08.16.08
PRIMBON JAWA
|
NEPTUNING DINA |
NEPTUNING PASARAN |
|
Ahad = 5 |
Legi = 5 |
|
Senen = 4 |
Pahing = 9 |
|
Selasa = 3 |
P o n = 7 |
|
Rabu = 7 |
Wage = 4 |
|
Kemis = 8 |
Kliwon = 8 |
|
Jum’at = 6 |
|
|
Sabtu = 9 |
|
DINA KALAHIRAN SARTA PANGURIPANE
Minangka pinuju kalairanipun kapendhet saking gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng dipun wuwuhi kalawan neptunipun sasi :
|
muharram |
Rajab |
|
Shafar |
Sya’ban |
|
Rabi’ulawal |
Ramadhan |
|
Rabi’ulakhir |
Syawal |
|
Jumadi’lawal |
Zulkaidah |
|
Jumadi’lakhir |
Zulhijjah |
Kapendhet saking neptunipun sasi kalairan, Sakmenika gunggungipun wau menawi langkung saking 10, lajeng ditilar 9, pinten sisanipun. Menawi sisa :
1. 2 utawi 6, menika wiji Lor, kang dados panguripanipun dagang, sanadyan kalih liya-liyanipun sampun benten kaliyan dagang.
2. 3 utawi 5, menika wiji kilen, panguripanipun laku Santri, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Santri.
3. 1 utawi 4, menika wiji Wetan, panguripanipun lakui priyayi, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Priyayi.
4. 7 utawi 8, menika wiji Kidul, panguripanipun among tani, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan among tani.
5. 9, menika dipun wastani : tanpa tenggak tanpa siran, inggih menika wiji Raja, watakipun boten kenging dipun perintah, malah mrentah.
PETUNG PANCA SUDA
WATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE
|
Dina Ahad Legi : Sumur Sinaba Paing : Wasesa Sagara Pon : Bumi Kapethak Wage : Satria Wibawa Kliwon : Lebu Katiyub Angin |
Dina Kemis Legi : Satria Wibawa Paing : Lebu Katiyup Angin Pon : Satria Wibawa Wage : Tunggak Semi Kliwon : Bumi Kapethak |
|
Dina Senen Legi : Tunggak Semi Paing : Wasesa Sagara Pon : Sumur Sinaba Wage : Wasesa Sagara Kliwon : Satria Wirang |
Dina Jum’at Legi : Satria Wirang Paing : Tunggak Semi Pon : Lebu katiyup Anging Wage : Sumur Sinaba Kliwon : Wasesa Sagara |
|
Dina Selasa Legi : Wasesa Segara Paing : Satria Wirang Pon : Satria Wibawa Wage : Lebu Katiyub Angin Kliwon : Sumur Sinaba |
Dina Sabtu Legi : Bumi Kapethak Paing : Satria Wibawa Pon : Wasesa Sagara Wage : Satria Wirang Kliwon : Tunggak Semi |
|
Dina Rebo Legi : Sumur Sinaba Paing : Wasesa Segara Pon : Bumi Kapethak Wage : Satria Wibawa Kliwon : Lebu Katiyub Angin |
|
* Nyuwun gunging pangaksami bilih wonten ngandhap punika mawi Basa Jawi ngoko.
PETUNG PANCASUDA
Kangge nikahake temanten.
Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi:
|
NEPTUNING DINA |
NEPTUNING PASARAN |
|
Ahad |
Legi |
|
Senen |
Pahing |
|
Selasa |
P o n |
|
Rabu |
Wage |
|
Kemis |
Kliwon |
|
Jumat |
|
|
Sabtu |
|
Lamun gunggungan saka neptuning dina lan neptuning pasaran mau tinemu wilangan :
1. 7, iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase .
2. 2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara.
3. 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng.
4. 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan.
5. 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke.
6. 6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu.
SEJARAH DINTEN PEKENAN WULAN TAUN
PAWUKON SA’AT TUWIN WINDU
Kanjeng Nabi Idris saweg jumeneng Nata wonten ing nagari Malebari, punika karsa angleluri, anulad amastani dinten. Semanten etanging taun surya 1020 taun awit saking Kanjeng Nabi Adam. Ing ngandhap punika pratelanipun dintenSamsu, Kammar, Marih, ‘Atarit, Mustari, Johar lan Jokal Punika panganggitipun dinten ingkang kaping sepisan.
Nomer kekalih Kanjeng Nabi Idris, saweg jumeneng Nata wonten nagari ing Babel, lajeng Kanjeng Sultan Harmasulhakim, karsa anganggit amastani adamel dinten malih, anuju ing taun surya 1028. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten Awal, Ahwal, Dibar, Jibari, Munisa, ‘Arobah lan Sayar. Punika panganggitipun dinten ingkang kaping kalih. Ing ngandhap punika etangan warsa:
# Kamal
# Sur
# Joja
# Sirtan
# ‘Asat
# Sunbullah
# Mijan
# ‘Akrab
# Kus
# Jadi
# Dalwi
# Kut
Wonten ing P. Jawa ingkang jumeneng Nata Sri Maha Raja Buddhawaka, negari ing Gilingwesi, anenulad anganggit dinten, ingakng setunggal dinten 5, kekalih dinten 7, tetiga wanci 5 dipun wastani sa’at, sakawan masa, panganggitipun Resi Raddhi sakawan wau sinangkalan : Masa angler manglar (taun 296).
|
Dinten 5 Legi Paing Pon Wage Kliwon |
Dinten 7 Radite Soma Anggara Buddha Respati Sukra Saniscara |
Wanci 5 kawastanan sa’at Maheswara Bisnu Brahma Sri Kala
|
Masa 12:
|
Kartika Pusa Manggasri Sitra |
Manggakala Naya Palguna Wisaka |
Jita Srawana Padrawana Asuji |
Jumeneng Ratu Rama ing Ayodya, Kraton binathara, ambawahaken tanah Hindhu sadaya, pujangga tetiga, sami anganggit lambang piyambak-piyambak, dipun wastani windu, panganggitipun windu, empu tetiga wau, sinangkalan : Rasa warna suci (446)
Windu anggitanipun Resi Walmiki:
|
Windu Adi Windu Sancaya Windu Kunthara Windu Sangara |
Windu Kawanda Windu Wahana Windu Sangkaya Windu Pranila |
Windu Tirta Windu Antara Windu Manggada Windu Murka |
Windu anggitanipun Resi Wisakarma :
|
Windu Kawanda Windu Wahana Windu Sangkara |
Windu Pranila Windu Tirta Windu Tirta |
Windu Manggada Windu Murka |
Windu anggitanipun Resi Wasusarma
|
Windu Kararti Windu Kara |
Windu Setra Windu Karta |
Windu Praniti Windu Pranila |
Kanjeng Nabi Muhammad S.a.w punika inggih karsa anenulad, amastani adamel dinten utawi wulan taun, panganggitipun nalika yuswa 33 taun, taksih jumeneng wonten ing Mekkah, sareng yuswa 40 taun pindhah dhumateng nagari ing Madinah ing warsa Je jumeneng wonten nagari ing Madinah 25 taun seda, lajeng kasarekaken kadhaton ing Madinah.Amangsuli cariyos panganggitipun ing dinten wulan taun, sinangkalan : Tata pandhita gati (575)
|
Dinten 7 : Ahad Isnain Salasa Arbaa Khamis Jum’at Sabtu |
Taun 8 : Wawu Jimakhir Alip Ehe Jimawal Je Dal Be |
Wulan 12 : Sura Sapar Mulud Rabi’ulawal Rabi’ulakhir Jumadilawal Jumadilakhir Rajab Sa’ban Ramadhan Syawal Dzulka’idah Besar |


ariwinoto berkata,
Agustus 28, 2008 pada 2:20 am
matur nuwun ki raka ….
primbon berkata,
September 22, 2008 pada 6:23 am
jangan mudah percaya dengan ramalan, itu semuya tipu daya setan,
begitu juga dengan primbon, semuanya adalah permai9nan setan yang bertyujuan untuk menyesatklan manusia.
sabdalangit berkata,
Oktober 6, 2008 pada 2:58 pm
Wahduh sampeyan ki primbon….,
ramalan dan primbon itu kan ilmu pengetahuan berdasarkan kebiasaan titen (menandai dgn seksama) teradap simbol/bahasa alam dari kejadian-kejadian2 sunatullah, ya bahasa kebesaran Illahi…gunanya untuk memprediksi terhadap keadaan futuristik, seperti halnya prediksi dan ramalan bahwa akan terjadi pengeboman menara WTC amerika oleh nostradamus, toh ramalannya terjadi juga. Ramalan/prediksi gunanya tidak lain agar manusia lebih hati2 bertindak, eling lan waspada, apakah setan sebaik itu ?? Ramalan Rng Ronggowarsito kapan Indonesia akan merdeka dari penjajah, juga terbukti tepat tahunnya. Semua atas ijin Tuhan, tanpa ijinnya manusia gak akan bisa ngramal.
Lantas tanda-tanda kiamat juga termasuk prediksi atau ramalan. Ingat ya, Tak kan ada ramalan yg datang dari Tuhan. krn Tuhan sendiri Maha Kehendak dan Maha Tahu, ngapain main ramal-meramal kehendakNya sendiri.
Jangan2 anda menganggap juga ramalan cuaca itu tipudaya setan ????
Hati-hati anda menuduh mengkambinghitamkan setan, jangan2 setan lah yg telah menutup mata hati dan mata batin anda sehingga bebal nerima kemurahan dari Allah SWT. dan merasa sok bener, paling bener itupun sesungguhnya hasil karya setan lho….
Iriyanto Kanim berkata,
November 1, 2008 pada 1:54 pm
Bener tuh mas primbon kata mas Samdalangit tuh, … kita sebagai manusia hanya bisa berusahan untuk berbuat sesuatu yg baik. Jadi itung itungan itu hanya sekedar kita untuk berusaha waspada dan hati-hati agar kita selamat dunia dan akherat.
oke mas primbon cobalah belajar dari pengalaman orang-orang dulu.
Bayu berkata,
November 3, 2008 pada 5:44 pm
Nuwun sewu mas Sabdalangit, mbok le nuturi mas primbon sing luwih mantep maneh, itu loh mas salah satu bukti keberhasilan PEMBODOHAN oleh konsepsi import…….welleh..welleh
rangga berkata,
Desember 23, 2008 pada 2:35 pm
kang kumitir tambahin ttng pasarane dino nurut lakune>>>tankz>>>fans berat akulo kang>>>
rangga berkata,
Desember 23, 2008 pada 2:36 pm
lakune dino???teros ngadep parane dino
cepet kang yo>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>
hadi berkata,
Januari 14, 2009 pada 3:54 am
sakmeniko kula remen maos artikeipun panjenengan. Budaya jawi ingkang luhur perlu dilestareaken.
sabda langit, guntur-guntur, kejugrugan gunung emas.
hadi berkata,
Januari 14, 2009 pada 3:56 am
gembosxiipa2.blogspot.com
basajawa.co.cc berkata,
Januari 25, 2009 pada 4:13 pm
maturnuwun sanget panjenengan nguri-uri kabudayan Jawi ingkang adhi luhung
agus supriyadi berkata,
Maret 24, 2009 pada 4:26 am
saya ini memang di akhir tahun kok sulit rejeki kita apakah bisa pulih lagi lagian pula malah terbelit hutanng mohon saran dan petunjuk terima kasih
ilyas berkata,
Juni 20, 2009 pada 5:46 pm
mas aq anak kalimantan yang kuliah di jogja, saya mau belajar primbon jawa dimana ya???? soalnya saya tertarik banget ,,,,,tolong kasih informasinya ya!
thank u,,,ilyas
tolong di balas ke email saya ya (ilyaz.okay@yahoo.com)
Pranast berkata,
Juni 24, 2009 pada 8:41 am
kang mas, kulo ajeng nderek tangklet. upami wonten tiang laire dinthen senen pon, meniko primbone kepripun?! mohon diparingi ngertos. maturnuwun.
bawano berkata,
September 6, 2009 pada 12:24 pm
kulo nyuwun pirso pak. bapak angsal ongko (bilangan) neptu dino lan pasan saking pundi. cara nipun ngetang pripun conto ahad =5 niki asale saking pundi dasaripun menopo.
indriyanto berkata,
September 18, 2009 pada 7:18 pm
Matur nuwun sanget niki… tapi nek saget mang di tambah terjemahan nasionalan ngeh…??? nggo…
juve berkata,
Oktober 12, 2009 pada 1:33 am
apa arti bumi kapethak
mien werdianti berkata,
Oktober 13, 2009 pada 9:07 am
Ingkang damel jembar kados samodrà penggalih tuwin manahipun Ki Sabdà Langit, yen wonten pribadi ingkang sasar susur anggénipun nyacat
piwulangan panjenengan ingkang sak estunipun leres2 adiluhung, saget kagem tetulung sedérék2 utawi ndadosaken émut sejatusipun gesang.
Kados sintenkemawon yen nembé nguri2 kebecikan, mboten luput iblis mbejajail tumut cawé2 gawé ramé, Milà menikà kulà suwun ugi dumaténg Ki Sabdà Langit sampun ngantosa owah gingsir menawi maos komentar ingkang mboten selaras (ngapunten) kalian penemunipun panjenengan dalem.Ageng maturnuwun kulà sedianipun
panjenengan adamel blog Alang2 Kumitir.Berkah Gusti Pangeran Hyang Maha Agung tansah tumumplak wonten Panjenenganipun amin.