alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BAB II. ORA KEPENAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA


Ngrumangsani luput utawa reged iku lerege marang paniti priksa adiling kodrat.

Paniti priksa marang adiling kodrat iku lerege marang paniti priksa ing lupute dhewe, kang aran ngrumansani.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga bae yen iku : jaban, ora dadi barang bareng tumrap : jeron. Munggguh bab lase : sanajan gunungan njeblug lan perenga bratayuda pisan, iya njaban.

Anane ora kepenak marga luput, lupute : marga lali ing dhuwur iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yeng kang ora ngepenakake iku satemene iya PANGGAWENING ATINE DHEWE, dudu : SING ANA SAJABANING ATI. Yen dhasar batine bener lan resik temenan, mokal ora kepenak. Mungguh resik mau ana resik tumrap : Jaban, ana resik tumrap : Jeron.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yen anane

siksa saka dosa. Lire : anane ora kepenak saka luput. Mokal menawa ora marga dosa, utawa : mokal ana ora kepenak, merga bener lan resik. Ora susah adoh-adoh nglulur dosa kang wis klakon. Dosa saiki bae kang wus karuhan (nalika lagi ora kepenak bae). Dosane yaiku : dene dadak ngrasakakesing gawe ora kepenak, wong genah ngambah sing ora kepenak, kok ora nyimpang. Apa iku dudu luput. Rehne luput, apa ora tampa pasiksane. Sapata : sing prentah nglakoni gawe ora kepenak marang ati mau.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, wis ora susah takon maneh : mesthi saka lakuning atine dhewe sing susah, (salah pakarti), nyimpang saka : benering bener, yaiku bener jeron, dudu : bener jaban. Tandhaning  salah : kabukten enggone mujudake ora kepenak iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, mangka ora bisa mupus kaya ing dhuwur mau rehne angel, elinga : apa ORA BISA iku dudu kaluputan. Apa si ORA BISA utawa SI-ANGEL, arep dianggo gagaran anyelaki lupute. Ora weruh yen ORA BISA lan ANGEL iku wis kalebu marang luput, tegese : Iku wewengkoning luput, utawa anak putuning luput, dadi kalingane : mung saka DURUNG WERUH bae marang lupute. Dene ora weruh iku iya anak putuning luput maneh.

Yen nemoni apa-apa maneh kang ora ngepenaki ati, aja mung meruhi : sing ana sajabaning ati. Meruhana : sing ana sajroning ati atine dhewe. (Aja ngeling-eling SING DIRASAK-RASAKAKE ngelingana : SING DIANGGO ngrasak-ngrasakake).

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, takona marang pikire dhewe : apa ORA KEPENAK iku maedahi. Yen maedahi, karuwane oleh sengkut nandangi. Dene yen wis dhenger : ora maedahi, mangka teka ditrajang, iku salahe sapa. Cara jabane bae wis takon mangkene : sing maedahi IHTIYARE apa GELANE.

Yen nemoni apa-apa kang ora ora ngepenaki ati, yen durung ketemu lupute, ya isih luput enggone nggoleki. Tandhaning lupute : durung bisa nemokake iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenaki ati, mangka tetela saka luputing liyan sajabaning ati lan wis mupakat wong akeh yen mesthine utawa benere ora kepenak (marga wis lumrah) elinga bae yen iku lagi aran bener, durung : bebering bener.

Kang tinuju ing layang iki : BENERING BENER, ora mung BENER bae. Bener iku mung tumrap jaban. Benering bener tumrap jeron. Yen mung trima lumrah bae, ora susah mbicara jeron, awit mundhak dipurih kang nggayuh : benering bener, kang angeling-angel gayuh-gayuhane.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, nyobaa takon marang budine dhewe APA YA RASA JATI MELU ORA KEPENAK, REHNE WIS BENER, LUMRAH LAN MUPAKAT WONG SAJAGAD. Mesthi ora, awit rasa jati ora mesthi nganggep becik marang kang wis dianggep becik dening rahsa.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga paribasan Walanda : “De liefde is blind”, tegese : katresnan iku bisa micakake. Ora kepenak iku asal saka KABOTAN TRESNA marang dhirine. Iku kang micakake ati. Picaking ati : lali yen dhirine iku dudu bener-benering kahanan kang tumuju ing sih katresnane kang ngebeki jagad.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, AWAKMU TAKONANA DHEWE : he…….., pangudi, ketokna gawemu, sabab saiki aku lagi nemoni kang ora kepenak. Apa gunane aku ngudi kawruh batin, yen senengku mung yen : oleh kang lumrahe nyenengake, utawa : susah yen nemoni kang nusahake. Yen mung lumrah mangkono bae, ora leh dene ngudi kawruh kabatinan.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA

About these ads

5 Comments

  1. Rahayu Mas Kumitir , kulo badhe nyuwun pirso , menopo ingkang dipun wastani RAHSA meniko ? kulo nyuwun miterang sing jelas lan damang, amrgi kulo mboten mangertos artinipun , tapi kulo mangertos pigunanipun lan maksud tipun RAHSA. semanten kemawon kulo aturaken matur sembah nuwun RAHAYU.

  2. Rahayu wilujeng, Mas kumitir, kulo badhe nyuwun pirso maleh BAB VI menopo kok dereng dipun dal aken, smpun kulo ajeng ajeng saestu medalipun judul enggal BAB VI . mugi- mugi sageto cepet kawulo tenggo kawruh ipun BAB VI terusanipun BAB ROSO SAJATI. kulo nyadong dawuh matur sembah nuwun. sugeng dalu RAHAYU .

  3. abdi

    Leres …! engkang di aturakE sdulor nina darmoko..!
    dalem rumiyen natE ngrasak akE…….! nopo kEmawon yEn di wangsulaken ing manah piambak..! dadis ipun saE

  4. Nina Darmoko

    Sedoyo bab meniko balinipun dumateng pengga lih ipun piyambak.

  5. Hmmm, alhamdulillah …….. tambah methit.
    Mas kumitir, menapa wonten seratan inkang medaraken babagan “Tali Rasa”? Nuwun

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: