Category Archives: PITUTUR LAN PITUDUH

NGAKONI KALUPUTAN


Ngakoni kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha yekti yen wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman. Kosokbaline sapa kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang ora nduweni budi pekerti. Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut mlarat. Wóng kang ora nduweni pikiran iku luwih mlarat. Dene wong sing ora kadunungan budi pekerti mono klebu mlarat-mlarate wong.

Sing sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis kadhung katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu tindak kang asor, nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang ora gampang linakonan dening sadhengah wong. Iya wong kang wis bisa nduweni watak gelem ngakoni kaluputane mangkene iki pantes sinebut wong kang jujur sarta kasinungan ing budi luhur.

Batine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.

Para maos lan sutrisna budaya Jawi sumangga sami-sami dipun onceki ing bathosipun piyambak-piyambak suraosipun tembang sekar macapat “Ngakoni Kaluputan” sinawung ing dhandhanggula ing ngandhap punika sinambi ngleremaken rasa lan raga ing wayah ratri, mugya saged damel jampi sayah. Nuwun.

DHANDHANGGULA

1. rarasing reh kaarah mrih manis / den peng dera amedhar wasita / mastutyeng rehnya pra moncer / ngaliling kyeh pituduh / berawane bangkit dumeling / idhep kedhepa marang / kartitama luhung / tabet tilase ywa telas / dumugia salami murih arjanti / tatane kasusilan //

2. drenging driya andarung mawredi / amengeti dedeling kaardan / kang wus kontap kamurkane / keni lamun sinebut / bebete mung lupa kepati / patrape murang tata / titine suwung blung / mung umbag gumunggung dahat / ngegungake agenging kang surasekti / prawira widigdaya //

3. sugih aji jaya wijayanti / sanggyaning kang dewa Suralaya / mlayu tandhing lan dheweke / kawawas samya kawus / wose kasor guna lan sekti / nanging duk ayun lena / lana tyase ayu / rumasa ywan dahat lepat / tingkahe kang wus kalakyan wingi nguni / tarlen mung borong angga //

4. iku keni kinarya palupi / lepiyane watak lir mangkana / tyas utama tumaneme / dhuh babo anak putu / anyandhia wasita jati / jantranireng wardaya / kalamun wus luput / angakua tetep lepat / aywa ngeyel nayal-nayal lir nir budi / dadi wong ambeg nistha //

5. nguthuh kether tar wrin bener becik / cak-cakane mung nasar belasar / bakal asor temahane / beda kang tyas rahayu / mung ngakoni luputing dhiri / tan selak tan suminggah / mungguhing wong idhup / kudu idhep ngedhep marang / rerangkene sakyehning wasita yogi / prayoga ywa pepeka //

6. pepakeme mangkya den ungkabi / angken ingkang ruwiya duk purwa / risang Subali Pamase / narendrambeg dibyanung / ing Kiskendhaguwa winarni / duk sirarsa pralaya / kataman ing tembung / tetambang pangundhamana / myang den undhat-undhat ing narendra lewih / Prabu Ramawijaya //

7. pan mangkana dhawuhe sang aji / heh pantes yen sira wre candhala / mamak murang krama bae / tan wruh mring ala ayu / ingsun manah mring sira iki / tan bakal nemu papa / jer ingkang sinebut / jati-jatining satriya / kang utama tumanem wrin ala becik / kang sun nut tepa-tepa //

8. nora dosa ingsun amateni / marang sira wre durta angkara / sumurupa heh wre kowe / kabeh jroning wana gung / ingkang nedya babo mlarati / lan nedya laku ala / mring titah sawegung / yekti sun pateni padha / iya kabeh pakewuh jroning wanadri / sun buru ingsun kala //

9. sun susugi ya ingsun pikati / tapisa pra durmalaning jagad / lawan ingsun uwis suwe / myarsa terang kalamun / sira tetep wanara juti / nistha tar parikrama / Sugriwa adhimu / teka sira tegel tega / angalani sira misahaken nguni / Sugriwa lan swaminya //

10. Dewi Tara tandya sira ambil / sira alap dadi bojonira / lah iku tetep sira wre / anindaki nalutuh / sira pancen durtaning bumi / nihan wau duk myarsa / Subali Sang Prabu / mring dhawuhe Prabu Rama / kathik mathuk uninganira sayekti / meneng angungun dahat //

11. sigra nembah-nembah wus meh lalis / mempis-mempis wedharing suwara / heh Rama tuhu sira yen / kembanging bumi luhung / lah matia Subali iki / gelah-gelahing jagad / dhuh babo adhiku / Sugriwa suka tyas ingwang / miwah sukur dene sira den asihi / mring Dasarataputra //

12. kang wus sasat bathara linuwih / ingsun yayi andhingini ruwat / lah saka warnaningsun wre / ing besuk iya kumpul / tunggal enggenira lamlami / yen wus padha rinuwat / ing jawata besuk / ingsun kang keliwat ala / wus pasthining bathara ingsun prang tandhing / lawan kadang priyôngga //

13. sira antuk pahala sayekti / dene nora bebarengan ruwat / kalawan kakangmu kiye / ingkang dhingini ingsun / anampani sihing dewa di / sira yogya milua / karyaning dewa nung / sawusira amitungkas / Sang Prabu Subali ngulungaken aglis / kembang mas mring Sugriwa //

14. ingkang aneng janggane Subali / Sang Sugriwa anampani sigra / kinalungken ing janggane / wau Subali Prabu / dyan aniba lulus alalis / cinatur antuk swarga / ya ta kang winuwus / kag kari bala wanara / santana wre samya nembah mring Subali / kang wus prapteng pralaya //

15. wangke tinrap neng pancaka nuli / tinunu wus sirna tan kawuryan / mangkana Sugriwa reke / sumilih dadya ratu / akadhaton Kiskendha nguni / kang yasa Sri Narendra / Mesasura Prabu / wong agung dwi kaaturan / mring jro pura sakalangkung gengireng sih / wau Narpa Sugriwa //

16. dahat wimbuh-wimbuhnireng bekti / marang Sang Prabu Ramawijaya / datatita wuryaning reh / babo baya wus cukup / cekak cakep kinarya peling / ring sanggya para mudha / kang nedheng kelimput / muput luput kridhaning tyas / den andhadha dhadhagi andheging sisip / ywa ngeyel nayal-nayal //

17. pratingkah basa kyehning sujanmi / kang wus ngaku ngengkoki mring lepat / tetep wus jembar kawruhe / myang alus budinipun / janma ingkang alus ing budi / sawastu kang cinipta / mung ambeg rahayu / kanthi yitna lan waspada / saunggyane mung basuki kang pinanggih / ywa maido ing driya //