Endi ta : wujude kang aran Rasa sajati?
Wujude : ora bisa dinulu karo mripat kang isih kasar.
Yen kena dinulu, yen nganggo gaibing pandulu.
Yen tumrap kang isih kasar, kenane mung DIRASAKAKE.
Lire : dititeni bedaning Rasa karo kang aran rahsa.
Mungguh titikane kang aran Rasa jati mau, yaiku :
Kang ajak rila.
Kang ajak narima.
Kang ajak eling marang Pangeran.
Kang ajak ayem tentrem.
Kang ajak jenjem.
Kang ajak welas asih marang manungsa.
Kang ajak pracaya marang kabatinan.
Kang ajak sukur marang Pangeran.
Kang ajak betah ijen.
Kang ajak sareh.
Kang ajak bungah ora susah.
Kang ajak ora was sumelang.
Kang ajak ora bosenan.
Kang ajak ora sungkanan.
Kang pracaya kanthi kandel-kumandel marang kabatinan.
Yen karingkes : Kang ajak adhem lan sumeleh.
Ananging, iku mau aja dikira wis tulen (giliging Rasa) sabab iku mung lagu pucuke bae. Isih kacampuran ing alusing rahsa (Mutmainah alus).
Ewa dene ….. sing sapa wis bisa nggayuh pucuking Rasa sajati, sanajan mung lagi pucuk tur isih kamoran rahsa ….. ya wis kanggonan ing katentreman, kaweningan, karilan, kasabaran sapanunggalane. Mratandhani wis alus rahsane.
Wong kang pangudine wis bisa mangkono, ka-aranan wis mingis, lire : wiwit kegorek Rasa jatine.
Wong kang wis mingis Rasa jatine, bisa mintir salate kang klawan ora ngrasa sayah utawa bosen.
Apa sababe. Sababe yaiku : kang makarti ora mung angen-angen lan rahsa bae, nanging nganggo katumusan pakartining Rasa sajati. Dadi nalika mintir mau : Rasa jati tuwin angen-angen lan rahsa : padha makarti kabeh.
Ing kono Rasa jati ndayani marang karilan, katentreman, kajen-jeman, betah ijen, ora bosen, tajem sapanunggalane. Angen-angen ngelingi marang salate, dene rahsane ngrasakake marang lakuning angin.
Dene wong kang durung mingis, mung lagi tekan angen-angen lan rahsa. Mulane enggal krasa sayah lan bosen tuwin sangkanan.
Kapriye bisane mingis??
Ora ana maneh kejaba mung tlaten, ngulinakake salat sarta netepi ugering kasusilan.
Sawise mingis, manawa lestari pangudine, sangsaya lawas sangsaya alus rahsane, wasana bisa gathuk (jumbuh saperangan) karo Rasa sajati. Ing kono wiwit sirna watuning suksmane, lire wiwit bisa ngungak marang wewengkoning kasunyatan.*****
KINANTHI
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis mingis, pasah wukir reksamuka, kekes srabedaning budi. (Wedhatama Winardi).
…@@@…
Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.
eng kang’seng diwastani ingsun sejati sejati ingsun niku sepundi pa”’monggo diterang aken kersane…paham
Assalamu’alaikum.
Mas Kumitir, saya gak bisa komen nih karna gak ngerti bahasanya, tolong dong diterjemahkan.
Wassalam.
Assalamualaikum,
wah saya sulit nangkapnya kr sy ARUDAM asli……..sungguh Mas Kumitir saya saangat senang dan berminat dg tulisan anda…….kalau bisa terjemahkan ya biar nggak bingung……………..
wassalam
kalo bisa dikasih terjemahan bahasa indonesia mas, artikelnya bagus. nuwun
Rasa Sejati merupakan induknya ilmu pengetahuan bagi manusia, pengetahuan ini (diterjemahkan ma’rifat) dikenal oleh ulama mekah sejak Sunan Kalijaga menunaikan Ibadah Haji, sejak saat itu ulama mekah sepakat untuk mengaji pada orang jawa yang menunaikan ibadah haji. Sunan Kalijaga memperoleh pengetahuan tersebut dari Nabi Khidir pada saat Sunan Kali Jaga berguru kepada Sunan Bonang (Sunan Bonang keturunan China), namun Sunan Bonang tidak langsung mengangkat jadi murid tapi menyuruh Sunan Kalijaga menunggu di kali. Saat sunan Bonang ingat ada murid yang ingin berguru menemui Sunan Kalijaga badannya berlumut dan rambutnya panjang, menyuruh segera berdiri. Saat itulah Sunan Kalijaga mengucapkan terima kasih kepada Sunan Bonang telah mengajari pengetahuan. Sunan Bonang kaget karena tidak merasa mengajari pengetahuan dan mohon maaf karena lupa. Sunan Kalijaga juga kaget karena yang datang berkali-kali mengajari pengetahuan adalah guru. Sunan Bonang menemui Sunan Kali Jaga saat menyuruh dan saat ingat, jadi belum pernah mengajarkan pengetahuan kepada Sunan Kalijaga. Implikasi dari sejarah pembelajaran rasa sejati adalah bagi orang islam yang sudah mencapai prodikat ulama, proses pembelajaran langsung interaksi antara guru dan peserta didik. Fungsi guru adalah memberikan petunjuk (disebut guru tuduh) kepada peserta didik agar peserta didik dapat menemui guru sejati yang akan mengajari pengetahuan, bukan mengajarkan materi ilmu pengetahuan (marifat). Sebagai guru tuduh dapat dapat dilakukan oleh bangsa darimana saja dan termasuk golongan wali, sebagai peserta didik dari bangsa lain di luar jawa hanya golongan ulama, untuk menjadi guru sejati hanya berlaku bagi bangsa jawa. Fungsi Guru sejati adalah memberikan petunjuk atau metode lelaku yang perlu dilakukan bagi peserta didik untuk mencapai tingkat kesucian tertentu agar peserta didik dapat menemui sejatinya guru atau melaksanakan hidup dengan rasa sejati, sehingga menjadi Insan kamil. Tulisan tulisan sastra diatas tetap diperlukan dan baik untuk pembaca karena sifatnya sebagai informasi.
ORA LIWAT MUGOA KADULU INGSUCINING KANGMAHA SUCI TINOMPO UGO KADAKU BEBENERING GUMELAR FII AHSANITAQWIM NGGIH KIMAS KUMITIR ..SUWUN SEWU SUWUN …UTAMINIPUN AWAKDW CUT ANAKPUTU PARINGONO GEGEBENGAN ROSA INGNDALEM NYIKAPI JAMAN KALABENDU GEK MALIK GREMBYANG DADI JAMAN EMAS INTENE ANAKPUTU SEBAB LEH PODO PINTER NYIKAPI HARDANING NEPSU..FIDDUNYA HASANAH WAFILAKHIROTI HASANAH DHONEMU…SEPUNTEN UGI SUWUN KIMAS SUWUN
Rahayu mas kumitir. sampun sepasar langkung kulo tenggo BAB VI terusanipun RASA SAJATI. saestu kulo ajeng ajeng mas Kumitir, mugi-mugi sageto enggal medal dateng “NASKAH ENGGAL”. matur nuwun RAHAYU.
Rasa sejati
Rasa kang suci sejati
Sejatine rasa Ingsun sejati
Ateges dununging Ingsun ana rasa sejati
Rasa suci sejati cahya Ingsun sejati
Rasa sejati
Pinangka tanda alenggahan suci
Pinangka suci sejatine kodrat
Pinangka pisowanan sejati
Pinangka jejere suci Ingsun sejati
Rasa sejati
Kalebu pinaringan suci Ingsun sejati
Awujud nur suci sabda sejati
Rasa kang suci ngejawab diri
Sowan sejati sucining diri
Ingsun sejati sejatine Ingsun
Suci pinangka sejatine rasa
Rasa pinangka sejatine suci
Jroning suci Ingsun sejati
Jumeneng suci Ingsun sejati
• Rasa Sejati.
Ateges : Pancer suci alenggah ning pribadi, pribadi suci alenggahan sejati, sejati suci, kalebu Ingsun sejati.
Ateges : Lahire sira kalebu rasa sejati sira, rasa sejati kang suci, tinempa lakuning urip, urip kang wis dijalani, uga kang durung dijalani, sapa sira kang angerteni jejere suci kang tinuju ana diri pribadi, bakal tinemu sucining rasa sejati, kang bisa agawe laku kasyuwargan
Sithik tur ya wigati tenan….. matur nuwun.