BAB III. LARANING LUPUT LAN KEPENAKING BENER


Laraning luput arane : PANANDHANG.

Kapenaking bener diarani ; GANJARAN.

Bener lan lupute dalah kapenak lan larane, ka-aranan : KARMA kang ateges PANGGAWE lan UWOHING panggawe.

Ngrumangsani luput karepe : ngreti lan ngakoni benering pangadilan kodrat.

Patraping ati ing bab ngrumangsani ngakoni benering pangadilan, arane : panarima, tembunge Arab : rila. Iku tumraping ati tumrap pangadilan kodrat. Yen katembungake mlayu : “Sikap hati terhadap pada keadilan kodrat”.

Rila iku nyirnakake panganggep : SIKSA; marang panandhang, netepake : KAPRELUAN.

Iya rila iku kang nyirnakake panandhang ing ati, marga traping ati SARUJUK lan lakuning pangadilan.

Pamarsudi marang : BENER nyuda kehing luput.

Katemuning BENER mahanani : padhang lan kasantosan, yaiku kalepasan lan kamardikan.

Wong ngresula, ngesah, manglah, sambat, meri sapanunggalane, iku asal saka : ora sarujuking trape ati karo empaning pangadilan.

Kabeh iku ngemu rasa : GUGAT marang empaning kodrat, dening dirasa ora adil.

Tarike maneh : nganakake pambakuh, nepsu, muring, pegel, anyel, mangkel, njontong, kesuh, lara ati, masgul, gething, ewa, gela, cuwa, panas sapanunggalane. Iku wis kalebu ana putuning luput. Sanajan ora ateges GUGAT marang pangadilan, nanging luput enggone ORA WERUH marang SABABE nemoni kang mangkono, lan luput enggone ORA WERUH KLIRUNING ATINE ing wektu iku. Sabanjure : sanajan kang mung nggeges, ngeres, trenyuh, keduwung, marang, giris, gila, kaget, sapanunggalane, rehne iku EWONING LARA, mangka lara iku oleh-olehaning luput, dadi tetela ya asal saka luput, kang wis ora kasumurupan asal-usule.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA

2 thoughts on “BAB III. LARANING LUPUT LAN KEPENAKING BENER

Leave a comment