Tag Archives: Sastra Jawa

SERAT CEBOLEK


SERAT CEBOLEK

Alih aksara
Drs. SUDIBJO Z. HADI SUTJIPTO

Departemen Pendidikan dan Kebudayaan
PROYEK PENERBITAN BUKU SASTRA
INDONESIA DAN SAERAH
Jakarta 1981

Sinalin dening :
Mas Kumitir
Sidoarjo, 1 Juli 2017

¤¤¤¤

SERAT CEBOLEK

PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. Tabuh sapta enjing Sukra Manis, mongsa sapta kang wuku Galungan, Rabingulawal wulane, tanggal kaping rolikur, ing taun Je sangkala Jawi, catur jalma manggaleng rat, kang manawung kidung, Mangetan wedana derstan, Raden Panji Jayasubrata duk lagi, aneng nagri Semarang.
  2. Purwanira carita punika, kang kagungan Jen Raden Dipatya, Panji Suryakusumane, ingkang sampun pensiun, Bupatine nagri Semawis, tinurun mangke tinrap, sekar  manca catur, kinarya repen supadya, andadosna pangenget-engetnya sami, sagung para ngulama.
  3. Ingkang sami amarsudi ngelmi, sampun ngantya temah telanjukan, kang salesih pamirsane, lair terusing kalbu, kang mupakat dhateng liyaning, liyanipun ngulama, ingkang sami jamhur, jamhure ing Tanah Jawa, jawanipun prayogi ingkang selasih, salesih pamirsanya.
  4. Kang jinejer carita ngarsi, duk nalika panjenenganira, Kangjeng Raden Tumenggunge, Wiryadinagara nung, Pakalongan prajanireki, pasisir Tanah Jawa, de papatihipun, Dyan Bei Martanagara, budi darma mumpuni sarjana niti, prajanya gemah arja.
  5. Datan wonten kang dursila juti, samya ajrih denya mbek silarja, ambanyu mili danane, marma pinarcaya gung, dhateng Kangjeng Gupermen nguni, sagung para Walanda, ingemong sakayun, duk samana winursita, Ki Pangulu Pakalongan tur udani, dhateng Tumenggungira.
  6. Ki Pangulu wau manganjali, dhuh pukulun  kawula miyarsa, ing Batang inggih wartose, Kalisasak kang dhusun, wonten kaji amulang ngelmi, Mukhammad Ripangi nama, punika misuwur anyampah sagung ngulama, ngelmunipun tan wonten ingkang prayogi, sadaya smi galat.
  7. Den Tumenggung angandika ais, yen mangkono dadi mangsude, mungguh ngelmune iku, nggone mulang mring murid-murid, Ki Pangulu tur sembah, saksana gya mundur, kuneng malih winursita, Kyai Kaji Mukhammad Ripangi nenggih, kang wismeng Kalisasak.
  8. Bawah Batang pan sajuga ari, Ki Ripangi nuju pinarakan, ingayap para muride, geng alit munggeng ngayun, ndeku muka lir konjem siti, saking sru ajrihira, murid-muridipun, Kaji Ripangi angucap, kabeh padha pirsakna nak murid mami, yen ingsun iki iya.
  9. Mene dadi kalifah Jeng Nabi, nindakaken sarak Rasulullah, aneng Tanah Jawa kene, dene ta iku sagung, pra ngulama ing Tanah Jawi, miwah pangulu padha, sembayange iku, durung sah jumungahira, apa dene nggone ningkahake sami, pan iku durung esah.
  10. Iya sabab ikut pra ngulami, lan pangulu durung ana Islam, apa dene pangantene, amarga padha durung, njaluk idin mring jeneng mami, nggonira manjing Islam, para murid ndheku, misuwur mancapat desa, dadya sami rebut dhucung malbu murid, Pekalongan myang Batang.
  11. Jalma alit tuwin pra priyayi, puruita dhateng Kalisasak, dipun sekseni Islame, nadyan janma wus kaki-kaki, denya semah rabinya, pan wus padha mabluk, den ningkahken malih iya, sabab nggone ningkah kalanira nguni, punika dereng esah.
  12. Ki Ripangi dereng anekseni, mengko iki padha rungokna, kabeh murid ingsun kiye, ing Tanah Jawa iku, iya mangsa ing dina iki, kabeh para ngulama, liyane jeneng sun, tan ana kang adil nyata, amung ingsun sampurna sayekti adil, nuwun para muridnya.
  13. Wonten janma Jariyah raneki, nenggih tilas lurat Suranata, puruita lan rabine, sineksen Islamipun, paningkahe winangun malih, Bagus Kenthol Jariyah, sukeng tyas kalangkung, Mas Bagus Kenthol Jariyah, ya ta matur dhumateng Kyai Ripangi, kyai kula kasmaran.

PUPUH II
ASMARADANA

  1. Mugi paduka nindaki, dhateng masjid Wanayasa, paring idin jumuwahe, supados antuka barkah, rukuna kang jumuwah, Ki Ripangi ngandika rum, ya banget tarimaningwang.
  2. Sigra tindak Ki Ripangi, prapta masjid Wanayasa, mulang jumungah pratikele, supaya manggih sampurna, sagunge janma desa, pra sami asugun-sugun, awit saking Gus jariyah.
  3. Ingkang narik, manjing murid, supaya sampurneng pejah, mila keh wong bodho-bodho, agebalan arantakan, ngguguru sami rahab, akelayu kapiluyu, suwita mring Kalisasak.
  4. Pan wonten sawiji modin, kelayu apuruita, mring Kyai Ripangi saos, sapraptanira ing ngarsa, Ki Lebe awot sekar, adhuh kiyai katengsun, mila sowan ing paduka.
  5. Saking kadereng tyas mami, malebet agami Islam, Ki Ripangi lon delinge, iya becik yen mangkana, heh bocah modin ika, guyangen balumbang gupuh, kosokana alang-alang.
  6. Tumandhang kalima murid, sapraptanireng balumbang, Ki Modin cenemplungake, kinosok ing alang-alang, kulitnya sami babak, sambat nangis angeruntuh, awake bilur sadaya.
  7. Nulya mentas prapteng ngarsi, Ki Ripangi lon ngandika, mulane sun guyang kowe, ngong kon nggosok alang-alang, amarga awakira, akuthah najis awakmu, durung esah salatira.
  8. Tan oleh ganjaran ngakir, mila janma kathah prapta, kapencut pitembungane, benjing mati minggah swarga, wantune janma Jawa, gumarubyug siyang dalu, sami atur-atur uwang.
  9. Wang tembaga tuwin putih, rispis utawane boga, warna-warna sidhekahe, Ki Ripangi angandika, masjid ing desa-desa, tuwin kutha kabeh iku, durung sun jumuwahira.
  10. Marga sun durung ngideni, temah sagung kang miyarsa, sadaya uwas atine, dadya masjide sadesa, sami suwung sadaya, tan arsa salat ing ngriku, asanget ngungun imamnya.
  11. Kuneng mangke kang winarni, Rahaden Yudakusuma, langkung terang sedayane, Ki Ripangi solahira, saklangkung rudityanya, sigra marek meng Pangulu, wus sami tata alenggah.
  12. Saksana salaman nuli, Ki Pangulu angandika, Raden punpa karsane, dene gati praptanira, baya ta wonten karya, Dyan Yudakusuma matur, milamba sowan sampeyan.
  13. Prakwis Kaji Ripangi, kang wisma ing Kalisasak, tan kenging kinendelaken, wus jinarwa solahira, purwa madya wasana, titi reh sadaya katur, tan wonten kaliwatan.
  14. Ki Pangulu duk miyarsi, sumung-sumung kang wadana, asugal bengis delinge, Raden kalamun mangkana, Ki Ripangi kadhangan, punika wong boten urus, nggih arsa angrusak tata.
  15. Ki Pangulu gya nimbali, para Ketib myang Ulama, miwah Kaji Pinang mangke, wus sami angglar ing ngarsa, ing reh sampun jinarwa, Kaji Pinang aturipun, manawi pareng ing karsa.
  16. Kenthol Jariyah suwawi, samangke katimbalana, Ki Pangulu ngutus age, nimbali Kenthol Jariyah, datan adangu prapta, angandika Ki Pangulu, heh Bagus Kenthol Jriyah.
  17. Marma sira ngong timbali, sun iki arsa atanya, kaya ngapa pawartane, Ki Ripangi Kalisasak, mungguh pamulangira, marang murid-muridipun, ngelmune ingkang binabar.
  18. Kenthol Jariyah wotsari, Ki Pangulu atur kula, saestu ngelmune sae, Ki Ripangi Kalisasak, mukmin adil sanyata, samangke saestunipun, ing wektu puniki datan.
  19. Wonten mukmin ingkang adil, mung Kiyahi Kalisasak, ingkang adil saestune, milanipun dhawuhira, Kiyahi Kalisasak, menggah ta piwulangipun, sembayange pra ngulama.
  20. Utawi jumuwah neki, napa malih tiyang ningkah, dereng esh sedayane, sabab dereng ingidenan, dhateng Ki Kalisasak, punik akenceng satuhu, nggenira ngasta sarengat.
  21. Pantes badale Jeng Nabi, Mukhammadinil Mustapa, ngencengaken sarengate, Kaji Pinang duk miyarsa, kalangkung bramatyanya, mukanira sumung-sumung, jajabang mawinga-winga.
  22. Asru pangucapireki, asendhu sora sugal, sun ngrungu ujarmu kuwe, apa sira iku edan, mojar tanpa ukara, apa sira mendem gadhung, Jariyah sira minggata.
  23. Tutura guruneki, si setan ing Kalisasak, iya iku eblis katon, den age mrene praptaa, sun kucirane pisan, eblis ing salugunipun, Si Ripangi Kalisasak.
  24. Wus sedya ing rina wengi, nggoningsun bubujang setan, Si Kaji Ripangi kuwe, kena didhadhung ing setan, wus dadi jinis setan, wong agung Arab sedarum, tan arsa ambubrah tata.
  25. Iki mengko Si Ripangi, kumeksa angluwihana, mring kang para Jamhur kabeh, wajibe para ngulama, rumeksa maring sarak, sarengate Kangjeng Rasul, nora kena yen mun kira.
  26. Ki Jariyah amiyarsi, gurune den ala-ala, kadi sinebit karnane, jajabang mawinga-winga, sesek wardayanira, seksana gya pamit mantuk, pelarasan undurira.
  27. Datan kawarna ing margi, saparptanira ing wisma, awawarta mring rabine, heh Diajeng guruningwang, ujare Kaji Pinang, iya Kangjeng Kyahi Guru, pan arsa kinucurana.
  28. Kariya ta sira yayi, pun kakang pan arsa seba, mring Kangjeng Kyaimas ingong, matur ing pangucapira, kabeh Si Kaji Pinang, dhandhang sun unekne kuntul, kuntul sun unekne dhandhang.
  29. Banget larane tyas mami, ya marang Si Kaji Pinang, tuwin marang Pangulune, rabine duk amiyarsa, wuwuse lakinira, sungkawa pan esmu eluh, alon ing pangucapira.
  30. Yen Kakang marek Kiyahi, aturena sembah ingwang, lawan pamekasku maneh, ywa suwe neng Kalisasak, banget sumelang ingwang, mbok sira dipundhut mantu, kakang paran polahingwang.
  31. Sapa ta ingkang nglironi, ngong ngulati wong sapraja, mongsantuk kang kaya kowe, sung wangeni mung sadina, yen sira nora prapta,kakang pesthi ingsun susul, ingsun ora betah pisah.
  32. Kang gumantung ati mami, tan liya mung sira kakang, jer anakmu akeh kuwe, Ki Ripangi kukumira, pan kalebu subahat, Ki Jariyah lon amuwus, yayi ywa kuwatir sira.
  33. Wus tinanggung guru mami, Kyai wus takon malekat, Ki Jariyah mintar age, gancanging carita prapta, wonten ing Kalisasak, tundhuk lawan gurunipun, ngaras asta lajeng lenggah.
  34. Ki Jariyah matur aris, amundelik matanira, kumarusuk wewadule, wuwuh-wuwuh kang pangucap, siji dadi sawidak, dudukane Ki Pangulu, utawi Ki Kaji Pinang.
  35. Ki Ripangi duk miyarsi, kelangkung rudityanira, pan kumitir jajenggote, langguk temen Kaji Pinang, anacad marang ingwang, animbali muridipun, praptane Yudakenaka.

PUPUH III
P A N G K U R

  1. Asru denya angandika, tuwan Kaji Mukhamadi Ripangi, heh sagung nak muridingsun, manira awawarta, pan manira samengko iki siniku, dinukan maring nagara, Pakalongan Batang runtik.
  2. Lan maning Mas Kaji Pinang, luwih duka sawiyah marang mami, marga nggoningsun tutulung, ngencengi ukum sarak, mungguh iku manira kencengi tuhu, senajan tumekeng lena, pang ingsun nora gumingsir.
  3. Pra murid rempag aturnya, nngih suwawi linawan ing ngajurit, amusawarahan ngelmu, amba tuwan abena, datan sedya gumingsira paben ngelmu, amungsuh Mas Kaji Pinang, lan Kaji Mukhamad Cangkring.
  4. Kang dados pangulu Batang, myang pangulu Kalongan datan wagih, miwah pangulu sedarum, Ki Edris lan Jariyah, banting kethu dhuh guruku alim agung, napa gawe kudu susah, muride bae ngrampungi.
  5. Jawab pitaken ngulama, pan wus kathah wulangipun Kiyahi, yen kantosa kasor ulun, bicara ngelmu sarak, angur aja ngguguru ngelmu kang putus, kang bisa mbatalken ningkah, kang mbatalken jumah masjid.
  6. Ingkang nganyaraken ningkah, sampun susah kula ingkang ngembari, ngelmune para Pangulu, sun kedhene kewala, kados datan prapta ing Kiyahi Guru, tautate murid tuwan, ngembari ambeng tan gingsir.
  7. Ing benjang punagi amba, inggih lamun dumugi paben ngelmi, pra ngulama yen wus teluk, nunten mantuk kawula, rabi kula ireng manis kula sambut, kula mek kang payudara, rabi kula maleroki.
  8. Para murid saya ndadra, pangucape sumepa wong daleming, ngamun-amun ting calebung, nora pisan ngambaha, eling marang ing Hyang Ingkang Maha Agung, tan ngambah laku utama, sagunge kang para murid.
  9. Ki Ripangi amiyarsa, ing ature sagunge para murid, lir kinilen ing tyasipun, dhasare uwus ngrasa, luhur dhewe iya pangawrhipun, tan ana ingkang memadha, wus angrasa alim adil.
  10. Tan ana ing memadha, sigra wau karya serat kekalih, ingkang sawijinya katur, dhateng Tumenggungira, Arya Wiryadinegara kang pilungguh, Tumenggung nagari Kalongan,kanthi kanthong ing jro isi.
  11. Kitab tiga srat sajuga, mring Pangulu Kenthol Jariyah nuli, kinanten pra murid ngutus, nandukena kang serat, mring Pangulu lawan mring Tumenggungipun, mintar tan winarneng marga, prapta Pakalongan nagri.
  12. Jariyah lajeng umarak, manganjali ngarsa Tumenggungneki, punika ingkang kamantu, dhumateng Kangjeng Sultan, ing Sumenep kang jumeneng Dyan Tumenggung, aneng nagri Pakolangan, panjenengan kaping kalih.
  13. Jariyah ngaturaken serat, tinampenan nulya binuka aglis, penget Ki Ripangi ulun, dhukun ing Kalisasak, wiyosipun kawula ngunjuki atur, Gusti kawula dinukan, mring Raden Pangulu mangkin.
  14. Tanapi pun Kaji Pinang, sakelangkung calunthangan sayekti, pangucape boten urus, ngabani mring ngulama, ingkang sampun adil satuhu, awit saking pun Jariyah, puruhita dhateng dasih.
  15. Menggah sampurnaning Islam, ngelmu sarak lampah amrih prayogi, lan salat jumuwahipun, ingkang amrih sampurna, amba sampun andhatengi amemuruk, dhateng masjid Wanayasa, awit Jariyah kang kapti.
  16. Kinen ngesahken kang Jumungah, awusana Raden Pangulu Gusti, lan Kaji pinang puniku, ngucap sawiyah-wiyah, mring kawula tan wonten tahaning kalbu, pangucape ukur menga, tan eca rinung kuping.
  17. Kaji Pinang wicaranya, sekalangkung denya amejanani, mring kawula datan rembug, pramila ulun enggal, ngaturaken kitab tiga ing pukulun, kang wus kawula tarjumah, pitembungan basa Jawi.
  18. Mugi tuwan mufakatna, inggih dhateng para ngulama Jawi, yen wonten sulayanipun, inggih para ngulama, ulun purun ingaben leresing ngelmu, titi panuksmaning serat, kawula Kaji Ripangi.
  19. Ngulama ingkang sampurna, inggih ingkang wus tanajul ngaripin, ahli tarekat satuhu, mukmin adil sukciman, lahir batin amaos surat, Ki Tumenggung sigra nuding.
  20. Kinen animbali sigra, mring Pangulu tan dangu sampun prapti, ing ngarsane Ki Tumenggung, majeng sarwi wot sekar, angandika Ki Tumenggung manis arum, Pangulu sira lungguha, sawusnya tata alinggih.
  21. Ki Tumenggung risaksana, maringaken srat mring Pangulu aglis, tinampen sarwi wot santun, pangulu maos serat, wus kadriya sedaya tembungipun, Ki Pangulu matur nembah, Gusti ulun inggih tampi.
  22. Kaji Ripangi kang serat, langkung saking seru tembungireki, ingkang mungel seratipun, masjid ing Pekalongan, dereng esah pukulun jumuwahipun, sabab kirang rukunira, wondening kang kaping kalih.
  23. Sadaya ingkang aningkah, dereng esah sababta kirang adil, ingkang nikahken puniku, munafek winastanan, amung Kaji Ripangi pribadi sampun, ingkang adil tur sampurna, dadya kalifah Jeng Nabi.
  24. Samangke ing tanah Jawa, datan wonten liya Kaji Ripangi, Ki Tumenggung ngandika rum, lamun kadya mangkana, prayogane Kaji Ripangi puniku, timbalana ngarsaning wang, kinen musawarah ngelmi.
  25. Lah kabeh para ngulama, kumpulena ingsun arsa udani, yen Kaji Ripangi iku, sisip ing kawruhira, kon ngowahi miturut kitab kang jujur, yen bener panemunira, becik den turuta ugi.
  26. Raden Pangulu turira, nggih sandika Gusti langkung utami, ing sabda Raden Tumenggung, kula ndherek kewala, ing parentah Jang Paduka kang satuhu, ngatur mufakating sarak, ing karsa langkung utami.
  27. Heh Jariyah umentara, atemuha gurumu Ki Ripangi, iki Kangjeng karsanipun, gurumu tinimbalan, anggawaha kitabe kabeh ywa kantun, sabab kinen musawarah, lan sagung para ngulami.
  28. Lamun bener gurunira, pra ngulama kinen ngguguru sami, yen sisip penemunipun, gurumu kinarsakna, atobata sarta ngowahana laku, ingkang uwis kaluputan, mentar Jariyah lumaris.
  29. Ing Kalisasak wus prapta, yata marek ing guru Ki Ripangi, ndawuhaken timbalanipun, Tumenggung Pakalongan, langkung suka seksana busana gupuh, wus sampurna sigra budhal, ginarebeg para murid.
  30. Wong sadasa pangarsanya, sampun cawis arakit jawab sami, sual myang pambahasipun, sami methili rafal, ting caruwil kertase sami kinandhut, saweneh sineleh kopyah, weneh neng kanthong kulambi.
  31. Tan winarna aneng marga, sampun prapta Pakalongan nagari, umarek ing ngarsanipun, Ki Tumenggung parentah, kinen mernah wonten ing langgar nggenipun, sinugatan warna-warna, kang adil kang ngasmarani.

PUPUH IV
ASMARADANA

  1. Kuneng wau kang winarni, raden Pangulu semana, pra ngulama sakancane, pra sami anaklek kitab, usul tasawup tuhfah, nukil kadis pekih sampun, sigra denira utusan.
  2. Mring sagung para ngulami, Ki Tumenggung karsanira, malem Jumuwah Kaliwon, sagunge para ngulama, lawan Pangulu Batang, tinimbalan kinen kumpul, pepaka ing Kabupatyan.
  3. Agunem sarengat Nabi, kang yogya linampahana, musawarah prayogane, Kaji Ripangi punika, nacad para ngulama, duk miyarsa undhangipun, garjiteng tyas pra ngulama.
  4. Sadaya anaklek sami, sekathahe kitab-kitab, oteran ngulama kabeh, misuwur janma sapraja, miwah ing desa-desa, ing warta sampun misuwur, ngulama runtik sedaya.
  5. Kalane miyarsa warti, cinacad pan dereng Islam, pan maksih munafek, ningkah jumungah salah tan sah, gumrungung pra ngulama, ingkang sampun jamhur-jamhur, sayid sarib myang wong Jawa.
  6. Miwah santri ukur urip, murang-muring ing wardaya, lah kaya apa rupane, Si Ripangi Kalisasak, dene kagila-gila, sagung wong kalyu ayun wruh, Kaji Ripangi kang warna.
  7. Botoh Cina maling-maling, bajingan miwah buwaya, apadene kadhet-kadhet, kapengin weruh sadaya, Ki Ripangi kang warna, dene sanget langgukipun, munafekken para ngulama.
  8. Sejatine wong ngaurip, gedhe cilik nora beda, ingkang beda derajate, derajat iku nugraha, pinilih dening sukma, kinen amarna ing pandum, nyantosani karaharjan.
  9. Dene ta Kaji Ripangi, anggepe kabina-bina, ya ta kawuwusa maleh, wus prapta ing ubaya, ing ari malem Jumungah, pukul sanga kumpulipun, sajrone ing Kabupatyan.
  10. Ngulama Pangulu Ketib, merbot Modin Sarip Jawa, santri meri kumaroyok, lan sagung para nayaka, aglar aneng pendhapa, sedaya sampun akumpul, Ki Tumenggung wus salenggah.
  11. Sagunge ing suwiwi, wus sami ngancaran lenggah, munggeng kanan kang tembing ler, ingkang kiwa pra nayaka, santri meri angrangap, ngebeki pendhapa agung, awor lawan bangsat-bangsat.
  12. Datan keni yen sinapih, janma kang arsa tumingal, kadya anonton teledhek, atakon tinakon warta, Kangjeng Tumenggung ingkang, akarsa landrad puniku, prakawis menggah sarengat.
  13. Wonten wong lagi karesmin, kaget lajeng aluwaran, gya medal lajeng anonton, ya ta sampun tata lenggah, Ki Tumenggung ngandika, he payo Raden Pangulu, mara ta sira wacaha.
  14. Layange Kyai Ripangi, sigra denya manis swarane, sami gawok kang miyarsa, tembunge kang nuwala, Ki Ripangi ambegipun, awani kirang deduga.
  15. Ki Tumenggung ngandika ris, sagunge para ngulama, padha den rasakna kabeh, rinembaga ing wong kathah, mungguh tembunging surat, Ki Pangulu nembah matur, menawi pareng ing karsa.
  16. Prayogi dipun timbali, Ki Ripangi dhateng ngarsa, Ki Tumenggung ngandika lon, Ketib sira timbalana, Ki Ripangi den enggal, praptaa ing ngarsaningsun, kang dinuta sigra mentar.
  17. Datan winurciteng margi, sapraptanira ing langgar, andhawuhken timbalane, Ki Ripangi sigra mangkat, praptane ing pendhapa, uluk salam sarwi melung, jinawab ngalekum salam.
  18. Gya kinen jajar alinggih, lan Mas Behi Wiratmeja, lungguhira luhur dhewe, ngarepaken pra ngulama, sagung para muridnya, neng wuri lungguhe kepung, wus sami saekapraja.
  19. Ki Tumenggung ngandika ris, sagunge para ngulama, mufakatna kang sareh, prakara kang dadi rasa, rinasan kang prayoga, sulayane kang panemu, bab masalahing ngibadah.
  20. Lawan Ki Kaji Ripangi, watona daliling kitab, kadis kiyas ijemake, sigra Mas Pangulu Batang, tuwan Kaji Mukhamad, aturipun manis arum, andhap alus kramanira.
  21. Dhuh tuwan Kaji Ripangi, kawula kinen matura, ingkang rumiyin pasale, sampeyan dhawuh tan esah, Jumuwah Pakalongan, Batang lan masjid sedarum, paran menggah labetira.
  22. Kitab punapa kang muni, kados pundi lafalira, mugi tuwan jarwakake, Kaji Ripangi saurnya, nanging ragi supe ulun, sabab wus kula tarjumah.
  23. Ki Tumenggung wus atampi, punika tuwan pirsaha, Kaji Mukhamad ature, kula ugi wus uninga, reka tuwan pribadya, pundi kitabnya kang tuhu, saure kantun neng wisma.
  24. Marma kula amestani, dereng sah jumuwahira, dene tan pepak sarate, ingkang rukun salat Jumuwah, wajibing para imam, tuwin ngulama puniku, dhingin mumulanga salat.
  25. Wajibing Jumuwah pesthi, wontena wong kawandasa, kang wus sampurna Islame, Pangulu Batang sahurnya, perlune wong Jumuwah, limalas prakaranipun, mulang tan wajib punika.
  26. Mufakat para ngulami, miwah pra sayid sedaya, mulang tan ana kitabe, mulang malbu rukun Jumngah, perlu Jumngah limalas, Ki Ripangi maksih pengkuh, datan arsa kasoran.
  27. Dangu denya wawan ngelmi, yen menggah puyuh tarungan, asaut sinaut gantos, Ki Ripangi antuk ngambah, nulya ciningir kena, dadya jengkeng tarungipun, bicaranya pan kasoran.
  28. Jawabe Kaji Ripangi, anyengkleng kelawan sual, sanes kang jinawabake, tinon samya runtikira, kalih micara sora, yen paduwa jaba tamtu, sayektine tetabokan.
  29. Sami kruranira kalih, lir Subali lan Sugriwa, sami kumitir lathine, Ki Ripangi maksih panggah, sarwi asru angucap, teka ngajak nora urus, wong anom peksa denuta.

PUPUH V
S  I  N  O  M

  1. Wahuta Mas Kaji Pinang, wantu ngulama taruni, wantering tyas tur waskita, sembada kawignyan wasis, ing kitab wus binangkit, dhasar putra ngulama gung, dupi miyarsa jawab, Kaji Ripangi tan yekti, krura mangkrak bangun kautamanira.
  2. Mentheleng amalang kadhak, sarwi lathine kumitir, netra rekta pari sura, netepken surbanireki, amingkis kang kulambi, maju nengah denya lungguh, sarwi ngadhep setrilam, nyandhak suratnya Ripangi, ngadhepaken Ki Ripangi kang micara.
  3. Sami kagyat pra ngulama, tanapi para priyayi, andulu Mas Kaji Pinang, sinawang kelangkung runtik, solah ganggas respati, tan mantra lamun tekabur, kadya Bali atmaja, angantep Dasamuka ji, solah ganggas ulat galak lon tembungnya.
  4. Heh Kaji Ripangi sira, paran karsanta kang pesthi, prakara kang dadi karya, sebane para ngulami, amusawarah ngelmi, kang dadi ing penemumu, tan metu saking kitab, amung akalmu pribadi, Ki Ripangi sumaur wengis akeras.
  5. Dangu awawan wicara, bangun angrok silih ukih, nimpuna angadu yasa, rame denya amrih titih, titikanireng ngelmi, karaning krama winangun, apopor maputeran, yen menggaha wong ajurit, rame deder-dineder ider-ideran.
  6. Mas kaji Pinang sru mojar, heh sira Kaji Ripangi, yen tan marena andika, panemunira kang sisip, pesthi ingsun kuciri, cara Cina pepathakmu, lawan samuridira, kaliwat murtadireki, wani angucap ngapiraken padha Islam.
  7. Mengko paran jawabira, prakara Jumuwah iki, soale Pangulu Batang, sumaur Kaji Ripangi, tan bisa jawab mangkin, margi kitab maksih kantun, ragi kasupen kula Kaji Pinang mojar wengis, jare ngaku alim adil tur sampurna.
  8. Teka lali kawruhira, apa ta kalingan melik, ginubel nggonmu angrenah, jamake wong ngalim adil, sepi patang prakawis, melik runtik kwatir getun, sireku ingsun sawang, mungguh kang patang prakawis, maksih kebek kukuwu neng atinira.
  9. Nganggo maneh tambah-tambah, atimu kurungan lali, jer atimu kumpul setan, gumujeng kang para kaji, myang sagung kang ningali, ambata rebah kang guyu, surak lir ngaben sata, Ketib Modin sami nglirik, mring Ripangi bangun malih gujengira.
  10. Pra priyayi katut samya, gumujengira nyakikik, jnama kang sami neng wuntat, gumuyu kapingkel sami, saweneh mijet ati, ana neng siti gumulung, saweneh cukakakan, maloto ana kang angling, yen sun sawang Kaji Ripangi kang warna.
  11. Kaya cantril Wisangkatha, semune kaduk nyenyengit, manise rada ngalompra, respatine amabangsati, sumelang dadi kaji, pantese kepala kecu, yen ora bangsat jajar, mathethe nglangak maringis, Ki Ripangi muring-muring kringet medal.
  12. Bekah-bekuh nolit wuntat, kelangkung wirang tan sipi, muka pucet lir daluwang, napasira mepis-mempis, para murid anjawil, lan  tuwan jawaba gupuh, Kyai niki nukilnya, Ki Ripangi ngucap wengis, tanpa karya mundhak sinurak ing janma.
  13. Mung arsa duwe tur ingwang, mring Raden Tumenggung mangkin, nuwun tempo telung dina, panjawabingsun puniki, sedheng wong ngudi pikir, golek dalil kitab iku, ngong kungkulan prabawa, aneng ngarsaning priyayi, atiningsun kaya wong sinamber setan.
  14. Kaji Pinang angling sugal, heh tuwan Kaji Ripangi, mumpung neng ngarsa bendara,  puniki nggone toh pati, ndika jawab kang yekti, pagene sira kumingsun, tan ngesahken wong ningkah, wit tan seksi Islam adil, ujar niku muni ing kitab punapa.
  15. Lawan dika peksa lancang, wus angaku alim adil, kalifah Jeng Nayakeng rat, tekabur ndika kaeksi, Ki Ripangi nauri, loyop-loyop angalentuk, anging wicara sora, heh Kaji Pinang sireki, salah ucap pati open ing manira.
  16. Mas kaji Pinang asenggrang, jer sira aneh pribadi, murka cendhala deksura, dir-iya tekabur kibir, amrih keh kang ngguroni, alarisa dodolanmu, nggonmu ngarenah kasab, wong ningkah kureban tuwin, lan sidekah aja liya nampanana.
  17. Krana alim adil kang sah, iya ingkang anampani, ambebodho mring wong desa, dene sira tan wruh ngisin, golek angsil ngapusi, nyerungus angapus-apus, apa kaya mangkana, lakune wong alim adil, mring muridmu dene sira wani ngucap.
  18. Saenmu pitung onjotan, delapmu nem pal pesagi, mung sirikmu dadi kaji,pantesmu ngemis neng warung, ngadhepi bangsat minggat, kang menthas oleh angutil, Ki Ripangi langkung runtik anabda kras.
  19. Bangun malih kang bicara, deder dinederan kalih, tan ana purun kasoran, agenti cingir-ciningir, saut-sinaut genti, yen menggaha puyuh tarung, maju Mas Kaji Pinang, ajengkeng Kyai Ripangi, menga-mengo tetakon ing muridira.
  20. Suka kang sami tumingal, arame gentya nyenggaki, Ripangi semu kasoran, Kaji Pinang tuhu wasis, lapal murad patitis, wicara gagrak tur patut, ngucapken lafal kitab, Mubtada Kabar patitis, apratela tinaleteh ingkang makna.
  21. nDika ngakwalim sampurna, teka tan wirang ing bumi, lan soroting diwangkara, tan isin gebyaring sasi, mungguh ing dalem kadis, mukmin kas ingkang satuhu, yogya musthikaningrat, teka tan kadi sireki, tekaburan dhemen karya sak wong liya.
  22. Yen ngulama alim nyata, tama reksakaning bumi, pesthi nora kaya sira, drengki jahil tekabur dir, ngaku kalifah Nabi, sayekti goroh ujarmu, nora laku utama, dhustha mamak cidreng bumi, karya was-was mring wong salat Jumuwah.
  23. Yen sira guru pandhita, mengkono tekadireki, iku pandhita kasungsang, suker pamulange sisip, pedhes bae kang dadi, wuruke pandhita bingung, lah iya endi ana, angaku kalifah Nabi, dadak nganggo ngapirake padha Islam.
  24. Tan eling wirayat tama, ywa akeh sumbaring lathi, sireku peksa gumuna, akarya sak ing sesami, larangan kang sayekti, mbeg digung lamun kawuwus, pan dudu darbekira, tekabur riya lan kibir, kagungane kang karya semuha.
  25. Ki Ripangi peling kula, sakniki ndika mareni, ywa kebanjur awor setan, anganggo tekading eblis, duraka kang pinanggih, wong gemblung amrih ginunggung, ratu datan narima, sira karya rusak ngelmi, nenulari mring janma ing liyanira.
  26. Sagunge ingkang miyarsa, sedaya sami amumuji, dhateng Ki Mas Kaji Pinang, satuhu lamun patitis, denira karya tamsil, Kaji Ripangi ngalentuk, rumangsa yen kasoran, panjawabe akeh sisip, para murid neng wuri sami bramantya.
  27. Jawal-jawil mring gurunya, tuwan jawabe nuli, Ki Ripangi datan arsa, pra murid maksa ngaturi, Mas Wiratmeja uni, tingkahnya murid sedarum, tinon nyengit memanas, aja ajriha ing Gusti, nedya ngadeg njotosi murid sadaya.
  28. Raden Pangulu ngandika, heh ta Ki Kaji Ripangi, nedya toge jawab ndika, kadya paran ingkang pasthi, krana para ngulami, mring Jeng Tumenggung nunuwun, nggih sagung kitab ndika, kapundhuta ing nagari, ingkang salah unine dipun obonga.
  29. Kerana akarya rusak, janma kang malebu murid, sayekti sami rahab, manjangken duraka pesthi, tan arsa salat masjid, temahan sangsaya kumprung, mila sae ngobara, kitab ndika kang tan yekti, Ki Ripangi ature angamadaka.
  30. Yata Dyan Citradipura, myarsa ature Ripangi, langkung dening runtikira, gerget-gerget nggigit lathi, dinulu angajrihi, agalak pasanging semu, keras wijiling sabda, lir tibane wisa mandi, Ji Ripangi aja matur ngamadaka.
  31. Lah jawabe kang pratela, dhawuhe Pangulu aglis, mumpung neng ngarsa bendara, ywa micara awor juti, wuwusnya awor runtik, kadya mancasa kecras, gergeten mring Ki Ripangi, Ki Ripangi umatur sumanggeng karsa.
  32. Sarwi gumeter dhrodhogan, tandya umatur mring gusti, amba nuwun lilah tuwan, tempo tigang ari malih, kawula jawab gusti, suale para Pangulu, tanapi Kaji Piang, kitab maksih kathah kari, Ki Tumenggung ngandika iya prayogi.
  33. Kaji Pinang nambung sabda, tan susah andika mulih, ndika nedha kitab napa, daweg ta ndika arani, tasawup napa pekih, kadis miwah liyanipun, lir kantor wisma kula, Kaji Ripangi nauri, nggih prayoga kula nyambut kitab ndika.
  34. Nanging dinten benjang enjang, Pangulu Batang lingnya ris, alon tur atata krama, heh tuwan Kaji Ripangi, wus mufakat ngulami, pamanggih tuwan kang luput, rinencanan ing setan, wajibe ndika samangkin, inggih kedah anganyaraken sahadat.
  35. Ki Ripangi tur sandika, gya maca kalimah kalih, sakelangkung ajrihira, para ngulama nambungi, Jumuwah benjing enjing, pesthi salata sireku, ing masjid Pakalongan, Kaji Ripangi nginggihi, noleh bisik marang kang para muridnya.
  36. Iya besuk melu ingwang, salat Jumuwah masjid ngriki, ing batin niyat nalarat, bekti Tumenggung ‘ku wajib, pan wakiling narpati, wajib wong ngabekti ratu, batine maksih esak, durung ngesahaken ugi, Jumuwahnya masjid nagri Pakalongan.
  37. Pangulu Batang sru mojar, heh tuwan Kaji Ripangi, tuwan sampun maca sadat, kari pasal kang sawiji, tuwan minta aksami, ing sasami manungseku, kang tuwan karya esak, kang sami wastani, amunafek kapir matur nggih prayoga.
  38. Mangkana Pangulu landrad, ingkang wasta Mas Sultani, sadangunya pakumpulan, tan pegat pamandengneki, animbangi ing prakawis, kang kadya rasaning padu, langkung eram ing nala, andulu Kaji Ripangi, gedhek-gedhek mesem sarwi ngusap jaja.
  39. Angunandika wardaya, kang kaya Kaji Ripangi, wewangunaning sarira, miwah guwayane sepi, dudu pantesireki, yen dadi ngulama jamhur, nanging ta pantes uga, panggawe kang den lakoni, ngamadaka ngapus-apus mrih tan harja.
  40. Mila tansah menggah-menggah, menjep mengo nganan ngering, mangkana osiking driya, wirasate nora becik, tanana kang prayogi, mung pantes riya tekabur, mungguh ngelmu wirasat, wong mengkono wujudneki, eblis katon ratune dubilah setan.
  41. Nora kena pinersanak, tan wurung gawe bilahi, yen mungguh jago tandhingan, puniku Kaji Ripangi, lawan anakmas kaji, Pinang dudu tandhingipun, jago tandhing cul dipat, tanana gelem ngasori, Ji Ripangi jago licik tanpa guna.
  42. Yen anakmas Kaji Pinang, jago patowan sayekti, sendyan maksih taruna, gitike pedhes patitis, ing pamicara wasis, sembada wirasatipun, tur tuhu trah ngulama, turun-tumurun wong alim, wus kasebut jamhure tanah Kalongan.
  43. Ki Tumenggung angandika, benjing dina ngahat enjing, sagunge para ngulama, padha ngalumpuka malih, lan Kaji Ripangi, praptaa ing ngarsaningsun, nutugken musawarat, jawabe Kaji Ripangi, bedhung dalu wus sami kalilan bubar.
  44. Agunem samarga-marga, ngulama lan pra priyayi, sedaya ngungun ing driya, panemune Ki Ripangi, mantognya nama cengis, panjawabe cula-culu, kathah janma rerasan, yata wau Ji Ripangi, amit mundur saking ngarsaning bendara.
  45. Neng marga semune merang, tumurun saking pendhapi, kasandhung-sandhung balabag, gumabrug emeh kebanting, karungkep aneng siti, katindhiyan muridipun, lajeng dipun rerompa, marang para anak murid, kuneng dalu yata kawarnaa enjang.
  46. Jariyah amit gurunya, mantuk ing wismanireki, salat Jumungah Wanayasa, Ki Ripangi anglilani, nenggih genti winarni, garwa Jariyah kang kantun, myarsa warta wong desa, yen Jariyah wus den sepir, lan gurune milane sanget sungkawa.
  47. Polahe poyang-payingan, kadi sata amemeti, lawas lakingong tan prapta, den nguni wus ingsun jangji, maras marasing ati, menawa dipun balenggu, ginebugan wong kathah, dijotosi para kaji, padha mati angur bapa lawan biyang.
  48. Sadesa mangsa anaa, lir lakiku wong njelanthir, oliha jelanthirira, ujar kari bisa ngaji, ujar kari rangkung-rangkung, sapa ingkang sikara, mring lakiku wong andhandhing, muga-muga ajana manggih raharja.
  49. Pan akeh punaginingwang, si kakang nuli prapti, seksana Kenthol Jariyah, wus prapta wismanireki, katon ing lawang jawi, bok Jariyah tyas kumepyur, amethuk kapang-kapang, mesem-mesem manas ati, gupuh-gupuh Jariyah nambut ing garwa.
  50. Manjinga segara brama, kakang aku lumuh kari, puluh-puluh aku kakang, mring sira trisna kepati, dene wus aperjangji, lunga teka nglangut-nglangut, lamun sira matiya, sun susul melu ngemasi, pasiyansun dene mentas lebar ningkah.
  51. Mingsek-mingsek panangisnya, tansah jinum sabda manis, sinangka ing niti krama, tinrusken kasmaya jati, kasampurnaning ngurip, inguripan de Hyang Agung, pangreh sulanging tingkah, tata agem aneng bumi, binarung sih rum sabda mangela-ela.
  52. Basa urip arep ana, sedya kang agawe becik, kabecikan ngalam dunya, iku ingkang anekseni, puji mring bumi langit, puji mring kang karya pandum, amung lara lan nikmat, kang nelakaken ing Hyang Widi, wiyah gesang sinung lara lawan nikmat.
  53. Kuneng malih kang kocapa, Kaji Ripangi miyarsi, bedhunging Jumuwah munya, gya ngagem surban mathinthing, jubah cara Arabi, mangkat mring musigit gupuh, prapta angangkat salat, sunat perlu amepeki, tan antara wus bubar kang salat Jumungah.
  54. Kaji Ripangi wedalnya, saking masjiding surambi, para murid ngiring lampah, gunging janma gedhe cilik, kaji Arab myang santri, sami ngrubung ngarsa pungkur, lir wong ningali unta, kepung akapang apipit, gergeting wong kayata njotos-njotosa.
  55. Saweneh ana angucap, deneku Kaji Ripangi, rupane nora pirsa, yen wayang cantrik cemuris, nalika den gebuki, mring Baladewa duk bendu, dene agawe ojat, aweh rerungon ing negri, iku wong pantes lamun dilelarak.
  56. Ginawe pangewan-ewan, apadene muridneki, ting pacengis tanpa nalar, eblis katon diguroni, dhasar mertabat eblis, wong kumprung pengung tur bingung, warnanen pra wanodya, kampung Pacinan myang loji, myarsa warta kasusu arsa uninga.
  57. Randha wlanjar perawan, prawan kencing kumarincing, jeblogan lawan angluran, sembirawa myang dedungik, prawan sunthi kumlinthi, kang timur prawan kencur, akathah warnanira, warna-warna para estri, sami ngrasuk busana sarwi geganda.
  58. Ana nganggo sekar ganda, weneh nglugas mung tetasik, rinembug amanda-manda, sinawang memanas ati, ganda katut maruta rum, lakune rebut ngarsa, prembayune den dhosoki, maring priya prandene dadi sukanya.
  59. Saking kapengin uninga, kang dadya rasanning praja, anyela sami ngulami, tarap sapinggir margi, saweneh ngintip neng pintu, para murid anyawang, ting barekuh api dhikir, gela-gelo matanira pandelikan.
  60. Aja anaa ing marga, turta kathah kang udani, pesthine rinangkul uga, sekala prapta karonsih, sendyan ana margi, sayekti lajeng rinasuk, para murid pan lumrah, wulange Kaji Ripangi, berag-berag kalamun ndulu wanodya.
  61. Lakune kinarya-karya, jawat estri pinggir margi, sanawang kadi wong edan, gela-gelo ting pacicil, kuneng wau winarni, prapteng ari Ngahat esuk, pukul sanga wancinya, kumpule sagung ngulami, sarip lawan janma kebek neng pendhapa.
  62. Ki Tumenggung wus alenggah, bangsal munggeng prangwedani, Ki Ripangi prapta ngarsa, jajar lenggah lan priyayi, Ki Tumenggung ngling aris, ngulama sedayanipun, tutugna musawarah, katoge jawabireki, Ki Ripangi paran wijiling prakara.

PUPUH VI
M  I  J  I  L

  1. Dene prakara kang dadi wiwit, telu aja wuwoh, ingkang dhingin bab Jumuwah kuwe, lawang ningkah katelune iki, rukune kang slesih, wong Islam puniku.
  2. Ji Mukhamad Ngali angling aris, alus denya takon, tuwan Kaji Ripangi samangke, punapa ta inggih sampun manggih, pitaken ing nguni, bab Jumuwah niku.
  3. Kaping kalih bab Islma puniki, katrining pitakon, bab masalah tiyang ningkahake, kula nedha jawab tuwan mangkin, ing kitab punapi, namane kang nyebut.
  4. Ji Ripangi sumaur awengis, ing pamanggih ingong, wong asalat Jumuwah sarate, para imam ingkang alim adil, memulanga janmi, inggih patang puluh.
  5. Sami makmun sampurna kang ngelmi, kang ngibadah yektos, kitab kula pan wonten dalile, maksih kantun aneng wisma mami, lafale dumeling, nanging supe ulun.
  6. Mas Pangulu Batang wecana ris, menggah kitab yektos, salat Jumngah limalas rukune, mulang datan klebu rukun Kyahi, ing kitab punapi, ingkang ndika temu.
  7. Kongsi dangi denya wawan ngelmi, Ji Ripangi pengkoh, datan arsa kasoran jawabe, rame catur agitik-ginitik, sinual agering, nganan jawabipun.
  8. Pan ingabar ing lafal sayekti, Ji Ripangi menggok, saradane anoleh muride, sami runtik gumeter sang kalih, kang lathi kumitir, jaja latu-latu.
  9. Kaji Ripangi maju denya denya linggih, runtik denira non, aneng ngrasa Ripangi lungguhe, solahira ambeg nyenapati, tinon gegeteri, lir tib anom Kudus.
  10. Ngarepaken ing Kaji Ripangi, wuwuse asengol, lamun dika ngajak padon bae, lawan asran kula kang nandhingi, yen bicara aris, mring Batang Pangulu.
  11. Bangun malih bicaranya kalih, langkung ngasran sagok, Kaji Pinang tan kewran jawabe, langkung kobet murad nganan ngering, kasor Ki Ripangi, tinon semu ngukruk.
  12. Para murid tan bisa cumuwit, gela angelokro, ngrasa guru salah pamanggihe, Kaji Pinang anggagrak tur wingit, sarwi ngusap rawis, ulat galak tangguh.
  13. Lah ta payo mengko Ji Ripangi, aja meneng ndongong, lafal iki lah jawabane age, Ki Ripangi nedha tempo malih, Kaji Pinang angling, nora aweh ingsun.
  14. Ki Pangulu Batang anambungi, kula tanya yektos, wingi tuwan salat masjid kene, kadi paran tekade jro ngati, apa ta sah ugi, Ji Ripangi muwus.
  15. Ing kandhane Kaji Pinang nguni, inggih sah sayektos, maksih ngamadaka panjawabe, Kaji Pinang nggereng nggeret lathi, Sayid Yusup aris, pangandikanipun.
  16. Aja sami kabaranang runtik, kaya bocah angon, dipun aris bukaken kitabe, angandika mrin Kaji Ripangi, bener nora muni, mulang klebu rukun.
  17. Panemunta ing kitab punapi, aturipun alon, wonten ugi ing kitab lafale, nanging kantun aneng wisma mami, Yusup tanya ngukih, Ji Ripangi muwus.
  18. Santuhune saking pitwah yekti, ngulama kinaot, pan ingunsed sapa ngulamane, saestune saking paham mami, mesem kang miyarsi, Sayid Yusup muwus.
  19. Paham ndika punika pas sisip, atobata gupoh, ing Pangeran aja nganggo maneh, Kaji Pinang wecananya wengis, lah Kaji Ripangi, kapriye karepmu.
  20. Apa nrima ing luputireki, matura den yektos, Ji Ripangi tumungkul saure, sampun nrima rumaos yen sisip, amba manut ugi, ing kitab kang luhung.
  21. Lawan anut ing para ngulami, kula nut sapakon, sampun keyok Ripangi tarunge, Kaji Pinang nulya ngucap malih, kitab dika sami, puniku pinundhut.
  22. Ingkang luput arsa den ewahi, sumangga turnya lon, Ki Pangulu Batang lon delinge, lah punapa karane ta Kyai, tan ngesahken sami, wong Islam puniku.
  23. Lamun dereng andika sekseni, alim adil kaot, nggih wong ningkah dereng ndika sahke, kitab punapa lafale pundi, matur Ki Ripangi, saking pituweku.
  24. Ki Pangulu Batang angling aris, ing dalil asung wroh, wong wus nebut sahadat kalihe, sadat empun Islam wong puniki, datan mawi saksi, marang ngulama gung.
  25. Kathah denya ngucapaken dalil, saking kitab kaot, ing prakara wong Islam rukune, lan ngibadah janma ningkah ugi, tan winarneng tulis, panjangireng catur.
  26. Ji Ripangi satuhune sisip, panemune goroh, saguh anggung ganjaran swargane, iya sagung para murid-murid, sayektine keni, eblis ingkang ngridhu.
  27. Mungguh Islam kapire wong iki, karsaning Hyang Manon, ,kang mirsani marang kawulane, nora bisa sesamining janmi, nanggung durakeki, sesami tumuwuh.
  28. Mobah meneng sagunge kumelip, nugraha Hyang Manon, lir kemudhi palwa upamane, kang linakon sagunge dumadi, uripireng dasih, saking sih Hyang Agung.
  29. Alusira kang winrat ing jisim, nugraha Hyang Manon, sir kasmaya punika dumunge, permana kang mungguh jaja kering, belebere kang sih, panglindhunganipun.
  30. Kadya dhalang molahaken ringgit, mengkono Hyang Manon, panggung jagad kawula wayange, molah lamun Ki Dhalang kang kardi, satingkah sekalir, pandulu pamuwus.
  31. Kang misesa suksmana sejati, tan antara amor, ing karsane dhewe reh panggawe, susmanadi tanpa swara warni, kang warna pan uwis, neng warnane makluk.
  32. Mila marna sabda kang piningit, aywa atumpang so, angambila tepa palupine, tanpa rupa rupa upamaning, jatining pamuji, mring sih pujinipun.
  33. Ji Ripangi bicaranya sisip, anyengkleng tur bengkok, pan tumungkul akucem ulate, nora nyandhak bicara tan bangkit, yen menggah lumaris, adoh nyamut-nyamut.
  34. Lafaling kitab rasanning  ngelmi, keh dhompo tumpangso, pangrakite lafal lan dalile, Kaji Pinang mumet tur winasis, salesih patitis, lan Batang Pangulu.
  35. Datan kewran denira ngerteni, lair prapteng batos, mardikane amanis pakoleh, arang ingkang angundha-usuki, ing negari kalih, Ji Mukhamad punjul.
  36. Kaji Pinang sigra aningali, tarjumah winaos, Ji Ripangi kang darbe kitabe, pamaosnya sora sawatawis, lagnya rong kalimahi, manggih ingkang luput.
  37. Anggitira Ji Ripangi sisip, kitab ndika menggok, dyan winaca ana salah maneh, tan mufakat lan kitab kang uni, reka ndika niki, tan patut tan urus.
  38. Kang angrusak ing badan puniki, wong gegedhen angkoh, nora nganggo rinakit batine, saking lanas wus kalebon eblis, setan nggawa dhingklik, pangus nora urus.
  39. Ji Ripangi marmanya wong urip, sabarang wiraos, lamun dereng weruh wekasane, aja nuli jabl-jebul mijil, weweka den enting, rusak wong amuwus.
  40. Wong micara anggawa bilai, gugup selak miyos, gemah rusak badan saking lambe, lambe ala anggawa bilai, lamun lambe becik, anggawa rahayu.
  41. Lawan tindak ingkang mbebayani, timbangane cocot, badan iki apan darma bahe, kang nama wong cocot ucap neki, ati anekseni, cocot gone jebul.
  42. Lambe mamak sayekti bilai, gugup selak miyos, ngodhal-adhil sawetu-wetune, setan katon tan kena sinadhing, pesthi nunulari, karusakanipun.
  43. Barang prakara kang ayem ririh, kang awas wewaton, utama kang mantep ing batine, nora ginggang lan kang among urip, arang wong bilai, yen awas ing ngriku.
  44. Janma tama kang prawireng batin, tan arsa katongton, sinasaban iya ing bodhone, lawan iya tan arsa amingkis, wekaning batin, sinamar sinamur.
  45. Mungguh wirayat janma linuwih, sumarah Hyang Manon, badan iki upama sarahe, mobah meneng Hyang Suksma kang kardi, lir sarah neng warih, nut ombaking ranu.
  46. Pama ngilo dudu kaca iki, sejatine uwong, ingkang duwe ya wewayangane, den waspada uwong aningali, kalimah tinulis, toyibah kang dunung.
  47. Kang dununge ing sawiji-wiji, makluke Hyang Manon, apan iku upama kacane, nora beda sakehe dumadi, kawula mung naming, warana satuhu.
  48. Suksmana gung sedaya kang kardi, kakenan ing batos, munajade mrih ratu badile, jroning salat iku den patitis, pamelenging ati, butulna kang turus.
  49. Mas Pangulu landrad tansah ngliring, mring kang lagya padon, mesem-mesem sarwi gedheg-gedheg, angartika sajeroning ati, nyata luwih, Kaji Pinang baud.
  50. Pikir rikat amemet patitis, tur putus cumeplos, ing tibane apantes arentes, Mas Pangulu landrad tandya nglirik, mring Kaji Ripangi, mesem rada gumun.
  51. Nora kaya Ki Kaji Ripangi, teka pijer ndongong, mempis-mempis anyikruk lungguhe, lir cemuris kala den gebugi, mung ta gawok mami, wani ngamuk punggung.
  52. Pra ngulama mufakat prasami, Ji Ripangi goroh, tuhu salah puniku kitabe, pan kesaru tuwan Lamres prapti, tetabeyan nuli, gya neng kursi lungguh.
  53. Ngantya dangu nggih tuwan kontrolir, myarsakken pepadon, abebisik mring Tumenggung mangke, Ji Ripangi kula wus udani, pan tukang dregami, duk kula neng Limpug.
  54. Sampun dangu sigra pamit mulih, tuwan Lamres miyos, Kaji Pinang nulya maca maneh, tarjumahnya kitab Ji Ripangi, manggih salah malih, angarani kupur.
  55. Mring priyayi gedhe tuwin cilik, Islame munafek, Kaji Pinang sendhu pamuwuse, Ki Ripangi tinon kethip-kethip, rumangsane ngati, sanget ajrihipun.
  56. Ji Ripangi matur Kangjeng Gusti, sarwi awot sinom, dasih Gusti muwun aksamane, pan ing wingking amba amantuni, Ki Tumenggung angling, poma ta sireku.
  57. Marenana tekadmu tan yekti, luputing lelakon, sira pesthi nemu ukum gedhe, ya negara kang wajib natrapi, yen mindho sireki, tingkah kang tan patut.
  58. Mangke tetala luputireki, Pangulu turnya lon, inggih saking sanget kalingkunge, luput sapisan nadyan ping kalih, kautaman Gusti, ngapunten tyang luput.
  59. Ki Tumenggung angandika aris, Ji Ripangi gupoh, kitabira iku sekabehe, aturena Dyang Pangulu sami, dimen den owahi, unine kang luput.
  60. Mas Pangulu Batang angling aris, Ji Ripangi mengko, rungokena punika lafale, dyan winaca tetala dumeling, bab ngibadah yekti, lan tekad kang bagus.
  61. Ji Ripangi matur sanget ajrih, ing mangke ragengong, amiturut pra ngulama kabeh, lan mituhu ing kitab sayekti, kang trus dalil kadis, mufakat pra jamhur.
  62. Sami mesem sagung pra ngulami, utawi sagung wong, dene glethak agumlethak bae, pangucape Ki Kaji Ripangi, tan wani ngandhemi, ing panemunipun.
  63. Para murid atinira cilik, myarsa guru keyok, banget luput guru panemune, anunutuh ing ragane sami, ngrasa guru iblis, tekade kaliru.
  64. Namung kanca Krapyak pra ngulami, maksih greget batos, dereng wonten lega wardayane, aningali Ki Kaji Ripangi, panedyaning ati, maksih arsa nekuk.
  65. Yata bedhug wau anguneni, Jeng Tumenggung akon, mundhut dhahar tan dangu praptane, tandya dhahar ngulama priyayi, wusnya dhahar sami, sigra bubar mundur.
  66. Ing samarga ngulama proyayi, samya gunem raos, Jeng Tumenggung agung derajate, karya terang ruweding agami, Ki Kaji Ripangi, oleh ajar tuhu.
  67. Selamine neng desa ngunggri, pan dereng ketanggor, Jeng Tumenggung kang ngajar samangke, yen ta aja den ajar tumuli, kadalurung pesthi, tekade kang luput.
  68. Lamun datan arsa memareni, polah kang linakon, pesthi antuk ukum ingkang gedhe, Jeng Tumenggung sampun nguningani, lampah kang tan yekti, wong amrih bubujuk.
  69. Kang saweneh ana kang nauri, ing pambatang ingong, kaya nora mareni polahe, lamun maksih, wisma aneng desi, wus kalakon dhingin, kadukan wong agung.
  70. Parandene nora den mareni, kejaba tinempong, lawan kinen wisma negeri kene, neng astane Tumenggung ing ngriki, kados-kados mari, yen kinanthi ratu.

PUPUH VII
KINANTHI

  1. Kuneng wau unduripun, warnanen tuwan kontrolir, Lamres saking Kabupatyan, datan kawarna ing margi, laju mring loji ratanya, njujug Kantor Sekretaris.
  2. Kang kadya residhenipun, tuwan Van de Pul linuwih, ambek santa sadu budya, agung palamarteng dasih, misuwur liya negara, adil tur alus ing budi.
  3. Dene Sekretarisipun, tuwan Fislar kang wewangi, wicaksana budya arja, sembada pekik kang warni, rikala wektu semana, Residhen tindak kumisi.
  4. Marang Batang bawahanipun, wauta tuwan kontrolir, panggih Sekretaris Fislar, tetabeyan mundhut kursi, tuwan Lamres lon aturnya, lah ta menis Sekretaris.
  5. Ingsun angaturi weruh, Jeng Tumenggung dina iki, ngumpulaken pra pandhita, Kaji Arab lan priyayi, kebak aneng Kabupatyan, miwah janma kang ningali.
  6. Marga ana Kaji luput, aran Mukhamad Ripangi, wisma dhusun Kalisasak, kareh ing Batang negari, karya gitaning ngakathah, dadya oreg kang negari.
  7. Denya nacad saminipun, ingaran datan sayekti, pratingkahe janma Islam, lan salat Jumuwah masjid, inggih winastan datan sah, kaping tri sujanma kawin.
  8. Datan den sahken sedarum, Ki Tumenggung milaneki, ngumpulaken pra ngulama, kinen mufakatan sami, ing mangke pang sampun terang, sisip pun Kaji Ripangi.
  9. Wus kathah janma ngguguru, dhumateng Kaji Ripangi, pra sami saekapraya, tan ajrih dhateng priyayi, karya semnaging negara, yen dadya kraman lir nguni.
  10. Kadi negara ing Kedhu, inggih wani mring Bupati, angadoni bandayuda, Bupati temah ngemasi, margine ngulama mulang, ing tekad datan sayekti.
  11. Kagyat dupi myarsa atur, wau tuwan Sekretaris, tan mawi catur pariksa, Tumenggung tan den timbali, sigra akarya nuwala, Ki Tumenggung den prentahi.
  12. Nuwala kelangkung bendu, dhumateng Kaji Ripangi, Ki Tumenggung dhinawuhan, kinen angulihna aglis, pinasrahena Bupatya, ing Batang kinen anjagi.
  13. Tan kena lunga puniku, saking desa wismaneki, tan linilan mulang janma, wong ngguguru nora keni, pulisi kinen anjaga, nuwala dadi kinirim.
  14. Tan winarna aneng enu, Bupati Kalongan tampi, nuwala lajeng akarya, srat mring Batang kang Bupati, Ki Arya Puspadiningrat, ing Batang ingkang Bupati.
  15. Tandya kinen mangkat gupuh, wau Ki Kaji Ripangi, ingiring duta Bupatya, samarga kawelas asih, dhawuh sikuning Hyang Suksma, denira laku tan yekti.
  16. Dene ngaku alim agung, ngaku badake Jeng Nabi, Muhammad niyakaning rat, ing Jawa datanpa sami, pramilane wong agesang, den enget den ngati-ati.
  17. Aja dumeh bisa muwus, nadyan mung sakecap ugi, yen tan pantes lan wong kathah, yekti anggawa bilai, misile makluk punika, kabeh tinitah Hyang Widi.
  18. Lir samodra lawan alun, lembak lumembak kaeksi, kang raga upama sarah, alune kang Murbeng Urip, kenyataane Hyang Suksma, ingkang upama jeladri.
  19. Golong gumolonging ranu, upama urubing geni, kenyataane Hyang Suksma, ingkang upama jeladri.
  20. Tan liyan Hyang Susmanangung, jumeneng kelawan puji, pujine kang sifat mulya, mulyane amunpangati, kang karya sabab raharja, agarjani gung dumadi.
  21. Ing samarga marga nutuh, nenggih Ki Kaji Ripangi, ya iki Kenthol Jariyah, kang gawe cintaka mami, karya rusak wardayengwang, Ki Tumenggung sanget runtik.
  22. Ki Jariyah marganipun, angumpak marang ing mami, wadul ngadu-adu basa, sun turut ambilaeni, si Jariyah nora layak, besuk pantes sun surati.
  23. Kuneng kang kawelas ayun, Jeng Risidhen Van de Pul prapti, Ki Tumenggung wau sigra, asowan Residhen nenggih, lajeng sami tetabeyan, nulya tata lunggyeng kursi.
  24. Sedaya niskara katur, solahnya Kaji Ripangi, ing purwa madya wusana, wutuh tan kirang tan luwih, denya mbeg apeksa guna, anacad sesami-sami.
  25. Milanipun amba gupuh, angumpulken pra ngulami, amba aken musawarah, ngaken leres lan Ripangi, wusana inggih sanyata, Kaji Ripangi kang sisip.
  26. Janma kang ningali penuh, kumedah samimiyarsi, ngulama mbenerken tekad, reh tiyang sami agami, pan inggih Pangulu batang, kang mutusi ing prakawis.
  27. Awit saking yitna ulun, reh mbaureksa negari, katempah tiyang sapraja, yen kelajeng tan prayogi, temtu anulari kathah, wantu abdi tuwan Jawi.
  28. Yen wonten wong ngaku luhung, kelayune sipat kuping, dherakalan sami rahab, winastan sanget linuwih, angasoraken negara, pinunjul ing Nungsa Jawi.
  29. Kaping dwi kuwatos ulun, yen damel rusuh ing negri, tan wande akarya susah, priyagung kang greh negari, tuwan Residhen ngandika, sedaya tan wonten sisip.
  30. Ki Tumenggung kang panemu, alempeng tur amatitis, Gupremen langkung narima, Tumenggung ngasta pulisi, Ki Tumenggung truksinira, rumeksaa pra ngulami.
  31. Parentah Kangjeng Gupernur, setruksine kang Bupati, kasebut pasal ping rolas, sagunging para Bupati, inggih ingkang pinasrahan, ambaureksa agami.
  32. Sagung wong Islam puniku, temena denya nglakoni, mungguhing agama Islam, sampun mawi analisir, Bupati ingkang kuwasa, mardiya sabawah neki.
  33. Pasal sawelas winuwus, sagung priyagung Bupati, pra sami mbaureksaha, aywa kongsi anak janmi, mbujuk ngicuk pakumpulan, sedayane ingkang janmi.
  34. Ngarah lelakon tan patut, adol jimat japa sami, miwah lakon liyanira, kang niyat ngapus mrih angsil, amakoleh marang arta, miwah barang saliyaning.
  35. Yen Bupati myarsa iku, ana wong wani nglakoni, nerak struksi Jeng Nata, Bupati nyekela aglis, aturna Residhen nulya, sinareng kelawan tulis.
  36. Kaji Ripangi niku, kalebu nerak struksi, artikel kaping patbelas, kadi kang kocap ing nginggil, wajib Tumenggung marmanya, amriksani lan natrapi.
  37. Ki Tumenggung sampun mundur, yata kang winarneng kawi, kang kocap jroning wirayat, sujana sami mengeti, jenenge Sri Naranata, wajib kang nata agami.
  38. Ratu wajib anggeguru, mring ngulama para mukmin, kawruh panggawe utama, lawan panggawe kang sirik, resika terus wardaya, ewuhe wong dadya aji.
  39. Pan wus sinungan luhur, maring Hyang Kang Murbeng Urip, ratu kalifah Hyang Suksma, sinrahan isining bumi, karahayoning narpati.

οοο¤οοο

Titi repen cariyosipun Kaji Ripangi,,,
Dhusun Kalisasak Kabupaten Batang.

PUPUH VIII
M  I  J  I  L

  1. Munggeng pamijil rengganing repi, pangrupakeng repot, rasika ta ruk sang aksanane, rawiting atma kang tan utami, tuna kataman mrih, ruhara tan ruruh.
  2. Ginati smaya pandayeng sandi, guna sandiyeng don, marda sadu widibeng angene, mangka kang ngunandika ing nguni, pikena ngenani, manguneng mangun kung.
  3. Purwaning para wira wirahi, tan agya anggayoh, pupuling piluta pepaline, pandayengsih kaswasih malatsih, sarana ngranuhi, ring karanarjayu.
  4. Tanpa timbang tembung tibeng tembing, yen jujul kaprojol, yen lulusa wuwus temah tangeh, tumuruta wiriding utami, lebar yen tan bersih ambabar tekabur.
  5. Mangka sirat sumirat sarwa ris, rarse wawangson, anglir ranu rena karanane, tuman kataman tan amikani, tita kena kanis, ing teluh nalutuh.
  6. Sayogya ngling nahan nadpadeng sih, sumiweng asengoh, sarwa sumyar sumirat manise, kadya lunglungan kelangening sih, darpa sirating sih, saha saben santun.
  7. Kadya katsan amemangun runtik, markatak karontog, sura saru anis mamanise, kawigar guguler ninitani, wiraganira nir.
  8. Ladat kendhat dhedhet angidheti, adedawa pan doh, ambebaya biyung ubayane, sangsayakeng buwana mengeti, sora saranani, kautameng tuwuh.
  9. Anekara kusuma mariris, tinutameng katoh, titih titi tinula tulaten, yen wus tatal tinali-taliti, den waled nuladi, mring labda dumlumdung.
  10. Bekaning baku oembukaning din, mingsar katamengsor, karaning tyas kang rengah rinongeh, ring kang tama teman angantepi, eblise lunga nis, taha maring tuhu.
  11. Dudutaning ruruntik katarik, rateng tyas markatok, tan kaulap sumelap sulape, mirir gina gimir kena sikir, tekad tanpa wangkid, tutur kabalabur.
  12. Lekasing cipta kang prapteng yekti, tumameng wireng don, sruning kapti kabyuhan wirage, raga karagan miruga ragi, wimbuh amimbuhi, kambah reh kajumbuh.
  13. Kagunturan murdasmara witing, westhine katongton, tan kenowah wuwuh wewatone, wahanane wingite mengeti, lupute nglimputi, anampad manaput.
  14. Kawawas tiwas tarpa nuwusi, wusana kalangso, datar tulus leles wewalese, lir wulu sana rekseng reksani, ngenes tan lumintir, kumentar katawur.
  15. Mawur mawurahan  ima wingwrin, rungrum tan awor, wus kewran liweran werite, raras magiras kadresan riris, ruhara tan aris, ring rus durgama rus.
  16. Wuwus mageses mangasiyati, pepenget tan kamot, wus kawuwung ing winga wingane, ngorakaken ing sarak sarenti, kasura kasarik, kurak tarpa caruk.
  17. Ring kang sestu pangestuning kapti, mumuri wireng don, tur kataman ing kautamane, ring reh risang nayakaning bumi,ing basa basuki. Bisa busanayu.
  18. Sarsab kasub kasumbageng bumi, ing bumintara bot, tar kawangwang nawengi wangene, tistis prameya angupaya nis, ing lok anglengkani, kumlungkung kalingkung.
  19. Wuyung tumiyung ngayang ngayengi, mayangi dhumoyong, ing tyas anadpada ing padane, malat kumilat sang kadi murti, murti mangerteni, ing punggung sawegung.
  20. Mangka rara sru mesor wiyati, rumareng kawuron, tan pawestu wusaka mesine, jayeng langen maluyu maya ngling, marneb manginebi, Nabi kang rinasul.
  21. Musthikeng rat marta meratani, riris surasa wor, tembak katambak prapta bengate, sih sinungga sunggama senggani, nanggung nanggulangi, kamot umatipun.
  22. Mintir kumitiring rat martani, tutur katertanton, lumunturing prapta ngantarane, ngari wuri wruh wahyuning rawi, ing pati patitis, kawuryan ing madu.

PUPUH IX
S A R K A R A

  1. Munggeng sarkara ing ukara nia, sasmita tan sumengka pustaka, ring tyas rujit karejete, lir antaka mawantu, rumara mrih saroja wiji, tan jajag jinujuga, jroning samodra gung, saleksa satus patuwas maniwasi, puwas musing wasana.
  2. Tyas arungan mirangrong tan aring, rangu-rangu mirong karungrungan, mirising tyas nir rarase, kasangsara kasarung murtining sang asewa ragi, rug wiraganing raga, gara gra gumuntur, widigda dakan kadakan, woding driya prawaya wuru mawingwrin, waler sangker liweran.
  3. Taru katrangan mantrining riris, geges kagagas prabawa giras, malum lamlam waluyane, genggah wiyoga gayuh, girayasen karugan agring, ewuh wuwuh tan owah, wimbuh sangsayembuh, sedhih kadhudhah kapradhah, konus ngesnes ngenes manasa nyata nis, liring lanas kahenas.
  4. Keguh menggah menggalaning galih, gelah-gelah manaputi kala, kalalu kalingan dene, aluran liwaripun, kang tetala wus katula, tula katelanjur, rumaket ngaku makripat, ambebeni kabangkat rumangsa bangkit, guguring gurunira.
  5. Setun setan sirat saji-saji, sujana datan sajana diyan, mikawis pasamoane, kewala nglesi wuwus, tyas sira tis kentas kawingkis, makiring sing rerasan, kayunnya raras rum, kayunnya keh kilayuwa, mula-mula ngelmune mangka ling-ling, malah ulah memala.
  6. Tuhu tehen gurnita tan aris, wus kajinis ing eblis sawelas, tan suba sita sebute, ing musibat sabitun, wonten kojah kang dadi warti, ngulama Tanah Jawa, ing nalikanipun, Susunan Prabu Mangkurat, awit dadya rerasan ambebayani, sagung para ngulama.
  7. Saliring rerasaning ngelmi, saking takluking kodrat iradat, kang dadya wit purbane, wus kaasurak kasuhur, tanpa wekas tekad binatin, temah cacad-cinacad, ajuwet acucut, pasisir wetan oteran, tanah Tuban Kaji Amad Mutamakim, dadi lawaning kathah.
  8. Sora saru ing sarengat Nabi, ing Cabolek padhusunan Tuban, ginereg ginarumung, dening para alim pasisir, pinenging ngrusak sarak, duraka ing ratu, ratu wenang aniksaa, pan minangka badal sang nayakeng bumi, bebaya ing ubaya.
  9. Nanging sira Kaji Mutamakim, datan keguh abakuh agagah, tan suminggah pakewuhe, wani ngurebi kukum, akeh ngukih pengkuh tan kokik, akeh ngulama prapta, ingkang apitutur, nakah angingu srenggala, asu kudus rolas geng ageng kang siji, ingaran Ngabdulkahar.
  10. Papat asu kikir alit-alit, pangarepe su kiki satunggal, ya Kaji Amad Mutamakim, wus rempeg pra ngulama, pantes katuripun, ing Kangjeng Sri Nata, ing katoge tan kena den pituturi, mejanani negara.
  11. Dadya para ngulama pasisir, andhinginken iber-iber layang, marang pra ngulama kabeh, Pajang Metaram Kedhu, ing Bagelan manca negari, sarta kang nunukilan, ing panganggepipun, telade kang ingandheman, Ki Cabolek ngaku Muhammad hakiki, wani yen den ukuma.
  12. Duk semana oter kang negari, dadya kontrag pasisir sedaya, pra ngulama kerig kabeh, bang wetan Kyai Bungsu, Ki Witana ing Surawesthi, lawan Mas Sidasarma, lan Mas Tibnom Kudus, pangirid para ngulama, ing pasisir praptaning Kartasureki, dereng prapta bicara.
  13. Kasaru grah Jeng Sri Narapati, Mangkurat Prabu pan lajeng seda, kagyantan marang putrane, Dyan Mas Prabayekseku, kang wus nama Pangran Dipati, gumatya ingkang rama, arja jenengipun, Sunan sumare Laweyan, ing adege anyar tinutugen malih, wus katur Sri Narendra.
  14. Kerig malih ngulama pasisir, kabeh datan wonten kalangkungan, Pajang Metaram Bagelan, manca negara Kedhu, sifat keni lafat sakedhik, tan kena suminggaha, kinerig dalem Kadanurejan, akekangsen lajeng katur Sri Bupati, mufakat pra Wedana.
  15. Ing pasisir lan manca negari, tuwin Wedana ing Kartasura, rempeg mufakat ature, sedhenging kukumipun, pra ngulama kabeh wus prapti, kayu munggeng geladhag, saosan atumpuk, lisah kalentik junjunan, meh binasmi Kaji Amad Mutamakim, ing nalika punika.
  16. Wedana jro ingkang mugareni, nenggih Rahaden Demang Ngrurawan, lan Sang Nata naksanake, kadang estri pinundhut, dadya garwanira nerpati, nenggih Ratu Kencana, Dyang Demang puniku, langkung kanggep ing Sang Nata, duk semana ingandikan marang puri, prapteng byantareng Nata.
  17. Angandika alon Sri Bupati, heh ta Bapang iya kaya paran, si uwan Patih ature, apa ta wus ngalumpuk, pra ngulama ing Tanah Jawi, Rahaden Demang Ngurawan, sigra nembah matur, inggih wus prapta sedaya, malah sampun pinanggihaken ning aris, rarase kang rerasan.
  18. Menggah ngelmi ingkang den raosi, para ngulama ing Tanah Jawa, kang kinerig pinanggihe, mung satus dasa catur, inggih langkungipun kekalih, punika pinilihan, sinanesken sampun, ingkang asor kalih duman, kang saduman punika ingkang pinething, kawandasa sekawan.
  19. Kawandasa pinilihan malih, angsal kalihlikur pinilihan, pinilih pepethingane, mung sawela pukulun, gangsal ingkang saking pasisir, ngulama Tanah Pajang, sekawan pukulun, manca negari satunggal, ing Bagelan punika ingkang satunggil, kang saged karya brongta.

PUPUH X
ASMARADANA

  1. Abdi dalem Pajang gusti, Majasem Pengging Kemasan, sekawan ing Kedhunggedhe, ngulama manca negara, amung ing Panaraga, ing Pagelan Samalangu, dene pasisir kang gangsal.
  2. Ing Surapringga kekalih, ing Garesik kang satunggal, ing Demak Kudus kalihe, punika ingkang pinithat, sami binekta ngiwa, sekawan Bupatinipun, gangsal pun wa Danureja.
  3. Ing pasisir kang kekalih, pun Dipati Jayaningrat, ing ngriki pun Wiraguna, lawan jasad kawula, binakta panepen pungkur, de pun uwa Danureja.
  4. Ingabaraken pra sami, menggah wewangkiding tekad, kang winates panganggepe, ingkang sedanga mufakat, ingkang kekalih nbandhang, mring Mutamakim kelayu, angandhemi tan suminggah.
  5. Abdidalem Pajang gusti, wonten kelayu satunggal, ngulama ing kedhunggedhe, tumut labuh binasmiya, tadhah ingukut tuwan, dhateng pun Cabolek tumut, saeka wus abipraya.
  6. Ngaken Muhammad hakiki, mila pun uwa apatya, sumanggeng karsa Sang Katong, mesem Sang Nata ngandika, endi gurune Bapang, si Kaji Cabolek iku, dene wani prayantaka.
  7. Raden Demang awot sari, pukulun duk aneng marga, abdi dalem tiyang gandhek, kang nimbali ngririd lampah, ngingalaken praptanya, pun Genthongumos pukulun, kelawan pun Ragahita.
  8. ngGih pun Kaji Mutamakin, pukulun duk aneng marga, pang inggih sampun rumaos, yen badhe manggih deduka, ing Jeng Paduka Nata, tan sedya gingsir serambut, eklasing driya sumangga.
  9. Ngandika malih Sang Aji, kayaparan duk neng marga, amicara lan wong gandhek, apa polahe ing marga, umatura Den Demang, pukulun pamuwusipun, sokur Sang Nata ngukuma.
  10. Anak Ragahita mami, kinarubut pra ngulama, pasthi yen sida den obong, kaya mambu kukus ingwang, saking ing Tanah Arab, ing kana nggon guruningsung, Seh Jen ing negara Yahman.
  11. Yen wonten salat Ngisa, datan nendra pakaryane, angura Sumawicitra, Bimasuci seratnya, ingkang kalih welas laku, pan sami lan Maduretna.
  12. Dinamel bramara keni, animpen sastra satunggal, sami sawelas lampahe, dinamela lebda jiwa, sengkek sang aprabu, heh Bapang iku kayapa.
  13. Wong micara ngelmu dakik, teka ngirib laku Buda, ya Bapang apa pakoleh, saru menawa kesasar, nembah Rahaden Demang, pukulun boten kasiku, menggah raosing ngelmi khak.
  14. Pan amung dinamel tamsil, boten binatin tinekad, naming ngalap ondhe-ondhe, kathah para wliyulah, kabuka ing ngupama, kang jinujug kalanipun, Bima nggebyur ing samodra.
  15. Pati badan angulati, guru telenging samodra, ambek pejah yen tan oleh, sedya pejah jro samodra, yen tan wruh ing kasidan, prapteng teleng samodra gung, pinanggihan Dewa Bajang.
  16. Cilik menthik sapeksi prit, teka aken majingana, langkung kagete pun Bima, punika kang kinarya, pangemut emuting wuwus, pun Mutamakim neng marga.
  17. Mesem ngandika Sang Aji, heh apa iki Si Bapa, lan para Wadana kabeh, rembug anuli kukuma, neng alun-aluningwang, sejati jatine ingsun, tan arsa anuruta.
  18. Ing ature uwa Patih, lan sagung kang pra Wedana, miwah ngulama sakehe, menawa ta iku Bapang, nedya den anggo dhawak, ngelmu kang mengkono iku, yen durung angajak-ajak.
  19. Nelukakan kanan kering, wong merapat manca lima, manca nem manca pitune, kabeh wus padha denajak, aja-na nganggo sarak, tan kena ginawa lampus, mung tirunen ngelmuningwang.
  20. Sarta belek manjing murid, yen ora mangkono ora, sun kudu ngapura bae, umatur Rahaden Demang, leres karsa Sang Nata, ya Bapang metuwa gupuh, dhawuhna dudukaning wang.
  21. Marang ing si uwa Patih, miwah kang para ngulama, tuwin paraWedana kabeh, den pepak neng Kapatihan, sira ngemban duduka, Demang Ngurwan wot santun, wedale saking jro pura.
  22. Animbali gandhek kalih, ingkang kinen rumiyina, mring Kapatihan sung awroh, lamun ingsun benjang enjang, marang Kadanurejan, praptaningsun pukul wolu, andhawuhaken parentah.
  23. Den pepak kang pra Dipati, aneng dalem Kapatihan, lan para ngulama kabeh, wus lajeng gandhek tur priksa, marang ing Kapatihan, datan winursiteng dalu, enjing Dipati Danurja.
  24. Amepak kang pra Dipati, tuwin sagung pra ngulama, wus prapta aneng daleme, Adipati Danureja, kilen para ngulama, nunggil Kiayahi Pangulu, majeng mangetan sedaya.
  25. Kang wetan para Dipati, majeng mangilen sedaya, Dipati Danureja ler, mangidul ing ngajengira, ngilen kedhik pan urmat, marang ngulama gung-agung, enggene kilen sedaya.
  26. Pukul wolu sareng prapti, Rahaden Demang Ngurawan, kang alungguh medhun kabeh, wusnya lenggah Raden Demang, wangsul panggenan samya, Ki Adipati agupuh, asreng pandhodhokira.
  27. Lawan Raden Demang aglis, andhawuhaken parentah, pan sarwi andik netrane, kumepyur tyas pra Dipatya, tuwin kang pra ngulama, telah parentah kang dhawuh, radi angampyak deduka.
  28. Putusnya deduka Aji, mung sumaur kalih kecap, Dipati Danurejane, lajeng anglengger kewala, pucet kang pra Dipatya, sedaya pra sami dhingkul, tuwin kang pra ngulama.
  29. Maha wikara mawerit, kataman singa wikrama, prakampita walikate, mawantu marga kruraya, mahambeg kawigaran, angken pragalba gul-agul, lumud syanita sudresa.
  30. Noleh nganan noleh ngering, kancane para ngulama, kang tinoleh ndhingkul kabeh, nadya kang para Dipatya, Mas Ketib Anom ing Kudus, bangun alin-alinira.
  31. Makruraning tyas mawerdi, wimba diraning wardaya, anetepaken surbane, amingkis rasukanira, mingsed maju rong cengkang, Mastib Anom denya lungguh, wus moncol saking ngakathah.
  32. Solah gagah tembung ririh, kadya Raden Baliputra, tatkalanira kinongkon, ing Prabu Ramawijaya, angantep Dasamuka, karya cingak kang andulu, sedhenge bagus taruna.

PUPUH XI
S  I  N  O  M

  1. Angger kula nuwun duka, kami purun anyelani, ing dudukane Sang Nata, kang dhawuh Rekyana Patih, ragi kalintu kedhik, duduka dalem kang dhawuh, kagyat Rahaden Demang, Ngurawan sigra anolih, angarepken Mastib Anom kang micara.
  2. Mantheleng amalang kadhak, mangkrang rikmanireki, rikma kathah ngandhan-andhan, kadi putra Ngalengka Ji, prawira Sang Indrajit, kadya anuduka gapruk, mring duta Baliputra, praptane deksureng krami, Mastob Anom lan Raden Demang Ngurawan.
  3. Dangu awawan wicara, bangun anrok silih ukih, nimpuna angadu yasa, rame denta amrih titih, titikaning akrami, karaning krama winangun, apopor maputeran, yen menggaha wong ajurit, rame deder-dineder ider-ideran.
  4. Dadya kang para ngulama, pandhikule sami tangi, miwah kang para Dipatya, tangine kagyat miyarsi, ingkang lumawan ling ling, Mas Ketib Anom ing Kudus, kelawan Raden Demang, Ngurawan  ngandika wengis, ingkang endi sira narka kaluputan.
  5. Dudukane Sri Narendra, kang dhawuh ing uwa Patih, Mastib Anom aturira, inggih angger kirang uwit, wiwinihing prakawis, mila Ki Dipati matur, dene para ngulama, sedaya punika sami, kang umatur dhumateng uwa paduka.
  6. Mila purun umatura, pun uwa Rekyana Patih, awit saking pra ngulama, yekti santosa ing pikir, lerese kang dadya wit, dinukanan Sang Aprabu, tegese pan kawula, sedaya punika sami, atampia dudukane Sr Narendra.
  7. Angakak Rahaden Demang, Ngurawan angentrog wentis, dene alega tyasingwang, iki ana kaum lanji, wanter wani ngemasi, ambarek bisa kaluruk, acandhang asembawa, yen jagowa wiring galih, mubal putih abare pindha garudha.
  8. Lah iya ingong kewala, kang dadya wakil Sang Aji, aduduka marang sira, yen pagene ta sireki, aweh ruweding bumi, gawe rurungoning Ratu, ujar durung sembada, sira matur ing wa Patih, apa amrih dudune para ngulama.
  9. Gawe rurunganing praja, arep delajating bumi, wus entek dukaning Nata, Mastib Anom aturnya aris, langkung nuwun kapundhi, duduka dalem kang dhawuh, nanging inggih sadaya,kang abdi punika sami, langkung dene tanpa niyat anedyaa.
  10. Angribedi panjenengan, yen kaleresana sami, ing lahir batin rumeksa, sasaged sageding alit, pan wajibing ngaurip, sami rumeksa ing Ratu, karahayon tulusa, angimami Tanah Jawi, nunten wonten tingkah kang saru katingal.
  11. Yen upami kalajenga, boten wande marepeki, gempil derajating praja tan wande anunulari, pan inggih boten keni, ingangge pribadinipun, abdi pudaka Jawa, kang nebehi saking sunatul Jumuwah.
  12. Dharekalam sami rahab, pelayune sipat kuping, Adipati Jayaningrat, mesem sarwi lon anjawil, marang Ki Arya ririh, metoni iku mantumu, wani deder wicara, datan ulap aningali, wani nglawan lan Raden Demang Ngurawan.
  13. Yen mengko manusa Jawa, mangsa bisaa cumuwit, aningali Raden Demang, sasat malekat Ngijrail, takona wong nagari, Raden Mlayukusumeku, mesem muwus iriban, kula kang kerep kepanggih, tur samuwus pang inggih sami wadana.
  14. Parandene terataban, tyas kula lamun kepanggih, kadi ningali macan, sanajan neng pancaniti, yen nuju Senen Kemis, aglar punggawa gung-gung, yen langkung kakang emas, rep sirep tan walang sisik, nadyan peksi miwah kekayon sedaya.
  15. Pangraos tumut amaras, angres wingwrin kang waringin, punika wong boten jamak, derajate angluwihi, kakangmas Mangkubumi, duk wonten ing Purwalulut, nyambut demel jro pura, bubuhane den parani, pinariksa mring kakangmas Raden Demang.
  16. Mung sakedhap sarwi liwat, labet maksih gegeteri, tyase maksih terataban, kakangmas Mangkubumi, nggen kula den parani, angandika tutur-tutur, marase dereng ilang, ketege maksih ketawis, sumyar-sumyar angandika pegat-pegat.
  17. Kulo ngaturi poyokan, mring kakangmas Mangkubumi, sampeyan kadi pun kula, ing rayi sampeyan ajrih, mangsa puruna inggih, andhendha mring kadang sepuh, saure ngusap jaja, heh dede pabenan adhi, sinten wonge tan ajrih ing Adhi Demang.
  18. Dhimas Malaya Kusuma, boten anyana wak mami, duk Adhi Lurah mariksa, dhateng ing bubuwan mami, kula tan dabe ati, nyana wonten kang sinaru, Dhimas ati manira, kabeh wus ana ing jawi, katujune tan suwe liwat kewala.
  19. Punika kapernah tuwa, kakangmas Mangkubumi, dede sentana langsaran, sentana pamer sayekti, pramdene liwat ajrih, ing kakangmas puniku, baya pesthi ginanjar, ing derajat angluwihi, mung punika wong Kudus purun anglawan.
  20. Mangke yen boten deduka, Ketib Anom nyata luwih, wong wani angrangkul macan, wau kang awawan pikir, rame rok silih ukih, dadak dinadak mrih tanduk, manawung ngadu yasa, Mas Ketib Anom tan kokih, sinenggrangan mring Raden Demang Ngurawan.
  21. Mastib Anom aturira, angger paduka menawi, anenetah mring kawula, bilih boten mituturi, mring Kaji Mutamakim, punika paduka dangu, wonten ngarsa sampeyan, kawula krep andhatengi, apitutur anyegah saruning tingkah.
  22. Nedha rika sumaura, mumpung neng ngarsa bendara, punika nggene toh pati, Ki Cabolek nahuri, layop-layop angalentuk, inggih yektos pun anak, andhatengi mituturi, nging kawula prapteng maot tan suminggah.
  23. Saking bodhone pun paman, mung wejang guru kaesthi, wus kawibawa graning jiwa, tan saged mrih surat malih, ati kedah netepi, Mas Ketib Anom asendhu, lah iku pikir apa, anyenyengit apenyakit, ngendi ana asu ingaran Dulkahar.
  24. Angger asune satunggal, winastan pun Kamarodin, satunggalipun Dulkahar, gumer kang sami miyarsi, Demang Ngurawan nenggih, ngentrog wentis sarwi ngguguk, Ketib Anom sru mojar, rika uga boten becik, mindhik-mindhik agawe guyon negara.
  25. Wong amrih kalokeng kiwal, peksane kudu lumuwih, aja tangguh ing pratingkah, lah alihen gunung Mrapi, gunung Prawata nuli, tumpangna ing gunung Lawu, sangganen astanira, sabarang panggawe iki, aja tanggung ngiwakaken jiwa raga.
  26. Anyengos adu arepan, asune pinadha nami, lawan pangulu ing Tuban, Dulkahar asune malih, pinadha jeneng ketib, si Kamarodin puniku, dudu wong tetemenan, neracak ratuning nyengit, sejatine pakarti angudubilah.
  27. Angger milane kawula, sudama matur Wa Patih, Adipati Danureja, supados tranga pinanggih, angentarna wewatir, pan inggih jenenging Ratu, lamu anyingkirana, kang sarwa sunating Nabi, kasangsara nirna sarusaning sarak.
  28. Angger kang kocap ing kitab, nenggih Abaruselatin, jenenge Sri Naranata, pan Ratu penataning din, yen wonten amimirid, nyunyuruh amrih tinurut, lamun kelampahana, Ratu doh sunating Nabi, yekti ilang memanise kang wadana.
  29. Angger kalamun wontena, ratu boten manis rai, pesthi nir aruming praja, amung arus anyenyengit, dadya sureming bumi. Tumus aruse tan putus, punapa tan rineksa, katertantoning Narpati, inggih angger pan Ratu atining jagad.
  30. Pan ati ratuning badan, mekaten angger upami, sayogyane beciking ati, mulane wong ngaurip, wajib rumeksa ing Ratu, obah osiking praja, pakaryane Narapati, kadya badan molah pakartining manah.
  31. Kaluputaning Narendra, sinandhang ing wong sabumi, jer Ratu atining jagad, ati rusak badan serik yen sirik tan ketarik, neluh nalutuh ing Ratu, Raden Demang Ngurawan, sidhakep sarwi seleh kris, matur marang Ki Dipati Danureja.
  32. Wa Patih kula kasoran, si Kudus mbandakalani, merep bisa ngabar bisa, tangkepe deres patitis, salin dhawuh puniki, duduka dalem kang dhawuh, wau dhateng pun Uwa, pun Kudus ingkang nadhahi, angguleng prang mangsah anguger bandara.
  33. Agagah boten giyagah, terampil boten angruwil, wani ngamuk boten mamak, awegah kula ningali, arespati patitis, gitik seru boten saru, sudibya ing biyuwa, bisasabi ngupiyatin, boten kaguh andadosken sulupiyat.
  34. Tinempuh ing sulupiyat, kinarya tis ngupiatin, boten saged anerajang, akeron ing kanan kering, rinupak marepeki, ingomberan bisa mabur, gawat kaliwat liwat, amungsuh wong Kudus iki, darodosan karinget sarang kasurang.
  35. Raden Malaya Kusuma, umatur sarwi worsari, kakangmas puduka bayar, kawula ingkang nampeni, duk ucal tandhing ngapit, kangmas temah den sapuluh, gumer kang pra Dipatya, luwaran saking prihatin, rambet rambet cahyane para ngulama.
  36. Rahaden Demang Ngurawan, ngandika sarwi anolih, Dhimas Malaya Kusuma, destun kula boten ngimpi, prapta nemu pepanggil, ngandherek mulih ngendhuruk, Uwa Patih kawula, umatur ing Sri Bupati, pan sedaya inggih sami ngantosana.

PUPUH XII
K I N A N T H I

  1. Kinanthi ing kunduripun, saking daleme Kya Patih, Rahaden Demang Ngurawan, kertarta duta Narpati, datan kawuwus samarga, sapraptanira jro puri.
  2. Ngabyantaranira Prabu, Rahaden Demang wotsari, katur solahe dinuta, miwiti malah mekasi, langkung anuwun pun Uwa, wonten nanggulang toh pati.
  3. Pun Ketib Anom ing Kudus, kang saged angadukawis, barang reh inggih kawula, kasoran rebat prayogi, atangginas boten lanas, patitis boten angruwis.
  4. Atangguh boten anguthuh, olahe langkung prayogi, pan kadya angaben sata, abdi dalem pra Dipati, sareng cul tandhing kawula, pan inggih lajeng angapit.
  5. Boten dangu den sapuluh, kawula tan saged gitik, ginitik ngering anganan, ginitik nganan angering , yen angabar kadi gelap, sumaput angsal rerai.
  6. Satunggal paperepipun, kelangkung saking amanis, amisrani sanegara, Sang Nata ngandika aris, payo endi ucapena, Rahaden Demang wotsari.
  7. Kula ngalingi pukulun, mring pun Kaji Mutamakim, nunten mantheleng mergagah, sarwi lambene kumitir, netra rekta parisura, akekes amba ningali.
  8. Tembungipun langkung sendhu, sampeyan angger ngajani, polah makaten punika, gih pun Kaji Mutamakim, yen mekatena sampeyan, angger kang ngrisak negari.
  9. Pan inggih wajibing Ratu, rumeksa sunating Nabi, yen ratu anebihana, kang sarwa sunating Nabi, ical manising Wedana, amesumaken negari.
  10. Sayekti negari arus, Ratu boten manis rai, sabarang den tindakena, amung sangit anyenyengit, Sang Nata kaselak latah, si Kudus ambebayani.
  11. Kang umatur dereng tutug, selak gumujeng Sang Aji, yen kaya mengkono Bapang, payo padha anglakoni, ingsun metoni Jumuwah, warahen Si Uwa Patih.
  12. Gaweya panggonaningsun, terancang sajroning masjid, Jumuwah ngarep sun medal, puniku nujuling kina, kawiting salat mring masjid.
  13. Ngandika maling Sang Prabu, heh Bapang sun wiwit wling, mengko sun pikire pisan, ing kalamangsane nguni, jeg ana wong cecaturan, iya na ing ngarsa mami.
  14. Si Jayaningrat kang matur, guguyon ing ngarsa mami, sampeyan dalem punika, sarwa ngarsakaken Gusti, gambuh lawan ringgit tiyang, punika kirang satunggil.
  15. Tarebang uwong pukulun, ingsun gumuyu tannya ris, heh Dipati apa ana, tarebang cinara ringgit, sun wetara nora kaprah, ature si Adipati.
  16. Inggih abdi dalem Kudus,  pun Arya mantune santri, pun Ketib Anom wastanya, ngadegken terbang wong Gusti, pun ingsun kaselak latah, sun nyana anggegarohi.
  17. Malah tuture maringsun, Si Jayaningrat Dipati, iku dhalang ngiras wayang, Si Ketib Anom ngawaki, kang dadi Wong Agung Menak, murdeng prang surayeng bumi.
  18. Nuli arsa ingsun pundhut, Si Cakraningrat ngalangi, ature sampun akarya, barang kalangenan Gusti, ing karabat Rasululloh, sayekti ambucal taklim.
  19. Pan abdi dalem rumuhun, pun Bapa dipun awisi, tarebang lampahan Menak, ing Madura boten keni, mung Amad lawan Mursada, kelawan Asmarasupi.
  20. Punika lampahanipun, tarebang madunten Gusti, amung winaca ing serat, punika tan den awisi, pun abdi dalem pun Uwa, wasiat saking Mantawis.
  21. Iku wurunge sun pundhut, mengko ta Si Kudus iki, pikire wani kandhas, Raden Urawan wotsari, inggih pikir brenggarowa, ngandika Sri Narapati.
  22. Dhasar moncol rada mencul, samencul menculing santri, lah iku manjing prakara, atadhah wani ngawaki, apragola ngadu yasa, kalebu wong sewu siji.
  23. Apa ta ulese bagus, Rahaden Demang wotsari, inggih abagus agagah, dedeg prakosa prayogi, kados putra ing Wiratha, Arya Seta Senapati.
  24. Yen sampuna dados kaum, pantes nguyunana baris, tetanggulang satru sekti, menggahing ngelmu wirasat, punika ingkang netepi.
  25. Kadya Pragalba gul-agul, ladak lair ladak batin, wong kumedut kandel manah, abanter purun prang rai, pantes ingkang amengkua, ing gelar tumercep sami.
  26. Glara dumuk angun-angun, miwah braja tikswa lungit, tuwin mangkara candrasa, agelara kagapati, wangun makaten punika, sabarang glar amantesi.
  27. Ngandika malih Sang Prabu, ya Si Kaji Mutamakim, patute wonge kaya pa, Rahaden Demang wotsari, kadi Cantrik Wisangkatha, anrenggiling api pati.
  28. Boten kalebet ing catur, dhapuripun ukur urip, awon mathethe kang warna, anyikruk lamun alinggih, pasamuwan ing ngakathah, kadi wong den supatani.
  29. Teka wonten antepipun, kawula boten andugi, sami samining tumitah, dadak wonten kang pinethik, gawok karsaning Hyang Suksma, mekaten kinarya Kaji.
  30. Sinungan pepeking rukun, sinung wrin astana Nabi, Jeng Gusti Niyakaningrat, yen sampuna dados Kaji, pantes tiyang kulak merang, utawi tyang wade pitik.
  31. Ngandika mesem Sang Prabu, iku Bapang wus pinasthi, tinitah dhapure ala, sinungan atine suci, mungguh karsaning Hyang Suksma, piniji sinungan suci.
  32. Raden Demang awotsantun, milane wau Sang Aji, tiyang alit angrampiyak, akerep dipun tudingi, kados sakit ngangkat nanjak, dinulu amempis-mempis.
  33. Kadya Baladewa bendu, abendu dhateng cemuris, pun Mutamakim punika, dhapure memper cemuris, pabena ing jawi dadya, Ki Cabolek den jujuwing
  34. Pun Ketib Anom ing Kudus, nepsunya yayah sinipi, dumeh asune satunggal, winastanan pun Kamarodin, satunggilipun Dulkahar, mila gung anggigit lathi.
  35. Sangsaya genipun nyikruk, kaki Amad Mutamakim, Sang Nata mesem ngandika, iku Bapang karsa mami, sakeh kang dadi rerasan, dhawuhna Si Uwa Patih.
  36. Sun sirep parentahingsun, aja na kang angrasani, kang luput wus sun apura, kaki Amad Mutamakim, yen mindhonana pratingkah, kang nora kaprah ing bumi.
  37. Ing kono sida sun ukum, ya Si Kaji Mutamakim, ngong gawe pangewan-ewan, aneng alun-alun mami, ing mengko apuraning wyang, iya sun pundhut amiji.
  38. Lan maning parentahingsun, dhawuhna Si Uwa Patih, kabeh wong sajro nagara, Wedana Kaliwon Mantri, lawan sagung pra sentana, den werata undhang mami.
  39. Aja na ingkang  guguru, ngelmu kak sajro nagari, muruka jabaning rangkah, ing kana ingsun lilani, lamun ana wani nerak, ing parentah ingsun iki.
  40. Aja atatakon doseku, sun lunasi jasad mami, aneng ngalun-aluning wyang, dadiya tontonan mami, wong Kartasura-diningrat, den kalakon undhang mami.
  41. Sajroning papacuhingsun, kelawan Si Uwa Patih, ngupayaa wong ngulama, pan  ora ingsun wangeni, oliha sapira-pira, nuli den pacaka sami.
  42. Panggonan Jumuwahipun, nuli pinanciya sabin, mangsa bodhowa Si Uwa, memantes boboting bumi, nyelawe wewangening wang, pangarsa ingkang prayogi.
  43. Pangisore anelung jung, iku desa kang abecik, kang kira kelar angangkat, ing Jumuwah aja laip, Kedhu Pagelen Mentaram, ing Pajang ingsun wangeni.
  44. Oleha wong patang puluh, ngulama kang becik-becik, sakiwa tengen nagara, aja doh enggala prapti, kemita saben Jumuwah, ana ing panepen mami.
  45. Dene ta ing liyanipun, Kedhu Pagelen Mentawis, aja kudu pinilihan, sokur oleh ingkang bangkit, wis Bapang nuli metua, Rahaden Demang wotsari.
  46. Wus mijil saking kedhatun, ing Geladhag denya nitih, turangga nyirig adheyan, kumepyur wong urut margi, anarka yen ana karya, Rahaden Demang wira-wiri.
  47. Rawuh Danurejan sampun, prapta tedhak saking wajik, Rahaden Demang Ngurawan, kertarta duta Narpati, wus manjing ing paregolan, mudhun kabeh kang alinggih.
  48. Wusnya Raden Demang lungguh, wangsul malin nggene sami, dhasar wong agung wiraga, gorareh anggegeteri, andhawuhaken parentah, gelare amemedeni.
  49. Netrandik angkara mretu, kang rema sapanggul buntit, respati lungguh ngadhaplang, awak nembaga sinangling, amandeng durung tumandang, gumyur ingkang den dhawuhi.
  50. Saingga Prabu Tamtanus, Sri Mahrajeng Yunani, duk angemban kang pustaka, Wong Agung surayeng bumi, mring Ratu Kaos nagara, dhawuh ing Narpati Jobin.
  51. Duk tinampan suratipun, pedhange lajeng tinarik, netra gumilintir kumentar, mandeng ingkang maos tulis, ing kanan kering kacahak, saking kobeting panglirik.
  52. Malah ing upamenipun, Raden Ramadayapati, puniku Raden Anoman, kasub kasumbageng bumi, wus nama duta utama, nalikanira tinuding.
  53. Anukmeng Ngalengka sadu, nenggih kinen amanggihi, putri Mantili Direja, enggene sajroning puri, aneng taman Ngargasoka, Anoman sawusnya panggih.
  54. Pacak beda pamrihipun, sikaranen aja wiwit, destun saking yun uninga, angadoni jayeng jurit, kadreng yun wruh boboting prang, prajurit reksasa pati.
  55. Kinembulan ing prang pupuh, akethen reksasa mati, tan regel wulu salamba, Raden Ramadayapati, punggawa putra keh kena, lajeng ngunandikeng galih.
  56. Ingsun banjurena gempur, prajurit Ngalengka iki, durung boboting prawira, yen ingsun ngasorna jurit, angrusak kramaning jagad, ngendi ana wong sawiji.
  57. Teka anggempur prajagung, ngilangken kramaning bumi, kena renguning Bethara, sun ngalah sapisan iki, iya dimekne binanda, ingaturaken Ratuneki.
  58. Dadi antuk liru wuwus, lan Si Yeksendra sun mangkin, pinanah anuli kena, katur ing Dasamuka Ji, ing wekasan pinilara, ngunadika ing tyas malih.
  59. Si rahwana liwat cubluk, dene ingsun den larani, dadi oleh mengko ingwang, rong pangkating prakareki, iki Ratu bodho mamak, kudu mungsuh Ratu mami.
  60. Iku dadine katunu, kedhaton Ngalengka gusis, sirna ing panggawenira, Raden Ramadayapati, wau ta Rahaden Demang, Ngurawan lamun tinuding.
  61. Sekala kandhuwanipun, sariranggep Narapati, mengkarog asalin warna, tuhu lamun angajrihi, wau ta ing lampahira, dhawuh timbalannya manis.

PUPUH XIII
DHANDHANGGULA

  1. Ririh aris pamedharira ngling, marang Adipati Danureja, kang dadya rerasan kabeh, pinundhut sirepipun, ing samangke karsa Sang Aji, kang luput ingapura, yen amindho besuk, langara marang sarengat, yekti dadi pengewan-ewaning bumi, siyasating Narendra.
  2. Nuli noleh mangilen macicil, sami kumepyur para ngulama, amandeng andik netrane, keh ilang bayunipun, pra ngulama asalah tampi, dhawuhing pangandika, asareh tur arum, heh sagung para ngulama, ingkang liya Kaji Amad Mutamakim, atampiya timbalan.
  3. Ingkang dhawuh timbalan mring mami, iya Bapang lah sira waraha, kang para ngulama kabeh, liwat tarimaningsun, rehning padha tinuweng bumi, rumeksa palimirna, ing keratoningsun, katempuh ing kebatinan, ingkang kaya kaji Amad Mutamakim, iku wong kekandhangan.
  4. Angregoni panjenengan mami, pan kalebu wong ambanting kothak, meh nora angimanake, marang keratoningsun, sawijine ingkang sesawi, iku wong aneracak, nanging wus sun puhung, gumantung apuraningwang, sami nuwun ature kang para hakim, langkung kalingga murda.
  5. Nulya ngadeg wahu Ki Dipati, Danureja andonga kabula, gumuruh gumer amine, gantya Kyai Pangulu, ngadeg donga luwar prihatin, Raden Demang ngandika, heh Tib Anom Kudus, Sang Nata amundhut kojah, saanane mengko wartakna ing mami, sun aturne Sang Nata.
  6. Rekyana Patih angacarani, angger inggih punpaa dhahar, yen wus telas timbalane, raka paduka Prabu, Raden Demang alon nahuri, mangke pan maksih kathah, ingkang dereng dhawuh, kang dhawuh dhateng sampeyan, kinen damel terancang sajroning masjid, Sang Natha tedhak salat.
  7. Kang timbalan waraha Wa Patih, yen dililani marang Si Uwa, ing Jumuwah ngarep kiye, iya ing niyatingsun, tedhak salat marang ing masjid, Dipati Danureja, wau duk angrungu, anggero denya karuna, lajeng ngadeg angdonga sakurollahi, Ki Pangulu ingatag.
  8. Miwah para ngulama mbelani, ngadeg sedaya sami andonga, gamer gumuruh gorareh, sagung para Tumenggung, pan sedaya sami anglirik, Mas Tib Anom Kudus, nyamping srung langking kesa, apaningset kasa kembang surat wilis, tinutup ing kalengkam.
  9. Harja sareban bareci kuning, bathokan papak cinara Arab, amemet adu mancunge, rasukan wungu salmur, ragi cekak jubah sultani, ngelabang kapipitan pamangkinging dhuwung, tembalo pendhok suwasa, cara Banten anggubed sarungan keris, wau kang tasbeh merjan.
  10. Ragi megos pangadegireki, telapaka ing ngajeng kang kiwa, kang tengen aneng wurine, rong tebah tebihipun, suku ngajeng lawan ing wuri, tur mangsa jinaraga, nanging kang andulu, pra dipati arerasan, dhasar banget wong iki kadug wiragi, sapolahe sembada.
  11. Dene kaya wong anata baris, arsa ngangsahaken ing ngayuda, Mas Tib Anom pangadege, dhasar bagus abesus, kang akeh angelomprah, ngadeg cara indhuk, sawusnya katam andonga, lenggah malih pra ngulama lan apatih, Raden Demang Ngurawan.
  12. Noleh ngetan ngandikannya aris, heh Adimas Malayakusuma, paran dadi garundele, suwe mene sunrungu, ingkang rayi matur wotsari, kangmas boten punapa, gunem awon nganggur, Rahaden Demang Ngurawan, meksa ngukih hehe Adhimas boten becik, dora ing kadang tuwa.
  13. Raden Arya Mlayakusumeki, pa gumujeng sarwi matur nembah, inggih kangmas sayektine, Mas Tib Anom ing Kudus, ingkang sami kula raosi, pangadegipun beda, duk andonga wau, lan ngulama kathah kathah, nggene ngadeg kadi wong anata baris, arsa ngangsahken yuda.
  14. Pantesipun dadosa Bupati, teka owel adados ngulama, Raden Demang sru gujenge, ngentrog wentis angguguk, matur marang Rekyana Patih, Uwa pun Adhi emas, Mlayakusumeku, nalare kuwalik sumpah, pangrasane ngulama becik Bupati, dados ukara.
  15. Dika adhi sun tutur tuturi, lagi pengrasane awak dika, santri becik Bupatine, ing sayektining wuwus, lan Bupati abecik santri, kang padha pepariman, ngemis turut dhusun, lan dika becik punika, sampun mungguh ngulama kang wus Bupati, punggawane Hyang Suksma.
  16. Luhur pundi punggawaning Widi, lan punggawane Ratu dunya, niku dhimas upamine, Mas Tib Anom ing Kudus, dhasar bagus puniku dadi, punggawane Hyang Suksma, wontena sapuluh, Bupati luhur ngulama, ing batine becike dunya adhi, inggih para ngulama.
  17. Mila dhimas sayogya para Ji, wajib ngurmati para ngulama, Dewa Resi pangiwane, myang para punggawa gung, sayogyane milu sih bekti, marang para ngulama, mapan iku prelu, kang rumekseng kabatinan, yata sagung para ngulama anglirik, marang Rahaden Demang.
  18. Iki silih wong landhep kadyangin, yen mungguha dadia wowohan, wong agung kawongan duren, medeni lahiripun, sarirane kabeh dadya ri, yen bener nggone mecah, ing jrone mumud, alegi lamun pinangan, nora watir kangmangan kena ing eri, lemes lunyu kewala.
  19. Nora uwas kalelegan eri, yata Rahaden Demang Ngurawan, andhawuhaken malihe, wa patih malihipun, kang timbalan Sri Narapati, aja na amicara, wong nedya ngguguru, ngelmu ingkang kekenthelan, ing ngelmu khak amuruk sajro negari, kajaba ngelmu sarak.
  20. Amurukna sajroning nagari, yen muruk khak sajabaning rangkah, sun lilani sakarepe, yen nerak undhangingsun, ingsun lunas siyasat mami, Kyana Patih sandika, kang den sami angupaya, wong ngulama sendyan mung ukur keni, ing lafal sarta makna.
  21. Nuli padha pincaka sabin, sapatute panggonan Jumuwah, anelung jung anyelawe, kang becik sawahipun, kang akelar kang aja laif, pangangkate Jumuwah, timbalan Sang Prabu, ing Tanah Pajang kewala, milihana ngulama kang becik-becik, antuka kawandasa.
  22. Dene Kedhu Pagelan Mentawis, aja milih ngulama kang bisa, Uwa Patih saantuke, mung sagede pinuwung, nadyan inggih mung ukur urip, yen saged lafal makna, nuntena pinundhut, milane ing Tanah Pajang, pinilihan kang caket lawan negari, ing karsa Sri Narendra.
  23. Saben Jumuwah kemit agilir, ing panepen sajroning kedhatyan, pinanggihan ing karsane, samya ngresakken ngelmu, munggeng ngrasanira Narpati, Dipati Danureja, sandika jumurung, Ki Cabolek Uwa pinundhut amiji, ginadhuhken kawula.
  24. Sampun telas inggih Uwa Patih, nulya Adipati Danureja, angejepi ing jurune, dyan papundhutan rawuh, kalih atus ambeng kang prapti, tan wonten kang bineda, ing pangrampadipun, angijeni pra Dipatya, pra ngulama cinara ambeng Bupati, Dipati Jeyeningrat.
  25. Angejepi punakawan aglis, angubengken acar kikiriman, saking ing pamondhokane, lan wonten sisanipun, kang lorodan saking jro puri, saben pukul sedasa, nenggih praptanipun, marang Kajayaningratan, kadhang pukul sawelas denira prapti, sadhahare Sang Nata.
  26. Sapitan pitik wulu kemiri, lawan gepukan dhendheng menjangan, kang saking Rawa asale, dhaharipun Sang Prabu, wonten kantun sisane ratri, binekta sareng acar, Raden Demang dulu, mesem denira ngandika, sapitane ing ngriki Paman Dipati, puniku kula sukak.
  27. Mesem ature Sang Adipati, sumangga angger kantun punika, Arya Mlayakusumane, andulu sigra matur, kang mas paran ingkang wewadi, dene esem-eseman, iwak kang pinundhut, lawan Paman Adipatya, Jayaningrat kang mas kula adhudhumpil, nuwun kucah sampeyan.
  28. Lawan dereng uninga ing wangsit, ulam punapa dene agawat, mawi kejep pamundhute, Raden Demang gumuyu, kaya kucing adhimas iki, tan kena tinungkulna, sapinten puniku, wau ratri saking pura, pan lorodan paringane Man Dipati, norantek iku baya.
  29. Nanging dhimas kula boten pangling, sawab kula wau bengi dhimas, gandhek ingkang nglampahake, sapitane puniku, kang marahi kula tan pangling, heh Paman Adipatya, Jayaningrat iku, saben praptaning lorodan, tidhak habis sinantap sama sekali, Sang Adipati turira.
  30. Inggih angger paringan kang enjing, boten telas ulame kewala, ingkang kula ngengehake, pan kangge sontenipun, ingkang sonten pan kangge enjing, Raden Mlayakusuma, amarani gupuh, marang nggene Raden Demang, nora nganti panakawan kang ngladeni, tinampenan piyambak.
  31. Sarwi angling denira nampani, iki dadine kang tapak asta, saking pura pinangkane, Raden Demang amuwus, ya mulane wong anom adhi, sok mbodhokaken aja, marang kadang sepuh, arame kang dhedhaharang, Ki Dipati lakune cara pasisir, sajroning dhedhaharan.
  32. Ulam prapta asalin sumalin, anget-anget tan atumpa-tumpa, kang adhahar sedayane, abangun bangun sekul, wus adangu tuwuk pra sami, linorod kang ambengan, kadya amemantu, Adipati Danureja, urmatira mring wong agung ngulameki, tuwin wadya Sri Nata.

PUPUH XIV
S  I  N  O  M

  1. Tyasira kadya sinekar, sagunge para Dipati, tuwin kang para ngulama, purwaning reh memarasi, dukanya Sri Bupati, wusana amanggih ranu, kentar maruta ganda, asrepe wantu wewangi, prapta wedang ingkang sarta nyenyamikan.
  2. Rahaden Demang Ngurawan, pangandikanira aris, lan Mas Ketib Anom mara, pamundhute Sri Bupati, kojah marang sireki, manira kinen angrungu, supayane dadia, ing pangeling-eling mami, ngalap saking ngibarat carita tama.
  3. Mas Ketib Anom turira, raka paduka Sang Aji, punapa ingkang kinarsan, kojah Arab miwah Jawi, yen kawula pinardi, sasaged saged umatur, nanging mangsa pelaga, wantu dhusun ingkang abdi, angandika Rahaden Demang Ngurawan.
  4. Paman rika ucapena, prakara kojahing Jawi, apa ana kuna-kuna, panjenengan Ratu Jawi, Demak Pajang Mentawis, wong salah ing ngelmu kakum, Mas Tib Anom aturnya, pamirsa kawula alit, inggih wonten angger sami anyapisan.
  5. Kang kokum ing Giripura, Ki Seh Siti Jenar nguni, kokumipun saking pedhang, alam Padamekan Gusti, kokumipun binesmi, pan inggih Pangeran Panggung, dene duk alam Pajang, Ki Bagedad dipun warih, sami ugi warastra pi lawan toya.
  6. Dene karaton Mataram, Panembahan Senapati, lan Panembahan Kerapyak, dereng wonten kang marengi, nunten kang wayh ugi, duk jenengnya Sultan Agung, wonten kokum satunggal, nggih ngrisak sarengat Nabi, mila duka Sultan Mukhamad Mentaram.
  7. Linabuh wonten Tunjungbang, tyang saking manca negari, padhusunan Wirasaba, dhukuh ing Wanamarteki, mantunipun Ki Bayi, ing Wanamarta pukulun, lagunya Nembangraras, Gustinya Nyai Centhini, bisikanya Kiyahi Seh Amongraga.
  8. Angakak Rahaden Demang, Ngurawan angentrok wentis, miwah kang para Dipatya, gujenge dene amawi, nyebut Nyai Centhini, carang adhapur puniku, satengah ana ngucap Ketib Anom nyata luwih, ting barendhil denya asimpen carita.
  9. Bangun sukaning wardaya, wong agung kang sami linggih, Rahaden Demang Ngurawan, gumujeng anolih-nolih, kang tinolih nyakikik, Arya Mlayakusumeku, samya suka miyarsa, Ketib Anom solahneki, kadya manggung carita ringgit jabelan.
  10. Netrane nelaga muncar, sarwi lambene kumitir, sembada apari minta, puspanom gumanda riris, sumedhep anyedhepi, kadya Seh Ngabdulah Ibnu, Mubarak ahli kojah, kocap jro Kitab Nawawi, lagya yuswa selawe tatu kang jaja.
  11. Mas Tib Anom aturira, sunan kang sumare Tegil, Mangkurat Mangkubuwana, dereng wonten kang nglampahi, mung Kaji Mutamakim, angger ajeng sisinau, gumer ingkang miyarsa, sedaya sami ningali, Ki Cebolek ingkang pinandeng ing kathah.
  12. Mas Tib Anom aturira, Pangeran Panggung ing nguni mila kokum aneng Demak, serak dipun orak-arik, Sultan Demak ngejengi, miyos aneng alun-alun, lang sagung pra dipatya, para wali para mukmin, kadya gunung kayu duk kalawan lenga.
  13. Amubal aingkang dahana, kadya angayuh wiyati, Pangeran Panggung duk ingatag, kinen manjinga jro geni, mecat canela kalih , binuwang ing geni murub, kirike cinethetan, pun Imam kalawan Tokhid, kalih pisan kirike manjing dahana.
  14. Buburon neng jro pawaka, kikirik pun Iman Tokhid, ngalor ngidul katingalan, guguyon sajroning geni, wulunira tan gigrik, kalis ing pawaka murub, wus dangu sinongsotan, kirik medal saking geni, samya nyakot ing canela siji sowang.
  15. Eram kang sami tuminggal, Sultan Demak ngandika ris, heh paman kirang utama, inggih sampeyan pribadi, sampun awakil kirik,manjinga dahana murub, Pangeran Panggung mojar, Ki Jebeng sampun kuwatir, nggih manira dhewe manjinga pawaka.
  16. Pangeran Panggung seksana, anyangking daluwang mangsai, denira manjing dahana, prapteng jro lajeng alinggih, pan sarwi anunulis, neng jroning dahana, murub, kadi wonten tigang jam, sirepe kang ponang api, panganggite suluk apan sampun dadya.
  17. Kang Suluk Malang Sumirang, panganggite jroning geni, sinawung ing Dhandhanggula, sumirang amurang wsethi, anrang bebaya westhi, angripta kedhot kukuncung, medal saking dahana, Sultan Demak methuk sami, uluk salam sawusira jawab asta.
  18. Kang Suluk Malang Sumirang, ingaturaken Sri Bupati, Pangeran Punggung nulya kesah, saking ing Demak negari, lelana nut pasisir, kirik kalih datan kantun, tumut saparanira, pun Imam Kelawan Tokhid, lah punika Ki Cebolek kang den arah.
  19. Gumer kang sami miyarsa, sangsaya suka ing mburi, arame ambal ambalan, tan weneh denya ningali, mung Kaji Mutamakim, kang dadi tibaning guyu, angger nyana siyosa, khukume Ki Mutamakim, sokur wande apan Ratu kuwajiban.
  20. Amarasaken wong edan, amulyakaken wong agring, nulya wonten gandhek prapta, Gadhingan Darmasuteki, mbekta tadahan kalih, Raden Demang jujugipun, dhawuhing kang timbalan, raka paduka ang aji, satadhahan Ketib Anom pinaringan.
  21. Ki Cebolek satadhahan, Raden Demang angungkabi, ing serbede pinariksa, awarna badhe kulambi, apan tadhahan siji, marang Ketib Anom Kudus, atelas kawan kasa, wadi darma leja putih, nyampingipun pan inggih sawi nyekawan.
  22. Bathik mari kang sakebar, menyan kobar lan garingsing, kang sakebar ceplok padma, ngin sami mendhala giri, badhe surban angalih, karsa sami alus-alus, dene paringanira, kaji Amad Mutamakim, kestting ireng grim ireng malyo sangkelat.
  23. Pan ireng sekawan pisan, nyampinge salobog garit, latar ireng kapat pisan,  datan angundha usuki, lawan paringaneki, mas ketib Anom ing Kudus, boten untap-untapan, yen pangkata kaping katri, dhinawuhan kang sami tampi paringan.
  24. Kalih sami maring ngarsa, Raden Demang ngandikaris, salamet paring Narendra, anuwun langkung kapundhi, parigel anampani, laku dhodhok unduripun, astanira kang kanan, ginawe anampak jobin, ingkang kiwa kadamel nangga tadhahan.
  25. Kadya undure tandhingan, ing kalangan beksa rangin, mesem kang sami tumingal pamujine dereng mari, sedaya pra dipati, marang Mas Tibanom Kudus, apatan nate beksa, parigele angenteni, atitiron Ki Cebolek sedyanira.
  26. Awidhung pan ora bisa, meh kongsep anuli mari, temahan akekadhalan, lir sinentakl pra dipati, miwah parepat alit, ambata rebah kang guyu, sawusnya sami lenggah, punakawan sami nglirik, Ki Cebolek bangun samya latah-latah.
  27. Katut malih pra dipatya, ana kongsi merbes mili, Raden Melayakusuma, nyakikik ametek galih, man kaji Mutamakim, bok sampun melu ing payu, upama Baladewa, cemuris melu kikinthil, karoncalan ing tindak nora kecandhak.
  28. Apunten andika paman, neracak amemoyoki, inggih dhateng wong ngatuwa, paman sampun dados galih, si paman iki kolik, cilik-cilik teka kaku, nadyan cilik lemesa, ana parigele kedhik, gumer malih lir ndulu wong beksa dhadhap.

PUPUH XV
G A M B U H

  1. Kueng tak kang winuwus, diwaseng surya wus manjing luhur, abubaran pra ngulama pra dipati, Raden Urawan puniku, ingkang andhingini bodhol.
  2. Wadyanira kumerung, ingkang basahan wong kalihatus, satus punakawane ingkang njajari, angebeki kang lulurung, tan kena nambah liyan wong.
  3. Pra dipati neng pungkur, saking dalem Kapatihan mbrubul, prapteng lurung sowang-sowangan lumaris, mung kang para ngulameku, marang Pakauman golong.
  4. Kyai Cebolek tumut, mring Kademangan lumakyeng pungkur, sapraptane Kademangan Mutamakim, pinrenah kiwa nggenipun, munggeng panepen lor kulon.
  5. Pinurugan yen dalu, mring Raden Demang anunggal laku, pinrih wutah sabarang kawruhireki, Ki Cebolek kawruhipun, wite angantepi kawroh.
  6. Neng Yahman anggeguru, Seh Jen kang mangka paguronipun, daerahe angblegi Dewaruci, puniku duk nujulipun, keh Dewaruci kedhaton.
  7. Mas Tib Anom ing Kudus, ngandikan mring Kademangan dalu, Mas Tib Anom nggawa Layang Dewaruci, nging dereng saha praptanipun, kaselak kelangan babon.
  8. Praptaning pukul wolu, baju pranakan putih akuluk, cara Jawi langkungan rasukaneki, paringane sang aprabu, salmur wungu tur kinaot.
  9. Mberanyak yen dinulu, Raden Demang pribadi methuk, pelataran kinanthi astanireki, sarwi gumujeng angguguk, Mas Kudus salin nggonanggon.
  10. Heh dika Paman Kudus, lamun dika yen dadiya nganggur, sayekteni inggih pinundhut mariki, amomongsa sang prabu, ing gunem dadya pepathok.
  11. Binekta ngiwa sampun, prapteng panepen pinanggih lungguh, dherakalan Kyai Kaji Mutamakim, wruh Raden Demang kang rawuh, kelawan Mas Ketib Anom.
  12. Kinen tata alungguh, ingatutken apan dadya rukun, Mas Tib Anom lawan kaji Mutamakim, wus salaman nulya gupuh, umatur Mas Ketib Anom.
  13. Angger inggih puniku, pun Kaki Cebolek andelipun, rerasane inggih Serat Bimasuci, kula ambekta pukulun, ing ngriki sami winaos.
  14. Raden Demang anjumbul punapa paman saged puniku, maca Jawa dene nggawa Bimasuci, Mas Ketib Anom umatur, ukur-ukur boten butoh.
  15. Den Demang ngandika rum, pundi layange kula yun weruh, ingaturaken Raden Demang anampani, dupi winiyak angungun, Rahaden Demang atakon.
  16. Punika Paman Kudus, dereng jarwa taksih Kawi lugu, paran Paman wageda maos puniki, umatur sarwi gumuyu, wau Ki Mas ketib Anom.
  17. Dhuh angger kamipurun, yen angger mundhut bangsapatreku, adeksura yen tan sila tumpang inggih, ukaranira kabekuk, ukele atemah bengkong.
  18. Katelah katelanjur, wonten ing dhusun pun paman unggul, pan ugungan satemah rada kumaki, wonten praja dados ithuk, Dyang Demang ngling manis alon.

PUPUH XVI
DHANDHANGGULA

  1. Lah ta Paman prakwis puniki, yen gadhaha rikuh mring kawula, sampun mawi pindho gawe, nulyaa wit angidung, sila tumpang denira linggih, anembang bangsapatra, arum swaranipun, dek Sena andhungkar arga, pan anglebur raseksa dadi weweri, lagyantuk tigang pada.
  2. Ya ta lajeng dipun pardikani, cinara tapsir sarwi anggagrak, winangun fingil fangale, muptada kabaripun, tinaleteh tiniti titi,kang jumlah mutarilah, rurujukanipun, sangsaya awela wela, ilang saking tuna tunaning pangerti, dadya onte-onteyan.
  3. Langkung saking pangungunireki, wau Rahaden Demang Ngurawan, njentung-njentung sadangune, nimbali dalu-dalu, Ki Jaraga lan Salwarini, katri Suranegara, katur praptanipun sedaya lajeng ngandikan, Rahaden Demang Ngurawan ngandika aris, lah padha rungokena.
  4. Mas Tib anom Kudus mardikani, ing lakune iya bangsapatra, lawan seje kawitane, Mas Tib Anom matur, angger kala jinujug inggih Bima nggebyur samodra, dyan winaos gupuh, punika kang rinemenan, ing pun Kaki Kaji Amad Mutamakim, nanging karud ing murad.
  5. Ki Cebolek kinen mardikani, mopo datan saged wus kungkulan, ing darajat prabawane, Mas Ketib Anom matur, sampun keyok pun Mutamakim, menawi dereng telas, angger gendhingipun, aprang catur lawan kawula, kulantosi wangsula mring Arab malih, amerauwa kitab.
  6. Punapa malih raosing Kawi, Bimasuci kalawan Wiwaha, kang samya keh sasmitane, ngemper raosing ngelmu, yen patitis, kang narbukani, kadyangger Kawi Rama, punika tasawup, Ki Cebolek medhatiya, Layang Kawi keringen ing Tanah Jawi, kulantos pirang dina.
  7. Kula angger boten nekaburi, sejatine ambebujeng setan, pun Mutamakim lupute, setan ingkang andhadhung, anggebang kang ngelmi dakik, lembut lembuting setan, pun kaki puniku, dereng kathah maca kitab, mila gampil angger tinarik ing eblis, angangge cacah cucah.
  8. Dadak kirik ingaran Komarudin, lan asune ingaran Dulkahar, wong agung ing Arab angger, inggih uwiting ngelmu, yen nglebura saraking Nabi, kang wajib rumeksaa, pikukuhing laku, tan lyan sarak rasulollah, kang minanga wiwinih ngelmu sabumi, tan keni sumingkira.
  9. Raden Demang angandika aris, uwis kaki Mutamakim sira, ngungkeba delamakane, Mas Ketib Anom Kudus, sira iku wong dosa pati, angengkel maring sarak, dudu timbangipun, Ketib Anom lawan sira, kalimane tur wicaksana ing Kawi, angungkuli ing sira, kalimane tur wicaksana ing Kawi, angungkuli ing sira.
  10. Dadi sedheng wong kaya sireki, yen cinemplungena ing bangawan, tan enjooh kudu agawe, pakewuh wuwuh-wuwuh, becik jajal tarung tan bangkit, gumeter sariranya, Ki Cebolek ndulu, ing rengune Raden Demang, sigra dennya ngrungkebi sukunireki, Mas Ketib Nom turira.
  11. Angger ngelmune punika becik, langaripun saking kirang wadhah, tipis gerobog pathine, nulya tadhahan rawuh, amisalin kulambi nyamping, lan kuluk kanigara, sarwi ngandika rum, Paman dika salin kopyah, kanigara eman baguse sayekti, angangge kopyah Jawa.
  12. Salin kuluk sangsaya dumeling, lawan sup ijo rasukanira, lajeng kinen nutugake, nenggih pamaosipun, mardikani Srat Bimasuci, punika kang pinurwa, ing nalikanipun, Bima kinen umanjinga, nenggih marang talingane Dewaruci, sinawung ing Sarkara.
  13. Lah mara Wrekudara aglis, umanjinga ing jro garbaningwang, Sena sru kapita tyase, awasana gumuyu, pan ngguguk aturireki, dene paduka bajang, kawula geng luhur, inggih pangawak parbata, saking pundi margine kawula manjing, jenthik mangsa sedhenga.
  14. Dewaruci angandika aris, gedhe endi sira lawan jagad, kabeh iki saisene, kalawan gunungipun, samodrane alase sami, tan sesak lumebua, ing jro garbaningsun, Wrekudara duk miyarsa,esmu ajrih kumel sandika turneki, mengleng sang Rucidewa.
  15. Iki dalan talingan ngong kering, Wrekudara manjing sigra-sigra, wus prapta ing jro garbane, andulu samodra gung, tanpa tepi nglangut lumaris, liyep adoh katingal, Dewaruci nguwuh, heh apa katon ing sira, gya umatur sang Sena inggih atebih, tan wonten katingalan.
  16. Awang-awang kang kula lampahi, uwung-uwung tebih tan kantenan, ulun saparan-parane, tan mulat lor kidul, wetan kilen boten udani, ngandhap nginggil myang ngarsa, kalawan ing pungkur, kawula boten uninga, langkung bingung ngandika sang Dewaruci, aja maras tyasira.
  17. Byar katingal ngadhep Dewaruci, Wrekudara sang Wiku kawangwang, umancur katon cahyane, noleh wruh ing lor kidul, wetan kulan sampun kaeksi, nginggil miwah ing ngandhap, pan sampun kadulu, lawan andulu baskara, eca tyase dene sang Wiku kaeksi, aneng jagad walikan.
  18. Dewa Suksmaruci angling malih, aywa lumaku andulua, apa kang katon dheweke, Wrekudara umatur, kang rumiyin ulun ningali, cahya mancur gumawang, tan wrin westanipun, tan dangu anunten sirna, inggih nunten wonten malih kang kaeksi, ireng bang kuning pethak.
  19. Angandika Dewa Suksmaruci, ingkang dhingin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, pancamaya puniku, sejatine ing tyas sayekti, pangarreping sarira, tegese tyas iku, ingaranan mung kang sipat, kang anuntun marang sipat kang linuwih, ing sejatining sipat.
  20. 2waspadakna iku kang patitis, trusing tingal ing rupa ywa samar, pangwasaning tyas empane, wit tingaling tyas iku, anengeri marang sejati, enak sang Wrekudara, amiyasa wuwus, lagya medem tyas sumringah, dene ingkang ireng abang kuning putih, iku durgamaning tyas.
  21. Pan isine jagad amepeki, iya ati kang telung prakara, pamurunge laku dene, kang bisa pisah iku, yekti bisa amor ing gaib, yeku mungsuhing tapa, ati kang tetelu, ireng abang kuning samya, ambuntoni cipta karsa kang lestari, pamoring suksma mulya.
  22. Lamun ora kawilet ingkang tri, yekti sida pamoring saria, lestari ing panunggale, poma denawas emut, durgama kang munggeng ing ati, pangwasane weruha, siji sijinipun, kang ireng luwih prakoswa, panggawene kasrenen sabarang runtik, andadra ngambra-ambra.
  23. Iya iku ati kang ngadhangi, ambuntoni marang kabecikan, memurung laku gawene, dene kang abang iku, iya tuduh nepsu tan becik, ing sabarang penginan, metu saking iku, panasten panasbaranan, ambuntoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadan.
  24. Ana dene kang arupa kuning, pangwasane nanggulang sabarang, cipta kang becik dadine, panggawe amrih tulus, ati kuning ingkang ngadhangi, mung panggawe pangrusak, binajur jinurung, ingkang putih iku nyata, ati anteng mung suci tan ika iki, prawira  karaharjan.
  25. Iya iku kang bisa nampani, ing sasmita sejatining rupa, nampani nugraha dene, ingkang bisa tumanduk, kalesteren pamoring gaib, mungsuhe pan titiga, tur samya gung-agung, balane tanpa wilangan, ingkang putih tanpa rowang amung siji, mila anggung kasoran.
  26. Lamun bisa iya nyembadani, mring susuker telung prakara, sida ing kono pamore, tanpa tuduhan iku, ing pamore kawula gusti, Wrekudara duk myarsa, sengkud pamrihipun, sangsaya birahinira, carya marang kawuwusaning ngaurip, sampurnaning kasidan.
  27. Sirna kang patang prakara malih urub siji wewolu warnanya, sang Wrekudara ature, punapa wastanipun, urub siji wolu kang warni, pundi ingkang sanyata, rupa kang satuhu, wonten kadi retna muncar, wonten ingkang maya-maya angebati, wonten abra markata.
  28. Dewa Suksmaruci angling aris, iya iku sejatining tunggal, saliring warna tegese, iya na ing sireku, tuwin iya isining bumi, ginambar angganira, lawan jagad agung, jagad cilik tan prabeda, purwa ana lor wetan kidul puniki, kulon luhur lan ngandhap.
  29. Mirah ireng abang kuning putih, iya iku uruping buwana, jagad cilik jagad gedhe, pan padha isenipun, tinimbangken isining bumi, yen ilang warnaning kang, jagad kabeh iku, saliring warna tan ana, kinumpulken ana rupa kang sawiji, tan kakung tan wanudya.
  30. Kadya tawon gumana puniki, kang asawang lir puputran denta,lah payo dulunen kuwe, Wrekudara andulu, kang asawang puputran gadhing, cahya mancur kumilat, tumeja ngunguwung, punapa inggih punika warnaning dat kang pinrih dipunulati, ingkang jatining rupa.
  31. Dewaruci anauri aris, dudu iku ingkang sira sedya, kang mumpuni jagad kabeh, tan kena sirandulu, tanpa rupa datanpa warni, tan gatra tan satmata, iya tanpa dunung, mung dumunung mring kang awas, mung sasmita ananging jagad mepeki, dinumuk datan ana.
  32. Dene iku kang sira tingali, kang asawang puputran mutyara, nguwung kumilat cahyane, angkara-kara murub, pan pramana arane iki, uripe kang sarira, prmana puniku, tunggal dumunung ing raga, nanging datan melu suka lan prihatin, enggone aneng raga.

PUPUH XVII
ASMARADANA

  1. Asmaradana gumati, badan nglumpruk yen tininggal, raganira banjur bosok, ya iku ingkang kuwasa, anandhang rasaning dat, ingaken rasa satuhu, dening Hyang Kang Murbeng Jagad.
  2. Inguripan d Hyang Widi, sinandhangken aneng sira, iku mangka waranane, maring kang miseseng karsa, sukdmane kang sarira, mertandhani ing satuhu, jinaten tunggal pinangka.
  3. Sirna iku kang pinanggih, uripe suksma kang nyata, kaliwat tan pepadhane, umatur sang Wrekudara, pundi ingkang sanyata, Dewa Suksmaruci muwus, nora kena sira priha.
  4. Lan samata-mata kaki, yen durung sarta nugraha, gampang angel pirantine, sang Wrekudara turira, kula nuwun jinanrwan, Dewaruci alon muwus, sedheng semono kewala.
  5. Wrekudara matur malih, yen makaten karsa Tuwan, kula neng ngriki kemawon, mupangat badan kawula, datan sedya amangan, lan boten sumenja turu, tan ngrasa ngelih karipan.
  6. Lan boten keraos sakit, sedaya badan kawula, wus sirna ngeres linune, puniki jaman punapa, mung nikmat lan mupangat, kula boten purun metu, eca ngriki kewala.
  7. Boten arip boten ngelih, mupangat awak kawula, medal punapa keng pinreh, Dewaruci run ngandika, pan iku nora kena, yen ora lantaran lampus, sireku isih manusa.
  8. Tan kena kekel sireki, pan iki panedyanira, banget alabuh kepaten, lagi nugraha sapala, ngresiki atinira, lagi jamaning pitulung, nora kena banjur rena.

PUPUH XVIII
P A N G K U R

  1. Pinangkur sang Wrekudara, aturira mring Dewa Suksmaruci, kawula tan ajrih lampus, lan Tuwan pejahana, wonten ngriki kawula asanget lumuh, agantuki kamanusan, sampun eca aneng ngriki.
  2. Sangsaya birainira, wrekudara pengkuh kudu nglabuhi, Dewaruci wlas angrungu, sambate Wrekudara, heh ta sira Wrekudara aja lumuh, pan sira durung kinarsan, tangeh ing patinireki.
  3. Aja umung Wrekudara, iya dudu anggon-anggon kang gampil, luwih saking angelipun, tan kena salah terka, amung ati putih ingkang katon mau, singgahna ireng kuning bang, ngantepana ati putih.
  4. Aja ngadekken sarira, ywa karaket wiyasaning ngaurip, sikepen dipun apengkuh, kawisayaning pejah, ingkang sira sedya luwih weritipun, sesengkeraning buwana, duraka yen anggegampil.
  5. Yen kemba pamanthengira, misih toleh kawisayaning urip, sakedhap lalia iku, sayekti siya-siya, tur sikara marang ing badanireku, nora misra wuwuh papa, lah iku den ngati-ati.
  6. Tinangkebaken saksana, Mas Tib anom kendel pamaosneki, sarwi alon denya matur, angger kula sumangga, bilih wonten ing padikan liyanipun, pundi ingkang ingugeman, mring pun Kaji Mutamakim.
  7. Punika kalangkung gawat, pepacuhe inggih pun Dewaruci, punika aksaranipun, sinten ingkang mardika, bilih nyimpang saking aksaranipun, suwawi paben aksara, inggih ta pun Dewaruci.
  8. Amemacuh dereng mejang, Raden Demang Urawan duk miyarsi, tumungkul sarwi wetu luh, sewu pangungunira, graiteng tyas pagene, sariraningsun, nora angaji duk bocah, temahan aniniwasi.
  9. Angel temen ing pratingkah, nora kena gugon pajuning ngelmi, datan kena wowor sumbu, tan kena lalawora, Mas Tib Anom amuwus ing wong tetelu, sarwi nyodhokaken layang, punika dika tingali.
  10. Heh Raden Suranegara, Ki Jaraga Kiyai Salwarini, andika pan padha jamhur, bujangganing nagara, dika pikir Dewaruci pacuhipun, sesengkaraning buwana, lah punika kadipundi.
  11. Katiga sareng saurnya, mangsa borong putrandika Jeng Gusti, katiga pan muridipun, dhateng putra andika, Mas Tib Anom amuwus sarwi gumuyu, nggih Kanjeng angger punapa, ngriki kang pra tameng kawi.
  12. Rahadyan Demang Urawan, sarwi mesem wau dennya nauri, Paman saweg sisinau, sami tuntun-tuntunan, inggih amung tiyang titiga puniku, kadhang kadhing tyang sekawan, lah Kakangmas Mangkubumi.
  13. Mas Tin Anom wuwusira, boten nyana jeng angger wong apekik, kelangkung utamanipun, wong agung ambarowa, pamugari saged gegedhuging tembung, pantes ugi pinitayan, ing raka Sri Nagapati.
  14. Lah suwawi ngger punika, miwah katri inggih kiyai kyai, Man Cebolek dereng patut, punika tunaria, mentas luput murade anggung kaliru, angger myarsakna kewala, padha tuwa kang amikir.
  15. Dika tetepaken sapa, Dewaruci daweg dika wastani, punapa Bathara Guru, utawa yen sanesa, dene mangke katemu murad kang luput, lawan ingkang kaleresan, ki aksara kang mengahi.
  16. Kyai Jaraga lingira, ing pangraos kula ta sinten malih, kajawi Bathara Guru, Mas Tib Anom lingira, dalane katemua beneripun, katemu layang punapa, Bathara Guru nuruni.
  17. Asaradan Bomantaka, lan Wiwaha Rama Bratayudeki, tedhake Bathara Guru, jawi pratikeling prang, wong atapa amrih luwih aprangipun, amaringaken kaprawiran, gawene Sanghyang Pramesthi.
  18. Punika maksih kalipah, dereng tumon Hyang Guru anedhaki, manusa ingkang manekung, kang amrih ing kasidan, ngelmu ingkang amrih utamaning lampus, lamun Hyang akongkonana, Narada ingkang tinuding.
  19. Priyayi tiga turira, pan sampeyan sinten pun Dewaruci, Mas Tib Anom gumuyu, tiwase murad Jawa, nuli labuh mburu butuh nuli ngutuh, punika menggah kawula, sang Bathara Utipati.
  20. Bathara Sukma Kawekas, Sanghyang Wenang dene sang Dewaruci, iwak kewala puniku, wader utawa urang, isenipun salebeting samudra gung, dinadak ingkang kinarya, warana dennya manggihi.
  21. Kinarya rupa manusa, mung saemprit cilik amenthik-menthik, dene sang Wrekudareku, linimput ing nugraha, mila sirna ing cipta kadonyanipun, mirsa nikmat lan mupangat, upamane para wali.
  22. Mila samya mengeng dunya, kawimbuhan dene kalimput ing sih, suwawi angger pukulun, punapa sampun eca, pan makaten kang abdi ing muradipun, gling Raden Demang Urawan, Paman sampung pindho kardi.
  23. Manira tumut kewala, lah ing kono Jaraga Salwarini, apa melu kaya ingsun, kalih matur tur sembah, numwun inggih andherek langkung panuju, Mas Tib Anom malih mojar, pepacuhe Dewaruci.
  24. Kang sinengker ing buwana, mungguh iku aja sira gegampil, lamun nggegampang sireku, anemu siya-siya, asikara marang ing badanireku, nora misra pageneya, wus antuk reh kang sayekti.
  25. nDadak anrak ati rusak, lah ta ndaweg ngriku sami binudi, katiga sareng turipun, nuwuh barkah sumangga, Raden Demang Urawan nambungi arum, Paman ndaweg banjurena, murad kang sampun patitis.
  26. Pan punika kabar munlar, pamuwuse inggih pun Dewaruci, bargaswara tegesipun, inggih kabar carita, kang sinimpen wau sajroning pepacuh, lamun si nora werita, apan Sanghyang Utipati.
  27. Maksih akarya kalipah, amingita ing ngelmu kang awerit, sarak lakokna kang kang pengkuh, Bathara Girinata, nggih punika angger kang upami rasul, aniksa kang murang sarak, inggih sampun denlilani.
  28. Apan ta ingkang kinarya, ambaboni ratu ing dunya sami, yen wontena cemplang-cemplung, njujug Suksma Kawekas, miyak tebeng rusak Suralayanipun, mangsa wonten kang nganggepa, manusa mring Hyang Pramesthi.
  29. Mampir kono asli apa, aku wis wruh nggone Hyang Utipati, nggih punapa damelipun, ngadegaken kalipah, Sanghyang Guru akalipah ratu-ratu, yekti mangsa jumenenga, kabeh ratu  sor wiyati.
  30. Yen wontena kang nggegampang, bisa weruh ing Sanghyang Utipati, rusak gegaweyanipun, Sanghyang Jagad Pratingkah, Sanghyang Guru lan punapa karyanipun, pan karsane Sanghyang Wenang, gawe warananing bumi.
  31. Yen wonten ingkang anyipta, Sanghyang Guru ingkang mungkasi urip, ingupamakaken Hyang Luhur, murad aburakrakan, ngayab-ayab pradika tan wruh ing dhapur, apa tan maca Wiwaha, lawan Bomantaka nenggih.
  32. Pratandha maksih warana, suwargane pan agung den lurugi, lan padha na bojonipun, pira-pira pra dewa, lan manusa akeh padha atetemu, pratandha maksih kalipah, pan iku Sanghyang Pramesthi.
  33. Ingkang padha kinarepan, ing manusa kang padha amrih yekti, kang sinedya tanpa dunung, tan warna tanpa rupa, pundi oleh tiba ing Bathara Guru, amung warana kewala, Hyang Guru akarya malih.
  34. Awarana Batharendra, apan iku kang agung den lurugi, marang ratu kang marusul, Maharaja Bomantara, nadyan isih satriya wani anglurug, putra Ngalengkadiraja, Indrajit met widadari.
  35. Ingkang wus datanpa warna, Sanghyang Wenang Bathara Utipati, punika sayektinipun, kang mangka Hyang Wisesa, Raden Demang Urawan ngandika arum, wus tan ana kaluputan, pradika lempeng pratitis.

PUPUH XIX
M  I  J  I  L

  1. ING PAMIJIL DENNYA MATUR ARIS, Ki Mas Ketib Anom, punapa ngger nggih linajengake, pamejange Dewa Suksmaruci, De Demang nauri, daweg Paman laju.
  2. Yen weruha Kaki Mutamakim, sarune kelakon, pesthi dhingin ingsun ukum dhewe, aneng daleme si Uwa Patih, durung sun arteni, kaluputanipun.
  3. Mengko tetela luput sayekti, matur mas Tib Anom, inggih saking nderwolone angger, luput sapisan nadyan ping kalih, kautaman nenggih, apuraning ratu.
  4. Raden Demang mesem ngandika ris, ndaweg Mas Tin Anom, banjurena Paman pamejange, Dewaruci mring Wrekudareki, Mas Tib Anom aglis, anambungi laku.
  5. Prawiralalita kang ginendhing, swara rum gumolong, sarwi kumitir epek drijine, ingkang kiwa nitir-nitir wentis, dinulu respati, meda wuwuh patut.
  6. Muwus aris risang Dewaruci, den parek ngarsengong, sira ukih-ukih iya dena, amrih nyata ing dat kang sayekti, tan ana nguripi, mung pribadinipun.
  7. Beda lawan uripira iki, ana kang karya kon, uripng Hyang lan karsane dhewe, anane tan antara mangseki, tanpa rupa yekti, tanpa swaranipun.
  8. Tanpa gatra norana ngemperi, iya tanpa enggon, tanpa netra alepas tingale, langit kapitu kelawan bumi, dhasaring jeladri, tan ana kang luput.
  9. Tunggil pinangka kinarsan sami, sakehing katon, sapakarti ing buwana kabeh, dadi lawaning karsa sayekti, apan tanpa lathi, pangandikanipun.
  10. Lathinira iya kang kinardi, datan antareng don, tanpa netra miwah pandulune, netranira iya kang kinardi, talinganireki, kang den nggo pangrungu.
  11. Panggonane wun aneng sireki, tan njaba tan njero, yektining dat manusa dat sayekti, kadi pucuking pring, nalika denadu.
  12. Pan makaten tatrapipun ugi, lir kayu denobong, ananing kukus geni sartane, inggih wreksa tumut mratandhani, upama jeladri, banyune lan alun.
  13. Minyak munggeng ing puwan upami, mangkono dennya wor, kadi madu kelawan manise, iku pamoring kawula Gusti, sartanira yekti, kanugrahanipun.
  14. Ingkang mobah meneng lawan mosik, nugraha sayektos, yen wus patitis ing panunggale, inggih gusti maksih dadi gusti, kawulane maksih, ya kawulanipun.
  15. Yen wus awas pareng amarengi, respatining pamor, kang sinedya ana sayektine, iya sira ingkang meranani, salir warna warni, wus aneng sireku.
  16. Kadya molahaken ringgit, mangkono Hyang Manon, panggung jagad manusa wayange, molah lamun pinolah rageki, satingkahira lir, tumindaka muhung.
  17. Kang wisese amisesa sami, tan antara amor, sakarsane sareh sareng gawe, kang misesa ngujar tanpa warni, warna wor pana wis, neng warnanireku.
  18. Lir paesan kang ngilo dat jati, kang munggeng pangilon, wayangan iku pan kawulane, metu saking rasane dat jati, edat kang darbeni, karsa pakaryeku.
  19. Nunten bedhug dawa anguneni, Raden Demang alon, kendel maos prapta pundhutane, sareng dhahar wus anutug sami, linorod mring puri, ketan kolak maju.
  20. Matur marang Raden Demang amit, Ki Mas Ketib Anom, Paman sesuk bengi bali maneh, esuk kula amatur sang aji, rehning sami mikir, neng ngriki sabedhug.
  21. Raden Demang sigra marenthahi, ngater Mas Tib Anom, tigang dasa tri punika tinge, budhal saking kademangan aglis, lampahira prapti, ing pakuwonipun.
  22. Wong Kademangan tridasa bali, datan kawiraos, dalu enjing Dyang Demang sebane, prapteng pura ing ngarsa sang aji, Dyang Demang wotsari, kula wau dalu.
  23. Satimbalan dalem sami mikir, lan pun Ketib Anom, estu kawon pun Kaji Cebolek, tan nguntap saha kethering pikir, nggenipun nututi, kantu nyamut-nyamut.
  24. Inggih raosing Srat Bimasuci, rinawit ing pamor, kang ginubah ing reh panunggale, langkung kobet murad nganan ngering, amemet patitis, pun Tib Anom Kudus.
  25. Pikir rikat mantep apatitis, atatas cumeplos, titi tibane pantes arentes, nanging inggih Serat Bimasuci, ing wektu punika, awis ingkang tutug.
  26. Angandika alon Sri Bupati, agoleka babon, ingkang tutug sapa ingkang duwe, Raden Demang Urawan wotsari, langkung angulati, nanging dereng antuki.
  27. Awis-awis sanajan rumiyin, awis simpen babon, abdi dalem pun Paman tan darbe, Cakraningrat ramanira nguni, langkung remen kawi, Panembahan Sepuh.

PUPUH XX
S  I  N  O  M

  1. Sri Nata Seda Karapyak, prandene boten nyipeni, amung Rama Bratayuda, tan asimpen Bimasuci, awis kang remen sami, Bimasuci sepenipun, Pangeran Herucakra, boten darbe Bimasuci, mung rasane dumeh tan amawi apranga.
  2. Sami kawi jarwa, inggih Serat Bimasuci, amung raose kewala, muradene pan awingit, angandika Sri Bupati, ya Bapang yen wus katemu, rukune kang rerasan, nuli tulisana aglis, lamun tepung rasane kelawan Kitab.
  3. Sun nuli arsa uninga, yen durung Bapang aja wis, nggonira akukumpulan, saingga wus angruntuti, wiji-wjinen sami, pra ngulama pra Tumenggung, miwah para Wedana, kang tuwa-tuwa tinari, pethilana Pasisir Mancanegara.
  4. Nadyan sanak-sanakira, ingkang prayoga tinari, lan pra Dipati kang tuwa, den rempug panggawe iki, ngulamane kang becik, kang rempeg sarta den rembug, aja na telanjukan, krana ing panggawe iki, luwih gedhe wong ambeneraken tekad.
  5. Kariya nguntal kewala, aja kalelegen ing ri, ing besuk panguntalingwang, sun karsakaken tumuli, raden Demang wotsari, inggih sandika pukulun, abdi dalem Wedana, ing ngriki amung pun Kaki, Wiraguna inggih sawab saking tuwa.
  6. Nadyan inggih sami tuwa, abdi dalem pun Dipati, Citrasoma tuwa laha, yen menggah raosing ngelmi, inggih dereng ngudhoni, katungkul nggenipun minggu, lir tugu sinukara, ingkang asring angudhoni, abdi dalem Adipati Jayaningrat.
  7. Asring angandheg kang rikat, angrikataken kang rindhik, yen sampun adu ajengan, kang rebut ing raos nuli, lamun amungkur gangsir, lajeng api-api ngantuk, mangke yen sampun kemba, kang rebat raosing ngelmi, tangi saking pangatuke ngobrak-abrak.
  8. Lan nedha sampun akemba, kang rebat raosing ngelmi, wong arebat ngelmu rasa, den akas den wani mati, mbok padha ting pacicil, tiruwa Tib Anom Kudus, anggagrag tur apanggah, sira iku Mutamakim, pijer kaya pitik pileren kewala.
  9. Tanglet malih kang bicara, piyambake ngantuk malih, gumujeng Sri Naranata, pangantuke iku wadi, dudu ngantuk sayekti, anginjen lakuna padu, yen padu marengana, rerasan iku kumlenis, nuli senteg cinathet sinimpen manah.
  10. Sira kang padha kelangan, ika pijer anyeleri, si Dipati Jayaningrat, warahen si Adipati, durjana anyeleri, nunggoni wong padu ngelmu, dheweke iku padha, ingkang dadi wakil mami, yen ta pijer ngantuk maning ingsun dhendha.
  11. Gegadhuhane dipangga, kang ambedhal den mriyemi, sun pundhut tempuhe papat, den anggoa dhewe siji, padha gajah Patani, kang tetelu ingsun pundhut, marang ing Kartasura, yen mari pangantukneki, nggone padha njenengi wong padu rasa.
  12. Si Dipati ingsun ganjar, kelambi jubah kang becik, kang aneh lan pra Dipatya, iya jubah sutra gajih, wong Banyumas kang kardi, sutradi pan sutra wuluh, lah wis Bapang metua, Rahaden Demang wotsari, medal saking pura ing satengah rolas.
  13. Sapraptaning dalemira, Rahaden Demang anuding, Sangkrib sira ingsun duta, mring kakangmas Mangkubumi, suwuna nyelang mami, kagungane Srat Rameku, kelawan Bomantaka, lan Wiwahaningsun nguni, kang ginawa iya marang kakangemas.
  14. Iku ta suwunen pisan, menawa kakangmas lali, matura ingkang sampeyan, waos kala malem Kemis, neng dalemipun rayi, paduka pahemanipun, Sangkrip tur sembah mentar, kidul wetan tan atebih, Mangkubumen kalawan ing Kademangan.
  15. Sangkrib tan adangu prapta, ing Mangkubumen amamring, regole wus tigang dina, tan kena menga kang kori, Sangkrib anulya bali, Rahaden Demang winuwus, kasupen welingira, ngandika maring Mas Konthing, sira Konthing nusula seba kakangmas.
  16. Si Sangkrib mau sun duta, iya ingsun ingkang lali, yen adhangan kakangemas, mengko bengi sun aturi, Mas Konthing awotsari, mentar Gandakusumeku, lulurah penakan, nenggih sutaning Bupati, Ki Tumenggung Yudanagara Banyumas.
  17. Kadya Bangbang Wijanarka, Mas Gandakusuma pekik, langkung dening kinasihan ingangkah sudarawedi, mring Rahaden Demang nenggih, kula kuli rinten dalu, wau ing lampahira, kapethuk lawan sun Sangkrib, Ki Mas dika punapa nusul mring kula.
  18. Milane mantuk kawula, ing Kamangkubumen mamring, regole mineb kewala, atetanya Ki Mas Konthing, punapa dika panggih, lan abdine ingkang kantun, Sangkrib alon turira, ngajeng wingking sami mamring, dangu nyureng eira Mas Gandakusuma.
  19. Dinagua ing bendara, atur dika kadi pundi, kaya wong binuru bajag, jamak wong lumaku kardi, ngarah dadi priyayi, bendara wong agung punjul, lungid prawira tama, ing praja tur pramugari, mangsa naa loro praja Kartasura.
  20. Kang kaya Rahaden Demang, Urawan wong senagari, kayu mati den sembura, ing bendara urip maning, nyembura kayu urip, nora mindho patinipun, teka cekak budinya, asuwita ing Bupati, nora mantra angadhang kocah derajat.
  21. Basa adhi wong suwita, lamun kinathik ing Gusti, tuwin ingandel prakara, yekti den labeti wuri, pan padha angulati, wong agung-agung ing pungkur, ingajak wangsul sigra, estu Mangkubumen sepi, mring wismane Kyai Andon Martayasa.
  22. Punika pan carikira, ing Pangeran Mangkubumi, nulya Kyai Puspajaya, pepatih wruh amanggihi, marang wismaning carik, Mas Gandakusuma pangguh, anak bilih dinuta, lampah andika puniki, in bendara Rahaden Demang Urawan.
  23. Angling Mas Gandakusuma, pan inggih ingutus ugi, badhe ngaturi kang raka, yen wontena mangke bengi, Kyai Puspajaya ngling, inggih sampun tigang dalu, boten ambekta rencang, mung punakawan kekalih, ragi wonten kasusahane bendara.
  24. Kados mangke sonten prapta, dene ngajengaken Kemis, wartine wonten ing Tumang, yun minggah Ardi Merapi, tindaknya cara santri, saking dalem lampahipun, saben saben tirakat, ing longkange Senen Kemis, atatanya wau Mas Gandakusuma.
  25. Punapa kanjeng bendara, asring atirakat inggih, sumaur Ki Puspajaya, ing mangke adheng sakedhik, sampun wateking nguni, saking kala timuripun, maksih wonten jro pura, boten towong saben sasi, saba lepen miwah jurang lawan arga.
  26. Lepene inten punika, nama pun Pepe satunggil, pun Telawong kang satunggal, pun Pepe kang ageng kedhik, pun Telawong kang alit, yen kala Jumuwah dalu, lepen inten punika, sinemplungaken ing nginggil, rong onjotan ginogohan saking ngandhap.
  27. Cineplungaken pukul sanga, pinanggihe bangun enjing, tegese ngarenah mata, nanging punakawan gilir, tan wonten kang kuwawi, nimbangi bendaranipun, sedalu aneng toya, tekan boten anggebibir, punakawan samya kekel agiliran.
  28. Kesaru pun Genthong prapta, anguwuh Puspajayeki, prapta aneng ngarsanira, Ki Puspajaya sru angling, bendara aneng ngendi, apa kondur dalu, Ki Genthong saurira, kinen amethuk turanggi, satengah nem mangke neng Tambak segaran.

PUPUH XXI
ASMARADANA

  1. Asmara sayah jeng gusti, duk dalu pukul satunggal, denira aprang lan mathek, neng kilene Jabung ngriku, rame denira aprang, angebeki sawah sajung, menthek sami abebegal.
  2. Ki Puspajaya sru angling, kowe iku apa lukak, angling Mas Gandokusuma, andika kendel Paman, dimekne atutur-tutur, saweruh weruhing bocah.
  3. Mas Gondakusuma angling, iya mara tutugene, apa sira weruh dhewe, pun Genthong sumaur sugal, pan kula boten pisah, saking Gobang angkatipun, ing dalu pukul satunggal.
  4. Wonten wong tuwa satunggil, kang ngateraken bendara, Wiragati ing Telawong, wong tunggu gubug semangka, bendara saking Tumang, kawan dinten tigang dalu, nggene wiwit boten dhahar.
  5. Wonten ing Telawong mampir, bendara kenging ing beka, mundhut siji semangkane, pan inggih arsa den dhahar, wanci pukul sawelas, kang tunggu gubug andalu, wong mbedhah ing pagerira.
  6. Amurugi briga-brigi, sarwi ngagar arit gobang, lajeng anyandhak sirahe, bendara kendel kewala, anutuh ing sarira, wong ala nuruti nepsu, iya mara patetanan.
  7. Jes pesthi dudu wong becik,kang nuruti nepsu hawa, mulane sedheng pinaten, iya mara patenana, ingong nora suwala, bendara sareh tan bendu, mung asrah pati kewala.
  8. Nunten si Badong anjerit, sambat bendara bendara, Wiragati myarsa kaget, binucal arite gobang, nguculken denya jambak, sarwi atetanya asru, lah ta iya iki sapa.
  9. Si Badong nangis nauri, Gusti Raden Mas Sujana, Pangeran Mangkubumine, kula anjomblong kewala, kamitenggengen mulat, Wiragati duk angrungu, aniba angrangkul pada.
  10. Inggih boten den dukani, malah-malah pinundhutan, Wiragati ngapura, lajeng nyaosi semangka, wus mantun ingkang karsa, mung abdi kalih kang sinung, kula kang nedha semangka.
  11. Lajeng kondur bengi-bengi, kendhel wonten dhusun Gobang, angantos bedhug dalune, pun Wiragati tan kena, cinegah angaterna, niyate wangsul ing Jabung, marengi pukul satunggal.
  12. Bendara kendel anuli, lenggah satinggil galengan, Ki Wiragati kang kinen, Wiragati wangsulnya, sapambalang boten langkung, lumayu agirap-gira.
  13. Gumriwis ingkang nututi, winetawis kalih belah, kumresek pating garendhol, Wiragati bebedira, ing gigir bau pundhak, rare umur patang taun, sami wayahe sedaya.
  14. Denira lumayu prapti, ing ngarsanipun bendara, bendara jumeneng kaget, Wiragati ana apa, sira angudam-ngudam, anggero sarwi matur, angger puniki punapa.
  15. Warnane kadi bebayi, akathah sami angerah, anggaruwek sarta nyakot, aperih badan sadaya, Pangeran angandika, ngudubilah baya iku, setan padha asikara.
  16. Mareneya Wiragati, anaa ing wuriningwang, nunggala si Genthong Badong, bendara duka kalintang, krurambeg sura mangsah, sigra cawet nyampingipun, nempuh nganan ngering nyandhak.
  17. Ingkang cinandhak binanting, wonten binuwang malesat, arikat cukat tandange, kadi Narpati Sugriwa, kinarubut reksasa, aprang tan kewran tan keguh, tuhu adining prawira.
  18. Sangsaya kathah kang prapti, boten sangsa sudaa, ewon tan ana kang moncol, apan tandur lagya mapak, kula samya neng ngandhap, galeng ngelirik prangipun, mundur satunggal cinadhak.

PUPUH XXII
D  U  R  M  A

  1. Mundur nganan ngering denya amrih papan, Pangeran Mangkubumi, anyabet ngiwa, nengen pikantukira, sami rowange pribadi, sasabetira, dangu denira jurit.
  2. Kadya Raden Bayuputra perangira, Dyan Ramadayapati, duk prang ing Ngalengka, neng Taman Argasoka, kinarubut ing raseksi, yutan awendran, tan kewran ing ngajurit.
  3. Mengsah ewon datan antuk amareka, ing Pangeran Mangkubumi, wonten malih prapta, mangsah angrubut ing prang, pyak manepak mangideri, angrok puteran, manempuh manampeki.
  4. Siyat-siyut sumiyut dadi sesawat, sabit ingkang sinambit, kongseb tan sesambat, aneseg kang prapta nyar, prapta kang ageng pribadi, sami kelawan, rarae mur kawan warsi.
  5. Nempuh ngarsa Pangeran sigra amatak, atine Surat Namli, sayahira siran, kuwat samangkin takat, kang sampun cinekel dhingin, binuwang tebah, kang keri nempuh wani.
  6. Bubar ingkang anempuh ngering liweran, sami anganan ngering, anebih kewala, prayitna Jeng Pangeran, belis lanat anggelari, pangeran tan obah, ngilen ajengireki.
  7. Kidul wetan neng ngriringane Pangeran, eca denira nglirik, tapak wewayangan, tan wonten napak lemah, Jeng Pangeran denya matak, Eklas lan Surat Yasin, atine kewala, lawan Surat Jumara, Surat Saba Surat Namli, nulya kapyarsa, bangbeng kang saking kering.
  8. Lir kitiran satus katempuh prahara, kagyat pun Wiragati, nangisi Pangeran, wau ingkang nerajang, ing kering nedya ngebyuki, ana kaliwat, saking sirahneki.
  9. Wiragati ingawe kinen menenga, api-apiya guling, aja walang driya, setan abot manusa, ngalor wangsul ngidul malih, bangbeng kewala, wonten satus wetawis.
  10. Solah rikat kados gelathik aneba, pitulunging Hyang Widi, supangating surat, ingkang sami winatak, ngalor ngidul tanpa kardi, bangbeng kewala, tan ana migunani.
  11. Gegamane sawiji datanpa karya, ana ula cinangking, ana kang sasawatan, kabeh tan ana nglabeti, marang Pangeran, sadhepa dohireki.
  12. Kang neng dharat kumresek sawah, pan nora den preduli, tan wani pareka, nggigila kering kanan, amung kang bangbeng ing nginggil, ingkang cinipta, pinaryitnaning jurit.
  13. Ananggiling prapti Kangjeng Pangeran, kadya antuk kaeksi, kang bangbeng punika, ngaler ngidul tan kendhat, saking ngandhap iberneki, amripit sirah, ingkang ageng pribadi.
  14. Dupi parek sinarengan gya cinandhak, gulune keni, pan ingikal-ikal, dene kang kathah-kathah, gumebyur sirna tan kari, dene kang kena, ingkang ageng pribadi.
  15. Sinabetken ing galengan kaping tiga, nggriyeng denira nangis, angling Jeng Pangeran, lah sira iki apa, rupamu kaya bebayi, sabaturira, kabeh kaya bebayi.

PUPUH XXXIII
ASMARADANA

  1. Asmaradana mangsuli, kang tinanya aturira, kawula ratuning menthek, ulus wus kasoran ing prang, inggih sedya suwita, ing paduka sang abagus, sakarsa datan suminggah.
  2. Pangeran ngandika aris, lah ta iya gawe apa, ngingu setan kaya kowe, sok angrusak wong sesawah, sira regeding jagad, ratune menthek umatur, Gusti kula dede setan.
  3. Pan inggih ing nguni-uni, dhedhemit setan punika, lan lelembut sedayane, awit saking setan uga, nanging sampun katrima, pun ejin pamisahipun, milane wonten jin Islam.
  4. Katelah lair Jeng Nabi, Jeng Rasul niyakaning rat, ngadeg kalipah kinaot, amengku kalih prakara, ejin lawan manusa, Pangeran dukane lipur, duk miyarsa aturira.
  5. Iya suningu sireki, nanging aja sok angrusak, maring wong sesawah kabeh, ratuning menthek turira, anuwun perjanjian, lamun pareng mangsaningsun, yen kathah wong doseng Suksma.
  6. Saben kalih ejung Gusti, kula sairing kewala, boten melarati angger, dene wong Jawa punika, yen wonten dados mengsah, dhateng paduka pukulun, kula suwun pepelihan.
  7. Sajung kula met sakikil, ing kawan taun kewala, sokur pitung taun angger, Pangeran angling anyentak, heh nora ngaku setan, pikir arep ngrusak iku, iya panggawene setan.
  8. Rathuning menthek wotsari, angger sampun sok duduka, ingkang abdi salamine, dadosa abdi tumerah, dipun emut ing titah, pepesthen saking Hyang Luhur, angger tan kenging nampika.
  9. Wusnya ngling kendel Jeng Gusti, nggraita dhawuh lah iya, aja kongsi rusak bae, sarupane wong sesawah, wus sah prajangjinira, katrima suwitanipun, ature dene kawula.
  10. Tan pegat ing siyang ratri, wadyamba rumekseng Tuwan, satunggal kalih tan towong, KI Wiragati ginugah, ratu menthek tur sembah, linilan sabalanipun, mulih mring kayanganira.
  11. Telasira Wiragati, dhateng Gusti binisikan, den werit panggawe kiye, aja sira awawarta, heh Wiragati poma, ratu menthek iku mau, wus kalah prang lawan ingwang.
  12. Lamun sira asesabin, wis aja sira sumelang, nora kena ama menthek, nulya kinen umantuka, ing bangbang wetan, pinaring reyal sapuluh, sangune dennya tirakat.
  13. Pamit nembah Wiragati, karana sareng raina, Gusti sarira kuwayon, alesu lupa kewala, mila mundhut turangga, Mas Gandakusuma sampun, pamit sigra antukira.
  14. Ing marga rembugan sami, matur cinekak kewala, wus prapta wau lampahe, jroning dalem Kademangan, panggih ing gustinira, duta kalih nembah matur, yen suweng wau kang raka.
  15. Inggih sampun tigang ratri, regole mineb kewala, Raden Demang langkung kaget, sami kadang naking sanak, kelangkung rukunira, Raden Demang asru muwus, kambilana si Kebobang.
  16. Mung mbekta gamel kekalih, lan kekalih peranakan, nyongklang adheyan kudane, Kamangkubumen wus prapta, Ki Andon Martayasa, lan Ki Puspajaya gupuh, ambukak regal wus menga.
  17. Tedhak saking ing turanggi, Rahaden Demang Urawan, ya ta ingkang winiraos, kang Bibi Kangjeng Pangeran, anak Mantri Panekar, apan wus turun tumurun, Ki Ngabehi Gandakara.
  18. Dene kang darbe tiliti, Ki Gedhe ing Parampelan, Ki Gedhe Parampelane, punggawa sentana Pajang, Tumenggung Parampelan, nurumakam si Kapandhung, Ki Ngabehi Gandakara.
  19. Pambajengira pawestri, pinundhut marang Sang Nata, Mas Ayu Tejawatine, titiga kadange priya, pejahira kang rama, gumantya suta panggulu, kang jumeneng Gandakara.
  20. Dadya arine tumuli, Ki Ngabehi Gandakara, Mas Ayu Tejawatine, kang kapundhut ing Sang Nata, punika anak tuwa, satunggal patutanipun, kakung Raden Mas Sujana.
  21. Nenggih Pangeran Mangkubumi, marmane prihatin dahat, binobotan ing ibune, ing Kapundhung den kenakna, mila wimbuh ing driya, anuwuna datan purun, marang kang raka Sang Nata.
  22. Dadya prihatin ping kalih, kelawan turangganira, siji dadi prihatine, Rahaden Demang Urawan, wau ing lebetira, pandhapa ingkang jinujug, Mas Ayu Teja asigra.
  23. Kasusu dannya manggihi, ing Raden Demang Urawan, Mas Ayu Tejawatine, Rahaden Demang tetanya, Ibu mring pundi kangmas, Mas Ayu Teja umatur, angger raka jengandika.
  24. Kesah sampun gangsal ratri, mung kalih kang punakawan, Rahaden Demang mesem taken, sampeyan mentas karuna, Ibu awit punapa, kang mangka hardeng pamuwun, inggih punapa kakangmas.
  25. Nimas Ayu Tejawati, alon wau aturira, dene raka paduka ngger, apan sampun karyanira, damele asring tirakat, lan sampeyan runtung-runtung, nauri Demang Urawan.
  26. Ibu kula sampun mari, wong sampun dadi punggawa, kakangmas punika makseh, umatur Mas Ayu Teja, mila kula ngger susah, dene pun Paman Kepundhung, tan kenging ingajak rembag.
  27. Angger pikir kula ngriki, aran sadherek titiga, salah satunggal kimawon, momonga raka paduka, karyane sring tirakat, yekti sami wong sapuluh, tumuta salah satunggal.
  28. Mila kula tamah nangis, inggih prakawis punika, boten ngiri kawula ngger,  kang sampun lumakyeng karya, pun Paman Gandakara, apan wonten adhinipun, kekalih salah satunggal.
  29. Sakenjing wonten ing ngriki, nggih pun Paman Gandakara, tekan tan kenging tinaros, mila kaku manah kula, angger panangis kula, anunten sampeyan rawuh, gumujeng Rahaden Demang.
  30. Ibu sampun walang galih, punapa dene kakangmas, menggah Kapundhung kemawon, mung sabin satus punika, wonten mantri panekar, benjing enjing kula pundhut, kula aturne kakangmas.
  31. Punika Ibu manawi, pan inggih kadang sampeyan, mangke purun ngetutake, inggih amomong kakangmas, si Paman Gandakara, dhasare wong tuwa cubluk, boten angolah lukita.
  32. Kakang emas Mangkubumi, sinten kang boten miyarsa, sami kadange sang katong, kinacek batin kelawan, kadange kathah kathah, anggepe kang dadi ratu, kinudang manggalaning prang.
  33. Sami kadange sang aji, sinten kang kados kakangmas, krama piangku kedhaton, pinundhutaken sentana, ingkang cangkok negara, ing Madiun rolas ewu, para ipene kakangmas.
  34. Kabeh ginawe Bupati, tur padha ingela-ela, kagawa dening ipene, Raden Sudarma Sewaka, miwah Raden Saputra, padha trah prajurit punjul, dinagingken mring kakangmas.

PUPUH XXIV
DHANDHANGGULA

  1. Apa tan wruh marang madu gendhis, Paman Gandakara wong badhigal, ing ratu tan wruh semune, dados kawula Ibu, cula culu miyak wawadi, si Paman Gandakara, tuwa tuwa gabug, kaping kalih kakang emas, padha-padha sentana alus kang budi, berbudi wicaksana.
  2. Andhap asor wani angarani, wus bituwah taliti Mataram, lamun alus pambekane, yekti badhe pinunjul, inggih Ibu mangke yen prapti, sampeyan angandika, wawartiya Ibu, yen kawula ingkang sagah, pun Kapundhung kula pundhut benjing enjing, saking mantri panekar.
  3. Sampun ibu inggih kawulamit, tedhak Rahaden Demang Urawan, kang Ibu angeterake, jawining regolipun, Raden Demang nitih turanggi, kabeh wong kalimunan, praptane lulurung, wus adat saben mangkana, apa dene Jeng Pangeran Mangkubumi, yen marang Kademangan.
  4. Padha tinggal ucapacaraneki, setun anggawa katelu bocah, wuwusen wau lampahe, praptaning dalamipun, Raden Demang sigra anuding, heh Panggung kumakua, mring Tib Anom Kudus, mengko bengi wurungena, aja mrene embene bengi den pesthi, iya malem Jumuwah.
  5. Lawan sira Cocot Robat Rabit, lumakua marang ing pondhokan, lan si Mintragna rowange, paman dipati mbesuk, Jayaningrat Jumuwah bengi, maranga Kademangan, timbalan Sang Prabu, katri caraka tur sembah, mesat saking ngarsane Gustinireki, Raden malih ngandika.
  6. Suratane Ki Nurkusasi, Nurkusasi sira lumakua, marang Pakauman age, besuk Jumuwah dalu, Kaki Winong konen mariki, Ki Nurkusasi nembah, lampahe duta sru, prapta dhingin kang caraka, pun Mintragna lan Cocot Robat Rabit, pakuwon Janingratan.
  7. Pakuwonnya sira Sang Dipati, Jauaningrat sajroning negara, nora mor lan lerehane, timbalanira Prabu, tan kalilan makuwon jawi, sakidul Wiragunan, pan pakuwonipun, let lurung ing Kemlayan, sakilene daleme Pangran Dipati, pakuwon Pakalongan.
  8. Dadya celak kelawan jro puri, elet Lojikebon lan Pacinan, prapta CocoRobat Rabet, lawan Mintragna masuk, panggih wau Sang Adipati, tamuwan duta nata, mantri gedhong ngutus, lan kaliwon kalih pisan, ajenengi ing jurune Ki Dipati, karya terasi dhahar.
  9. Apan wus adate Sang Aji, saben prapta Dipati Jayaningrat, ingkang nyaosi dhahare, terasi ing Sang Prabu, pan andadak denira kardi, pamondhokan kewala, dhahare Sang Prabu, duta prapta tur uninga, ingkang saking Raden Demang den timbali, wus prapta ngarsanira.
  10. Dereng matur duta mring dipati, selak tetanya Sang Adipatya, sira Cocot Robat Rabet, endi kemirinipun, pan bendara sanggup maringi, duta matur anembah, kula tan ingutus, amaringaken dherekan, pan ingutus sampeyan dupunaturi, benjing dalu Jumuwah.
  11. Iya aku Cocot Rontang Ranting, tinimbalan maring ing bendara, iya pa Jumuwah emben, apa Jumuwah sesuk, sigra matur emben puniki, Sang Dipati ngandika, matura Gustimu, manawa supe sampeyan, sampun sagah badhe maringi kemiri, mring pun Paman Dipatya.
  12. Lawan iki Cocot Rontang Ranting, aturena mring bendaranira, terasi tunggal dhahare, kang raka Sang Aprabu, lagi dadi ing dina iki, icip-icip kewala, mung sanedha iku, sampun munggeng talam pethak, sigra pamit Sang Adipati mbekteni, kekalih punakawan.
  13. Lampahira tan adangu prapti, lajeng marak ngarsaning bendara, dinangu lah apa kuwe, caraka nembah matur, nuwun inggih dhahar terasi, pun Paman Adipatya, wau duk kapangguh, kaliwon gedhong sedaya, Ardiguna pun Sumrap Ni Nalagati, sakenjing wonten ngrika.
  14. Anjenengi pun Paman Dipati, jurunipun kang sami akarya, inggih terasi dhahare, raka paduka Prabu, lan kaliwon gedhong kekalih, pinundhut ingungkaban, sarwi ngandika rum, kabagen pangarsaningwang, dene mengeh-mengeh kaya jenang wuni, mangsa bodho kang karya.
  15. Duta matur kawula tinagih, sampeyan badhe paring dherekan, pun gambir kalawan lemped, gumujeng ngandika rum, dhasar iya ingsun kang lali, endi dutane Paman, pan lajeng amundhut, ing dherekan tigang tapas, tigang atus sarwi ngandika aris, matura Man Dipatya.
  16. Aja wani-wani angetohi, ya si lemped pan durung karuwan, maksih nyelandri becike, anake gambir iku, pan wis katon akeh kang becik, anembah wus tinampan, duta sigra mundur, Cocot Robat Rabet turnya, pan pun Paman sandika Jumuwah benjing, manthuk Rahaden Demang.
  17. Wus sadaya kang dinuta prapti, kabeh sandika kang tinimbalan, kuneng diwangseng suryane, datan kawarneng dalu, anjing nuju ing dinten Kemis, aglar ing panangkilan, punggawa supenuh, adipati Demang Urawan wus seba enjing, ing srimanganti prapta.
  18. Lurah kabayan kang den timbali, prapta Raden Demang angandika, heh kowe metua age, mring panangkilan agung, dhawuhena ing Uwa Patih, ingsun amundhut sawah, satus si Kapundhung, Kapundhunge Gandakara, padha mengko mariya dadi panumping, yeku bakal sun karya.
  19. Iya dadi bumi sentaneki, Gandakara iya lamun tresna, angetutake pendheme, denetutra puniku, mari dadi mantri panumping, yen maksih kudu tresna, neng panumpingipun, ingong kang nglironi sawah, padha satus ing Kawiduran saiki, nuli den tanpanana.
  20. Lurah kabayan prapta ing jawi, oreg sagung uwong panangkilan, Rahaden Demang dutane, dhawuh mundhut Kapundhung, tur sandika Raden Dipati, katur sami sakala, nenggih wong Kapundhung, kang dadi gamel kapedhak, bekel Kawiduran sampun den tampani, marang Ki Adipatya.
  21. Rerep sirep wong sapancaniti, yayah kadi sinamber ing gelap, njegreg kang miyarsa kabeh, singa-singa kang krungu, dudu-dudu kang den dhawuhi, malu aterataban, Ki Gandakareku, gumeter, sawang kunarpa, Kyana Patih pamuwusira aririh, mring Dipati Janingrat.
  22. Heh Dipati padha angrawuhi, tuwin kakang Dipati Jepara, inggih bendara semune, wingi sore kapethuk, Raden Demang datanpa abdi, mung katiga turangga, lampahe anamur, mring daleme ingkang raka, pan kapanggih ing Kamangkubumen sepi, kang raka duk tirakat.
  23. Duk si Colek kapethuk ing margi, katlamunan tan wruh ing bendara, banjur tinitik lakune, mring Mangkubumen suwung, wus kinira banget prihatin, heh sira Gandakara, ingkang banget luput, kadangmu salah satunggal, aturene ing Pangeran Mangkubumi, amomong ing bendara.
  24. Mengko paran nggonira nututi, Gandakara wus sinamber gelap, pira bara mengko bae, yen bendara wus kondur, aranana pendhemirki, ya selawe kewala, lironana iku, mengko ingsun kang kongkonan, yen wus prapta iya ing daleme nuli, Raden Demang Urawan.
  25. Angandika wau Ki Dipati, sira bae Serandhil sun duta, tut wurinen sakondure, ing marga aja matur, ya si Gandakara sireki, melua atunggua, iya regolipun, ing bendara Raden Demang, dimen welas wusnya mangkana prapti, pukul satengah rolas.

PUPUH XXV
S  I  N  O  M

  1. Sinom ingkang winursita, Pangeran Amangkubumi, kadi ta sareng ing lampah, nanging tan genti winarni, kala praptanireki, ing Segaran wanci surup, ingkang methuk turangga, Ki Patih Puspajayeki, Carik tumut Kyai Andon Martayasa.
  2. Peranakan tigang dasa, tumut amethuk ing Gusti, ing dalune Kemis pisan, wus panggih kalawan Gusti, kendel sami alinggih, ing sangandhape gurda gung, Pangeran angandika, padha selamet ing wuri, nembah matur sira Patih Puspajaya.
  3. Inggih angger wilijengan, rayi sampeyan duk wingi, Rahaden Demang Urawan, prapta badhe apepanggih, lawan paduka sepi, ragi gatos semunipun, lampahe tanpa wadya, amung gamele kekalih, lawan lurah pranakan Gandakusuma.
  4. Inggih Ibu jengandika, angger ingkang amanggihi, adangu wonten pendhapa, winginipun dalu Gusti, ing Jagabayan sami, kagegeran milanipun, sedalu abusekan, raka paduka kang mawi, Pangran Danupaya ngresahi wong nanggap.
  5. Taledhek saweg anembang, anglabeti saking jawi, taledhek lajeng binekta, gumeder sami nututi, tan wonten kang udani, yen raka paduka umatur, Pangeran Danupaya, kang nututi dipun bedhil, samya wangsul uninga lamun Pangeran.
  6. Alon denira ngandika, Jeng Pangeran Mangkubumi, iku kangmas Danupaya, destun ora idhep isin, angrusuhi wong cilik, tanpa ngrasa dudu laku, jamak angenakena, atine wong cilik-cilik, asikara teka gawe kasusahan.
  7. Adangu denira lenggah, aneng sangandhap waringin, waringin Tambak Segaran, eca andangu kang abdi, Pangeran Danupayeki, punika kadange sepuh, apan elet sekawan, lan Pangeran Mangkubumi, ingkang dadya rerasan sajroning praja.
  8. Kalawan Pangeran Rangga, silarong sami ngresahi, Balitar Arya Panular, Pangeran gangsal pra sami, ngrurusuhi wong nagari, limalas sapuluh alus, dene kang alus pisan, mung Pangeran Mangkubumi, timur mula wruh nistha madya utama.
  9. Pangeran ingkang lelima, punika sami weweri, akathah panganten anyar, binandhang akarya sedih, nadyan sapuluh nenggih, yen mundhut wong wadon purun, nanging ingkang lelegan, winasesa dennya ngambil, mung Pangeran Mangkubumi lamun arsa.
  10. Perawan miwah welanjar, bapakane den ngengeri, anamur Pangeranira, nora  angaku priyayi, nglugas raga anyantri, saregep pakaryanipun, barang gawe cinadhak, terampil tur anguwisi, nora kongsi sasen-sasen nuli tresna.
  11. Den bagus tur acahya, legawa alus ing budi, saregep sabarang karya, kecangkol kang den ngengeri, asanget melas asih, milenggal pinendhet mantu, sawusira aningkah, nuli upacara prapti, satingkahe karya ngungun sanegara.
  12. Mung amendhet anak Cina, pinendhet kalawan wingit, tegese ngadu prawira, ing lakune maling sekti, maling wadon mara nempuh, cipta kawenangana, aja mati denkapati, ambareyot dandaning prajuritan.
  13. Cipta kapara ing tiwas, denajur sariraneki, rusaka aja katara, lamun ingsun Mangkubumi, nedya ambuwang lari, aja nglepeti sadulur, wani ambuwang jiwa, durung luput maling estri, mung sapisan kauningan sampun tebah.
  14. Tinututan Cina kathah, rame aprang pinggir kali, karainan kamanungsan, dipunetun den bedhili, tan keguh tan gumingsir, estrine narik lumayu, Pangeran ginendholan, Bapakane kang nututi, tunutan amemet malebet Deasa.
  15. Rinane dadi prakara, Pangeran Mangkubumi, lingsem mantuk mring nagara, jrih dinukan ing raka Ji, Desa kinepung maksih, mancapat maksih akumpul, Desa ingkang kanggenan, atitir wani ngukuhi, jer wruh lamun malinge Kangjeng Pangeran.
  16. Lawan nora maling brana, kang den malingi wus keni, Cinane rinapu kathah, atusan gegaman prapti, parapat amikiri, maring cik kang tunggu pintu, encik pan nora kena, iya wong amburu maling, lamun uwis manjing Desa ingadesa.
  17. Amungsuh kang duwe Desa, pasthi bekele ngukuhi, nulya bekel kang kanggonan, parapat kang baris jawi, pra sami den jawili, yen maling ingkang binuru, pan ora maling brana, Jeng Pangeran Mangkubumi, maling wadon anake Cina wus kena.
  18. Parapat barise bubar, Cinane tansah nututi, pagenea padha bubar, nauri apa pinikir, malinge maling sekti, nora wani angarubut, iya pinadu apa, ceceblungmu jer wus kinthil, kowe wani padunen maring negara.
  19. Pan dudu maling urakan, maling sekti sewu siji, kadange kang duwe praja, Cina lajeng mring negari, lajeng katur Sang Aji, pinaringan reyal satus, pan iku maksih bocah, saben durung ngrurusuhi, lilakena ingsun dadi besanira.
  20. Aja sira walng driya, ingsun kawinken tumuli, luwar tan ana bicara, ingkang rayi den timbali, kapeksa isin ajrih, pan lagi sapisan iku, meh saru ing nagara, sarira den supatani, nora mindho kaya kang wis kalampahan.
  21. Pan lajeng pinacak garwa, sinami garwane putri, Madiyun suteng Pangeran Raden Ayu Manikwati, nelangsa ing Hyang Widi, kacandhet apan wus ngelmu, wau ing lampahira, maksih neng ngandhaping wringin, mong-omongan lan abdi Tambaksegaran.
  22. Angantos pukul sedasa, lebete dhateng negari, dereng asepi wong liwat, pan ing Kartasura nguni, bedhug bengi pan maksih, ngarang-arangi wong mlaku, wanci pukul sedasa, kondur Pangran Mangkubumi, manjing praja meh prapta ing dalemira.
  23. Kagyat amiyarsa gangsa, ngandika iki ing ngendi, matur Patih Puspajaya, pangraos kawula Gusti, pemahanipun nenggih, pun paneket Martalulut, inggih Sutamenggala, kados taledhekan sami, angandika wis bocah padha dhingina.
  24. Jaraningsun ulihena, ingsun marani gong muni, menek kangmas Danupaya, mengko angrusuhi maning, sun tandangane mangkin, Ki Puspajaya umatur, inggih mangsa wandeya, nging angger kawula turi, kantun sepuh manawi kapareng tiwas.
  25. Kadarung tuwa elet gangsal, saingga elet satunggil, kenging ugi sinawawa, Pangeran ngandika aris, leta sepuluh wani, setan katon iya iku, ngendi ana Pangeran, sok nonton omah wong cilik, gendhung bar angrusuhi jaman karta.
  26. Teka nora duwe wirang, adhine kang dadya Aji, dheweke pijer ngalenthar, dudu praptane wong becik, saingga awak mami, adhine kang dadi ratu, lan durung duwe anak, tegese lara ing batin, pan dheweke ceceblunge wus gumrayah.
  27. Kang jamak dadi wong tuwa, gawea pitutur becik, marang ingkang dadi raja, mundur teka angrubedi, Puspajaya wotsari, pinten abdi ingkang tumut, iya papat kewala, punakawan roro uwis, wong tuwane mung si Andon Martayasa.
  28. Wis payo bocah muliya, ungkur-ungkuran lumaris, mantuk Patih Puspajaya, Mas Jayakatrangan kari, kang tut wuri ing Gusti, lurah peranakanipun, lampahira wus prapta, ing enggone gangsa muni, wismanira paneket Sutamenggala.
  29. Wus amor lawan wong kathah, Jeng Pangeran Mangkubumi, kang nanggap sugih sentana, lawan jawi den tuguri, waos kelawan bedhil, Pangeran sampun umasuk, tan ana kang nggraita, yen Pangeran Mangkubumi, latar wiyar njujug sangisor pethetan.
  30. Kapareng dangu wus prapta, Pangeran Danupayeki, kendel sakilen pendhapa, kudhung cindhe puspita brit, anyamping slamba pilis, dhasare Pangeran bagus, wus kadi Darmawangsa, sarira lir denongoti, ramping ingkang bau kadya pinataran.
  31. Pecahane kang sarira, kabeh kadi denongoti, kuciwane netranira, malenthis sakacang wilis, lawan peraen estri, alus pasariranipun, agungkuli wanodya, sapuluh bocahireki, Pangeran Mangkubumi neng kilen pendhapa.
  32. Bocahe namung sekawan, Jayakatrangan wotsari, punika raka paduka, aneng sakilen pendhapi, kukudhung cindhe abrit, abdine wonten sapuluh, iya Jayakatrangan, yen kangmas mengko ngleboni, aja taha pan iku Panngeran ala.
  33. Lamun ingsun wus malumpat, marang kalangan den aglis, manjinga mateni damar, si Andon Martayaseki, nuli barenga muni, padha lokana muk-amuk, yen wis geger busekan, aja na ngrawati mami, angrebuta umurira sowang-sowang.
  34. Yen uwis antuk satengah, beksane kakangmas mangkin, pan ing kono panjingingwang, wus mateng dennya perjanji, Pangeran Mangkubumi, tansah nggigit wajanipun, taledhek wiwit nembang, ana nguwuh saking jawi, asalina aja gendhing onang-onang.

PUPUH XXVI
PANGKUR

  1. Pinangkur kendel gamelan, nulya nguwuh saking kilen pandhapi, payo lekas sekar gadhung, gamelan muni sigra, buka rebab muni gendhing sekar gadhung, sigra Pangeran Danupaya, ing kalangan sampun manjing.
  2. Maksih kukudhung kewala, apan sagung wau kang wong ningali, yen Pangran Danupayeku, cipta ronggenge ilang, mangsa wurung ronggenge binekta kondur, anyuwani wong akathah, iki Pangeran weweri.
  3. Kang wonten wetan pandhapa, marepeki Pangeran Mangkubumi, jajanira kadi murub, wadane kadya rah, kawistara sumuke wong agung bendu, menga-mengo ngering nganan, yeku bangun alai-ali.
  4. Krodha reh sura angkara, wiba mretyuhrening driya tanpa aris, wawantu krurambeg nepsu, tan wrin byat durga lawan, tar kataweng wiryaningrok kang dinunung, yayah manempuh nggempurna, girindra sasra saari.
  5. Dikdik ketrug ara krodhanya, gora godha gora reh bajra pati, mabyangan kadi gumuntur, gambira nirbiyuwa, bari bari birawa bubar katawur, reg rug datansah weh arja, tuhun Pangeran Mangkubumi.
  6. Duk tumingal ingkang raka, rendhet rendhet ronggenge den sindheni, anyandhak wong keringipun, lambungira ingikal, binadhemken mring kang r aka sru gumebrug, bareng kabarubuh rabah, ronggeng lan Pangeraneki.
  7. Katri lan kang dadi sawat, dyan malumpat Pangeran Mangkubumi, tumaduk mambek sru nempuh, asta kiwa anyandhak, ing dhuwunge kang raka sampun karebut, suku kanan sarwi njejak, ing raka jengkunireki.
  8. Sigra Mas Jayakatrangan, anglumnpati damar kang den pateni, jaba alok amuk-amuk, gegere abusekan, Pangeran Mangkubumi anjejak ping telu, ing jejengkune kang raka, astane tinarik-tarik.
  9. Sawusnya lumumpat medal, wadya Danu Payan samya nututi, kori pan samya tinutup, lar gabah inginteran, ting jalerit wong wadon nangis gumuruh, tanpa non uleng-ulengan, beh rebah kedek kaplipis.
  10. Wau Pangeran Danupaya, rengeng-regeng tangi tangi kabanting, dadya lesaning lumayu, jejel uyel pendhapa, tumpuk dene pangungsene wong lumayu, abor saking jawi kathah, wau Pangeran Mangkubumi.
  11. Jumeneng ngandhaping cikal, Ki Mas Jayakatrangan wus anunggil, lan Raden Martayaseku, punakawan kang ilang, Pangran ngetan anebah kang jaro rubuh, rebah wus dadya jerambah, gunging wong ingkang umijil.
  12. Pangeran eca lumampah, lan kang badi Jaya katrangan nunggil, lan abdi Martayaseku, tebih ngaler angetan, anjog Kapandheyan prapta dalemipun, wau kang maksih gegeran, wus kathah kang antuk mari.
  13. Kang tinebah ing Pangeran, Mangkubumi wau kang sampun mijil, wus tata kang samya kantun, Pangeran Danupaya, neng pandhapa ngedhangkrang denira lungguh, ingkang darbe wisma lawan, sentanane ngadhep sami.
  14. Samya takon tinakonan, sapa mau malumpat saking jawi, kadya Gathutkaca ngrebut, bambang binegal buta, Pangran Danupaya njentung tanpa muwus, rengkeng-rengkeng kalingseman, dhuwunge ilang wus kambil.
  15. Ing Prawirasandikara, jengkunira kering karaos sakit, kang ngadhep padha gumrumung, dennya narka-narka, mbokmanawa Raden Demang ika mau, dene solahe arikat, yen dudua sapa wani.
  16. Jer pamugarining praja, ingkang raka den kapokken manawi, ana kang nambungi wuwus, dudu Rahaden Demang, ingsun awas duk malumpate malebu, pan Raden Demang Urawan, dhampak gagah sirireki.
  17. Raine kukup saptangan, apideksa alus kadya Setyaki, Arjuna tuwa puniku, ana empere uga, yen wong cilik sairib Ki Mas Badiyul, si Jayus mindha-mindha, amumurung angrusuhi.
  18. Sandhinge nauri nyentak, nora wani iya lamun wong cilik, baya Tumenggung Sadayu, Raden Suryadiningrat, wong Madura lagi siniyan ing ratu, sayekti wani kewala, karya pakerti kadyeki.
  19. Dadya sagung kang anerka, wus kaliya Pangeran Mangkubumi, leksana tan keneng catur, amung kang ladak ladak, ing negara lawan ingkang bagus-bagus, ana malih kang angucap, manawa Reksaprajeki.
  20. Yen ora  Ki Wiradigda, yen dudua ya Wiramanggaleki, sisihe nambungi wuwus, baya Den Bagus Pama, Raden Sumadiwirya ladake tangguh, yen oraa Puspadirja, mantri anom ing pasisir.
  21. Bocah satus sagitikan, sapa wani wus entek gedhe cilik, kang ladak kang bagus-bagus, sajroning Kartasura, kari siji panji anake Metahun, kelalen kari siji kas, iya Pangran Mangkubumi.
  22. Madiyun Raden Sudarma, kang wus nama Pangran Martalayeki, iku ladak dhasar bagus, iya wis entek pisan, nora nana maneh yen dudua iku, lah wis aja rinasanan, mangkana wus sareh sami.
  23. Jeng Pangeran Danupaya, mundhut parem sarira den paremi, kondure amundhut tandhu, getun kang darbe wisma, ana bisik-bisik wau kang andulu, wonten Mas Jayakatrangan, neng ngriku cacawet gilig.
  24. ngGih lulurah peranakan, Mangkubumen p[olahe dene wadi, wonten sinembah ing ngriku, aneng wetan pendhapa, den wedela kula wau boten pandung, lamun Mas Jaya katrangan, kang den tuturi anjawil.
  25. Wis sinirep iku uga, dudu ujar sira kalawan mami, wong tandang saking lor tutur, lurung kathah gegaman, tumbak bedhil kawandasa malah langkung, jibeg warung Kapandheyan, semune wonten denanti.
  26. Ingkang deniring katingal, Kenthol Cocot Robat Rabit pangirid, Kademangan bocah jendhul, gegere abusekan, dene mirsa wadya Kademangan agung, lawan kang ngirid gegaman, Kenthol Cocot Robat Rabit.
  27. Padha ngilekken sedaya, sadarbeke wus anarka menawi, anjarahi sawah iku, karya lingsem sentana, ingkang tuwa tuwa sami rembugipun, becik manggihana marang, Kenthol Cocot Robat Rabit.
  28. Ki Sutamenggala medal, sakancane ingkang tumut, manggihi, Ki Kalenthar putra Pulung, maring lulurung samya, Kenthol Cocot Robat Rabit sampun suwung, mulih marang Kademangan, ing lulurung sampun mapring.

PUPUH XXVII
M  I  J  I  L

  1. Sinawung ingkang gendhing pamijil, praptanireng regol, ndhodhog sampun winengan korine, manjing dalem Pangran Mangkubumi, kang pra garwa sami, amethuk lan ibu.
  2. Kadya Raden iya Pandusiwi, duk saking lungandon, pinet sraya amangun yudane, saking paprangan praptaning wengi, kang ibu nangisi, angger gusniningsun.
  3. Sampun sedheng marenana Gusti, anggung lunga andon, rayi dika mariki wingine, inggih kula sampun den sanggupi, nging sampun prihatin, kakangmas puniku.
  4. Saciptane yen kawula maksih, yektine kelakon, sedheng kendela kakangmas mangke, atirakat dennya saba wukir, saru yen samangkin, kangmas sepuh.
  5. Bilih senggrang pangabening eblis, krodha kang amberok, ujar cendhak kang dinawakake, wawangunan angewan-ewani, dene kang pinardi, sor angkara dunung.
  6. Apan rayi dika liwat gati, gawat kang linakon, mariki mung katiga gamele, Kimas Konthing Werti Wirawiri, nggene atitilik, malah kongsi dalu.
  7. nJujug si Andon Martayaseki, niti atetakon, ing esuke praptane sontene, inggih rayi paduka pribadi, kula den saguhi, amundhut Kapundhung.
  8. Malah inggih ing sadina benjing, rayi dika sagoh, sapungkure rayi dika muleh, nunten kula ing wuri ngluwari, nyebar udhik-udhik, mung reyal sapuluh.
  9. Mesem myarsa Pangran Mangkubumi, galihe cumemplong, sumaringah mimijah harsane, kuneng dalu kawuwusa enjing, nuju ari Kemis, pratingkah kang sampun.
  10. Linampahan ing Raden duk Kemis, ingkang kaliru nggon, pinartingkah ing Raden Demange, pan kalajuk panganggite kedhik, sabawang sumilir, wuri dadi ngayun.
  11. Ingkang ngarsa satindak ing wuri, nanging tan anyorok, datan kongsi rusak caritane, amung nggene kang kaliru larik, dhawuhipun nenggih, duk mundhut Kapundhung.
  12. Ing dalune Pangran Mangkubumi, dennya ngrabaseng rok, ingkang raka sinendhal dhuwunge, ing punika melamipun Kemis, anunten ing enjing, Raden Demang mundhut.
  13. Ing Kapundhung sabab ingkang nulis, kawur nuju keron, duk sinerat aneng kantor kilen, tan andipe sang nata nedhaki, kaget kanca sami, rawuhnya sang prabu.
  14. Iki apa ingkang sira tulis, unine mengkono, kang umatur punika rerepen, repen apa dene nganggo iki, nyanane sang aji, repen mono namung.
  15. Angrerepi marang ing pawestri, kang umatur alon, inggih kathah tegese rerepen, barang crita kang dede narpati, sanadyan negari, nadyan ngucap ratu.
  16. Lamun inggih pan cinuwil-cuwil, tan nunggil lelakon, inggih wenang winastan rerepen, rerepene ngelmu nukil-nukil, ngandika Sang Aji, iki repen dhapur.
  17. Iya Danupaya krise iki, pangandika katong, iya Bapa saking ndi ulihe, kang umatur gumeripun jawi, Pangran Ngabei, dhuwung antukipun.
  18. Angandika Kangjeng Sri Bupati, ing pangrunguningong, Pangran Bei pakumpulan bae, Yang Ngabei ndhawuhaken titi, sapa sanak mami, kang kelangan dhuwung.
  19. Para Pangeran limalas sami, kagyat mulat ndongong, boten boten sedaya ature, ting jelalat paran wadineki, kangmas Angabei, andangu kadyeku.
  20. Amung Pangeran Danupayeki, tumungkul rawat loh, iku Bapa cekak caritane, kurang omber landhungna sathithik, Eyang Mangkubumi, amung tutur.
  21. Marang Eyang Eaden Demang nguni, Raden Demang takon, dhuwungipun paduka turake, raka paduka kangmas Ngabei, inggih ingkang wajib, apan lurahipun.
  22. Nulya katur Pangran Angabei, dennya mrih apakon, dimen uning iku pandhugale, banjur matur Eyang Sri Bupati, kerisa anuli, pinundhut malebu.
  23. Raden Demang ingutus ndhawuhi, ing Eyang Sang Katong, Pangran Ngabei ngumpulna kabeh, sentanane yen wus pepak sami, tan ana kang kari, sentana nem sepuh.
  24. Tetakona kabeh mring kang rayi, kabeh ariningong, iya sapa kang ilang kerise, tinombokken taledhek si Ganthi, suwe tan nauri, padha ting palinguk.
  25. Suwe tiniti kang rayi-rayi, umatur wotsinom, kula boten kula boten kabeh, tekang Eyang Pangran Mangkubumi, melu anauri, awingit atambuh.
  26. Tungtung duka Pangeran Angabei, heh padha mengkono, anglepeti wong tuwa gawene, apa tinemu tingkah tan yukti, karya lakoning bumi, laku nora jujur.
  27. Ronggeng mono apa angluwihi, spandhaning wadon, apa dene kelawan bojone, lan ronggenge iya becik endi, wong ngudubilai, kang anut tan patut.
  28. Iki ana wong anemu keris, wus maning kedhaton, keris iku ing jaba kepriye, ingkang matur tan wonten miyarsi, keris iku ugi, iya Kyai Jangkung.
  29. Nuli senggruk-senggruk ingkang siji, tumungkul wetu loh, Pangran Ngabei sanget dukane, lah ta iku nyata kang ngawaki, Pangran Angabei, akon mundhut dhuwung.
  30. Pangran Martasana sigra ngambil, dhuwung kang denanggo, Pangran Bei aparentah maneh, parakna saka welahan aglis, kono sun putusi, ngong ati tobatipun.
  31. Cinarita ing kawandasa ri, nggenira ginedhong, soka welahan ing ngriku nggone, tamanira Pangran Angabei, dipun supatani, sareng damelipun.
  32. Yen mindhonana pakaryaneki, tan wurung kelakon, luwih saking iki siyasate, Pangran Danupaya ananggapi, pinaringaken malih, dhuwung Kyai Jangkung.
  33. Sarta parentah Pangran Ngabei, sentana tuwa nom, sapa kaya mangkono lakune, ingkang anom ingkang kari-akri, luwih saking iki, parentah Sang Prabu.
  34. Karyaa maning pangandika Ji, rerepen mangkono, yen wus dadi iya sawijine, iku kirimna marang Semawis, kuneng kang winarni, amangsuli catur.

PUPUH XXVIII
DHANDHANGGULA

  1. Sinawung ingkang sekar artati, nenggih Rahaden Demang Urawan, ing nguni kala kondure, saking paseban agung, prapteng dalem dutane prapti, Dipati Danureja, ingandika sampun, prapteng ngarsa atur sembah, kula nuwun pun uwa Rekyana Patih, inggih anyaosena.
  2. Tangisipun abdi dalem Gusti, inggih pun Ngabei Gandakara, yen pareng tyas paduka ngger, selawe pun Kapundhung, sakelangkung anuwun runtik, pun uwa Danureja, angger sakelangkung, punika pun Gandakara, sinaosken dhateng ing paduka Gusti, pejah gesang sumangga.
  3. Sapunika kantun wonten jawi, abdi paduka pun Gandakara, Rahaden mesem wuwuse, lah undangen malebu, Gandakara wus den timbali, saking regol wus mangkat, dulek netranipun, kongkonane maksih ana, parandene gumeter dennya lumaris, wus prapta ngarsanira.
  4. Janggutipun sumeleh ing siti, angandika aris Raden Demang, paman alinggiha kene, ature nuwun-nuwun, Raden Demang ngandika aris, prakara iku Paman, ingsun uwis sanggup, ing Kapundhung satus pisan, marang ibu parandene iya mangkin, yen wis katur kakangmas.
  5. Wong Kapundhung yen wis den tampani, ya ing mengko ta utusaningwang, lan Uwa Patih dutane, anembungaken iku, iya luwih begjanireki, ibu sadulurira, kangmas pulunanmu, ngisor galeng kabatinan, ing laire nora kena angarani, pan iya Gustinira.
  6. Nanging mungguhing Allah tan keni, ujar nyata keponakanira, dene kadangmu ibune, mangkene karepingsun, aranana desane nuli, ingong gawe pratandha, tapak tilisingsun, muni mangkene kewala, kakang emas yen lega sampeyan mangkin, kang den suwun punika.
  7. Dadi taha kakangmas puniki, iya lawan tapak tulisingwang, lingsem yen tan maringake, Gandakara anuwun, sembahira ngenem sukoni, Gusti pun Pajungutan, kang slawe puniku, lan pun Telabor punika, kang selawe pun Pundhung sekete malih, sumangga ing karsa.
  8. Ingkang kula saosaken nenggih, pun Kali Karas bayem punika, inggih Gusti pan selawe, Raden Demang nulya wus, karya tapak astanireki, sawusnya angandika, marang kang denutus, heh Bapa Aryadikara, asebaa mring kakangmas Mangkubumi, wekasku aturena.
  9. Kang anama Aryadikareki, inggih tiyang saking ing Semarang, kinarya suta ing Jungke, lulurah Martalulut, langkung dene dipun welasi, marang Rahaden Demang, wau welingipun, heh Bapa kowe barenga, iya lawan dutane si Uwa Patih, lawan Mas Gandakara.
  10. Gandakara sampun den paringi, kampuh mori lan badhe rasukan, sabuk tuwin celanane, sigra nampani gupuh, sarikutan luhira mijil, tan nyana manggih arja, ing pangesthinipun, tan wande manggih duduka, wus mangkana asareng dennya lumaris, ing marga tan winarna.
  11. Ing Kamangkubumen sampun prapti, kawuwusa wau Jeng Pangeran, pamitan seba Kemise, sarira maksih lesu, pan sakenjing dennya anganti, lan wadya paranakan, tri dasa akumpul, lan meranggi kawan dasa, kapedhake ingkang tuwa-tuwa sami, wonten selawe eprah.
  12. Mung selawe kang sami sesabin, angalih jung kang tigang jung lurah, dene gegajihan kabeh, sinamar wedalipun, sejatine saking jro puri, kang raka Sr Narendra, pan ageng sihipun, binatin kinudang-kudang, kang mangka toh ing rat westhi nanggulangi, kertangteng pabaratan.
  13. Kang gamelan niyaga ing kori, ingkang kanan anjuju turangga, titiga sami ageme, kang munggeng wurinipun, rare sami nyikat kendhali, lan ngucel-icel gemak palataranipun, akeh wong ngeluk gendhewa, lan memasah ngrempelas gandar jemparing, metheli badhe kapa.
  14. Ingkang kilen kori menga keksi, ingkang wonten surambining langgar, greji andodomi akeh,  ana larab baludru, lan rasukan jubah kinardi, kang badhe jumuwahan, paringan Sang Prabu, Pangeran aneng pendhapa, nyamping golang-galing jo paningsetneki, cendhe puspita rekta.
  15. Arja kuluk nigara mantesi, peparem mung semuning sarira, maksih katata lesune, wenes sarira alum, amekiki sayumbuh manis, kadya duk Miny=taraga, luwar tapanipun, ngandika mring Batharendra, neng Kaendran pinapuja sinemedi, badhe ingaben aprang.
  16. Parepat alit matur wotsari, pukulun jawi wonten caraka, warni kekalih dutane, ingkang satunggilipun, inggih saking pun uwa patuh, nanging kang wonten wuntat, pasanganing tanduk, dutanya rayi paduka, Raden Demang Urawan kang manggalani, gupuh Kangjeng Pangeran.
  17. Patih Puspajaya den timbali, gegancangan sampun kekulukan, sarwi abengkung kampuhe, prapta lajeng ingutus, aturana duta kang prapti, dutane abdi Demang, kang sawijinipun, carakane Uwa Patya, nembah mijil sapraptanira ing jawi, ndhodhok Ki Puspajaya.
  18. Asta kanan umanglung ing siti, nekem dariji ingkang sekawan, angadekaken jempole, ndheku tembungira rum, dhuh dutane wong agung luwih, nggih suwawi paduka, ingaturan laju, duta kalih sareng mangkat, kang ing dalem sah saking lenggahireki, tebih munggyeng kelasa.
  19. Duk katingal duta maksih tebih, Pangran sora denira ngandika, ing ngriki ngrikil ge-age, Aryadikara ndheku, nulya minggah atur wotsari, kinen linggih kelasa, Aryadikareku, tan purun kedah anyelak, amung Kyai Mas Jayakarta Surandhil, duta Kadanurejan.
  20. Munggeng lampit kelasa siningkir, Pangran ngandika lah lungguhana, kang kinen nuwun ature, Gandakara neng pungkur, muka kadi konjem ing lampit, Pangeran sagebyaran, nglirik Pamanipun, Ki Ngabei Gandakara, sigra Pangran ngandika marang ing dasih, aja neng taretepan.
  21. mBok sinamber gelap sira mangkin, gumer ingkang gumujeng alatah, akeh kang wruh sejatine, Ki Aryadikareku, pan si Gelap nama duk cilik, manembah aturira, angger lothung-lothung, dadya sen-isening praja, dene aawet angger sampeyan tingali, sarwi nglus wangkongira.
  22. Adhuh Gustiningsun wong apekik, dene kadi Klana Prabujaka, Panji Anom susupane, pundi nggen kawulantuk, ngupados sajroning negari, punapa Tuwan gerah, netra radi balut, bilih nembe lara kenya, kekathahen kang kathah dresaneng kingkin, dhuh babo eman-eman.
  23. Sesa rena murdangkara pekik, ngenesaken rum-rume kang praja, sampun agung wiyoga ngger, sinten kadya pukulun sami-sami kadang narpati, ambarek tur mbelarak, candhang wolulikur, abagus tulus santosa, ring kaharjan pasaja jatmika jerih, anukmeng puspita bra.
  24. Kawula ngger dinuta ing ari, paduka Raden Demang Urawan, kunjuka pangabektine, tuwin dhateng kang ibu, dene lampah kang kaping kalih, ingutus angaturna, dhusun pun Kapundhung, pan inggih satus sedaya, timbalannya rayi paduka ing nguni, wonten ing panangkilan.
  25. Paman Gandakara kang tinodhi, lamun sira tresna ngetutena, si Kapundhung saenggone, yen sira maksih kudu, iya ana mantri panumping, nya iki tampanana, kawiduran satus, dhusun sampun pinaringan, kanjeng rayi sampeyan ingkang maringi, Raden Demang Urawan.
  26. Sampun esah datan kawis-kawis, nunten Uwa paduka Danurja, punika nyumanggakake, dhateng rayi pukulun, amrih kuwatipun sakedhik, pun Paman Gandakara, ing kamatrenipun, yen purun rayi sampeyan, nuwunaken dhateng ing paduka Gusti, pun Uwa mung sumangga.
  27. Nulya ngaturken ing tapak tulis, saking kang rayi Rahaden Demang, tinampan tinumpiksa ge, mesem sarwi andulu, Gandakara ingkang den lirik, alon dennya ngandika, yen prakara iku, nora nganggo susah-susah, singa-singa yen selawe bae gampil, mangsa dadak angela.
  28. Adhi lurah aja walang ati, yen wis padha trima-tinarima, karo sadulure dhewe, pan padha pendhemipun, lawan Bibi arebut becik, ywn uwus sah kewala, ingsun ngaturi wruh, ing adhi lurah Warana, apa dene dutane si uwa Patih, matura aja susah.
  29. Basa ing saungkurireki, yekti Bibi padu garejegan, iya lawan sadulure, Paman Gandakreku, ingsun ora meli ngilalni, pan dudu pendhemingwang, Desa ing Kapundhung, pendhemingsun jagad Jawa, ing Kapundhung pan iku pendheme Bibi, lan Paman Gandakara.
  30. Aryadikara wus den paringi, kambuh celana badhe rasukan, lawan sapuluh reyale, rasukan kesting biru, lan celana sami nyatunggil, kampuhipun lorodan, sutra dhasaripun, kuning rejeng bathikira, winetara saweg kangge kaping kalih, mubyar anglir perada.
  31. Kimas Jayakarta ing Surandhil, pinaringan kampuh sumaningrat, apan balongsong dhasare, putih celananipun, rasukan sengkelat wilis, sira Aryadikara, alon aturipun, mangke dalu Jeng Paduka, ingaturan Jeng Pangeran ngandika ris, dhasar wus niyatingwang.
  32. Sami bubar Gandakara kari, tan kawuwus kabeh solahira, kang sami wau kinengken, katur marang kang ngutus, sasolahe weh sukeng galih, cinendhak kang carita, kang anyempal laku, wau ta Rahaden Demang, wus angutus paneket jro kang tinuding, Kiyai Palawenang.
  33. Iya marang Paman Adipati, Jayaningrat dika pareng awan, si Paman Dipati dhewe, kang akeh-akeh iku, ya kareben prapta ing wengi, Palawenang tur sembah, sigra lampahipun, prapteng Kajayaningratan, Palawenang wus panggih lan Sang Dipati, katur kabeh pitungkas.
  34. Palawenang wus sira mit mulih, ngarepaken satengah nem dandan, pan amung kedhik balane, tan medal ing lulurung, anarutus lulurung alit, sakidul Pangabeyan, wonten marginipun, anjog sakidul Ketandhan, nunten  prapta bubutulan kidul nenggih, bata ing Kademangan.
  35. Nitih tandhu kewala Dipati, wadyanira namung kawan dasa, mangke badhe sakundure, medal lulurung kidul, wadya ingkang nusul ing wengi, dene Rahaden Demang, mundhut gule wedhus, mengkana celak kewala, Kademangan lan Jayaningratan let ing, Pangabeyan Katandhan.

PUPUH XXIX
ASMARADANA

  1. Asmaradana winarni, Adipati Jayaningrat, benjing ngalihe pakuwon, nunggil sarereyanira, Pangran Selong praptanya, ingela ingugung-ugung, ing kadospaten pinernah.
  2. Tan kawrat sawadyaneki, nuwun Kajayaningratan, kang jembar sarta baguse, gedhong mubeng sering kanan, wangunan kabeh pelag, lawan kainggahan banyu, amubeng botrawinira.
  3. Kinen ngalah Ki Dipati, timbalane Sri Narendra, Pangran Selong panuwune, pangalihe Ki Dipatya, sareng lan Raden Demang, Urawan sinung jujuluk, anama Pangran Purbaya.
  4. Sareng ing wulanireki, antara ing tigang warsa, dennya salin Pepatihe, mangkana Rahaden Demang, dennya nama Pangeran, Pangran Arya Purbayeku, Alam Kanatakusuma.
  5. Mangsuli caritaneki, wau pratela kewala, nenggih ingkang winiraos, sapraptaning Kademangan, Dipati Jayaningrat, kendel ing pasowanipun, sjawining paregolan.
  6. Ngajengaken maning Mahrib, punakawan tur uninga, wus aneng langgar Gustine, pukulun pun Paman prapta, Dipati Jayaningrat, Raden Demang ngandika rum, Coco Robat Rabit sira.
  7. Si Kudhup undangen aglis, aturna Paman Dipatya, iya matura mangkene, timbalane putrandika, mangke sampeyan salat, ngriki aturana gebuk, inggih punika kelasa.
  8. Ronggenge saosna nuli, punika saos kang adan, Cocot Robat rabit medal, panggih Sang Adipatya, Cocot Robat Rabit matur, kang timbalan putra tuwan.
  9. Paduka salat ing nriki, punika saos kelasa, gebuke den aturake, lan kula saos kang adan, Ki Adipati nyentak, wong agunge rada mencul, bature mbok aja nubras.
  10. Angguguk wau miyarsi, Rahaden Demang Urawan, kang Dipati selak katon, manjing gapuraning langgar, sarwi sru wuwusira, bendara iki katutuh, gawe guguyon wong tuwa.
  11. Raden Demang angandika ris, lah Paman wonten punapa, Sang Adipati ature, gebuk lan ronggeng kang prapta, wonten ngajeng kewala, Raden Demang api tambuh, kula boten aken Paman.
  12. Menek akale pribadi, angurmati ing paduka, nggih pin Cocot Robat Rabit, lan mara Cocot duk apa, ingsun kongkon ing sira, Robat Rabit awotsantun, gumuyu pan sarwi kesah.
  13. Raden Demang ngandika ris, mring rare alit titiga, heh kowe dadi seksine, pan aku ora kongkonan, si Cocot mau ika, rare titiga wotsantun, pan inggih boten utusan.
  14. Kados kajenge pribadi, wau kalane miyarsa, Dipati jayaningrate, malengos sarwi ngandika, ya dalane uga, bebayi meksih kumencur, ngelmu gayeng wus ngulama.
  15. Bebayi Pajang Metawis, ngelmu gayeng mapan kalah, pasisir kaki-kakine, angguguk Rahaden Demang, gumer ingkang miyarsa, prapta Mas Tib Anom Kudus, lan Tib Winong sesarengan.
  16. Neng pregolan den timbali, prapta sesalaman nulya, wus muni bedhug mahribe, Nurkusasi lajeng adan, ngaras lakune dhendha, swarane lantas angungkung, sedaya wus ngangkat sunat.
  17. Raden Demang angamati, ingkang ambawani salat, kang kinen wahu Ki Winong, sampun ngangkat perlunira, Dipati Jayaningrat, ajajar kelasanipun, lan Raden Demang Urawan.
  18. Wusnya bakda salat sami, mahribe wedang rong rampade, Mas Ketib Anom kelawan, Ki Winong kidul nggennya, samya ngaler ajengipun, kang ler Raden Demang lawan.
  19. Jayaningrat Sang Adipati, Rahaden Demang Urawan, agawat bisik-bisike, pan Adipati angiras, pantes Paman kawula, dhewe ingkang tutur-tutur, ing karsane Sri Narendra.
  20. Kakang emas Mangkubumi, kinarsakken ing Sang Nata, tinanem Surabayane, binektan Mancanegara, ingkang gangsal negara, Sarengat Balitaripun, ing Japan lan Wirasaba.
  21. Kelawan nagri Kedhiri, binektakken ing kakang mas, dene Paman pasisire, inggih binektanan gangsal, ageng aliting praja, Garesik Lamonganipun, Pasedhaha Prabalingga.
  22. Gangsale inggih ing Bangil, dadi sapuluh negara, Kyai Jayaningrat kaget, anyelak denira lenggah, angger wonten punapa, raka paduka Sang Prabu, adarbe karsa mangkana.
  23. Punapa ingkang dadya wit, pun Paman ayun pratela, ing mangke kula titike, pinanggihing sambang renggang, raden Demang Ngurawan.
  24. Angling malih Ki Dipati, sampeyan wartosaken pisan, Sang Nata pangandikane, ing pundi nggene pinarak, animbali sampeyan, Raden Demang ngandika rum, neng panepen Tambaktoya.
  25. Wite kula den timbali, inggih wonten Sedhahrama, Sang Nata nyenjata bantheng, angsal satunggal kang pejah, sangsam angsal sedasa, maksih ngasta bedhilipun, lajeng dhateng Tambaktoya.
  26. Sapraptane Gunung Kunci, Sang Nata seleh senjata, anunten kula denawe, wonten ing kursi pinarak, dupi kula anyedak, Bapang kapriye budimu, polahane Si Madura.
  27. Bedhudhat bdhudit iki, atine akuthekeran, jebul pethanthang pethentheng, anjaluk dadi wedana, ing pasisir samona, muliha duk alamipun, Panembahan Seda Kamal.
  28. Pasisir pan den dheweki, dadi sasoraning raja, dheweke dudu Bapakne, wewangunane sarira, pan ora tiru Bapa, aten-atena kumenthus, wong kaya bongkot pring alas.
  29. Ping pindho ngaturi tulis, mring ibu ingkang dinuta, Si Benggring nggawa layange, iya agawe prakara, nora metu dedalan, wong selinthat aselinthut, wong ambeka ruruwedan.
  30. Marang Si Uwa Patih, pangrasane kawistara, ing Pakalongan mantune, ing Japara padha bongsa, lan Si Uwa Danurja, mulane nyempal angidul, Si Benggring bae dinuta.
  31. Ingkang pinaraban Benggring, apan Ratu Maduretna, maring kang raka sang katong, ingkang antuk Cakraningrat, pangandikaning Nata, ping pindhone layangipun, angreres kaduk mejana.

PUPUH XXX
S  I  N  O  M

  1. SI Sinom munggeng wijowan, iya wuwuse si Benggring, lamun boten tinuruta, dhateng kakang Sri Bupati, panuwune kepati, bilih atemahan mutung, mutunga ping nembelas, apa agawene praduli, kekejera iya ana ngantariksa.
  2. Nora gilap nora ulap, nora susah nora sedhih, wis lawas nora sun rawat, panjaluke sun tambuhi, nora angrasa sisip, mundur berung andalurung, si Jendral Mayusmaham, ana layange kang muni, panune nagri Madura mijia.
  3. Saabon-aboning adat, sawiyosaning negari, apan ingkang kelampahan, mijila saking kumpeni, tetela mindhik-mindhik, iku Bapang karsaningsun, lah iya kakangira, yayi emas mangkubumi, yeku arsa sun pacak neng Surabaya.
  4. Pasuruan Prabalingga, Garesik Lamongan Bangil, sun paringken yayi emas, lan maning ingsun gawani, bumi Manca negari, Sarengat Balitar iku, ing Japan Wirasaba, Kalimane ing Kedhiri, amepeka batin kapraboning aprang.
  5. Anggabaha pira-pira, wong becik ingsun bebayani, mbakayune neng Madura, wus wiwit rusak kang ati, cakraningrat ngrasani, angrabeni putri Wangsul, rabi kadange Nata, datan angudhakken linggih, angur baya rabi wong Nusakambangan.
  6. Mengkono saben angucap, si Cakraningrat ing mangkin, malah sok layange teka, njaluk mring Kartasureki, nora bisa nglakoni, memaru lawan wong Wangsul, lamun adhine ana, pedhak nggone Sueawesthi, pesthi purik si Benggring mring Surapringga.
  7. Sayekti den kukuhana, mring yayimas mangkubumi, lawan nuli den tataa, jalaran amangun jurit, sayekti sun totohi, etoh badan besuk ingsun, nanging ta kakangira, aja aja kelalen anjawil, iya marang si Kapitan Surabaya.
  8. Lah sampun punika Paman, timbalane Sri Bupati, ing purwa madya wusana, manthuk-manthuk Ki Dipati, inggih ngger wus kadugi, dene sun depan puniku, lan dede terombolan, dede aden-aden muni,  inggih saking kang karsa rakanta Nata.
  9. Angungun Sang Adipatya, angger den kekah ngaturi, ing raka paduka Nata, pun Madunten lare alit, rare umur kawan tahun, ambebana ing Bapa, wajib Bapa den jaluki, dereng-dereng punika pantes pinala.
  10. Anungsanga jempalikan, yen inggih maksih kaabdi, dipun santosa bendara, raka paduka Sang Aji, denamot ngamoti, ing wadyabala sawegung, lamun ratu bineka, ing sentana myang Bupati, angagema ing reh angger kang utama.
  11. Pan sabar sirahing tapa, kautamaning narpati, angapura marang wadya, kang ambekta mrih prakawis, yen nunten nggega kedhik, karya elik wurinipun, dhuh angger denapanggah, angadhangi angaturi, ing karsane raka paduka Narendra.
  12. Angandika Raden Demang, lah ta Paman Adipati, susahe manah kawula, ing karsane Sri Bupati, sok nari rare alit, manah kula ngelmu tekad, sok kula ingkang tinari, kula Paman dereng umur kawan dasa.
  13. Saweg sanglikur Paman, tigang dasane lumaris, inggih ing taun punika, kula umatur sayekti, dhateng Paman pribadi, mung rahab kula mring ngelmu, dene prakawis praja, sampuna katempuh nampik, dene datan dadi dandanan ngakerat.
  14. Punii rangkep pakaryan, timbalane Sri Bupati, pun Paman sarta kawula, kinarsakken anjenengi, kadi pundi puniki, makaten karsaning ratu, Dipati Jayaningrat, amandeng ngiling-ilingi, pan sedaya wangunane Raden Demang.
  15. Angungun ing kebatinan, Jayaningrat Adipati, alon wijiling wecana, salang gumun kula Gusti, dhateng angger puniki, temah lingsem ing Hyang Luhur,  cacak inggih pun Paman, mangke sampun kaki-kaki, maksih rahab seba ngiringaken bawat.
  16. Angger opyaking negara, Kartasura sapuniki, mung Raden Demang Urawan, papaku amugareni, kekes sagung Bupati, sasat Kirun wa Nakirun, prandene yen aseba, panganggone nora becik, arang-arang seba ngiringaken bawat.
  17. Angger awis kang anduga, ing wong Jawi puniki, mulat ing tatrap sampeyan, kampuh nora salin-salin, Selabog mari mati, namung sabukipun ukup, kamukten Tanah Jawa, mung dheweke lan pepatih, teka norangrasakaken kawibawan.
  18. Makaten angger satengah, panelangsane wong Jawi, jebule boten anduga, yen sampeyan mukti batin, nanging sampeyan mangkin, tan kenging nampik katempuh, sawab angger sampeyan, dede anake wong tani, kang puputra Panembahan Purubaya.
  19. Kalawan kang darbe wayah, Panembahan Purbayeki, kadi pundi yen selaka, sanes lair lawan batin, Sultan Ngabdul Karneni, Iskandar ratu pinunjul, ratu-ratuning jagad, angger ing dinten sawiji, aprihatin memper sampeyan punika.
  20. Alami tan siniwaka, datan mijil saking puri, wonten mantrine satunggal, anama Januwan Hakim, seba lumebeng puri, ngesuk nggenne ratunipun, Januwan Hakim nembah, mila paduka tan mijil, angandika Iskandar ratuning jagad.
  21. Kang dadi prihatining wang, hen mantri Januwan Hakim, dadi rasane tyasing wang, karatone dunya iki, pan nora anglabeti, mupangat ngakeratipun, Januwan Hakim nembah, punapa paduka nampik, karsaning Hyang paduka tinitah raja.
  22. Ambaboni ratu dunya, paduka Ngabdul Karneni, milane teka ngresula, nampik titahing Hyang Widi, boten tinitah pekir, paduka lumuha, mratilaken negari, mungkir ing reh punapa boten duraka.
  23. Ageng-agenge ganjaran, sami tinitah Hyang, tan sami lawan kalifah, kang tinuduh angadili, ing kawulaning Widi, yen pariksa lawan emut, dene wakile Hyang Suksma, tur kareksa maring adil, sarta wajib angrusak ingkang tan arja.
  24. Mangkana Sultan Iskandr, nggarjita miyos tinangkil, punika paduka aras, angger wonten kojah malih, bakda rasul anenggih, wonten ratu karsanipun, kesah kaji mring Mekah, kapethuk pandhiteng margi, tinakonan heh raja arsa punapa.
  25. Dika mijil saking pura,  kula arsa minggah kaji, saure ratu punika, pandhitane angling malih, punapa kang dika prih, ratune malih sumaur, inggih amrih ganjaran, agung ganjaraning kaji, pandhitane pamuwuse sarwi nyentak.
  26. Heh raja nuli baliya, ngadhatona dipun aglis, gedhe ganjarane raja, ratu nedya tinangkil, angadili ing wadya gung, mring kawulaning Allah, linggih saejam madhani, lan wong ganjaran wong kaji kaping sawidak.
  27. Angger kalamun paduka, meleng anujem ing galih, ing rah dhateng kamukminan, angetheraken negari, sinten kang dadya kanthi, ing raka paduka Prabu, angger inggih pun Paman, pamunjine siyang ratri, mugi Allah angreksa anetepena.
  28. Mangkana pandam pangauban, sagung abdi dalem Jawi, apan ta inggih paduka, trah Mentawis kang medali, ing batin ati mukmin, para ngulama gung-agung, duk wonten Kapatiyan, pan sedaya sami muji, ing paduka kaharjan kawirutaman.
  29. Rahaden Demang Urawan, pangandikanira aris, Paman ing batin kawula, inggih lamun aningali, ing sanak-sanak mami, para wedana gung-agung, seba ngiringken bawat, ginarebeg ing wadyeki, ingkang padha bungah amarwata suta.
  30. Baya munthung ngangah-angah, welas kawula ing batin, dene padha tanpa ngrasa, ilang ciptaning ngaurip, lamun pacangan pati, kekere, angangsak jagung, punika wus karuwan, siksa dunya den lakoni, kang mangkono ing pati tinemu benjang.
  31. Adipati Jayaningrat, ametel kang wentis kalih, dhuh Gusti sampun pinanjang, titahing Hyang napsi-napsi, suwawi amangsuli, rerasan punika wau, inggih Rahaden Demang, angandika rum amanis, kadi pundi Paman ing reh kang santosa.
  32. Sahingga Sang Nata meksa, boten kenging denaturi, kang rayi kedah pinacak, wonten nagri Surawesthi, tan keni denaturi, ngajap dadosing prang pupuh, matur Sang Adipatya, angger sampun mawi ajrih, lah suwawi seleh dhuwung atur pejah.
  33. Mokal yen boten kenginga, raka paduka Sang Aji, yen atur paduka kekah, jer karsa maksih piningit, kinosek tegesneki, batos sampeyan puniku, sujajale si Bapang, ngong tarine ujar werit, apan tuwa anggepe apa ta bocah.
  34. Milane angger kawula, wajib angisen-iseni, lebet dhateng sampeyan, gumujeng ngandika aris, si Paman angandhemi, apa kenceng karsanipun, Senen wingking punika, yatra kalih ewu mijil, mring Kamangkubumen wedale sinamar.
  35. Nauri Sang Adipatya, nadyan makatena ugi, yen karsa dereng kawedhar, pan maksih kenging ginendhing, dereng lair ing patih, angger maksih binarungkus, dereng ucul punika, pan maksih ngancang-ngancangi, kebatinan angger mung kalih sampeyan.
  36. Yen paduka nurutana, pan karsa maksih kuwalik, ngandika Rahaden Demang, Paman kuwalik kang pundi, nauri Sang Dipati, kuwalik ing mangsanipun, pamer dados langsaran, langsaran kang amameri, kadi pundi yen paneda tiningalan.
  37. Punapa westaning Jawa, dereng wonten kendhang-kendhing, nuli kadang dadi wayang, Ratu tan darbe Bupati, si Jayaningrat iki, babengkoke wolung ewu, dhasar wus pinarcaya, angreh kang para Bupati, teka eman nora tinempuhken karya.
  38. Angger kula nunten umbag, yen mangsane amantesi, titika kang dados anibani, pantes mung pecah daging, mung punika kukumipun, angremukaken tulang, sanes, nggenne anatrapi, yen wus tetes ukara tan kawireja.
  39. Lamun sampun sinabaran, nanging angger inggih ugi, anyabari wong Madura, lawan abdi dalem Jawi, yen Jawi kaping kalih, tibane yen kaping telu, abdi dalem Madura, ping pitu dereng nibani, wong Madura edane adina-dina.
  40. Gedhe cilik amenyunyang, sami nguyuhi penglari, sedheng angger kaping gangsal, pangapuntening narpati, kelawan den sarati, satatar caraning Ratu, tan seba tinimbalan, sarta lapur ing kumpeni, yen wus tita nadyan inggih mekatena.
  41. Prayogi binanjurena, pinrih njempalik pribadi,k yekti nunten katututan, ing nalare ingkang becik, raden demang nauri, dados boten aprang pupuh, dados karsane Nata, setun arsa wrin ing jurit, angayani tekabure si Medura.
  42. Mesem umatur anyentak, sarwi nyureng Sang Dipati, heh angger ugi sampeyan, aprang bae den karsani, agampang wong ngajurit, yen bener pratikelipun, angger dene sampeyan, wong agung aprang menawi, yekti nistha prang awit datan prayoga.
  43. Yen kedah aprang bocahan, yen tan kenging denaturi, inggih kang abdi papat nenggih, mancanegara kalih, kekalih pasisiripun, kang kinen angreh samya, ing abdine pra Dipati, sejatine angger kula boten suka.
  44. Sekalangkung nuwun duka, raka paduka Sang Aji, adarbe karsa mangkana, kang rayi kinarya ringgit, lamun kawula maksih, kawula ngalangken gulu, dadose tanpa karya, pun Jayaningrat puniki, Citrasoma Matahun lan Subrata.
  45. Yen Sang Nata datan arsa, kekathahen kang miyarsi, nggih sampun kula priyangga, kang ngadhemi kang ngawaki, nanging kawula amrih, gempala tyase den kawus, samya amrih musakat, ing wadya kang nedya lali, edan-edan pan abdi terah-tumerah.

PUPUH XXXI
DHANDHANGGULA

  1. Raden Demang ngling lir madu gendhis, Paman lamun katura Sang Nata, pun Paman kulangge tameng, ajrih kula umatur, mbok winastan kula kumaki, ing reh nistha lan madya, utama dereng wruh, nadyan inggih uningaa, maksih bocah pantes pun Paman dhadhani, sakedhik sampun tuwa.
  2. Kula mangke Paman angerteni, dangu-dangu arebat wicara, ing weweka rahayune, kaluhuraning Ratu, tumpangsone lampah sayekti, sarta antara mangsa, ing reh wektu-wektu, yen pun Paman anuruta, ing karsane Sang Nata dereng marengi, dede wektune Paman.
  3. Ing wektune kangmas Mangkubumi, tegese pamer dados langsaran, tumpangso mangsa enggone, ing karsane Sang Prabu, teka nunten nuduh kang rayi, Dipati Jayaningrat, durung remak rempu, Citrasoma Surabrata, myang Metahun gegedhuge pra Dipati, misih angreh punggawa.
  4. Mesem ature Sang Adipati, lah punapa damele bendara, den lelemu salamine, sinung kamukten agung, Pakalongan nama Dipati, Sang Nata mawi karsa, ing baya pakewuh, teka supe tinambuwan, tur lerese kula ingkang darbe kardi, dereng pantes wong praja.
  5. Sampun menggah kadange narpati, yen pantesa mantrine kewala, wong Kartasura wektune, pan inggih dereng patut, pan kasaru wau kang prapti, lulurah peranakan, Gandakusumeku, tur sembah atur uninga, yen kang raka saking dalem wus lumaris, ing ngriki dereng prapta.
  6. Amung mbekta abdine kekalih, lawan punakawane satunggal, Raden Demang pqandangune, sapa abdi kang nusul, Kimas Konthing matur wotsari, nggih pun Jayakatrangan, Raden Demang muwus, dingaren Jayakatrangan, bisa kari kanang emas iku mampir, omahe Kertitruna.
  7. Sang Dipati open matur aris, wong punapa aran Kertitruna, dene ta gumendhel angger, paduka narka lamun, angger Pangran Amangkubumi, mampir ing wismanira, pun Kertitruneku, Raden Demang mesem mojar, panegare Paman Wirataruneki, kang nami Kertitruna.
  8. Gawok kula kangmas Mangkubumi, panyimpene ing wadi kalintang, si Kertitruna purwane, wonten turangganipun, gula geseng memper lir teji, pancal panggung suka pat, sami wates dhengkul, panegar sa-Kartasura, boten wonten satunggil ingkang nyagahi, wegah wong sanegara.
  9. Panegar dalem sami tinari, ingopahan satus angenakna, sakenane turanggane, panegar dalem matur, sampun angger dede turanggi, kadi walulon buta, sinten ingkang purun, sampeyan sampun tantunan, ing kawula kapara tiwasa benjing, katura ing Sang Nata.
  10. Pesthi kula kang dipun kethoki, winastanan tan atur prakara, anggendholi ing karsangger, pesthi sedaya lampus, nggih panegar wong sanegari, sedaya kinethokan, ing raka sang Prabu, sentana pamer paduka, datan kenging kajiwan-jiwan Sang Aji, Gusti paduka bucal.
  11. Inggih mangsa kiranga turanggi, Gusti nuwun apunten kawula nunten kakangmas kondure, wau turangganipun, Paman dipun ajak nenepi, gulune kang turangga, lan lambunge denrut, inguger lawan sesaka, pan satengah wulan boten den pakani, dheweke boten dhahar.
  12. ngGene kebon kinen amageri, kakang emas asawang kunarpa, dadi tangisan garwane, wusnya pitulas dalu, turanggane kang den pakani, pisang mas tigang lirang, ing sadintenipun, kang sasira dereng dhahar, ing antara sawulan kakangmas mijil, nuju dalu kudanya.
  13. Lajeng jinajal dipun tegari, ingubengaken turut kewala, nunten dhahar kawitane, anunten saben dalu, tetegaran sawusireki, patang bengi anulya, binekteng lulurung, sawusira pitung dina, lajeng keni adheyan nyongklang anyirig, medhapan sarwa eca.
  14. Nunten rina tinitiyan malih, boten ewah sarweca sedaya, wus temtu lamun kenginge, nulya sinung jujuluk, turanggane pun Jayengpati, tan wonten kang sinambat, mung sariranipun, animbali Kertitruna, kang sinambat ngakuwa yen den takoni, singa-singa kang tanya.
  15. Kang ngenakken kudaningsun iki, Kertitruna sira akonana, sun opah reyal selawe, kampuh kelawan dhuwung, sabuk kopyah sarta kulambi, gunggunge kang paringan, ing pangaosipun, manjing wolung puluh lima, kinen ngaku kang kinarya aling-aling, ngenakaken kudanya.
  16. Lah punika Paman Adipati, kakang emas Adipati beda, kelawan kadang-kadange, Adipati amuwus, bocah becik nakal anggitik, mangsa borong kang raka, Kangjeng Sang Aprabu, kang rayi kinudang-kudang, Raden Demang denira tutur angenting, satingkahe kang raka.
  17. Iya Konthing kon nusul tumuli, jayakatrangan marang kakangmas, si Kertitruna wismane, tamtu kendel ing ngriku, kakang emas Konthing wotsari, Raden Demang Urawan, Paman sareng metu, wau kudane kakangmas, pawatangan oreg sagung kang ningali, kuda ingangge watang.
  18. Sakadange utusan anggili, pra Dipati pra samya tatanya, sinten ingkang ngengingake, turangga jeng pukulun, sauripun wingit amanis, si Paman Kertitruna, kang ngenakken iku, matura marang kakangmas, mring adhimas iya ingkang nelateni, amung si Ketitruna.
  19. Dupi miyos kaget Sri Bupati, tinimbalan sami nginggil kuda, kadya bedhaya solahe, wong sanegara ngungun, Kimas Konthing praptane malih, angger atur uninga, inggih sampun rawuh, Kangjeng raka jengandika, ing jawine galedhegan sampun prapti, Raden Demang ngandika.
  20. Resikana ing Paheman aglis, Kimas Gandakusuma turira, inggih sampun dangu angger, malih andikanipun, Ki Cebolek undangen aglis, ing kene angumpula, Mas Tib Anom Kudus, lan Kaki Winong wong tiga, iya mengko yen kakang emas wus prapti, wong telu ingsun undang.
  21. Sami tedhak lan Sang Adipati, pan angadhang ameng pelataran, ngajenge paregolane, tan dangu gandanya nduk, ratus ampuh amecalangi, prapta Gandakusuma, nembah sarwi matur, punika raka paduka, sigra majeng tundhuk kelawan kang rayi, adangu rerangkulan.
  22. Aluwaran Pangran Mangkubumi, noleh nganan kagyat atetanya, sinten punika ature, kawula ngger pukulun, raden Demang matur bebidik, pun Paman Adipatya, jayaningratipun, timbalan dalem punika, ingkang kinen njenengi pun Mutamakim, lan Tib Anom punika.
  23. Angandika Pangran Mangkubumi, sami lujeng paman Adipatya, inggih anuwun ature, lajeng ngaturan laju, ing paheman wetan pendhapi, kinelir ginapura, gedhongipun agung, lajeng ingaturan minggah, dhateng loteng praptane wong agung katri, sami sareng alenggah.
  24. Angling malih Pangran Mangkubumi, Paman Adipati kapal dika, pun Biru punapa makseh, Ki Adipati matur, inggih taksih tan purun salin, awekel dika Paman, katon telung Setu, amung si Biru kewala, nora salin punika weton ing pundi, paned atine Paman.
  25. Inggih angger wedalan ing ngriki, dene Kedu saking ing Bahrawa, Pangran Mangkubumi kaget, Paman kula gegetun, sikutade Kedu ngeblegi, mbok wetengane Paman, ingkang saking kedu, Ki Dipati aturira, inggih kathah angger ingkang amastani, kados dhawuh sampeyan.
  26. Dhasar ketara atine becik, dika jenengaken sinten Paman, Sang Adipati ature, inggih pun Sarahmadu, mesem Pangran Amangkubumi, bener wantu wong tuwa, aweh jeneng patut lan Bapange Puspadirja, kajeg-kajeg agedhe si Pulanggeni, jarane Puspadirja.
  27. Ingkang badhe kula angge nguni, anging gelane tyas kula Paman, teka kadawan gulune, Ki Dipati umatur, inggih ageng pun Pulanggeni, kaotipun akathah, ageng nanging sirung, dhuh angger duka sampeyan, ingkang mawi punika pun Pulanggeni, serune boten ical.
  28. Nanging besuse ingkang nitihi, angger abdi dalem Puspadirja, milane ical sarune, tiniten dangu-dangu, inggih angger kapanggih malih, Pangeran angandika, nggih satemenipun, wonten kang marahi kemba, nanging patut si Puspadirja nitihi, boten patut salina.
  29. Selak gumujeng atanya malih, lah jarane mantri anom dika, dhawuk bang sinten arane, punika jaran gubug, Ki Dipati umatur aris, nggih pun Pagong wastanya, dipunawis satus, mring abdi pun kakang, Surabrata rayi sampeyan ing ngriki, angger kang penging suka.
  30. Heh ta dika Paman Adipati, galap menang yen angadu watang, mantri anom  dika gedhe, ingadu lan wong bagus, Puspadirja kuciwa tandhing, mantri anom Jepara, jamak tandhingipun, Ki Dipati aturira, dede kula nggih rayi sampeyan ngriki, ingkang darbe timbalan.
  31. Raden Demang Urawan nambungi, boten wonten pantese kakangmas, yen wong anander tandhinge, yen pun Puspadirjeku, liya Pusparaga nandhingi, kadya Raden Wastha, putra Mandureku, atukar lan Dursasana, Pusparaga polahe abriga-brigi, Puspadirja mberanyak.
  32. Ngangge jarane si Pulanggeni, Pusparaga pun Pagong kudanya, salun-alun pantes dhewe, kang ajeng numbas satus, Surabrata ing Panaragi, kula kang menging suka, ical pantesipun, lawan sampun kawuningan, ing pantese wewatangan kang tinandhing, inggih kalih punika.
  33. Yen angembat watang angacari, Pusparaga alok senggak-senggak, Sri Narendra timbalane, lan pangembating lawung, Puspadirja yen ngacarani, kinen tangled kewala, timbalan Sang Prabu, winastan lir Pancawala, kalanipun inggih arsa den gitiki, dhateng pun Dursasana.
  34. Ya ta raden Demang animbali, Mas Tib Anom lan Ki Winong prapta, Ki Cabolek katigane, praptane kinen laju, maring loteng katiga prpati, wus sami sesalaman, wau duk andulu, Pangran Mangkubumi tanya, adhi lurah punapa inggih puniki, ing Kudus Ketib Mudha.
  35. Raden Demang matur kangmas inggih, Pangran Mangkubumi angandika, Paman katuran pambage, Mas ketib Anom matur, inggih angger saget kapundhi, prapta munggeng tadhahan, titiga sratipun, rama Wiwaha wekasan, Bimasuci raden Demang ngandika ris, Tuwan wiwiti kangmas.
  36. ngGih sandika adhi lurah mangkin, nanging pra dika solo pun kakang, dhi lurah kula yektine, remen Wiwahanipun, adhi lawan Bimane suci, wiwaha ngaras-aras, murad maksih semu, Bimasuci adhi lurah, thathok melok nyenyengit kula arani, kadi kathah wong rampal.
  37. Yen ta kirang wewekane adhi, agawe lengus kunus kaenas, angenes sirna manise, akethus amethengkus, Raden Demang mesem singali, sami esem-eseman, kaduga ing batinira, samya nglirik marang Kaji Mutamakim, ngalem dhateng Pangeran.
  38. Awit nembang Pegang Sulanjani, kang winuwus ambek kasunyatan, ing tyas ening lan regede, jebul ing tingal terus, upamane butheking warih, kinarya ningalana, ing wayanganipun, banyu buthek nora kena, banyu bening wayangan katon dumeling, punika winicara.
  39. Ulonipun nora pati becik, nanging ajeg akenceng kewala, alempeng ulet tembunge, yen wonten roasipun, pamaose dipun kendeli, rarasaning pandhita, sinudhang sinandhung, sira Wiku Mintaraga, kang ginambar ginelar ingkang rinawit, kang wiwit winangsitan.

=== TITI ===

Tamat cariyos Kaji Amad Mutamakim
kalayan Ketib Anom Kudus

 

 

SULUK JOHAR MUKIN


PUPUH
DHANDHANGGULA 

  1. Lumaksana sekar gula milir, kitab Johar Mukin kang kinondha, jinarwakaken maknane, lapale kang rinacut, sinalinan ing tembung Jawi, sinawung ing sarkara, mrih dhanganing tembung, tan kabekten sarya ila, kang cinatur pitung langit pitung bumi, kang munggeng jro manusa.
  2. Miwah pitung dina pitung bengi, pan kariyin pan langit kaswargan, jumanten nenggih lintange, jumungah dinanipun, nabinipun mukamad adi, astananing ing dhadha, lawan malihipun, langite langit kumala, lintang Jokal dina sabtu nabine Sis, astanane ing ngutak.
  3. Langit manikem ping tiganeki, lintang Mustari Idris nabinya, ing lalatha astanane, akad ing dinanipun, ping pat langit Selaka putih, lintange lintang Jarah, mungsa nabinipun, kang dina senen punika, pan ing grana punika astananeki, dene kang kaping lima.
  4. Langit emas lintange winarni, lintang sisa dinane Salasa, jeng nabi Dawud nabine, netra astananipun, dina Rebo ingkang gumanti, ping nem langit mutyara, karmri lintangipun, dene kang darbeni lamah,pan nabine punika Nabi Ibrahim, astananane kapala.
  5. Kaping pitu langite winarni, pan tembaga lintang kalku ika, pan dina kemis dinane, nabine ngisa iku, pan ing cangkem astananeki, jangkep langit kasapta, yogya dipun emut, langit kang pepak ing dunya, iya iku aran langit purasani, malih ingkang winarna.
  6. Nenggih ingkang ing sab ngaul’arli, ingkang munggeng ing dalem manusa, tungtut kang kariyin dene, ping kaliye pupusuh, kaping tiga ukuran nenggih, kaping pate lilimpa, kaping limanipun, iya woding ati ika, kaping neme bumi gerah ngusus nenggih, paparu bumi kidban.
  7. Bumi ingkang kawetu ing jawi, nenggih kulit pan bumi tembaga, wulu bumi wesi dene, daging bumi, parunggu, ingkang bumi kuningan getih, otot kang bumi kawat, dene kang babalung, punika bumi salaka, ingkang bumi kencana sungsum puniki, tamat bumi kasapta.
  8. Malahekat punika winarni, ingkang nganeng daleming manusa, Jabarail cangkem gone, ijo suwarnanipun, mungggeng nettra nenggih Mika’il, kuning suwarnanira, Israpil neng irung, abang suwarnane ika, pan Ngrijra’il ireng suwarnanireki, astananing talingan.
  9. Malahekat Kiraman Katibin, munggeng bau kering lawan kanan, Kiraman jingga warnane, Katibin ingkang biru, asta tengen Kiraman nenggih, Katibin asta kiwa, kirun wanakirun, ari-ari lan kekawah, malahekat Haruman kang munggeng ati, malih ingkang winarna.
  10. Pratelane ingkang para nabi, ingkang munggeng badan ing manusa, nabi adam astanane, aneng badan puniku, kanjeng nabi Mukamad nenggih, rasul ingkang mustapa, astananing tungtut, nabi Sis ngembun-embunan, nabi Dawut ing netra astananeki, Nabi Idrislalatha.
  11. Munggeng kapala nabiIbrahim, nabi Mungsa astananing grana, nabi Ngisa astanane, munggeng cangkem puniku, nabi Yakup ing Balung nenggih, nabi Yusup punika, astananing sungsum, nabi Ayub ngusus gonnya, Bagendhali astanane napas kulit, ing galih Abu Bakar.
  12. Ngumar limpa balung ngusus nenggih, ing pupusuh pan Nabi Suleman, kuneng kang winarna maleh, lawang kang menga iku, langit pitu, tuduhe nenggih, cangkem kuping bun-bunan, jaja puseripun, dhingdhing jalal pan kapala, lintang kamar tegese ing bathuk iki, kayu kang witing nyawa.
  13. Sajaratil mustaha ing alis, pasu kiwa tengen gunung kembar, gunung Tursina tegese, apan pucuking irung, lambe Betal Mukadas nenggih, watu sajidinika, tegese ing untu, lambe ngisor.
  14. Uwang tengen kang ngaraning masrik, uwang kiwa ing mahrib punika, Iman Supingi dhadhane, iman Maliki iku, tegesipun puniku gigir, Iman Kambali ika, lambung tengenipun Kanapi ing lambung kiwa, pan ing Mekah tegese telak kang menthil, ras kursi bun-embunan.
  15. Ngaras lambe Loh kalaming lathi, lokil makpul puniku pangucap, telaga Kalka osare, puniku pan kukulung, susu kiwa pulunging ati, Kakbah puser punika, pasalatan rasul, soring larapan Tarwiyah, ing jaejantung, puniku ngaldaka wingit, titi den kawruhana.

@@@

SERAT SULUK NGABDULSALAM (Pupuh XVI – XXII)


PUPUH XVI
K I N A N T H I

1. Radèn Surenggana matur/ tegesé kendhang kekalih/ kang lungguh ing kendhang ladrang/ yèn gendhing kendhangé siji/ déné mawi béda-béda/ mèsem ngandika sang yogi//

Raden Surenggana bertanya/ artinya kendang kedua/ yang terdapat pada kendang ladrang/ jika gamelan kendangnya satu/ padahal beda-beda/ sang guru tersenyum sambil berkata//

2. Tegesé ladrang puniku/ kempulé tan kena kèri/ iku patraping sujalma/ ingkang muni kitab pekih/ sanadyan wus nganggo kitab/ tan lali yudanagari//

Artinya ladrang itu/ kempulnya tidak boleh ketinggalan/ itu memang sifatnya manusia/ karena sudah ada dalam kitab fikih/ meskipun sudah menggunakan kitab/ tidak melupakan hukum Negara//

3. Wong micara lan nenandur/ laki rabi lan wong sugih/ tuwin lapel-lapal karam/ apadéné wong priyayi/ pan muni kukum sadaya/ yudanagara tan lali//

Orang bicara dan menanam/ pria wanita dan orang kaya/ dan kata-kata haram/ seperti orang priyayi/ yang bicara hukum/ hukum negara tidak boleh lupa//

4. Rupaning gendhing puniku/ mangan turu laku linggih/ karya wisma anam-anam/ lan undhagi ukir-ukir/ maréntahken dhawuh praja/ apa karsaning narpati//

Ujud gamelan itu/ makan tidur jalan dan duduk/ membuat rumah anjam-anjam/ dan tangga berukir/ melaksanakan perintah negara/ seperti yang diinginkan oleh raja//

5. Punika tan mawi kukum/ yudanagara tan lali/ taksih kathah saminira/ polah tingkahing sujalmi/ nalar tan kena tininggal/ yèn sira aninggal kaki//

Itu tidak lewat hukum/ tidak lupa hukum negara/ masih banyak persamaannya/ tingkah laku manusia/ tidak boleh meninggalkan akal/ jika ditinggalkan//

6. Pasthi ala rupanipun/ wong tinggal yudanagari/ kéhing sujalma kang mirsa/ gumuyu sarwi bebisik/ iya marang kancanira/ iku kaki aja lali//

Pasti buruk akibatnya/ orang yang meninggalkan hukum negara/ akan dilihat banyak orang/ ditertawakan serta dibicarakan/ maka jangan kamu lupakan//

7. Sanadyan kang mawi kukum/ tan lali yudanagari/ wus telas gupiting kendhang/ mung gendèr dèrèng ginupit/ isiné sadasa wilah/ sejatiné sun jarwani//

Meski lewat hukum/ jangan lupa hukum negara/ sudah habis uraiannya kendang/ tinggal gender yang belum diuraikan/ isinya itu sepuluh bilah/ saya terangkan sesungguhnya//

8. Iku bangsanira kulup/ kèhé tetulas prakawis/ ana déné kang tetiga/ iku wus dadi rumiyin/ kang kari naming sadasa/ tumraping gendèr puniki//

Itulah wujudnya kamu nak/ ada tiga belas perkara/ adapun yang ketiga/ sudah dijelaskan dulu/ tinggal sepuluh yang belum/ umumnya gender itu//

9. Iku tan kena winuwus/ déné wis dadi rumiyin/ iku sira pilihana/ bangsamu kang dadi dhingin/ bumi tapel lawan johar/ katiga nyawa rahmani//

Tidak bisa diceritakan/  karena sudah dulu/ maka tinggal kamu pilih/ wujud pertama itu/ bumi dan bintang/ ketiga nyawa rahmani//

10. Rebabé dèrèng winuwus/ lagi mangké sun tuturi/ pan kalih kakawatira/ lakyan satitah puniki/ iku cènthèlé kang andhap/ kenthengé maligé rukmi//

Rebabnya belum diceritakan/ nanti saya ceritakan/ senarnya ada dua/ perintah ini/ gantungannya ada di bawah/ senarnya sebagian dari emas//

11. Senthengé rebab puniku/ ardi kembar kanan kéring/ bathokané raganira/ lawan watangané singgih/ kosodé puniku napas/ mangoté aja ginupit//

Senar rebab itu/ gunung kembar kanan dan kiri/ batoknya itu tubuhnya/ dan gagangnya itu derajat/ kosodnya itu nafas/ jangan diterangkan//

12. Iku wus telas sadarum/ niyagané adam jarnis/ yèn sira mangun gamelan/ jro ning ati aja lali/ kaya nggoning sun amejang/ yèn lali karam kang pasthi//

Sudah selesai semua/  niyaganya itu adam jarnis/ jika kamu bermain gamelan/ jangan lupa dalam hati/ seperti yang sudah saya ajarkan/ jika lupa pasti itu haram//

13. Rahadyan padhang tyasipun/ miyarsa sabdaning yogi/ putra catur atur sembah/ mring rama ngaturken pamit/ sang tapa alon ngandika/ iya wus padha basuki//

Raden Surenggana terang hatinya/ mendengar uraian gurunya/ keempat putranya pamit pada ayahnya/ sang guru pelan berkata/ saya doakan selamat//

14. Putra sakawan wus mundur/ tan kéwuhan grahitaning/ genti ingkang winursita/ Rahadyan Jayadiluwih/ prajané Maligéretna/ pan lagya mepeg birahi//

Keempat putranya pamit/ sudah terang pikirannya/ ganti yang bicara/ raden Jayadiluwih/ kotanya bagian intan/ sedang menahan nafsu//

15. Tatag titi wignya putus/ jawa arab wus mumpuni/ wus bisa cara limalas/ yèn nulis muni pribadi/ kadya gambar wewangunan/ citrané rahadèn pekik//

Trampil cerdas pandai/ Jawa Arab sudah menguasai/ sudah bisa bicara limalas/ jika mengarang seperti gambar yang indah/ itulah gambaran dari dia//

16. Semana rahadyan bagus/ arsa leladhang mring jawi/ sigra angrasuk busana/ arsa nyamping peksi jali/ paningset cindhé binara/ rasukan baludru wilis//

Suatu saat raden bagus/ ingin sesekali keluar/ memakai pakaian/ memakai pakaian batik peksi jalu/ memakai sabuk cinde/ bajunya dari beludru hijau//

17. Dhestar semen mawi mentul/ kang dhuwung pinasopati/ kekalih lan cothénira/ jejarané tunggak semi/ tuhu yèn bagus utama/ Rahadyan Jayadiluwih//

Jarik semen dengan pentul/ kerisnya seperti pasopati/ ada dua dan diselipkan/ kudanya tunggak semi/ sangat bagus sekali/ Raden Jayadiluwih//

18. Gya medal saking ing pintu/ tigang tindak nolih-nolih/ wus prapta wismaning wadya/ pinuju nayuban jingling/ kasaru rahadyan prapta/ kang wadya methuk néng jawi//

Begitu keluar dari gerbang/ dalam waktu sebentar/ sudah sampai dirumah bawahannya/ langsung menuju tempat berjoget/ begitu sang raden datang/ prajuritnya menjemput di luar//

19. Wus tata dènira lungguh/ kang wadya matur wotsari/ rahadyan alon ngandika/ mengko sira sun tuturi/ tingalana nggonku beksa/ kang wadya eram ningali//

Saat sudah duduk/ prajuritnya bertanya pelan/ raden berkata/ nanti saya ceritakan/ amatilah cara menariku/ para prajurit segera mengamati//

20. Rahadyan beksanya lawung/ tanjak ingkrang dhadhap acih/ beksa gelas beksa wayang/ dinulu teka respati/ wus lali purwaduksina/ saking bungahé kang galih//

Tarian sang raden tidak aturan/ tanjak dhadhap acih/ menari gelas dan wayang/ dilihat sampai pantas/ lupa arahnya/ karena hati sedang senang //

21. Samya eram kang andulu/ beksanya rahadyan pekik/ anelas kawining raga/ samya kétut kang pawèstri/ antuk kawandasa wangsal/ niyaga legeg ningali//

Sampai terpejam mata yang melihat/ tariannya raden bagus/ menghabiskan tenaga/ ikut pula yang perempuan/ dapat empat puluh pertanyaan/ niyaganya tercengang melihatnya//

22. Nganti rambah kaping telu/ kang gendhing munya kaping tri/ rahadyan kèndel gya lenggah/ wonten niyaga satunggil/ awasta Sécawiguna/ nggarjita sajroning ati//

Sampai pada gending yang ketiga/ si raden istirahat/ ada salah seorang niyaga/ bernama Secawiguna/ senang dalam hati//

23. Putra maligi puniku/ teka lali sun tingali/ tan émut putra pandhita/ Ki Séca gya marepeki/ prapta ngarsané rahadyan/ kyai Séca matur aris//

Putra yang pandai itu/ sampai lupa saya lihat/ tidak ingat putra pandita/ Ki Seca segera menghampiri/ datang kehadapan raden/ Ki Seca bertanya pelan//

24. Rahadyan duk beksa wau/ teka penet sun tingali/ punapa dika wus cetha/ obahing tangan lan sikil/ yèn panduka tan uninga/ karam ujaring kang dalil//

Saat raden menari/ saya lihat sangat indah/ apa raden sudah tahu/ geraknya tangan dan kaki/ kalau tidak tahu/ menurut dalil itu haram//

25. Wangsalé kawula étung/ antuk catur dasa kalih/ pundi tegesé wangsalan/ uniné sawiji-wiji/ yèn dika dèrèng uninga/ prasasat yèn kaya lapi//

Teka-tekinya saya hitung/ ada empat puluh dua/ bagaimana teka-tekinya/ saya urai satu per satu/ jika raden tidak tahu/ sesungguhnya seperti itu//

26. Ki Séca ambereg bubul/ kèh wangsalan dèntakoni/ rahadyan kéwran ing manah/ nora bisa amangsuli/ nulya kondur karsanira/ ing wisma dèrèng dumugi//

Ki Seca memburu/ banyak teka-teki yang harus ditanyakan/ si raden tampak tidak senang/ tidak bisa menjawab/ terus pergi dari hadapan ki Seca/ belum sampai di rumah//

27. Saya kagagasing kalbu/ sualé Séca gunèki/ dadya laju lampahira/ kang sinedya jroning galih/ sowan marang Kabuwanan/ marek mring rama sang yogi//

Semakin mengganggu pikiran/ pertanyaan ki Secawiguna/ menambah cepat jalannya/ datang ke Kabuwanan/ menghadap pada ayahnya//

28. Ing Kabuwanan wus rawuh/ sang tapa anuju linggih/ munggèng ing panti pandhapa/ kasaru kang putra prapti/ Rahadyan Jayakusuma/ majeng sarwi angabekti//

Sudah datang di Kabuwanan/ sang pertapa segera duduk/ di pendapa rumah/ lalu sang putra datang/ yaitu Raden Jayakusuma/ datang dan menyembah//

29. Rahadyan aris umatur/ kula rama wau latri/ jenenging tiyang nayuban/ wonten niyaga satunggil/ anama Sécawiguna/ kawula dipuntakèni//

Raden berkata pelan/ semalam ayah/ ketika ada jogetan/ ada seorang penabuh/ bernama Secawiguna bertanya/ saya ditanya//

30. Nalika ing wau dalu/ kawula neksa kaping tri/ kang gendhing santun ping tiga/ Ki Guna nggarjitèng galih/ sareng kawula wus lenggah/ Ki Guna bereg nakèni//

Ketika tadi malam/ saat saya menari yang ketiga kalinya/ gendingnya juga tiga kali/ Ki Guna sangat senang/ saat saya duduk/ Ki Seca bertanya//

31. Ambereg pitakènipun/ tindaké tangan lan sikil/ sikil kanan lawan kiwa/ asta kanan suku kéring/ kados pundi kang sujarwa/ kyai sèh ngandika aris//

Begini pertanyaannya/ geraknya tangan dan kaki/ kaki kanan dan kiri/ tangan kanan dan kiri/ bagaimana sebetulnya/ Ki Seh berkata pelan//

32. Yèn sira ambeksa alus/ émuta mring salat daim/ yèn daim lungguhé kiwa/ tindakna suku kang kéring/ yèn daim ngalim kang kanan/ suku kéring napak siti//

Jika kamu menari halus/ ingatlah pada salat daim/ jika daim tempatnya di kiri/ gerakkan kaki kiri/ jika daim disebelah kanan/ kaki kiri menapak tanah//

33. Nanging wonten saratipun/ tan kena sulayèng galih/ yèn nindaken sikil kanan/ asta kiwa aningali/ yèn ngigel tangan kang kiwa/ suku kanan aningali//

Tapi ada syaratnya/ tidak boleh bersedih/ jika menggerakkan kaki kanan/ tangan kiri dilihat/ jika mengigal tangan kiri/ kaki kanan dilihat//

34. Iya iku tegesipun/ émuta daiming ringgit/ pasthiné papak-papaken/ yèn sira bener kang kéring/ ringgité nora sulaya/ bener kiwa luwih manis//

Itulah arti sebenarnya/ ingatlah daimnya wayang/ pasti berhadap-hadapan/ jika menarimu benar/ wayangnya tidak berbeda/ benar sebelah kiri lebih manis//

PUPUH XVII
DHANDHANGGULA

1. Lah ta  kaki aywa sira lali/ pamujiné ringgit lawan sira/ pasthi yèn padha uniné/ lawan unduring suku/ lan lajuné dipunpatitis/ déné wus winicara/ kethuk kenongipun/ kempul martabat sapisan/ kethuk iku yekti martabat ping kalih/ kenong martabat tiga//

Kamu jangan sampai lupa/ pujiannya wayang pada kamu/ pasti bunyinya sama/ dengan mundurnya kaki/ dan majunya harap tepat/ adapun sudah dibicarakan/ kethuk dan kenongnya/ kempul itu martabat pertama/ kethuk jelas martabat kedua/ kenong martabat ketiga//

2. Gong kang gedhé martabat kang akir/ saratipun mawi pacak jangga/ manthuk ing sawetarané/ yaiku tegesipun/ angurmati tegesing ringgit/ aran Patimah Johar/ mila manthuk-manthuk/ yèn sira ngurmati kadang/ kadang tuwa surak keplok aja lali/ tegesé dènwaspada//

Gong besar martabat keempat/ syaratnya dengan melenggokkan leher/ menganguk sementara waktu/ artinya ialah/ menghormati maknanya wayang/ bernama Fatimah Johar/ maka menganggukkan kepala/  jika menghormati saudaranya/ jangan lupa saudara tua bertepuk tangan/ maksudnya diwaspadai//

3. Anyareki mring nepsu sayekti/ déné panggih asawang sinawang/ lawan Patimah ujaré/ winor lan wiletipun/ Johar jisim lan rasa ati/ Rahadyan Surèngrana/ nuwun sarwi ndheku/ inggih nuwun jinarwakna/ kèhing wangsal tegesé satunggil-tunggil/ déné beksa wus telas//

Mendekati pada nafsu sesungguhnya/ adapun ketemu saling melihat/ dan perkataan Fatimah/ dicampur dan berbelit-belit/ bintang badan dan perasaan/ Raden Surenggana/ memohon sambil duduk/ minta dijelaskan/ maksud dari banyaknya pertanyaan dijelaskan satu persatu/ adapun tariannya sudah selesai//

4. Ingkang tumrap sasindhéning ringgit/ tegesipun pan panunggalira/ ingkang lir madu gendhis/ kulup sira apalna/ wiji-wijinipun/ rahadyan kéwran ing manah/ èsmu supé matur mring rama ngabekti/ kula boten kèngetan//

Menurut sindennya wayang/ maksud dan sebagainya/ seperti madu gula/ hafalkanlah satu persatu/ sang raden tampak susah hati/ sepertinya lupa lalu bicara pada ayahnya/ saya tidak ingat//

5. Saking kathah wangsalaning ringgit/ dadya supé pan ical sadaya/ Ki Sèh alon ing wuwusé/ lamun mangkono kulup/ pasthi karam lamun miyarsi/ déné sira tan bisa/ wangsalan kawuwus/ Rahadyan Jayakusuma/ putek ing tyas tumungkul dènira linggih/ ajrih matur ing rama//

Karena banyaknya pertanyaan tentang wayang/ jadikan lupa akan hilang semua/ Ki Seh pelan perkataannya/ jika begitu nak/ haram jika melihat/ kamu tidak bisa/ menjawab pertanyaan/ Raden Jayakusuma/ gundah hati duduk dengan menundukkan kepala/ dengan takut bertanya pada ayahnya//

6. Angandika ri sang mahayekti/ wis ta kulup sira marénana/ aja sira dhemen njogèd/ déné sira tan weruh/ iya marang unining ringgit/ radyan sangsaya susah/ énget sualipun/ Kiyai Sécawiguna/ ingkang ibu welas dénira ningali/ kang putra ngemu waspa//

Sang pendeta berkata/ sembuhlah kamu nak/ jangan diteruskan menari/ adapun kamu tidak tahu/ bagaimana ucapan dalam wayang/ sang raden bertambah susah/ ingat pertanyaannya/ Ki secawiguna/ ibunya kasihan melihat/ putranya menangis//

7. Dyah Rubiah amarani aglis/ gya rinangkul janggané kang putra/ sang dyah angemu waspané/ alon pamuwusipun/ èh ta kulup Jayadiluwih/ apa sira dinukan/ mring ramanta kulup/ rahadyan tan bisa ngucap/ èsmu nangis kang ibu welas ningali/ mring putra ngemu waspa//

Dyah Rubiah segera menghampiri/ segera merangkul putranya/ Dyah Rubiah juga menangis/ pelan perkataannya/ Jayadiluwih anakku/ apa kamu dimarahi/ oleh ayahmu nak/ sang raden tidak bisa bicara/ ibunya menangis kasihan melihatnya/ pada putranya yang menangis//

8. Enengena kang lagya prihatin/ sang dyah ayu kalawan kang putra/ wonten winursita manèh/ Ki Sécawigunéku/ duk tataken mring radèn pekik/ manahnya èsmu maras/ panggraitanipun/ Rahadyan Jayakusuma/ pasthi matur maring kang rama ayekti/ Kyai Sèh Ngabdulsalam//

Diamkanlah yang sedang prihatin/ yaitu ibu dan putranya/ diceritakan lagi/ Ki Secawiguna/ ketika disanggah oleh raden bagus/ hatinya kelihatan takut/ pikirannya/ Raden Jayakusuma/ berkata pada ayahnya/ Seh Abdulsalam//

9. Duk ing kuna putra Tepaswangi/ amruwita maring Kabuwanan/ wus lami nggonira ngèngèr/ mrih paréntahing guru/ tigang warsa dèrèng kaèksi/ wangsul mring Kabuwanan/ dhinawuhan sampun/ déné ta kurang sawarsa/ radèn putra anyamur dadi niyagi/ aran Sécawiguna//

Dulu kala putra Tepaswangi/ diceritakan datang ke Kabuwanan/ sudah lama dia berguru/ terhadap perintah guru/ tiga tahun belum kelihatan/ pulang ke Kabuwanan/ sudah diperintahkan/ kurang setahun/ untuk menyamar menjadi niyaga/ bernama Secawiguna//

10. Duk samana rahadyan wus kamil/ anuwuni panunggaling kiwa/ sampurna barang pamrihé/ rahadyan nulya mantuk/ marang Tepas lagya sawengi/ osiking tyas mangkana/ adhuh ariningsun/ iya Ki Jayakusuma/ mendah apa aturé marang sang yogi/ mringsun pandung kalintang//

Ketika itu si raden sudah sempurna/ mengetahui hal-hal kiri/ sudah sempurna maksudnya/ si raden segera pulang/ ke kota Tepas dan baru semalam/ begitu gelisahnya/ adikku/ Ki Jayakusuma/ ada apa kiranya bicara pada guru/ kamu lupa padaku//

11. Radyan Tiwikrama nulya mijil/ saking dalem laju lampahira/ ing Kabuwanan njujugé/ langkung kéwran ing kalbu/ tan kawarna lampahé prapti/ sang tapa nuju lenggah/ radyan gya cumundhuk/ kagyat sang tapa ngandika/ èh ta kulup apa ta padha basuki/ radyan matur wotsekar//

Raden Tiwikrama segera keluar/ dari rumah dan jalan dengan cepat/  menuju ke Kabuwanan/ karena hatinya sedang susah/ tanpa diduga perjalanan sudah sampai/ Sang Tapa segera duduk/ si raden tiba-tiba muncul/ Sang Tapa kaget dan berkata/ kamu sekalian sudah selamat/ raden mendekat pelan//

12. Saking berkah amba anglampahi/ wirid tuan pan wonten sadaya/ tigang undhak antuk kabèh/ tanpa tuduh anjumbuh/ panunggalé kawula Gusti/ Ki Sèh Angabdulsalam/ sujud mring Hyang Agung/ sujud sukur anggénira/ wusnya sujud kang rama nulya nimbali/ mring garwa Dyah Rubiah//

Berkat melakukan semua wirid/ wiridnya sudah ada semua/ sudah dapat tiga tingkat/ tanpa petunjuk menyatu/ antara Kawula-Gusti/ Seh Abdulsalam/ sujud pada Tuhan/ setelah sujud syukur/ seh Abdulsalam memanggil/ pada istrinya dyah Rubiah//

13. Tan adangu Dyah Rubiah prapti/ radèn putra sigra ngaraspada/ sang dyah waspada tingalé/ yèn ingkang putra rawuh/ gya rinangkul waspadres mijil/ seret dènya ngandika/ adhuh anak ingsun/ tigang warsa tan katingal/ arinira iya Ki Jayadiluwih/ mengko lagi kadukan//

Tak berapa lama Dyah Rubiah datang/ putra-putranya segera datang/ sang Dyah melihat waspada/ jika putranya datang/ segera dirangkul sambil mengeluarkan air mata/ agak berat berkata/ aduh anakku/ tiga tahun tidak kelihatan/ adiknya Ki Jayadiluwih/  marahnya nanti lagi//

14. Radèn Tiwikrama matur aris/ inggih ibu punapa wadinya/ rama asanget dukané/ sang dyah alon amuwus/ tilikana rénira kaki/ radèn pamit ing rama/ unining kang ibu/ Radèn Tiwikrama prapta/ panggonanè kang rayi anuju linggih/ sarwi angemu waspa//

Raden Tiwikrama berkata lembut/ duh ibu ada rahasia apa/ ayah sangat marah/ ibunya berkata pelan/ lihat sebutannya nak/ raden pamit ke ayahnya/ ucapannya ibu/ Raden Tiwikrama datang/ ketempat adiknya duduk/ sambil menangis//

15. Sareng prapta kang rayi ngabekti/ ingkang raka aris angandika/ adhimas apa karané/ sira dinukan iku/ marang rama radèn turnya ris/ purwa tekèng wekasan/ solahé tinutur/ kang raka mèsem ngandika/ ayo yayi séba mring rama sang yogi/ rama tyasé wus lejar//

Setelah datang adiknya menghormat/ kakaknya pelan berkata/ ada apa adikku/ kamu dimarahi itu/ oleh ayah raden bicaranya lembut/ dulu datang kemudian/ kelakuannya yang dibicarakan/ kakaknya senyum berkata/ adikku mari kita menghadap pada ayah/ sebab hatinya sudah kendur//

16. Gya lumampah wau putra kalih/ praptèng kang rama ngandika/ kulup arinira kuwé/ lagi takon maringsun/ malem Soma arènirèki/ mbeksa wismaning wadya/ jinawab abubul/ wangsalan marang niyaga/ sun takoni lali kabèh tan ngémuti/ dadya malebeng wisma//

Segera berjalan kedua putra tadi/ menghadap ayahnya berkata/ kamu yang paling muda/ sedang bertanya padaku/ malam rabu  kamu menari dirumahnya prajurit/ dijawab dengan cepat/ pertanyaan dari niyaga/ saya tanya semua lupa tidak ada yang ingat/ pada masuk rumah//

17. Putra tepas gumujeng abekti/ inggih kula rama kang anjawab/ putra kalangkung pandungé/ kula rama manekung/ apan nyamur dadi niyagi/ aran Sécawiguna/ sang  tapa gumuyu/ kaki teka lali sira/ ing sipaté rakanta ing Tepaswangi/ putra maligé nembah//

Putra Tepas tertawa menyembah/ betul saya yang menjawab ayah/ sang putra lebih lupa/ saya bersemedi ayah/ lalu menyamar sebagai niyaga/ bernama Secawiguna/ sang pertapa tertawa/ kamu datang lupa kamu/ pada sifat adikmu di Tepaswangi/ tempat putra menghormat//

18. Duk nalika kula dèn takeni/ jalma sepuh cemeng warnanira/ sang tapa lon ngandikané/ Tiwikrama nak ingsun/ teka bisa amalih warni/ radèn putra manembah/ kawula manekung/ anéng ardi Sélajana/ pinaringan kulambi marang dhedhemit/ aran Ki Pudhakcengkar//

Ketika saya ditanya/ orang tua warna kulitnya hitam/ si pertapa pelan bicaranya/ tiwikrama anakku/ sampai bisa berubah rupa/ raden putra menyembah/ saya bersemedi/ di Gunung Selajana/ diberi baju oleh dhemit/ bernama ki Pudhakcengkar//

19. Yèn rinasuk kang ponang kulambi/ kuwasané bisa malih warna/ tuwa anom tuwin raré/ sang tapa mèsem muwus/ éh jajalen ponang kulambi/ radèn matur sandika/ klambi gya rinasuk/ dadi raré sanalika/ sampun dangu kang baju rinasuk malih/ salin warna wong tuwa//

Jika dipakai yang baju ponang/ kekuasaannya bisa berganti rupa/ tua muda serta anak-anak/ sang pertapa tersenyum berkata/ eh cobalah baju ponang/ raden berkata bersedia/ baju segera dipakai/ seketika jadi anak-anak/ sudah lama baju dipakai lagi/ ganti rupa menjadi tua//

20. Dyah Rubiah bungahé tan sipi/ uning putra bisa malih warna/ radèn ingaras embuné/ dhuh kaki anak ingsun/ bisa temen amalih warni/ ki Sèh alon ngandika/ apa ta sirèku/ wus pinarah kasampurnan/ déné sira iku dènwèhi kulambi/ mring dhemit Pudhakcengkar//

Dyah Rubiah sangat senang/ melihat putranya bisa berganti rupa/ raden mencium ujung kepalanya/ oh anakku/ sungguh dapat berganti rupa/ Ki Seh pelan berkata/ apa kamu itu/ sudah dipisah kesempurnaan/ adapun kamu itu diberi baju/ oleh dhemit Pudhakcengkar//

21. Lah ta mara tegesé dèn aglis/ aja tanggung dènya apil Kur’an/ pasthi yèn béda nyatané/ pinter Kur’an rumuhun/ tamat Kur’an kang kaping kalih/ katam Kur’an ping tiga/ ping sakawanipun/ puniku wong apil Kur’an/ tutugena kang putra matur kaswasih/ kamandran garjiténg tyas//

Nah datang artinya disegerakan/ jangan tanggung olehmu hapal Quran/ pasti kalau jelas bedanya/ dahulu hapal Quran/ yang kedua tamat Quran/ selesai Quran yang ketiga/ keempatnya/ itu orang yang hapal Quran/ lanjutkan sang putra berkata dengan asih/  berkelana dengan  perasaan senang//

22. Tyasnya nggambar panunggaling dhiri/ kawoworan kasrayèng purba/ jiwa kawor lan uripé/ urip kasor sadarum/ ruming pana pananing ragi/ yèn pratigyèng ing manah/ tan ana kadulu/ andulu loroning tunggal/ kabèh kaswarakaken srah permanadi/ terang sampurnéng raga//

Hatinya menggabarkan menyatunya diri/ kecampuran pertolongan dulu/ bercampur jiwa dan hidupnya/ hidup kalah semua/ semua hilang hilangnya badan/ jika berjanji dalam hati/ tak ada yang melihat/ melihat keduanya dalam kesatuan/ semua mengucapkan penyerahan pada penerang/ jelas sempurnanya raga//

23. Tanpa ngrasa kawileting ati/ tindakna kawisraya ing purba/ sirna tan ana tabeté/ ingkang tindak tumanduk/ mring alamé laut kaéksi/ rahadyan nggarjitèng tyas/ énget dénya nekung/ miyarsa sabdaning karang/ énget kabèh kalanya néng alam sahir/ ya kawijilanira// 

Tanpa merasa berbelitnya hati/ lakukan pertolongan di awal/ hilang tak ada bekasnya/ yang tingkah lakunya/ terlihat pada alam malaut/ raden sangat senang hatinya/ mengingat ketika bersemedi/ melihat sabdanya karang/ ingat semua ketika di alam sahir/ ya terlahirlah kamu// 

PUPUH XVIII
M  I  J  I  L

1. Iku jatining wong salat kaji/ madyaning patemon/ ngalam laut puniku arané/ tanpa urip lawan tanpa ngelih/ lan ora prihatin/ mung rahmat kadulu//

Itu sesungguhnya orang salat haji/ ditengahnya pertemuan/ sebutannya itu alam lahut/ tanpa hidup serta tanpa lapar/ dan tidak prihatin/ hanya rahmat terlihat/

2. Miwah nikmat lawan suka singgih/ iku kang katonton/ Radèn Tiwikrama lon aturé/ ngalam sapta kula dèrèng uning/ ki sèh ngandika ris/ sun jarwani kulup//

Serta sungguh nikmat dan senang/ itu yang terlihat/ raden Tiwikrama pelan bicaranya/ alam tujuh saya belum tahu/ Ki Seh berkata lembut/ saya jelaskan nak//

3. Ngalam jabarul ingkang kariyin/ tegesé katonton/ amisésa sapolah tingkahé/ sejatiné dhadhanira kaki/ rahina lan wengi/ kang swara kumruwuk//

Alam jabarul yang pertama/ maksudnya jelas/ menguasai segala tingkah lakunya/ sesungguhnya dadamu/ siang dan malam/ yang bersuara gaduh//

4. Kawisésa ingkang among ragi/ mila nora pedhot/ jroning dhadha iku luwih ramé/ cipta ala lawan cipta becik/ iku kang murbèni/ mring kang among tuwuh//

Berkuasa yang mengasuh raga/ maka tidak putus/ dalam dada itu lebih ramai/ keinginan buruk dan baik/ itu yang memerintah/ pada yang mengasuh keturunan//

5. Krenteg-krenteg sarenteg kinardi/ ngunandikaning wong/ sinèlèhken mring uripé dhéwé/ sik ing karya wisayaning galih/ kang ala kang becik/ pinarcayèng kayun//

Perasaan-perasaan serasa dibuat/ ceritanya orang/ diletakkan pada hidupnya sendiri/ geraknya usaha keinginannya hati/ yang buruk dan baik/ dipercayakan pada tujuan//

6. Ngalam nasot ingkang kaping kalih/ sira dèn mangertos/ ngalam manungsa iku kang duwé/ panggonané jati manungseki/ saben dina keksi/ isiné kaslamur//

Alam nasut yang kedua/ kamu harap dimengerti/ alam manusia yang punya itu/ tempat sebenarnya manusia itu/ tiap hari kelihatan/ isinya tersembunyi//

7. Kabur-kabur tan wruh tan ngémuti/ pilih ingkang anon/ jatining manungsa lanang nggoné/ apadéné jatining pawestri/ iku wus sumandhing/ kalangan wor sambu//

Kabur tak tahu dan ingat/ pilihlah yang mengetahui/ sesungguhnya laki-laki tempatnya/ seperti halnya perempuan/ itu sudah bersanding/ lingkungan bercampur tersamar//

8. Iku jatiné jalu lan éstri/ yèn sira nora wroh/ ngurnyengguta suket lan godhongé/ sira iku lawan kebo sapi/ mung kacèké ugi/ ana buntutipun//

Itu sesungguhnya pria dan wanita/ jika kamu tidak tahu/ makanlah rumput dan daunnya/ kamu itu serta kerbau sapi/ hanya bedanya juga/ ada ekornya//

9. Ngalam malakud ingkang kaping tri/ ngalamé karaton/ luwih éwuh iku wicarané/ kaping paté iku ngalam kabir/ ngalam dunya kaki/ kaping limanipun//

Alam malakut yang ketiga/ alamnya istana/ lebih susah itu ceritanya/ keempat itu alam kabir/ alam dunia nak/ kelimanya//

10. Ngalam sahir wastané puniki/ enggoné yèn layon/ darul karim puniku arané/ panggonané bésuk yèn ngemasi/ ping nem sun jarwani/ kang ngalam malaut//

Alam sahir sebutannya itu/ tempatnya kalau mati/ sebutannya darul karam/ tempatnya besok kalau mati/ keenam saya jelaskan/ yaitu alam malaut//

11. Ngalamé pana kang wus kawilis/ kasapta kinaot/ ngalam kamil puniku arané/ éwuh temen nggon ingsun anggupit/ wus menenga kaki/ radèn matur nuwun//

Alamnya akhir yang sudah terhitung/ ketujuh sudah utama/ alam kamil itu sebutannya/ susah benar ketika saya menggubah/ sudah diamlah nak/ raden berterima kasih//

12. Wekas ingsun marang sira kaki/ poma tan mangertos/ aywa pangling marang permanané/ kang permana uwis martandhani/ sumrambah mring ragi/ liring permanéku//

Pesan saya pada kamu nak/ seandainya tidak tahu/ jangan lupa pada yang Maha Melihat/ yang maha melihat sudah memberi tanda/ menjalar pada tubuh/ maksudnya permana itu//

13. Upamané wong olahing dhiri/ dèn kadi anglamong/ ing wanodya kang éndah warnané/ bratanira iku aywa lali/ surub ngisa keksi/ yèn ngisa kadulu//

Seumpama orang yang belajar/ biar seperti berkhayal/ pada wanita yang berwajah cantik/  bertapa itu jangan lupa/ malam isya kelihatan/ jika isya terlihat//

14. Sreping jalma saya anglebati/ tengah dalu katon/ byar rahina iku saya ngèglèh/ pukul sapta pan wuwuh wiyadi/ lingsir wétan keksi/ bukti milu muluk//

Sejuknya manusia tambah dalam/ tengah malam kelihatan/ terang siang hari itu tambah jelas/ jam tujuh akan bertambah sedih/ condongnya timur kelihatan/ ikut merasakan tinggi//

15. Lingsir kulon pan ora gumingsir/ sang dyah saya katon/ pukul catur linuntur kupingé/ sreping arga tembungé mlas asih/ suwara rum manis/ pangandikanipun//

Condongnya barat tidak akan bergeser/ sang putri tambah kelihatan/ jam empat lunturkan telinganya/ sejuknya gunung ucapannya penuh belas kasih/ suara harum manis/ perkataannya//

16. Dadi impèn yèn turu lan bukti/ wèh gantèn maring wong/ sira yèn wus mangkono ta anggèr/ raganira aran jisim lantip/ putra Tepaswangi/ nembah sarwi dheku//

Jadi mimpi jika tidur dan makan/ mendapat sirih pada orang/ jika kamu sudah begitu nak/ badanmu dinamakan jasad cerdas/ putra Tepaswangi/ menyembah serta duduk//

17. Aranira Ki Jayadiluwih/ iku tas tatakon/ kèhing wangsal kang tinakokaké/ ingkang tumrap sasindhèning ringgit/ aturna mring mami/ wangsalan kawuwus//

Namanya Ki Jayadiluwih/ itu baru bertanya/ banyak pertanyaan yang ditanyakan/ yang menjadi keharusan sinden wayang/ serahkan pada badan/ pertanyaannya diucapkan//

18. Sun tan bisa wangsalaning ringgit/ sira kang wus weroh/ aturena lan tulisen baé/ radèn Tiwikrama matur bekti/ sandika nglampahi/ riseksana mundhut//

Saya tidak bisa pertanyaan tentang wayang/ kamu yang sudah tahu/ serahkan dan ditulis saja/ raden Tiwikrama menghaturkan sembah/ sanggup menjalankan/ segera mengambil//

19. Kertas sakebèt sigra dèn tulis/ wasis sastra kaot/ kang kinteki kaya muni dhéwé/ ingaturken mring rama sang yogi/ wusnya dèntampani/ sang tapa gumuyu//

Kertas selembar segera ditulis/ pandai sastra utama/ suratnya seperti bunyi sendiri/ diserahkan pada ayah sang guru/ sudah diterima/ sang pertapa tertawa//

20. Gya binuka sinuksmeng ing galih/ sadaya katongton/ tan kéwuhan tyas sira kang jengglèh/ pinardi kapurwa madya angsil/ duksina kawilis/ kawileting kalbu//

Segera terbuka di jiwanya hati/ semua terlihat/ tak ada kesukaran hati saya yang bangkit/ di didik pada awal tengah mendapat/ selatar masuk hitungan/ terbujuknya hati//

21. Kalbu lajer wus datanpa ungsil/ ungsilé tan kewoh/ mundhak wuwuh narawang dalané/ nalar mekar tan kéwraning kapti/ tingal waspadaning/ sri nata lumintu//

Asal mula hati sudah minta diterima dengan sangat/ permintaannya tidak susah/ niscaya menambah jelas jalannya/ pikiran terbuka tidak sukar pada kehendak/ tampak kewaspadaannya/ raja yang mulia tiada berhenti//

PUPUH XIX
S  I  N  O  M

1. Sira Ki Sèh Ngabdulsalam/ nabda mring putra maligi/ éh yayi Jayakusuma/ sira dèn nggarjitèng galih/ iki wangsalan ringgit/ wewangsulan jalakamus/ palwa kèrem ing toya/ énak mundur ingsun kaki/ anglabuhi rasané wong nora trésna//

Dia Seh Abdulsalam/ berkata pada putra semata/ eh yayi Jayakusuma/ kamu yang bersenang hati/ ini pertanyaan wayang/ jawaban jala kamus/ perahu tenggelam dalam air/ enak saya mundur/ berkorban rasanya orang tidak senang//

2. Tegesé iku manungsa/ salawasé sira urip/ yèn wus wruh urip kang nyata/ sayekti kèleming warih/ yekti dipununduri/ mring uripira kang tuhu/ yèn sira wus tinilar/ marang sang pramanajati/ pasthi iku patiné dadi prayangan//

Artinya itu manusia/ selamanya kamu hidup/ jika sudah tahu hidup yang nyata/ sesungguhnya tenggelamnya air/ sungguh dijauhi/ terhadap hidupmu yang nyata/ jika kamu sudah ditinggal/ oleh sang jiwa/ pasti itu matinya jadi mahluk halus//

3. Galepung pilis wadana/ sesulung kang medal énjing/ setaun mangsa lipura/ yèn durung kaloroning sih/ Kitab Torèt kang muni/ kelayan taji japapun/ bil agmihi damiha/ malah-malah sira kaki/ dipunamor getih kèhing dagingira//

Tepung pelipis muka/ seperti laron yang keluar pagi/ setahun musim terhibur/ jika belum kena sakit cinta/ kitab Taurat yang bersuara/ dengan mantranya taji/ bil aghmihi damiha/ serta merta kamu nak/ dicampur darah banyaknya dagingmu//

4. Lamun kalimah tayibah/ yèn sira wus amor kaki/ lawan malaékat toya/ raming ngaji ilahi/ malah-malah Hyang Widhi/ ngatoken marang siréku/ éndah-éndahing Allah/ ana wewangsalan malih/ lintang loro layangané Bimasetya//

Jika kalimat toyibah/ jika kamu sudah bercampur nak/ dengan malaekat air/ banyak-banyak membaca kalimat Allah/ serta merta Hyang Widhi/ menampakkan pada kamu itu/ seindah-indahnya Allah/ ada pertanyaan lagi/ dua bintang layang-layangnya Bimasakti//

5. Angarjuna wewayangan/ darmawangsa sun tuturi/ tegesipun lintang kadya/ yekti papaesan kalih/ iku wayangan jati/ kang darbé wayangan iku/ sayekti dutaning Hyang/ adarbé wayangan kalih/ darmawangsa sejatiné jasadira//

Wayangnya Arjuna/ keturunan utama saya ceritakan/ artinya bintang seperti/ dua percermian/ itu inti wayang/ yang punya wayang itu/ sesungguhnya utusan Tuhan/ punya wayang dua/ darmawangsa sebenarnya badanmu//

6. Ana déné menur tumpang/ melathi kudhupé kalih/ yekti kalap karo pisan/ kang raka tuwin kang rayi/ martabat ingkang asil/ sayekti tumpang satuhu/ déning Ki wakidiyat/ purwanya kudhupé kalih/ kalap kabèh Bandarullah Darulikram//

Adapun menur susun/ melati kuntumnya dua/ sungguh diambil manfaatnya sekali/ yang kakak serta adiknya/ martabat yang menghasilkan/ sungguh  menumpuk sesungguhnya/ oleh Ki wakidiyat/ asalnya kuntumnya dua/ diambil manfaat bandarullah darulikram//

7. Bathuk renik sun wicara/ selobog ilang poléki/ sun ngèngrèngé wong punika/ Baléwisma dimen lali/ selobog iku kaki/ dhuwit papat putihipun/ loro abangé dhudha/ putihing jet lan ulapi/ ingkang abang tembaganipun binuwang//

Batuk dahak saya bicara/ selobog hilang polanya/ saya rencanakan orang itu/ rumah biarlah lupa/ selobog itu nak/ uang empat putihnya/ dua merahnya duda/ putihnya goyang dan terhapus/ yang merah tembaganya dibuang//

8. Yekti ilang ingkang pola/ tegesé uripiréki/ ing purwanya wus katingal/ mung kanyataan kaèksi/ endi angsalmu dhingin/ sayekti pilih kang weruh/ yèn ora gurunira/ atakon angsalmu dhingin/ pasthi bubrah tan bisa mulih mring wisma//

Sungguh hilang polanya/ maksudnya hidup ini/ pada awalnya sudah kelihatan/ hanya kenyataan kelihatan/ di mana asal permulaanmu/ sesungguhnya pilih yang tahu/ jika tidak gurumu/ bertanya asal muasalmu/ pasti berantakan tidak bisa pulang ke rumah//

9. Wangsalané Kajar wisma/ kembang gèsèh ingkang warni/ kumpulna manawa ana/ déwa sulaya ing kapti/ kembang gèsèh kang warni/ cahya abang ijo biru/ wungu ireng myang pethak/ iku sulaya kang warni/ yèn wus kamil ingaran bé rububiyah//

Pertanyaannya rumah hajar/ bunga berlainan warnanya/ cahaya merah hijau biru/ ungu hitam serta putih/ itu berbeda warnanya/ jika sudah sempurna dinamakan be rububiyah//

10. Puspa lulut denwicara/ gunung malang ingulari/ suwalané padha lokna/ katanggor jaroté sami/ gunung malang ngulari/ paséban kalih puniku/ susu tengen lan kiwa/ puniku isiné sami/ mutmainah kalawan mungsuhé tiga//

Bunga selaras dibicarakan/ gunung melintang melingkari/ merontanya sama-sama dilihat/ terantuk akarnya sama/ gunung melintang melingkari/ dua balai itu/ payudara kanan dan kiri/ itu isinya sama/ mutmainah serta lawannya tiga//

11. Sami kaidan sadaya/ kang telu lawan kang siji/ mila sring daya dinaya/ tan pegat rahina wengi/ tegesé mila wardi/ kaguna bujangga luhung/ tegesé wardinila/ kang jejuluk Adam Jarwis/ bujanggané Wisnu lawan Kamajaya//

Sama gila semua/ yang tiga serta yang satu/ maka sering adu kekuatan/ tidak putus siang malam/ artinya maka makna/ berguna sastrawan mulia/ artinya makna nila/ yang bernama Adam Jarnis/ sastrawannya Wisnu dan Kamajaya//

12. Jatiné kang ran Kusuma/ sayekti Ratu Cemani/ wewangsalan Janurwédha/ cundhuké maling asekti/ dudu maling dudu sekti/ wong sanga mulih kabanjur/ yektiné karahinan/ tegesé kang maling sekti/ ki luamah amarah lawan supiyah//

Sesungguhnya yang bernama Kusuma/ sesungguhnya raja hitam/ pertanyaan ilmu janur/ bertemunya pencuri sakti/ bukan pencuri sakti/ sembilan orang terlanjur pulang/ sesungguhnya kesiangan/ artinya yang pencuri sakti/ ki luamah amarah dan supiyah//

13. Telu pisan iku padha/ kabèh pakoning Hyang Widhi/ wewangsalan si Sumbadra/ awar-awar wara èksi/ yèn weruha kang jati/ tan éman sariranipun/ tegesé si Sumbadra/ bangsa singsing ala yayi/ badra surya dadi takbiratulikram//

Tiga sekalian itu sama/ semua perintahnya  Hyang widhi/ pertanyaan Sumbadra/ pohon awar-awar cantik dimata/ jika tahu yang sesungguhnya/ tidak sayang badannya/ artinya si Sumbadra/ sebangsa macam-macam jelek/ badra itu matahari jadi takbiratulikram//

14. Dadi kéblating asalat/ yèn sira tan wruh ing wangsit/ ing manahira kangélan/ siyang dalu olah warih/ yèn ngéman sariréki/ takokna pandhita agung/ supayane olèha/ ngabdi salawasé urip/ pasrahena wau jiwa raganira//

Jadi kiblatnya salat/ jika kamu tidak tahu ilhamnya/ di hatimu kesulitan/ siang malam mengolah petunjuk/ jika sayang badan ini/ tanyalah pendeta agung/ supaya mendapatlah/ mengabdi selama hidup/ pasrahkan raga tadi//

15. Ana déné kajang tawang/ barat gung rajeng sing kaling/ tuhu wingit wisalanya/ wong agung jayèng aseti/ barat gung jatinéki/ napas patang prakarèku/ iku rajeng sekala/ mardikéngrat kang wewangi/ iya iku embanan Bathara Rama//

Adapun alasnya langit/ angin besar yang mengelilingi raja/ sungguh wingit luasnya/ orang besar tentu menang/ angin besar sesungguhnya/ ini nafas empat perkara/ raja waktu itu/ yang menguasai dunia yang mewangi/ yaitu wakil Batara Rama//

16. Mila muni kajang tawang/ iku napas sira kaki/ lejaré bumi kasapta/ wuwuné luhuring langit/ lah iya sun jarwani/ tegesé Wibisanéku/ napas kang metu lésan/ ana wewangsalan malih/ panjang kidung tumenggung mancanagara//

Maka bunyi kajang langit/ itu nafasmu nak/ terbukanya bumi ketujuh/ sesungguhnya kebesaran langit/ maka saya jelaskan/ artinya Wibisana ini/ nafas yang keluar lewat ucapan/ ada pertanyaan lagi/ panjang kidung tumenggung negara luar//

17. Suwalané béda-béda/ wong asih nora ginalih/ tegesipun kidung panjang/ tumenggung sèwu nagari/ wong kang micara ngélmi/ ingkang tabéri anembung/ mring rasa kathah-kathah/ yèn sira nora nglakoni/ iya marang pamejangé gurunira//

Pertanyaannya beda-beda/ orang baik tidak dipikirkan/ arti kidung panjang/ tumenggung seribu negara/ orang yang berbicara keilmuan/ rajin berbicara/ mengenai rasa/ jika kamu tidak melakukan/ apa yang menjadi ajaran gurumu//

18. Yekti dipun béda-béda/ kaot karep lawan bangit/ iku sira terangana/ pamejangé sang ayogi/ yèn sira sampun karip/ marang Pangéran kang agung/ yekti kerep sinala/ bédané kang maksih banget/ angandika Pangéran kang maha mulya//

Sungguh di bedakan/ terutama karip dan bangit/ kamu terangkan/ ajarang Sang guru/ jika sudah karip/ pada Tuhan Yang Maha Besar/ sungguh sering keliru/ beda yang masih banget/ Tuhan bersabda//

19. Lapal wa man jadal ngélma/ wa lam yakul yahya idi/ sing sapa wuwuh ngélmunya/ tan wuwuh ing tapaneki/ anggité pramusanip/ wahu wayakripallahu/ yekti tan pinarekan/ kitab bahwidan kang lapil/ malah-malah adoh lawan kang amurba//

Kalimat wa man ya’mal ilma/ wa lam yaqul yahya idzi/ barang siapa bertambah ilmunya/ tidak bertambah juga tapanya/ gubahan Pramusanip/ wahu wayahrifallahu/ sungguh tidak didekatkan/ dalam kalimat Kitab Bahwidan/ justru jauh pada Tuhan//

20. Wonten malih wewangsalan/ wangsalané laburjini/ kendhal toya wali branta/ sayektiné wani mati/ nora kétang wak mami/ kinarya lésan satuhu/ tegesé wong pruwita/ anggeguru dipunyekti/ dèn-tumemen anglakoni ing paréntah//

Ada pertanyaan lagi/ pertanyaan laburjinii/ air pohon kendal wali asmara/ sesungguhnya berani mati/ paling tidak saya/ diberkahi kebenaran ucapan/ arti orang berguru/ berguru dengan sungguh-sungguh/  agar serius melaksanakan perintah//

21. Rahadyan wus linggar ing tyas/ nrawang tan kéwran ningali/ tingal sirawèng wardaya/ pratignyeng murwèng kaswarih/ sah kawileting kapti/ tindak andaka tumanduk/ duk kang rama ngandika/ ngunandika anampani/ sabdanira sang tapa lir madumangsa//

Hati Raden sudah terbuka/ menerawang mudah melihat/ melihat suara dalam hati/ permulaan pada yang baik/ selalu terbawa oleh kehendak/ bertingkah laku/ saat sang ayah berbicara/ berkata menerima/ perkataan sang tapa seperti madu mangsa//

PUPUH XX
DHANDHANGGULA

1. Radèn putra nggarjita ing galih/ wignya milih-milih ing tyas lejar/ lejaring wangsal wiyosé/ wiyos kamuksan iku/ kuning kisma sura ginupit/ kawiting tyas sumrambah/ kambuh kabarubuh/ dadya wimbuh nala mekar/ karsa krasa kapercaya ciptèng galih/ lilih lantip katampan//

Raden putra senang dalam hati/ pandai memilih hati yang tenang/ keluarnya pertanyaan/ keluar kemusnahan/ tanah kuning dewa tersembunyi/ asal mula hati menjalar/ jadilah bertambah serta berkembang/ keinginan terasa terpercaya tercipta di hati/ mengendap kecerdasan//

2. Wus katampan kang rama sabdaning/ nanging tingal karacut sadaya/ tan kawawang kamuksané/ nengena tan winuwus/ ingkang lagya sujarwèng siwi/ genti kang winursita/ putranya sang wiku/ prajanéng Garbawasita/ langkung wasis Jawa Arab pan undhaki/ remen langkung utama//

Perkataan sang ayah sudah diterima/ tapi melihat terurai semua/ tidak terlihat hilangnya/ tenangkanlah tanpa bicara/ yang sedang menerangkan pada anaknya/ ganti yang dibicarakan/ putra sang guru/ kerajaan di Garbawasita/ pintar terutama ilmu Jawa dan Arab/ senang lebih utama//

3. Remenané wau radyan pekik/ kang kitab mupibsibabul iman/ mantek lawan juwahiré/ myang tapsir bakrulaut/ munabihat lan kitab bahur/ tuwimakyatum akram/ tan kéwran ing kayun/ kayungyung agyan sabilah/ radèn putra tatak limpat wignya trampil/ mumpuni ing aguna//

kesenangan Raden Bagus/ pada kitab Mufibsibabul iman/ membaca juwahir/ serta tafsir Bakrulaut/ munabihat dan kitab bahur/ tuwimakyatum akram/ mudah mengerti/ tertarik pada kehendak Tuhan/ Raden putra sangat pandai/ ahli dalam menggunakan//

4. Kèhing guna kulina kawilis/ myang curiga tan ana kawangwang/ saking landhepé galihé/ radèn wewanginipun/ apeparab langkung prayogi/ aran Adikusuma/ bagus tyasnya alus/ cahya semu jo sumrambah/ kedhèp liyep pamulu meles amanis/ pantes branta Hyang Suksma//

Banyak kegunaan tak bisa terhitung/ serta keris tidak kelihatan/ begitu tajam hatinya/ nama raden sampai terkenal/ namanya begitu baik/ bernama Adikusuma/ yang tampan berhati lembut/ wajahnya berwarna kehijauan terang/ mata agak bundar dan hitam manis/ pantas disukai oleh Hyang Suksma//

5. Duk samana kapiting panggalih/ amiling ing surasané kitab/ nggoning sastra trisulahé/ radèn kéwran ing kayun/ wus sadalu tan angsal guling/ osiking tyas mangkana/ paran tegesipun/ lungguhé tri dasa sastra/ lamun ora séba marang rama sang yogi/ tan kena pinandika//

Suatu hari sedang bersedih hati/ teringat pada isi kitab/ tempat ajaran tiga senjata/ Raden susah hati/ semalaman tidak bisa tidur/ hati yang gelisah/ apa maksudnya/ maksud tiga belas ajaran/ karena tidak menghadap kepada Ayah sang guru/ susah dinasehati//

6. Déné amuni kitab tajuwid/ éwuh temen nggon ingsun micara/ rahadyan nulya lumèngsèr/ sabda mring ramanipun/ kunèng gantya ingkang lumaris/ Radèn Pulanggupita/ putra Purwacatur/ semana lagya pinarak/ pan kasaru praptané kang para ari/ anulya ingacaran//

Adapun bunyi Kitab Tajwid/ susah sekali saya bicara/ Raden segera turun/  bicara pada ayahnya/ lalu berganti lembut/ Raden Pulanggupita/ putra Dari Purwacatur/ saat itu sedang duduk/ tiba-tiba datang adik-adiknya/ segera berkumpul//

7. Wusnya tata dènira alinggih/ nabda manis Dyan Pulanggupita/ yayimas ta kadingarèn/ pinarak dalu-dalu/ baya ana karya kang gati/ pra ari matur nembah/ katri pisan matur/ nalika pra samya séba/ marang rama déné ta kirang sakedhik/ tegesé bangsa wayang//

Setelah menata cara duduk/ berkata manis Raden pulanggupita/ adikku kebetulan sekali/ datang malam-malam/ ada keperluan apa/ adik-adiknya menghormat/ ketiga adik bicara bersama/ saat kami menghadap/ ayah adapun kurang sedikit/ arti dari wayang//

8. Dèrèng jinarwa pan selak malih/ ngandika Radyan Pulanggupita/ yayi ing nusatarané/ paran karsamu kulup/ prayogané sébaa yayi/ dhingin padha dinukan/ kang manah kasusu/ matur Radèn Surènggana/ nggih prayogi aséba mring rama mangkin/ rama tyasé wus lejar//

Belum dijelaskan maksudnya ganti/ Raden Pulanggupita berkata/ adikku yang ada semua/ apa keinginanmu/ lebih baik menghadaplah adikku/ yang pertama dimarahi/ hatinya gundah/ Raden Surènggana berkata/ lebih baik nanti menghadap Ayah/ kini hatinya sudah tenang//

9. Pan wus rembag aturé pra ari/ putra catur pan wus lumaksana/ samarga nggarjitèng tyasé/ nengena kang winuwus/ putra catur ingkang lumaris/ gantya kang winursita/ ingkang lum asantun/ Rahadyan Jayakusuma/ tan kawarna ing marga dhépok wus prapti/ sang tapa nuju lenggah//

Setelah adik-adiknya selesai berembuk/ keempat orang itu berjalan/ sama-sama bergembira hati/ diamkan yang berbicara/ putra empat yang lembut/ ganti yang dibicarakan/ yang sopan/ Raden Jayakusuma/ tak berapa berapa lama sudah sampai di depan rumah/ Sang Tapa menyambut//

10. Putra kalih ingkang munggèng arsi/ pan kasaru ingkang putra prapta/ ki sèh alon ing wuwusé/ tiwikrama nak ingsun/ kakangira pan iku prapti/ radyan kalih tumedhak/ kang raka pinethuk/ Rahadyan Jatikusuma/ mangenjali sang tapa ngandika aris/ kulup sira lungguha//

Putra kedua yang punya keinginan/ sebab tiba-tiba datang putranya/ Ki Sèh pelan berkata/ anakku tiwikrama/ kakakmu itu yang datang/ kedua putra turun/ sang kakak dijemput/ Raden Jatikusuma/ menyembah Sang Tapa berkata pelan/ anakku duduklah//

11. Radèn putra gupuh angabekti/ putra kalih manembah ing raka/ wus tata palungguhané/ putra garba amuwus/ déné parengrengingsun kalih/ néng arsané sang tapa/ kang rayi umatur/ kangmasing mangké kawula/ pan pinuju anuwun jarwa sang yogi/ sakathahé wangsalan//

Raden putra segera menghormat/ kedua putra menghormat pada kakaknya/ setelah duduk/ putra Garba berkata/ adapun kebaikan kalian berdua/ dihadapan Sang Tapa/ si adik berkata/ kakakku nanti saya/ akan meminta penjelasan Sang Guru/ sebanyak pertanyaan//

12. Lon ngandika risang mahayekti/ kadingarèn radèn kapat pisan/ padhang basuki praptané/ kang putra matur nuwun/ pan kapundhi sabda sang yogi/ Ki Sèh Angabdulsalam/ pangandikanya rum/ éh kulup apa na karya/ déné gati praptanta ingsun tingali/ radèn matur wotsekar//

Pelan ucapan Sang Guru/ kebetulan sekali kalian berempat/ datang dengan selamat/ sang putra berterima kasih/ atas perkataan Sang Guru yang terhormat/ Sèh Abdulsalam/ perkataannya harum/ ada keperluan  apa kalian/ saya lihat sepertinya kedatangan kalian penting sekali/ Raden berkata pelan//

13. Mila ulun caos sang ayogi/ nyuwun jarwa sasmitaning wayang/ kados pundi ing wejangé/ ringgit satunggalipun/ kajarwakna sawiji-wiji/ ulun ayun uninga/ ing sajatinipun/ sang tapa mèsem ngandika/ lamun sira arep wruh jati ning ringgit/ kanthen tan pisah sira// 

Untuk itu saya menghadap Sang Guru/ bagaimana pelajaran/ wayang dan sebagainya/ jelaskan satu-persatu/ hamba mohon diberitahu/ sesungguhnya/ Sang Tapa tersenyum berkata/ kalau kamu ingin tahu sesungguhnya wayang itu/ teman tak bisa kamu//    

PUPUH XXI
K I N A N T H I

1. Wayang kathah warnanipun/ kumpulé naming kekalih/ ki dhalang kalawan wayang/ dhalangé amat kakiki/ wayang iku warna-warna/ keliré jasadireki//

Wayang itu banyak jenisnya/ ketika kumpul hanya dua/ yaitu dalang dan wayang/ dalangnya bernama Ahmad hakiki/ wayangnya bermacam-macam/ layar sesungguhnya jasadnya//

2. Déné baléncong kulup/ cahya insan kamil yekti/ kothaké ingkang pratéla/ ing jro iku warna-warni/ panggonané jasadira/ getih wulu kulit daging//

Sementara lampunya/ cahaya insan kamil/ kotaknya yang menerangkan/ jika di dalamnya itu beraneka macam/ tempat jasadnya/ darah bulu kulit dan daging//

3. Otot balung lawan sungsum/ kang putra umatur malih/ tegesé satunggal-tunggal/ ringgit ingkang warni-warni/ kang rama alon ngandika/ kéhing wayang sun wiwiti//

Otot tulang dan sungsum/ muridnya berkata lagi/jelaskan satu persatu/ wayang yang bermacam-macam/ sang rama pelan berkata/ banyaknya wayang saya mulai//

4. Pandhawa wiwitanipun/ lelima kathairèki/ pambarep ran Darmawangsa/ dumunung jasadirèki/ darma baé barang polah/ nglakoni préntahing batin//

Dimulai dari Pandawa/ jumlahnya lima/ paling sulung bernama Darmawangsa/ tempatnya jasad/ darma berarti kelakuan/ untuk melaksanakan perintah batin//

5. Darmawangsa sang aprabu/ darbé ari jalu pekik/ wasta Radén Bimasetya/ radèn jejuluknya kaki/ ingkang dhingin Bimasetya/ Werkudara kaping kalih//

Darmawangsa sebagai raja/ mempunyai adik/ bernama Raden Bimasetya/ julukannya Raden/ pertama Bimasetya/ kedua Werkudara//

6. Brantaséna kaping telu/ tegesé sawiji-wiji/ mulané ingaran Bima/ béné rububiyah singgih/ mimé arimi mukamat/ jroning rububiyah singgih//

Ketiga Brantasena/ saya terangkan satu-satu/ disebut Bima/ Be berarti derajat rububiyah/ mim berarti Muhammad/ letaknya di dalam derajat rububiyah//

7. Rahadyan busananipun/ polèng bang bintulu asri/ tegesé polèng bintala/ iku awasena kaki/ ingkang aran rububiyah/ kèhing cahya warni-warni//

Pakaian raden/ merah biru kotak-kotak terlihat indah/ kotak-kotak biru/ berarti amatilah/ yang bernama rububiyah/ banyak cahaya yang berwarna-warni//

8. Jroning rububiyah iku/ isi Mukamad kakiki/ mila aran Werkudara/ bangsa uwor wus ngarani/ dara dumuning lintang/ sejatiné insan kamil//

Di dalam rububiyah/ berisi Muhammad hakiki/ dinamakan Werkudara/ werku berarti bercampur/ Dara tempatnya bintang/ sesungguhnya insal kamil//

9. Pamoré kawula ratu/ yèn wus miyos insan kamil/ kitab usul kang micara/ idamungali mukamri/ tatkala sira uninga/ kaya upamané sasi//

Campurnya rakyat-raja/ jika telah lewat insan kamil/ kitab yang berbunyi Izamul alimu amri/ ketika kamu tahu/ perumpamaan seperti bulan//

10. Déné ashadu puniku/ mangka seksinira kaki/ mila aran Bratasèna/ bangsa branta dèn kédani/ marang wong kang ahli nembah/ sinung Mukamad kakiki//

Ashadu itu/ menjadi saksinya/ maka dinamakan Brantasena/ branta berarti disenangi/ oleh orang yang ahli berdoa/ anak Muhamad hakiki//

11. Rahadyan malih jejuluk/ Tandhayuda kang wewangi/ sakathahé wong kang lara/ yèn ningali Bimasekti/ yèn sira uwis waspada/ tandha yèn sira ngemasi//

Murid lainnya bernama/ Tandhayuda yang harum/ banyak orang yang sakit/ kalau melihat Bimasakti/ jika kamu waspada/ itulah tanda kamu mulia//

12. Werkudara sing abagus/ darbé ari jalu pekik/ awasta Radèn Janaka/ rahadyan kathah kang nami/ Arjuna lawan Janaka/ Jenawi lan Nirapeksi//

Werkudara mempunyai adik/ bernama raden janaka/ dia punya banyak sebutan/ Arjuna dan Janaka/ Jenawi dan Nirapeksi//

13. Tegesé Arjuna iku/ bangsa ar puniku warih/ juna kareping manungsa/ anuduhaken kang lapil/ al insanu lapalira/ siruhuwan nasirihi//

Arjuna berarti/ Ar itu air/ juna berarti keinginan manusia/ menunjukkan lapal/ al insanu/ siruhuwan nasirin//

14. Utawi manungsa iku/ kabèh duwé rasa iki/ pan rasaningsun sadaya/ Janaka dunungé singgih/ juna kareping manungsa/ katimbalaning Hyang Widhi//

Atau manusia itu/ punya rasa/ sebab rasa saya/ janaka itu tempatnya derajat/ juna itu kehendak manusia/ untuk memanggil Tuhan//

15. Karepira karepipun/ jenawi maknané sami/ pramilané sang Arjuna/ anganggo lanang sejati/ anganggo lananging jagad/ kèh wanodya dendhéwéki//

Keinginanmu keinginannya/ Jenawi maknanya juga sama/ maka sang Arjuna/ sebagai pria sejati/ sebagai satu-satunya pria sejati di dunia/ banyak wanita disendirikan//

16. Nanging wonten wadonipun/ tan kena pisah sakedhik/ kalawan Naréndra Krésna/ kang kekutha Dwarawati/ tegesé kang aran Krésna/ sayekti ratu cemani//

Tapi ada wanitanya/ tidak bisa pisah sedikitpun/ dengan Raja Kresna/ dari kota Dwarawati/ artinya yang disebut Kresna/ sesungguhnya raja hitam//

17. Ireng kulit dagingipun/ balung sungsum lawan getih/ prasamya ireng sadaya/ iku ulatana kaki/ jatiné kang aran Krésna/ kang jejuluk Adam Jarnis//

Hitam kulit dan dagingnya/ tulang sumsum dan darah/ sama-sama hitam semua/ itu lihatlah nak/ sesungguhnya yang disebut Kresna/ yang bernama Adam Jarnis//

18. Krésna embané Wisnu/ Wisnu teksih angembani/ yekti embanan Arjuna/ iku sira dèn-patitis/ sira Rahadyan Janaka/ arinya jalu kekalih//

Kresna wakilnya Wisnu/ Wisnu masih mewakilkan/ yaitu perwakilan Arjuna/ itu kamu perhatikan/ kamu raden Janaka/ adiknya kedua pria//

19. Nakula Sadéwa bagus/ kembar warnanira pekik/ bangsa Nakula Sadéwa/ dumunung paésan kalih/ sayekti nora sulaya/ sami warnanira pekik//

Sibagus Nakula Sadewa/ kembar rupanya bagus/ bangsa Nakula Sadewa/ bertempat di dua cermin/ sungguh tidak berbeda/ sama rupanya bagus//

20. Darmawangsa sang aprabu/ akrama Wara Drupadi/ tegesé Wara Drupada/ bangsa wara sasab kahi/ Drupadi idering badan/ sasabé suksmanajati//

Darmawangsa sang raja/ menikahi Wara Drupadi/ maksudnya wara Drupadi/ maksud wara itu selimut kain/ Drupadi sekelilingnya tubuh/ selimutnya jiwa sejati//

21. Nyawa sukma lawan nepsu/ iku sasabé kang jisim/ sira Radyan Werkudara/ akrama Wara Arimbi/ sang retna putraning ditya/ suprandéné den kramani//

Nyawa sukma dan nafsu/ itu selimutnya tubuh/ kamu raden Werkudara/ menikahi wara Arimbi/ sang putri anaknya raksasa/ meski begitu dinikahi//

22. Tegesé kang aran diyu/ nepsu luamah sayekti/ nepsu iku apeputra/ Malaékat Kurubini/ mila dunungé kang garwa/ sareng surupé yen lalis//

Maksud dinamakan raksasa/ sesungguhnya nafsu luamah/ nafsu itu berputra/ malaekat Kurubini/ maka tempatnya istri/ bersamaan terbenamnya kalau pergi//

23. Rahadyan Janaka wau/ adarbé garwa kekasih/ kang dhingin Wara sumbadra/ ping kalih Wara Srikandhi/ tegesé Wara Sumbadra/ bangsa wara tutup kaki//

Raden Janaka tadi/ mempunyai istri tercinta/ yang pertama wara Sumbadra/ kedua wara Srikandi/ maksudnya wara Sumbadra/ namanya wara itu penutup badan//

24. Kang bangsa badra puniku/ badra surya jatinéki/ yektiné srengéngé ika/ pangliweraning Hyang Widhi/ pratéla iku kang nyata/ sejatiné insan kamil//

Yang namanya Badra itu/ badra itu cahaya nyata ini/ matahari itu/ mata hati  Tuhan/ sesungguhnya jelas itu yang nyata/ insan kamil sesungguhnya//

25. Bangsa Srikandhi puniku/ bangsa sri iku pan kalih/ liring kandhi iku wadhah/ atiné manungsa yekti/ iku embananing suksma/ suksma embananing urip//

Namanya Srikandi itu/ namanya sri itu dua/ maksudnya kandhi itu tempat/ hatinya manusia sungguh/ itu perwakilannya jiwa/ jiwa perwakilannya hidup//

26. Yudhistira sang aprabu/ darbé putra jalu pekik/ wasta Radèn Pancawala/ panca lelima sejati/ wala iku atinira/ putrané Yudhistira ji//

Yudistira sang raja/ punya anak lelaki bagus/ bernama raden Pancawala/ panca itu kelima sejati/ wala itu hatinya/ anak Yudistira satu//

27. Rahadyan Bima sesunu/ jalu warnanira pekik/ wasta Radèn Gathutkaca/ rahadyan dipunjuluki/ kang dhingin kacanagara/ Gathutkaca kaping kalih//

Raden Bima berputra/ pria wajahnya tampan/ bernama raden Gathutkaca/ raden dijuluki/ yang pertama kacanegara/ Gathutkaca yang kedua//

29. Kacanagara dumunung/ bangsa kaca wus ngarani/ nagara ingaran jasad/ tetengeran rusaknéki/ lamun jaya yudanira/ sayekti sampun kaèksi//

Kacanegara tempatnya/ namanya kaca sudah menyebutkan/ negara dinamakan jasad/ tandanya ini rusak/ kalau menang perangnya/ sungguh sudah tahu//     

30. Gathutkaca dunungipun/ angin napas ingkang yekti/ yen sira ayun uninga/ marang sanak bareng lahir/ napas pan egeng santosa/ rina wengi dèn kapanggih//

Gathutkaca asalnya/ angin nafas yang nyata/ jika kamu hendak mengerti/ pada saudara saat lahir/ nafas karena besar sejahtera/ siang malam ditemui//

31. Rahadyan busananipun/ klambi ntakusumanéki/ bisa mabur tanpa elar/ talumpah madu kacremin/ luput sarik lawan tulah/ sajatiné Makdum Sarpin//

Raden pakaiannya/ baju antakusuma ini/ bisa terbang tanpa sayap/ madu  kesenangan/ terhindar murka tuhan/ sesungguhnya makdum sarpin// 

PUPUH XXII
P O C U N G

1. Sekar pocung mangsuli caritanipun/ sirnaning Pandhawa/ pan kabèh dèrèng ginupit/ Radèn Parta peputra Angkawijaya//

Tembang pocung menjawab ceritanya/ hilangnya Pandawa/ karena semua belum digubah/ Raden Parta berputra Angkawijaya//

2. Tegesipun Angkawijaya puniku/ angka iku akal/ wijaya menang tur becik/ pada kawan catur kathahé Pandhawa//

Maksudnya Angkawijaya itu/ Angka berarti akal/ Wijaya berarti menang serta baik/ sama dengan keempat jumlah Pandawa//

3. Ingkang sepuh Badranaya wastanipun/ badra iku surya/ naya ulat sang Hyang Rawi/ tegesipun kaki pawayanganira//

Yang tertua bernama Badranaya/ Badra itu berarti matahari/ Naya itu rupa sang Hyang Rawi/ itulah arti wayangnya//

4. Pramilané Ki Semar tangguhé éwuh/ dèn arani lanang/ rupané kaya pawèstri/ kuncung  bocah wujudé kaya wong tuwa//

Maka status Ki semar itu membuat susah/ disebut laki-laki/ mukanya seperti wanita/ kuncung seperti bocah tapi wujudnya sudah tua//

5. Sapa wongé amanggihi ipénipun/ wewanganira/ kang jejuluk Makdum Sarpin/ pasthi sinang duwé panakawan Semar//

Siapa saja yang bertemu saudaranya/ batasannya/ bernama Makdum sarpin/ pasti punya panakawan Semar//

6. Milanipun isiné wayangan iku/ pasthiné yèn béda/ pangkat-pangkat kang ndarbéni/ lamun raré rupané pan kaya bocah//

Maka isinya pewayangan itu/ pasti berbeda-beda/ derajat yang dipunyai/ kalau anak kecil wajahnya juga seperti anak kecil//

7. Yèn wong tuwa rupané kaya wong sepuh/ kang darbé wanita/ rupané kaya pawèstri/  kawijaya sinupatan déning Semar//

Jika orang tua wajahnya juga seperti orang tua/ yang punya wanita/ rupanya seperti wanita/ kemenangan pujangga disumpah oleh Semar//

8. Angidoni marang ing kekuncungipun/ nadyan kaki sira/ angidoni Makdum Sarpin/ pasthi béka ing bénjang sakaratira//

Meludah di kuncung Semar/ meskipun kamu/ hanya meludah Makdum Sarpin/ pasti mendapat kesusahan menjelang ajal//

9. Putra Semar nala Garèng ingkang sepuh/ nala atinira/ basa Garèng iku gering/ yèn wus gering wetuné gampil kewala//

Putra Semar tertua yaitu Nala Gareng/ Nala berarti hatinya/ gareng berarti kurus/ kalau sudah kurus keluarnya gampang//

10. Jebal-jebul si Kanthong Bolong kang metu/ yekti warna-warna/ lurah Bagong kang ginupit/ basa Bagong iku ngagungaken lampah//

Ternyata yang keluar si kantong sobek/ jelas bermacam-macam/ lurah Bagong yang dikarang/ namanya Bagong itu berarti membesarkan langkah//

11. Yèn wus agung lelampahanira kulup/ pasthi yèn kapanggya/ lawan panakawanéki/ nadyan aprang sayekti pilih kang nangga//

Kalau sudah besar jalannya anak/ pasti akan ketemu/ panakawannya/ meski berperang sesungguhnya pilih yang akrab dengan tetangga//

12. Radèn putra matur mring rama sang wiku/ milané Pandhawa/ amungsuh Kurawa sekti/ sirna larut kang rama alon ngandika//

Raden putra bicara pada sang pertapa/ makanya Pandawa/ melawan Kurawa yang sakti/ bisa kalah sang guru dengan pelan berkata//

13. Adhuh-adhuh juwet temen anak ingsun/ iku dènwaspada/ mengko sira sun tuturi/ Kurawéku retune ran Suyudana//

Sungguh sempit pikiranmu nak/ itu diwaspadai/ nanti kamu saya ceritakan/ raja Kurawa itu bernama Suyudana//

14. Kèh wadyané Suyudana sang aprabu/ wadya kang prawira/ kang sun tuturaken dhingin/ ragadénta nateng Karna Prabu Salya//

Banyak sekali prajurit Raja Suyudana/ prajurit yang perwira/ saya ceritakan pertama/ Prabu Salya adalah raja di Ragadenta//

15. Jayajatra lawan Bisma sang awiku/ lawan Resi Durna/ angukuhi Ngastinéki/ sun jarwani dunungé satunggal-tunggal//

Jayajatra dan Bisma Sebagai pendeta/ serta Resi Durna/ memperkuat astina/ saya terangkan artinya satu persatu//

16. Tegesipun Suyudana sukma luhur/ nagri ing Astina/ balé akir jaman yekti/ kang rinebut déning Parta lawan Bima//

Suyudana berarti jiwa luhur/ negara di Astina/ tempat akhir jaman nyata/ yang direbut oleh Parta dan Bima//

17. Sri Naréndra guru nata bala ratu/ nagri ireng jenar/ nagri abang nagri putih/ sadayéku kabawah nagri Ngastina//

Sang raja segala raja diraja/ negara hitam kuning/ negara merah negara putih/ semuanya dibawah kerajaan Astina//

18. Kutha Wangga yekti kuning kuthanipun/ ratuné ran Karna/ sayekti lawanging kuping/ Jayajatra kuthané Sindukalangan//

Kota Wangga sungguh kuning kotanya/ rajanya bernama Karna/ sebetulnya gerbangnya telinga/ Jayajatra ibukotanya Sindukalangan//

19. Tegesipun Jayajatra iku kulup/ jaya kang winenang/ Sindukalangan kang nagri/ ngubengaken napas mring badan sadaya//

Maksud Jayajatra itu nak/ Jaya itu yang berwenang/ Sindukalangan yang negara/ berarti mengatur nafas keseluruh tubuh//

20. Naténg Salya ing Mandraka prajanipun/ tegesé punika/ sukma purba dadi pikir/ ing Mandraka kang dadi pasusuhira//

Kerajaan Salya beribukota Mandraka/ maksudnya itu/ jiwa sejati yang menjadi akal/ di Mandraka menjadi sarangnya//

21. Milanipun aji Candhabirawéku/ kagunganing Salya/ tatkalanira nimbali/ Makdum Sarpin sinorog saking pangucap//

Maka ajian Candrabirawa itu/ kepunyaan Salya/ ketika memanggil/ makdum sarpin dibuka dari pengucapan//

22. Pesthi kabul wonten malih kang winuwus/ pandhita satunggal/ kang kekutha Ngatas Angin/ ajejuluk sang tapa Pandhita Durna//

Pasti terkabul ada lagi yang dibicarakan/ salah satu pendeta/ di kota Atas Angin/ bernama sang pertapa pendeta Durna//

23. Tegesipun Dhanyang Durna kang sun tutur/ nepsu mutmainah/ maras nagri Ngatas Angin/ tegesipun napas kang medal gerana//

Maksud pendeta Durna yang saya ceritakan/ nafsu mutmainah/ menempati negara Atas Angin/ artinya nafas yang keluar dari hidung//

24. Duk ing kuna sang nata kalangkung kukuh/ nagri ing Astina/ ginebag mring wong Pandhawi/ tegesipun iku kathahing sujalma//

Dulu kala sang Raja amat kuat/ kerajaan di Astina/ dipukul oleh orang Pandawa/ artinya itu banyaknya manusia//

Tamat.