Tag Archives: Kautaman

SERAT CANDRARINI


Karipta dening pujangga ing Surakarta R.Ng. RANGGAWARSITA

“””PUPUH I”””
S  I  N  O  M 

  1. Kang hagnya gita Srinata / ing Surakarta nagari / Paku Buwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadil akir wulan / kang nêmbe sangkaleng warsi / miyarsakna trusing kang sabda Narendra.
  2. Liring kang wiyata harja / ujar ugêring pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / manjêrnih mardi weni / wewinda ganda rum arum / umarah ngadu warna / winor ing nayana manis / mangesthiya ing reh cumodhong ing karsa.
  3. Awit jenenging wanodya / pêgat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangun teki / kang badhar subratanipun / punggêl kasêlan cipta / marma sagunging pawestri / marsudiya wadadaning palakrama.
  4. Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lêlima ayu linuwih / tiga putraning aji / kang kalih atmajeng wiku / pantês dadya tuladha / estri kang kanggep ing krami / winursita dyah lima candraning warna.
  5. Kang sepuh Wara Sembadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngrêsêpkên ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / sêmu kurang budaya / awijang dedeg rêspati / kuning wênês labate amung kêpama.
  6. Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jatmika arang ngandika / tan rêgu sêmune manis / ririh tanduking angling / lumuh ing wicara sêndhu / amot mêngku aksama / tuhune pribadi pinrih / sêtyeng priya datan lênggana sakarsa.
  7. Mring maru kadi sudara / rumêsêp tan walang ati / sanadyan kurang budaya / lêgawa anrus ing batin / winowong widadari / labêt kadang ira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamêngkune sêmu ering / maru nira anggêpe sami nyuwita.
  8. Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresna nira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil / kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau Sang narendra kalih / tanya warta mring Sang Rêtna Madubrangta.

“””PUPUH II”””
DHANDHANGGULA 

  1. Garwa ing kang panênggak winarni / apêparab Dewi Manuhara / saking patapan wijile / putranira Sang Wiku / Manikara ingkang palinggih / Wukir Tirtakawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wêwangunan / netra jait antêng pamuluna manis / yen paes mimbuh endah.
  2. Nadyan ngusud yêkti maksih manis / wanda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa angunguwung / kuning wênês asêmu wilis / lir myang pudhak sinurat / katon warnanipun / tanpa apêpindhanira / andakara kataweng ing ima nipis / ruma myang amradipta.
  3. Ayunari ingkang sitarêsmi / kuciwane pan among samatra / dene lugas gêgêlunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping srandunung dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungnira satata amilagoni / kadya sêkar kintaka.
  4. Lathi dhamis anggula sathêmlik / rêkta kadya kang manggis karêngat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rêntêt rampak ing pucuk kuning / lumirat wor wicara / wêh kesar kang dulu / sarwa lus sasolahira / yen amesêm iriban arang kaeksi / sinamun pangandika.
  5. Têmbung arum rumakêt amanis / tandukira angêngayuh driya / bias nuju ing karsane / priya myang marunipun / pina pangkas dennya nglêgani / susila anoraga / sêpi ing piangkuh / anget trahing dwijawara / bêtah nglapa karêm ing bangsa mastuti / asmara mring sasama.

“””PUPUH III”””
ASMARADANA 

  1. Panêngah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bêgawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah rêspati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika.
  2. Dhemês luwês mêrak ati / kadya pratima rinêngga / sarêntêg brambang awake / maweh brangta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pêgat maesmu guyu / kengis kang waja gumêbyar.
  3. Antênge wêkasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantês yen amathêt lambe / ngiras mintonakêm waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana.
  4. Jaja wêlar wêwêg isi / gêmuh ingkang payudara / parigêl patrap solahe / kewês wêdaling wicara / tinut liringing netya / tandang tanduke rumêngkuh / mring priya myang marunira.
  5. Bias cawis amgladeni / kang dadi karêming priya / myang putra cethi sêdene / marma wong sa Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa.

“””PUPUH IV”””
M  I  J  I  L 

  1. Garwanira Sang parta sumêndhi / ingkang cinariyos / Rêtna Gandawati kêkasihe / Sri Harjunayana kang sêsiwi / nateng Sriwêdari / ing warna pinujul.
  2. Dêdêg ngrompyoh sarira anglêntrih / amardawa tinon / kuning wênês wingit pasêmone / antêng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujêngipun.
  3. Rema mêmak ngêndrawila wilis / rêrompyoh kang sinom / jangga lumung wêlar prajanane / maya-maya lir cêngkir piningit / anggêndewa gadhing / wijang baunipun.
  4. Wiragane ana nanging brangti / yen lumampah alon / mêmbat madya alêmês lambunge / angler tunjung / lumênggang ing warih / kasilir ing angin / weh gandaning rum.
  5. Susilengtyas sunawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sêsikune / winêweka winoran mêmanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum.
  6. Wasis salir pakaryaning estri / rerates kokonyoh / widadari Sang Dyah pagurone / winulangkên mring marune sami / mrih dadiya kanthi / ngladosi mring kakung.

“””PUPUH V”””
K I N A N T H I 

  1. Garwa kang pamêkasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari Cêmpala / raja ingkang asêsiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih.
  2. Jênar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasongka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / dhemês dêdêge rêspati.
  3. Gandhang kang wicara tanduk / gandhês kewês ngalayoni / tulus raharja ing driya / kalamun slanggapan angling / datan mawi tininggalan / sinambi ngliling dariji.
  4. Among lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh asmu guyunira / gumêbyar kang waja kengis.
  5. Narawang lit thatit tarung / tumêmpyuh sumyur ngênani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang sang putri Cempala / Sang Parta sandeya nangkil.
  6. Lawan sukaning Sang Ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brêbêgi / kenyut sang gya kang miyarsa / yen sampun den wursitani.
  7. Bangkit pantes lan memangun / jumbuh ibkabg busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlênge tan pindha karya / dadya tuladhaning estri.
  8. Miwah marang para maru / rinasuk dipunslondhohi / nora keguh rinêngonan / gopyak-gapyuk den srowali / dadya nora bisa duka / lêjar lumuntur ingkang sih.
  9. Puwara momong angungung / marang Sang Rêtna Srikandhi / tuwin rising Danajaya / antuk babah denira sih / nanging Sang Rêtna Cêmpala / tangeh yen agêng kang kalih.
  10. Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira malêsi / bêkti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamujunge sabên dina / sakarsane den turuti.
  11. Yeka caritaning dangu / estri kang kanggep ing krami / nalikaning jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pirinida / pakolehe pinarsudi.
  12. Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladhan / buwang caraning dumadi / bokmanawa tibeng papa / ina lupute pribadiyat.
  13. Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / saha maha prameng lukita / sarta tanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat Candrarini.

SERAT GANDAKUSUMA Pupuh XXXII – XXXIV


PUPUH XXXII
=== D U R M A ===

1. //o// Kalbun prapta lajêng nubruk sêgsana(-1)/ Radyan datan gumingsir/ Kalbun jêngira(-1)/ mêksa krura manguntal/ kinêreg den kabruk swiwi/ kinêmah-kêmah/ Radyan rumaos sakit//

Kalbun segera datang dan menerjang Raden Senabrata. Namun, Raden Senabrata sama sekali tak bergeser dari tempatnya. Kalbun bermaksud untuk segera menelan mangsanya. Dengan sayapnya, ia pun mencengkeram dan segera mencabik-cabik mangsanya. Raden Senabrata merasa sakit.

2. // sru ngandika iki buron arêp apa/ dene nyakot kêpati/ pan saya agêrah/ duka Dyan Senabrata/ siyungnya cinandhak aglis/ arsa pinokah/ Kalbun nglumba sru anjrit//

Ia pun berteriak lantang, “Mau apa makhluk ini? Mengapa ia berusaha mati-matian melumatku?!”. Raden Senabrata merasa kian murka. Ia pun segera meraih taring Kalbun dan mematahkannya. Kalbun berontak seraya bersuara keras.

3. // dadya Radyan Sena pan ingundha-undha/ dhawah Rahadyan Siwi/ awungu jênggirat/ rikat Kalbun mangêmah/ manujah ngilês kapati/ siniyung Radyan/ tan pasah gya binanting//

Jadilah Raden Senabrata terguncang-guncang dan jatuh. Baru saja berhasil bangun, Kalbun segera bergerak untuk kembali melumat mangsanya. Ia menggigit dan menggerus dengan penuh kemarahan. Raden Senabrata ternyata tak mempan dengan gerusan taring Kalbun. Kalbun yang gusar pun membanting Raden Senabrata.

4. // sru kantaka Rahadyan Senabarata/ awas Radyan Surati/ bingung galihira/yata wau Dyan Sena/ wus engêt bêrmantyeng galih/ Kalbun angêrah/ sirahnyagya binithi//

Kerasnya bantingan Kalbun membuat Raden Senabrata jatuh tak sadarkan diri. Raden Surati merasa bingung. Raden Senabrata yang kemudian sadar segera mengamuk dan menyerang Kalbun. Dengan tangannya, Raden Senabrata menghajar kepala Kalbun.

5. // asta manjing sirah Kalbun gya manglumba/ ambruk Kalbun ing siti/ trangginas Rahadyan/ Kalbun gya tinututan/ jinêjêg dhase wus mati/ gupuh Rahadyan/ rinangkul ingkang rayi//

Hajaran Raden Senabrata tepat di sasaran. Kalbun melonjak dan tak lama kemudian ambruk di tanah. Tanggap pada situasi, Raden Senabrata dengan gesit segera menghampiri Kalbun dan menginjak kepalanya hingga mati. Raden Surati pun segera menghampiri adiknya dan merangkulnya.

6. // adhuh yayi tan nyana yen sira(166r)gêsang/ lah yayi payo aglis/ rumojong Dyan Sena/ lêpas sang kalihira/ sêmana kunêng kang warni/ ingkang lumakya/ dadya anjog ing nagri//

“Duhai Dinda, aku sama sekali tak menduga kau bisa selamat. Sudahlah, Dinda. Mari kita berangkat”. Mereka berdua pun segera meneruskan perjalanan. Tak lama, mereka pun sampai di ibukota negara.

7. // pan kawarna anênggih nagri rasêksa/ sêmana amarêngi/ narendra rasêksa/ sawêg siniweng wadya/ bibisikira narpati/ Sang Prabu Kala/ Wisuna angajrihi//

Negara yang mereka masuki adalah sebuah negara raksasa. Saat itu sang raja raksasa tengah dihadap oleh segenap punggawa dan prajurit. Sang raja bernama Prabu Kalawisuna. Ia berwujud menyeramkan.

8. // patihira kang aneng ngarsa narendra/ ngirit wadya pangarsi/ juluknya Ki Patya/ Ki Patih Jaladuwa/ rasêksa ingkang pangarsi/ manggalengira/ kathahnya kalih desi//

Patihnya yang berada di hadapan sang raja membawahi para punggawa bernama, Kyai Patih Jaladuwa. Ia membawahi para pemuka wadyabala raksasa sejumlah duapuluh.

9. // kang pawingking kathahnya datan kaetang/ wasta ingkang pangarsi/ pun Pragbega lawan/ Wrugu pan kalihira/ pun Sandhunggunung lan malih/ pun Baratgêmpa/ catur pun Lesus api//

Sedangkan, raksasa yang berada dibawahnya cukup banyak tak terhitung. Pemimpin mereka bernama Pragbega, Wrugu, Sandhunggunung, Baratgempa, Lesus Api,

10. // pun Jambiya kalawan pun Sokadana/ Rangkut kalawan malih/ pun Doramanggala/ Sengadana Sariba/ Jutmakut Jalal Duljalil/ pun Nantang pêjah/ jangkêp pun Ragapati//

Jambiya, Sokadana, Rangkut, Doramanggala, Sengadana, Sariba, Jutmakut, Jalal, Duljalil, Nantang yang telah mati, dan Ragapati.

11. // Sri Rasêksa manêbda marang Ki Patya/ heh Jaladuwa Patih/ pêpak kancanira/ nêmbah Ki Jaladuwa/ kathah kang samya asakit/ wadya Panduka/ saking awising têdhi//

Raja raksasa bersabda pada Kyai Patih, “Hai, Patih Jaladuwa. Apakah semua rekanmu lengkap menghadap hari ini?”. Kyai Jaladuwa menyembah dan menjawab, “Banyak wadya Paduka yang sakit karena mahalnya makanan”.

12. // aru nabda Sang Prabu Kalawisuna/ priye pikirmu Patih/ de laranging pangan/ buburo[n] wus tan ana/ amêsthi rusak sayêgti/ kabeh wadyengwang/ mati tan ana bugti//

Prabu Kalawisuna bersabda keras, “Bagaimana jalan keluarnya menurutmu, Patih. Makanan menjadi mahal karena tidak lagi ada buruan di hutan. Pastilah ini akan membuat seluruh pasukanku rusak dan mati karena kelaparan”.

13. // aris matur nênggih Patih Jaladuwa/ Gusti ulun tur uning/ yen parêng karsendra/ ulun mirêng pawarta/ ing wetan punika Gusti/ wontên nagara/langkung kathahing janmi//

Patih Jaladuwa menjawab pelan, “Paduka, jika berkenan, hamba mendengar bahwa di timur ada sebuah negara. Di sana penduduk manusia sangatlah banyak.

14. // malihipun janmanya gajih sadaya/ suka Sri Narapati/ miyarsa turira/ asru nabda Sang Nata/ yen mangkono payo Patih/ enggal prentaha/ marang wadyamu sami//

Dan lagi, Paduka, orang-orang di sana banyak lemaknya”. Sri Paduka merasa sangat gembira dan bersabda, “Jika demikian Patih, segera perintahkan anak buahmu.

15. // padha kinen pêrdandanan den akêbat/ aglis Rêkyana Patih/  ngundhangi pra wadya/ wrata gunging rasêgsa/ pra samya prayitneng westhi/ kunêng kawarna/ nênggih sang putra kalih//

Perintahkan mereka untuk bersiap. Cepat!”. Kyai Patih pun segera menyiagakan seluruh pasukannya. Tak lama, para pasukan raksasa telah siaga. Dikisahkan kedua putra raja,

16. // pan sêmana eca denira lumampah/ nabda Radyan Surati/ heh ta yayi Sena/ payo leren sadhela/ rumojong wau kang rayi/ aris ngandika/ kakang êndi kang nagri//

tengah asyik berjalan. Raden Surati berkata, “Dinda Sena, mari kita beristirahat sejenak”. Raden Senabrata setuju dan berkata, “Kanda, manakah negara yang kita tuju?”.

17. // (167v)yayi iya durung wayahira prapta/ sebêtbyar kang dirgami/ awarni rasêgsa/ kalih langkung mlas arsa/ kaluwen wus tigang ari/ tan angsal mangsan/ dadya yêgsa dharidhis//

“Dinda, belum saatnya kita sampai ke sana”. Tak lama kemudian, ada dua raksasa yang keadaannya sangat memprihatinkan karena telah tiga hari kelaparan dan tak mendapat makan, jadilah para raksasa itu mengemis

18. // turut kali gogoh saunjungnya(-2)/ arang ingkang pinanggih/ gya wau rasêgsa/ kagyat mambu manungsa/ birat siyungnya ngisis(-1)/ awas tumingal/ yêgsa anggro kêpati//

sepanjang sungai mereka mengais-ngais, tak ada makanan yang mereka temukan. Tiba-tiba, mereka terkejut mencium bau manusia. Seketika keluarlah taring mereka. Mereka awas melihat pada calon mangsanya. Para raksasa menggeram hebat.

19. // jroning driya kalangkung denira suka/ ketang mongsa pribadi/ gya wau rasêgsa/ akras ngulati ganda/ yata Rahadyan kakalih/ kagyat miyarsa/  nêbda Radyan Surati//

Dalam hati mereka merasa gembira mengetahui ada mangsa. Kian lama para raksasa kian dapat mengendus aroma manusia. Kedua putra raja terkejut mendengar suara dari raksasa itu. Raden Surati berkata,

20. // heh ta yayi apa iki kang nyuwara/ sira den ngati-ati/ tandya kang rasêgsa/ prapta anubruk sigra/ marang Rahadyan Surati/ akras Dyan Sena/ rasêgsa gya binithi//

“Dinda, suara apakah ini? Berhati-hatilah kau”. Kedua raksasa pun datang dan segera menerjang Raden Surati. Raden Senabrata segera menghajar raksasa itu.

21. // asru gêro anolih nubruk Dyan Sena/ yêgsa cinandhak aglis/ pan gigithokira/ nêbda Radyan Suratya/ aglis bantingên ta yayi/ babarna pisan/ yêgsa gya tinampiling//

Raksasa yang terkena hajar Raden Senabrata pun menggeram, menoleh, dan menyerang Raden Senabrata. Raden Senabrata segera meraih tengkuk raksasa itu. Raden Surati berteriak, “Cepat! Bantinglah mereka, Dinda!”. Raksasa itu pun segera ditempeleng Raden Senabrata.

22. // sirah buta amêrapat pêcahira/ inguculakên aglis/ rasêgsa lumajar/ mangungun Radyan Sena/ ngandika Radyan Surati/ buta kêparat/ aja kulita bêcik//

Kepala raksasa yang terkena hantam tangan Raden Senabrata pecah dan hancur. Sisanya dilepaskan dan melarikan diri. Raden Senabrata tertegun. Raden Surati berkata, “Raksasa keparat! Berkulit bagus sedikit saja,

23. // ingsun duga pêsthi ngong binadhog buta/ payo yayi den aglis/ manawa anggawa/ kancane padha buta/ kang sira tampiling yayi/ nabda Dyan Sena/ ingsun tan nêdya wêdi//

pastilah akan dimangsa oleh raksasa. Ayo Dinda! Aku khawatir teman-teman raksasa yang kau hajar tadi akan datang”. Raden Senabrata berkata, “Aku tidak akan takut!

24. // sanajana wuwuha sakêthi buta/ mongsa nêjaa gingsir/ lah ya bênêr sira/ nanging nora ta sira/ sabêcikane wong sakit/bêcik kang waras/ payo padha lumaris//

Meski datang seratusribu raksasa sekalipun, aku tak akan mengelak!”. Raden Surati menjawab, “Ah, iya, aku tahu. Tapi, sebaik-baik orang yang sakit dan terluka, masih lebih baik yang sehat. Mari kita pergi”.

25. // wirandhungan lampahe sang kalih putra/ kunêng wau kawarni/ yêgsa kang lumajar/ nêja tur uninga(-1)/ wus laju malêbeng puri/ yata sêmana/ nênggih ponang rasêksi//

Mereka berdua berjalan dengan rasa was-was. Dikisahkan kemudian, raksasa yang melarikan diri hendak melaporkan apa yang terjadi. Ia pun masuk ke dalam istana. Para raksasa

26. // samya kaget ing kancanira kang prapta/ aglis wus prapteng ngarsi/ Sang Kalawisuna/ kagyat asru ngandika/ heh bocah matura aglis/ apa karanya/ yêksa umatur aris//

merasa terkejut melihat rekannya datang. Setelah raksasa itu sampai di hadapan Kalawisuna, sang raja pun bertanya, “Hei, kau. Laporkan segera apa yang hendak kau laporkan”. Raksasa pun berkata,

27. // adhuh Gusti kang dasih ngaturkên tiwas/ ulun atur udani/ punika Sang Nata/ wo(168r)ntên raja satriya/ kakalih maksih taruni/ wontên ing marga/ sampun ulun pêpêki//

“Aduh, Tuanku. Hamba hendak melapor. Ada dua orang ksatria yang masih muda di tengah jalan. Hamba datangi

28. // inggih Gusti panêjanipun abdi sang/ badhe ingsun kabuktin/ dhumatêng Sang Nata/ dene Gusti sungkawa/ saking awisipun têdhi/ namung abdi sang/ atur tiwasing kardi//

karena hamba hendak menangkapnya untuk dapat hamba serahkan pada Paduka karena hamba mendengar Paduka tengah bingung memikirkan sulitnya makanan. Tapi, hamba tak berhasil”.

29. // amiyarsa Sang Prabu Kalawisuna/ langkung bêrmantyeng galih/ nging dadya sukanya/ asru dennya ngandika/ wus undurna iki Patih/ sinungan tamba/ nêmbah Kiyana Patih//

Sang Prabu Kalawisuna yang mendengar laporan itu merasa marah sekaligus juga gembira. Ia pun segera memberi perintah, “Patih, segera bawa dia dan beri dia perawatan”. Kyai Patih menyembah.

30. // sigra wau Sang nata acapêng karna/ arsa ngêrbaseng jurit/ gya wau Kya Patya/ aris matur mangêrpa/ adhuh ta Gusti Sang Aji/ sampun Sang Nata/ arsa mongsa pribadi//

Sang raja pun bersiap diri hendak bertempur. Kyai Patih berkata lembut, “Aduh Paduka, janganlah Paduka bertindak sendiri.

31. // ingsun dugi pun abdi Patih kewala/ inggih mrantasi kardi/ ing mangke sumongga/ lamun abdi Panduka/ atumpês tiwasing kardi/ arsa mangsaha/ nabda wau Sang Aji//

Hamba kira, hamba saja yang maju menyelesaikan masalah ini. Bila nanti ternyata hamba gagal, terserah Paduka bila hendak turun tangan sendiri”. Sang raja berkata,

32. // pan ing mêngko sira mongsa priyongga(-1)/ ingsun tan den umani/ andhêku Kya Patya/ tan pisan pun apatya/ ing mangke sumongga Gusti/ ngaturkên pêjah/ kawula pintên banggi//

“Lalu nanti kau akan mangsa dia sendiri dan aku tak kau bagi?! Begitu?!”. Kyai Patih menunduk, “Tak sekalipun hamba berniat seperti itu. Semua terserah Paduka, hamba rela mati. Berapapun

33. // angsal paring kukucah dalêm Sang Nata/ suka Sri Narapati/ heh ta payo sigra/ mangkata den akêbat/ manawa kelangan lari/ Ki Patih budhal/ langkung lêganing galih//

pemberian Paduka pada hamba, hamba dengan senang hati menerimanya”. Sang raja merasa sangat gembira. Ia pun memberi perintah, “Hei, lekas berangkat! Jangan sampai kita kehilangan jejak!”. Kyai Patih pun berangkat. Hatinya lega.

34. // yata wau Raden Surati amulat/ langkung sukaning galih/ gya wontên rasêgsa/ bingung arsa lumajar/ kapêrgok Raden Surati/ sami kagyatnya/ dadya yêgsa binithi//

Raden Surati melihat ada seorang raksasa yang tengah melarikan diri. Mereka sama-sama terperanjat. Refleks, Raden Surati pun menghajar raksasa itu.

35. // kapisanan kanang pênêr nênggih kang kêna(+1)/ sirah rêmuk babarji/ yata Dyan Suratya/ kamisêngêrên myarsa/ mangkana sajroning galih/ lah ta wakingwang/ dene iki ya sêgti//

Sekali hajar, kepala raksasa itu pun hancur. Raden Surati tertegun menyaksikan kejadian itu. Ia membatin, “Ah, ternyata diriku pun sakti.

36. // biyen-biyen kalamun ingsun wêruha/ iya manawa sêgti/ mongsa kalakona/ nusup marganing toya/ amasthi mêtu ing margi/ mongsa wêdiya/ lan si Têkiyur Aji//

Kalau saja dulu-dulu aku tahu bahwa diriku pun sakti, tak perlu aku menelusup di saluran air. Keluar saja melalui jalan yang biasa. Aku tak akan takut menghadapi Raja Tekiyur.

37. // ingsun dugi lah mongsa ngantiya (-2)/ têka aneng wanadri/ yen dulu si buta/ sapisan bae bablas/ nging durung lêga tyas mami/ arsa sun coba/ ti(169v)ba yen wus ping kalih//

Dan sudah tentu tak akan aku sampai ke tengah hutan. Apalagi jika melihat aku menghajar raksasa tadi sekali saja langsung mati. Tapi, aku belum yakin. Baik, akan kucoba lagi untuk yang kedua kalinya”.

38. // gya mêrpêki wau marang arenira/ Radyan Sena winarni/ anjêngêr kapatya/ gêtun solahing yêgsa/ sigra ingkang raka prapti/ aris ngandika/ yayi noleha wuri//o//

Raden Surati pun segera menghampiri adiknya. Diceritakan Raden Senabrata masih tertegun melihat tingkah para raksasa. Kakaknya pun datang dan berkata, “Dinda, menolehlah ke belakang”.

PUPUH XXXIII
=== PANGKUR ===

1. //o// Ngandika Radyan Suratya/ heh ta yayi ingsun gêtun kapati/ ingsun wêruha rumuhun/ lamun sêkti mangkana/ mongsa nganti kalakona nusup-nusup/ lah mêngko yayi yen ana/ buta dunên lawan mami//

Raden Surati berkata, “Dinda, aku sungguh merasa kecewa. Bila aku tahu sejak semula bahwa kesaktianku sebegitu rupa, tak akan kita menelusup-nelusup seperti apa yang telah kita lakukan. Jika demikian Dinda, nanti bila ada raksasa lagi yang datang, adulah denganku”.

2. // yata wau kawarnaa/ Sri Rasêksa arsa nuling jurit(-1)/ pan sigra wau kapêthuk/ awas Sang Prabu Kala/ langkung kurdha tan ngantya Ki Patih matur/ Sang Nata laju umangsah/ anggêro siyung den isis//

Dikisahkan kemudian sang raja raksasa hendak maju bertempur. Setelah berhadapan dengan lawan, Prabu Kalawisuna bangkit kemarahannya dan menyerang tanpa menunggu laporan dan aba-aba dari Kyai Patih. Sang raja terus saja maju seraya menggeram dan memperlihatkan taringnya.

3. // kagyat Sang Rajapinutra/ Dyan Surati nulya ngandika aris/ lah iki tunggaling  diyu/ nabda Dyan Senabrata/ lah ta payo kakang papagna den gupuh/ sumaur Radyan Suratya/ lah rada gêgêdhen yayi//

Para putra raja merasa terkejut. Raden Surati berkata pelan, “Ah, ini dia teman raksasa yang tadi”. Raden Senabrata menyahut, “Kalau begitu lekas Kanda, hadapi dia”. Raden Surati menjawab, “Aduh, yang ini terlalu besar, Dinda.

4. // mêngko yen ana bajangan/ iku patut mungsuh kalawan mami/ durung wayahnya lan ingsun/ tandhinge lawan sira/ pan samangke [e]ca kang imbalpamuwus/ praptanya Sang Prabu Kala/ anggêro nubruk sang kalih//

Nanti saja bila ada yang lebih kecil, barulah pantas diadu denganku. Belum waktunya bagiku saat ini. Saat ini adalah waktunya untukmu”. Tengah mereka berdua asyik bertukar pendapat, datanglah Prabu Kalawisuna. Sambil terus menggeram, ia menerjang kedua putra raja.

5. // Radyan Surati malumpat/ alumajar kapati sipat kupir/ tan ketung manumbuk bêntus/ nênggih Rahadyan Sena/ kang kinêmah-kêmah marang Sri Diyu(-1)/ kalangkung dennya mlas arsa/ kinêrêg arsa binanting//

Raden Surati yang sesungguhnya sangat penakut, melompat dan berlari tunggang-langgang tanpa memperhitungkan apa-apa yang ia tubruk selama berlari. Tidak demikian dengan Raden Senabrata yang keadaannya demikian memelas karena terus dilumat oleh raja raksasa. Saat ia digigit dan hendak dibanting,

6. // apanggah Dyan Senabrata/ ponang yêgsa cinandhak sru binithi/ kapilêng diyu pan ambruk/ mangering nubruk marang/ Sena panggah tinubruk kinuwêl diyu/ ginêbêg kinêgêt kuwat/ Sri diyu ingungkil kêni//

dengan sekuat tenaga Raden Senabrata berusaha untuk melawan. Sang raksasa diraih dan dihajar. Sempoyongan terkena hajar Raden Senabrata, sang raja raksasa pun roboh. Namun, ia segera bangkit kembali dan menyerang dari sebelah kiri. Diserang sedemikan rupa, Raden Senabrata mencoba terus melawan balik pada raksasa yang mengunci badannya, mencoba menghancurkan, dan menggigit dirinya kuat-kuat. Sang raja kemudian dipelintirnya.

7. // pinokah siyungnya kêkah/ dinêngakkên diyu saya ngêkahi/ tinabok mêlar tinubruk/ keket udrêg putêran/ kokot-kokot kulit wulêt jatha rêmpu/ linu Dyan Sena binucal/ tibane tinubruk malih//

Taring sang raksasa dicobanya untuk dipatahkan namun terlampau kuat. Justru itu membuat perlawanan sang raksasa kian menjadi. Ketika ditabok, malah menjadi melar. Akhirnya mereka pun terlibat pergulatan yang rapat, sengit, dan beralih-alih posisi. Adegan saling gigit kulit yang liat pun terjadi, rambut kusut masai. Raden Senabrata dihela hingga ia jatuh dan kembali diterjang.

8. // arsa inguntal kewala/ Sena ngrogoh ilat diyu mutah gêtih(+1)/ manglumba Sena sinaut/ kêni pupunya kanan/ Sena panggah Sri Diyu pok talingipun/ kinruwêg talingan pagas/ (170r)diyu saya ngringut mangrik//

Sang raksasa bermaksud menelan Raden Senabrata hidup-hidup, namun dengan gesit Raden Senabrata meraih lidah sang raksasa hingga raksasa itu memuntahkan darah. Tak menyangka atas serangan itu, raksasa pun meloncat. Raden Senabrata disambarnya hingga kena paha kanannya. Raden Senabrata terus melawan. Ujung telinga raja raksasa digerusnya hingga putuslah telinga sang raksasa. Raja raksasa kian naik amarahnya.

9. // jola diyu Sena singsal/ tinututan rinukêt datan osik/ Surati awas andulu/ ketang wêlasing driya/ rinta rukêt lan yêgsa krobdan gêng luhur/ pan arsa tatulung rinta/ kinawrat datan nyampuni//

Ia meronta. Raden Senabrata terlempar. Namun, ia terus diikuti dan dikunci. Surati yang mengawasi adiknya, merasa sangat kasihan melihat adiknya diserang oleh raksasa yang demikian tinggi dan besar. Ia hendak menolong adiknya, khawatir pertempuran itu tidak segera berakhir.

10. // sêgsana mêdal tekatnya/ reh tan wignya ngampah wêlasing ari/ yêgsa gya cinandhak gupuh/ rema ingungkil dhêngklak/ sru tinabok diyu kajungkêl sumaput/ eling wanteyan sru mangrah/ Surati lumayu gêndring//

Seketika, muncullah keberaniannya terdorong oleh ketakmampuannya menahan rasa iba pada sang adik. Ia pun segera menghampiri sang raksasa dan meraih rambutnya. Rambut sang raksasa dijambak hingga badannya tertarik ke belakang. Setelah itu ia segera menabok sang raja raksasa hingga terjungkal dan jatUh pingsan. Setelah berhasil sadar dari pingsannya, sang raksasa pun kian murka. Raden Surati ketakutan dan berlari sekencang-kencangnya.

11. // Sena wimbuh kurdhanira/ ngêntrog wêntis ngawêt tingalnya andik/ yagsa mangrura gro mangruk/ siti bêdhol gurda grah/ sinawating Sena ing gurda tanwignyuh/ manubruk yêksa kaliwat/ dhinupak sirah gumlinting//

Raden Senabrata pun bertambah marah. Kakinya dihujam-hujam ke tanah, matanya bersorot tajam penuh amarah. Raksasa yang hendak menyerang terus menggeram. Ia pun mencabut sebuah pohon beringin. Raden Senabrata dilemparnya dengan pohon beringin itu. Raksasa pun semakin bernafsu hendak menerjang Raden Senabrata. Dengan cepat, Raden Senabrata menyepak bagian kepala raksasa hingga terjerembab.

12. // arsa binithi anggiwar/ naut githoke ngêl Rahadyan Mantri/ kapêksa rosa mangrangkut/ rema diyu tinêkak/ pulirikan kalumah jaja dhinêngkul/ diyu gropundhak pinancat/ anggebes mêksa pinuntir//

Ia hendak menghajar raksasa itu, namun sang raksasa berhasil menghindar. Setelah itu Raden Senabrata berusaha menyambar tengkuk raksasa, namun sang raksasa tampaknya kuat bertahan. Berikutnya, Raden Senabrata menarik kencang rambut sang raksasa dan memelintirnya. Saat sang raksasa terjatuh telentang, dadanya didengkul kuat-kuat. Sang raksasa menggeram. Pundaknya hendak dinaiki, tapi ia mengelak dan Raden Senabrata memelintir lengannya.

13. // malirik sarah dhinupak/ driwa pêdhot yêgsa wus angêmasi/ Dyan Sena nabda anguwuh/ lah mara ayonana/ mongsa sira padhaa kêlawan ingsun/ Rahadyan Surati mulat/ sigra marpêki kang rayi//

Setelah itu ditendangnya sang raksasa kuat-kuat hingga lehernya putus dan tewaslah sang raksasa. Raden Senabrata berteriak menantang, “Hei! Ayo, hadapi aku! Tak akan kalian mampu melakukannya!”. Raden Surati yang melihat kejadian itu segera menghampiri adiknya.

14. // kang sarya asru ngandika/ adhuh yayi Senabrata wong luwih/ meh thithik kadangku lampus/ lah payo yayi êmas/ ywa kasuwen padha nutugakên laku/ lumiring Rahadyan Sena/ samarga-margsa samya ngling//

Ia pun berkata lantang, “Duhai adikku Senabrata, kau sungguh sangat kuat. Hampir saja kau mati, Dinda. Sudahlah, mari Dinda, jangan terlalu lama kita di sini, ayo segera teruskan perjalanan”. Raden Senabrata patuh. Mereka pun berjalan seraya terus bercakap-cakap.

15. // kawarna lêpasing lampah/ pan aprapta têpis wiringe nagri/ ing Kakbah nagara agung/ yata Dyan kalihira/ wus malêbeng nagara ingkang jinujug/wismanya mantri Bakdiman/ wasta Ngabehi Jagati//

Singkat cerita, mereka telah jauh berjalan dan telah tiba di tapal batas negara Kakbahbudiman yang besar, dan tak lama sampai di ibukota negara.  Mereka berdua pun singgah di kediaman seorang menteri negara Kakbahbudiman bernama Ngabehi Jagati.

16. // Ki Ngabehi sarêng mulat/ langkung rêsêp nênggih Rahadyan kalih/ gya samya tata alungguh/ sawusnya sasalaman/ Ki Ngabehi tatanya marang Dyan bagus/ anak sintên kang sinambat/ sumaur Radyan Surati//

Kyai Ngabehi yang melihat kedatangan mereka, merasa sangat senang dengan kedua tamunya itu. Mereka pun segera duduk setelah sebelumnya saling bersalaman. Kyai Ngabehi pun bertanya pada sang pemuda rupawan, “Nak, siapakah nama Anda?”. Raden Surati menjawab,

17. // lah Kyai Paduka tanya/ inggih ingkang dêlap purun mastani/ Dyan Surati wa(171v)sta ulun/ dene Kyai punika/ ari hamba anênggih ta wastanipun/ paparab pun Senabrata/ yata Ngabehi Jagati//

“Kyai, Paduka bertanya pada hamba, baiklah hamba jawab. Nama hamba Raden Surati. Sedang adik hamba ini bernama Senabrata”. Ngabehi Jagati

18. // manthuk-manthuk saurira/ aglis muwus nimbali ingkang abdi/ heh ta sapa bocah iku/ mayo sira enggalna/ gennya godhog banyu enggalna ben sêpuh/ ika tehe neng kothakan/ tumumpang ana ing pêthi//

mengangguk-angguk mendengar jawaban tamunya. Ia pun memanggil abdinya. “Hai, kau, siapapun! Lekas jerang air agar lekas matang. Buatkanlah teh. Tehnya ada di dalam kotak di atas peti!”.

19. // Ngabehi malih tatanya/ inggih Raden wisma pundi ing wuri/ Rahadyan aris umatur/ tiyang kawêlas arsa/ adhêdhêkah ing wana arsa aluru/ saking tiwase ragamba/ manawa sarju ing galih//

Kyai Ngabehi bertanya lagi, “Baiklah, Raden. Lalu dari mana Anda berasal?”. Raden Surati menjawab, “Kami orang-orang menderita. Kami berasal dari hutan dan karena kesengsaraan kami, bila Paduka berkenan, kami hendak

20. // sumêja hamba suwita/ mring Sang Nata hamba nanuwun Kyai/ mênggah katurnya Sang Prabu/ nanging kawênangana/ ari hamba kêlangkung dennya ambêsur/ tan sagêt atatakrama/ sumongga katurnya benjing//

mengabdi pada Sri Baginda Raja. Untuk itu, kami mohon agar Paduka Kyai berkenan menyampaikan dan menghadapkan kami pada Sang Prabu. Hanya saja perlu Paduka ketahui sebelumnya, bahwa adik hamba demikian keras kepala dan tidak mampu bertatakrama secara baik. Tentang ini, hamba menyerahkan saja pada Paduka bagaimana baiknya dalam menyampaikannya esok”.

21. // manthuk saurira sagah/ inggih-inggih Raden sampun kuwatir/ ing mangke ulun kang munjuk/ seba rumiyin Radyan/ payo enggal iku ladena den gupuh/ wedange sêlak kasatan/ punakawan tur bibisik//

Kyai Ngabehi mengangguk tanda sanggup. “Baik, Raden. Anda tak perlu khawatir. Nanti saya yang akan bicara lebih dahulu dengan Sri Baginda. Eh, segera sajikan minuman! Ayo, airnya keburu habis nanti!”. Abdi pun berkata sambil berbisik,

22. // Kyai Behi pun wus têlas/ Ki Ngabehi nyêntak sinamun wahing/ manise tak bubuk-bubuk/ bubuk inggih wus têlas/ amalengos Ki Ngabehi ngandika rum/sampun bêjane pun anak/ tan ngantos angunjuk warih//

“Kyai Ngabehi, sudah habis”. Kyai Ngabehi membentak gusar seraya pura-pura bersin, “Itu, kopi yang sudah dibubuk saja!”. Dijawab, “Bubukan kopi pun sudah habis”. Kyai Ngabehi melengos dan berkata lembut, “Ah, mungkin sudah menjadi takdir Ananda berdua, tidak mendapatkan air untuk minum.

23. // Radyan ngapuntên a[ka]kathah(+1)/ saking tiwas hamba gumun sayêgti/ yen tanah ngriki sang bagus/ kathah têmên amanya/ pundi wontên Raden nênggih tikus purun/ nêdha teh tur sakothaknya/ malihnya kang aran bajing//

Maafkan aku, Raden. Memang, aku sangat heran. Di sini, hama sangat banyak. Coba, mana ada tikus yang doyan memakani teh berikut kotaknya. Apalagi bajing,

24. // purun malêbêt ing wisma/ barang-barang napa ingkang pinanggih/ dalah bubuk inggih purun/ sampun ingkang dhaharan/ mung punika Raden kangkawula gumun/ gumujêng Radyan ing driya/ sinamun alon nauri//

mereka sampai masuk ke dalam rumah. Semua barang yang ditemui termasuk kopi bubukan pun mereka lahap, tak hanya yang nyata berwujud makanan saja. Itulah yang mengherankanku, Raden”. Dalam hati Raden Surati tertawa. Ia pun menjawab santun,

25. // sampun tan dados punapa/ taksih kathah benjing ing dintên wingking/ ugêr wilujêng rumuhun/ inggih Kyai sumongga/ sigra mangke kawarnaa laju munjuk/ Kapatiyan wus katampan/ gya mundur sang anom kalih//o//

“Ah, sudahlah. Tidak apa-apa. Pastilah kelak masih akan ada banyak. Yang penting saat ini hamba berdua selamat. Baik, Kyai. Silahkan bagaimana Paduka saja”. Kemudian, saat itu juga mereka menghadap dan telah diterima di Kepatihan. Kedua pemuda itu pun mundur.

PUPUH XXXIV
=== S I N O M ===

1. (172r)//o// Wus prapta ngarsane Nata/ Dyan Patih umatur aglis/ yen wontên janma ngawula/ kalih sing dhêkah wanadri/ yata Sri Narapati/ tumingal mring Dyan  sarêju/ kadwi bagus kang warna/ sigra ingandikan sami/ aneng ngarsa tumungkul Raden Suratya//

Sesampainya di hadapan Sri Baginda, Raden Patih segera melapor bahwa telah datang dua orang yang berasal dari hutan dengan maksud hendak mengabdikan diri. Sri Baginda melihat kepada kedua orang tersebut yang tampak demikian tampan. Mereka pun diperintahkan untuk maju menghadap. Raden Surati menunduk takzim.

2. // dene Raden Senabrata/ silanya jongok tan aris/ Sang Nata mesêm ing driya/ ningali Rahaden kalih/ dhatêng Raden Surati/ wontên karaos ing kalbu/ warna padhang sêmunya/ uga kalamun kang rayi/ wiguh ing tyas dinewêt sêmu ing lampah//

Sedang Raden Senabrata duduk berjigang dengan leher terangkat kurang sopan. Tapi, Sri Baginda hanya tersenyum dalam hati. Ia mengamati kedua penghadapnya. Kepada Raden Surati, sang raja merasakan sesuatu. Raden Surati yang memancarkan aura seperti mengingatkan sang raja pada adiknya. Namun, bila memang benar demikian, ia ragu pada asal penghadapnya.

3. // têbih Bandaralim praja/ lan asal saking wanadri/ tan darbe kadang liyanya/ punika darbe ri malih/ wau Raden Surati/ dangunya neng ngarsa Prabu/ tansah nukmeng wardaya/ dadya nyolong liring Aji/ sru mandhêkêl kraos dhatêng kadangira//

Ia berasal dari hutan. Jauh pula dari negara Bandaralim. Sementara, bila benar ini adalah adiknya seharusnya tak memiliki adik lagi. Raden Surati yang cukup lama berada di hadapan Sang Prabu pun terus-menerus merasa terusik hatinya. Tanpa sadar ia mencuri pandang pada sang raja. Dalam hati ia merasa bergidik trenyuh teringat pada saudaranya,

4. // Rahadyan Gondakusuma/ kang murca kalaning wêngi/ nging mokal lamun punika/ dene jumênêng narpati/ têmah luhira mijil/ amêkak nahankên têrnyuh/ Sang Nata wus ngandika/ kulup goningsun ngarani/ apa purwanira ngawula maringwang//

Raden Gandakusuma, yang hilang di malam hari. Namun, ia merasa tak mungkin bila yang ia hadapi ini benar saudaranya karena yang ia hadapi kini adalah seorang raja. Merasa tak kuasa menahan trenyuh, menitiklah airmatanya. Bersamaan dengan itu, sang raja berkata, “Nak, apa yang menyebabkan dirimu hendak mengabdi padaku?

5. // apan sapa aranira/ arimu sapa kang nami/ lawan sira ingsun sawang/ sêmune bangêt prihatin/ matur Radyan Surati/ Dewaji Kangjêng Sang Prabu/ andangu nama hamba/ kêng dasih aran Surati/ de arinta awasta pun Senabrata//

Dan, siapakah nama adikmu ini? Lalu mengapa sepertinya kulihat dirimu demikian menderita?”. Raden Surati menjawab, “Duhai, Sang Prabu, hamba bernama Surati. Adik hamba ini bernama Senabrata.

6. // marma ulun sru sungkawa/ kathah margine prihatin/ bubuka kadang wanodya/ minta sumbaga sarwa di/ aglang mas rajamurti/ tan wignya dhatêngkên ulun/ marma têmah ngawula/ dhatêng Paduka Narpati/ yen sêmbada pun dasih srah jiwa raga//

Penderitaan yang hamba sandang bermula dari saudara perempuan hamba yang meminta segala barang-barang mewah, gelang, dan perhiasan emas. Hamba tak mampu memenuhi semua itu. Itulah mengapa kemudian hamba memutuskan untuk mengabdikan diri pada Paduka Raja. Bila memang Paduka berkenan, hamba menyerahkan sepenuh jiwa raga hamba

7. // dhatêng Paduka Narendra/ mung wontêna sih Narpati/ paparing rajabarana/ wrating pinothah pawestri/ Sang Nata ngrês ing galih/ kawlas tingkah kawlasayun/ arum wijiling sabda/ lah kadangira pawestri/ sapa rane lawan pira umurira//

semata hanya kepada Paduka. Permohonan hamba hanya sudilah kiranya Paduka memberikan barang perhiasan emas, mengingat beratnya beban hamba yang sekedar ingin mewujudkan permintaan seorang perempuan”. (Mendengar jawaban Surati), Sri Baginda luluh hatinya, (apalagi melihat keadaan penghadapnya yang demikian memprihatinkan). Sang raja pun bersabda lembut, “Siapakah nama saudara perempuanmu, dan berapakah umurnya?”.

8. // matur nêmbah Dyan Suratya/ pun Kasiyan kang wawangi/ kang umur tiga wlas warsa/ gya mundhut Sri Narapati/ busana kang sarywa di/ malah nglangkungi panuwun/ Sang Nata angandika/ lah tampanana Surati/mami(173v)ntane kadangmu Rara Kasiyan//

Raden Surati menyembah dan menjawab, “Namanya Kasiyan. Saat ini ia berumur tigabelas tahun”. Sri Baginda pun segera mengambil busana-busanayang indah dan mewah (dalam jumlah yang melebihi permintaan). Kemudian sang raja berkata, “Ini, terimalah, Surati. Ini permintaan saudaramu Rara Kasiyan.

9. // age nuli wenehêna/ aja kabanjur anangis/ nanging aja lama-lama/ nuli baliya mring nagri/ Radyan nuwun wotsari/ kang brana tinampan sampun/ gya mundur sing byantara/ Dyan Senabrata prituwin/ sami bêkta paparingira Sang Nata//

Segera berikan ini padanya. Jangan sampai ia terlanjur menangis. Namun, jangan terlalu lama. Segeralah kau kembali ke istana”. Raden (Surati) menyampaikan terimakasih seraya menyembah. Segala busana dan perhiasan telah diterima. Segeralah (ia) mundur dari hadapan (bersama) Raden Senabrata, sambil membawa segala pemberian sang raja.

10. // gya mundur Dyan sing ngarsendra/ lan rinta Sena tan kari/ kawarnaa aneng marga/ tansah prayitna Dyan kalih/ turut marga samya ngling/ apan samana wus rawuh/ dhêkahira ing wana/ wus panggih lan ibu sori/ dyah Kasiyan tumingallangkung asuka//

Raden Surati pun segera mengundurkan diri dari hadapan raja beserta adiknya Raden Senabrata. Di perjalanan pulang mereka senantiasa berhati-hati. Mereka berjalan dengan terus bercakap-cakap. Singkat cerita, mereka telah berhasil sampai di pondokan mereka di hutan dan telah bertemu pula dengan ibu suri. Dewi Kasiyan yang melihat kedatangan mereka merasa sangat gembira.

11. // nulya rinasuk sêgsana/ kang ibu samya sukanting/ kang putra mantun amular/ ngandika dyah Purbaningsih/ lah ta kulup Surati/ dene bêja sira kulup/ kinasih ing Narendra/ paran purwanira kaki/ Radyan matur ing ibu sasolahira//

Busana pemberian raja pun segera dikenakannya. Ibunda merasa lega tak berkesudahan karena putrinya berhenti menangis. Dewi Purbaningsih berkata, “Anakku Surati, sungguh beruntung dirimu, Nak. Kau dikasihi Sri Baginda. Bagaimanakah ceritanya, Nak?”. Raden Surati pun menceritakan pengalamannya pada ibunda.

12. // Jêng ibu lampah kawula/ kalangkung dennya mlas asih/ wantunya tyang dereng priksa/ kar marga pêrnahing nagri/ dadya lampah ing margi/ tansah kinarya lalakun/ nênggih samarga-marga/ tan pêgat dennya prihatin/ yen sampuna wontên yayi Senabrata//

“Ibu, perjalanan kami sungguhlah sebuah perjalanan yang penuh keprihatinan. Wajarlah, kami memang belum paham benar dimana letak negara tujuan kami.  Oleh sebab itu, dalam perjalanan kami berkali-kali menemui halangan. Bila saja Dinda Senabrata tidak ikut bersamaku,

13. // Jêng ibu pandugi kula/ putranta tan tulus urip/ yata kang ibu sadaya/ sarêng mirêng kang pawarti/ samya luhira mijil/ kang putra tandya rinangkul/ Sang dyah Kêncanawatya/ sru ketang trêsnaning siwi/ Radyan Sena rinangkul tankêna têbah//

kuperkirakan aku tak mungkin dapat tetap hidup dengan selamat”. Para ibu yang mendengar penuturan Surati, merasa terharu hingga meneteskan airmata. Putranya pun segera dirangkul. Terlebih lagi Dewi Kencanawati, karena rasa sayangnya pada putranya, Raden Senabrata dirangkul erat bagai tak ingin pisah.

14. // gya matur Radyan Suratya/ punika Jêng ibu nênggih/ prapta kawula nagara/ anjujug wismaning mantri/ Kadiman kang wawangi/ Ngabehi Jagati mungguh/laju katur kawula/ punika ingkang angirit/ wusnya kunjuk kawula dhatêng Sang Nata//

Raden Surati meneruskan ceritanya, “Sesampainya hamba di ibukota negara, hamba singgah di kediaman menteri negara Kakbahbudiman yang bernama Ngabehi Jagati. Ia pula yang mengantarkan hamba menghadap untuk mengabdikan diri pada sang raja

15. // winor lawan punakawan/ asring-asring den timbali/ tiniti niskara hamba/ kawula matur sayêgti/ awit pun yayi nangis/ minta jamang gêlang kalung/ ningalimring kawula/ kados wontên kraos galih/ dene hamba yen mênggah dede Narendra//

bersama dengan para abdi lainnya. Hamba pun dipanggil dan ditanyai. Hamba mengatakan apa adanya bahwa hamba mengabdikan diri semata untuk memenuhi permintaan dari adik hamba yang menangis meminta jamang, gelang, dan kalung. Tapi, saat hamba memandang pada sang raja, terasa di batin hamba, seandainya saja beliau bukanlah seorang raja,

16. // Sang Prabu Kakbahbudiman/ ngong wastani kadang mami/ pun kakang Panambangraga/ (174r)mokale madêg narpati/ dennya niti mring mami/ dereng dumugi andangu/ kasêlak paring brana/ kadya wêlas mring pun yayi/ ywa ta lajêng milar minta kang busana//

Sang Prabu Kakbahbudiman ini hamba kira saudara hamba, Kanda Panambangraga. Tapi sejurus kemudian hamba pikir itu sangatlah mustahil karena yang hamba hadapi adalah seorang raja. Belum sampai lama memeriksa hamba, sang raja buru-buru menyerahkan segala perhiasan ini, seolah iba pada keadaan Dinda Kasiyan jangan sampai ia terus menangis meminta busana.

17. // ngong tinundhung gal-enggalan/ nanging kinen aglis bali/ mring nagri Kakbahbudiman/ tambuh karsane Narpati/ kang ibu manabda ris/ lah age baliya kulup/ yen dinangu mring Nata/ aturira den angênting/ Dyan Surati tuwin Raden Senabrata//

Hamba lalu diperintah untuk segera pulang, dengan catatan harus segera kembalike negara Kakbahbudiman. Entah, apa yang dikehendaki oleh sang raja”. Sang ibu pun bersabda lembut, “Kalau begitu, segeralah kau kembali, Nak. Bila Sang Prabu bertanya, jawablah dengan runtut dan lengkap”. Raden Surati dan Raden Senabrata pun

18. // mangkat saking padhêkahan/ datan kawarna ing margi/ prapta ingKakbahbudiman/ anjujug nataring puri/ kapriksa ing Narpati/ tinimbalan marseng ngayun/ Dyan kalih prapteng ngarsa/ mabukuh ko[n]jêm ing siti/ Sri Narendra/ tan samar ing driyanira//

segera berangkat dari pondok mereka. Tidak diceritakan bagaimana perjalanan mereka. Singkatnya, mereka telah sampai di Kakbahbudiman dan langsung menaiki tangga menuju istana. Kedatangan mereka diketahui oleh sang raja dan  mereka pun diperintahkan untuk maju menghadap. Sesampainya di hadapan sang raja, keduanya duduk takzim dengan kepala tunduk ke tanah. Sri Paduka merasa sangat yakin dalam hatinya

19. // ningali Radyan Suratya/ sayêkti lamun kang rayi/ pagêlira kadang garwa/ alon Sang Nata nabda ris/ lah ta kulup Surati/ den wêca sira satuhu/ kadangmu karonira/ bakune têka ing ngêndi/ lawan sapa sudarmamu kang sanyata//

bahwa Raden Surati adalah benar adiknya. Sang raja pun bersabda pelan, “Wahai kau Nanda Surati, berterus teranglah padaku, kau dan kedua saudaramu semula berasal dari mana dan siapakah orangtua kalian yang sesungguhnya,

20. // ing ngêndi pinangkanira/ apa asal wana yêgti/ kang tinanya matur nêmbah/ dhuh Gusti Sri Narapati/ kadang hamba kakalih/ pun Kasiyan saking ibu/ kusuma Rayungwulan/ putri saking Wandhansari/ kang punika sing ibu Kêncanawatya//

di mana tempat tinggal kalian? Apakah benar kalian berasal dari hutan?”. Yang ditanyai pun menyembah dan menjawab, “Duhai Tuanku Sang Raja, perihal kedua saudara hamba, Kasiyan beribukan Dewi Rayungwulan dari Wandhansari. Sedang saudara hamba yang satu ini ibunya bernama Dewi Kencanawati

21. // putri sing Bentalmukadas/ dene pun ibu pribadi/ Purbaning[sih] kang kusuma(-1)/ putri sing Ngêsam nagari/ wontên kadangong malih/ saking Bagêdat Jêng ibu/ ngran Dewi Ambarwulan/ Dyan Gondakusuma wangi/ nging wus murca binêkta ing duratmaka//

dari Betalmukadas. Ibu hamba sendiri bernama Dewi Purbaningsih dari negara Ngesam. Sebetulnya hamba memiliki seorang saudara lagi yang lahir dari putri asal Bagedat bernama Dewi Ambarwulan, ia bernama Raden Gandakusuma. Namun, ia telah hilang diculik oleh seorang penjahat”.

22. // dereng dugi aturira/ wau Ra[ha]dyan Surati(-1)/ gêpah Sang Nata tumêdhak/kang rayi rinangkul aglis/ ngêmu waspa Sang Aji/ sêrêt pangandikanipun/ lah yayi iya ingwang/ kadangmu kang mugsweng latri/ tuk nugraha madêg neng Bakdiman praja//

Belum sampai tuntas penuturan Surati, sang raja segera turun dari singgasananya. Adiknya dirangkul erat. Airmata terkembang di pelupuk mata. Dengan suara parau dan terbata-bata karena menahan haru, sang raja berkata, “Duhai, Dinda. Akulah saudaramu yang hilang di malam hari itu. Aku beroleh anugerah sehingga dapat menjadi raja di negara Kakbahbudiman”.

23. // anjrit Rahadyan Suratya/ ngrangkul padaning Narpati/ dhuh kakang mas Prabu tan nyana(+1)/ Tuwan kapanggih basuki/ Dyan Senabrata tuwin/ angrangkul mring raka Prabu/ datan wignya karuna/ bêkah-bêkuh ngusweng kang sih/ dangu dennya pêngkul-pinêngku(175v)l kaswarsa//

Raden Surati menjerit dan merangkul kaki sang raja seraya berkata, “Aduhai Kanda Prabu, sungguh aku tak mengira dapat bertemu Tuan dalam keadaan selamat”. Raden Senabrata pun ikut merangkul kakandanya. Namun, karena ia tak bisa menangis, ia pun hanya merintih pelan. Cukup lama mereka saling rangkul dan dekap dalam suasana penuh haru.

24. // sawusnya lênggah sang Nata/ ri kalih sumiweng ngarsi/ manis ngandika Sang Nata/ paran yayi Bandaralim/ sira lan ibu sori/ kengsêr marang wana samun/ miwah sapungkuringwang/ kaya paran Jêng rama Ji/ Dyan Surati umatur sarwi mundrawa//

Setelah itu, sang raja pun kembali duduk. Kedua adiknya duduk di hadapannya. Sang raja berkata lembut, “Dinda, bagaimana keadaan Bandaralim hingga kau dan para ibu menyingkir ke hutan yang sepi? Dan, bagaimana keadaan Ayahanda Prabu sepeninggalku?”. Raden Surati menjawab sambil menyembah,

25. // mênggah sakpêngkêr Panduka/ Jêng rama Sri Senapati/ kyating dennya manonbawa/ ginubêl ibu Sang Aji/ dadya kesah ing latri/ lan ibu dyah Ambarsantun/ satunggil tanpa wadya/ sapêngkêripun rama Ji/ pun Têkiyur Jong Biroji saha bala//

“Sepeninggal Paduka, Ayahanda Sri Senapati yang demikian iba pada ibu Paduka yang terus-menerus memohon (untuk mencari Paduka) pun pergi di malam hari bersama dengan ibu Dewi Ambarsantun. Mereka pergi tanpa pengawalan sama sekali. Sepeninggal Ayahanda dan Ibunda, Tekiyur dari Jong Biraji beserta pasukannya

26. // dhatêng Bandaralim praja/ nêdya ngrisak Jêng rama Ji/ Jêng rama sêpi tan ana/ wadyabala Bandaralim/ tan nêdya lawan jurit/ mila karoban ing mungsuh/ sami nungkul kewala/ satêngah kesah ing latri/ hamba lawan Jêng ibu-ibusadaya//

datang di Bandaralim hendak berbuat aniaya pada Ayahanda Prabu. Namun, kemudian ia menemukan bahwa Ayah telah pergi dari istana. Seluruh pasukan Bandaralim memilih untuk tidak melakukan perlawanan karena jumlah pasukan lawan terlampau banyak. Akhirnya, pasukan Bandaralim menyerah. Sebagian yang lain meloloskan diri di malam hari. Hamba dan para ibu

27. // siniwêr neng papungkuran/ kirang kêdhik den pêjahi/ mung nganti kang samya wawrat/ gya ulun kesah ing latri/ mêdal ing margi warih/ bêgta Kangjêng ibuibu/ sarêng prapta ing wana/ ambabar Jêng ibu kalih/ gya tutruka têmah ngong ngabdi Panduka//

ditawan di bagian belakang istana. Kami nyaris dibunuh, hanya tinggal menunggu para ibu yang tengah mengandung tiba saatnya melahirkan. Hamba pun berusaha meloloskan diri di malam hari melalui saluran air bersama dengan para ibu. Sesampainya di hutan, kedua ibu yang tengah mengandung, melahirkan. Kami pun membuat pondok di hutan sampai akhirnya hamba berdua mengabdi pada Paduka”.

28. // angrês ing driya Sang Nata/ myarsa turing Dyan Surati/ praka[m]pita arkamaya/ bêndu mring Jong Biraji(-1)/ ingampah srênging galih/ wêkasan ngandika arum/ ge yayi aturana/ Kangjêng ibu-ibu sami/ sun kantheni wadya tanapi wahana//

Sang Raja pilu hatinya mendengar laporan Raden Surati. Ia bergetar marah pada Raja Jong Biraji. Tapi ia berusaha menahan amarahnya. Ia pun bersabda lembut, “Lekas Dinda, persilahkan para ibu. Aku akan menyertakan pasukan dan kendaraan”.

29. // Dyan Surati matur nêmbah/ Sang Nata prentah mring Patih/ Dyan Mustal minta bupatya/ kakalih lan para mantri/ mêthuk dyah prameswari/ saha wahana Jêng Ratu/ joli jolang jêmpana/ tanapi Radyan kakalih/ sinaosan turongga wusana budhal//

Raden Surati menyembah. Sang Raja pun memerintahkan kepada Raden Mustal agar mengirim dua orang bupati dan para menteri untuk menjemput Permaisuri dengan membawa kendaraan untuk Sri Baginda Ratu berupa tandu-tandu besar yang beratap menyerupai atap rumah. Kedua adiknya diberi tunggangan berupa kuda. Para utusan pun segera berangkat.

30. // nanging Radyan Senabrata/ tan arsa manitih wajik/ akêdah dharat kewala/ prandene malah dhingini/ sing jangkahe lumaris/ datan kawarna ing ngênu/ prapta dhêkah ing wana/ Dyan kalih marêg bu sori/ sampun katur sadaya pandangonira//

Hanya saja Raden Senabrata kemudian tidak mau menunggang kuda. Ia memaksa berjalan kaki yang akhirnya malah mampu mendahului yang lain karena langkah-langkahnya yang lebar dan cepat. Tak diceritakan dalam perjalanan, akhirnya mereka sampai di pondokan mereka di hutan. Kedua raden menghadap ibu suri. Seluruh pertanyaan

31. // Sang Nata Kakbahbudiman/ myang aturira Dyan Siwi/ tuhuning kang madêg nata/ yêgti jêng Pangran Dipati/ putra ing Bandaralim/ nêlas saniskaranipun/ katur mring ibu samya/ sang dyah tri suka ing galih/ nu(176r)li mangkat anitih jolang jêmpana//

Sri Baginda Kakbahbudiman beserta jawaban yang diberikan oleh Raden Surati telah disampaikan pada sang ibu. Demikian pula dengan kabar bahwa sesungguhnya sang raja memang Kanjeng Pangeran Adipati putra Bandaralim. Kabar tersebut jelas membuat gembira para ibu. Mereka pun segera berangkat dengan naik tandu-tandu.

32. // jajari samarga-marga/ Dyan Senabrata neng ngarsi/ Dyan Surati munggeng wuntat/ tanapi bupati mantri/ kunêng lampahing margi/ Kakbahbudiman wus rawuh/ têdhak sangking wahana/ dyah tiga catur kang siwi/ manjing pura pinêthuk dening Sang Nata//

Tandu-tandu berjajar sepanjang jalan. Raden Senabrata berada di baris depan, sedang Raden Surati berada di belakang bersama dengan para bupati dan menteri. Akhirnya, mereka pun sampai di Kakbahbudiman. Turun dari kendaraan, tiga ibu beserta empat putranya masuk ke dalam istana dan dijemput oleh sang raja

33. // miwah Sang dyah Sarirasa/ myang Sariraga Sang Dewi/ tanapi garwa biyada/ duk cundhuk Sri Narapati/ pra ibu ngrangkul sami/ sarêng karuna dyah Ratu/ miwah Dewi Kasiyan/ nungkêmi raka Narpati/ tan kinandha mangusweng wilangun trêsna//

bersama dengan Dewi Sarirasa, Dewi Sariraga, para istri, dan abdi perempuan. Ketika bertemu dengan Sri Baginda, para ibu pun merangkul bergantian seraya menangis. Demikian pula Dewi Kasiyan. Ia menyembah kaki kakandanya menghaturkan segala rindu kasihnya.

34. // sigra malbeng dhatulaya/ neng jrambah alênggah sami/ para ibu prameswari/ sinunggun-sunggun Sang Aji/ Narpa mangsah ngabêgti/ antigan titiga Ratu/ myang Sang dyah Sarirasa/ lan Sariraga Sang Dewi/ atur bêkti mring ibu tri prameswara//

Setelah itu, mereka semua masuk ke dalam istana dan duduk di halaman istana. Para ibu permaisuri benar-benar dimuliakan oleh sang raja. Sri Baginda menghaturkan bakti pada ketiga Ratu bersama dengan Dewi Sarirasa dan Dewi Sariraga yang juga menghaturkan bakti pada ketiga ibu permaisuri.

35. // sampun jinarwan lirira/ ingkang para ratu sami/ suka dyah ratu titiga/ ningali putra yu sami/ Sang dyah Kasiyan nuli/ ngabêgti raka Sang Prabu/ dangu tankêna pisah/ kagagas rehing kaswasih/ lan kengêtan kang rama panusulira//

Setelah para ibu mengetahui bahwa kedua putri yang menghaturkan bakti pada mereka adalah para permaisuri sang raja, para ibu permaisuri merasa senang melihat menantunya yang sangat cantik. Dewi Kasiyan pun kemudian menghaturkan bakti pada kakandanya, cukup lama bagai tak ingin pisah. Dalam hati, sang raja sangat sedih teringat pada ayahandanya yang pergi menyusul dirinya.

36. // wusira ngabêkti raka/ gya mring ipe [a]ngabêkti(-1)/ kayungyun dyah Sarirasa/ mring rêtna Kasiyan Dewi/ dene warna yu luwih/ sêmu gungan ambêgipun/ wusira tata lênggah/ Sang Nata sigra nimbali/ Dyan Suratya lan ari Dyan Senabrata//

Setelah menghaturkan bakti pada kakandanya, ia pun melakukan hal yang sama pada ayunda iparnya. Dewi Sarirasa jatuh hati melihat Dewi Kasiyan. Ia demikian cantik, manja, memikat. Setelah mereka semua duduk, sang raja pun memanggil Raden Surati dan Raden Senabrata.

37. // prapteng ngarsa anor raga/ neng tratag genira nangkil/ tan paja ngliring pra kênya/ ketung supeling praja di/ ngira Dyan sena nênggih/ tan raringan dennyalungguh/ gya majêng kang saosan/ dhahar dhadhaharan asri/ kêmbul boja mangun pirênaning driya//

Keduanya pun menghadap dengan takzim di emper pelataran. Mereka takhentinya mencuri pandang pada para perempuan yang ada di istana. Mengira bahwa Raden Senabrata mulai tak tenang duduk, hidangan pun segera disajikan dan mereka pun makan bersama sambil saling menuntaskan rindu.

38. // dumugi denira dhahar/ wusira Sri Narapati/ gya miyos lênggah ing batal/ ri kalih sumiweng ngarsi/ gya imbali Kya Patih/ Dyan Mustal prapta ing ngayun/ Sang Nata angandika/ kakang sira sun timbali/ undhangana wadyengsun Bakdiman praja//

Seusai makan bersama, Sri Baginda segera keluar ke balai penghadapan. Kedua adiknya duduk di hadapannya. Sang  raja kemudian memanggil Kyai Patih. Sesampai Raden Mustal di hadapan, sang raja pun berkata, “Kanda kau kupanggil untuk menyampaikan titahku pada seluruh kawula di negara Kakbahbudiman,

39. // datan angarani janma/ larangan mlaku sarimbit/ jalu kêlawan wadonnya/ cêkêlên aturna mami/ sandika Dyan Patih(-1)/ gya mêdal suwareng wadu/ mubêngbêndhe (177v)tinêmbang/ gya jêngkar Sri Narapati/ kalih Radyan pinêrnahkanthine raka//o//

siapa pun orangnya, kularang untuk berjalan berpasangan laki-laki dan perempuan. Bila ada yang menemukan semacam ini, tangkap dan hadapkan padaku”. Raden Patih menyembah dan keluar bersama pasukan berkeliling menabuh tambur. Sri Baginda pun meninggalkan penghadapan disertai kedua raden sebagai pengawal bagi kakandanya.

Bersambung Pupuh XXXV – XXXVII

SERAT GANDAKUSUMA Pupuh XXVIII – XXXI


PUPUH XXVIII
=== S I N O M ===

1. //o// Baya nora isin mana/ rinubung sakeh prajurit/ tur lagya umangsah ing prang/ têka ambêge dhumiri/ polah(149v)e lir wong ngimpi/ sakêdhap anjaluk ambung/ kaya wong gêgêmblungan/ neng hotel amain-main/ ngêtog bungah têledhek kalawan bujang//

“Sungguh tak tahu malu. Di depan para prajurit, dan dalam suasana maju perang, kau berbuat seenakmu sendiri. Seperti orang yang tengah mengigau. Sebentar-sebentar meminta ciuman. Tingkahmu sungguh seperti orang yang tak waras! Serasa sedang berada di hotel, bersenang-senang tanpa henti. Seorang penari tledhek dan seorang bujang!

2. // lanangane nora layak/ lir wong têmbe amiyarsi/ têka nora milih papan/ neng paprangan ngajak gasik(?)/ gêlathak manthuk manthing/ nora lali nyiwêl susu/ sêdhene menthelira/ malah mesêm nora isin/ kaya uga patut dadi gagonjakan//

Laki-laki tak pantas, seperti baru saja melihat sampai-sampai tak bisa memilih tempat yang baik! Di tengah peperangan malah mengajak berbuat. Banyak tingkah, manggut-manggut, meminta terus, tidak lupa mencolek-colek payudara! Perempuannya juga sangat gatal! Malah senyum-senyum tak tahu malu, sepertinya kau lebih pantas menjadi pelacur!”.

3. // sebêtbyar dyah Sarirasa/ kêrnanya kadya sinêbit/ dhêku matur Sri Narendra/ dhuh Sinuwun Adipati/ hamba pêthukne Gusti/ Kalpikawati puniku/ cangkême amamanas/ Sri Narendra anganthuki/ sarywa minta aksama jampining brongta//

Ketika itu Dewi Sarirasa yang mendengar cacian Kalpikawati, telinganya serasa diiris. Ia pun menunduk dan berkata pada sang raja, “Duhai Paduka Adipati, hamba mohon pamit menyongsong Kalpikawati, Paduka. Kata-katanya benar-benar membuat hati panas”. Sang raja memberi izin dengan terlebih dahulu memohon sekedar pelepas rindu asmara.

4. // kusuma alon amucang/ sinungkên mujung(mulung?) sing lathi/ dangu ngêcêb sêp mangaras/ kusuma mlerok ngêndhani/ nyêtlek sarya nyamêthi/ kuda lumêpas wus rawuh/ Sang dyah Kalpikawatya/ esmu wirang ing pangesthi/ Sarirasa akrasdenira ngandika//

Sang dewi pun mencondongkan badannya seraya mengulurkan tangan. Mereka pun berciuman. Lidah bertemu lidah, mereka bercumbu lama. Kalpikawati melirik menghindar untuk menatap. Ia pun menghentak kuda seraya mencambuknya. Kuda pun berlari kencang dan tak lama mereka pun bertemu. Dewi Kalpikawati merasa malu dalam hatinya. Dewi Sarirasa berkata keras,

5. // yen tambuh sira Kalpika/ ya iki Pangeran mami/ jumênêng dipa[ti]ning rat(-1)/ ing Kakbahbudiman nagri/ Prabu Anyakrawati/ murweng rat sudibyeng punjul/ kasub kaonang-onang/ ing praja datanpa tandhing/ bagusira miwah yen marneng asmara//

“Bila kau ingin tahu Kalpikawati, inilah pangeranku! Ia bertahta sebagai raja besar di negara Kakbahbudiman. Ia seorang raja agung yang tersohor di seluruh dunia tanpa tanding, baik ketampanannya maupun keterampilannya dalam berolah asmara.

6. // ya Prabu Gondakusuma/ kêng antuk bantang ginaib/ atas sing Kumêndur Alam/ Lidêr ing dalêm sawargi/ kaciri nukat gaib/ tondha pusakaning ratu/ sêdene ta manira/ têtimbange nyakrawati/ aneng Kakbah kusuma Sarining rasa//

Ia-lah Prabu Gandakusuma yang berhasil mendapatkan benda-benda gaib atas berkah sang Komandan Alam, penguasa surgawi berciri pusaka gaib sebagai pegangan raja. Sedangkan aku adalah pendamping sang raja agung di Kakbahbudiman, Sarirasa.

7. // aja dahwen sira lanat/ wong trêsna marang ing laki/ sakgon-gon prêduli apa/pangucapmu mambu ati/ layak kapengin laki/ oleh wong bagus kadyengsun/kopar kinarya apa/ neng dunya ngrêgêdi bumi/ wus kêtara/ lelejêm arsa nubruka//

Jangan kau turut campur urusan kami, laknat! Perduli apa tentang tempat bila seorang perempuan cinta pada pasangannya! Mengapa ucapanmu demikian bernada sirik! Kau pasti iri ingin menikah dengan seorang pria tampan seperti yang telah kualami. Orang kafir tak berguna! Di bumi hanya mengotori saja! Terlihat dari sorot matamu, kau bernafsu untuk menubruk!

8. // layak neng dhangkamu kana/ sira ora payu laki/ mulane kaya nubruka/ kêpengin kudu anyandhing/ atinira tan isin/ cumalathak kudu ngêrbut/ ngêrbut ra ngajak sobat/ mêrsobat lawan wong sigit/ nora aweh sun aweh ngêpruk das [n]dika//

Pantas saja, di negaramu kau pasti tak laku! Oleh karena itu kau tak sabar menubruk ingin lekas-lekas bersanding! Hatimu tak mengenal malu! Selalu iri dan ingin merebut milik orang lain! Tak peduli dengan sahabat maupun sanak saudara! Semata karena kau ingin menjalin hubungan dengan pria tampan! Tak kau beri, kuberi pukulan tepat di kepalamu!!

9. // sae-saene agêsang/ luwung malbua ing tangsi/ ora tanggung dadi ala/ yen tuwuk ingkang rijiki/ bo(150r)sên bondha salaji/ lumêbua rumah baru/ mêsthi ana sadaya/ tur pêpak sasiringani(?)/ nora suwe rinêbut Cina sêdasa//

Sudah paling bagus untukmu jika hidup. Lebih baik kau masuk ke dalam tangsi, tidak tanggung-tanggung jika ingin menjadi jelek! Bila sudah puas mendapatkan rezeki dan bosan dengan harta yang kau dapat di sana, masuklah ke rumah yang baru, pasti semua ada untukmu dan lengkap. Tak lama kau akan dikerubuti sepuluh Cina”.

10. // bêrmantya dyah Sarirasa/ sigra nglêpasi jêmparing/ tumameng jajanira dyah/ Sarirasa datan esik/ lidok si lanat kapir/ gêbanjur panasing kalbu/ kênesi êntekêna/ sagêndhingmu sun tadhahi/ Kalpika kras ngudankên sênjata dibya//

Dewi Sarirasa sangat marah. Ia pun dilepasi panah. Panah terkena dadanya, namun Dewi Sarirasa bergeming. “Ternyata hanya sampai di situ kemampuanmu, laknat kafir!”. Hatinya semakin panas, ia kembali berteriak, “Hei, perempuan gatal, ayo, kerahkan seluruh daya dan kekuatanmu, akan kuhadapi!!”. Dewi Kalpikawati kian bertubi-tubi menghujani lawannya dengan pusakanya yang sakti.

11. // kusuma Sarining rasa/ têguh saku(?) datan osik/ Kalpika enggal umiyat/ sudibyane tanpa kardi/ rikat pêdhang tinarik/ jumangkah pêdhang tumêmpuh/ Sarirasa tan obah/ pinêdhangan wanti-wanti/ Kalpika kras nêbda lah mendes malêsa//

Dewi Sarirasa tetap teguh tak bergerak. Dewi Kalpikawati yang melihat kesaktiannya tak berefek pada musuhnya, segera menarik pedangnya, sambil mendekat ia menyerang dengan pedangnya. Berkali-kali ia menyerang Sarirasa dengan pedang, namun Sarirasa tetap bergeming. Kalpikawati berkata keras, “Ayo, perempuan nakal, balaslah serang aku!!”.

12. // sumaur Sang Prabu Rara/ tekêna gêndhingmu dhingin/ apa kang ana ing sira/ kênes tamakna ing kami/ sarya nyabêt camêthi/ dhasing kuda kaget mamprung/ sing wuri tinututan/ jêmparing githoke kêni/ dyah Kalpika malêsat tibeng buntala//

Sang Prabu Dewi menjawab, “Sudahlah! Kerahkan segala dayamu dulu! Kerahkan semua yang ada padamu, perempuan sundal! Serang aku!”. Kalpikawati segera meyabetkan cemetinya ke kepala kudanya. Kuda yang terkejut segera melesat. Dari belakang, Sarirasa mengikuti. Ia lepaskan panahnya tepat mengenai tengkuk Kalpikawati. Kalpikawati terjungkal jatuh ke tanah.

13. // pan amung lênggah kewala/ nging kantêp osiking galih/ kondhore dados sira(-1)/ têmbe nora anganaki/ sebêtbyar rêtna Dewi/ awungu cêk nyandhak lawung/ mangsah dharat tinêrjang/ winaos kudanya kêni/ kuda giwar pinêpêg dadya angêntrak//

Kalpikawati terduduk. Dalam hati masih tersisa sedikit keberanian. Ia pun bangkit dan meraih tombak, kuda yang menerjang dihentikannya dengan tombak dan segera ia naik ke keduanya dan menghentak.

14. // mungsuh rowang surak gumrah/ têtêge awanti-wanti/ samana KangjêngSudibya/ kang garwa dipun pêpêki/ ngêntrak ponang turanggi/ anglir Kangjêng Nabi Yusup/ kala miyos kalagan/ saha marna gunging dasih/ gêbyar-gêbyar tuhu mamanoning jagad//

Baik musuh maupun rekan semua bersorak-sorai. Ketika itu, sang raja mendekati istrinya. Ia menghela kudanya. Bila dipandang ia bagai Nabi Yusuf yang tengah masuk ke arena perang. Seluruh pasukan memandang penuh kekaguman, berkilau-kilau bagai matahari.

15. // sing amulat tênglêng brongta/ duk panggih lan kusuma di/ patut pasanging grahita/ rarase pudya ngêrsêpi/ matur kusumeng puri/ dhuh Pangeran sampunsampun/ nyêpaki wong lagya aprang(+1)/ manawi kasambêr ngangin/ men sudaa bobote saking sasana//

Mereka yang melihat tertegun dalam rasa cinta. Saat ia bertemu dengan sang dewi, sungguh sangatlah patut dipandang mata, sedap menyenangkan. Sang dewi berkata, “Aduh, Pangeran. Janganlah kau mendekati orang yang tengah berperang. Jika kau tersambar karena musuh menghendaki kita kekurangan,

16. // sintên ta ingkang kelangan/ gih mung cethine puniki/ yêgtose yen rinêbuta/ wong Dustam sundêl kêmini/ watose ati mami/ Pangran yen lajêng tinubruk/ sêmune wus kêtara/ solahe mamanas ati/ Sri Narendra mangras binarunging sabda//

siapakah yang akan merasa kehilangan, jelas hamba yang akan kehilangan. Apalagi jika Paduka sampai direbut oleh perempuan sundal dari Dustam itu, hamba sangat khawatir. Bisa saja tiba-tiba Paduka akan diterjang, karena gelagatnya telah terlihat. Tingkahnya demikian memanaskan hati”. Sang raja mencium istrinya seraya bersabda,

17. // adhuh gustiku Bêndara/ kêng ora-ora ginalih/ mendah kaya makotêna/ sun engêt ing nguni-uni/ tan liwat wong akuning/ kang sun pudya-pudyarjeng kung/ kang arih dasih papa/ tinandhing (151v)nega mondra dite amanah mêngkana(i) (+7)//59 (-1)

“Duhai Tuanku, jangan berpikir yang bukan-bukan. Tidak mungkin kejadiannya akan seperti itu. Aku ingat betul segala kejadian yang telah terjadi dahulu. Tak ada yang terlewatkan, sayangku yang kupuja-puja penuh cinta. Kau adalah penawar hamba yang dirundung sengsara. Jangan kau berpikir demikian”.

18. // Kalpikawati duk myarsa/ pangungrume Sri Bupati/ kumênyut kadya sinêndhal/wimbuh bêrmantyaning galih/ sakala nyipta bahning/ sakêdhap gêni tumêmpuh/ wong Eslam bubar-bubar/ kasulak ulading agni/ bahning mubal tumampêgnukmeng wireng prang//

Saat Kalpikawati mendengar rayuan sang raja, hatinya bergetar bagai dipukul. Kemarahannya kian bertambah. Dengan kesatian yang dimilikinya, ia pun mendatangkan api. Hanya sekejap saja, api pun berkobar menyerang pasukan Islam. Bala tentara Islam kocar-kacir karena terkejar kobaran api. Api berkobar hebat menyerang seluruh perwira yang ada di medan pertempuran.

19. // kusuma Sarining rasa/ kêlawan Sri Narapati/ dangu neng jroning pawaka/ sêgti sakudanya kadi/ gêsêng pendah ningali/ wong kapir surak gumuruh/ yata kusumaning rat/ nyipta pêrbawanya mijil/ udan adrês lesus mangêsus ruhara//

Dewi Sarirasa dan Sang Prabu terkurung dalam kobaran api untuk waktu yang lama. Pasukan kafir bersorak riuh karena mengira kedua musuh dan kuda mereka telah hangus terbakar. Sang dewi segera mengerahkan kesaktiannya dengan mendatangkan hujan deras disertai angin kencang.

20. // nêmpuh mring pawaka singsal/ binucal katut ing angin/ blas sirna katon manglela/ kusuma lawan Nêrpati/ gilar-gilar kaeksi/ kadya mas wimbuh sinêpuh/ sonar jwalanya limpat/ surêm Sang Yang Adipati/ cahya mulya nuring rat sestu nugraha//

Hujan deras menyaput api. Angin kencang kian membawa jauh api hingga sirna tak terlihat. Akhirnya, yang tampak jelas hanyalah sang dewi dan sang raja. Mereka terlihat bersinar, bagai emas yang kian cemerlang sehabis disepuh, cahaya mereka kian terpancar. Matahari pun tampak suram, tertutup cahaya kemuliaan alam yang sejati. 

21. // sêksana kusumaning rat/ bêrmantyanira tan sipi/ ngagila-gila Kalpika/ pêksangluwihi sabumi/ pêdhangira tinarik/ gya ngêtap kudanya mamprung/ sinabêt dyah Kalpika/ wok jongga murda gumlinting/ kapisanan sirah cinuwat atêbah//

Sang dewi sangat marah. Ia geram dengan Kalpikawati yang menyerang membabibuta seolah ingin melebihi semua orang di dunia. Sang dewi pun menarik pedangnya dan menghela kudanya melesat. Dewi Kalpikawati disabetnya hingga lehernya putus dan kepalanya jatuh menggelinding. Segera kepala Kalpikawati diraih dan dilemparkan

22. // tibeng ngarseng Nateng Bustam/ Sri Kusmar gêglêg ing galih/ wadya gung miris sadaya/ ilang ta banthenging jurit/ sebêtbyar Sri Bopati/ cak amusthi agêmira pupuh(+2)/ gada wrat sewu kati mas(+1)/ wus kawrat praboning jurit/ neng dipongga jênggarang kadya gupala//

hingga jatuh di hadapan Raja Bustam. Sri Kusmar tertegun. Seluruh pasukan merasa miris dengan robohnya sang perwira perang. Setelah mendapatkan kembali kesadarannya, sang raja pun segera mengenakan busana perangnya dan memanggul senjatanya berupa gada seberat 1000 kati yang terbuat dari emas. Setelah segala kelengkapan perang kebesaran siap, ia pun menaiki gajah. Ia terlihat garang bagai gupala.

23. // manrêgakên palwaga kras/ Prabu Gondakusuma di/ pamit garwa arsa mangsah/ ing rana rinajeng kapti/ kuda mêndhap pan ririh/ rêspati sakêthi mungsuh/ cêkak wus yun-ayunan/ eram Sri Dustam Nêrpati/ wruhing warna ketang sênênging wardaya//

Ia pun segera mengarahkan tunggangannya kencang-kencang. Prabu Gandakusuma berpamitan pada istrinya untuk maju ke medan pertempuran. Kuda sang raja berderap pelan. Pasukan musuh melihat penuh kagum. Pendeknya, mereka telah saling berhadap-hadapan. Sang Raja Dustam terperanjat melihat wujud musuhnya. Ia pun mendadak merasa gembira.

24. // Sri Kusmar alon wuwusnya/ heh sira Sri Narapati/ tuhu kêkêmbanging jagad/rêspati warnamu sigit/ maksih nom tur apêkik/ susela trus cahya mancur/ aja mungsuh lan ingwang/ owêl yen nêmahi pati/ yogya kramat benjang sun karya lanangan//

Sri Kusmar berkata pelan, “Hai kau Raja yang menjadi bunga bagi negaramu, wajahmu demikian tampan dan sedap dipandang. Kau muda dan rupawan, halus dan bercahaya. Jangan kau melawanku. Sesungguhnya aku merasa berat jika kau sampai tewas. Lebih baik kau tunduk, kelak kujadikan kau pria andalan.

25. // ing Bustam sabarang ana/ nyonyah-nyonyah ing[kang] edi(-1)/ otoport myang bendi siyan/ cundhuk goyang sun wenehi/ kêmbangan warni-warni/ apa ingkangsira pundhut/ najan gundhik manira/ sumongga kang asta kalih/ mung karyakna putra bagus kaya sira//

Di Bustam, apapun tersedia. Perempuan-perempuan cantik, mobil, hingga bendi, semua ada. Hiasan rambut atau bunga-bunga, akan kuberikan. Sebut saja, apa yang kau minta. Gundikku sekalipun, akan kuberikan semuanya hanya untuk seorang anak laki-laki yang tampan seperti dirimu.

26. // sun watara nora cuwa/ sira sobat lawan mami/ tur padha ratu utama/ Jêng Sri Gondakusuma di/ ngandika esmu runtik/ nora sotah kamrat ingsun/ dhapurmu kaya luwak/ caluthak ngêrgêti bumi/ kapir kawak kumawaki siblis lanat//

Kukira tak ada buruknya jika kau berdamai denganku. Lagi pula, kita sama-sama raja besar”. Sri Gandakusuma menyahut dengan marah, “Cih! Tak sudi aku! Wujudmu seperti luak! Kau rakus dan hanya membuat kotor di bumi! Kafir sejati, jangan sombong kau iblis laknat!!

27. // (152r)brahala pinudya-pudya/ sinêmbah sinami-sami/ wujude sang wasesa(-1)/ iku wong ………kên Nabi/ ukume den pateni/ unine saraking Rasul/ tan kaya sira Nata/ lumuh utamaning urip/ aneng dunya ngudi muktining sarira//

Berhala kau puja-puja, kau sembah-sembah! Padahal wujudnya sama saja, batu! Itu berarti kau mengingkari aturan Nabi, dan hanya hukuman mati yang pantas untukmu menurut aturan agama! Kau tidak peduli pada keutamaan hidup. Kerjamu di dunia hanya mengusahakan kesenanganmu semata!

28. // pira lawase neng dunya/ maksih lawas jaman pati/ langgêng nora kêna owah/ mung nikmating Ywang pinanggih/ wêkasan sira aji/ ngajak manjing naraka gung/ tan luwih sêdyaningwang/ ngukuhi saraking Nabi/ gêlêm sobat yen wus mocok murdanira//

Berapa lama sesungguhnya kita di dunia, masih lebih lama di akhirat yang abadi tak berubah. Nikmat dari Tuhan-lah yang kita harapkan. Sedang kau, kau malah mengajak ke neraka! Keinginanku hanya satu, tak lebih aku berpegang teguh pada aturan Nabi! Aku mau berdamai hanya jika kepalamu telah kupenggal!”.

29. // cinandhak ingkang mustaka/ tinabok Bustam gumlinting/ makutha singsal rumeyab/ dyan wungu gembel kang weni/ sagribêlaki malih/ tan pêgat den amengungrum/ dhuh-dhuh adhuh Bandara/ sapira denira manggil/ ulun trima kinaryaa palawija//

Kepala Sri Bustam segera diraih dan dihantam keras. Ia pun terpental jatuh. Mahkotanya terlepas. Ia bangun dengan rambut yang kusut bagai gembel. Kembali ia menerima serangan. Tak putus-putus ia merajuk, “Aduh Tuanku, seberapapun Paduka menghendaki, hamba rela mempersembahkan palawija.

30. // benjang yen prapteng nagara/ ing Bustam ingsun kauli/ bok Ratu sira kang gawa/ gagonjakan rina wêngi/ dadya benjang mêdali/ putra lanang tur abagus/ sigit kang kaya sira/ Jêng Sultan wimbuh duka glis/ cinamêthi Sri Kusmar krungkêb ing kisma//

Kelak, jika Paduka tiba di negara Bustam, akan kubuat upacara syukuran. Bawalah permaisurimu, pergaulilah ia siang malam agar nantinya ia melahirkan seorang anak laki-laki yang tampan seperti dirimu”. Kanjeng Sultan kian geram. Sri Kusmar disabetnya dengan cemeti hingga tersungkur di tanah.

31. // gêrana gêjik ing sela/ gubras rah dipun usapi/ sarikutan sarywa mara/ sinabêt camêthi malih/ kasingsal tibeng têbih/ Sang Nata kacêmplung sumur/ tansah dadya tulungan/ sêgsana siyageng jurit/ majêng ngrana Sri Bustam kawrat dipongga//

Hidungnya terantuk keras di batu hingga darah pun memancar keluar. Sang raja mengusapnya seraya berusaha mendekat. Sekali lagi Prabu Gandakusuma menyabetnya dengan cemeti hingga ia terpelanting jauh dan tercemplung ke dalam sumur. Para prajurit (kafir) siaga memberi pertolongan. Sri Bustam kembali memasuki arena laga menunggang gajahnya.

32. // nora ta lah Tambangraga/ tan kêna ginawe bêcik/ tadhahana gadaningwang/ Sri Dibya ngandika aris/ tibakna ta kapir(-1)/ Dustam kang gada tumêmpuh/ tibeng paris kumantar/ jumêbret lir glap sakêthi/ kuwat ingkang tumadhah rinêkseng Sukma//

“Tambangraga! Ternyata kau memang tak mempan diperlakukan dengan baik! Baiklah, terimalah gadaku ini!!”. Prabu Gandakusuma menjawab, “Segera hantam aku, hai kafir!”. Raja Dustam menghantamkan gadanya. Gada ditangkis dengan pisau hingga menimbulkan suara nyaring bagai seribu kilat menyambar. Atas pertolongan Tuhan, pisau Gandakusuma mampu menahan serangan gada musuh. 

33. // murup parisaning waja/ gung wadya kagyat miyarsi/ langkung saking kating aprang/ gumya latah Bustam Aji/ ngong sêngguh wor lan siti/ mêksih badhêngêl si bagus/ tuhu sira prawira/ arang kang kuwat nadhahi/ para ratu keh ajurkapikut gada//

Pisau baja menyala memercik hingga membuat terkejut para prajurit yang melihat. Mereka berperang demikian sengit. Raja Bustam tertawa terbahak-bahak, “Kuhantam hingga jatuh ke tanah, masih juga ia bangkit! Jarang ada yang kuat menerima hantaman gadaku. Raja-raja sekalipun hancur terkena gadaku ini”.

34. // ngandika Kangjêng Sudibya/ tekêna gêndhingmu kapir/ yen ingsun magsih rinêgsa/ dening Ywang kang murbeng bumi/ dêrma ingsun kinardi/ rana mupangating Rasul/ apa kêng ana sira/ Bustam tamakna ing kami/ padha ijen aja sira noleh wuntat//o//

Sang Maharaja berkata, “Ayo, kerahkan segala dayamu, kafir! Selama Tuhan Sang Penguasa Alam masih berjaga atas diriku, aku berperang demi membela ajaran Rasul, untuk itu apapun yang kau punya, hantamkan pada diriku! Ayo bertanding satu lawan satu. Jangan kau (meminta bantuan) menoleh ke belakang!”.

PUPUH XXIX
=== PANGKUR ===

1. //o// Bêrmantya Sang Raja Kusmar/ ngêntrog wêntis kang waja gathik(-2)/ mangikal gada sumiyut/ panjrah wrêksa kabêrbah/ sol kabuncang kêsrempet gada tumêmpuh/ tibane pindha prahara/ mandhêlong kang ponang bumi//

Raja Kusmar kian geram. Dipukulnya pahanya. Alisnya bersatu. Ia pun memutar-mutar gadanya. Pohon terbelah dan roboh terkena gada sang raja. Robohnya pohon menimbulkan prahara di bumi.

2. // pinutêr gadanira kya(153v)t/ aneng tawang gumrah suraking janmi/ rame tatabuhan umyung/ tinangkis gada kasingsal(+1)/ ing camêthi kapêksa rosa manubruk/ indha Kangjêng Sudibya kras/ tinampel camêthi glinting//

Sang raja kian kuat memutar gadanya. Para pasukan bersorak gemuruh. Segala tetabuhan dibunyikan. Prabu Gandakusuma mencoba menangkis gada dengan cemetinya seraya menghindar dari serangan gada. Terkena sabetan cemeti, gada pun terlempar.

3. // kurdha mangkrak mangsah dharat/ Rajeng Bustam sinipat ing jêmparing/ kataman waja Sang Prabu/ mêlsat katuting srawa/ langkung têbah dhawah têngahing wana gung/ ngabruki swara kumrapyak/ braja putung tingcarêngkling//

Raja Bustam bertambah murka. Ia pun dihantam dengan panah. Terkena hantaman panah baja, sang raja pun terpental jauh hingga jatuh di tengah  hutan belantara dan menimbulkan suara berisik. Senjatanya patah.

4. // ajur janma kang katiban/ Raja Kusmar dangu sangêt tan eling/ gêpah rinompa ing wadu/ dangu-dangu waluya/ mangsah malih dharat sarta sikêp ganjur/ duk pangguh lan Sri Sudibya/ sigra nêmpuh anglarihi//

Orang-orang yang tertimpa, pasti hancur. Lama Raja Kusmar tak sadarkan diri. Para prajurit segera mengusung tubuhnya. Lama-lama, sang raja pun tersadar. Ia pun kembali ke arena perang dengan bersenjatakan tombak. Segera setelah berhadapan dengan lawannya, sang raja mendaratkan serangan bertubi-tubi.

5. // tinangkis camêthi patah/ Raja Kusmar esmu miris ing galih/ sêgsana anarik dhuwung/ anggocot tan tumama/ saking dharat têkeng turongga Sang Prabu/ datan pasah kang curiga/ Sri Dibya sigra nyamêthi//

Kembali Prabu Gandakusuma menangkis dengan cemetinya. Patahlah tombak Raja Kusmar. Raja Kusmar merasa miris dalam hati. Ia pun menghunus kerisnya dan menusuk musuhnya berkali-kali. Namun, baik Sang Prabu Gandakusuma maupun kudanya sama sekali tak mempan pada serangan kerisnya. Segera Prabu Gandakusuma menyabetkan cemetinya.

6. // astane Kusmar manancrah/ Nateng kapir saya wringut(ngringut?) mangincih/ pêksa angrukêt ing pupuh/ myang asta kering mlawan/ Sri Sudibya amapankên turangganipun(+1)/ gya sinabêt Nateng Bustam/ kêpala pêcah ngêmasi//

Cemeti mengenai tangan Raja Kusmar hingga terluka parah. Raja kafir itu malah kian membabibuta menyerang dengan tangan kirinya. Segera Prabu Gandakusuma mengarahkan kudanya, dan pada saat yang tepat seketika Raja Bustam dipecut hingga kepalanya pecah dan tewas.

7. // surak gumuruh wong Eslam/ bala kapir para raja dipati/ duk wrin lena Dustam Prabu/ sêdya lumabuh ing prang/ barêng mangsah Sri Narendra dipun êbut/ tuwin Sang dyah Sarirasa/ tan kewran nadhahi jurit//

Bala tentara Islam kini bersorak riuh rendah. Bala tentara kafir dan para raja taklukan yang menyaksikan bahwa Raja Dustam telah tewas, berniat berbelapati dengan maju bersama-sama mengeroyok Prabu Gandakusuma dan Dewi Sarirasa. Namun, keduanya sama sekali tak bingung menghadapi serangan bersama itu.

8. // Kanekaputra brêmantya/ nyêrêgakên wadya mêngsah wong kapir/ kalangkung ramening pupuh/ mriyêm tigar kaliwat/ caruk watang gada bindi ting karêpruk/ sawêneh têndhang-tinêndhang/ cêngkah glut banting-binanting//

Kanekaputra naik pitam. Ia pun menggiring pasukan melawan pasukan kafir. Perang kembali berlangsung dengan amat sengit. Meriam berdentum hebat. Tombak, gada, dan pentungan saling beradu. Beberapa ada yang saling tendang. Ada pula yang bergulat dan saling banting.

9. // sawêneh ana tabokan/ tutunggangan jangkêp wong tundhung katri/ wong Eslam siji agêndhung/ gêlut lawan wong kopar/ mênang Eslam wong kapir pan cangkêmipun/ cinangar inguyuhan(-1)/ glagêpan dadya ngêmasi//

Beberapa ada yang adu jotos. Tunggangan pun juga turut berperang. Ada seorang anggota laskar Islam yang sangat angkuh bergulat dengan orang kafir. Ia berhasil menang. Orang kafir yang menjadi lawannya itupun dibuka paksa mulutnya lebar-lebar, dan dikencingi. Orang kafir itu tersedak dan mati.

10. // kang swara kadi ampuhan/ long-linongan mungsuh rowang keh mati/ wong kapir ngamuknya liwung/ sêdya labuh gustinya/ bala Eslam panggah nadhahi tan mingkuh/ Sang Prabu Gondakusuma/ tan kewran rinêbut jurit//

Suara peperangan bagai gemuruh angin. Silih-berganti, baik lawan maupun kawan tumbang dalam peperangan. Pasukan kafir mengamuk habis-habisan membela raja mereka. Pasukan Islam menghadapi tanpa gentar. Sang Prabu Gandakusuma tak merasa bingung sedikitpun ditengah kepungan musuh.

11. // mung cumêthi agêmira/ tansah aneng kuda pun Jayenggati/ tuhu galak naut mungsuh/ nujah nepak amengkal/ mêngsah sosrah cinamêthi ajur mumur/ singa kang sinêrang gêmpang/ myang Sang dyah Sari Pramesthi//

Dengan hanya bersenjatakan cemeti sambil tetap berada di atas Jayenggati, kuda tunggangannya, Prabu Gandakusuma membalas serangan lawan. Kudanya pun turut menggigit, menyepak dengan kaki depan dan belakang. Sementara itu, cemeti yang dihantamkan sang raja mampu membuat pasukan kafir yang terkena hancur lebur. Siapapun yang maju dan terkena serangan cemeti pastilah mengalami kerusakan. Bersama dengan Sang Ratu Dewi,

12. // (154r)kapir tinrajang gêlasah/ prapteng kuda sikêpnya komatitih/ sing apidha crah lampus/ dadya Dyan Patih Mustal/ ngamuk dharat sikêp bindi ngiwatngiwut/ sing arinêmpak keh rusak/ kapir wus bubrah kang baris//

menyerang balik pasukan kafir hingga tercerai-berai. Siapapun yang mendekatke kudanya, pasti hancur dan tewas. Raden Patih Mustal mengamuk dengan memutar-mutarkan gadanya. Mereka yang terhantam gada banyak yang tewas. Barisan kafir berhasil dihancurkan.

13. // giris sasisane pêjah/ dhadhal larut mirut malah marati/ tinututan keh kang lampus/ wêneh kacandhak gêsang/ mati têluk ambuwang gagamanipun/ kalih ewu winêntara/ kang nungkul sinungan urip//

Sebagian melarikan diri karena takut, dan sisanya tewas. Hancur lebur, kocar-kacir. Mereka yang melarikan diri diikuti dan dihabisi. Yang tertangkap hidup, menyatakan takluk dan membuang senjatanya. Mereka yang takluk dan dibiarkan hidup berjumlah kira-kira dua ribu orang.

14. // kang kathah samya bubar(-1)/ sowang-sowang keh pêjah aneng margi/ yata Sri Bakdiman Prabu/ sampun panggih lawan garwa(+1)/ Patih Mustal prapta ngirit kapir têluk/ wus samya têdhak sing kuda/ Sang Nata tuwin kang rayi//

Mereka yang berusaha melarikan diri banyak yang tewas di tengah jalan. Kemudian diceritakan Sri Prabu Kakbahbudiman telah kembali bertemu dengan istrinya. Patih Mustal datang menghadap seraya membawa serta para pasukan taklukan. Sang raja dan istrinya telah sama-sama turun dari kudanya.

15. // siniwakeng wadya aglar/ neng pakuwon nimbali gunging kapir/ ngandika Kangjêng Sang Prabu/ lah nimas paran karsa/ wong ing Dustam paran ta prayoganipun/ matur Sang dyah Sarirasa/ yen marêngi karsa Aji//

Di pesanggrahan pun diadakan penghadapan. Seluruh pasukan berkumpul, demikian pula para bala kafir taklukan. Sang Prabu bersabda, “Dinda, selanjutnya bagaimana sebaiknya dengan orang-orang Dustam ini?”. Dewi Sarirasa menjawab, “Bila Paduka berkenan,

16. // prayogi den Eslam[ê]na(-1)/ gunging kapir nanging pun Kusmar Aji/ yogi malih gêsangipun/ yen purun manjing Eslam/ adêgêna malih neng Dustam praja gung/ ngidhêpa dhatêng Paduka/ sabab yen botên dadya Ji//

sebaiknya mereka semua diislamkan. Raja Kusmar lebih baik kembali dihidupkan dengan syarat ia bersedia masuk Islam. Ia boleh kembali menjadi raja di Dustam, hanya jika ia bersedia tunduk pada Paduka. Sebab, jika ia tidak menjadi raja,

17. // dangu têntrêming nagara/ yen tan purun Eslam pinatenan malih(+1)/ Narendra langkung jumurung/ tandya layoning Nata/ kinen mundhut layon tan dangu prapta wus/ sigra Sang dyah Sarirasa/ amusthi kang tirta manik//

akan memperlambat ketentraman negara. Namun, bila ia menolak masuk Islam, habisi saja dia lagi”. Sang raja setuju. Segera ia memerintahkan untuk mengambil jenazah Raja Dustam. Setelah jenazah dibawa ke hadapan raja, Dewi Sarirasa segera mengeluarkan pusaka air sucinya.

18. // Patih Mustal wus prayitna/ bokmanawa laju ngamuk Sang Aji/ sang rêtna netesi gupuh/ êmbunira Sri Kusmar/ tan antara kanin waluya sadarum/ tangan kanan kang malêsat/ wus wangsul tume[m]plok malih//

Patih Mustal menyiagakan diri khawatir bila setelah hidup kembali sang raja akan melakukan serangan. Dewi Sarirasa segera meneteskan air suci ke ubun-ubunsang raja. Tak lama kemudian, seluruh luka pulih. Tangan kanan yang patah, kembali tersambung sempurna.

19. // gya gêsang tangi akagyat/ arsa ngadêg gêpah Rahadyan Patih/ kang githokcinandhak gupuh/ winêtêlakên kisma/ tan gulawat Sri Kusmar sakrodhanipun/ Dyan Patih sarwi ngandika/ lah budiya lanat kapir//

Hiduplah kembali sang raja dengan perasaan sangat terkejut. Ia hendak berdiri. Raden Patih siaga dan segera meraih tengkuknya, disungkurkan kembali ke tanah. Sri Kusmar berusaha membebaskan diri sekuat tenaga. Sang Patih berkata, “Berusahalah kau laknat kafir!

20. // sira wong nora rumangsa/ sira mau pan wus jur wor lan siti/ uripmu têka dyah Ratu/ yen sira dhêmên gêsang/ lah Eslama nêmbaha mring Yang Agung(-1)/ ikuingkang karya jagad/ mituhua mring Jêng Nabi//

Dasar manusia tak tahu budi! Ketahuilah, kau tadi sudah mati. Badanmu hancur bercampur dengan tanah. Kau bisa hidup kembali adalah karena Sang Ratu Dewi. Bila kau ingin terus hidup, kau harus masuk Islam! Sembahlah Tuhan Yang Maha Agung! Ia-lah yang telah menciptakan alam raya ini! Patuhlah kau pada Kanjeng Nabi

21. // Mukhamat dutaning Sukma/ lan ngidhêpa marang Gusti Sang Aji/ Sri Kusmar sarêng angrungu/ ing sabdane Dyan Patya/ (155v)anglês ing tyas ngarih-arih aturipun/ patikbra minta aksama/ sandika kinen agami//

Muhammad utusan-Nya! Dan, tunduklah kau pada Tuanku Sri Paduka Raja!”. Sri Kusmar yang mendengar sabda Raden Adipati, segera luluh rasanya. Mengiba-iba ia berkata, “Hamba mohon ampun. Hamba bersedia masuk Islam

22. // tulusa gêsang kewala/ lan klilana têngga Dustam nagari/ yata inguculan sampun/ dennya nyêpêng Dyan Patya/ silanya nor neng ngarsa Nata mabukuh/ sêgsana gya manjing Eslam/ Sri Sudibya angestreni//

asalkan hamba dibiarkan hidup dan diizinkan menunggui negara Dustam”. Segera ia dibebaskan dari belenggu tangan sang patih. Ia pun duduk bersila seraya menunduk di hadapan sang raja. Ia pun segera diislamkan dengan disaksikan oleh sang raja.

23. // manis sabdane Narendra/ heh ta Kusmar têtêpa sira agami(+1)/ lan sira tulusamêngku/ Kêraton nagri Dustam/ amêrdiya sanrengate Kangjêng Rasul/ ingsawadyabalanira/ miwah ingkang pra narpati//

Prabu Gandakusuma bersabda halus, “Wahai kau Kusmar, kekallah kau dalam Islam. Kuizinkan kau kembali merajai istana negara Dustam. Jalankanlah seluruh aturan Kanjeng Rasul bersama dengan punggawa dan prajuritmu besertaraja-raja mitramu.

24. // yen ana boga ing sarak/ patrapana sayêgti ukum pati/ dene pasebannya mringsun/ sabên warsa ywa ora/ Prabu Kusmar ngandika nêmbah umatur/ yatagunging bala kopar/ wus samya manjing agami//

Bila ada salah satu dari kawulamu yang mengingkari aturan agama, hukumlah ia dengan hukuman mati. Jangan kau lupa pada kewajiban untuk menghadap padaku di tiap-tiap tahun”. Prabu Kusmar menyanggupi perintah seraya bersembah. Seluruh bala kafir telah diislamkan pula.

25. // gya tinundhng wadyeng Dustam/ sawadyanya budhal sing Kakbah nagari(+1)/ yata Sang Sri Dibya Prabu/ budhal saking payudan/ sakuswala mring na[ga]ranira mundur(-1)/ wus rawuh ing dhatulaya/ wadya gung makuwon sami//

Setelah itu mereka pun diperintahkan untuk kembali ke negaranya di Dustam. Sementara itu, Prabu Gandakusuma beserta seluruh bala tentaranya pun mundur dari gelanggang tempur kembali ke ibukota negara. Sesampainya di istana, seluruh pasukan pun beristirahat sejenak.

26. // miwah gunging para raja/ laju samya tugur neng Kakbah nagri/ Sang Nata sigra ngadhatun/ lan Sang dyah Sarirasa/ Sang dyah Sariraga mêthuk garwa Prabu/ gêpah anungkêmi pada/ ketang wlas marmeng ajurit//

Bersama dengan para raja mitra, mereka berjaga semalaman di negara Kakbahbudiman. Sang raja segera kembali ke kediamannya di istana bersama Dewi Sarirasa. Dewi Sariraga segera menyambut Sang Prabu seraya menyembah di kaki sang raja. Karena telah lama ditinggal berperang

27. // Sang dyah inglus lungayanira(+1)/ sawusira nukmeng pada Narpati/ sigra ngrangkul mring sang ayu/ kusuma Sarirasa/ pyuhing driya ketang trêsnanireng Prabu/ dangu dennya rarangkulan/ wusira lênggahan sami//

sang raja mengusap rambut istrinya. Setelah selesai menghaturkan sembah di kaki sang raja, Dewi Sariraga pun segera merangkul ayundanya, Dewi Sarirasa. Karena besarnya rasa kasih dan rindunya, mereka berangkulan cukup lama. Setelah itu, mereka pun duduk.

28. // gya majêng kang cacaosan/ boga-boga kang sarya endah luwih/ mangun pirênan anutug/ lawan kang para garwa/ nahan ingkang latri enjingnya winuwus/ Sang Nata miyos sineba/ pêpak kang wadya sumiwi//

Seluruh hidangan pun disajikan dengan citarasa dan tampilan yang apik. Mereka menuntaskan segala rasa hingga larut. Pagi harinya, sang raja keluar beraudiensi. Seluruh pasukan lengkap menghadap.

29. // Patih Mustal munggeng ngarsa/ para raja aglar munggeng ing kursi/ Sang Sadalya Maha Prabu/ myang Raja Dasaboja/ ingkang kathah rêraja datan kaetung/ mênggêp munggeng Prabu Dibya/ neng dhampar kêncana manis//o//

Patih Mustal duduk di depan. Sedangkan para raja mitra duduk di atas kursi. Mahaprabu Sadalya, Raja Dasaboja, dan masih banyak lagi, nyaris tak terhitung. Mereka semua menghadap pada Sang Prabu yang tampak manis terlihat duduk di singgasana kencananya.

PUPUH XXX
=== DHANDHANGGULA ===

1. //o// Angandika Kangjêng (156r)Sri Bopati/ kakang Mustal sira ingsun undang/ rehningsun jumênêng katong(e)/ aneng Kakbah praja gung/ mardi srengat agama suci/ myang sakehe nagara/ kang wus nut maring sun/ iku padha kêncêngana/ ing ngibadah den ta njrih aja gumingsir/ lan maneh prentahingwang//

Sri Paduka kemudian bertitah, “Kanda Mustal, kau kuperintahkan, selama aku bertahta sebagai raja di negara Kakbahbudiman yang agung, jalankanlah syariatdari agama suci dengan baik. Seluruh negara yang telah takluk padaku, tertibkanlah dalam ibadah jangan sampai lalai. Berikutnya, kau kuperintahkan

2. // iya bapa Prabu Kondhabumi/ lan Sri Dustam sun karya wadana/ ing sagunging para katong(e)/ lan Sadalya Sang Prabu/ ingsun karya anggêbayani/ Dyan Patih awotsêkar/ sandika umatur/ datan antara wus wrata/ karseng Narpa gya kundur Sri Narapati/ malêbeng dhatulaya//

agar Bapa Prabu Kandhabumi dan Sri Dustam dijadikan kepala dari para raja mitra, dengan Sang Prabu Sadalya sebagai tenaga pelaksananya”. Raden Patih bersembah. Tidak lama kemudian, perintah raja tersebut telah diumumkan secara merata. Sang raja pun kembali ke dalam kediamannya.

3. // laluwaran sagung ingkang nangkil/ para raja samya abubaran/ mring prajane dhewe-dhewe/ Sri Dustam Sang Aprabu/ lan Narendra ing Kondhabumi/ lulus angreh pra raja/ ngamanca sadarum/ pasowannya sabên warsa/ mring Bakdiman mila wiyarnya nglangkungi/ nagri Kakbah sêmana//

Para penghadap pun membubarkan diri, demikian pula dengan para raja. Mereka semua kembali ke negara masing-masing. Setelah itu, seterusnya, Sri Prabu Dustam bersama dengan Raja Kandhabumi bersama-sama mengkoordinasikan seluruh raja mancanegara. Mereka menghadap tiap tahun ke Kakbahbudiman. Hal ini tak urung membuat Kakbahbudiman semakin bertambah luas cakupan wilayahnya.

4. // eca tyase kang kawula alit/ langkung mirah boga pakulinan/ tuhu wibawa Sang Katong(e)/ kocap garwa Sang Prabu/ kehe astha klêbêt Sang Dewi/ dyah Ratu Sarirasa/ kumareng kêdhatun/ Sang dyah Ratu Sariraga/ kang minangka sosotya sêkaring puri/ nênêm sor-soranira//

Rakyat kecil merasa tentram. Pangan sehari-hari didapat dengan murah. Ini membuat wibawa Sang Prabu semakin kokoh. Diceritakan, istri Sang Prabu banyaknya delapan orang, termasuk Dewi Ratu Sarirasa, intan istana, dan Dewi Ratu Sariraga sebagai permata bunga istana. Mereka membawahi enam orang istri.

5. // ingkang sêpuh sing Dalsah nagari/ arum-arum sang rêtna Pakaja/ dêdêg sasêdhêng dêdêge/ gumrining sêmonipun/ jêne raras ambêngle kengis/ jêtmika gawe brongta/ ayu dhasar bêsus/ panênggaknya rêtna Puspita(+1)/ putri Jênggi pêngadêgnya arêspati/ kuninge tan piraa//

Yang tertua berasal dari negara Dalsah bernama Retna Pakaja. Ia berperawakan sedang dengan kulit bersih kuning lembut bagai bengle terkupas. Tingkahnya lembut dan sopan membuat orang jatuh hati, wajahnya cantik, dan luwes. Berikutnya adalah Retna Puspita dari Jenggi. Perawakannya ideal. Kulitnya tidak terlalu kuning.

6. // mung gandhêse angrudahkên ati/ bêsus mêsês anamur pêsaja/ ingkang pêndhadha garwane/ sing Karsinah praja gung/ dyah Suwastra ingkang wawangi/ gandhang raga kirana/ sasolahnya patut/ bambang awak gawe brongta/ pamêkasnya putri adi saking Turki/ têngran Kusumawatya//

Namun tingkahnya yang luwes membuat orang mabuk kepayang. Ia pandai mematut busana, tapi gayanya sederhana. Kemudian, dari negara Karsinah, seorang putri bernama Dewi Suwastra. Suaranya nyaring, tubuhnya bersinar. Segala tingkahnya menyenangkan hati. Berkulit semu merah menarik hati. Dan selanjutnya adalah seorang putri yang sangat cantik, berasal dari Turki, bernama Kusumawati.

7. // (157v)ayonira sêdhêng milangoni/ masmon lumêr songeh(rongeh?) kang sarira/ anglilin pêngak kuninge/ malih dyah Mêdharsantun/ putri saking Bênggala katri/galak ulat subrongta/ ngrunje gandrung-gandrung/ rema mêmês ngandhanandhan/ pamêkasnya putri adi saking Mêsir/ têngran rêtna Sudyarsa//

Kecantikannya sedang saja namun menarik hati. Ia lincah dan aktif. Kulitnya kuning bagai lilin yang terbakar. Setelah itu ada pula Dewi Medharsantun dari Benggala. Matanya tajam membelalak. Rambutnya lemas berombak. Terakhir adalah seorang putri yang jelita dari Mesir bernama Retna Sudyarsa.

8. // dêdêg lênjang tuhu irêng manis/ kungas gand[h]ês kewês karya rimang/ têlêng yune mamanise/ lumiringe netya rum/ andhêng-andhêng sor netra manis/ bêsuse tan piraa/ prandene weh wuyung/ tanpa yen datanpa sêkar/ sêkar banjar gandanya anggoyang pikir/ wong lumêr tanpa lênga//

Ia berperawakan tinggi dan langsing dengan kulit hitam manis. Tingkah lakunya serba luwes menarik hati. Kecantikannya berpusat pada pandangan matanya dan tahi lalat di bawah mata yang terlihat demikian manis. Ia tidak terlalu terampil berdandan, namun tetap saja sedap dipandang. Meski tak berhiaskan bunga, harumnya bagai bunga berjajar yang menggoyah pikiran. Ia sangat lincah meski ibarat tidak diminyaki.

9. // yen ngandika pait madu gêndhis/ tingal lindri jait sêmonira/ yen mulat kaya wirage/ idêp tumêngeng luhur/ imbanira angucêng mati/ grana ngrungih sêmbada/ sasolahnya patut/ myang bêkti marang ing priya/ tuhu ayu pradikês ajungkarangin/ markêtês sêmunira//

Bila berbicara terdengar sangat manis. Tatapan matanya redup dengan ujung mata bagai dijahit. Jika melihatnya membuat jatuh hati. Bulu matanya lentik dengan bentuk alis bagai ikan sungai yang mati. Hidungnya mancung sempurna. Kelakuannya serba pantas dan sangat berbakti pada suami. Ia sungguh cantik dan terampil. 

10. // sang dyah nênêm musthikaning puri/ kang minangka ing sor-soranira/ dyah prameswari kalihe/ dene kadwijeng Ratu/ datan kêna winarneng kawi/ kumaraning buwana/ ratune wong ayu/ midêring rat tan amanggya/ garwanira Sri Nata wau pra sami/ lampah kusuk ning Kakbah//

Keenam putri ini menjadi intan permata istana di bawah kedua permaisuri. Para Ratu ini seolah tak lagi dapat digambarkan dengan kata dan bahasa. Mereka benar-benar permata dunia yang merajai seluruh perempuan cantik. Meski berkelana ke seluruh dunia, pastilah tak akan mampu menemukan perempuan-perempuan yang sama kecantikannya dengan para istri raja. Mereka semua khusyuk mengabdi di Kakbahbudiman.

11. // dene nguni Jêng Sri Narapati/ panggihira lan garwa kalihnya/ dyah Sariragasang sinom(e)/ myang Sarirasa sang ing rum(+1)/ dereng kalal ningkahe lair/ kasrêng byating asmara/ kepyan duraka gung/ mangkya sangêt tobatira/ asid[h]êkah sarat sahe dyah prituwin/ pan wus tinrimeng Sukma//

Dahulu, Sri Paduka memperistri kedua permaisurinya, Dewi Sariraga dan Dewi Sarirasa, dengan cara-cara yang tidak sah. Semata-mata dipicu oleh nafsu asmara. Oleh karena itu, ia sangat merasa berdosa dan kemudian bertobat secara sungguh-sungguh dengan cara memenuhi syarat sah pernikahannya dengan kedua permaisurinya yang akhirnya dapat diterima oleh Tuhan.

12. // rehning anom mampêng ing pawestri/ dereng ngantos sahing tyas mujanah/ mangkya wus têmah tuwuhnya/ pamusthine byat kukuh/ panggah pamrih utameng ngelmi/ ngadilira sumrambah/ myang sudaning lulut/ lalati sutejasmara/ ruming kara ywandrês kalaganing rêsmi/ minuni manuhara//

Memang, saat itu sang raja masih sangat muda. Ia belum mampu mengendalikan hawa nafsunya. Sedang saat ini akhirnya ia telah matang. Pribadinya mennjadi makin kuat dan senantiasa mencari ilmu yang utama. Ia telah mampu bertindak adil secara merata kepada para istrinya dalam membagi asmara.

13. // pan sinigêg Bakdiman nagari/ Bandarngalim ingkang ginupita/ Jêng Senapati Sang Katong(e)/ wau sakmurcanipun/ Radyan Gondakusuma siwi/ kalintang manonbawa/ mangrujit tyas têrnyuh/ datan ana siniwaka/ saya lama kagagas limputing galih/ tansah amuja brongta//

Kita cukupkan dahulu sampai di sini cerita tentang negara Kakbahbudiman. Kini dikisahkan, Kanjeng Senapati setelah hilangnya putranda, Raden Gandakusuma, ia senantiasa dilibat kesedihan. Hatinya hancur. Untuk waktu yang lama penghadapan ditiadakan. Perasaannya kian gelap. Untuk itu, ia selalu berdoa.

14. // wimbuh asring ginubêting rayi/ Sang dyah Ambarwulan sru sungkawa/ kadya (158r)nêmahi patine/ Sang Nata saya liwung/ dadya karya parbaweng bumi/ wanti wangkara duta/ prawata jumêgur/ grahana wulan baskara/ lêbu-lêbu wor dhêdhêt myang angi[n]-angin/ lintang gêgana rimang//

Hatinya kian susah karena istrinya, Dewi Ambarwulan yang juga sangat berduka. Mereka berdua bagai menemui ajal. Suasana hati sang raja kemudian berpengaruh pada keadaan alam. Berkali-kali terjadi gunung meletus, gerhana bulan dan matahari, debu-debu bercampur dengan angin dan mendung. Bintang-bintang di langit terlihat suram karena menanggung duka.

15. // wadya sadaya sapraja tintrim/ kawuwusa dyah Mbarwulan samana(+1)/ bondhet umatur ing Katong(e)/ dhuh Dewaji Sang Prabu/ kadyaparan putranta Aji/ lami dereng umanggya/ paran wêkasipun/ hamba Sinuwun priyoga/ angulati saparan anderah pati/ lêhêng pêjah aneng wana(+1)//

Para kawula senegara merasa turut bersedih. Alkisah, saat itu Dewi Ambarwulan terus berusaha memohon pada sang raja dengan mengatakan, “Duhai dewaku Paduka Raja, bagaimanakah nasib putra Paduka? Telah lama kita tidak bertemu dengannya. Apa yang akhirnya terjadi pada dirinya? Paduka, hamba sendiri yang akan mencarinya kemanapun meski harus bertaruh nyawa. Lebih baik hamba mati di tengah hutan

16. // tan panggih putranta Narpati(-1)/ Sri Narendra sumêdhot ing driya/ aririh pangandikane/ dhuh mirah areningsun/ aja-aja angeja pati/ nadyan ingsun tan beda/ yen nora kapangguh/ anakira kaki Putra/ nora sêja ingsun jumênêng narpati/ lah payo yayi lunga//

bila hamba sampai tidak berhasil menemukan putra Paduka”. Sang raja merasa sangat sedih hatinya. Ia pun berkata pelan, “Duhai Dinda, janganlah kau mengharapkan kematian. Aku pun merasakan hal yang tidak berbeda denganmu. Bila sampai aku tak bisa menemukan anakmu si Putra, aku akan berhenti bertahta. Mari Dinda, kita pergi.

17. // angupaya anakira yayi/ mumpung latri tan na janma wikan/ sang rêtna lêga ing tyase/ yata miranti sampun/ tandya mêdal saking jro puri/ miyos ing bubutulan/ tan ana kang wêruh/ lir dinulur ing Ywang Sugma/ amarêngi kang wulan purnamasidi/ bênter manglela sulyak//

Mari kita berupaya bersama mencari anakmu. Mumpung masih malam dan tak ada orang yang tahu”. Sang dewi merasa sangat lega. Mereka pun segera bersiap-siap dan keluar dari istana melalui pintu belakang istana. Tak ada seorang pun yang melihat kepergian mereka. Lolosnya kedua insan itu bagai telah didukung oleh Tuhan. Saat itu, di langit, bulan tengah purnama. Hawanya terasa sangat panas.

18. // pan andarung tindaknya Sang Aji/ lawan garwa wus têbih sing kitha/ prapteng wana byar rinane/ kunêng kang nêdya nglangut/ kawuwusa kang samya kari/ para garwa Narendra/ myang putra sang bagus/ Radyan Surati duk myarsa/ yen Sang Nata lan garwa dyah Ambarwati/ latri kesah sing pura//

Namun demikian, hal itu tidak membuat perjalanan sang raja terhenti. Ia dan istrinya terus berjalan hingga akhirnya telah jauh dari ibukota negara dan sampai di tengah hutan saat pagi telah menjelang. Meski demikian, kesedihan masih saja menggayuti hati mereka. Dikisahkan mereka yang ditinggalkan di istana, para istri raja dan putranya Raden Surati, saat mereka sadar bahwa raja dan Dewi Ambarwati semalam telah lolos dari istana

19. // kadya gêrah tangis jroning puri/ para garwa myang para pawongan/ kalaralara sambate/ wêneh nibeng babatur/ gêlung lukar tan den waoni/ satêngah mala jaja/ kathah sambatipun/ ingkang binondhet ing kathah/ Rajaputra wa[u] Rahadyan Surati(-1)/ lintang samya kaswarsa//

tangis pun pecah dari dalam istana. Para istri dan abdi perempuan meratap pilu. Sebagian dari mereka ada yang jatuh menibani rekannya, sanggul yang terurai tak lagi dihiraukan. Ada pula yang hanya memukul-mukul dadanya. Bermcam-macam ratapan mereka. Tetapi, yang paling mereka sayangkan adalah Raden Surati. Tiap-tiap teringat padanya, mereka pun kian larut dalam kedukaan.

20. // pra nayaka myang bopati mantri/ samya kagyat nglêmpak ing pasowan/ kunêng gênti winiraos/ Prabu Jaka Têkiyur/ kang ngrênggani ing Jong Diraji/ nêdya dhatêngkên karsa/ ngrurah rama Prabu/ ing Bandarngalim nagara/ gya parentah mring wadyabala ngajurit/ tan antara wus tata//

Para punggawa, menteri, dan bupati semua terkejut dan segera berkumpul di penghadapan. Dikisahkan Prabu Jaka Tekiyur di negara Jong Diraji, hendak menjalankan niatnya menyerang ayahandanya di Bandaralim. Ia pun segera memberi perintah pada seluruh pasukan untuk bersiap siaga. Tak lama mereka pun telah siap

21. // (159v)sigra bidhal saking Jong Diraji/ Sri Têkiyur wahana dipongga/ tanpawilangan balane/ glising kondha prapta wus/ Prabu Jaka neng Bandarngalim/sakwadyakuswalanya/ gya ngêpang praja gung/ kêmput kikising nagara/ wadya Eslam kêkês tan lalawan jurit/ dhasar Sri Senapatya//

dan segera bergerak dari Jong Diraji. Sri Tekiyur berkendaraan gajah. Pasukannya sangat banyak. Singkat cerita, Prabu Jaka dan bala tentaranya telah tiba di Bandaralim. Pengepungan pun dilakukan. Seluruh batas negara telah terkepung sempurna. Barisan Islam merasa ketakutan dan tidak melakukan perlawanan terhadap sang raja

22. // laya kesah lolos saking puri/ tur kêroban saking wadya kopar/ dadya nungkul srah astane/ wau Raja Têkiyur/ laju manjing ing kênyapuri/ otêr pra estri pura/ miwah kêng para rum/ tambuh-tambuh polahira/ tandya wau putra Rahadyan Surati/ ginubêl para wadya//

karena rajanya tengah pergi meninggalkan istana dan kekuatan mereka tidak berimbang dengan pasukan kafir. Akhirnya, mereka pun menyerahkan diri. Ketika itu, Raja Tekiyur masuk ke dalam kenyapuri. Para perempuan yang ada di sana merasa ketakutan. Demikian pula dengan para istri raja. Beraneka macam ekspresi ketakutan mereka. Tanggap akan situasi, Raden Surati segera dilindungi oleh para pasukan.

23. // Dewi Rayungwulan atênapi/ Sang Purbaningsih dyah Kêncana(-1)/ sru karuna dyah katrine/ lintang kawêlas ayun/ samya gubêl mring Radyan Surati(+1)/ kakalih sang kusuma/ gya garbini sêpuh/ putêg tyas Sang Narpaputra/ lêbêtira Sang Nata ing Jong Diraji/ Radyan tan darbe karkat//

Dewi Rayungwulan, Dewi Purbaningsih, dan Dewi Kencana menangis hampir bersamaan. Keadaan mereka sangat memprihatinkan. Mereka semua berusaha melindungi Raden Surati. Kedua istri raja yang disebut pertama, tengah dalam keadaan hamil tua. Hal ini membuat bingung Raden Surati. Ia berpikir, Raja Jong Diraji telah masuk ke dalam istana namun ia tak memiliki daya kekuatan.

24. // Sri Têkiyur myat sonya rama Ji/ langkung mangu cuwa ing wardaya/ mulat Dyan Surati rine/ esmu kogêling kalbu/ datan arsa amrih kang pati/ wimbuh myat pra kusuma/ wontên wêlasing kalbu(+1)/ dadya kinêbonkên samya/ kang pra ibu lan kang rayi Dyan Surati/ siniwêr neng pungkuran//

Sri Tekiyur yang tidak berhasil menemukan ayahandanya, termangu-mangu. Ia merasa sangat kecewa. (Ia kemudian) melihat Raden Surati adiknya, muncul rasa tak sampai hati dalam kalbunya. Ia tak hendak membunuh adiknya itu. Lebih-lebih saat ia melihat istri-istri ayahnya. Atas belas kasihannya, mereka semua, para ibu dan adiknya, Raden Surati, disingkirkan dengan ditahan di bagian belakang istana.

25. // wadya Eslam anglês tanpa budi/ dadya anut sarehireng kopar/ yen salat singidan bae/ mung Gêndara Gêndaru/ kang tan purun têluk mring kapir/ kesah sabalanira/ kawarna pra arum/ miwah Rahadyan Suratya/ ingkang wontên sajêrone siwêran sami(+1)/ langkung kawêlas arsa//

Prajurit Islam menyerah tanpa upaya yang berarti. Mereka pun tunduk pada perintah untuk menjadi kafir. Shalat hanya dapat mereka lakukan secara sembunyi-sembunyi. Hanya Gendara dan Gendaru yang benar-benar menyatakan tak mau tunduk pada pasukan kafir. Mereka beserta pasukannya segera pergi dan Bandaralim. Dikisahkan para istri raja dan Raden Surati yang berada di tempat persembunyian merasa sangat berduka.

26. // Dewi Rayungwulan sêbdanya ris/ dhuh Surati nyawa putraningwang/ kaya paran wêkasane/ lalakoneki kulup/ yen aweta dipun siwêri/ ngênês têmah palastra/ Rahadyan wotsantun/ ibu lah suwawi kesah/ langkung lêrês ngong dugi malih puniki/ tan wande pinrih lena//

Dewi Rayungwulan bersabda pelan, “Duhai Surati anakku, bagaimanakah akhirdari semua ini, Nak? Jika kita terus-menerus berada dalam tawanan ini, pastilah menderita hingga tewas”. Raden Surati bersembah dan berkata, “Bila demikian, marilah kita pergi, Bu. Kupikir itulah jalan terbaik. Kita juga tak akan dibunuh.

27. // nadyan babar ingkang jabang bayi/ datan wande benjang pinêjahan/ sabab kakang Têkyur Katong(e)/ mring rama mrih tan ayu/ kakang Gondakusuma nguni/ kang dhustha nênggih kakang/ (160r)Mahraja Têkiyur/ sang rêtna kalih ngandika/ kaya paran ulun marganira mijil/ Radyan matur anêmbah//

Bila kelak jabang bayi lahir, tak akan pula ia dibunuh. Sebab, Kanda Prabu Tekiyur hanya mengarahkan kebenciannya pada Ayahanda. Dahulu, dialah yang telah menculik Kanda Gandakusuma”. Kedua ibu berkata, “Lalu, bagaimanakah cara kita keluar, Nak?”. Raden Surati menjawab seraya menyembah,

28. // yen sêmbada ibu ta margining/ ngurung-urung toya papêngkêran/ sang rêtna sami rumojong(e)/ yata miranti gupuh/ katri sang dyah lawan kang siwi/ myang kakalih kang parêkan/ wanci têngah dalu/ lolos saking pakubonan/ ingkang saos sadaya tan na udani/ sumusup margeng toya//

“Bila memang Ibu sanggup, jalan untuk keluar dari sini adalah dengan melalui saluran air yang berada di belakang”. Para ibu menyetujui dan bersiap-siap. Mereka bersama Raden Surati dan dua orang abdi perempuan segera meninggalkan tahanan di waktu tengah malam. Tak ada seorang pun yang mengetahuinya karena mereka menelusup ke dalam saluran air.

29. // wus piniyak wau kang cucuri/ Dyan Surati ingkang munggeng ngarsa/ tansah anêdah margane/ prapta ing jawi sampun/ nêmpuhi byat bata tan kegsi/ darung ing tidakira/ ing praja kapungkur/ sarêng byar prapteng padesan/ sami kraos sayahira sang dyah katri/ ngrêmpon samarga-marga//

Padas-padas yang tajam telah disingkirkan. Raden Surati berjalan di depan sambil menunjukkan arah. Tak lama mereka telah sampai di luar pagar bata istana. Mereka pun segera meneruskan langkah hingga istana tertinggal jauh. Pagi harinya mereka telah berada di pedesaan. Ketiga putri merasa sangat letih. Sepanjang jalan mereka bersedih.

30. // tansah karuna tambuh kaesthi/ Rajaputra langkung ngrês ing driya/ kunêng kang solah kaswaseng/ Prabu Jaka kawuwus/ wus miyarsa yen sang dyah katri/ myang rayi Dyan Suratya/ samya kesah dalu/ kalangkung ing dukanira/ dhatêng wadya kajinêman ingkang jagi/ tinêmpuhkêng ngupaya//

Mereka selalu menangis. Raden Surati bertambah susah hatinya. Sementara itu, Prabu Jaka yang telah mengetahui bahwa ketiga ibu dan adiknya telah lolos dari istana di malam hari, merasa sangat murka. Para prajurit jaga diperintah untuk mencari.

31. // malih kocap wau Dyan Surati/ myang kang ibu lêpas lampahira/ wus ngambah wana gununge/ jurang pereng pupundhung/ pan sumêngka tumruning ardi/ nusup angayam alas/ sangsaya kaswayun/ sato wana keh kabrabat/ kang katrajang tindaknya sang agêng brangti/ swaranira wurahan//

Dikisahkan, Raden Surati dan para ibu telah jauh berjalan. Mereka telah melewati hutan dan gunung, jurang dan kaki gunung. Perjalanan mereka naik dan turun gunung, menyusupi hutan-hutan kian menambah duka di hati.  Hewan-hewan hutan yang terterjang dalam perjalanan mereka yang tengah bersedih hati itu berlarian. Suara mereka riuh.

32. // rarambatan bayak-bayak asri/ lir suhurmat kyan sato esthinya/ jajari têdah margine/ pêksi munya ambarung/ sami mongsa wowohan asri/ sêkar-sêkar ambabar/ kapawanan anrus/ kumênyut sang dyah ing driya/ sru kagagas lêngês wibawaning puri/ wiradyan Wirasmara//

Mereka pun merayap-rayap bertumpuk-tumpuk bagai memberi hormat seraya berjajar di sepanjang jalan memberitahukan arah. Burung-burung berbunyi nyaring. Saat itu tengah musim saat buah-buahan panen dan bunga-bunga mekar. Harumnya terbawa oleh angin hingga membuat hati haru biru, terkenang pada masa-masa bahagia di istana.

33. // Sang dyah Rayungwulan sru kaswasih/ wimbuh kraos ing padharanira/ dhasar sampun mongsa leke/ Sang dyah Kêncanawungu/ inggih kraos samargi-margi/ yata dyah Rayungwulan/ dheprok ing kisma sru/ wus adrêng padharanira/ gya sinundhang marang Radyan Purbaningsih/ cethi kalih manglawan//

Dewi Rayungwulan merasa sangat payah. Perutnya kian terasa sakit. Ternyata telah tiba saat dan bulannya. Rasa yang sama juga dirasakan oleh Dewi Kencanawungu. Tak kuat lagi, Dewi Rayungwulan pun jatuh terduduk di tanah. Dewi Purbaningsih segera memberi pertolongan dengan membantu kelahiran sang bayi dibantu oleh kedua abdi perempuan.

34. // tan pantara jabang bayi lair/ Dyan Surati tambuh solahira/ ngupaya tirta tan oleh/ (161v) marmanira Ywang Agung/ kawah dadya têlaga wêning/ bayi lairnya nungsang/ sarwi kalung usus/ rare mêdal kênya endah/ gya cinandhak mring Rahadyan Surati(-1)/ sêgsana siniraman//

Tak lama kemudian, jabang bayi pun lahir. Raden Surati kian bertambah repot mencari air. Atas kasih dan pertolongan Tuhan, kawah berubah menjadi sebuah telaga yang airnya jernih. Bayi yang lahir, posisinya sungsang dan berkalung usus, berjenis kelamin perempuan yang sangat cantik. Bayi segera diraih oleh Raden Surati dan dimandikan.

35. // miwah kang ibu wus den sirami/ dening Sang dyah Purbaningsih lawan/ ingkang cethi kakalihe/ pan wus suci sadarum/ Dyan Surati matur bu sori/ ibu rayi kawula/ sun arani mungguh/ pun rara rêtna Kasiyan/ dene lair kalangkung kawêlas asih/ wontên têngahing wana//

Ibunya pun kemudian dimandikan oleh Dewi Purbaningsih dibantu kedua abdi perempuan. Setelah semua dalam keadaan suci bersih, Raden Surati berkata pada sang ibu, “Ibu, adik hamba ini akan hamba namai Dewi Rara Kasiyan karena ia lahir dalam kondisi yang serba prihatin di tengah hutan”.

36. // sang dyah titiga langkung ngestreni/ yata wau dyah Kêncanawatya/ gantya adrêng padharanira/ dheprok ing kisma lungguh/ cinandhak mring dyah Purbaningsih/ myang cethi kalihira/ gya babar kang sunu/ mêdal jalu warna ngelag/ gung birawa sanes lan gunging babayi/ lan sampun wignya lênggah//

Ketiga ibu setuju dengan nama itu. Tak lama berselang, tiba giliran Dewi Kencanawati. Ia pun duduk di tanah menahan sakit. Dewi Purbaningsih tanggap dan bersama kedua abdi perempuan segera menangkap badannya dan membantu proses persalinan. Lahirlah jabang bayi berjenis kelamin laki-laki. Anehnya, ukuran tubuhnya besar tak sama seperti bayi pada umumnya dan sudah mampu duduk sendiri.

37. // kang ri-ari binêthot pribadi/ aglis tugêl ri-ari sirna(-1)/ kêlawan tan mêdal rahe/ sru kantaka kang ibu/ Sang dyah Purbaningsih nyuryani/ dangu-dangu waluya/ Dyan Surati gupuh/ kang rayi cinandhak enggal/ yun ingasta tan kuwat Sang Rajasiwi/ babayi tandya ngucap//

Ari-arinya dipotong sendiri. Ari-ari pun putus dan sirna, dengan sama sekali tidak mengeluarkan darah. Ibunya jatuh pingsan. Dewi Purbaningsih berusaha menyadarkan hingga lama-lama pun sadar. Raden Surati segera meraih adiknya. Ia hendak menggendong namun tak kuat. Bayi itu kemudian berkata.

38. // kodrating Yang tan kêna pinanci/ rare jabang wus wignya wicara/ mangkana bayi wuwuse/ kakang aja anjunjung/ ingsun arsa lungguh pribadi/ ngungun Radyan Suratya/ tanapi kang ibu/ gawok kodrating Ywang Sugma/ dene bayi wêlagang wignya pribadi/ angling mêksih taruna//o//

Sungguh. Takdir Tuhan tak dapat diduga. Bayi yang baru saja lahir itu bisa bicara. Demikian katanya, “Kanda, jangan kau gendong aku. Aku ingin duduk sendiri”. Terperangahlah Raden Surati dan sang ibu. Mereka takjub dengan kodrat Tuhan. Bayi cepat besar dengan sendirinya dan bisa berbicara meski ia masih sangat muda.

PUPUH XXXI
=== S I N O M ===

1. //o// Mring tlaga pribadi siram/ wusana busana nuli/ saya kungas citranira/ wang malangkang pupu gangsir/ netra andik ngajrihi/ lir Warkudara dinulu/ tansah ngungun kang raka/ wêkasan ngandika aris/ Kangjêng ibu sun arani ari hamba//

Jabang bayi yang baru lahir itu memandikan dirinya sendiri di telaga dan setelah itu mengenakan pakaian. Sosoknya kian menawan, dengan tubuh yang terlihat besar dan tatapan mata yang bersorot tajam menyeramkan bagai Werkudara. Kakaknya demikian tertegun, dan akhirnya berkata, “Kanjeng Ibu, aku akan menamai adikku

2. // inggih Raden Senabrata/ dene miyose mlas asih/ dyah Purbaningsih lingira/ ingsun milu angarani/ Natasubrata pêkik/ de atma Nata satuhu/ kusuma Rayungwulan/ nabda mring Raden Surati/ ingsun kulup sung nama Dyan Suryabrata//

Raden Senabrata, karena ia juga lahir dalam suasana penuh keprihatinan”. Dewi Purbaningsih menyahut, “Aku juga ingin menamainya, Natasubrata, karena ia memang putra seorang raja”. Dewi Rayungwulan kemudian bersabda pula pada Raden Surati, “Aku pun turut menamainya, Raden Suryabrata.

3. // pramila nami mangkana/ Dyan Senabrata puniki/ atinggalan ramani(162r)ra/ nguni denira pulangsih/ Sang Prabu Senapati/ lan garwa matêg donga gung/ kêdibyan kanuragan/ wasiyat Jêng Bagendha Mir/ pramilanya kang putra gagah prakosa//

Nama itu kuberikan pada Raden Senabrata atas pesan ayahnya. Dahulu ketika Sang Prabu Senapati tengah bercinta dengan istrinya, mereka membaca doa yang sangat ampun mohon kekuatan dan kesaktian wasiat Kanjeng Baginda Amir, itulah sebabnya putranya kini gagah perkasa”.

4. // kocapa lajêng atruka/ wontên têngahing wanadri/ Dyan Surati Senabrongta/ kang karya wisma pribadi/ kapyarseng tangga têbih/ tan ana kang milya dhun puh/ lami dennya neng wana/ Sang dyah Kasiyan kang wanci/ pan rumaja putra langkung gunganira//

Alkisah, mereka pun akhirnya menetap di tengah hutan. Raden Surati dan Raden Senabrata yang membuat rumah. Pondok mereka sangatlah jauh dari orang-orang sekitar. Waktu berselang, telah lama mereka menetap di dalam hutan. Dewi Kasiyan telah tumbuh menjadi seorang remaja putri yang demikian dimanjakan.

5. // tan montra lagi kaswarsa/ engêt trahing Narapati/ minta busana endah(-1)/ gêlang kalung rajamurti/ amular sabên ari/ kang ibu tansah nglêlipur/ dyah Kasiyan tan suda/ sangsaya denira nangis/ Dyan Surati marpêgi rayi den ajak//

Sadar bahwa dirinya adalah putri seorang raja, ia pun merengek mohon diberi busana yang indah, gelang, kalung, dan aneka perhiasan. Ia menangis tiap hari. Ibunya senantiasa berusaha menghibur. Namun Dewi Kasiyan tak berkurang rengekannya bahkan kian sering menangis. Raden Surati mendatangi adiknya dan mengajaknya.

6. // payo yayi marang wana/ ngupaya kêmbang kang abrit/ sira ageya pasaran/ kang sinung sabda saya njrit/ putêg tyase Dyan Mantri/ kang rayi tan kêneng ngimur/ mêgsa minta busana/ mastani kang adi-adi/ raden Senabrata marpêgisêksana//

“Mari Dinda kita pergi ke dalam hutan mencari bunga berwarna merah, bermainlah pasar-pasaran”. Adiknya kian kencang menangis. Raden Mantri kian bingung karena adiknya tak mempan dilipur dan tetap memaksa minta busana yang indah-indah. Datanglah Raden Senabrata.

7. // nabda sandinamudana/ kakang bok aja anangis/ ingsun kang sanggup ngupaya/ kalung gêlang rajamurni/ ingsun ngawula dhimin(dhingin?)/ warta ana ratu agung/ nagri Kakbahbudiman/ bernuba alusing budi/ uga kêna dijaluki karêpira//

Ia pun bersabda, “Yunda, jangan menangis. Aku sanggup mengusahakan kalung, gelang, dan perhiasan yang kau minta. Tapi terlebih dahulu aku akan mengabdi. Konon, menurut berita yang kudengar, di negara Kakbahbudiman ada seorang raja agung. Ia berbudi halus dan bisa dimintai apa yang menjadi keinginanmu”.

8. // kendêl denira karuna/ Sang dyah Kasiyan sukanting/ kang rayi sagah ngupaya/ gya wau Radyan Surati/ paran rêmbugmu yayi/ pamuthahing bak ayumu/ yen nora kalêgsanan/ kêbanjur denira budi/ yen ngênêsa yêgti kelangan priyongga//

Seketika, tangisan Dewi Kasiyan berhenti. Ia merasa senang karena adiknya sanggup mengusahakan apa yang menjadi permintaannya. Raden Surati segera berkata pada Raden Senabrata, “Ah, apa yang tadi telah kau katakan, Dinda? Permintaan ayundamu itu sungguh sukar dipenuhi, bila terlanjur telah kau usahakan namun tak berhasil, akhirnya hanya derita yang ada. Kita juga yang akan kehilangan.

9. // kang katêmu pikiringwang/ ingsun ngawula pribadi/ sira atungguwa wisma/ reh sira tan bisa krami/ saru marêg ing aji/ Dyan Senabrata amuwus/ ingsunmelu ngawula/ agampang wong tatakrami/ ingsun arsa wêruh pratikêling praja//

Menurutku, sebaiknya aku saja yang akan pergi mengabdi. Kau tunggulah dirumah karena kau belum mampu bertatakrama. Sungguh kurang pantas jika menghadap raja”. Raden Senabrata menjawab, “Tidak, Kanda. Aku ikut denganmu mengabdi. Tatakrama mudah saja bisa kupelajari. Lagi pula, aku ingin melihat apa yang terjadi di ibukota negara.

10. // tan lyan tut wuri ing sira/ sinambi sinau dhingin/ yata Rahadyan Suratya/ garjita sajroning galih/ lamun kesah pribadi/ ginalih kuwatiripun/ bawanipun neng wana/ akathah kang dipun galih/ pan mêngkana ciptane Radyan Suratya//

Aku akan selalu mengikuti dibelakangmu sambil belajar”. Raden Surati merasa cemas. Ia berpikir bila ia pergi seorang diri, khawatir akan keselamatannya mengingat mereka berada di tengah hutan, segala bahaya bisa saja terjadi. Ia pun membatin,

11. // ya bêcik angajak rowang/ sun duga amitayani/ manawa ana rube(163v)da/ lawan sun cobane yayi/ apa sêmbada yêgti/ dene gêng luhur kêlangkung/ nulya aris ngandika/ Rahadyan marang kang rayi/ yen wus rêmbug ingsun sira milu lunga//

“Sepertinya tak ada salahnya membawa teman. Kukira ia bisa dipercaya kalau-kalau ada bahaya mengancam. Lagi pula, aku akan mencobanya, apakah ia benar-benar kuat mengingat badannya tinggi dan besar”. Raden Surati pun kemudian berkata pada adiknya, “Bila memang telah menjadi kemauanmu, mari kau ikut aku pergi.

12. // ya wus payo melu mangkat/ umarêg mring ibu dhingin/ sigra lon denira sowan/ atmaja kalih neng ngarsi/ tandya umatur ririh/ kang ibu kalih jumurung/ tandya mangkat Rahadyan/ kakalih turut neng margi/ saya lêpas lampahe risang kalihnya//

Ayo lekas berangkat”. Mereka pun berangkat dengan terlebih dahulu menghadap kepada para ibu. Para ibu meluluskannya. Mereka berdua pun segera berjalan. Kian lama, perjalanan mereka kian jauh.

13. // neng marga samya gunêman/ Rahadyan Surati angling/ heh yayi Brata sun tanya/ upama ana ta yayi/ babegalan wanadri/ sira wani ingsun adu/ nabda Dyan Senabrata/ ya mongsa wêdiya mami/ mara êndi rupane wong ambabegal//

Di perjalanan, mereka saling bercakap-cakap. Raden Surati berkata, “Hei, Dinda Brata. Aku ingin bertanya. Seandainya tiba-tiba ada perampok di tengah hutan, apakah kau berani kuadu tanding?”. Raden Senabrata menjawab, “Aku tidak akan mungkin takut! Mana wujud perampok itu?!”.

14. // suka Rahadyan Suratya/ miyarsa panggalihing ari(+1)/ mangka[na] Radyan Suratya/ amulat kanan lan kering/ awa[s] Radyan Surati/ garumbul neng simanipun/ aris angandika(-1)/ lah mara yayi den aglis/ lamun kêndêl grumbul iki lêbonana//

Raden Surati sangat senang mendengar kata-kata adiknya. Suatu saat, Raden Surati yang terus mengawasi kanan dan kiri awas melihat bila di balik semak ada seekor harimau. Ia pun berkata, “Silahkan Dinda, bila benar kau berani, masuklah ke semak-semak ini”.

15. // akras Dyan Senabrata(-1)/ garumbul dipun lêbêti/ kagyat singa kang anendra/ gêro nubruk Radyan Siwi/ ngêrêg gro naut wanti/ ngandika Rahaden Sunu/ lah iki aran apa/ dene nyakot marang mami/ sima saya nêmêni panyakotira//

Tanpa pikir panjang, Raden Senabrata memasuki semak-semak itu. Harimau yang tengah tidur terkejut, menggeram, dan menerjang Raden Senabrata seraya mencakar berkali-kali. Raden Senabrata berkata, “Apakah ini? Mengapa ia menggigitku?!”. Harimau itu seolah tak peduli dan terus menggigit.

16. // kraos gêrah Senabrongta/ gya sima dipun tampiling/ arêmuk sarahing sima/aglis Rahadyan Surati/ marpêgi mring kang rayi/ tandya rinangkul agapyuk/adhuh reningsun êmas/ sêmbada sira ta yayi/ lah ta payo umangkat yayi den enggal//

Merasa gerah, Raden Senabrata pun menampar harimau itu hingga remuk sekujur tubuhnya. Raden Surati segera menghampiri adiknya. Seraya merangkul adiknya ia berkata, “Duhai, adikku. Ternyata kau benar-benar kuat. Mari Dinda, kita segera teruskan perjalanan.

17. // manawa kancane têka/ kang sira têmpiling yayi/ ngandika Dyan Senabrata/ najan têkaa tan wêdi/ mara êndi maning(-1)/ suka Dyan rayine sêngkuh/ sigra samya lumampah/ sru awas Radyan Surati/ pan amirsa nênggih wontên dipongga(-1)//

Aku khawatir kawanan harimau yang kau tampar tadi datang, Dinda”. Raden Senabrata berkata, “Meski mereka benar-benar datang, aku tak akan takut! Mana lagi”. Raden Surati gembira karena adiknya benar-benar pemberani dan kuat. Mereka pun meneruskan perjalanan. Berikutnya, Raden Surati awas melihat ada seekor gajah.

18. // aris Dyan Surati nabda/ lah yayi apa puniki/ ika lumaris ing ngarsa/ mara tututana aglis/ yen sira dhasar wani/ akras Rahadyan lumayu/ dipongga gliscinandhak/ buntutnya kagyat kang esthi/ pan abuda sing (164r)sing rosane Radyan Sena//

Raden Surati berkata, “Dinda, apakah itu yang berjalan di depan? Ayo, ikuti dia, cepat jika kau memang berani!”. Raden Senabrata segera berlari kencang. Gajah itu segera diraih ekornya. Gajah itu merasa kaget dan berusaha berontak. Namun kekuatan Raden Senabrata lebih besar.

19. // dadya pêdhot buntutira/ dipongga angamuk wani/ Dyan Sena tinlale sigra/ binanting ingilês wani/ yata Radyan Surati/ abingung gêtun ing kalbu/ ketang wlas marang rinta/ yata kang yuda lan esthi/ Radyan Senabrata bêndu galihira//

Ekor gajah pun berhasil diputus. Gajah itu pun mengamuk. Raden Senabrata dihajar dengan belalainya hingga jatuh terbanting dan diinjaknya. Raden Surati kebingungan. Ia merasa bersalah dan kasihan pada adiknya. Raden Senabrata yang masih terlibat perang tanding dengan gajah, merasa marah.

20. // manggronjal Sang Senabrata/ dhinupak sirahing esthi/ dadya dipongga arêbah/ kang sirah pêcah babarji/ Radyan jumênêng aglis/ awas Dyan Surati gupuh/ marpêgi arenira/ nyata sêgti sira yayi/ ingsun ora nyana lamun sira gêsang//

Ia berontak seraya menendang kepala gajah. Gajah pun roboh dengan kepala pecah. Raden Senabrata pun berdiri. Raden Surati yang melihat adiknya segera menghampiri adiknya seraya berkata, “Duhai, kau ternyata benar-benar sakti, Dinda. Aku tak menyangka kau mampu bertahan hidup.

21. // lah wus yayi payo mangkat/ manawa kasuwen margi/ mêsakake kang tinilar/ Dyan kalih samya lumaris/ lêpas lampahnya sami/ samana agung lumaku/ langkung awêlas arsa/ yata Rahadyan Surati/ angandika marang arinya Dyan Sena//

Ah, sudahlah Dinda, mari kita segera meneruskan perjalanan. Bila kita terlalu lama dalam perjalanan, kasihan mereka yang kita tinggalkan”. Kedua putra raja itu pun kembali melangkah. Semakin lama, mereka berjalan semakin jauh. Keadaan mereka kian memperihatinkan. Raden Surati pun berkata pada adiknya, Raden Senabrata,

22. // adhuh yayi Senabrata/ ngong krasa sayah sayêgti/ lah payo leren sadhela/ ngasokkên napas sathithik/ rumojong ingkang rayi/ neng ngandhape wrêksa agung/ eca samya sareyan/ lendheyan Radyan kakalih/ kunêng wau kang kendêl aneng ing wana//

“Aduh Dinda Senabrata, aku benar-benar merasa keletihan. Mari kita beristirahat barang sejenak untuk menata napas”. Adiknya setuju. Mereka pun beristirahat di bawah sebatang pohon yang sangat besar. Mereka tidur-tiduran sambil bersandar pada batang pohon.

23. // yata wau kawarnaa/ sakathahira wanadri/ pan wontên bujunganira/ kang wasta Kalbun ngajrihi/ warnanira winilis/ wak esthi sirah sima gung/ sarta amawi êlar/ gêngira sakisi-kisi/ mawi jalu siyungnya kagila-gila//

Ketika itu diceritakan bahwa seisi hutan menjadi buruan makhluk hutan bernama Kalbun yang berwujud sangat menakutkan. Kulitnya hijau. Berbadan gajah, dan berkepala harimau, serta memiliki sayap. Ia sangat besar dan bertaring pula.

24. // mangkana bujungan wana/ ngupaya mangsan tan olih/ wus lami antaranira/ datan angsal bakti-bukti/ dadya bingung kêpati/ mobat-mabit sru anggrêgut/ anggrah anggro pan kadya/ galudhug kang swara mlingi/ pan sabarang den amuk dening bujêngan//

Saat itu, sang makhluk hutan tak memperoleh makanan. Karena lama tak mendapat makan, ia pun menjadi sangat marah. Ia bergerak hebat seraya menggeram dengan suara bagai geledek. Semua hal yang ditemuinya di tengah jalan diamuknya.

25. // pan wrêksa gung-agung wana/ arungkat sadaya sami/ ingamuk bujêngan wana/ kunêng wau kang miyarsi/ Radyan kagyat ing galih/ duk myarsa swara gumludhug/ nêbda Radyan Suratya/ heh yayi apa puniki/ kang karungu gumludhug swaranira grah//

Pohon-pohon yang ada di hutan roboh diamuk oleh makhluk hutan. Raden Surati yang mendengar suara gaduh itu terkejut. Ia pun bersabda pada adiknya, “Dinda, apakah itu yang bersuara bagai guntur?

26. // ingsun bangêt tan kaduga/ sumaur wau kang rayi/ kakang ingsun datan wikan/ suwara nora mangêrti/ angling Ra(165v)dyan Surati/ lah mara yayi den gupuh/ lamun dhasar prawira/ upayanên swara iki/ Radyan Senabrata age lumaksana//

Aku benar-benar tak tahu”. Adiknya menjawab, “Kanda, akupun tak tahu suara apakah itu”. Raden Surati kemudian berkata, “Dinda, bila kau benar-benar perwira, carilah sumber suara ini”. Raden Senabrata segera berjalan.

27. // wantunya maksih taruna/ kapindho butênging ati/ tan darman lereh ing driya/ asuka Radyan Surati/ myarsa sarang kang rayi/ apatuh panggah akukuh/ kêneng ingapus sabda/ yata Dyan Sena wus prapti/ pêrnahira anênggih ingkang suwara//

Ia memang masih sangat muda dan masih mudah terpengaruh rasa marah. Perasaannya tak mengenal kata istirahat. Raden Surati sangat senang melihat adiknya menurut dan mudah diperdaya. Akhirnya, Raden Senabrata pun telah sampai ke sumber suara.

28. // Radyan Surati tut wuntat/ awas Dyan Sena ningali/ marang bujêngane wana/ asuka Radyan ningali/ marang Kalbun kang ngêlih/ gumujêng kêkêl angguguk/ miyarsa solahira/ angungun Radyan Surati/ mring rayinta deme kêndêl manahira//

Raden Surati mengikuti dibelakangnya. Raden Senabrata telah bertemu dengan makhluk hutan itu. Ia sangat senang melihat Kalbun yang tengah kelaparan dan tertawa tergelak-gelak melihat tingkah makhluk hutan yang lapar itu. Raden Surati tertegun melihat keberanian adiknya.

29. // yata ingkang buron wana/ mbêkos netranya macicil/ anggro-anggro risangsaya/ apan mambu gonda janmi/ nanging dereng udani/ gya noleh bujungan Kalbun/ uning marang Rahadyan/ ambêkos gya nandê[r] aglis/ Radyan Senabrata tan nêdya mundura//o//

Makhluk hutan itu menderu napasnya, matanya menyipit, ia semakin geram karena ia mengendus bau manusia namun belum melihat wujudnya. Ia pun menoleh. Kalbun pun melihat Raden Senabrata. Ia kian keras menggeram dan pada saat yang lain segera menerjang mangsanya namun Raden Senabrata sama sekali tak merasa gentar.

Bersambung………..