BAB IV. R U M A S A


Rumasa iku plawangan marang : BENERING BENER.

Rumasa iku karepe : meruhi lupute utawa cacade dhewe.

Kaluputan utawa cacad iku mesthi kebanjur kelantur-lantur, YEN ORA DIBENERAKE utawa DI-OWAHI.

mBenerake utawa ngowahi iku ora bisa klakon, yen ora kanthi NIYAT.

Niyat iku ora bakal ana : sadurunge RUMASA.

Sepi saka rumasa : wuk tanpa dadi.

Meruhi kaluputan utawa cacad, bisane genah mung yen kanthi TLATEN LAN NASTITI.

DADI niyat meruhi lupute, kanthi tlaten lan nastiti, iku sangu angka 1 (siji) tumrap wong ngudi kawruh kasunyatan.

Saya kasdu lan tlaten, saya cukup sangune. Kosokbaline : saya kurang rumasane, ndadekake kurang tlatene.

Marsudi gedhening rumasa, apa dene kasdu lan tlatene nggoleki kaluputane, prayoga diprelokake banget, supaya AJA NGANTI KURANG CUKUP.

Manungsa yen niyat kanthi temen-temen marsudi kawruh kasunyatan, iku panggaweyane kang ajeg : PRAYITNA lan AWAS ngulat-ulatake KAREPE ing saben dina. Aja mengeng enggone ANGON KAREP, aja weya anggone njinggleng thukuling niyat.

YA ANGON KAREP LAN NJINGGLENG NIYAT iku kang aran kasdu tlaten mbenerake lupute utawa ngowahi cacade.

Angon lan njinggleng mau cekake : netepi abon-aboning panembah kanggo ing rina wengi.

Saya tetep panganggoning abon-abon, saya sisip lalmuk rergede.

Saya suda kaluputane, utawa cacade, saya nyedhaki marang nugraha (sipat kapangeranan).

Mripat kang katutupan blolok kandel, katone : jagad iki peteng kebak lelamuk kaya pedhut.

Ora weruhing mripat marang padhanging srengenge iku, marga katemplekan ing rereged kang aran blolok mau.

Upama pikiran NGANDEL bae marang mripate, iku mujudake KALUPUTAN RANGKEP, yaiku : kang sapisan, enggone netepake yen jagad iki peteng kebak lelamuk. Kapindho : enggone ora weruh ana blolok ing mripate.

Pikiran kang precaya bae marang mripat kang ngapusi mangkono iku, dadiya gambare wong ora rumasa.

Enggone netepake PETENG marang jagad, iku nunggal teges karo enggone netepake, TANPA REREGED ing mripate. Katetepan rong prakara kang luput iku mau, NYIRNAKAKE NIYAT ngresiki rereged. Dadi sangu kang angka I, tumraping wong ngudi padhanging mripate kang bloloken iku : NGAKONI ANANING BLOLOK ING MRIPAT, sarta NIYAT NGRESIKI BLOLOK.

Pangambu, pangrungu pangrasa ilat lan pangrasa badan iku, ya sok ngapusi kaya si-pandulu, samangsa kanggonan rereged utawa lelara.

Kang mangkono iku yen PIKIRAN KELU, mujudake KALUPUTAN RANGKEP tumrap pikiran.

Ing dhuwur iki kanggo pepindhan : SUKMA yen kelu marang pancadriya (angen-angen lan rahsa).

Suksma upamakna : pikiran. Mripat upamakna : angen-angen rahsa. Hawa nepsu minangko blolok.

Rereged utawa lelaraning pancadriya marakake ORA WERUH marang kasunyatan, kaya dene sipandulu enggone ora weruh marang padhanging srengenge.

Kang mangkono iku yen suksma NGANDEL BAE (KELU) marang angen-angen lan rahsane, ndadekake kabodhowan rangkep, yaiku : kang sapisan enggone ora meruhi (ora precaya) marang kasunyatan, kang kapindho enggone ora meruhi (ora ngakoni) marang rereged utawa lelara kang dumunung ing angen-angen lan rahsane. Wasana banjur netepake yen padhanging kasunyatan pancen ORA ANA sarta dheweke ORA REGED.

Ngakoni utuwa meruhi reregeding angen-angen lan rahsa mau BISANE TERANG, yen kanthi tlaten lan nastiti sajroning kaenengan (resik). Saya tlaten lan nastiti, saya terang marang luputing angen-angen apa dene cacading rahsane. Saya awas lan prayitna enggone njinggleng kaniyatane, saya suda sisip reregede, ndadekake saya trewaca tingaling Rasane.

Mripat kang ora bisa weruh salawase marang padhanging srengenge, kasebut wuta. Kang bisa weruh, diarani ndulu.

Ndulu iku beja, wuta iku apes.

Lire weruh kasunyatan iku SIRNA KALUPUTAN LAN LELARANING PANCADRIYA, sirnane mau ndadekake terwacaning suksmane marang kasunyatan.

Lire wuta marang kasunyatan iku ora bisa ndulu salawase marang kasunyatan, marga pancadriyane nandhang lara utawa kebak rereged (hawa napsu), kang banjur ora bisa ndulu.

Mangkono iku, yen rinasa-rasa, tetela : wuta tumrap kasunyatan iku kena katembungake wutaning wuta, lire : luwih wuta tinimbang wutaning mripat wiwit lair. Awit : wuta marang srengenge iku mung sadhela, tur tumrap prekara sapele. Balik wuta marang kasunyatan, iku banget lawase, tur tumrap prakara preluning prelu.

Manungsa kang NGAKU marang ananing kasunyatan, sarta enggone ora weruh iku diakoni MARGA SAKA REREGED LAN LELARANING ANGEN-ANGEN LAN RAHSANE, manungsa kang mangkono wis ewoning rumasa.

Saka dayaning rumasa mau, bisa thukul niyate nggoleki kaluputane utawa reregede.

Dene TLATENE lan NASTITINE gumantung ing KASDUNE, yaiku : BANTERING NIYAT.

*******

KINANTHI

Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening. (Wedhatama Winardi).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

8 thoughts on “BAB IV. R U M A S A

  1. WINARNO

    Salam kenal dan sekaligus minta ijin gabung di padepokan Mas Kumitir.
    Saya pingin belajar ilmu kasunyatan, tolong Mas Kumitir tunjukkan kepada sia
    pa dan dimana saya bisa belajar. Maturnuwun atas bantuannya.

  2. Dedi Supriadi

    Pengetahuan Rasa yang tertulis hanya ada dalam bentuk tembang, tembang jawa merupakan kitab sucinya orang jawa (mocopat), keakuratan daripada tembang diawali dengan bawa (pengantar tembang dalam bentuk percakapan). Bawa dan judul tembang beserta isi bait dipergunakan sebagai alamat bagi orang jawa yang waskita untuk ricek. Bawa dan tembang yang sudah mendapat checklist hanya dapat digunakan sebagai pengetahuan saja, Jika berkeinginan menjadi ilmu pengetahuan maka diharuskan belajar langsung ke Nara sumber.

  3. Mas Kumitir

    @KENYA, NGAPUNTEN MAS SAYA KURANG TAHU, TP KALAU MAU CARI SILAHKAN ANDA DATANG KE PUSAT BUKU2 BEKAS DI DAERAH VELODRUM MALANG, MAS BISA PESAN UNTUK MENCARIKAN.

  4. kenya

    mas Kumitir! Tolong minta informasi, saya pengen punya buku “Kuntji Swarga” (Miftahul Jannati) oleh: Faqier Abdul Haqq Yayasan Djojobojo.
    Yg ada d’mana ya mas!
    Matur suwun!

Leave a comment