BAB VI. SANTOSA, TETEG, TAWAJUH


Rasa sajati : yaiku rasaning manusa sajati.

Murih ringkese, ka-aranan RASA bae, (panulise nganggo aksara gedhe).

Rasa sajati utawa : RASA mau, araning wujud, kang banget aluse.

Manusa sajati karo RASA : ora prelu dibedakake. Ya Manungsa sajati ya Rasa.

Ana uga kang nyebut : RASUL, karepe ya : RASA mau.

Manungsa sajati utawa RASA mau : ora duwe sayah, arip lan luwe. Awit saka iku, wong kang wus mingis Rasa jatine : adate maneh ora duwe sayah, arip lan luwe, manawa nggarap wewengkoning kawruh kabatinan.

Apa sababe wong mau yen nggarap babagan kawruh prasasat ora duwe sayah, arip lan luwe. Iku sababe : Rasa makarti dadi pangareping rahsa. Rahsa katumusan dayaning Rasa. Wasana si-rahsa akeh bageyane kang manut marang Rasa, kongsi rahsa ora bisa gawe sayah arip lan luwe.

Manungsa sajati utawa Rasa : ora duwe watah bungah utawa susah, kang dayane numusi marang rahsa, kongsi rahsa suda dayane enggone nedya bungah utawa susah.

Sudaning bungah utawa susah mau : mahanani lestarining kaelingan lan katentreman.

Uga bener ka-aranan mangkene : kandeling ka-elingan lan ka-tentreman, agawe sudaning kabungahan utawa kasusahan.

Alusing bungah wor lan eling : ka-aranan seneng.

Alusing susah kaworan eling : ka-aranan prihatin.

Alusing seneng lan prihatin, bisa amor dadi siji, ka-aranan : jumeneng eling lan tentrem.

Manungsa sajati utawa RASA : ora duwe watak dhemen utawa gething marang samubarang kadonyan. Awitsaka iku, wong kang wis mingis Rasa jatine, lumrahe yen dhemen marang sabarang prakara : ora banget. Mangkono uga yen gething marang apa-apa : ora banget. Malah kang wis diwasa manungsane sajati : meh ora nduweni dhemen utawa gething marang sabarang prekara.

Apa sababe? Sababe yaiku, Rasa kang makarti dadi pangareping rahsa. Dayaning RASA : numusi rahsa kang wis mingis dayane, kongsi rahsa ora kaconggah enggone nandukake RASA DHEMEN karo RASA GETHING : marang sabarang prekara.

Tipising rasa dhemen karo rasa gething mau : mahanani lestarining eling lan tentrem.

Uga bener ka-aranan mangkene : kandeling eling lan tentrem agawe tipising kadhemenan lan gegethingan.

Alusing rasa dhemen awor lan eling, ka-aranan tresna utawa Sih, mungguh Sih mau tumuju marang Rasa sajatine kabeh manungsa, ora nganggo milih.

Alusing gething awor lan eling : ka-aranan mrihatinake marang cacading liyan. Ing kono tuwuh karsa : tetulung supaya marenana cacade, adhedhasar welas asih.

Manungsa sajati utawa Rasa, ora duwe watak gumedhe sarta cilikan aten.

Gumedhe : tuggale kumingsun, kuminter, ambeg adigang adigung sapanunggalane, karingkes : ngegungake dhiri dening rumasa beja lan kawasa.

Cilikan aten tunggale : kekes, atis, dening ngrasa awake asor, apes bodho, cilaka sapanunggalane. Karingkes : Ngapesake dhiri rumasa cilaka.

Rasa jati ora kadunungan watak rong warna kang kosok balen iku mau, awit saka iku, wong kang wis mingis Rasa jatine, ora kanggonan rasa ngegungake dhiri lan ora kanggonan rasa kang ngesorake dhiri. Ora gumedhe lan ora cilikan aten.

Apa sababe? Sababe : ora liya saka tumusing Rasa jatine, kang ora watak mangkono. Rahsane : tipis dayane kang ajak kumawasa lan kang ngrasa apes. Wasana ora sumuk dening jujuling angen-angen, lan ora atis dening panglokro utawa buntuning angen-angen.

Tipising pangrasa beja lan pangrasa cilaka : mahanani lestarining eling lan tentrem.

Uga bener ka-aranan mangkene : kandeling eling lan tentrem, mahanani tipising watak gumedhe lan ngrasa apes.

Alusing kumingsun, kuminter, kumawasa sapanunggalane mau, awor eling, ka-aranan : pracaya marang dhiri.

Alusing pangrasa apes lan asor kaworan eling, ka-aranan : nalangsa marang Pangeran, kaworan eling, ka-aranan : jumeneng pribadi lan kasukcene.

Mangkono sapiturute.

Ringkese : wong kang wis dewasa manungsane sajati, watake bisa santosa, teteg utawa tawajuh, yen katempuh dening ombaking rahsa.

Kang aran panandhang iku ora mung bangsane lara, susah, gething, muring, mlarat, iku bae. Sanajan lemu, bungah, dhemen, sugih, enak kepenak, ya aran panandhang, sabab bisa nglimputi ka-elingan marang Pangeran tuwin katentreman.

****

GAMBUH

Sembah raga puniku, pakartine wong amangang laku, susucine asrana saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.

Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetokken anggit, mintokken kawignyanpun, sarengate elok-elok. (Wedhatana Winardi).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

12 thoughts on “BAB VI. SANTOSA, TETEG, TAWAJUH

  1. Dedi Supriadi

    Mas Wardoyo di Kulon, jika perlu anda buka website sastraculture.com mengenai artikel hidup, penghidupan dan kehidupan manusia. atau di blog Dedisupriadi.blog.unsoed.ac.id mengenai nilai hidup manusia ada pada rasa. Eta bahasa Indonesia eui ngan pemahaman dasar. jika Ingin memahami yang belum jelas maka sebaiknya komunikasi langsung dengan mas kumitir, trims.

  2. Dedi Supriadi

    Untuk Mas Tunardi, Bababagan rasa manusia tidak sampai pada pemahaman Tuhan berada di mana. Hanya sampai Asma/nama Allah saja. Tapi jika tuhan diartikan Rasul/utusan/Sukma/Rasa sejati/RASA maka merupakan suatu kewajiban untuk mengenal agar dapat menerima petunjuk jalan yang lurus, bagaiman seharusnya hidup di dunia, saat akan meninggal, dan dimana tempat tinggal anda setelah meninggal hidup sampai saat kiamat menjelang. Saya dukung Creativitas berfikir anda dan sebaiknya mengenal batas alam fikir maupun alam rasa. Semoga sukses.

  3. fufung

    Rahayu Mas Kumitir, matur sembah nuwun sampun penjenengan wedalaken BAB VIII NUNTUN NGRASAKAKE MARANG LIRE GATHUK LAN AWOR. mbenjang menopo maleh medal BAB IX , sampu kulo tenggo saestu Mas Kumitir judul BAB IX. kulo aturaken dumateng penjengan Mas Kumitir kulo matur nuwun sanget , kulo aturaken salam RAHAYU. kulo tenggo BAB IX matur nuwun.

  4. fufung

    Rahayu , mas kumitir jumat legi sampun medal naskah enggal ” WORING BUDI LAN ANGEN-ANGEN” kulo matur sembah nuwun diparingi bahan ingkang luhur mungguhe budi pekerti, mugi mugi panjenengan tansah pinaringan wilujeng Rahayu. la BAB ingkang terusipun benjang kapan mas kumitir saget medal maleh, meniko sampun dalem tenggo – tenggo. matur nuwun dalem aturaken poro kadang sedoyo salam RAHAYU.

  5. fufung

    Rahayu mas kumitir, mugi – mugi enggalo medal naskah enggal terusipun SANTOSA,TETEG,TAWAJUH, inggih meniko BAB VII. Kapan mas kumitir saget medal dateng mriki. matur nuwun RAHAYU.

  6. weedhayoko

    salam pamuji rahayu sedoyo sedulur lan para sesepuh ugi mas kumitir….
    salam karaharjan, salam silaturahmi….
    kulo aturaken mator sembah nuwon ingkang babagan punika, saged dadosaken ayem tentreming lan pepadang kangti manah,,,
    mator suwon mas kumitir,,,
    sepurane nyuwon pangapunten nalika bahasa kulo taseh amburadul,,, hee..

  7. TUNARDI

    pengertian di atas adalah barang siapa ngerti dirinya sendiri berarti dia akan tahu Tuhannya berada di mana, dan bila sudah tahu keberadaan Tuhannya, dia tidak akan sombong…apakah benar mas Kumitir???

  8. Mas Kumitir

    Salam hormat dumateng Bpk. Rahmat Giling,
    usul yang sangat menarik dan semoga para pembaca bog ini, yang mempunyai keahlian dalam menterjemahkan naskah2 yg berbahasa Jawa kedalam bhs Indonesia mau berbagi dengan para pembaca yang lain yg tdk mengerti bha Jawa. Mongga Pak Rahmat Giling…. kula dipun bantu menterjemahkan…..!!!!
    nuwun.

  9. Rahmat Giling

    Sangat pas …….. semoga yang tidak faham bhs jawa, AAK ada kelonggaran untuk menerjemahkan ke dalam bhs Indonesia, semoga…… Matur nuwun nggih Mas Kumitir.

Leave a comment