Lambang susuluk Burung punika kajarwanan dhumateng abdi-dalem pun Ngabehi Awikarama,
Sekar Pucung : 10 pada.
- Kuneng gambuh, binuka kang sekar pucung, de lambang titiga, platuk gemak kutut nenggih, apadudon arebat lepas ing tekad.
- Ulun matur ambuka lambang puniku, kang paksi titiga, amedhar ingkang linempit, mugi-mugi antuka musahab ing tyas.
- Tegesipun kang paksi kutut kang manggung, di-dalem pukongga, manganama anuntagi, dhasar bisa saniskaraning kang basa.
- Sinungan gun, surasaning kitab agung, Kur’an panengennya, kering Jitapsara nenggih, kasujanan sambega nanawung kridha.
- Nahan puyuh abdi-dalem mas pangulu, angluluri kitab, Kur’an gangsal wedal manjing, karam mekruh datan arsa ngawruhana.
- Yekang platuk, di-dalem ajar neng gunung, nguni kang tatapa, pangajaran ing jajernih, yen wus siddhi winisudhen reh sadarga.
- Ajar ruhun, ing nguni-uni wus kasub, kasusra ing jana, ngatas-angin bawah-angin, pan wong tapa tinemu barang sineja.
- Kang sareju, sasenengan tan terta/ntu, mring kyahi pujongga, weneh mring pangulu ngaji, ana prapta tatanya marang ki ajar.
- Janma luhung tuhu sampurnaning kawruh, wruh samaning sama, tataki sinamun batin, trapsilanya tinata aneng wacana.
- Dwi kang dhusun, daraheni lapalipun, kene kana kena, saking patrap tata krami, den-prayitna olah wening kaelingan.
- Tri kang burung, wus samya saeka kalbu, anuraga ing rat, kinarilan ing Hyang Widdhi, panduking reh kang tumuwuh ing bawana.
Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.