l]i, Wiralodra han[n]ang ngarsa[n] ningwang, hingsun hangrungu wartos[s]a, paman léréh hing lungguh, kadalem[m]an hapa sayekti.” Humatur pan Wiralodra, “Sahéstu sinuhun, kersan[n]é Yang Maha Mulya, kang gumanti héstu rayi hangabdi Gusti, Singalodra kanama.”
  44. Sultan sanget welas haningal[l]i, dateng paman Dalem Wiralodra, kalintang sabar manah[h]é, hanulya ngandika rum, sultan hing Wiralodra mangkin. “Paman sahiki jandika, 31a (68, 902) tulungen hingsun, supaya hing kasultanan, hangwejanga hing para putra kon ngaji, kitab kaliyan kurhan.
  45. Tajug balong hingsun siyagi, miwah wisma kasagiyan paman, hapan wis siyagi kabéh.” Nulya Kyahi Dalem matur, “Sumanggah dérék karsa Gusti, pejah gesang pun hamba, pasrah hing sinuhun, nameng nuwun pun hamba, gadah hanak Kartawijaya puniki, semutan héca hing manah.
  46. Datan saréh miwah datan bukti prawantunya tiyang maksih tarun[n]a, man[n]awi manahé wongan, kaliyan paman[n]ipun, mila nuwun pitulung Gusti, hapan[n] hamba pasrah sadaya.” Ngandika sinuhun, “Perkara hiku paman, hingsun trima pasrahé putra n[n]iréki, nami Kartawijaya.”
  47. Kartawijaya dipun timbal[l]i, sampun cahos hing Gusti ngarsanya, handekuh koncem mukan[n]é. Hing ngarsa sinuhun, nulya sinuhun ngandika haris, hanang Kartawijayanya. “Hé Karta siréku, sahiki pan hawak[k]ira, sun hangkat dadi mantri wecalang kaki, panggon[n]an hanang Panjun[n]an.”
  48. Kartawijaya matur hing Gusti, “Sumanggah habdi doraka hing karsa, punapa Gusti karsan[n]é.” Sultan ngandika harum, “Hiya hingsun hidin[n]i kaki, pernah hing Pancagahan, gawanen surat hingsun 32 (69, 903) //kanggo raka hing Panjunan.” Kartawijaya sampun tampi srat Gusti, nulya kondur sangking ngarsa.
  49. Sampun lepas lampah hiréng margi, mangka katur hing Gusti Panjun[n]an. Tinampi wahu serat[t]é, lajeng winahos sampun. hanulya hangandika haris, “Hanang hing Kartawijaya, sukur pan siréki, bareng ngapan karo hingwang, Panjagahan hing Panjunan sira kaki, kating[ng]al cakep hing karya.”
  50. Langkung hasih Pangéran ningali, hanang Radén Kartawijaya hiking, nulya kadahup[p]ena mangké, kaliyan wayahipun, Ratu Mas Hatma hingkang nami, jumeneng hana hing Panjunan, wisman[n]ipun wahu, manggén wonten hing kajaksan, lamun jagi hing wates Darmayu nagri, prajurit kawan das[s]a,
  51. Mangka wonten malih kang winarni, mapan kiyahi Dalem Singalodraka, lagi pésta raméh raméh, gamelan mapan gumpul, raméh- raméh siyang lan wengi, mantri patih lan dalem, samya sukang sampun. Ki Dalem nulya ngandika, “Hanang para ponggawan[n]ira hiki, kabéh ponggawan[n]ingwang,
  52. Duk dalem mékang hanang riki, hora pantes dadi dalem kaki, wong santri cilik hatin[n]é, wedi dos[s]a hagung, maturut préntah hing nabi, sepi kang negara, hadat santri hiku, 32a (70, 904) sanajan sadulur //tuwa, 32a pan hingsun hora rujuk[k]asan[n]éki, hinget[t]é hing ngakérat,
  53. Kanggo hapa han[n]ang dun[n]ya mangkin, lamun hora suka- sukangnya, hangsar suci pan hatin[n]é.” Surak mapan gumuruh, tiyang halit suka n[n]ingal[l]i, 106 satingkah polah Gustinya, gagah tur habagus, lagi sedeng ngatur karya, lamun ngibing sajak gonjing pan kinanti, sodéré cindé kembang.
  54. Para mantri sami hangepok[k]i, nayaga mapan raméh senggak, yén kirang senggak[k]é mangké, hanjejeképak wahu, nayaga dén siram lan wari, saholah nyahambek pura, sodér kinipaletu nulya, sapolahnya pan bagus tanding[ng]iréki, dedeg sedeng hapideksa.
  55. Sasampun[n]ipun bibar[r]an sami, wahu Dalem Singalodraka, hanjenengi dalem mangké, lami pan tigang nahun, nulya wapat dugi hing jangji, hingkang gumanti putranya, pan Radén Semangun, langkung rusuh rerampoggan, tiyang halit kalangkung susah hiréki, kathah tiyang pin[n]atén[n]an.
  56. Hingkang sugih banda kayan[n]éki, rinampog déning para durjan[n]a, datan kiyat jagan[n]é, hupacara siyang dalu, patih Hastrasuta kuliling, hanggén[n]é jaga durjan[n]a, kadang misan[n]ipun, putran[n]é Purwadinata, langkung susah ribut[t]é hanang nagari, wunten malih hingkang warta.
  57. Tiyang ngeraman sampun siyagi, 33 (71, 905) makumpul[l]an tiyang hanang //dés[s]a, Bantarjati pernah[h]é, Biyawak Jatitujuh, tiyang Kulinyar lan Pasir[r]ipis, sesek kathah[h]ipun tiyang, langkung pitung hatus, juragan[n]é Bagus kandar, Bagus Rangin Surapersandanéki, Bagus Léja lan Sén[n]a.
  58. Miwah para sénapati jurit, para putra putra sadayanya, pan seling Rangin putran[n]é, Dén Nuralim wahu, mapan misan[n]a niréki, Kyahi Betawi hika, saking Kandang[ng]ahur, pangawakan[n]a wangganya, Bagus Wari sadaya Mayahan mangkin, nanggung hang ngalaga.
  59. Siyang dalu raméh raméh mangkin, hanggén[n]ipun pésta tetanggapan, 108 tyang dugi saban din[n]a, hangrempug badé nempuh, pan dateng Darmayu nagari, mapan rempag sedayanya, hanempuh Darmayu, siyagi tumbak bedama, bedil tulup lan keris, jolén miwah tumpak[k]an.
  60. Lajeng ngaben lampah hiréki, mapan Radén Kartawijayanya, jumagi hanang wates[s]a, datan hénak halungguh, ngandika hing kanca prajurit, “Héh sanak kula sadaya, bénjing hing Darmayu, hatinjo kadang kula, rayi-rayi miwah mis[s]an dalem néki, mapan Radén Wiralodra.
  61. Kanca-kanca kang para prajurit, sarwi matur sumanggah hing karsa, sareng hénjing budal mangké, kornélnya hanang ngayun, pan Kartawijaya hanenggih, hageng hinggil meden[n]ya, kulit kuning wahu, nganggé pakéyan tamtama, 33a (72, 906) hobyok pedang hérmas //sérét kuning, kathah tiyang ningalan[n]a.
  62. Sareng dumugi hing Dramayu mangkin, hamireng surak mangambal[l]ambal, campur kaliyan senjatos, sinelek lampah hipun, samya kagét para prajurit, ning[ng]al[l]i tiyang yudabrata, héstri warninipun, punika Ciliwidara, putra putri sangking Banten kang nagari, tias[s]a ngamba gegan[n]a.
  63. Para prajurit hing Darmayu mangkin, miwah putra sarta sénapatya, datan bis[s]a nyepeng mangké, kénging wicaksan[n]a nipun, kathah resak para ponggawi, miwah para putra putra, putra sareng dulu(r), huwa Kartawijaya, hang rawuh[h]i saprajuritan[n]iréki, lajeng methuk Radén Kerstal.
  64. Lumajar nyangkem[m]i padan[n]éki, kalih paman patih Hastrasuta, karun[n]a dateng harsan[n]é, “Duh rama huwa nuhun, langkung resak[k]ipun nagari, Kartajaya ngandika, “Duh mas pu(t)ra n[n]ingsun, hiki musuh rebut hapa, wani temen hangrusak hanang nagari, sapa prajurit nama?”
  65. Nyi Ciliwidara kang nami, ngangken putra Kentanagara, malah putra rama mangké, kathah kang sami lampus, Suryaputra Sruyabrata néki, miwah raka Suryawijaya, hangemas[s]i wahu, dén panah si Ciliwidara, hingkang rama medal toya waspan[n]éki, nulya sanget dukanira.
  66. Héh Kang Rayi Hastasutra patih, miwah putra n[n]ingwang sira Kerstal, bésuk iki sun candak[k]é, 34 (73, 907) Ciliwidara hiku, sahiki ram[m]a harep kapanggih, mapan kambi raman[n]ira, nulya pangkat wah[h]u, malebet hing padalem[m]an, nulya pinanggih kaliyan hingkang rayi, Dén Dalem Wiralodra.
  67. Nulya ngrangkul kang raka tumuli, sarwi karun[n]a sesambat[t]ira, “Duh raka pitulung mangké, putra raka kathah lampus, pan kénging musuh han[n]ekan[n]i, bade hing rebat nagara, tan kuwawi hulun, hanadah[h]i yudabrata, langkung sakti Ciliwadara puniki, sumanggah raka hing karsa,
  68. Ya bésuk[k] iki rayi sunton[n]i, kakang tanding hing ngayuda, sapira habot saktin[n]é, wong siji wani musuh, pan kalih wong sanegari, hananding kadigdayan, han[n]ang wong Darmayu, sareng hénjing binaris[s]an, wadyabala ponggawa putra prajurit, bendéra tinarik hénggal.
  69. Sarta bendéné pinukul haglis, mangka Ciliwidara miyarsa, hénggal dangdos busanan[n]é, gelang kalung kilat bahu, pan[n]ah miwah bedama keris, pan cakep yén tiningal[l]an, prawantu tiyang hayu, hanulya sesumbar hénggal, wong Darmayu mas[s]ih wani musuh mami, lan sa[pa]mapaging yuda.
  70. Ketambuwan sira hing mami, hiki sadulur hingkang tuwa, Kartawijaya jeneng[ng]é, wani hangrusak Darmayu, sira Ciliwadara hanjing, kadiran wong hayu sira, 34a (74, 908) duméh sira punjul nganihaya lampah cidra, manah hénggal nerajang[ng]a sira hanjing, men[n]awa tambah ta sira.
  71. Hanulya mentang panah hiréki, sarwi hawecan[n]a dén priyatna, pancén wong sendek humur[r]é, rasané panah hingsung, kang haran si Belabar Gen[n]i, manah datan mindowa, yén niba hanguyun, hanang getihyé manus[s]a, pan hénggal linepas panah ngenan[n]i, hobah bebalung ngira,
  72. Méh san[n]alika tiba hing siti, hangrahos peteng hing paningal, hénggal wangking pedang[ng]é. “Nyata prajurit siréku.” Ciliwidara dén luket[t]i, hudreg pedang-pinedang, sekalih pan punjul, tan wonten hasor hing yuda, tiyang surak lir kadya rengat hing bumi, suka haningalan[n]a.
  73. “Héh pan Kartawijaya siréki, ngisén[n]i sira prajurit lan[n]ang, kurang tata perang mangké, maka hangandika hasruh.” Radén Kartawijaya mangkin, sundel dayang humbaran, hapa han[n]ang siréku, tibakna han[n]ang hingwang, mapan ningsun datan gingsir hanadah[h]i, satingkah polah[h]ira.
  74. Ciliwidara datan kuwawi, hanggén[n]é musuh Kartawijaya, langkung hawrat kasaktén[n]é, Kartawijaya wahu, saya gumareget hagalih, medal tiwik[k]raman[n]ya, pan cinandak sampun, 35 (75, 909) dén hédek hanang pratal[l]a, Ciliwidara hambekas hana hing bumi, sirna datan karuwan.
  75. Kartawijaya cuwa hing galih, samusnané Nyi Ciliwidara, ngandika hing prajurit[t]é, kén[n] jumagi wahu, pernahipun hical Nyi Cili, mapan samya dén jaga, siyang miwah dalu, nulya Dén Kartawijaya, hanepang[ng]i dateng Wiralodra rayi, pan miwah putra nonoman.

PUPUH IX
S I N O M

  1. Mapan samya pinanggya, kang raka kalih kang rayi, miwah putra putra sadaya, kalih kang rayi pepatih, Hastrasutra jenengnéki, sadaya cahos hing ngayun, ngaturaken kasusah[h]an, resak[k]é hingkang nagari, nanging bagja pitulung[ng]é hingkang raka.
  2. Kang Raka haris ngandika, hing ka[ng]dang kadang[ng]iréki, miwah putra pan sedaya, “Duh Yayi Mas [s]asih basuki karsan[n]é Yang Maha Widi, hénggal Si Kakang harawuh, datan huning[ng]a yén susah, mapan lagi mangun jurit, héran pisan Ciliwidara digjaya.”
  3. Kang rayi matur hing raka, “Kabegjan makethi-kethi, kersan[n]é Yang Maha Mulya, raka hénggal hangrawuh[h]i, mila kasuwun pun rayi, sangking berkah raka wahu, lah kados pundi hing karsa, menawi kasoh rumihin, dateng rayi hing dalem katuran lenggah.” 35a (76, 910)
  4. Kang raka haris ngandika, “Tak tarima karsa rayi, han[n]anging sejaning raka, bade wangsul pan rumihin, hawit hanglancang[ng]i Gusti, tan seja raka habantu, hing rayi kang yudabrata, mila bade matur Gusti, lan kuwatir hilang[ng]é Ciliwidara.
  5. Prawantu wong wicaksan[n]a, man[n]awa malebu Rayi, hing panjagahan kakang, hanang Garagé nagari, mung rayi kang hatiyati, jagan[n]é hilang[ng]é wahu, han[n]ang pernahé hing musna, dén jaga ponggawa rayi, kakang badé pangkat wangsul dinten mangkya.
  6. Sedaya sami rangkul[l]an, para putra ngabekti sami, nulya hangiring lumampah, dumugi han[n]a hing jawi, hanulya hénggal lumaris, “Ponggawi dérék sang[ng]ulun, malebuh[h]ing padalem[m]an.” Nulya bibar masing-masing, hantuk hidin sangking karsan[n]é bendara.
  7. Sareng nuju dinten Jumah, Dalem Wiralodra mangkin, saweg sinéba kang raka, patih Hastrasuta mangkin, jumerogjog hingkang prapti. Nyi Jaya cahos hing ngayun, sarwi manembah hing ngarsa, Kyahi Dalem ngandika haris, “Duh bagéya janur gunung rayi prapta.
  8. Tak kira han[n]a sukarya.” Nyi Jaya humatur haris, “Duh Gusti hatur duduka, katiwas[s]an habdi Gusti, sanget sampun duka Gusti. Bade matur kasahéstu, 116 Kyahi Dalem hangandika, “Manah rayi sun hidin[n]i, 36 (77, 911) humatur rasa ka//hapa lepat[t]ira.
  9. “Habdi dén pethuk hing raka, sahiki nembé hadugi, déréng wangsul wisma habba, sangking Bantarjati habdi, kadang kadang habdi Gusti, kumpul damel tarub hagung, sampun kathah tiyang prapta, hantawis sanambang Gusti, bade ngraman hangresak nagri paduka.
  10. Darmayu badé karesak, pan habdi kaperdi Gusti, nanging kekah pan kahul[l]a, tan niyat cidra hing Gusti, bade tumut nyusup habdi, dumugi hing hanak putu, sedaya manggah hing karsa, jaga pati saksi habdi, datan seja bade tumut (ka paduka),
  11. Kyahi Dalem hangandika, sukur bagja sira yayi, mugiya satrun[n]ira, dadiya sawiji bénjing, kalih turun-turun mami, tak tarim[m]a sedyanipun, wis rayi hénggal mundur[r]a, hénak[k]a hing wisma rayi, lan sun halih nama Resik Sira Jaya.”
  12. Nulya manembah hing ngarsa, humatur kasuwun Gusti, mapan Kiyahi Wiralodra, ngandika hing kakang patih, “Kados pundi kakang niki, hatur[r]é Nyi Jaya wahu, punapa kakang hing karsa, humatur pan kakang patih, kedah Gusti hamriksa tiyang ngeraman.
  13. Nanging samakta hing yuda, siyagi para prajurit, miwah sesang[ng]oning tiyang, sasat musuh[h]an dateng[ng]i, hawit hing wawengkén Gusti, yén kedah tinangken wahu. Kang Gusti nulya ngandika, “Punapa kang raka patih, 36a (78, 912) bénjing //hénjing kedah kempal sénapatya.
  14. Hénjing miyos hing paséban, lenggah hing paséban jawi, ngempel[l]aken ponggawa, sentan[n]a prajurit mantri, Trun[n]ajaya hingkang rayi, miwah Wangsatrun[n]a wahu, pan Tanujiwa kang raka, Jiwasuta kang prajurit, Tanujaya miwah Wangsanaya dem[m]ang.
  15. Sutamarta Tum[m]enggung, kathah kang para prajurit, mangka hangandika patya, “Duh kadang-kadang prajurit, sadaya kang sun timbal[l]i, dadiya kawruh wan[n]ipun, sayagi wonten tiyang ngraman, hing dusun han Bantarjati, karsan[n]ipun hing Gusti badé kapriksa.
  16. Kula hatur[r]i pan sedaya, samakta siyagi jurit, prawantu mriksa berandal, sampun kirang pan sayagi, bénjing hénjing kul[l]a hatur[r]i, budal[l]é hing Jatitujuh, pun[n]akang dadi biyas[s]a, pajun[n]é tiyang ngajurit, bendé mung[ng]el kul[l]a tur[r]i samya budal.
  17. Nulya kondur ring paséban, pati(h) Hastrasuta mangkin, prawantu gagah jatmika, hing ngiring para prajurit, konca mawi cindé kuning, kuluk hérmas hinten murub, sinonthé keris hing kanan, hing ngampléh kang wunten kéri, pancén gagah dedegya mapan sumbada.
  18. Bendé muni samya mudal, hupacara para mantri, demang rigah para harya, miwah sakéhéng prajurit, sedaya niti turanggi, 37 (79, 913) nyangking pedang tumbak//duhung, pakéyan mawarna-warna, Gustinya niti turanggi, hulesna pas gambirah gagah hing yuda.
  19. Samargi dadi tongtonan, kawula samya siyagi, wédang miwah dadahar[r]an, tyang dusun hanyiyagéni, miwah tetabuh[w]an mangkin, klapa dugan saban pintu, sadaya tiyang ningal[l]an[n]a, hing tembé huninga hing Gusti, raméh-raméh samargi sami tabuh[w]an.
  20. Pan lajeng hingkang lumampah, kang wunten hing Bantarjati, saweg sinéba ponggawa, miwah kadang putra mangkin, pengagung Ki[ng] Bagus Rangin, kalih hingkang paman wahu, kasebat kang pinituwa, Bagus Serit jeneng néki, miwah kadang Sén[n]olaja Bagus Kandar.
  21. Sumanding Surapersanda, miwah para sén[n]apati, Bagus Seling hingkang putra, sarta pan Radén Nur[r]alim, miwah Kyahi Betawi, gegedén hing Kandang[ng]ahur, sarta Bagus Pangiwa, Gan[n]a Wanggan[n]a miwah Jari, sénapatya sedaya putra Mayahan.
  22. Sadaya pepek [k]ing ngarsa, mapan para sén[n]apati, Bagus Rangin hangandika, “Hanang paman kadinéki, kados pundi gelar niki, sampun cekap bala wahu, punapa pan kintun serat, hutawi hinurug mangkin, tyang Darmayu kang bakal kahula rus[s]ak.”
  23. Bagus Serit hangandika, “Duh putra sedayan[n]iki, kula hatur[r]iki kang sabar, kedah mangké dinten Kemis, 37a (80, 914) Kemis Kaliwon puniki, kaleres[s]an tanggal[l]ipun, héca hanggén cacatur[r]an, pecalang cahos hing ngarsi, ngatur[r]aken tyang Darmayu ngrawuh[h]an[n]a.
  24. Hing Jatitujuh pernahnya.” Bagus Rangin ngandika haris, “Duh bagja yén mangkonowa, sukur bis[s]a hanekan[n]i.” Nulya matur rama mangkin, “Kados pundi lampah[h]ipun, Dalem Darmayu rawuhnya, kinten pangkat dinten pundi, lampahipun sahé hutawi halang[ng]an?”
  25. Kang ram[m]a mangsul[l]i sabda, “Leres taya putra mami, Sing lér dugi ning mingsah, kados hapes hing ngajurit, lah gelar[r]é kados pundi, napa wangun baris hagung, putra dérék karsa ram[m]a, pajun[n]é mapag hing jurit, nanging putra sahé baris kahormat[t]an.
  26. Saban sasak jinagiya, pinangka hormat [t]ing Gusti, sarta manawi palengkung[ng]an, janur miwah godong wringin, gangsal dasa sasak siji, tin[n]aro prajurit telu, yén kuda miwah ponggawa, sampun lintang kinten tebih, hénggal sasak binubrak[k]an sedaya.
  27. Supaya wangsul[l]ing kuda, hanggeber wonten hing wari, gampil hingebyak[k]an bala, sampun bedami pesagi, nulya kadang-kadang néki, samya ngatur gelar wahu, Bagus Serit hatur[r]an[n]ya, gelar wang rampoggan mangkin, 38 (81, 915) sampun //bibar samakta bala sedaya.
  28. Rampung bedami gelar[r]an, limang puluh balanéki, hangdalem sasak satunggal, mapan tiga prajurit néki, damel tatar[r]uban mangkin, siyagi pethuk pangagung, kanan kéri pan bendéra, gamelan[n]é siyang wengi, raméh-raméh tiyang jaga hing pawates[s]an,
  29. Ki Rang[ng]in hing pasanggrahan, kalih paman Bagus Serit, siyagi tyang kasémahan, nanging samaktaning jurit, sakanca berandal mangkin, ngajeng-ngajeng rawuh[h]ipun, siyang dalu tetabuh[w]an, ram[m]éh raméh kang prajurit, kang sinigeg bala Darmayu punika.
  30. Samya damel pasanggrahan, hing Jatitujuh gén[n]iréki, samya kempal pirempag[g]an, hingkang lajeng paman patih, Hastrasuta pan prajurit, mapan sakti hing prang pupuh, kahutuskén mriksanana, hanang dusun Bantarjati, pernah[h]ipun sagung[ng]é tiyang ngeraman.
  31. Sareng hénjing samya budal, hing ngiring para prajurit, samakta kaprabon[n]ing prang, bedil tulup lan suligi, Ki Patih niti turanggi, hulem cemeng kudan[n]ipun, sareng dugi pawates[s]an, raméh gamel[l]an hang Rangin, palengkung[ng]an bandéra baris hing marga,
  32. Sedaya pan hasung hormat, nulya ngandika Ki Pati, nulya manembah tur nyaris, 38a (82, 916) “Duh Gusti habdi //puniki, mapan kén methuk sang[ng]ulun, rawuh[h]é Gusti jantika, sumanggah sakarsa Gusti, habdi sampun siyagi men[n]awi kersa.”
  33. Ki Patih nulya ngandika, “Tak tarima sanak mami, suka ta [h]hangormatan[n]a, mung mengko sabalik mami, kran[n]a hiki lampah gelis, hing ngendi pernah[h]é wahu?” Humatur prajurit tiga, “Punika katingal Gusti, bandéra bang sérét kuning miwah pethak.”
  34. Nulya lajeng hingkang lampah, patih miwah para mantri, sampun tebah[h]ing kang lampah, handeder hingkang turanggi, hanungsi hing Bantarjati, han[n]ang pasanggrahan hagung, nulya sasak binubran[n]an, hing ngobar tan[n]ana kari, mangka sampun rawuh han[n]ang pesanggrah[h]an,
  35. Dén papag prajurit kathah, malebet[t]ing tarub mangkin, nulya samya lelinggihyan, salaman sedayanéki, miwah samya ngormat[t]i, raméh gamelan tinabuh, surak kadya hurahan, prawantu ngormat[t]ing Gusti, Nulya patih hameriksa munggur ngarsa.

PUPUH X
P A N G K U R

  1. “Héh sanak kula sedaya, hingkang sami makuwon hing riki, bendéra lan humbul-humbul, gelar[r]é tiyang ngakathah, mapan kula hantuk dawuh[h]é sanganghulun, ké mriksa béja hing warta, nulya héstu kang sayekti.
  2. “Lah kados pundi gelarnya, déning pada siyaggi kaprabon jurit, tumbak perampoggan wahu, 39 (83, 917) //punapa hingkang sinedya.” Bagus Rangin hanulya hunjuk humatur, “Héstu bade hangresak[k]a, Dramayu hing dalem mangkin,
  3. Nulya ki patih ngandika, “Lamun kénging sadaya pan sanak sami, sampun dén turut[t]i napsu, pan seja bade hing resak, hanang Gusti nagari Dalem Darmayu, yén kénging kula penggah, kran[n]a nagari hing mingkin.
  4. Sanajan cilik rupan[n]ya, mapan luwih werat sesanggan[n]éki, lan mengko[s] sengsara wahu, sakéh hanak putu[n]nira, manggih susah kasengsara hing Yang Hagung, tem[m]ahan pan dadi rusak, wong musuh han[n]ang negari.”
  5. Ki Rangin humatur sugal, “Hanang Kyahi Mas Hastrasuta patih, haku tan harep kon mundur, lan hora gila tumingal, hanang rupa wong nagara hing siréku, prawantu kang yan[n]a patya, taling[ng]an kadya sinebit.”
  6. “Loh Rangin celathu[n]nira, ngisén[n]i sira cangkem berandal babi, mangsa wediya pan hingsun, mapan wirang yén mundur[r]a, tak lawan[n]i remuk hawor wisma hulun, yén datan kacekel sira.” Ki Patih medal hing Jati.
  7. Para mantri pan jumaga, ki Rangin werat tanding kaliyan pati, surung-sinurung pan wahu, kaliyan Ki Yan[n]a patya, datan kiyat Ki Rang[ng]in perang[ng]é wahu, para kadang maju haprang sedaya kasor hing jurit.
  8. Prawantu perang berandal, pan datan tata paju[n]né hing ngajurit, ngandika Ki Serit wahu, “Loh hanak kul[l]a sedaya, siyagi ya kepung[ng]en bahé pun[n]iku, 39a (84, 918) haja kosi bis[s]a medal, kira dalu sun hebyak[k]i.
  9. Ker[r]an[n]a pangamuk[k]ira, patih Hastrasuta duduwa din[n]éki, pan kathah musuh nya lampus, Bantarjati lan Biyawak, tyang Kulinyar bubar ka tawur[r]an wahu, sapa marah hasrah pejah, jam nenem sonten hing wanci.”
  10. Nulya Kyahi Serit ngandika, “San[n]ak kul[l]a sadaya mapan sahiki, haja ngrangseg sira maju.” lawanen hundur-hundur[r]an, hangantos samangké wanci jam sapuluh, sedeng peteng tan katingal, nulya dén hebyuk[k]ing jurit.
  11. Sareng sampun jam sedas[s]a, tyang Kuli[ng]nyar Pacir[r]ipis Bantarjati, hangebyuk[k]i perang pupuh, kinepung buwaya mangap, tyang sanunggal langkung rebut tan kadulu, sampun ngrahos datan kiyat, tiban[n]é tumbak lan keris.
  12. Datan huning[ng]a lor wétan, langkung ribut prawantu prang dug hing wengi, para mantri pan melayu, nanging bala Kulinyar, mapan datan dén praduli mlayuning pun, namung patih Hastrasuta, kang dén prih pejah[h]iréki,
  13. Nulya ki Serit tumandang, ngagem tumbak sengkel[l]a pepundén[n]éki, salin bus[s]an[n]a hacampur, sampun payah Hastrasuta, hanadah[h]i hanggén[n]é haperang pupuh, bade mlajeng tan huning[ng]a, lor wétan[n]a prawantu wengi.
  14. Wecan[n]a sajron[n]ing manah, “Lah sahiki wis pinasti jangji ma[ng]mi, jamak[k]é ngawula hingsun, hambélan[n]i hing nagara, perang karo brandal kinarubut, pan hingsun wis hora kuwat.” 40 (85, 919) Ki//Serit medal hing wingking.
  15. Sinareng sampun waspada, dipun tumbak Ki Patih pan sangking wingking, mapan kénging nulya lampus, dipun byakta hing tiyang kathah, mapan sampun hancur kuwandanné wahu, prawantu tiyang berandal, surak lir rengat[t]ing bumi.
  16. Sareng hénjing nulya bibar, makumpul[l]an hing pas[s]anggrahan niréki, samya nayub raméh wahu, prawantu tiyang berandal, kathah malih dugi hing tarub hagung, mangka mantri kang lumajar, sampun dugi hingkang Gusti,
  17. Humatur hanak[k]ing ngarsa, sarwi nangis melas sasih hing Gusti, “Katiwas[s]an habdinipun, pan raka dalem paduka, sapun[n]ika Gusti mapan sampun lampus, kinerocok hing payudan.” kang Gusti ngandika haris,
  18. “Héh mantriningsun sadaya, yén mangkono becik hingsun pada balik, sarwi handras mili[h] kang luh.” Hanulya bibar sadaya, sareng dugi han[n]ang Bangaduwa dusun, kinepung hing tiyang kathah, dén sangguh brandal nekan[n]i.
  19. Samya prang han[n]ang marga, dalah wunten hingkang katiwas[s]an mangkin, dén bedil pamayung[ng]ipun, pejah wonten hing marga, mila wonten namin[n]ipun Rengas Payung, nulya lajeng hing lampahnya, sampun dugi hing nagari,
  20. Duginé han[n]ang nagara, para garwa miwah kadang-kadang néki, samya methuk jawi pintu, sareng malebet hing wisma, hangandika Ki Dalem hing garwan[n]ipun, 40a (86, 920) puniki pan katiwas[s]an, kakang patih hangemas[s]i.
  21. Hingkang garwa miwah kadang, sareng miharsa pangandikan[n]é kang Gusti, sedaya karun[n]a wahu, pan sarwi hasesambat, “Haduh kakang hora nyan[n]a temen hingsun, hora panjang yuswa kakang, mangka hanang dalem pati.”
  22. Gégér gumuruh karun[n]a, para garwa miwah putra-putran[n]éki, sarta kadang-kadang[ng]ipun, pan hing[ng]et hing sengsarahnya, patin[n]ipun kinarubut hing prang pupuh, wunten malih kang winarna, berandal hing Bantarjati.
  23. Raméh-raméh gan tayub[b]an, saban din[n]a matis minda kebo sapi, hantuk ngrayah saban dusun, siyang dalu dedahar[r]an, rupi-rupi satingkah polah[h]é wahu, prawantu berandal dés[s]a, Ki Rangin hangandika haris.
  24. Dateng hingkang rama paman, Kyahi Serit miwah hingkang kadang néki, “Duh paman kula nuwun, miwah kadang-kadang kula, hénggal pangkat dinten bénjing hing Darmayu, sampun lat lampah kula.” Sedaya sumanggah ngiring.
  25. Sareng hénjing samya budal, hantawis[s]é tigang nambang brandal mangkin, masing-masing gaman[n]ipun, bedil gobang miwah pedang, tumbak keris miwah komprang sarta penthung, sagadah-gadah hing tiyang, sandang[ng]an[n]é mancawarni.
  26. Poléng gunung poléng Jawa, hana hingkang nganggé clana poléng tapih, hutawi samiya cangcut, han[n]a kang sarowal[l]an, conténg sléndang sarung poléng dam[m]ar murub, mikul lanték hisi beras, 41 41(87, 921) miwah bendil lang sasisih.
  27. Samargi-margi jogéd[d]an, surak-surak hing margi samiya ngibing, satingkah-tingkah pan wahu, prawantu lampah hing bangsat, turut marga hangrampog[g]i saban dusun, hayam manda miwah harta, kebo sapi néki niring,
  28. Sareng duging céléng dés[s]a, hing Lobanar para Cin[n]a pun siyagi, hanak rabi hing Darmayu, mapan samya habénjang, Babah Kwi Béng Héng San Héng Li Cin[n]a baru, sadaya pan ngajigjaya, miwah Héng Jin lan Ti Yang li,
  29. Wunten Cin[n]a kalih das[s]a, hingkang sampun siyagi wan[n]i hing pati, Cin[n]a babah kalih baru, nulya berandal hangrempak, prawantu nya tyang kathah pan jigja wantun, bade ngrayah barang harta, miwah nyonya Cin[n]a néki.
  30. Sareng ngrempak kulya pas[s]ang, para Cin[n]a perang kaliyan brandal néki, lebur brandal kathah lampus, hing ngamuk para Cin[n]a, kathah hingkang pecah brandal sirah[h]ipun, dén hamuk hing para Cin[n]a, hibur palayu ning jalmi.
  31. Sedaya miréh berandal, nulya Bagus Surasa Persanda nepangi, Bah Kwi Béng sareng handulu, “Loh kang hurang dadi brandal, hapa hora hing[ng]et salang wosé batur.” Wecan[n]a Surapersanda, “Mangka hingsun hanepang[ng]i,
  32. tak jaluk sukan[n]é sobat, waktu hiki hajala sanak mami, pan hingsun hora hangrusuh, 41a (88, 922) hatawa seja hanglanat, han[n]ang Cin[n]a para sobat sosobatan hingsun, mung[g]uh bandakaya sobat, mangsa dén rusak[k]a hiki,
  33. Mung sobat waktu samangkya, hénggal-lénggal humah dipun sa…si mangkin, wah kang hurang cuwa hingsun, yén hora handeleng dika, mapan hiki sabatur seja halampus, nanging hinget sayo sobat, kang hurang pan sampé becik.
  34. Lan kapriyén pikiran dika, gawé hibur hing negara dika hiki, Jarih Gan[n]a pada mélu, pekakas kurang santos[s]a, harep ngrebut nagara Darmayu hiku, kang hurang gawé melarat, hing hawak dika pribadi,
  35. Nulya tetabéyan Cin[n]a, kalih Bagus Surapersanda mangkin, para Cin[n]a kondur wahu, bubar hing Dramayu lampah, nulya brandal sami lajeng lampah[h]ipun, makuwon hing pamayahan, damel pasang[g]rahan mangkin.
  36. Ki Rangin matek pikirnya, pengabaran dugin[n]é hing para jalmi, sadin[n]an[n]é telung puluh, tiyang hingkang samya prapta, seja bade hangrus[s]ak nagri Darmayu, hantawis kathah hing tiyang, pitung nambang tiyang dugi,
  37. Gumuruh han[n]ang Mayahan, mapan kathah tiyang samya hénjing mangkin, sangking kathah tiyang wahu, siyang dalu tetabuh[w]an, prawantu nya berandal tingkah[h]é wahu, 42 (89, 923) hana hingkang hanger//rayah rerampogan hangrayah duwit.
  38. Langkung sesah tiyang perdés[s]an, rinampog[g]an saban din[n]a tiyang halit, yén hayu rabi[n]nipun, samya tinuron[n]an, yén tan gelem harep dén patén[n]i wahu, mila sanget kasengsara, sesambat[t]é hanang Gusti,
  39. Haduh Gusti kawul[l]anya, hing Kyahi Dalem Darmayu mangkin, kawul[l]an[n]é nuwun tulung, resak kawul[l]a sadaya, dipun rayah kebo sapi miwah wedus, berandal para bagus[s]an, hora wirang gawé sakit,
  40. Mangkan[n]a dalem punika, sampun miharsa kathah[h]é brandal mangkin, hing mayah[h]an pernah[h]ipun, hangrerayah saban din[n]a, langkung resak tiyang kathah saban dusun, ki Dalem hunjuk lan surat, guperur jéndral Batawi, 1808,
  41. Jeneng[ng]é Gupernur Jéndral, panjeneng[ng]an Dangles mangkin, kang ngasta dadi gupenur, han[n]ang negri Batawiyang, langkung gagah prakos[s]a sumbada hagung, lan suka hambantonara, susah[h]é saban nagari.
  42. Lan benci hanang tiyang jahat, lamun kénging trus pintén[n]an mangkin, tan perdul[l]i kancan[n]ipun, hadat[t]é Dangles punika, malah kathah soldat[t]é sinebar wahu, yén tan nurut hajindanya, mapan pinotong pribadi.
  43. Hanulung pertulunganya, réning brandal langkung kathah hingkang dugi, 42a (90, 924)wun maréntah pan //gupenur sarta kirim bal[l]a soldat, tinindiyan kaliyan kumendur lahut, Tuwan Postur namanira, sing Hing[g]ris hasal Welanda,
  44. Kéng ngéndi bedami brandal, pura-pura dihangkat dadi bopatih, ma[ng]pan nagari Darmayu, pan kagung[ng]ane pun jéndral, hing Betawi Dalem hora kuwat sawahu, supaya dadiya bubar, bala berandal puniki.
  45. Saradadu miwah Tuwan, sampun dugi pinang[g]ih lan dalem mangkin, sarta pun bedami wahu, dalem pan sampun pasrah, hanang Tuwan Delér pan kum[m]endur lahut, héng[g]al pangkat dén hiring[ng]an, tigang[ng]atus soldatnéki,
  46. Supaya haningal[l]an[n]a, para brandal tandang[ng]é hing soldat mangkin, bedil pedang miwah hangkus, pinilih rata dedegnya, hageng hing[g]il godég wok kumis[s]ipun, ginotong mimis pekakas, miwah sangon kalih duwit,
  47. Satus gotong[ng]an tiyang, sarta mriyem tinarik mahis[s]a mangkin, supaya brandal handulu, tingkah polah[h]é tiyang perang, tandang[ng]ipun hutawi hajar prang wahu, sareng dugi hing Mayahan, kagét brandal haningal[l]i.
  48. Nulya matur hing juragan, lamun wonten saradadu handugén[n]i, hambakta samaktan[n]ipun, pekakas hing ngayuda, 43 (91, 925) nulya Bagus Rangin Kandar mapag sa//mpun, kapethak kaliyan Tuwan, Tuwan Delér bis[s]a Jawi.
  49. Tetabéyan Delér Tuwan, kalih Bagus Rangin Kandar Bagus Serit. Tuwan Delér ngandika rum, “Héh Bagus Rangin jandika, sampun hajri mapan kula dipun hutus, hing Tuwan gupernur jéndral, kuwas[s]a negri Betawi.
  50. Saréhing dalem masrahen[n]a, negaran[n]é hing Gupernur Jéndral mangkin, dadi hingsun dipun hutus, kang[g]o hambedami kula, mapan dipun Sowak nami, dalem wahu, lamun kersa hajandika, kula hangkat demang mangkin.
  51. Mung[g]uh kadang sadayanya, kula hangkat dadi mantri jurutulis, kuwasahan sami wahu, saperti dalem pangkat.” Bagus Rangin matur trima kasih hulun, yén makat[t]en legang manah, sedaya dipun salin[n]i.
  52. Pakéyan laken sadaya, clana laken krambi laken topin[n]éki, mawi pasmén mas murub, Tuwan Delér pan siyaga, nulya raméh tabuwan humyang gumuruh, pésta hangéstréni demang, Demang Rangin para[ng] mantri.
  53. Pamayahan kademang[ng]an, siyang dalu berandal tayubban néki, ngikat jeneng demang wahu, suka-suka gé nya pésta, sanget bingah Ki Rangin suka kelangkung, dén hiring mantri sadaya, pakéyan sangking Betawi.
  54. Tiyang kathah ningali Blanda, 43a (92, 926) langkung giris //ningal[l]i pekakas néki, bedil pedang miwah hangkus, saban soré hajar perang, kornél hajidan sersan lan sardadu, hajar bedil miwah pedang, berandal kathah kang balik.
  55. Lamun dalu pada ming[g]at, sarta kathah hingkang sami kirang neda, prawantu tiyang kathah wahu, badé ngrampog panji nagara, tyang berandal hantawis[s]é pitung hatus, nulya Delér kirim surat, hing Dalem Darmayu mangkin.
  56. Sadiweg gédén tangkeppa, mapan dalem sampun tampi serat néki, gelar[r]é Delér puniku, nulya dalem kintun serat, dateng raka Kartawijaya puniku, hing Gragé ponggawa sultan, serat[t]é sampun dén tampi,
  57. Sareng winahos kang serat, lamun rayi Hastrasuta mangkin, neng[g]éh paman sampun lampus, pinejah pan hing berandal, sapunika berandal jinaga wahu, dateng Wlandi kumendur Tuwan, pin[n]angsraya sing Batawi.
  58. Hénggal Paduka Jeng Raka, rayi tur rinangkep brandal lan[g] jin[n]agi, Kartawijaya habendu, nulya matur hing sultan, sadayan[n]ya pan sampun katur sang[ng]ulun, Gusti Sultan hamiyarsa, nulya hangandika haris,
  59. Yén mangkon[n]o Kartawijaya, hénggal-lénggal tangkep[p]en berandal mangkin, yén ken[n]a bandan[n]en wahu, lamun kekah pin[n]atén[n]an, 45 (93, 927) pan Bugel[l]en[n]ya//gulun[n]é berandal wahu, sarta sira Radén Wel[l]ang, bareng kam[m]i Karta mangkin,
  60. Karta miwah Radén Wel[l]ang, mapan sampun sumang[g]ah hadérék Gusti, sultan hangidin[n]i wahu, manembah kondur sing ngarsa, medal jawi bendé tinitir pinukul, prajurit siyagi nulya, samakta kaprabon jurit.
  61. Nulya Dén Wel[l]ang ngandika, “Héh sekabéh sanak kul[l]a prajurit, sahiki pangkat siréku, karo hingsun raka Karta, seja ngrurug berandal hingkang hangrusuh, hing Mayahan pernah nira.” hénggal pangkat Radén kalih,
  62. Lan gawah kancanira, hing pinilih sakethaha sapara prajurit, mapan sampun budal wahu, pangkat prajurit sedaya, sampun dugi prajurit hanang Darmayu, pinang[g]ya rayi lan raka, kang rayi hangrangkul haglis,
  63. Hanangis dateng kang raka, mapan hingat hingkang sampun lampus pati, Kang Raka karun[n]a wahu, sarwi hangandikanya, “Duh Yayi Mas wis makhub[b]é yayi wahu, wapat Yayi Hastrasuta, tan mundur kakang ngajurit.”

PUPUH XI
D U R M A

  1. Nulya hénggal pinukul bendé hangakang, pan sampun siyagi jurit, sadayanya ponggawa, gambirah mantri sedaya, pan bade béla hing pati, 138 hingkang pun séda, Dén Nastrasuta patih.
  2. Nulya bidal gumuruh bala hurahan, tumbak pangrampog[g]an mangkin, 45a (94, 928) langkung peguh ba//risnya, mapan hingkang ngarsa, dalem kalih rakanéki, miwah Dén Wel[l]ang, putra Panjun[n]an selir,
  3. Mangka sampun dumugi hing Pamayahan, Rangin mapag hamiyarsi, lamun dalem handugya, samakta kaprabon[n]ing prang, hangras[s]a ginelir mangkin, hing Delér Tuwan, mapan kinepung mangkin.
  4. Lor kidul wétan pan sampun jin[n]aga, miwah hing kulon prajurit, sampun pengkuh barisnya, berandal hana hing tengah, hing kidul bala Betawi, Dén Wel[l]ang neng[ng]ah, maran[n]i berandal mangkin.
  5. Kalih raka pan Radén Kartawijaya, hayun-nayun[n]an pinanggih, kaliyan para brandal, mapan hangandika sorah, “Héh Rangin hanjing siréki, sira berandal, nutut[t]a sun talén[n]i.”
  6. Bagus Rangin miwah Kandar Sén[n]a Léja, 139 sugal hing wecan[n]anéki, “Héh hingsun dipun gelar, hing Delér Tuwan punika.” Hanulya mangsul[l]i mangkin, hing Radén Wel[l]ang, “Mapan tan gila hawak mami,
  7. Sanajan[n]a hingsun dipun kepung hing sira, mangsa gingsir [r]awak mami, kadir[r]an sugih bal[l]a, mangsa honcat [t]awak [k]ingwang.” Sén[n]a habandak tumuli, hing Radén Wel[l]ang, sinépak kajumpalik,
  8. Mapan raméh gumuruh pajun[n]ing yuda, datan ngang[g]é tata mangkin, prawantun[n]é berandal, kadya ngepung satoh galak, pan mas[s]ing mas[s]ing ngajurit, hang[g]én[n]ing prang, hingkang medal dén bedil[l]i. 46 (95,929)
  9. Hanang saradadu hingkang samya jaga, kathah brandal hingkang mati, kang kénging dén belagbag, hing para mantri sadaya, kantos kasaput[t]ing wengi, hang[g]én[n]ing haprang, Rangin sakadangnéki,
  10. Mapan sampun miruda sangking payudan, hénjing bendé tinitir, Rangin sampun tan[n]ana, sadaya sami miruda, 140 Dén Welang ngandika mangkin, “Héh kunyuk berandal, wedi mati sira hanjing,
  11. Mapan sampun binalagbag bala brandal, hantawis nem hatus mangkin, mapan kinirimna, han[n]ang Darmayu mangkya. binuwi berandal haglis, datan kamot[t]a, hanang jeron[n]ing buwi,
  12. Hingkang langkung binekta hing prahu kapala, sakéhéng berandal mangkin, miwah kondur sadaya, hing Darmayu hiku kumpulnya, sakéh[h]é pengagung mangkin, bade kintun srat, “Hanang jéndral Batawi.
  13. Kados pundi karsan[n]é gupenur jéndral, perkara berandal mangkin, hingkang sampun kacandak, salebet[t]ing buwi hika, mapan putus[s]an pun dugi, hing karsan[n]ira, kadrél hing jero buwi.
  14. Hingkang han[n]a hing kapal kon ngirimna, han[n]ang Betawi mangkin, hingkang han[n]ang buwinya, sampun hing ngedél[l]as sadaya, berandal kon dén ilar[r]i, sampe pinang[g]ya, sedaya kén maténi,
  15. Hageng halit bocah cilik héstri lan[n]ang, nulya pangkat hangilar[r]i, saradadu Dén Wel[l]ang, miwah Dén Kartawijayanya, 46a (96, 930) //pan bubar sedaya mangkin, hing lampahira, sareng wonten wartos malih.
  16. Mapan sampun baris tugur para brandal, han[n]ang Kedongdong kang baris, hantawis sanambang tyang, Rangin Kandar kepalanya, hingkang nagel hing ngajurit, sarta bakta bal[l]a, brandal Luwi Séhéng mangkin.”
  17. Bagus Kandar sarta Radén Warin nama, Bagus Hawisem prajurit, hingkang nanggung hayuda, pajun[n]é hing hadilaga, Rangin sanget bungah néki, pan hitu diyah, holih prajurit mami,
  18. Hangandika Rangin han[n]ang para putra, Gan[n]a Jarih miwah Sel[l]ing, jaga[n]nen kang waspada, paju[n]né hing ngadilaga, prajurit paman[n]iréki, kang nanggung yuda, Hawisem lan Radén Wari.
  19. Henggon nadah[h]ing paju[n]né Kartawijaya, sarta Radén Welang mangkin, guyu[n]né suka-suka , “Haduh hadi datan nyan[n]a, kakang pinanggih lan rayi, kelangkung bingah, pésta pan siyang weng[ng]i.”
  20. Pan hantara mariyem pan kapiyarsa, panyata yén husul mangkin, berandal sampun siyaga, mapan gelar[r]ing baris[s]an, pinayung[ng]an Bagus Rangin, prajurit ngarsa, hapandang Hawisem Wari.
  21. Pan kapethuk kalih Kartawijaya, sapa hiki ngarsa mami, katambuh[w]an pan hingwang, prajurit[t]é Rangin hingwang, kang nanggung mapag saréki, Dén Wari hingwang, raméh hanggén[n]é jurit.
  22. Kadya brondong bedil mariyem punika, 47 (97, 931) campuh[h]é hing ngajurit , kendel manengan hing prang, pajun[n]é Radén Wel[l]ang, lan Dén Kertawijayéki, pethuk hing yuda, kecandak Radén Wari.
  23. Pan prajurit Luwi Sé[ng]héng turun[n]ira, Tumenggung Nitinegari, Rangin Kandar turun[n]ya, sing dépok sambeng punika, pan kathah hingkang kajodhi, dén[n]ing dén Wel[l]ang, pan kendel hing ngajurit.
  24. Dadya raméh siyang dalu hing payudan, datan menda hanggén[n]é jurit, hanadah[h]i hing ngalaga, rebut mapan tan kating[ng]al, héng[g]al pan binujung wan[n]i, baris berandal, raméh hanggén[n]é jurit,
  25. Kathah hingkang pejah binedil[l]an brandal, dateng saradadu mangkin, Dén Wel[l]ang hawecan[n]a, “Héh hanjing berandal sari, Surapersanda pan kénging, rinanté hénggal, miwah Sén[n]a dén tal[l]éni,
  26. Rangin Kandar Handa Hawisem miruda, Léja sakancan[n]éki, ming[ng]ilén pan lampahnya, Ki Séna Surapersanda, rinanté kinirim mangkin, hing kanca sultan, han[n]ang Gragé nagari,
  27. Bala hambral miwah Dén Kartawijaya, Radén Wel[l]ang datan kari, samya bujeng berandal, mangilén wahu lampahnya, hanjog mara Bantarjati, datan pinanggya, suwung pan wismanéki,
  28. Hing ngobar[r]an wisman[n]é para berandal, sadaya tan[n]ana kari, dén rakrak saban dés[s]a, perawan hayu binekta, hanang Darmayu negari, susah tiyang dés[s]a, kasmaran kaningal[l]i. 47a (932) //

PUPUH XII
K A S M A R A N

  1. Mangkana hingkang lumaris, Ki Rangin Serit lan Léja, miwah Kandar handa mangké, hambakta han[n]ak bojonya, rempag hing wana-wana, sanget kasangsarah hipun, hanak rabi samya krun[n]a.
  2. Samargi-margi hanangis, Benggala hing luwung dinang, kantos wan[n]a hing Cikol[l]é, jamban dalem mingilénya, hing Purasu Radén Srang, Pegambir[r]an Legok Siyu, hanjog han[n]ang Dulang Sontak,
  3. Mengilén hanye(b)rang kali, Cilalanang Cibenuwang, Cipedang miwah Cilégé, Cipanculan Ciwidara, kantos nye(b)rang Kucéyak, dumugi hing Hung[g]ulung, hanyabrang Cipunegara.
  4. Men[n]awi dén bujeng mangkin, pan sinelek hing lampahnya, tigang sasih hing lampahné, kalintang hanggén sengsara, ningal[l]i bojo hanak, hanjog han[n]ang hing Cigadung, tengah wan[n]a langkung jembar.
  5. Nulya hawecan[n]a haris, hing para putra sadaya, “Duh putra kula samangké, langkung senang petanah[h]an, rawa hageng kathah hulam, kali deres kang toya, rama badé damel talun, supaya pada hasowan,
  6. Kerana para pawéstri, sun tingal[l]i sanget sa(ngsara), telung sasih lampah mangké, hanerus hing wana-wana, jurang péréng lumampah, nulya sami damel tarub, jembar pelataran[n]ira, 48 (99, 933)
  7. //Hananem mangkin, sarta damel sawah hamba, sampun tiyar kebon[n]an[n]é, kang Rangin pan saban din[n]a, malebet han[n]ang wan[n]a, hantuk kidang lamun wangsul, miwah kaliyan menjangan.
  8. Raméh-raméh gé nya bukti, hanang satengah hing wan[n]a, kalangkung tebih pernah[h]é, Ki Léja pan saban din[n]a, tawu ngilar[r]i hulam, haseneng[ng]an[n]ipun wahu, han[n]ang rawa nami Citra.
  9. Kantos damel dukuhnéki, winastanan dukuh Citra, kantos samikén namin[n]é, Ki Rangin hadamel, pernah mang[g]ih telatah jembar, sakilén kali Cigadung, Jatigémbol kang satunggal.
  10. Winastanan sapuniki, Jatilima kang nama, tilas[s]é Ki Rangin mangké, lamun kempel[l]an punika, hanang Cigadung pernah, pan dén wastan[n]é Cihakur, katela sampé punika,
  11. Hing wates Pegadén distrik, kalih distrik Pamanuk[k]an, kalih nahun hing lamin[n]é, nulya sami rempag[g]an, bade damel taluk[k]an, Ki Gedé han[n]a hing Pecung, Kyahi Wangsakerti nama.
  12. Nulya sampun rempag mangkin, kalih kadang miwah rama, seja ngilar[r]i papan[n]é, hingkang haprayogi hajembar, pan mingidul paranya, bakta kanca telung puluh, mapan manggih papan jembar,
  13. Tur rata tanah hiréki, hing bang lér kulon ing Suba(ng), Tegal Selawi naman[n]é, halang hujur[r]ipun jembar, 48a (100, 934) pan damel…. gratan sampun datos Citarum hagung, tempat tiyang ngeraman.
  14. Nulya Ki Rangin hamatek mangkin, hingkang haji pengabar[r]an, pikir[r]é pan sampun dados, saban dinten tiyang prapta, ningal[l]i pesang[g]rahan, nulya tiyang panghatumut, badé ngaben kadigjayan.
  15. Dalah sampun kathah jalmi, hingkang bade tumut perang, hantawis tiyang kathahhé, langkung sangking sanambang, pésta hadedaharan, raméh-raméh siyang dalu, kelangkung mandi sikirnya.
  16. Nulya Rangin ngandika haris, hing kanca miwah hing kadang, “lh kados pundi karsan[n]é, kadang miwah kanca-kanca, hingkang dadi sinedya, napa pun ngungkul[l]i wahu, hanggempur hing Pecung Wangsa.”
  17. Sedaya pan matur mangkin, “Punapa karsa sampéyan, mapan handérék karsan[n]é, dinten pundi majeng yuda, sedaya pun siyaga, mapan kantun tunggu dawuh, becik gawé surat hingwang,
  18. Panangtang mangun hing jurit, 148 tanda hingsun wicaksan[n]a, supaya siyagi mangké, kang[g]é mapag hing ngayuda, sampun damel sengsara.” Nulya damel surat sampun, kang kirim hing Pecung dés[s]a.
  19. Mangkan[n]a ki Wangsa kerti, mapan sampun hamiyarsa, wonten tiyang ngraman mangké, hing tegal selat(an) Subang, harep ngayon[n]i hingwang, brandal wétan hasal[l]ipun, pelariyan wong nagara. 49 (101, 935)
  20. Nulya hangumpulna mangkin, hing kadang miwah hing putra, para sén[n]apati mangké, Ki Wangsakerti ngandika, héh ya Krudug sira, sarta putra Sindanglaya.
  21. Hutawi nak putra mami, sira Jaka Patuwak[k]an, hapa sanggup yuda mangké, kambi berandal sing wétan, sedaya matur sumanggah, sanggup hing ngaben pukulun, kaliyan berandal wétan.
  22. Héca hanggén gunem cangkin, sraptan[n]é hingkang hutus[s]an, Dulang Saréh hing wastan[n]é, pandakawan wicaksan[n]a, jumerogjog hing ngarsanya, ngaturaken serat sampun, serat nulya tinampanan.
  23. Winahos serat tumuli, kasukmésa jroning driya, Jajabang Grudug tingal[l]é, sarwi hawecan[n]a sugal, breh hanjing siya wétan, Jawa Wétan te puguh, dék ngayon[n]én hurang Sunda.
  24. Jawa Wétan ngasahan kami, kandel hipis hurat tulang, kana jampé sikir manéh, kula hanjing siya mérad, haturken juragan siya, powé mana hanu puguh, hurang mapag[g]en siyaga.
  25. Nulya Dulang Saréh hamit, sarwi mésem hawecan[n]a, hanjing Sunda malotot[t]é, panon pan pucicilan, Grudug ngadéngé glendengan, hanjing gelis siya mampus, hulah réya homong siya.
  26. Dulang Saréh wangsul nuli, gegancang[ng]an lampah[h]ira, sampun dugi hing ngarsan[n]é, han[n]ang tempat pesanggrahan, nulya pangandikanya, 49a (102, 936) hapa (Dulang) Saréh wahu, kaya[ng] ngap[p]a surat hingwang.,
  27. Dulang Saréh matur haris, Ki Gedéng Pecung punika, sampun siyagi balan[n]é, malah kathah prajuritnya, tur gagah hasentos[s]a, ngajeng-ngajeng rawuh hipun, dateng paduka sampéyan.
  28. Nulya humatur Ki Rang[ng]in, dateng Kyahi Serit nama, miwah kadang-kadang kabéh, sadaya sang[g]em hing yuda, dados pamucuk[k]ing haprang, hananding Ki Gedéng Pecung, nulya siyagi sedaya.
  29. Gumuruh kang bala Rang[ng]in, siyagi hing yudabrata, bendéra tinarik hagé, suraknya mangambal lambal, prawantu perang berandal, bendé tinitir pinukul, bala Rangin pun siyaga.
  30. Mangka sampun kapiyarsi, baris[s]é berandal wétan, hing bala Pecung baris[s]é, nulya majeng prajuritnya, Patuwakan Majanglaya, miwah Kyahi Gedéng Grudug, hambeknya lir Singalodra,
  31. Hing papan tegal Selawi, kawengku hing distrik Subang, campuh prang berandal mangké, bala Rangin kathah pejah, Léja maju hing haprang, 151 pinethuk Ki Gedéng Grudug, Ki[ng] Léja nulya hatan[n]ya.
  32. “Héh sapa Sunda siréki, wani mapag yuda ningwang, hapa Wangsakerti kowé, ketambuwan Jawa Wétan, hurang sén[n]apatin[n]a, nama hurang Gedéng Grudug, nu baris naliyan siya.
  33. Palariyan jelma negri, di wétan heker ditéyang, Ki Léja hanrajang mangké, samya surung sinurung[ng]an, 50 (103, 937) raméh surak[k]ing bala, bala Rangin mawih Pecung, nemu tanding hing ngayuda.
  34. Jaka Patuwakan mangkin, ningali kang raka perang, tan wonten hasor hunggul[l]é, nulya pin[n]aran hénggal, ginanti hanggén yuda, Léja hatetanya wahu, “Héh sapa kang ganti yuda.
  35. Paksa wan[n]i sira babi, Jaka Patuwakan hingwang, hora tlatén handulun[n]é, wong yuda hudag-hudag[g]an, payoh gentén lawan hingwang, péngén hangrasan[n]i hingsun, gitik[k]i sira wong wétan.”
  36. Hanulya nerajang wani, Ki Léja hamedang sigra, datan pasrah pan medang[ng]é, tinitir hanggén[n]ya medang, “Héh Patuwakan sira, nyata prajurit pinunjul, tur sira maksih tarun[n]a.”
  37. Patuwakan sabda lirih, “Duh paman Léja (ja)ndika, kaya wong kemaruk mangké, hanggén medang hora tata, sor duwur pandén pedang, dudu prajurit siréku, nyata hurak[k]an berandal.”
  38. Jaka Patuwakan mangkin, sayang hanggreget tingalnya, Léja dinesek perang[ng]é, kasilib hing pan[n]ingal, hénggal cinandak nulya, dén hikal pinuluh bayu, Léja tan bis[s]a hobah,
  39. Sarwi hasesambat nangis, “Hampun Patuwak[k]an paman, hora wan[n]i paman mangké, hénggal cinanda(k) hing bala, Kandar mapag hing yuda, wong tarun[n]a sakti punjul, hiki Kandar sadulurnya.
  40. Coba sun tanding lan mami, pan sampun hayun hayun[n]an, 50a (104, 938) kalih Patuwakan //mangké hang ngasta bendhak bedama.” Tan kiyat Bagus Kandar, sinabet penjalin wulung, gumuling han[n]a hing kisma.
  41. Sarwi krun[n]a sambat néki, “Haduh Bagus hampun paman, hora wan[n]i paman mangké, héng[g]al tinalanén Kandar, nulya surup baskara, hakondur bala hing Pecung, sarwi hambakta bebandan.
  42. Ngandika Ki Wangsakerti, “Héh hanak kul[l]a sedaya, bésuk niki sun pajun[n]é, Jigjakerti Majalaya, supaya mapag yuda, hananding Rangin siréku.” Jigjakerti matur manggah.
  43. Jam nenem béndé tinitir, bala Pecung saya kathah, pun sirang baris Rangin[n]é, Kyahi Serit hangandika, kaya hapa tingkah hingwang, Ki Rangin nulya humatur, “Rama sampun cilik manah.
  44. Siniking putra nun pamit, bade majeng hing payudan.” Ki Serit ngrangkul putran[n]é, karun[n]a sesambat[t]ira, “Duh putra welas hing wang, sun pasrah[h]aken yang hagung, muga mental[l]a hing yuda.
  45. Nulya majeng Bagus Rangin, hasesumbar hing payudan, “Héh hiki Rangin haran[n]é, papag[g]en han[n]ang payudan, pada rebut[t]en hing yuda, wis jamak[k]é hingsun lampus, saba paran handon lan[n]ang.”
  46. Nulya majeng Jigjakerti, Ki Gedé hing Majalaya, pan sami sampun pethuk[k]é, nulya Rangin hatetanya, “Héh sapamapag yuda, sumbada gedé tur duwur, kami Jigjakerti ngaran. 51 (105, 939)
  47. //Majalaya pernah kami, Pan nu baris nanding siya, kasaktén nanding paguh man[n]éh, tin[n]a kulit huras tulang.” Nulya campuh hing ngayuda, Ki Rangin hanyandak sampun, binanting nulya kantaka.
  48. Majalaya dén talén[n]i, hing bala Rangin hika, ki Grudug mapag yudan[n]é, surung sinurung hing yuda, Grudug nulya dén candak, binanti(ng) kantaka wahu, nulya tinalén[n]a héng[g]al,
  49. Bala Pecung miwah Rangin, surak lir rengat[t]ing wiyat, kasaput kabujeng sore, budal baris sedaya, hanulya mesanggrahan, ki Serit nulya hamethuk, sapratapané hingkang putra.
  50. Mangkan[n]é ki Wangsakerti, kelangkung susah [h]ing man[n]ah, kajodi putra kalih yé, kantun satunggal putran[n]ya, kang putra Patuwak[k]an, “Duh mas putra ningsun kulup, kaya priyén polah ningwang.
  51. Hapes tan mental [l]ing jurit, Rangin sakti mandragun[n]a, langkung melang hawak[k]é, karan[n]a masih tarun[n]a, musuh Rangin digdaya, hécagén[n]é cinatur, gégér[r]é tiyang hing jaba.
  52. Wunten baris[s]an kang pra(p)t[t]i, sangking lér kelangkung kathah, ki Wangsakerti hakagét, dipun kinten musuh teka, “Duh putra ningsun nyawa, bakal priyén tingkah hingsun, nulya wonten mantri prapta.
  53. Ngaturken srat tinampi, dumarogdog tampi serat, 51a (106, 940) dikinten //musuh praptan[n]é, nawal winahos sigra, hungel[l]é wahu kang surat, binuka nulya dén dulu, semu bing[ng]ah hingkang man[n]ah.
  54. “Katur layang pun rayi, hingkang saweg mangun yuda, raka Wangsakerti mangké, sampun hangdadosken manah, rayi dugi gegancang[ng]an, boten mawi kabar wahu, kabujeng hamireng warta.
  55. Yén Kang Raka mangun jurit, kalih pelariyan wétan, hingkang rayi jagi mangké, serat[t]é kadang kahul[l]a, sing Darmayu pun[n]ika, mila sanget rayi nuwun, tumut nyambung hing ngayuda.
  56. Nuwun kabar surat rayi, hateng[g]ah hidin[n]é kakang, bekti rayi hingkang ngantos, Setrokusuma harinta.” Dalem Pegadén harinta, Ki Wangsakerti gumuyu, “Haduh bagja putran [n]ingwang.
  57. Sira Patuwakan mangkin, marah hénggal hingsun mapag, rayi Dalem sing Pegadén.” Lajeng budal sakancanya, methuk wahu hingkang sém[m]ah, pinanggya suka kelangkung, sasalam[m]an ngatur[r]i lenggah.
  58. Nulya matur Wangsakerti, “Duh bagéya sarawuhnya, rayi Dalem sing Pegadén, kasuwun kakang pinanggya, katrima nuwun rinta, kados pundi yuda[n]nipun, pelariyan sangking wétan?”
  59. Wangsakerti matur haris, langkung bing[ng]ah man[n]ah kakang, sarawuh[w]é rayi mangké, kranten kang maju yuda, kepalan[n]é hingkang medal, 52 (107,941) dalah putra kalih hulun, sami kénging tinalén[n]an.
  60. Sumanggah rayi hatur[r]i, hénggal tinangkep berandal, nulya dangdos dalem mangké, hanganggé raja busan[n]a, cakep gagah pideksa, nganggé kuluk sutra wungu, tinarétés hinten mirah.
  61. Dén hampléh duhung ngiréki, sinonjé kang hanang kanan. angandika hing mantrin[n]é, “Héh mantri ningsun sadaya, hénggal matur[r]a baris[s]an, kang pengkuh gegaman[n]ipun, hingsun hameton[n]i yuda.
  62. Karo pelariyan Rangin, kaya hapa hing rupanya, gawé rusak hing wong hakéh, hingkang sugih dipun rayah, mapan Jaka Patuwakan, hamajeng hing ngarsa wahu.” Manembah hana hing ngarsa.
  63. Nulya humatur haris, “Hanuwun matur deduka, rama sampun medal mangké, hawit putra déréng medal, hananding Rangin yudanya, gampil lamun putra sampun, kasoran hing yudabrata.”
  64. Wangsakerti hanyambung[ng]i, “Duh rayi leres putranta, hawit déréng majeng mangké, kedah dén turut[t]i rinta, sangking panuwun putranta, dalem hangandika harum, héh kulup sakarsan[n]ira,
  65. Pan [n]ingsun hidin[n]i kaki, tak pasrah[h]aken yang sukma, jaya haputra yudan[n]é.” Nulya Patuwakan nembah, sangking harsan[n]ipun rama, badé majeng hing prang pupuh, kang putra mundur sing ngarsa.”

PUPUH XIII
D U R M A

  1. Nulya medal hing Jawi hamapag yuda, bendé tinabuh nitir, 52 (108, 942) balasan siyaga surak kadya hampuwan, Jaka Patuwak[k]an mangkin, hapan sesumbar, “Rebut[t]en bala Rangin,
  2. hiki haran Jaka Patuwakan hingwang, Wangsakerti putranéki, mangka sampun kapiharsa, hanang Rangin prawira, hanulya mapag Ki Rangin. hayun[n]ayun[n]an, nulya tanya Ki Rang[ng]in.
  3. Sira sapa wong hanom mapag hing yuda, héman maksi(h) tarun[n]i, Wangsakerti nama, kon mapag yuda[n]ningwang, haja sira mapag jurit, musuh lan hingwang.” Patuwakan hamangsul[l]i.
  4. Mengko dingin tanding[ng]en bahé lan hingwang, sapira saktin[n]iréki, nulya Rangin nyandak, hing Jaka Patuwakan, Rangin sinépak nuli, tiba kasingsal, raméh surak[k]ing baris.
  5. Mapan raméh surung-sinurung kang yuda, manggih tanding hing jurit, Rangin Patuwak[k]an, mapan sami saktin[n]ya, tyang kalih hangagem keris, hujung bedama, Patuwak[k]an nadahi.
  6. Patuwak[k]an radi sayah [h]ing ngayuda, dalem hangganti mangkin, sarwi pangandikan[n]ya, hing putra Patuwakan, “Héh putra lirén[n]a dingin, rama kang mapag, yudan[n]é musuh Rangin.”
  7. sareng miyarsa hamiréh medaling wuntat, dalem majung jurit. Rangin hatetan[n]ya, “Sapa hanggenten[n]an[n]a, wong gagah sira prajurit, kaya bé…patya?” Dalem nulya mangsul[l]i.
  8. “Ketambah[w]an Pegadén Dalem wak ingwang, harep nangkep hing siréki, kang dadi berandal, 52a (109, 943) Setrokusuma hingwang kang ngolét[t]i buron Rang[ng]in, buron nagara, sangking Darmayu dingin.
  9. Mapan hingsun masih pernah nak sanak, Dalem Darmayu mami, jeneng Wiralodra, haku kang jaga sira, hing tembé katemu hiki, sukur subagja, mungkur[r]a sun talén[n]i,
  10. Hora wirang kaya rupa mukan[n]ira, sahumur hangrusuh[h]i, gawé lan[n]a ting tiyang, saban des[s]a rinayah, kanggo mangan hanak rabi, ngaku bagus[s]an, hanjing berandal babi.”
  11. Nulya bentak Rangin hawecan[n]a sugal, “Dalem Sunda siréki, harep nalén[n]i hingwang, Rangin pan hora gil[l]a, haningal[l]i hing siréki, coba majuwa, hingsun pan hora wedi.”
  12. Haningal[l]i Dalem Pegadén pan sira, nulya nerajang wan[n]i, surung-sinurung sira, mapan pada saktin[n]ya, bala Pecung kalih Rang[ng]in, raméh tiyang surak, ningal[l]i hingkang Gusti.
  13. Datan wonten hingkang kasor[r]an ning yuda, nulya watek kang haji, pan Setrokusuma, kang wasta tiwik[k]rama, hantara hatmaja redi, hénggal hangnyandak, binanting hical Rang[ng]in,
  14. Nulya majeng Ki Serit hing rananggan[n]a, Wangsakerti ngedal[l]i, “Sapa mapag yuda, Wangsakerti pan hingwang, mapag jurit hing siréki, lan sira sapa, hingsun haran ki Serit.
  15. Kabener[r]an Serit yuda kambi hingwang, Wangsakerti siréki, bener mapan sira, hanggon[n]é mapag yuda, tuwa karo kaki-kaki, hayuh majuwa, 53 (110, 944) //pan kaki sami kaki.”
  16. Nulya majeng candak-cinandak kang yuda, Wangsakerti lan ki Serit, “Héh Serit pan sira, ngadu pucuk[k]ing bedama, yén héstu sira prajurit, hénggal mangjuwa, ruket pucuk[k]ing keris.”
  17. Nulya campuh perang ngadu bedama, runcing-rinuncing mangkin, Serit pan sring tiba, gumuling han[n]ang hing kisma, nulya malajeng ngoncat[t]i, Ki Serit musna. “Héh Serit wedi mati,
  18. Bagus Rangin lan Dalem Setrokusuma, sami kuwel[l]ing jurit, hang[ng]adu bedama, Ki Rang[ng]in hasring niba, perang pan mébéding baris, semu sesambat, bala Rangin hangebyaki.
  19. Samya campuh tyang yuda dadi satunggal, hibur kathah hing jalmi, Rangin ngoncat[t]an[n]a, musna datan karuwan, Bagus Rangin ninggal baris, ngungsi hing Krawang, balan[n]é hakéh mati,
  20. Dalem Setrokusum[m]a pang[ng]amuk[k]ira, kalih Patuwak[k]an mangkin, samya numpes bal[l]a, Rangin bala berandal, Ki Gedéng Gintung nyandak[k]i, dén talén[n]ana, balan[n]é tiyang Rang[ng]in,
  21. Sareng telas sami pethuk pinehtuk[k]an, kempel dados sawiji, Gintung Patuwak[k]an, Wangsakerti lan dalemnya, Grudug Majalaya mangkin, dados satunggal, suka bungah kang [ng]ati.
  22. Nulya Wangsakerti ngandika teng kang putra, “Putra kaliyan kang rayi, perkara berandal, Ki Serit lan Rangin[n]ya, 53a (111, 945) pan datan kacandak mangkin, hilang tan kruwan, hing ngendi paran[n]éki?”
  23. Putra matur duka rama hing purugnya, hi[ng]cal Serit lan Rangin, kados campur sétan, habdi gong saktén[n]ira, Kyahi Dalem ngandika haris, héh kakang Wangsa, Léja sun kirim mangkin.
  24. Hingsun kirim hing Betawi loro brandal, gup[p]enur jéndral mangkin, menurut hing préntah, kran[n]a buron nagara, rinanté hingkang sekalih, Léja lan Kandar, kinirim hing Batawi.
  25. Sampun pangkat lampah[h]é buron nagara, hing[ng]iring[ng]aken mantri, Bagus Léja [nn] ika, nyabrang hing Citarumnya, sinebrak rantén[n]iréki, nulya malempat, silem han[n]ang jaladri,
  26. Kacarita hilang sajron[n]ing samudra, Bagus Kandar larih[h]i, hical jero wana, kang bakta langkung susah, badé wangsul langkung hajrih, han[n]ang Gustinya, bebandan mlajeng wanadri,
  27. Langkung susah bebandan hical sadaya, saparan-paran mantri, mantri kang sekawan, sang Pegadén nagara, Jigjakarya, Surakerti Jayamanggala, miwah Jayakareti,
  28. Mila bénjang turun[n]é para bagus[s]an, kathah hingkang lén mangkin, pan sarta hing wétan, sangking turun bagus[s]an, Rangin Kandar Léja Serit, turun[n]an[n]ira, pelariyan duk dingin.

PUPUH XIV
S I N O M

  1. Mangka lampahnya Dén Karta, kaliyan Dén Ngelan mangkin, duginya hanang nagara, 54 (112, 946) //hing Darmayu kumpulnéki, berandal halarih[h]i, miruda sadayan[n]ipun, Dén Karta hangandika, “Hing kadang-kadang[ng]iréki, muga rayi kahidin kondur kakang,
  2. Kaliyan Rayi Dén Wel[l]ang, miwah sadaya prajurit, pan kakang bakta sadaya, hatiyati yayi kari.” Ngrangkul wahu kang rayi, karun[n]ang sesambat[t]ipun, “Kakang wangsul léntas[s]a, sareng rayi mukting riki, hawit rayi tan[n]ana hingkang katingal.
  3. Kakang patih mapan séda, sinten raka kang ngemban[n]i, nagari Darmayu raka.” Hangrangkul karun[n]an[n]éki, putra pan garwa rayi, sadaya karun[n]a wahu, Dén Karta lan Dén Wel[l]ang, toya waspahan dres mijil, lir sinebrak linolos pulung[ng]ing
  4. “Duh rayi Dalem hangrinta, haja nangis hari mami, papali dadi bopatya, mengko kakang jaluk hidin, hanang sinuhun Gusti, hing Gragé kanjeng sinuhun, duh yayi dén lilan[n]ana, bade kondur sapuniki, samya ngiring putra garwa miwah kadang.”
  5. Dumugi hing pintu jaba, nulya lajeng lampah néki, mengidul margi lampahnya, duging Palimanan mangkin, Kartawijaya hakampir, miwah Radén Welang wahu, hanang soldat kang hajaga, nulya hatetan[n]ya haris, tabé sobat kang jaga hing Palim[m]anan.
  6. Membales kumendan pes[s]an, 54 (113, 947) Radén //hingkang dugi, “Pan bade karsa punapa, Radén samya hangrawuh[h]i?” “Kula bade ningal[l]i, hingkang dipun jagi wahu, dateng kumpen[n]i pun[n]ika, kados pun[n]apa kang werni.” Nulya manjing Dén Karta miwah Dén Wel[l]ang.
  7. “Radén niki kang dijaga, sumur tinutup pantes[s]i, duka his[s]in[n]é punapa, tan hun[n]ing hisin[n]é niki.” Radén wecan[n]a haris, “Sobat permisi puniku, pan bade kahul[l]a buka, pun[n]apa hisi niréki, haduh Radén nuwun tan hidin kahul[l]a.
  8. Karana lar[n]ang[ng]an hika, timbalan gupenur mangkin, pan datan wanton hambeka, yén tan wonten hidin Gusti, Dén Welang sabdanéki, héh sobat pan maksa hingsun.” Sersan mangsul[l]i sabda, kula tahan sobat mangkin, yén mengkon[n]o percumah sun jaga hingwang.
  9. Radén Welang badé maksa, hambuka tutumping wes[s]i, pan soldat hanahan sigra, hanyandak Dén Welang mangkin, sinurung medaling jawi, Radén Karta nyandak sampun, hing soldat dén balangna, hibur gégér hing prajurit, héng[g]al pas[s]ang mariyem soldat sadaya.
  10. Sadinten gén yudabrata, kathah soldat hingkang mati, nulya tinutup bénténgnya, bala Radén Karta mangkin, ngangseg hing kuthan[n]éki, ngandika Radén Welang wahu, “Héh sanak prajurit hingwang, 54a (114, 948) wis haja sira //temen[n]i, becik hingsun pada pangkat hénggal hénggal.
  11. Pan lajeng hing lampah[h]ira, dugi hing Gragé nagari, lajeng cahos Gusti Sultan, Jeng Gusti ngandika haris, “Sedaya hatur mangkin, lampah[h]é berandal wahu, Sén[n]a Surapersanda, hical sangking jero buwi, Radén sang kakang bujeng wahu sakitan.”
  12. Mangkana sersan kumendan, han[n]ang Palimanan loji, sanget getun[n]é hing manah, nulya wangun serat mangkin, repot han[n]ang Betawi, mapan srat binakta sampun, soldat hingkang bakta, gegancang[ng]an lampah néki, kanggé kondur kyahi Gusti Gupernur Jéndral.
  13. Mangka sampun cahos ngarsa, srat sampun katur[r]ing Gusti, hanulya hénggal binuka, serat binanting tumuli, “Loh babi Cirebon hanjing, mahén kurang ngajar hiku, nulya damel srat hénggal, kang[g]é Sultan Cirebon mangkin, mapan jaluk katangkep[p]é parusuh[w]an.”
  14. Radén Karta lan Dén Wel[l]ang, kang wisma nihaya mangkin, hanang loji Palimanan, hakéh soldat pada mati, tiningkem sratiréki, sarta hangandika wahu, hing hajid[d]an lan létnan, héh hajid[d]an litnan mangkin, hapan hiki gawanen pan surat hingwang. 55 (115, 949)
  15. Kanggo hing Cirebon Sultan, lan gawa malitér mangkin, patang puluh kang pipilih[y]an, samakta kaprabot jurit, nangkep ponggawan[n]éki, hing Cirebon Sultan wahu, hingkang ngrasak Palimanan, srat mapan sampun tinampi, “Hamit Gusti kahul[l]a bade hapangkat.”
  16. Sampun medal han[n]ang jaba, ngempel[l]aken kang prajurit, samakta kaprabon yuda, hénggal[l]é pan sampun prapti, serat tinampakna haglis, dateng Gusti sultan wahu, serat[t]é sampun winaca, ngandika jeng sultan mangkin, lah Dén Wel[l]ang miwah Kartawijayanya.
  17. “Hingsun hora wan[n]ing jéndral, hanang nagara Betawi, karana dadi san[n]unggal, pan karo sinuhun Gusti, hing Metaram nagari, ngukuh[h]i tan jisa hingsun, malah nagara hingwang, hing Carebon mapan hiki, pan dén paksa seja dén jaluk Metaram.
  18. Hananging yén sultanan[n]a, hora kuwat nagri mami, nadah[h]i hing yudabrata, malah srat sampé sahiki, pan durung tak bales[s]i, wis pinasti hing yang hagung, Karta miwah sira Wel[l]ang, nurut[t]a pasti yang widi, sun[n]idin[n]i hapa hingkang dadi karsa.
  19. Bésuk tekang Batawiya, pin[n]ariksa ngarsan[n]éki, Gupenur Jéndral kang neda, lan hiki kasung paring[ng]i, karo wasiyat mami, Si Kléwang karo Si Dumung, 55a (116, 950) //Nulya tinampan[n]é hénggal, pun kadada sajron[n]ing galih, pan ti hingsun hangamuk hambral nagara.”
  20. Tumurun sing palinggih[y]an, hangrangkul ponggawa kalih, handres mijil toya waspa, hametik taling[ng]an[n]éki, ngamuk[k]a hanang Batawi, holiya béla siréku, Dén Wel[l]ang miwah Dén Karta, “Sumanggah nuwun hidin Gusti.” Nulya sultan ngandika hanang sares[s]an.
  21. “Héh ponggawa Batawiya, gupenur pamundut néki, mapan ningsun durungna, ponggawan[n]ipun sekalih, kang dén dakwah saréki, nulya matur sersan wahu, dén sampun tutas timbal[l]an, Gusti nuwun dén hidin[n]i, nulya kondur ponggawa binekta hénggal.
  22. Gagancang[ng]an lampahnira, tan kawuwus sahaning margi, lampah[h]é kang bala hambral, sampun dugi hing Betawi, sinelek lampahnéki, manjing han[n]ang dalem hagung, hanulya cahos hing ngarsa, hing Jéndral Gupenur mangkin, sampun katur kapongkur wonten hing ngarsa.

PUPUH XV
P A N G K U R

  1. Sampun cahos han[n]ang ngarsa, datang Tuwan Gupenur Jéndral Batawi, hanulya hénggal ngandika hasru, “Litnan miwah sares[s]an, kaya hapa hanggon ningsun sira hutus, pan berkah Gusti paduka, puniki ponggawin[n]éki.
  2. Loh hanjing binatang gil[l]a, hapa kowe bran[n]i marang jeneng mami, Gupenur Jéndral pan haku, kuwas[s]a Pulo Jawa, 56 (117, 951) hapa kowé hora miring hing pangrungu.” Karta miwah Radén Welang, gumujeng humatur néki.
  3. “Héh Tuwan Gupenur Jéndral, hamit bade hamangsul[l]i sabda habdi, Paduka kuwas[s]a hagung, hamengku tanah Jawa, pan lin[n]adang hing Gusti hagung sinuhun, murbéng rat han[n]ang Metaram, kalipatul[l]ah pan hadil,
  4. nanging sembran[n]é hing karma, kirang titi pangagung[ng]é bangsa Wlanda, jeneng ponggawa pukulun, lan duging Batawiyah, mapan kul[l]a bade handon lampus hulun, sembran[n]a ratuning hambral, hora nganggo tata titi.
  5. Durung kawula dén priksa, dedukan[n]é lir kadya tiyang baring, dipun suguhi pepisuh, ngisén[n]i ratuning hambral.” Langkung lingsem gupenur jéndral sang[ng]ulun, hanuruti darah panas, hangras[s]a pan kurang titi.
  6. Nulya jéndral hangandika, “Héh ponggawa haku trima salah hiki, tapi tan hadil pan[n]ingsun, krana kowé melang[g]ar, wani ngrus[s]ak sampamati saradadu, han[n]ang bénténg Palimanan, perlu hapa kowé (wa)n[n]i,
  7. Sahiki kowé nrimaha, hukuman[n]é malitér bangsa (wala)ndi, pan ningsun drél sampé lampus. Dén Karta miwah Dén Wel[l]ang, kul[l]a nrima kang dadi kersa sanghulun, sumanggah pun[n]apa karsa (ang)lampah[h]i.
  8. Nulya dipun bakta medal ….(halun-halun) hing Batawi, nulya binaris[s]an hagung, 56a (118, 952) //”Hé bangsa Welanda, pangkat-pangkat hajidan sresan pan hubrus, nulya tyang kalih pinas[s]ang, limang los[s]in mriyem néki.”
  9. Pan peteng kénging sundawa, tan katingal hingkang dipundrél mangkin, Kyahi kuwu welas handulu, nulya ngrasuk manukma, dateng wayah kang sekalih dipun hukum, kran[n]a pasti bakal pejah, sekalih ngamuk Welandi.
  10. Baris malitér sadaya, hapan dipun hamuk kathah kang ngemas[s]i, hing Betawi langkung hibur, héwed pan bala habral, hakéh perang pinerang[ng]an kancanipun, musuh kathah wicaksan[n]a, datan terang haningal[l]i.
  11. Kathah resak para hambral, mapan perang kaliyan kanca pribadi, nulya medal kaki kuwu, sangka panukma nira, “Héh wayah ku sekalih mapan siréku, pan cukup pun bél[l]anana, luwih séwu hingkang mati.
  12. Pinasti hingkang salira, hajalira han[n]a hing Betawi mangkin.” Hanulya Jéndral Gupenur, ningal[l]i rusak[k]ing bala, langkung susah balan[n]ipun kathah lampus, nulya mendhet senapan[n]ya, mimis hinten jimatnéki,
  13. “Loh wong Cirebon hanjing sira, temahan gawé rusak hing nagara, tan nulya pin[n]asang wahu, sing pungkur kang dén harah, Radén Wel[l]ang dedengkotté wahu, katerangan bakar pis[s]an, dumugi pejah[h]ing siti.”
  14. Dén Karta haningal wahu, pejah tiyang Radén Wel[l]ang mangkin, 57 (119, 953) dén candak kuwandanipun, hing para bala hambral, nulya mburu dén[n]ing ..k hambral[l]é wahu, gupenur hamasang sigra, kénging nulya hangemas[s]i.
  15. Wasiyat keris pan musna, Si Keléwang kaliyan si Dumung mangkin, nulya kuwandan[n]é wahu, Kartawijaya hika, nulya hambral hamburu kuwandan[n]ipun, musna hical kuwandan[n]ya, mundur malitér kang baris.
  16. Hanging gupenur Tuwan, sanget sus[s]ah resak[k]é para pong[g]awi, hanulya ngandikan[n]ipun, “Hangajid[d]an sares[s]an, haku hora trim[m]a resak[k]é balaku, sahiki kowé dangdan[n]a, samakta kaprabon jurit.
  17. Hanggawa hatelung kapal, bala soldat malitér hingkang pinilih, nagri Cirebon hingsun jaluk, wewengkon kasultan[n]an, kanggo ganti resak[k]é pan bala haku, péndék haku hora trima, ponggawan[n]é ngresak mami.”
  18. Sares[s]an hajidan medal, litnan kornél seres[s]an nulya baris, hantawis sapitung ngéwu, baris lahut baris darat, mangka babar layar[r]é Cirebon rawuh, sampun mentas hing darat[t]an, wangun pesang[g]rahan mangkin.
  19. Samya gégér tiyang kathah, mapan sultan sampun hamiyarsa warti, hanulya siyagi wahu, kacrebon[n]an siyaga, Mertasinga para pangéran[n]é rawuh, Panjunan cahos hing ngarsa, bala pangéran hambaris.
  20. Sareng hambral ningal[l]an[n]a, lamun bal[l]a pangéran hambaris[s]i, nulya humatur gupenur, wong Cirebon hanglawan, 57a (120, 954) sanget gupenur jéndral handulu, nulya maréntah baris[s]an, nén majeng hanempuh jurit.
  21. Raméh hanggén ning yudabrata, bala hambral kaliyan Cirebon mangkin, pangéran maju hing pupuh, Pangéran Surya Kusuma, Martakusum[m]a, Radén Pekik miwah Dul, sarta Pangéran Logawa, sedaya sabil hing jurit.
  22. Samya burbar bala hambral, numpak kapal babar layar hing jaladri, mapan nengah kapal[l]ipun, sampé silem darat[w]an, samya ngungsi hing Metaram jeng sinuhun, nulya mentas pelabuwan, hang[ng]ungsi sinuhun Gusti.
  23. Sareng pethuk kalih sultan, tawan tangis hing ngarsa sinuhun Gusti, sultan nulya ngandika rum, “Héh kadang kul[l]a jéndral, wonten napa sampéyan karun[n]a wahu, humatur Gupenur Jéndral, hatur pan sedayan[n]éki,
  24. Sanget dukan[n]é jeng sultan, hamiyarsa hatur[r]é gupenur mangkin, nulya mréntah hing tumeng[g]ung, kén ngembel[l]aken bala, sén[n]apati tamtam[m]a pangéran wahu, Natabumi Buminata, Metaram Broboya mangkin.
  25. Sadaya samiya budal, mapan ngulug hing Carbon negari, hing margi sampun kapungkur, sampun dugi negara, hing Cirebon jumarogjog cahos ngayun, pan kagét sultan tumingal, sing Metaram handugén[n]i.
  26. Jeng Pangéran Purobaya, Kanjeng Pangéran Natabumi, lajeng ngandika prabu, “Bagéya kadang kul[l]a, 58 (121, 955) sing Metaram sedaya kang samya//rawuh kados hangemban sukarya.” “Habdi matur kang sayekti.
  27. Gegancang[ng]an cahos ngarsa, hantuk dawuh Gusti sangking Metawis, ngemban timbal[l]an sanghulun, mung[g]uh negri paduka, pan pinundut sedaya dateng sanghulun, nameng Gusti kalanggeng[ng]an, maksih jeneng sultan Gusti.
  28. Sarta pansiyun paduka, tigang nambang kanom[m]an miwah jeng Gusti, tampin[n]ipun saban santun, sarta kaparing[ng]an tanah, mapan sapos wiyar[r]é pesagin[n]é wahu, bulu bektin[n]é punika, kanggé kadang-kadang Gusti.
  29. Men[n]awi Gusti tan trim[m]a, dawuhipun Gusti sinuhun Metawis, habdi hanglados[s]i wahu, sagending bala paduka, mapan habdi siyagi hing perang pupuh, sultan tan bis[s]a ngandika, hantara ngandikan[n]éki,
  30. “Duh kadang-kadang kahul[l]a, sangking dawuh[h]ipun Sultan Metawis, tan hangkat kul[l]a pan katur, kran[n]a negari kul[l]a, mapan halit hing Cirebon wengkon[n]ipun, mugiya dén hatur[r]en[n]a, handérék karsan[n]ing Gusti,
  31. Sareng dawuhipun sultan, hing Cirebon masrah[h]aken negari, Pangéran Probaya matur, “Yén makat[t]en Gusti kul[l]a, nuwun hidin bade kondur Gusti hulun, pan sangking dawuh paduka, badé katur hing Jeng Gusti.”
  32. Lampahnya budal sadaya, kondur han[n]ang Metaram kang negari, sampun katur hing sanghulun, pasrah[h]é hingkang nagara, sanget bingah jeng Tuwan hagung gupenur, nulya sukan nampéken[n]a, hing Gupenur Cirebon nagari. 58a (122, 956) //

PUPUH XVI
K A S M A R A N

  1. Lajeng gupenur hatampi, pasrah[h]é Sinuhun Sultan, perkawis nagri Cirebon, sesampun[n]é sesiniyan, gupenur kalih sultan, nulya sami pamit kondur, wangsul han[n]ang Batapiya.
  2. Sampun rawuh hing Betawi, hanimbal[l]i Wiralodra, 180 hing Darmayu negarin[n]é, sampun rawuh Batawiya, hénggal cahos hing ngarsa, dateng paduka gupenur, nulya hangandika jéndral.
  3. “Slamet dateng Dalem rayi, kabendan hantuk kamulyan, kasuwun sarébu mangké, sangking sih pitulung Tuwan, ngarabbi hing kamulyan, sanget hanuhun Yang Hagung, muga lulus[s]a hamurba.
  4. Hamengku hing Pulo Jawi, dugi hanak putu Tuwan, dipun jagi hing Yang Manon, ya trimakasih harinta, sangking panjunjung rinta, mugi dén jurung Yang Ngagung, hanak putu sareng mulya.
  5. Lan kakang ngatur[r]i huning, mung[g]uh sangking perbantuwan, hanangkep berandal mangké, hing rekoning dedahar[r]an, kanggé hangrangsom soldat, sedayan[n]é kul[l]a hétung, miwah sakéhéng pekakas.
  6. Gunggung sadayaning duwit, sawelas nambang kang harta, tigang das[s]a rupiyah[h]é, kumeduh rayi habayar.” Dalem datan wecan[n]a, hawit datan gadah wahu, 181 harta hingkang nenambang[ng]an.
  7. Hanulya humatur haris, “Duh Paduka jeng[ng] Atuwan, héstu habdi datan duwé, harta hingkang nenambang[ng]an, nameng katur sedaya, tanah habdi hing Darmayu, punapa karsa paduka.” 59 (123, 957)
  8. //Gupenur ngandika haris, “Dén mangkon[n]o sun tarim[m]a, nameng dalem tetep bahé, hanglungguh hing kadalem[m]an, hapa hingkang biyasa, mung dalem nékina hiku, mapan tanah gaduh hingwang.”
  9. Nulya dalem néken mangkin, hanang surat tanda tang[ng]an, salesih tanah tan darbé, hing Darmayu kagungannya, Tuwan Gupenur Jéndral, nulya pamit dalem wahu, hing Tuwan Jéndral punika,
  10. Pan wangsul han[n]ang negari, babar layar hing bahita, nulya dugi negaran[n]é, hing Darmayu pan negara, pinapag hing ponggawa, dugi han[n]ang dalem[m]ipun, kadang putra taken warta.
  11. Nulya Dalem ngandika ris, “Hah kadang pan putra ningwang, wis karsan[n]é hing Yang Manon, pan datan lang[g]eng ring bénjang, hing hanak putu sedaya, lungguh dadi dalem wahu, pan negara dipun rampas.
  12. hing Tuwan Jéndral Betawi, pan kanggé hongkos[s]i perang, nanging dalem pan samangké, maksih kateteppan nya nama, hora robah biyas[s]a, nami[n]nipun dalem wahu, pan kadang putra karun[n]a.
  13. Nulya dalem kénging sakit, dalah dumugi hing ngajal, hingkang gumanti putran[n]é, hingkang kantun Radén Brestal, Wiralodra peparab, hanulya sesunu wahu, pitu tunggal hingkang putra.
  14. Pambajeng Radén Marngali, nulya Nyi Wiradibrata, Nyayu Hempuh katigan[n]é, Nyayu Pungsi sekawan[n]ya, miwah Nyayu Lotam[m]a, Hanjani wuragil[l]ipun, 60 (124, 958) Bagus Kalis Bagus Yogya,
  15. Dalem mapan sampun lami, gadah mertuwa durjan[n]a, hangrerampog panggotan[n]é, langkung susah hing kawul[l]a, hingkang gadah rinampog[g]an, 183 Patih Singtrun[n]a wahu, sanget wel[l]as hing kawul[l]a.
  16. Tan menda saban bengi, pan durjan[n]a hangrerayah, Patih Singtrun[n]a mangké, pan humatur hingkang raka, “Duh kakang Mlayakusum[m]a, kados pundi lampah[h]ipun, tiyang dados dalem nika.
  17. Tan héman kawul[l]anéki, rerampog[g]an perayahan, datan dén pradul[l]i mangké, punapa rempug jeng kakang, rayi bade ngrekos[s]a, hing Tuwan Presidén wahu, hing Cirebon pan negara.
  18. Kang Raka ngrampog[g]i mangkin, bener yén mangkon[n]o rinta, mélu néken kakang mangké, nulya damel serat hénggal, konjuk Presidén Tuwan, pan satingkah polah hipun, dén hunjuk lebet[t]ing surat.”
  19. Nulya kakirimna haglis, hantawis dinten Jeng Tuwan, rawuh hing Darmayu mangké, dipun rakrak sedan[n]am[m]an, tinangkep hingkang barang, dén kumpul[l]aken pan wahu, hingkang dén rampog durjana.
  20. Cécég kathah barangnéki, kang dén haku déning tiyang, cécég salebet dén rekés, nulya dalem kikirimna, hing Cirebon nagara, sanget susah manah hipun, dipuntahan tigang wulan, 60a (125, 959)
  21. Tunggu putus[s]an negari sareng dugi kang putus[s]an, Dalem Disowak namin[n]é, jeneng jaksa hingkang nama, hingkang rayi hirén[n]ya, Wiradibrata pan wahu, dén hangkat dadi ranggah.
  22. Singatrun[n]a Dalem patih, dén hangkat dadi wedan[n]a, Jatibarang hing distrik[k]é, Mas Malaya Kusuma[nnya], hantuk pangkat punika, pan jeneng kalékturipun, gupernemén hang kagung[ng]an.
  23. Wedan[n]a hangrangkep patih, han[n]ang Darmayu nagara, para durjan[n]a sekabéh, samya hajri(h) ningal[l]in[n]a, hing kawicaksan[n]anya, wedan[n]a miwah kaléktur, durjan[n]a kathah kacandak.
  24. Langkung gemah pan negari, tan[n]ana sakéng durjan[n]a, datan[n]an[n]a perkaran[n]é, Darmayu hingkang nagara Patih Singatrun[n]anya, pan kagung[ng]an putra wahu, kathah[h]ipun gangsal nunggal.
  25. Pambajeng Patimah mangkin, hanulya Nyayu Julék[k]a, Brataleksan[n]a kakung[ng]é, Mas Demang Bratasentan[n]a, wuragil Bratasuwita, sedaya pan putranipun, jumeneng pangkat sedaya.
  26. Radén Rang[g]ah putranéki, kawan nunggal hingkang putra, pambajeng jeneng putran[n]é, pan Radén Wiramadengda, Radén Mardu harinta, Nyi Sumbaga putranipun, wuragil Radén Madada.
  27. Kaléktor putraniréki, mapan gangsal hingkang putra, Hardiwijaya hasistén, hingkang héstri Nyahi Muda, miwah Sudirah nama, Nyahi Junéd héstri wahu, wuragil Nyahi Jumin[n]ah,
  28. Radén Kartawijayéki, pan sanunggal hingkang putra, Radén Karta Kusuman[n]é, hiku nipun Ratu Hatma, kagungan putra tiga (?), 61 (126, 960) //pambajeng Biskal puniku, Cirebon Prayawigun[n]a.
  29. Hingkang rayi putra héstri, Kertadipran[n]a hingkang nama, hinggih punika kang tigan[n]é, hulu-hulu hingkang pangkat, hanang Darmayu kota, nurun[n]aken putra wahu, pambajeng Kertahudaka.
  30. Mas Demang Lobener mangkin, Kang Rayi pan mangundriya, Demang Bangaduwa mangké, Muhada pan tukang timbang, Nyayu Jeni kuwu héman, Kertahudara pun[n]iku, hupas bom hingkang pangkat.
  31. Kertahatmaja wuragil, Darmayu pan dipun hérpa, 1813, Tuwan Pri jeneng[ng]é, Kyahi jaksa sampun séda, kang gumanti kang putra, dé Marngali puniku, peparab Wirakusum[m]a.
  32. Dadi demang pangkatnéki, han[n]ang Sindang Kademang[ng]an, distrik Paséban naminé, Balu…Kalid hingkang nama, Wiradaksan[n]a demang, hanglenggah[h]i demang wahu, hing Lobener kademangan.
  33. Nyayu Sungsi lakin[n]éki, mlaya haja dadi demang, hing Palumbon duk dingin[n]é, satunggal[l]é lakinya, Hé…Subrata nama, jumeneng pangkat wahu, dadi demang Luwungmalang,
  34. Nyayu Lot[t]ama l[l]akinéki, hulu-hulu hingkang pangkat, Hanjani lakin[n]é mangké, Wirajatmika nama, dadi mantri pangkatnya, Bagus Yogya jeneng[ng]ipun, peparab Kertawil[l]as[s]a. 61a (128,961)

Hasal-Husul Wiralodra Sangking dalem kang damel nagari, Darmayu sabrang kulon, lara kelar kang duwé tanah hanang Kedu /Bagelén/ halaki putra Pejajaran.

Haran Jaka Kuwat. Trus peputra nami.
Mangkuyuda Tumenggung Metaram.
Mangkuyuda Tumenggung Metaram.
Peputra nami Wiraseca.
Ngabéhi Wiraseca ngabébre peputra nami Kartawangsa Tumenggung Metaram. Sampé hanak putu Kyahi Belara.
Kyahi Belara peputra nami.
Radén Lowan[n]a, Tumenggung Bagelén Radén Lowan[n]a, Tumenggung Bagelén peputra nami  :

  1. Gagak Pernala Tumenggung Bagelén;
  2. Gagak Kumitir hana hi(ng) Bagelén;
  3. Gagak Wirawijaya Tumenggung Tegal;
  4. Gagak Pringgawipura Tumenggung Ngayogya 188;
  5. Gagak Klanaprawira Tumenggung Karangjati

Radén Gagak Pernala Tumenggung Bagelén kagung[ng]an putra :

  1. Radén Wirapati;
  2. Radén Wiraseca;
  3. Radén Wirakusuma;
  4. Radén Singalodraka Radén

Singalodraka peputra :

  1. Radén Jaka Kuwat;
  2. Radén Kumbabocor;
  3. Bayu Mangkuyuda;

Radén Wiraseca peputra :

  1. Héstri Nyayu Wangsanegara;
  2. Héstri Nyayu Wangsayuda;
  3. Kakung Radén Kerstal haliyas Wiralodra no. 1 waktu hiki … Bagelén;
  4. Kakung Radén Tanujaya;
  5. Kakung Radén Tanujiwa.

Sawis[s]é Radén Kerstal haliyas Wiralodra no. 1 ngelandrah ngolé… kali Cimanuk sawis[s]é katemu kali Cimanuk trus bakal hing ngalasan sabrang kulon Kali Cimanuk. Lan katemu klawa Nyi Darma. Trus se… Nyi Darma kalih. Nanging Nyi Darma wong[ng]é hayu. dadi nagara diharan[n]i Darmayu Nyi Darma kalih hilang hing sungapé kali Cimanuk. // sawis[s]é lawas Wiralodra no. 1 kagungan putra 4 nami 62 (128, 962) :

  1. Kakung Radén Sutamerta;
  2. Kakung Radén Wirapati kang ganti dalem raman[n]é;
  3. Héstri Nyayu Hinten kang kagarwa Ratu Pulo Mas nami Perdinata;
  4. Kakung Radén Driyantaka.

Kang ganti dalem putran[n]é Radén Wirapati dijeneng[ng]i Radén Wiralodra pangkat dalem no. 2 2. Wiralodra Dalem Darmayu sabrang kulon kagungan putra :

  1. Kakung Radén Kowi;
  2. Kakung Radén Timur;
  3. Kakung Radén Sumedi kangganti dalem;
  4. Kakung Radén Wirantaka;
  5. Kakung Radén Wiratmaja;
  6. Héstri Hajeng Raksawiwangsa;
  7. Héstri Hajeng Sutamerta;
  8. Héstri Hajeng Nay Wangsa;
  9. Héstri Hajeng Wiralaksan[n]a;
  10. Héstri Hajeng Hadiwangsa;
  11. Héstri Hajeng Wilastro;
  12. Héstri Hajeng Puspatarun[n]a;
  13. Héstri Hajeng Patranaya.

Kang ganti dalem putrané nami Radén Sumerdi dijeneng[ng]i Wiralodra pangkat dalem no. 3 Wiralodra Dalem Darmayu sabrang kulon kagungan putra kembar nami :

  1. Kakung Radén Benggal[l]a;
  2. Kakung Radén Benggal[l]i kang kembar;
  3. Héstri Hajeng Singawijaya;
  4. Héstri Hajeng Raksawinata.

Kangganti dalem putrané nami Radén Benggal[l]a dijeneng[ng]i Wiralodra pangkat dalem no. 4 4. Wiralodra Dalem Darmayu sabrang kulon dapiyu 3 tahun lawassé lan kagung[ng]an putra 8 kathahé nami :

  1. Kakung Radén Lahut;
  2. Kakung Radén Ganar;
  3. Héstri Hajeng Parwawinata;
  4. Kakung Radén Solo haliyas Kartawijaya;
  5. Héstri Hajeng Nahiyasta;
  6. Héstri Hajeng Gembrak;
  7. //Héstri Hajeng Tayub 62a (129, 963);
  8. Héstri Hajeng Moka.

Sawis[s]é 3 tahun diganti malih hadiné kang dadi dalem nami Radén Benggal[l]i. dijeneng[ng]i Singalodraka pangkat dalem no. 5 .

  1. Singalodraka Dalem Darmayu sabrang kulon kagungan putra 1. nami Radén Semangun hangganti dalem dijeneng[ng]i Wiralodra pangkat dalem no. 6.
  2. Wiralodra Dalem Darmayu sabrang kulon kagungan putra 4 nami :
    1. Kakung Radén Suryapati;
    2. Kakung Radén Suryabrata;
    3. Kakung Radén Suryawijaya;
    4. Kakung Radén Kerstal.

Kang ganti dalem putran[n]é nami Radén Kerstal dijeneng[ng]i Wiralodra pangkat dalem no. 7.

  1. Wiralodra Dalem Darmayu sabrang kulon sawis[s]é lawasna trus kasowak hora hana dalem lan kagungan putra kathah[h]é nami :
  2. Kakung Radén Marngal[l]i Wirakusuma Demang Bébersindang;
  3. Héstri Nyayu Wiradibrata dadi ranggah;
  4. Héstri Nyayu Malayakusuma Demang Plumbon;
  5. Héstri Nyayu Hékasubrata Demang Hanjatan;
  6. Héstri Nyayu Suradisastra hulu-hulu;
  7. Héstri Nyayu Hanjan[n]i mantri tanah;
  8. Kakung Radén Yogya Kartawilas[s]a;
  9. Kakung Radén Kalid Wiradaksan[n]a Demang Lobener;
  10. Kakung Radén Prawiradirja Wiradaksan[n]a.

Demang Los[s]ari Demang Béhi Radén Wirakusuma peputra 4 :

  1. Kakung Radén Wirasentika Demang Lobener;
  2. Héstri Nyayu Sastrakusuma dadi jrutulis Demang Brengenyéber;
  3. Héstri Nyayu Wiradibrata wékling;
  4. Héstri Nyayu Patimah Demang Leléya.

Radén Yogya Kartawilas[s]a peputra 2 :

  1. Radén Madi Wirasomantri;
  2. Nyayu Cilik.

Radén Kalid Wiradaksan[n]a peputra 3 :

  1. Radén Wirasaputra dadi demang;
  2. (Radén) Wirahatmaja;
  3. (Hés)tri Nyayu Sumbadra.

Radén Prawiradirja demang Los[s]ari putra 2 :

  1. Héstri Nyayu Wiradiwangsa;
  2. Radén Prawirakusuma.

(Ha)jeng Wira(di)brata rang[g]ah peputra 4 :

  1. Radén Wiramadengda;
  2. héstri Nyayu Sumaga;
  3. Radén Mardada Wiradibrata;
  4. Radén Marsada.

Nyayu Malayakusuma demang peputra 2 :

  1. Radén Perdata Wirahastabrata;
  2. Radén Sumarga Wirasudirga.

    @@@