SULUK PAMEJANG NGELMI


SULUK PAMEJANG NGÉLMI
Dadalan maring kajatén

Karanganipun :
MAS RONGGAWARSITA
Nalika wonten ing Ngacih

Sinangkalan

Naya Suci Pandhita Ji
1742

1e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL
STOOMDRUKKERIJ “DE BLIKSEM”
Solo  1932

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo,  22 April 2018

@@@

PUPUH I
P O C U N G

  1. [3]Kang pinucung, nenggih wasiyatting guru, marang muriddira, bismillah rahmanirrakim alkamdulillahirabil ngalamina.
  2. Wassalatu, wassalamu lajengngipun ngalasayiddina, wamullana Mukammaddin waahlihi wasubbihi ajmangina.
  3. Ammabakdu, anapon sasampunipunnipun amuji ing Allah, lan amuji ing Nabi, Rasullullah mongka sami kawruhana.
  4. Ingkang ngélmu, khakékat ingkang wus kusus sajatiné ingkang, nampurnakaken nagurip lirré iki ngélmu ingkang linarangngan.
  5. Kang sinerung, ing Nabi Wali Mukminnun nguni-uni datan – wonten kang purun nembangngi, saking sanget wadiné ngélmu punika.
  6. Awittipun nenggih tinembangngan iku, Mas Ronggawarsita, nempuh byat amedhar wadi, sarupané pamejangngé gurunira.
  7. Kang dén ebuk ing parimbon sadayéku, samya tinembangngan dinadékken suluk sami, pan kinarya pambéngkassing tyas ardaya.
  8. Nalika duk kinuncang déning Hyang Ngagung, pisah donya réncang, anéng sabrang nagri Ngacih, wong kakalih lan masyakir pamannira.
  9. Nanging nuju, sakit sanget pamannipun milanggung sungkawa, tan kena tinari-tari, rahayuné kang Paman Patih Mas Rongga.
  10. Ngabdul Gapur, ingkang miyara angukup lang[4]kung marmanira, mring Mas Rongga ngambil siwi, duk makirtya Jumungah rabingulawal.
  11. Lék ping pitu, taun Jé masa kapitu, dé sangkanira, naya suci pandhita ji (1742), nenggih antukkira nukil saking kitab.
  12. Akya ngulumudin lan saking puniku, tefsir Ibnu Ngabas ngélmu khak kang dén rasani, kang wus takhsis nenggih, masalah paéssan.
  13. Kang dén ilo, lawan kang ngilo puniku, anapon wayangngan anané kang ngilo pasthi, iya iku tannana prabédanira.
  14. Tegesipun kang ngilo iku  Hyang Ngagung, anapon semunya, kang wawayangngan sayekti, ya iku kang ingarannan dzatullah.
  15. Tegesipun aran sipattullah iku, iya sipattira, pasthiné kang dén aranni, apngallullah pan iya panggawénira.
  16. Dén tuwajuh, poma aja saksiréku, aja kumalamar, lawan aja pindha kardi, krana wong kang makrifatté wus sampurna.
  17. Lirré kang wus teka ingwahdattul wujud sakathahing asya, pan iku kukummé napi, déné khakékatté napi iku asya.
  18. Isbattipun nenggih dzattullah puniku, pasthi awakkira, nanging ta dudu siréki, ngendi ana manéh lamun dudu sira.
  19. Iya ngendi, ing ngenggonné nyatanipun marma kathah wong kang, kasamaran tan wrin jati, [5] sabab kéron akéh-akéh ing pawarta.
  20. Wowor sambu, karan sahing pangawruh, iku tan sumiyat iya ing wujud kakalih, yén misiha kakalih durung sampurna.
  21. Kawruhipun éh éh éling-éling sagung, anak muridding wang, poma aja wani-wani, angarani Allah sakathahing asya.
  22. Déné lamun dén aranni Allah iku, yén maksih umiyat iya ing wujud kakalih, mongka kupur wong iku patang madahab.
  23. Apa tan wruh, ing dalillé awakkipun yén ngaénni Allah, karana andika Nabi, Rasullullah lafallé waman ngarafa.
  24. Lan nafsahu, fakad ngarafa rabbahu, tegessé sing sapa, weruh ngawakké pribadi, mongka temen-temen wruh Pangérannira.
  25. Malihipun pangandikaning Hyang Ngagung, lafal jroning Kuran lah iki dalillé wafi anpunsikum lan aflatafa sirrunna.
  26. Tegesipun ing dalem ngawakkéréku, sadaya apata, tannana sira tingalli, satuhuné awak iku kanyatahan.
  27. Ing Hyang Ngagung, ing wajah sawiji iku, nyata klamun tunggal lawan wonten lafal malih, saking akya ngulumudin angsalira.
  28. Inallaha, tangalahu wa ghaibbun lan malih liddira, wal insannu ya ghaibbi, lirré Allah tangala iku pan sukma.
  29. Nadyan mung[6]guh, kawulané ya sukméku, lawan malih lafal wallahu batinnunnasi, lawan malih al insannu lahirrullah.
  30. Wabatinnul khakuwalatirul khakku, tegessé Hyang Sukma, batinné manungsa tuwin manungséku mapan lahirré Hyang Sukma.
  31. Batinnipun nyata nadyan lahirripun sami nyatanira, tannana bédanéréki, nora pisah ing ngantaraning panunggal.
  32. Ujar iku, poma ajana kawetu, marang wong kathah, dénna sasab dénna wingit ing pesthiné iku nasarraken uga.
  33. Jer wong iku, kadohan pangupayéku, panyanané ana, ing kana-kana Hyang Widhi, utawa nedya datannana ing kana.
  34. Miwah lamun parêk-kaparêkken iku, dén aranni ana, ing kéné Pangérannéki, kutawa[1] ing kéné dén dalih tannana.
  35. Dadi bestu, kangmangkono kawruhipun bestunipun sabab suwung ngélmuné tan dadi, pati-pati nembah amagéran sétan.
  36. Marang makdum sarap dén ucapna iku, tur masa gelemma, tur nyata tandhanéréki, wong kang durung duwé guru kang sampurna.
  37. Ngélmunipun dadi sasar kawruhipun kapir katemahan pangandikaning ngulami, ana déné anapon wong durung ingkang.
  38. Darbé guru, kang pasthi putuduhipun satuhuné sétan kang minongka gurunéki, [7]dadi anut amangéran ing agyana.
  39. Selang sambut akéh-akéh kang kang cinatur, pan pijer kalingan ing wicarané pribadi, ngalap dalil saking ngakallé piyongga[2].
  40. Ngélmu iku, poma anak muriddingsun, dénné gemi padha, simpennen sajroning ngati, aja metu yén dudu payoganira.
  41. Dénne serung, nganggo pawarah yén muwus karana ing masa, mengko akéh manungséki, kang ketungkul ing ngélmu basa suwaré.
  42. Lan ketungkul lan ujarring sastranipun ngélmu kalepasan lan katungkul aningalli, sarirané kandheg ing ngucap ucappan.
  43. Pijer ngélmu, sarak dén pindeng dén gilut nglakoni sembahyang, sujud rukuk anyinggahi, karam mekruh dén sengguh anguwissana.
  44. Nora weruh, kang mangkono sarik agung, bidngah panasarran paneluhan jail jidit déné angukuhi ujarring aksara.
  45. Tan kadyéku, kang wus anggraiténg kawruh,ing wektuning iman tokid makrifat sayekti, nora kandheg ing ngélmu ucap-ucapan.
  46. Lirring ngélmu, sarak karana katungkul kandheg ing saréngat angél tumekaning ghaib ingkang luwih bener kang kinatujonnan.
  47. Kang rahayu, mungguh marang ing Hyang Ngagung, ana déné ingkang, makrifatté sampun wasis tan ngawruhi ing su[8]warga lan naraka.
  48. Nenggih namung, ngawruhi pribadinipun sajatiné ingkang, Maha Luhur Maha Suci, nora liyan ana déné wong kang samya.
  49. Kumalungkung, iku dadi bodhonipun jer tan pawong sanak kalawan sipekhir miskin kang mangkono masa dadak ta oléha.
  50. Marga ayu, kang nalamettaken pang wruh, mungguhing makrifat marma kyéh kang bodho sami, sabab ngegungngaken ing ngélmu saréngat.
  51. Kitab Nahwu, sarap manték jidkallipun dén gunggung dén gulang, kalimput ing shéghat tertib kamajédun lan larab jédun ngamran.
  52. Larabetu, jédan jaédun kaimun lan ilrib jaédan pan iku dadi upaksi, ingsun ngalim apa ana kaya ing wang.
  53. Ingsun weruh, ing rahsané kitab agung, tuta maksih mentah, ketungkul amuruk ngaji, brahalané dadi dén géndhong dén rêmbat.
  54. Dényana wus ing mangkono baé iku, angung maca kitab tur siji durung kakapti, kang mangkono iku taklid jail pitnah.
  55. Ngélmunipun sirik dadi marganipun sasar kabalasar, yén ing ngélmu kang wus takhsis ingkang nyata ora ana tingal liyan.
  56. Dhéwékkipun iya iku dudu iku, nanging iku uga, utawi sakéhing ricik lan sakéhé ngibaratté wus kapanggya.
  57. [9]Anéng suluk, lawan anéng kitab usul kadya, kang angucap sira urip, ana dhingin ana kari ana kadim ana anyar.
  58. Ana metu, kalawan ana lumebu, ana dhéwék lawan ana kang barêng sayekti, lawan ana wiwittan ana wekassan.
  59. Kabéh iku, iya dadi pujinipun dénnira angawassaken ing Maha Sucining ngedzattullah sipat asma apngallullah.
  60. Tegessipun pan iya kang awéh iku, ing kurup paéssan mapan ing ananéréki, angegungken ing wujuddé kadim baka.
  61. Pasthi idhup langgeng datan kena lampus weruh tan winarah, nyata sadurungngé lair, kang miyarsa ing sadurungngé angucap.
  62. Iya iku, kan aran ngulumuddinnu, ngawruhi tegesnya, ing arannira pribadi, poma dipun becik panarimanira.
  63. Lawan dipun becik ing rahsanéréku, lawan ciptanira, myang ciptanira dén tunggil tunggal wujud ing wujuddé iku esa.
  64. Marmanipun ingarannan esa iku, sabab tannarima, ing wiwilangngan kakalih, upamané kadi eroh lawan jasad.
  65. Lagya durung,mati esa naminipun nyata tan narima, ing wiwilangngan duk urip masa kena sakéhing asya ingaran.
  66. Sadayéku, jumeneng lawan Allahu, dé Allah punika, jumeneng lawan pribadi, [10]iya iku ing sajatining sahadat.
  67. Lawan saja-tiné iman tokhit makruf, lan khakking skarat lawan sajatining takbir, lan khakking roh ilalafi abadan rakman.
  68. Déning mongka, kuwitting ngurip sadarum mila jinulukkan nenggih abadan rakhmanni, pan karan iku nyataning dzattullah.
  69. Edzat iku, anapon sajatinipun iya rasulullah, mapan ing wajah sawiji, poma-poma aja esah malih sira.
  70. Ujar iku, kang esak sayekti kufur, lan kapirring Allah, dn ingkang para nabi, para wali lan mukmin sadaya.
  71. Nenggih lamun anglakonni ujar iku, séngga kongsi prapta, ing surahsa kang sajati, iya kaya nora ana bédanira.
  72. Lawan rasul pan mangkono ugaiku, iya dadi nyata, tyas tetepa ingkang wus papti, ing wujuddé kawula wujudding Allah.
  73. Iya iku, manungsa kang wus anglebur, ing papan sadaya, lawan sakathahing tulis lawan ingkang anglebur urip sadaya.
  74. Éh ta sagung, gung alit nak muriddingsun padha kawruhana, kang aran Allah sayekti, iya iku kang ngucap Allahuk[3]
  75. Poma dipun pracaya ing ujar iku, aja kumalamar, poma aja mindho kardi, krana angél temen mungguhing ngagesang.
  76. Rahsa iku, kudu dén pendeng [11] dén gilut mapan ora ana, ingkang angluwuhi malih, nenggih saking ing ngélmu tuduh punika.
  77. Nanging kudu, dén wirit aja kawetu, ywa dadi rarasan karana tan angrasanni, jisim lair tan angrasanni kang rusak.
  78. Ujar iku, tannana malih lyannipun poma kukuhana, aja owah aja gingsir, aja obah aja mamang aja esak.
  79. Aja kuwur, dén genah pangrakittipun wruha ing pinongka, rahséku enggonning pati, pati iku gon mulih mring darussalam.

PUPUH II
M E G A T R U H

  1. Wonten malih wasiyatté para guru, éh sagung kang wuri-wuri, poma ajana ketungkul karan ing wong ngaurip tan wurung prapténg megatroh.
  2. Marmanipun dén tumemen ulah ngélmu, wasiyatting para wali, lan wulangnging guru-guru, dén tumancep jroning ngati, aja dén sambi guguyon.
  3. Supayané dadiya pangémut-émut pamejangngé Sunnan Giri, Kadhathon mring garwanipun dadiya tepa palupi, amrih waspadéng pasemon.
  4. Aturipun kang garwa O jeng Sinuhun amba kapéngin kapati, angsalla barkah pukulun masalahé wong ngaurip kawruh kang maring Hyang Manon.
  5. Ingkang raka aris pangandikanipun éh Nyai ngambilla aglis salembar kang dhaon lumbu, nu[12]li isénnana waruh, ing kono gonning sesemon.
  6. Iya kawruh mungguh kang maring Hyang Ngagung, saksana kang rayi ngambil dhaon wus ingisénan banyu, nulya katur marang laki, Sinuhun Giri Kadhathon.
  7. Ingkang garwa dén ajak mring gon kang samun mongka Sunnan ngandika ris Nyai sun wruh ken eiréku, rungokna sesemon iki, mangkono mungguh ing kawroh.
  8. Tingallana ing padhang-padhangnging banyu, Nyaiku ngibarat Gusti, lan obah-obah ing banyu, ngibaratting kawuléki, déné iku ingkang dhaon.
  9. Kang kinarya wawadhah ing banyu iku, iya ngibarat jasmani, kawruhana obahipun ing banyu iku obahing, kang padhang-padhang ingkono.
  10. Krana padhang iku pan nyata ing banyu, banyu nyaténg wadhah iki, tegessé paningal iku, tunggal kajaténning déning, tanpaning sih apadudon.
  11. Iku kawruh kang sampurna kang wus kusus yén nora mangkono Nyai, luput tur sasar wong iku, kang garwa umatur aris dhuh Sinuhun guruning ngong.
  12. Kados pundi kawula déréng anggayuh, timballan tuwan sayekti, maksih sesemon puniku.
  13. Kang wus teka ing Islammé kang satuhu, karana mungguh Hyang Wudhi, tansah dénnyatakkaken iku, [13] ya mulané dén aranni, wus tumeka Islamming wong.
  14. Iya ingkang aningalli ing Hyang Ngagung, kéwala dénnya ningalli, tan mata kapala iku, lah iku jatiné Nyai, kang rayi umatur alon,
  15. Kadya paran paningal amba pukulun mapa kapala kang pundi, angandika Kajeng Simuhun Nyai tan nyandhak siréki, ing pasemon kang mangkono.
  16. Yén mangkono majuwa dén parêk ingsun saksana lenggah sumadhing, sarwi dhédhépél abukuh, mangkana nuli dén wangsit éh Nyai yén sirarsa wroh.
  17. Basa mata kapala paningal iku, ya mata nira pribadi, kang bunder iku kang dulu, ing Allah mongka dén aglis dulunen cahya ing kono.
  18. Ya cahyané ing paningallira iku, nyata yén tunggal pangéksi dadi kanyatahannipun tan liyan dhéwékkéréki, kang anonton kang tinonton.
  19. Jer Pangéran tanpa netra yén andulu, lan tanpa swara yén angling, ya paningallira iku, swaranira kang kinardi, ya sira iku Hyang Manon.
  20. Dadi ingkang nembah kang sinembah iku, ya kang puni kang pinuji, lah iku jatining kawruh, kang garwa Nyai sun pémut poma aja salah tampi. Lan aja kongsi kawe[14]tu, iya ing lésanneréki, dénna serung dén serombong.
  21. Iya iku kawruh kang padha lan ingsun telas wejang Sunnan Giri, wonten malih wejangnganipun nenggih Pangéran Sumendhi, nalika amedhar kawroh.
  22. Mring kang putra takhsis jati wejangngipun pratingkahé sikep iki, kulup basa salat iku, apan iya lungguh mami, saha dzat pangucapping wong.
  23. Basa puni iya papangannanningsun basa wujud rahsa mami, basa urip patiningsun tegessé mungguhing pati, iku ratu geng kinaot.
  24. Yéku aran ratu ing sabenerripun ratu ingkang maha luwih, karana wong urip iku, yén durung tumekéng pati, Islammé durung gumacos.
  25. Tegessipun wong kang angrasanni mungguh, makrifatu iman tokid saéngga yén durung lungguh, ing dzattullah yekti maksih, wong iku bingung kémawon.
  26. Anggurayang was-uwas panganggeppipun yén kawawas niniwassi, ing wasana tanpa uwas ya dadi patiné modir, kaya kapaténning sato.
  27. Iku luput wruhanta aja kapéncut marang wong akéh siréki, lan aja ngandelkel ngélmu, sarak nora anguwissi, wekassanné angaluwos.
  28. Telas Pangéran Sumedhi pamejangngipun Pangran Juminah winarni, duk miraos tegessipun [15] ing sarira lan kang siwi, ya kulup apa sira wroh.
  29. Ing jatiné kang ana sarira iku, aturring putra tan uning, yén boten paduka paduka tuduhaken kang rama lingnya ris ya kulup ingsun kang tudoh.
  30. Maring sire tegessé srira iku, sukma kang tan owah gingsir, kang tannana wekassipun tanpa tuduh anlirnéki, dudu sijim kang bregogok.
  31. Dudu ati dudu roh ngakal pan dudu, ya sarira iku kaki, kang murba misésa iku, ing ngawak kang lair iki, tegessé pisan mangkono.
  32. Ya dzattullah jatiné sarira iku, dadi kanyatahan yekti, mongka tingallan sagung, kanyatahning dzattullahi, iku aran tingal wutoh.
  33. Ing sarira dadi wruh paranning lampus poma kulup dén udani, ing sariranira iku, marmané akéh kang tan wrin ing sarira sabab kéron.
  34. Kéronnipun ing panggaweé kapir kufur, mung iku kang dén kawruhi, mila antep iki luput ywa kasarakken siréki, karana uwis katonton.
  35. Manungsa kang kekandellan sarakkipun angél tumekaning ghaib kang putra nembah umatur, kang rama ngandika malih, kulup yén sira wus weroh.
  36. Ing pratingkah kang kaya mangkono iku, aywa kulinéng nagari, dén mantep panariméku, wus telas poma dén titi, wo[16]nten malih winiraos.
  37. Sunnan Kalijaga pangandikanipun pawong sanak ingsun sami, tékaddéwajibul wujud lirré anané kang pasthi, yén ingsun nora mangkono.
  38. Salawassé pan nora temu-tinemu, kalawanujarré sami, anembah muji Hyang Ngagung, yén mungguh ing tekad mami, pan nora kaya mangkono.
  39. Malah ingsun kang sinembah kang sinebut kalawan sebutté sami, la ilaha illallahu, ujar iku dén wuwuri, yén ingsun nora mangkonno.
  40. Kang sun tobattaken raina lan dalu, yén ngucappa ujar iki, la ilaha illallahu, karana kang bumi langit tan ginawé ing Hyang Manon.
  41. Sabab anyar Allah tangala punika, apan manungsa kang kadim Allah iku urippé kena ing lampus manungsa tan tan kenéng pati, manungsa kang kénéng layon.
  42. Dadi sungsang bawana balik puniku, kaya babasan sajroning – mateng ana mentahipun yén mungguh ing tékad mami, yén mateng : mateng jaba jro,
  43. Lirré Allah urippé tan kenéng lampus sanadyan kawulanéni, ya urip tan kena lampus yé mangkono iya dadi, jaba [17] mentah mateng ing jro.
  44. Yén dénnyana Allah kéwala kang idhup kawulané kang ngemasi, dadi ana géthéknungsung, sasaté ngédén bongkokki, anglerêssi toya erod.
  45. Ngaji sarak tan nyarékhat babbipun éh ta pawong sanak mami, yén arsa atakon ngélmu, khakékhat makrifat nenggih, sawecané kang gumacos.
  46. Sarattipun wong amanjing guru iku, arêp pasrah jiwa jisim aja rumasa gagadhuh, gtihé satétés wajib aturna ing guru kono.
  47. Éh Ki Luhung Salawé aturna gupuh, mapan ingantep puniki, boya kaya kang wus weruh, ing Allah dadi tan serik aja kaya wong kang bodho.
  48. Kang binunton atiné déning Hyang Ngagung, éh Ki Luhung kalamun wis waspada marang Hyang Ngagung, nuli waspadaha maring, rupané dhéwé ywa kéron.
  49. Gih punika salat daim tegessipun ingaran puni neksénni, yén kinarsakaken iku, déning Hyang sayekti dadi, waliyullah kang kinaot.
  50. Lamun nora mangkono mukmin kas iku, déné ta ujarring dikir, la ilaha illallahu, makdumma alayyaka batin tétébé lair kémawon.
  51. Sampun telas poma-poma dénna émut ajana pépéka sami, ing ja[18]ti ujar iku, lamun ana kang tan ngreti, budinen yén meksa tan wroh.
  52. Kagunemma lan wong kang wis tunggal kawruh, liyané aja dén wruhi, yén tan sabadannya wéku, iku poma wekas mami, aja gébréh bok kacenthok.
  53. Kacenthokké krana geng-gengnging pakéwuh, amung sampurnaning pati, marma kéh kang tiba luput wus bener pangrakitnéki, ing pati temah malécong.
  54. Pan kairup ing pakarêmman donnyéku, tan kelar tibaning pati, kéron mangsah wowor sambu, donya arta anak rabi, kabéh padha dadi mungsuh.
  55. Iya iku abotté ing wong tumuwuh, nora kena kami tolih, anak rabi bapa babu, brana arta myang kakasih, sajroning amrih mulyéng gon.
  56. Ujar iku gugulangngen mupung durung, yén wus kasép niniwassi, sapa kang bisa tutulung, aja pijer ulah mukti, ing pati ywa kabesturon.
  57. Nadyan wus wruh yén anggung gawé ketungkul mila ajana tekibir, jer siréku padha durung ana ngrasakaken mati, marma ingsun  iki lumoh.
  58. Ing kamuktén tilar kawibawanningsun sun palaur laku santri, tur nistha tanpa karyéku, nanging ingsun wus udani, pan pamrih ingsun ing batos.
  59. Karya sasab panyirêpping tyas tekabu, déné tékattingsun batin sun tobattaken satu[19]hu, lamun tan sampurnéng pati, séngga jisim kongsi bosok.
  60. Tuwin wutuh yén tan pracaya siréku, bésuk yén ingsun ngemasi, kalamun sira padha wruh, yén wus kinubur dén aglis dhudhukken séngga nglegorong.
  61. Tuwin bosok énggal pakakna ing asu, aja kang mangkono malih, nadyansiji wuluningsun sampurna tannana kari, mulih sipatting Hyang Manon.
  62. Ujar iku ajana kang milu-milu, yén durung wruh sajating, puruhita aywa ngawur, temah sasar mati kapir, wong urip yén tanpa tudoh.
  63. Ngapiranni yén ngandelken sarakkipun yén tan wruh ing ngélmu jati, déné babar pisannipun nora dén lebokken tulis larangngan ageng kinaot.
  64. Wonten malih kojah saking guru-guru, kang wus wijinejangken mami, sun kumpullaken sasuluk sual masalah dadya tri, tembang durma pangkur sinom.

PUPUH III
DURMA PANGKUR SINOM

  1. Kawruhana lamun sira tinatonnan apa tegessé lajim énggal sahurrana, meneng pan tegessira, semuné punapa lajim jawabben énggal sipat subut sayekti.
  2. Lajim lawan subut artiné punapa, sahurrana dén aglis kadi urip kita, kang wikan ing priyongga, kang kawas ing pribadi, ingkang miyarsa, [20] nora liyan pribadi.
  3. Kang akarsa pan nora liyan piyambak miwah kang angingalli, pan iya piyambak kang anabda priyongga, kang langgeng kekel pribadi, Kang Maha Mulya, apan iya pribadi.
  4. Ingkang élok pan nora liyan piyambak miwah Kang Maha Suci, tan liyan piyambbak kabéh ingsun piyambak kang asih kang angasihi, inggih punika, rêké semuné lajim.
  5. Lawan malih lamun sira tinakonnan pundi asmaning Widhi, sahurrana énggal yéku kang wus sir wacap pundi kahananning Widhi, jawabben énggal asedya ing pribadi.
  6. Nenggih ingkang pundi pribadining Allah, sahurrana dén aglis apan sedya baka, pundi sedyaning Allah, sedya langgeng ing pribadi, ingkang kawasa, ingkang purba kang urip.
  7. Ingkang nabda ingkang ningalli tan liyan kahananning Hyang Pasthi, pundi dhéwékking Hyang, anuli sahurrana, ingsu dhéwékké Hyang Widhi, ingsun punika, tegessipun punapi.
  8. Sahurrana iya mantep tegessira, kasedya ingsun yakti, tegessé pan iya, nora ana kahanan goro myang tingal kakalih, pan nora ana, ya pangucap kakalih.
  9. Ing tegessé iya ingsun ingkang sedya, ya ingsun ingkang urip ingsun kang kawasa, ingsun kang amiyarsa, ingsun ingkang ani[21]ngalli, ingsun kang wikan ingsun kang Maha Suci.
  10. Ingsun Ingkang Maha Luhur Maha Mulya, ingsung ingkang anabda, ingsun kang sukma linuwih, ingsun kang tunggal nyata tan bestu jisim.
  11. Iya ingsun kang urip datanpa nyawa, langgeng tan owah gingsir, ingsun kang sampurna, kang agung kang wisésa, kang élok ingsun sayekti, pan ingsun ingkang, amuji kang punuji.
  12. Ingsun ingkang tanpo enggon tanpa arah, ingsun kang tanpa warni, ingsun tanpa rupa, ingsun kang tanpa masa, kang tanpa jiyat sun ugi, tanpa musapah, tanpa tuduhan mami.
  13. Ingsun ingkang mantep ananingsun dhawak malih yén dén takonni, endi jatining Hyang, déné énggal jawabbira, jatining Allah kang pasthi, kahananning Hyang, sedya ana pribadi.
  14. Tegessipun purba karuhun kang tanpa wiwittan lan tanpa wis pan inggih punika, kang yekti jatining Hyang, pundi kahananning Widhi, ingkang sanyata, saurrana dén aglis.
  15. Angéstokken ing dhiriningsun piyambak lirré wus tan ngulati, sakabéhé mapan wus kawengku déning wang.
  16. Yekti ingsun kang mantep ing dhéwékking wang, madeg ratu pribadi, ing karatonning wang, tannana mama[22]dhaha, angungnging karaton mami, langgeng tan owah, urip tan kenéng pati.
  17. Lan malihé tinakon pundi dzattullah, dén énggal anahurri, apan iya sedya, durungngé ana jagad lan sawussé jagad dadi, asedya uga, birahi ing pribadi.
  18. Nenggih ingkang pundi sedyaning dzattullah sauhurrana dén aglis iya tanpa molah, lawan tanpa wekassan ingkang aran Allah pasthi, jawabben énggal kahanannira yekti.
  19. Kang akarsa lan pundi wimbuhing Allah, sahurrana tumuli, iya karsanira, kang tannana topangnya, kang tannana kirang néki, lawan kang nora – kena ing owah gingsir.
  20. Lawanmalih wonten ing pitakonning wang, pundhi tunggaling Widhi, énggal sahurrana, aran kang ingrannan tunggal tan wujud kakalih, wus nora mamang, lan nora pindha kardi.
  21. Déné lamun tinakonan malih sira, jongka tigang prakawis ingkang dhihin uga, tan adoh lan sarira, tan anéng sarira ping dwi, ping tri kasrira, sahurrana dén aglis.
  22. Kang tan adoh saking sarira sahadhat, tan anéng srira takbir, kasrira sakarat kadya paran lirrira, sahurrana dipun aglis lirré sahadhat among winong pribadi.
  23. Tegessipun takbir pan sira Pangéran anembah la[23]n amuji, ing pribadinira, tegessé kang sakarat déné tan esak ing pati, lan nora mamang, lan malih bokmanawi.
  24. Tinakonnan masallah tigang prakara, déné ingkang rumiyin imbar wawayangngan déning wruh ing bakal lirré kang kaping kalih, kitab amakutha, déné wruh dadinira, latar putih tanpa tulis lirré déné ta, kang iman mulya suci.

PUPUH IV

  1. Sasmitaning kawimbuhan kawruhana ya pangucappé réki, miwah ing pangrungunipun tuwin paningallira, ora ana pangucap loro puniku, dadi solah tingkahira, boya esak boya serik.
  2. Boya tasbéh mung dzattullah, kéwala dén karasa yén abukti, dén karasa yén anginum sembahhyang dén karasa, dén karasa dzattullah inggih puniku, ingkang wus awuru Allah, yéku aran salat daim.
  3. Lawan malih ingarannan martobatté ing kasdu takrul takyin kasdu nenggih artinipun mapan karêpping niyat dadi cipta déné tegessipun takrul iku pameksaning niyat garahita dadosnéki.
  4. Lirré ingkang takyin nyata, wisésané [24] ing niyat kang sayekti, sang cipta pan dadossipun kasdu punika iman takrul tokid takyin makrifat lirripun ingkang iman yén anaha, gumléthék yekti tan serik.
  5. Tansak[4] tingallé ing Allah, ingkang tokid enengngé lawan mosik gléthékké paningallipun pangucap pamiyarsa, nyata ingkang angenengngaken puniku, kang anggléthékkvn ing Allah, myarsakken ngucapken pasthi.
  6. Allah tangala mapan kang, amimbuhi dadi sampun sakserik tingallira mring Hyang Ngagung, nenggih ingkang makrifat ing enengngé osikké paningngalipun pangrungu pangucappira, dadi lan dhéwékkira.
  7. Tegessé punika nyata, bilatasbéh-bilatasbéh lir néki, tan loro kahannanipun mapan Allah kéwala, kang angucap meneng mosik myarsa dulu, pan nyata ing ananira, poma wus aja sak serik.
  8. Sasmitaning rahsanira, kang dén ucap kang angucap Hyang Widhi, poma dipun awas émut nora na liyan-liyan ana déné yén tinakonan siréku, punapa pangawruhira, ing Allah jawabben anglis.
  9. Pangawruh ingsun ing Allah, kawimbuhan ing ngélmuning Hyang Widhi, wonten malih suallipun ana ujar sakecap lawan laku satindak menang gon iku, nuli énggal sahurrana, ujar sakecap p[25]
  10. Iya kang ngucap Hyang Sukma, déné laku satindak sarta Widhi, kang aran meneng gon iku, ingkang wus nora susah, angulatti ing Allah lyan dhirinipun pira martabatting tingal sahurrana tri prakawis.
  11. Nenggih tasnip kang kapisan ingkang kaping kalihé insan kamil kandil kaping tiganipun tasnip lehep tegesnya, insan kamil kang sampurna artinipun kandil roh ilapi lirnya, utawi semuning tasnip.
  12. Tingngal kang luluh sampurna, iya wahyu iku tegessé malih, dadi paningngal kang kusus teteppé wahyu nyata, mila wajib sami dén eningna iku, prabédaniréng paningngal ing Nabi Wali myang mukmin.
  13. Nabi tetep tingallira, mara mundur tingallé wali mukmin pira martabatting laku, jawabben rong prakara, kadi geni kang dhihin ping kalihipun kadi angin tegessira, semuné kang kadi geni.
  14. Pinét panassé kéwala tegessipun punika amrih gelis panarimanira sampun kasuwén déné ta kang, kadi angin pinét tan kena rinuruh, tegessé wus nora pisan susah angulatti malih.
  15. Pinten martabatb sarira, sahurrana iya tigang prakawis ana déné kang karuhun kadya tanggal kaping pat kaping kalih lir tanggal ping sanganipun ping tri lir tanggal pat belas déné ta ingkang rumiyin.
  16. [26]Kang kadya tanggal kaping pat iya déné atulis lair batin kang kadya ping sanganipun tegessé luluh sirna, kahananné ing kahananning Hyang Ngagung, kang kadi tanggal pat belas déné panedyané sami.
  17. Kadya kang andadéken, tegessé yén ping pat belas kang sasi, wus prapta ing wangennipun tekané ing kawula, nora ta yén dadiya gusti puniku, nanging iya dadi uga, pinten martabat pamanggih.
  18. Jawaben limang prakara, kang rumiyin geléthékké ing ngati, yén kang kaping kalihipun katepekking lumampah, panjeritting anangis kang kaping telu, ketugging nutu kaping pat ping lima cérétting ngantih.
  19. Déné jeritting karuna, lawan iya geléthékké ing ngati, miwah ketepekking laku, pan iku ing pangucap marmanipun iya dipun kadi latu, ing tékad déné wus tompa, iya cérétté kang ngantih.
  20. Lirré sipat jamallullah, déné ketugging anutu lir néki, wedallé pangucappipun nyata yén nora mamang, nora susah angulatti ing Hyang Ngagung, ya kang ngucap iku Allah, poma aja pindha kardi.
  21. Martabatting bumi pira, sahurrana kéhé tingang prakawis dzatting roh ilapi iku, nenggih kang kapisan kapindhoné roh jasaddi sadayéku, kaping tiga tanpa prenah [27] tanpa tuduhan sayekti.
  22. Endi kang aran Mukammad kang khakiki lawan ingkang mazaj, sahurrana dén agupuh, aran Nabi Mukammad kang khakiki dzatting roh ilapi iku, déné Mukammad kang mazaj yéku daztting roh jasaddi.
  23. Kang khakiki lan kang mazaj nora pisah mapan loroning tunggil nyata yén ing sira iku, déné kang tan prenah, lawan ingkang tanpa tuduhan puniku, pan khakhékatting dzattullah, tan liyan pasthi siréki.

PUPUH V

  1. Martabatting kanugrahan lamun sira dén takonni, pinten nugrahaning sadzat[5] aturrana tri prakawis nenggih ingkang rumiyin ngencengngaken imannipun ping dwi neguhken ing tyas déné ingkang kaping katri, mapan iya nglampahaken anggaota.
  2. Pinten nugrahaning salat sahurrana tri prakawis dhingin megattaken karsa, tinggal cipta kaping kalih, madhep kang kaping katri, pinten kanugrahannipun takbir mongka dén énggal jawabben tigang prakawis dhihin kawruh weruh kaping kalihira.
  3. Jatining weruhkaping tiga, pinten nugrahaning budi, jawabben tigang prakara, nenggih cipta kang rumiyin garaita kaping kaping kalih, sang cipta ping tiganipun nugrahaning rohira,jawabben tigang prakawis kang rumiyin urip tan kalawan nyawa.
  4. Kaping kalih anani[28]ra, tan dén anakken liyaning, kaping tri Allah kéwala, nora nana amomorri, ing wahdzatil wujuddi, pinten kanugrahannipun nenggih ingkang sakarat sahurrana tri prakawis dhihin adhep idhep kaping kalihira.
  5. Mantep ingkang kaping tiga, lan pira kanugrahanning, iman énggal sahurrana, pan iya tigang prakawis sokur ingkang rumiyin tawekal ping kalihipun kaping tigané sabar, pinten nugrahaning tokid sahurrana pan amung kalih prakara.
  6. Nenggih tetep kang kapisan wedi ingkang kaping kalih, wonten malih suallira, pinten ing kanugrahanning, makrifat mongka nuli, sahurrana dén agupuh, iya amung satunggal ana ing ananiréki, nenggih karsa rahsa wisésa priyongga.
  7. Pinten martabat karêman sahurrana tri prakawis para mukmin karêm apngal karêm sipat para wali, déné kang para Nabi, edzat pakarêmmanipun lirré karêm dzattullah, sok wontenna asya nenggih, karêm sipat sok wontenna gumléthékké.
  8. Lirré karêm apngallullah, sok wontenna obah osik yén sabit paningngalira, nenggih kabuka sayekti, ing sipat jalal tuwin jamal kamal kaharripun dadiné imannira, makbul glumléthékking ngati, dadi antuk sampurna yakinning gesang.
  9. Pinten martabatting nyawa, sahur[29]rana dipun aglis kathahing nyawa satunggal pan iya mung roh ilapi, marmané mung sawiji, tegessing urip puniku, pan iya mung satunggal tannana urip kakalih, ing pasthiné amung kahanan kang tunggal.
  10. Lamun sira tinakonnan pundi Allah padha mangkin déné énggal sahurrana, sapa ingkang ngucap iki, aja ta sira dalih, yén dudu sira Hyang Ngagung, sayekti kang dén ucap kang ngucap tan lyan Hyang Widhi, nanging kudu weruha ing panarima.
  11. Anapon ing panarima, dén kadi toya lan siti, lawan dipun kadi udan miwah dipun kadi wesi, lawan dén kadi jladri, kang kadi lemah lan banyu, dén sumerêp[6] tegesnya, nora pegat kang rokani, ana déné tegessé kang kaya udan.
  12. Déné tan pegat tingalnya, anapon kang kadi wesi, sakarsanira maréntah, dén gawéya pangot lading, pethél wadung upami, nora owah sipatipun maksih wesi kéwala, déné kang kadi jaladri, ya ing ngriku duduwa ing ngriku uga.
  13. Punika pasthi kang angsal ing ngujar sakecap tuwin laku satindak kalawan kang meneng ing ngenggon nenggih, yén wus kadi jaladri, nora owah tingalipun dulu dinulu dhawak tannana tingal kakalih, ora ana pangucap loro punika.
  14. Dadi salatté sampurna, weruh para[30]nning ngabekti, weruh paranning sembah Hyang, benerré nyata tan sisip weruh paranning osik wruh paranning enengngipun weruh paraninning ngucap weruh paranning pamyarsi, wruh paranning ngadeg wruh paranning lenggah.
  15. Weruh paranning anéndra, weruh paranning atangi, weruh paranning amangan wruh paranning nginum warih, weruh paranning ngising, weruh paranning nguyuh, weruh paranning suka, weruh paranning prihatin wruh paranning ngidul ngulon nga;or ngétan.
  16. Weruh paranning mangandhap weruh paranning manginggil weruh paranning ing tengah, weruh paranné ing pinggir, weruh paranning ngurip weruh paranné ing lampus kabéh ingkang gumelar, kang gumremet kang kumelip nora samar weruh paranné sadaya.
  17. Telas kang sual masalah, poma kang sedya utami, aywa kakéhan sembrana, dén weruh rahsané iki, yén wus weruh dén werit dénna sasab aywa umung, aja sawiyah-wiyah, nganggo wawarah yén angling, lawan aja kawetu wong ahli sarak.
  18. Yén maido temah kopar, karana rarasan iki, nora amicara sarak amung sajatining ngélmi, kang rérénténg riricik tannana ingkang kaétung, lan malih ingsun kojah, padha anggitten ing batin dadi wejang lamun sira bijaksana.

PUPUH VI

  1. Lah iki kojah ingsun wonten caritaning wali kutub sa[31]king Jawi nami Séh Samsu Thabariz langkung wanter tékaddipun tur karamatté kinaot.
  2. Myang warnanira bagus dedeg pidegsa rada arangkung, alalana mring Ngarab mindha raryya lit sami lan umur tri taun sarwi wuwuda kémawon.
  3. Ing praptanira nuju, ari Jumungah pepak pra kaum myang ngulama lebé modin marbot ketib perak para saléh jamhur, néng masjidil karom kono.
  4. Myang pandhita gung agung, miwah Molana Amir Khaji Rum déréng kondur dénnya saking minggah khaji, ing ari Jumungah kumpul raryya lit prapta dumrojog, tanpa larappan uluk salammé assalamu ngalékum ya tuwanku Molana Rum Amir Khaji, lan para nujum sadarum nulya anjawab gumuroh.
  5. Ya ngalaylassalamu[7], éh rarya lit lungguha siréku, lajeng lenggah ing ngarsané Amir Khaji, ngandika Amir Khaji Rum éh para Jumngah sapa wroh.
  6. Raré kang darbé sunu, para Jumngah sadaya umatur, dhuh pukulun datan wonten kang udani, sudarméng raré puniku, ing Ngarab ngriki tan tumon.
  7. Inggih prayogi dipun tuwan dangu pribadi puniku, asallipun pun raré saking ing pundi, ngandika Amir Khaji Rum éh tholé ingsun tatakon.
  8. Ing ngendi pinangkamu, déné tanpa larappa[32]n praptamu, raré matur ya tuwanku Amir Khaji, déréng purun jarwa ulun purwané ing praptaning ngong.
  9. Amba tannya rumuhun lawan pra Jumungah sadarum angandika Molana Rum Amir Khaji, ya tholé apa karêpmu, becik takonna maring ngong.
  10. Apa kang adi luhung, apa déné masalahing ngélmu, ing kang ekhak miwah ingkang ghaib-ghaib raryya lit alon umatur, gampil yén tuwan wus sagoh.
  11. Déné pataké ulun ghaibbing Allah lan malihpun ghaibbing Mukammad punika kang pundi, mesem ngandika Amir Rum éh bajang yén sira tan wroh.
  12. Ghaibbing Allah iku, pan Mukammad dé Mukammad iku, ing ghaibbé pan iya Allah sayekti, iku yén sirarsa weruh, raré gumujeng tur alon.
  13. Ya Tuwan Molana Rum lawan pra Jumungah sadarum panjawabbé Mukammad ghaibbing Widhi, kaaken punapa iku, Mukammad déning Hyang Manon.
  14. Punapa déné lamun Allah ingaran ghaibbing rasul Allah iku kaken napa déning Nabi, éh tholé ingsun tan ngrungu, kaya ujarmu mangkono.
  15. Mara jarwaha gupuh, teka ngendi pinangkané réku, raré matur ya tuwan Molana Khaji, déréng purun jarwa ulun malih amba atatakon.
  16. Ing Tuwan Sang A[33]mir Rum miwah para Jumungah sadarum salat Jumngah kang tuwan sembah punapi, tuwin salat limang wektu, ulun arsa wruh kang yektos.
  17. Ngandika Molana Rum saha para saléh para jamhur, iya tholé sun salat Jumungah iki, tuwin salat limang wektu, tan liyan nembah Hyang Manon.
  18. Lamun nora kadyéku, nora esah sembah punjiningsun wus mupakat kang muni ing dalin kadis raryya lit ika duk ngrungu, guguk wentissé dén entrog.
  19. Sun sidhep tan kadyéku, ya Tuwan Molana Amir ing panembah tuwan anembah Hyang Widhi, luwih saking séwu luput prasasat nembah ing dhéyon.
  20. Panembah tuwan ngawur, siya-siya tan wrin genahipun ing asallé sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi puruggipun pundi enggénné Hyang Manon.
  21. Dheleg Amir Khaji Rum para Jumngah kabéh ting palenguk dénnya kaluhurran sabda lan raryya lit dangu-dangu mojar Sang Rum ya tholé ingsun tan weruh.
  22. Ing enggonné Hyang Ngagung, lan paranné sembah ingsun tan wruh, miwah witting sembah ingsun tan udani, mongka raré ingkang muwus ya tuwanku Rum Sang Kathong.
  23. Myang para saléh jamhur, pangucappé kadya raré timur, anggurayang tannana ingkang amirib anembah muji Hyang Ngagung, tuwan jarwakna maring ngong.
  24. Ka[34]aken napa iku, Allah déning paduka Amir Rum angandika Molana Rum Amir Khaji, ya kundhing marma sun sebut sul mulya-mulya Hyang Manon.
  25. Déné agawé ingsun lan agawé manungsa sadarum andadékken balé Aras bumi langit miwah manungsa sadarum dinadékken ing Hyang Manon.
  26. Myang swarga narakéku, awal akir lahir batin iku, nora liyan kabéh titahing Hyang Widhi, raryya lit asru angguguk ah genah apa Sang Kathong.
  27. Pangucappira iku, tuwin para saléh para jamhur, pamuwussé tannana ingkang prenah mati, morék mung pijer katungkul padha dikir lénggak-lénggok.
  28. Pijer sujud arukuk wus marêm ing sembah pujinipun tangéh lamun praptaha ingkang ginaib pangrasané wus pinunjul tannana graiténg batos.
  29. Éh Molana Khaji Rum miwah para Jumungah sadarum raré alit kéwala pasthi udani, kang kaya ujarmu iku, yén kabeh titah Hyang Manon.
  30. Nanging sitéku ngawur, angaranni tan wruh parannipun Amir Matur ya tuwanku raré alit paduka jarwa rumuhun asal tuwan kang sayektos.
  31. Angandika Séh Samsu, Thabarij éh Molana Khaji Rum, saking ngembuh saka tambuh prapta mami, kabéh kadadiyan durung, kang dadi dhi[35]hin pan ing ngong.
  32. Ingkang ghaibul guyub durung dadiya Allah lan Rasul durung dadi ingsun kang dadi rumiyin kang luwih mulya pan ingsun saking sakéhing dumados.
  33. Mangkona Molaka Rum lawan para Jumungah sadarum samya sujud ing sukuné Séh Raryya lit raryya lit malih amuwus éh Molana Rum sang Kathong.
  34. Panjawabku Hyang Ngagung, sira aranni ghaibbing rasul rasul sira aranni ghaibbing Widhi, raryya lit pon bisa muwus kaya ujarmu mangkono.
  35. Lan sembahhyangngéréku, kang sira sembah Hyang Ngagung, yén mangkono sira maksih padha kapir, durung Islam kang satuhu, déné tékadmu mangkono.
  36. Makamming Allah iku, lawan kaya apa wujuddipun lawan kaya apa rupané Hyang Widhi, sira apa wus kapangguh, apa lanang apa wdon.
  37. Mojar Amir Khaji Rum miwah para Jumungah sadarum ya Séh Alit kawula datan udani, ing sual tuwan puniku, raryya lit malih miraos.
  38. Yén mangkonowa éh Rum aja nembah ing Allah siréku, tan sampurna mundhak sira kupur kapir, andeku Amir Khaji Rum pan sarwi aris tatakon.
  39. Ya tuwanku Séh Timur, inggih sinten paduka puniku, Séh ngandika sarta rupa kaki-kaki, lenggah ing kursi mas murub néng ngarsané Ru[36]m Sang Kathong.
  40. Kursi karamattipun sami gawok kang miyat sadarum panganggénné sadaya pan sarwa langking, pamuwussé mring Amir Rum éh Amir yén sirarsa wroh.
  41. Sajatiné ya ingsun ingkang awal kang akir ya ingsun miwah ingkang nginum inumman ya mami, kang tandhak-tandhakkan ingsun kang édan ngédanken ing ngong.
  42. Kang tambuh-tambuh ingsun ingkang ghaib kang guyub ing ingsun iya ingsun ingkang lahir ingkang batin kang nembah sinembah ingsum kang muji pinuji ing ngong.
  43. Ingkang nikmat ya ingsun ingkang awéh nikmat iya ingsun ingkang rasa kang rumasa iya mami, kang angrasaani ya ingsun kang rinasan iya ing ngong.
  44. Ingkang wedi ya ingsun ingkang wani sayekti ya ingsun ingkang wadi madi mani iya mami, ingkang maningkem ya ingsun kang dadi awan pan ing ngong.
  45. Kang nom kang tuwa ingsun ingkang wadon kang lanang ya ingsun iya ingsun ingkang sugih ingkang miskin ingkang ratu iya ingsun kang wadya bala ya ing ngong.
  46. Ingkang akéh pan ingsun ingkang sathithik pan iya ingsun ingkang loro ingkang siji iya mami, ingkang lumaku ya ingsun ingkang mandheg iya ing ngong.
  47. Ingkang gumuruh ingsun ingkang meneng sayekti ya ingsun tengah pinggir ngarsa wuri ngnadhap nginggil kanan kéring iya ingsun kang lor wétan kidul ku[37]
  48. Nora liyan ya ingsun kang loh kalam nukhat ghaib ingsun kang dzat sipat asma apngal iya mami, kang wujud ngélmu nur sahud sajatiné  iya ing ngong.
  49. Kang bumi geni banyu, miwah angin apan iya ingsun ingkang sabar ingkang keras iya mami, ingkang ngalim iya ingsun ingkang kerêng iya ing ngong.
  50. Ingkang dhihin iya ingsun ingkang kari tan liyan ya ingsun kang saréngat kang tarékat awak mami, khakékat makrifat ingsun kang iman tokhid ya ing ngong.
  51. Ingkang Allah ya ingsun ingkang Mukammad pan iya ingsun kang ghaibbing Mukammad pan iya mami, ghaibbing Allah ya ingsun kang gedhé cilik ya ing ngong.
  52. Ingkang anak ya ingsun kang nganakkaken pan iya ingsun kang kakadang ingkang lola iya mami, ya ingsun kang khalék makluk kang Alip lam lam E é ngong.
  53. Kang mim kang Akhé ingsun kang mim akir kang edal pan ingkang donya kang ngakérat iya mami, kang swarga naraka ingsun ya ingsun kang jaba jero.
  54. Éh Molana Amir Rum miwah para Jumungah sadarum ingsun pémut yya pépéka ing ngaurip mokal yén sira nora wruh, lamun atemahan layon.
  55. Ing kono gon pakéwuh, éwuhé akéh wong salang surup ngélmu sarak dén aranni angu[38]wissi, miwah panasarran agung, yén tan darbé ngélmu jatos.
  56. Aja pijer kumlungkung, iku dadi dalaning kumprung, pengung bingung embuh-embuh kang dén rukti, Kitab Kuran ngundhung-undhung, kodheng brahala dén géndhong.
  57. Kandhangngan wong kadhawung, ing drubiksa dén ajak kalurung, mring pépéréng peri pinindha hapsari, sarwi siniwéng dhudhuruk jinaga déning gandarwo.
  58. Pangrasané swarga gung, tan uninga yén tibéng bekukung, kang mangkono tanggung-tanggung dadi janmi, pan angur dadiya asu, patiné tanpa karaos.
  59. Gampang pratikellipun sirnané aris datan patutur, dadi janma yén tan wruh tanajul tarki, nora wurung katalikung, éh éling-éling Rum Kathong.
  60. Yata Risang amir Rum lawan para Jumungah sadarum dupi myarsa ri sabda risang siniwi, samya nembah ngraup suku, sarwi ngrerêpa tur nyalon.
  61. Ya tuwanku Séh Sepuh, mugyangsalla sapangat pukulun lan paparab tuwan ambarsa udani, ngandika Risang Séh Pikun éh Maulana Rum Kathong.
  62. Lan Jumungah sadarum ora ta sira weruh maring sun aranningsun iya Séh Samsu Thabariz sawusnya ngandika guguk salam dyan musna saking gon.
  63. Ghaib sakursinipun nulya sinaurran salammipun pan gumuruh sarya andongong prasa[39]mi, getun-getun pangun-pangun joto-joto ting palenggong.
  64. Angonggo-ongga sagung, gung alit samya pating panlinguk ngungak-ungak mangu pangungunné déning, praptané lan késahipun pan nora ana ingkang wroh.
  65. Kang kari samya wuyung, yang ken wawayang wiyangganipun lir kékéyang angayengngi poyang paying, kayuyun sanget kilayu, yén kagrayang tannangayoh.
  66. Ing kayuwanannipun kaya-kaya kaléyangnging wahyu, wéh wiyadi yayah maniyup yang-yangnging, kakayangngan mrih rahayu, ayun ngupayéng Hyang Manon.
  67. Dadya samya yeg guyub sadaya nedya puruhitéku, ngélmu ingkang nampurnakaken ngaurip ana ngétan ngalor ngidul sawenéh ana ngulon.
  68. Titi caritanipun waliyullah poma-poma sagung, anak putu rasakna lepiyan iki, séngga dén kongsu sumurup mring tékaddé kang mangkono.
  69. Nanging aja angawur, guguruwa mupung maksih idhup yén dén ancap ing tulis baé tan keni, lamun durung angguguru, gurayang nora gumacos,
  70. Nadyan ahli tasawup ahli osik miwah ahli suluk lamun nora ahli puruhita ngungkih, yekti temah sasar susur, wanterré angas kémawon.
  71. Jer iki antepipun pangrakitté parabo[40]t pangracut apan nora kalebu sajroning tulis amung cumanthél ing guru, sabab larangngan geng kaot.
  72. Lan malih kojah ingsun tunggallé kang piningngit ing guru, kang martabat sanga kawruhana sami, kang tumrap ing sekar pucung, padha rasakna ing kono.

PUPUH VII
P U C U N G

  1. Kang pinucung, nenggih urut-urutipun kang martabat sanga, terus Ingkang Maha Suci, iya iku martabatté rasullullah.
  2. Kratonipun kang Maha Suci mahluhur, tetep aran kita, pribadi ing awal akir, lair batin yogya samya dén gurokna.
  3. Ing wong kang wus putus ing ngélmu rakséku, yén sirarsa wikan ing karatonné pribadi, kawruhana duk maksihé awang-awang.
  4. Uwung-uwung, bumi langit durung wujud ingkang ana apa, junun mukawiyah nenggih, ingarannan junun iku makna tata.
  5. Tegesipun muka rarai puniku, wiyah jagad jembar, tegessé tata kang dhihin dén anakken ing arahing jagad jembar.
  6. Pan ing ngriku, durung karsa lagi iku, arahé kéwala, yaiku kang Maha Suci, kang jumeneng anéng junun mukawiyah.
  7. Iya iku, sajatiné urip ingsun sadurungngé ana, bumi langit trusamangkin mongka karsa apa malih kang kinarsan.
  8. Neng[41]gih maklum sukma aranné puniku, maklum maknawiyah sukma ing karsanéréki, durung karsa lagi ngawruhi kéwala.
  9. Sapa iku, kang jumeneng anéng maklum sapa iya ingkang, Maha Luhur Maha Suci, iya iku nyata urip kitha dhawak.
  10. Lagi durung, ana bumi langittipun terus ing samangkya, mongka nuli karsa malih, apa kang dén karsakken nenggih maklummat,
  11. Tegessipun maklummat kumpulling kawruh, pepekké ing umat durung karsa apan lagi, pepek baé sapa madeg ing maklumat.
  12. Iya iku kang, kang Mah[8] Suci Maha Luhur, nyata nora liyan ing urip kita pribadi, sadurungngé bumi langit trus samangkya.
  13. Lajengngipun kang kinarsakkaken iku, apan iya ngadam ilapi wujud ilapi, tegessipun basa ngadam iku ora.
  14. Tegessipun ilapi umapa iku, lirré wujud ana, kang ilapi ing pribadi, ing anané dadi metu saking ora.
  15. Awittipun upamané pisan iku, ora dadi ana, tetep upama pribadi, purwanipun ana iku saking ora.
  16. Tegessipun anané lan oranipun tan lawan kinarya, déné upamané malih, durung ana lagi anané kéwala.
  17. Sapa iku, kang jumeneng anéng ngriku, ngadam ilapi myang, wujud ilapi [42] pan mami, sadurungngé dadi jagad trus samangkya.
  18. Lajengngipun akarsa malih puniku, apa kang kinarsan pan iya Alip Mantili, lirré alip madeg mantili lirrira.
  19. Kang umantung dhéwé bada ngadeg iku, ya adegging karsa, gumantung rahsa pribadi, iya rahsa lan karsa purba wisésa.
  20. Teteeppipun rahsané dhéwé puniku, tan lawan kinarya, anané karsa pribadi, kang jumeneng ing mantili kono sapa.
  21. Iya iku, Mah Suci Maha Luhur, mapan urip kita, pribadi duk sadurungnging, ana bumi langit terus ing samangkya.
  22. Lajengngipun apa dén karsakkén iku, nenggih johar awal johar sosotya lirrénéki, awal dhihin basa sosotya punika.
  23. Kumpullipun ing putih lan kuningngipun pan ananing rahsa, basa dhihin kumpulling brit lawan lawan irêng kang madeg ing kono sapa.
  24. Iya iku, kang Mah Suci Maha Luhur, nenggih urip kita, dumadi duk sadurungnging, ana bumi langit terus ing samangkya.
  25. Lajengngipun apa kinarsakken iku, ngalam uluhiyah, tegessé ngalam udani, ulu luhuriyah mapan jagad jembar.
  26. Iya iku, dadining karsa karuhun karsa kang sapaisan anané kang bumi langit sapa ingkang ngadeg ngalam uluhiyah.
  27. Iya iku, [43] kang Mah Suci Maha Luhur, nora liyan-liyan ya urippingsun pribadi, sadurungngé bumi langit trus samangkya.
  28. Lajengngipun akarsa malih puniku, pan akyan sabitah, akyan pan nyataning ngurip kang sabitah iku tetep tegessira.
  29. Teteppipun kulit kuku wulu bayu, tetep tinetepan balung otot kulit daging, lawan sungsum déné teteppé kang jagad.
  30. Sarta gunung, geni angin miwah laut clérét thathit kilat kuwung téja obar-abir, iya iku ing uripping rasullullah.
  31. Sapa iku, kang jumeneng anéng ngriku, ing akyan sabitah, nenggih ingkang Maha Suci, Maha Luhur nayata lamun nora liyan.
  32. Urippingsun sadurungngé jagad wujud terus ing samangkya, mongka nuli karsa malih, apa kang dén karsakken ngadam prampuwan.
  33. Ngadam iku, ing orané tegessipun déné kang prampuwan tetep kang rupa pribadi, kaya putih irêng kuning ijo abang.
  34. Dadu biru, wungu kalawan kulawu, iku ananira, dhéwé tan lawan kinardi, iya iku teteppé rupa mukammad.
  35. Sapa iku, kang jumeneng Maha Luhur, ing ngadam prampuwan iya ingkang Maha Suci, Maha Mulya nyata lamun datan liyan.
  36. Urippingsun pribadi sadurungngipun bumi langit dadya, tan liya[44]n prapta samangkin sampun tamat kang aran martabat sanga.
  37. Poma dipun pracaya ywa pindha wuwus lan aja was-uwas yén maido temah kapir, lawan aja kawetu ing wong ngakathah.
  38. Dénna serung, kang serombong dén barukut wong kang ahli sarak sirikken aja dén wruhi, nadyan liyannipun kudu nganggo warah.
  39. Marmanipun banget-banget pémuttingsun nyata wus katondha, ingsun dhéwé wus nglakoni, ahli sarak tur durung nganti ngulama.
  40. Maksih busuk paran déné angguguru parandéné angguguru, duklagya sapisan nora timancep ing ngati, angguguru malih jangkep kaping tiga.
  41. Lagi iku, wiwité rada sumurup nanging durung ilang, labetting sarak sak serik siyang ratri tyassyingsun aponca bakah.
  42. Ingsun durung dunungngaken lungguhipun mungguh ing rahsiya, meksa kérup kapilintir, dadya sumsek tyassingsun nuli tan kétang.
  43. Tan kaétung, lajeng malih angguguru, jangkeppé kaping pat ing kono gagah tyas mami, anampanni wahyu geng prapta nugraha.
  44. Dadya sampung, sumilak nir maléng kalbu, wus datan kalingngan ilang kang bongsa ling-aling, leng-leng liwung tan mamang ing pasike[45]
  45. Sayandarung, biraihiningsun ingngélmu, anggung puruhita, nedya musawat batin sun anteppi nora wedi béya wrgad.
  46. Sawussingsun tutuggonningsun guguru, ing batin tan kéwran lahirré sasat sun pingit angibadah tanpa pédah ingsun temah.
  47. Kadya edul tanpa masa dikirringsun agung ratib saman ngumpullaken khaji-khaji, kongsi miskin labettésun karya bojo.
  48. Éh ta sagung, gung alit nak putuningsun padha kawruhana, luluhurré guru mami, luwih aplal tinimbang lan maca Kuran.
  49. Guruningsun tan akéh mung tiga likur, nanging kang sun étang, luluhurré mung siwiji, kang pawitan nenggih saking Jeng Panuttan.
  50. Kang rumuhun Jeng Rasullullah mumuruk marang sayiddinna, Ngali kang putra bin Talib lajengngipun Sayiddinna Ngali mulang.
  51. Marang sunu, Sayiddinna Husén iku, lajeng amumulang, mring Sayid Jénal Ngabidin lajeng mulang mring Iman Mukammad Bakar.
  52. Lajengngipun Mukammad Bakar mumuruk maring Rokaniyah, Jakpar Sidik muruk maring, Jeng Sultan Ngaripin Abiyajid Islam.
  53. Lajengngipun Sultan Ngaripin mumuruk maring Séh Mukammad Mahrib lajeng muruk malih, mring Séh Ngarbi Yajidil Ngaskitu Mulya.
  54. Amumuruk nenggih dhateng Kutab Abu, Malaphar Molana, Rum tuwan si muruk ma[46]lih, mring Séh Kutub Ya Abi Khasannil Karkan.
  55. Ya Séh Kutub lajeng malih amumuruk mring Séh Hud Kalim, Wuri Nahar muruk malih, maring Sayid Mukammad Ngasik lajengnga.
  56. Amuruk Séh Mukammad Ngarabbiku, lajengnya mumulang, mring Séh Ngabdullah Santari, lajeng mulang mring Iman Kaliyus Satar.
  57. Lajeng muruk mring Séh Hidayattullahu, Sarmasti amejang, marang Séh Khaji Khusuri, mejang muruk marang Sayid Sibatullah.
  58. Putranipun Sayiddinna Rokhullahu, lajeng mulang mring Sayid Kawahib Ngabdullahi, Amad Ibdnu Ngali kang ngabongsa Ngabas.
  59. Prajanipun ingsan nawi lajeng muruk mring Séh Amad ingkang, putra Séh Mukammad nagri, Madinah kang mashur lan Séh Ahmad Kusan.
  60. Lajeng muruk maring Séh ing Ngabdur Raup putra Ngayi ingkang, bongsa Séh Khamjah pan suri, prajanira ing singkil pan lajengngira.
  61. Amumuruk mring tuwan Séh Khaji Ngabdul Mukiyi ing Karang, padhukuhan sapar widi, mejang putra kang dalem bojong ing karang.
  62. Prajanipun lan sapar widi kang dhukuh, mejang putranira, Kyai Mas ing sapar widi, désa karang déné ta ing lajeng ngira.
  63. Amumuruk mring Kyai Talak Budi[47]nnu, kang wisméng Banyumas mejang Séh Mukammad Salim ing Madahab mejang Mas Rongga Warsita.
  64. Wismanipun ing Surakarta Ibbennu, Mas Ngabéi Yasadipura kang kaping kalih, trah pamaséng Jawi (A)l Kabir Pengging Pajang.
  65. Sampun putus kojah luluhurring guru, poma wekassing wang, dénna gemi dénnastiti, dén taberi lan dén ngati-ati samya.
  66. Tegessipun gemi dénna ja kawetu, marang wong ngakathah, déné tegessé nastiti, dén was pada ing ngélmu aja léléda.
  67. Dipun terus ing lair lan batinnipun aja kongsi mamang, séngga dén tumekéng pati, déné ingkang taberi ing tegessira.
  68. Siyang dalu, dén talatén maca iku, sagung lelepiyan supaya dadiya misil masahé wasis néng tyas aja mamang.
  69. Yén tan kaur, mamaca ing siyang dalu, yén dalu kéwala, dén sregep ngiling-ilingngi, rasakena muraddé lan masuddira.
  70. Dén gumathuk ing tékad ywa nyamut-nyamut manawa kapirran utama kang tutul petis déné ta yén saben dalu tan kacagak.
  71. Apessipun ing pendhak Jumungah iku, dalu tuwin siyang, déné apessipun malih, aja ora sapisan ing saben wulan.
  72. Supayantuk kamulyan yakinné lampus mengko sun wawarta, pirsakena duk sawar[48]gi (*[9]), kang sinaré ing Pengging Darul Ngaliyan (+[10]).
  73. Tur ta sampun kasebut yén ahli ngélmu, paran déné arsa, lepiyanning para wali, tuwin lepiyanning guru kang sampurna.
  74. Ingsun weruh, nalikané lamun dalu, yén tan katamuwan sakéndelling nganggit-anggit nora ana malih ingkang tiningallan.
  75. Amung suluk kalawan tasawuppipun paran déné ana, manungsa ing jaman mangkin ingkang datan arsa ulahing lepiyam.
  76. Ciptanipun nanging kudu dadi guru, ngélmu popogottan kang mangkono muridnéki, dadi wong bér wangkal guruné bér nakal.
  77. Lamun durung, bér mukit wong dadi guru, sanadyan bér ngakal aja kang bér nakal malih, lamun nora mari maksih kalingkongngan.
  78. Déné iku, kesusu ngangkah tan pecus destun tanpa kojah, tumandang amumuruddi, suluk iku dén susul muluk kéwala.
  79. Anggagampang, muraddé kudu amenthung, masa tarimaha, ingkang padha ahli budi, apa nora bisa gawé murad dhawak.
  80. Muraddipun kang terus lan loghattipun pan suluk punika, da[49]dalan maring kajatin déné ingkang muraddi muluk punika.
  81. Wong kumlunthu, pan pentes dipun dinulang ing watu, pipitu kang samya, agengngé sabithi-bithi, mokal baé ingkang para aoliya.
  82. Nganggit suluk yén tan nanapédahipunpan pasthi kinarya, wuwulang ing wuri-wuri, déné ingkang ngati-ati tegessira.
  83. Aja tungkul kaurippan ing donyéku, sajroning kawiryan sasambinen lan prihatin dénna ulah pati sajroning ngagesang.

@@@ #i# @@@

——————————–
[1] Utawa;
[2] Priyongga
[3] Allahu.
[4] Tansah.
[5] Sahadat.
[6] Sumerêp.
[7] Ngalaikum salamu.
[8]  Maha;
[9]      Suwargi Kiyai Ngabéi Yasadipura I, pujongga karaton dalem ing Surakarta Adiningrat.
[10]     Séda kasarékaken  ing Dhusun Ngaliyan sakilé masjid ing Pengging.

Leave a comment