Category Archives: SERAT JASMANINGRAT

SERAT JASMANINGRAT


Pupuh I
Asmarandana

  1. Tatkala wiwit tinulis / ing dina Dite kasihnya / jam sawiji ing wayahe / ing wulan Rabingulawal / tanggal kaping sekawan / tahun Dal sengkelanipun / panca wiku sabda nata.

  2. Anenggih wulan Welandi / Pebriwari kang lumakya / nuju kaping salikure / tahunira pan ingetang / sewu astha tus kawan / dasa pitu langkungipun mangsanira kaping sapta.

  3. Julungpunud wuku neki / kang angka Mertawinarna / tri atus dasa kalih / karsanira sri narendra / Jeng Sultan Mengku Bwana / Senapati Ngalageku / Ngabdurrahman Sayidina.

  4. Panata gama sang aji / Kalipatollah ping gangsal / hanenggih kumendur sekyeng / Bintang Leyo ing Nederlan / kang ngergani keretyan / Ngayogyakarta rat agung / amangun srat Jasmaningrat.

  5. Ngelmu sarengat kang dhingin / kapindho ngelmu Tarekat / katiga Akekat mangko / kaping sekawan makrifat / punika kang pinurwa / tedah jalma kang dereng wruh / amrih pecahe galihnya.

  6. Ingkang pinurwa kariyin / masalah ngelmu sarengat / pangurakan saenggane / kang kocap wektu lelima / luhur kelawan ngasar / maghrib ngisa lawan subuh / punika arebut karya.

  7. Kang tan kocap wektu kalih / jangkepe wektu kang sapta / dadi pangiren kancane / wektu kalih ika dina / tan nunggil wetu lima / punika kang dadi wuwus / dene ngisa karyanira.

  8. Minal witri ngatal witri / punika kang den bicara / dereng mudhun sakaryane / agung angrembuyong kewala / sabarang karyanira / ngucira salamenipun / marmane paben aramya.

  9. Ki asar mahrib angling / ki ngisa ki subuh mojar / mara ki luhur sabdane / marmane wong kalih ika / sakalir barang karya / punika tan purun mudhun / manira boya narima.

  10. Minal witri ngatal witri / punika samya suwita / pangane samya pinacen / teka anglidhung kewala / kawula tan narima / sun ungkih sak kayanipun / Ki Luhur aris angucap.

  11. Yen mengkono eca mami / payo den ungkih ing kathah / dimen medhuna gawene / apan dhimin sri narendra / anggadhah pangandika / wong roro kinen akumpul / sareng mundur sareng mara.

  12. Lah nedha tinata kardi / leheng katura ing suksma / iku tedha karyane / Kehe Ngasar asru mojar / inggih leres punika / samya sinung karyanipun / Ki Mahrib asru wecana.

  13. Punika pan reres ugi / kahe Ngisa asru mojar / nedha tinata gawene / adum karya wong lelima / ramening pangurakan / Ki Subuh asru amuwus / ingsun pan nora kuwasa.

  14. Angiring wong kalih iki / iku uga wong gegantungan / datan purun ngiri ingong / dereng wonten pangandika / iya tan purun ingwang / Ki Luhur asru amuwus / ya ingsun datan sakeca.

  15. Kasaru utusan prapti / Ki Patih Jabrail ika / marang pangurakan age / sakeh wadya pangurakan / cingak sirep sedaya / sadhateng duta agung / Ki Patih Jabrail ngucap.

  16. Samya padu apa iki / rame-rame neng patirtan / Ki Luhur alon wuwuse / punika apaben karya / ingkang dadya bicara / kang ngrambyong marang Ki Subuh / dipun ungkih karyanira.

  17. Pun Manalwitri puniki / raka Ngatalwitri punika / dipun iri sakarsane / punika tan purun nebda / saliring barang ing karya / marmanipun dadi padu / punika sumangga karsa.

  18. Ki Patih Jabrail angling / iku aja geru sira / anata barang gawene / iya wong kalih punika / barang gawene pisah / sinelir dening Hyang agung / iku andikaning Allah.

  19. Heh ta wong roro puniki / salire barange sinongga / iku darbe karya dhewe / prenahe aneng ngayunan / ajaga karyaning Hyang / ing siyang kelawan dalu / asaos karsaning suksma.

  20. Jabrail kagyat ningali / Ywa sarengat lunga saba / kawayang mangkya tandange / Patih Jabrail angucap / amangsit wong lelima / lah iya ika gustimu / ingkang lagya mangkat seba.

  21. Lah padha ngiringa sami / menek sira keri seba / den enggal mangkata kabeh / wong lima samya ngiringa / gowoa upacara / wong lelima mangkat sampun / rumeksa ing gustenira.

  22. Sarengat kagyat ningali / yen kancanira tut wuntat / kalintang bungah manahe / lumampah sarwi obengan / tekbire datan pegat / sarta lan tilawatipun / dhikiripun datan pegat.

  23. Tesbehipun anelahi / mutyara ingkang kinarya / pinalisir sutra jene / bawang sabungkul dhestarnya / mawi koncer apanjang / asri munggeng gigiripun / besusipun angarangan.

  24. Angermpayak lampahneki / pan lambeyan turut marga / pan kulaweran dhestare / sumekta rasukan jubah / lungsir pethak apelag / ngagem gonda merbuk arum / pan sineret dhestarira.

  25. arubed dennya lumaris / tur asareh bundenira / awratning busanane / amberegong polahira / besuse lengulengan / milang tindak lampahipun / lir pedah jalma bedhayan.

  26. Kang ngiring mesem pra sami / aningali gustenira / gumuyu dening polahe / Luhur kalawan Ki Asar / Ki Mahrib loan Ki Ngisa / Ki Subuh esmu gumuyu / samya beda upacara.

  27. Pengawinan datan keri / sigegen datan winarna / gentia kocap mangko / kang kemit Ki Sokasana / lagi apadu karya / Ki badan lawan Kalbu / Ki Osek lawan Ki Jawa.

  28. Parimona lan Ki Budi / kelawan Ki Panarima / Ki Tapsi lan Ki Elinge / pan sami apadu karya / wong kalih dereng nebda / dipun ungkih karyanipun / eling lawan panarima.

  29. Ingkang tinata ing kardi / nenggih wau Ki Tapsila / dene angrembyong ing gawe / wong roro ngrembyong kewala / Ki Eling Ki Panarima / ing karyane datan medhun / Ki Badan aris aturnya.

  30. Lah nedha wong kalih iki / samya tinata karyanya / ana teka ngrembyong bae / Ki Eroh aris angucap / bener ujar punika / tan ana karyane iku / Ki Panarima aris angucap.

  31. Lah nedha denira kardi / punika pan wong ngangguran / Ki Osek alon wuwuse / pnede mengkono uga / puniku dereng nongga / marang pakaryanireku / lamine nganggur kewala.

  32. Ki Terima eling aris / pesthi manira tan trima / iku para jalukane / ing karyane wong punika / iku pan gegantungan / kinasiyan mring gustimu / lamun ana pangandika.

  33. Karyane wong kalih iki / manira datan lenggana / saosing gusti semangke / winicara neng ngayunan / kesaru praptanira / Ki Patih Mingkail rawuh / pinarak suka sadaya.

  34. Nata karya kajengneki / kagyat kang aneng paseban / sapraptane kya hatah (hapatih) / Ki Pitih (Patih) aris tetanya / lah iku padu apa / arame gennya gumuruh / ika (kang) den padu apa.

  35. Ki Badan umatur aris / punika padu(don) karya / Ki Panrima lan Ki Elinge / punika tan Nongga karya / taksih ngrembyong kewala / punika pan teksih nganggur / gene wonten Ki Tapsila.

  36. Yen suwawi atur mami / kawula atrapken karya / mudhuna sapakaryane / Ki Patih Mingkail mojar / aja ageru sira / anata ing karyanipun / wus pinanci ing Hyang Sukma.

  37. Sabarang karyane mijil / saos karsaning Hyang Sukma / mila katingal wong roro / jaganing kang pangandika / cumawis caos karya / sabarang karsaning ratu / semongsa na pangandika.

  38. Cumawis karyaning gusti / iku kang atampi karya / Ki Patih ningali mangko / Ki Tarekat mangkat seba / mengkono solahira / Ki Mingkail alon muwus / lah ta ika gustenira.

  39. Lagya lunga seba uning / lah padha ngiring-ngiringa / wong nenem miluwa kabeh / lah age sira mangkata / wong nenem sigra mangkat / bekta upacaranipun / Kyai Tarekat tumingal.

  40. Balanira tumut sami / angiring-ngiring sedaya / abekta upacarane / Ki Tarekat agraita / sigra-sgra lampahnya / pesaja busana kampuh / pan nganggo daram pinala.

  41. Wonten kang winuwus malih / ingkang kemit kamandhungan / kang lagya nata karyane / kang Paningal lan Pangucap / Pangambu Pamiarsa / Cipta lan Ripta wus rawuh / wong kalih den ungkih karya.

  42. Ki Adhep lan idhep linggih / punika pan iri karya / Paningal asru wuwuse / lah nedha tinata karya / Ki Adhep Idhep ika / lah punapa silanipun / dening dora nangga karya.

  43. Iku wong ngucireng karpi / tansah anganggur / kewala / iku wong tanbuh gawene / Ki Pangucap aris mojar / nedha ika tinata / aja na wong nganggur / manira banget kangelan.

  44. Ki Pangambu angling aris / inggih aleres punika / puniku tanbuh gawene / eca anglindhung kewala / iya milu ginanjar / barang karya datan tumut / lan akarya kemandhungan.

  45. Saene sinungan kardi / Ki Pamirsa lon angucap / nedha wicara mangke / iku dijaluk karyanya / mila tan tumut karya / nganggur tanbuh pedahipun / yen punika wewijangan.

  46. Apesthi entheng sinanggi / dadia pitung giliran / Cipta lan ripta wuwuse / pesthi manira tan suka / yen sira kang jaluka / dhingin angrembyong maringsun / sarta lawan pangandika.

  47. Ana dene mengko iki / para karsa ngiring karya jalukan ngayunan mangko / manira dermi kewala / angembyong wong punika / Ki Paningal asru muwus / ingsun tan wruh pangandika.

  48. Punika sun jaluk kardi / Ki Pangucap asru mojar lah nedha jinaluk mangko / kapanane yen mudhuna / si Cipta Ripta ika / mubeng padune lumencur / bungah den nengna kewala.

  49. Mangsa kenoa puniki / yen jinaluk wiwikingan / kejawi ngarsa sang katong / sokur dadi padu besar / Ki Pamiarsa ngucap / luhung jinaluka ing ngayun / Ki Pangambu aris mojar.

  50. Iya bener iku ugi / Allah amek wong ngurahan / pan tuwas sisan alane / mongsa kiranga gawean / Ki Cipta Rpta ngucap / nadyan den jaluka ngayun iya luwih karsanira.

  51. Apan ana ujar mami / den aririh ujarira / aneng ing ngayunan mangko / den prayoga bicaranya / srta pangandika / Ki Paningal asru muwus / boya idhep ujarira.

  52. Ki Patih Israpil prapti / arsa marang  kemandhunga / anata gawe karsane / kagyat mirsa ramnya-ramnya / jalma kang paben karya / nulya sirep kang apadu / sapraptanya  Kiya patya.

  53. Samya kendel semu ajrih / padu karya bok kadukan / Patih Israpil tingale / kadung kang apaben karya / waune kalintang ramya / Ki Patih amara gupuh / Ki Patih Israpil tanya.

  54. Mau padu apa sami / ramnya aneng kemadhungan / apa kang pinadu rame / dene kongsi bengkerengan / Ki Paningal asru mojar / paben karsane sang ulun / angiri kang dereng nebda.

  55. Pun Idhep lan Adhep singgih / punika den iri karya / dereng nebda sakaryane / lir barang karya panebda / ana ngrembyong kewala / inggih pun Cipta Ripteku / kawula tedha karyanya.

  56. Ki Patih Israpil angling / aja geru ngiri karya / wong roro iku karyane / iku siniyan Hyang Sukma / mijia karyanira / saos karsane sang ulun / asaos aneng ngayunan.

  57. Sira angungkih ing kardi / wong roro iku tan kena / lamun sira ngiri gawe / apesthi yen nora kena / Israpil kagyat mulat / gustenira kang dinulu / Ki Akekat lunga seba.

  58. Mawas-mawas lampahneki / Ki Patih Israpil mojar / lah batur gustimu katon / apan lagya lunga seba / lah padha ngiringena / wong sekawan mesat sampun / samya beta upacara.

  59. Ki Khakekat aningali / balanira atut wuntat / abekta upacarane / Ki Akekat lampahira / sigra-sigra gancangan / age-age lampahipun / lampahe angungak-ungak.

  60. Tan arsa kakehan pikir / tan arsa kakehan sandhang / amung ngagem nyamping bae / won wonten malih kang warna / kang kemit siti bentar / rame nata karyanipun / Ki Nyawa lawan Ki Atma.

  61. Ki Sukma Ki Cahya iki atanapi Ki Murcaya / wong kekalih dereng amor / dereng mudhun karyanira / tansah dadi bicara / Lageng lan Ki Toked iku / tansah den ungkih karyanya.

  62. Ingkang angrembyong ta singgih / wau sira Ki Murcaya / Ki Nyawa asru wuwuse / lah payo tinata karya / aja ngidhung kewala / ingajak neba karya gung / gih dadi saya golongan.

  63. Ki Ayma amuwus aris / pesthi bener iku uga / wong nganggur tanbuh gawene / iku milu tampi sihnya / karyane nora nana / tan bekti kemit sedalu / Ki Nukma sugal angucap.

  64. Lah nedha den iri kardi / kapanane tumapaka / apan iku nganggur bae / Ki Cahya delingnya mojar / teka bener kewala / apan iku wong anganggur / sedhenge den iri karyanya.

  65. Lah nedha jinaluk wani / yen tan purun ngangkat karya / yen budi sun kembarane / kinarubut ing wong kathah / wong roro rosa pira / amungsuh wong papat iku / Murcahya meneng tan ngucap.

  66. Mirsa wong papat angling / Murcahya angusap jaja / arum memanis wuwuse / sakarsanira angucap / pan iya ujaring wang / ing kene apa pinadu / winecaranen neng ngajengan.

  67. Nadyan sinungana kardi / nanging sae neng ngajengan / Ki Nyawa sendhu saure / Murcahya ngalingi karya / sila gengdi rupanya / la si Tokid karyanipun / tan wande sun tedha karya.

  68. Suka tan sukaa kardi / tan wande sun tedha ngarsa / pesthi sun bethothot bae / yen kalah sun jarah / wiyahe sun balinga / apan wus tawas sun jaluk / jajaban bae tan tena.

  69. Nyawa ngucap kaduk wani / yen wus metu kordanira / tan wande medhun gawene / badane tur tuwas rusak / Ki Nyawa asumbar-sumbar / ingsun tate anilang tatu / sun dol nreh aden wisaya.

  70. Kasaru Patih Ngijrail / miyos marang siti bentar / anata karya karsane / Ki Patih kagyat miarsa / wadya kang padu karya / kang bala dhangan andulu / sirep kang apadu karya.

  71. Wong sekawan asmu ajrih / wus ngraos yen tinakonan / Ki Patih tumingal langko / wong kemit apadu karya / gumeder awuruhan / nulya pinaranan / gupuh / aglis prapta ngarsanira.

  72. Ki Patih tetanya aglis / apa kang kang den padu padha / dene arame syarane / pating bangkereng syaratnya / kaya wong yun kerengan / Ki Nyawa nulya wot santun / punika apaben karya.

  73. Kanca kula nyageng kardi / inggih kang dados bicara / pun Langgeng pun Tokid mangko / kula tedha karyanira / teksih ngrembyong kewala / pun Murcahya kapiluyu / ngiloni Tokid lan Baka.

  74. Pun Langgeng lawan pun Tokid / datan mudhun pakaryannya / Murcahya ing wong dahuwen / ngukuhi wong mukar karya / panas ati kawula / Langgeng Tokid gajihipun / sami lan kang bangkat karya.

  75. Anuwun priksa Ki Patih / Patih mojar aja gancang / iku wong miji karyane / siniyan ing gustenira / aja age ta sira / yen ana timbalan dhawuh / Langgeng Tokid karuhena.

  76. Wong roro puniku singgih / samya nganti pangandika / ana dene paran kiye / angantia pangandika / yen sampun ta rumangsa / Ngijrail kagyat andulu / Ki Makrifat mangkat seba.

  77. Agancang dennya lumaris / Ki Ngisrapil alon mojar / wong lima winisek kabeh / Allah ika gusnenira / pan lagi mangkat seba / lah iringen aja kantun / den enggal nuli mangkata.

  78. Wong lima samya angiring / samya beta upacara / sarta lan pengawinane / pan sampun pepak sedaya / samya nututi lampah / pan enggal lampahipun / Ki Makrifat pan tumingal.

  79. Balane samya tut wuri / Makrifat mesem jro nala / Makrifat inggal lampahe / tan mambu wong mara seba / sarwi cawet kewala / cingak sakeh kang adulu / samya micoreng jro nala.

  80. Tan memper saos ing gusti / tanb memba wong sesarasan / ing sasolah pratingkahe / dhateng lumajar kewala / apan kadi jaran ngerap / pan nora nolih ing pungkur / samya micoreng jro nala.

  81. Lampahe separti angin / Makrifat lampahnya gancang / kang tut wuntat keri kabeh / kang mangkat dhingin kawuntat / dungkap prapta ing nglawang/ kang nama kori panutup / lir pendah kori srinata.

Pupuh II
Sinom

  1. Anenggih kori punika / dedalane manjing puri / nenggih kancingipun tobat / sesakanipun rohbani / maningkem talineki / pan rohani inebipun / payo sabar derana / ingkang tengga kori iki / Radyan Mutmainah bagus tan sikara.

  2. Mulat Raden Mutmainah / yen gustine ingkang prapti / aglis winenganan lawang / Ki Makrifat liwat aglis / bala kantun ing jawi / tan wonten tumut malebu / sampun minep kang lawang / Ki Nyawa arsa tut wuri / Raden Bagus Mutmainah datan suka.

  3. Makrifat wus manjing pura / wus linggih neng ngaras kursi / munggeng aneng ing ngayunan / pan sampun pinanci-panci / peparinge ing gusti / warni kupi gung perukum / murub yen tiningalan / isi madu masthika di / duk sinambut marang Ki Makrifat ika.

  4. Gandane arum mangambar / pan wonten winuwus malih / Ki Akekat lagya prapta / ing nglawang wesi puniki / nenggih dedalaneki / pan tigafar kancingipun / rohani sesakanya / maniyun / tetalineki / tinebipun anenggih kandil punika.

  5. Pepayon sampurnaning dat / kang akemit tengga kori / Rahaden Suwiyah ika / prayetna tan amaloni / kang Suwiyah udani / lamun gustenira rawuh / aglis sinungan lawang / Ngakekat lumebeng puri / balanipun sedaya kantun neng jaba.

  6. Tan sinunga kesah-kesah / pan sampun ngineban kori / lan ing balarsa tumuta / angungkih anedha kori / Ki Suwiyah nyukani / wus nusul mring gustenipun / Ki Khakekat wus prapta / nulya linggih ngaras kursi / samya ngumpul wus ngadhep aneng ngayunan.

  7. Sampun pinanci punika / peparingan werna adi / wewadhah werna kencana / ya isi serabat wangi / wus tinampanan aglis / marang Ki Khakekat sampun / wonten ing ngarsanira / yata kawarnaa malih / lampahipun Ki Tarekat lagya prapta.

  8. Ing lawang siratal ika / punika dedalaneki / kancinge panebut ika / sesakanipun rohani / maniyah talineki / gih tarekat inebipun / payon keh ananing dat / kang kemit tetangga kori / Raden Bagus Amarah langkung ulama.

  9. Raden Amarah tumingal / lamun gustenira prapti / ngandika amundhut lawang / aglis winengan kori / Ki Tarekat lumaris / aglis lumebeng kedhatun / bala kantun ing jaba / tan sinungan manjing kori / pan agupun amarah maniteb lawang.

  10. Ki badan anjaluk lawang / arsa tumut gustineki / Ki Amarah datan suka / dedel dinedel ning kori / Ki badan meksa ngungkih / pan den gitek sirahipun / Ki Badan sru bremantya / mekanjar bekalahi / Ki Amarah gitet jaja malang kadhak.

  11. Yata Rahaden Amarah / tingale ngatirah andrik / apan sarwi ngagem rotan / Ki Badan amenthelengi / Ki Badan esmu ajrih / wekasan kendel lan muwus / Ki Tarekat wus prapta / alinggih neng ngaras kursi / pan akumpul pinarak aneng ngayunan.

  12. Wus pinancen paringannya / Ki Tarekat marang gusti / awarni bokor kencana / aingsi wowohan adi / namane wowohan adi / sekar suratollah arum / pan sampun tinampanan / wonten kawarnaa malih / ingkang kantun dhewe nenggih Ki Sarengat.

  13. Lampahe tansah lonlonan / anganteni kadangneki / tan nyana yen kantun sira / duk angkate andhingini / tan wruh den lancangi / marang kadang-kadangipun / mila eca lonlonan / awak den liling-liling / tesbehipun samarga den kudang-kudang.

  14. Sigra nulya prapteng nglawang / sela matangkep puniki / gih punika dedalannya / kancinge niyat sejati / sesakane jesmani / nur madi tetalenipun / jahur inebing lawang / pepayon rengaling ngeski / kang atunggu Raden Luamah punika.

  15. Dhusta tur esmu durjana / Raden Luamah udani / yen gustine lagya seba / agupuh mengani kori / Ki Sarengat lumaris / wus malebeng ing kedhatun / lampahe lonlonan / tan pegat dennya dhikir / balanira sedaya kantun neng jaba.

  16. Tan wonten sinung tumuta / pan sampun mineb kang kori / Ki Luhur meksa tumuta / Luamah dhupak ing sikil / wong lima aneng jawi / balane Sarengat wahu / samya ajrih sedaya / galihe samya kumitir / sakelangkung samya ajrih gustenira.

  17. Amung Ki Luamah ika / kang binekta manjing puri / ngiring-ngiring Ki Sarengat / Luamah dhasar galidhig / yen ana karsaneki / kalangkung denira berung / tan kena sinuwalan / Ki Sarengat sampun prapti / sampun lenggah aneng kursi bale ngaras.

  18. Ki Sarengat esmu duka / angrasa lampahe keri / tansah menggah manjing tingal / Kyai Ngakekat angliring ? Ki Makrifat ningali / Ki Sarengat esmu bendu / tumungkul sarwi bekah / pan sarwi agiget lathi / menggah-menggah pan sarwi angusap jaja.

  19. Ki Sarengat aris mojar / nanging ginarit ing ati / nora nyana badaning wang / dene ta padha dhingini / duk angkatira kari / amung ingsun kang karuwun / ngong lampah alon-lonan / sun nganti mring sira sami / ingsun sidhep maksih kari wong tetiga.

  20. Si Tarekat lah adena / lakune tan giring-iringan / kabehane padha jawal / lakune padha nglancangi / si Khakekat wong baring / esmu tan idhep semu / lah ta si Makrifat / nganggo atine pribadi / Ki Sarengat dukanira jroning nala.

  21. Ki Tarekat tanpa ngucap / sru tumungkul esmu wedi / anyana badhe kadukan / wus karaos galihneki / dinulu netra abrit / angling pan sarwi macucu / lathinya kajuwitan / basengut jajanya abrit / pan ajentung adangu migu kewala.

  22. Nenggih Ki Hakekat ika / gumujeng jroning ati / mulat marang kakangira / Ki Makrifat ngesemi / aliyan dennya linggih / selonjor alulur suku / sarwi singsot punika / melat melot anguciwis / dipun sumur geguyon lawan Tarekat.

  23. Kyai Tarekat tumingal / marang Ki Makrifat iki / gumujeng amijet jaja / kang rayi sarya winangsit / sarwi tumungkul anglirik / gumujeng suka ing kalbu / Ki Sarengat tan wikan / nulya majeng awotsari / sampun lungguh mencangah aneng ngayunan.

  24. Sampun pinancen paringan / wau marang gustineki / tandhane lamun siniyan / sakarsane den saosi / wadhah mas selaka di / warna pelag isenipun / sarwi dhedhaharan endah / Sarengat bungah ing ati / Ki Luamah ingkang marani kebat.

  25. Kang rupa tinampan selaka / Ki Luamah kang nampani / nulya binuka sasbnya / Ki Sarengat aningali / panganan adi-adi / apa kang ora na iku / Srengat ngucap ing nala / tanggon manira yen bukti / donya kerat ginanjara dening Hyang Sukma.

  26. Ki Sarengat aris mojar / tanya Ki Tarekat aris / sira pinaringan apa / yayi marang gustineki / ingsun arsa udani / peparinge mring sireku / miwah yayi Khakekat / sira den paringi punapi / ngong yun wruha miwah pun adhi Makrifat.

  27. Ki Tarekat aris mojar / gih kawula den paringi / sangking sihe gustiningwang / gih punika ingkang warni / bokor mirah pinanci / nanging saingsine dereng wruh / pan kapundhi kewala / dereng purun angungkabi / sak kelangkung jrih bok dede karsanira.

  28. Ki Sarengat aris mojar / Ki Khakekat den takoni / sira pinaringan apa / manira ayan nu dining / Ki Sarengat lingnya aris / kawula pinancen sampun / warni kopi kencana / ingsine dereng udani / pan adangu teksih kapundhi kewala.

  29. Kawula tan purun buka / yen dede karsaning gusti / Ki Makrifat tinakon / sira den paringi punapi / ingsun ayun udani / Ki Makrifat alon muwus / gih kawula sinungan / warna kopi kumala di / isenipun nenggih madu pinatika.

  30. Tur endah gandanya ngambar / Ki Sarengat esmu isin / mirsa wecana mengkana / angrasa wedhar kang galih / angrebda pusuhneki / kadya bedhaha ing lambung / nalane terataban / kumitir sajroning galih / langkung duka dalane kadya ginongsa.

  31. Ki Sarengat dukanira / lir pendah yayah sinipi / andulu marang Makrifat / Sarengat angling saya andik / yen mengkonoa ugi / pra uga kabehna iku / ingsun ayun uninga / warnane kadya punapi / kang gonda rum lah age para bukaa.

  32. Manira ayun wruha / lah age bukanen aglis / aja kongsi kumelamar /  ing tingalingsun puniki / aja tan suka yayi / pesthi mengko sira kabur / mring gusti luwih wikan / manira tedha ing ngadil / asru matur Ki Tarekat mring Sarengat.

  33. Inggih patedhan kawula / yekti tan suka wak mami / dene wus pancen piyambak / peparingan marang gusti / pesthi ajrih wak mami / yen tan pentah ing Hyang Agung / mangke sun alenggana / andika buka puniki / sak kelangkung ajrih yen dika bukaa.

  34. Khakekat nambung ujar / gih makaten awak mami / tan suka lamun binuka / pan wus pinancen pribadi / pan wus pininta sami / marang karsane Hyang Agung / Ki Makrifat lingira / dudu dhapur wong puniki / gih puniku tuduh jeneng wong nelongsa.

  35. Ki Sarengat sru bramantya / anglarap denira angling / si Tarekat ingkang ala / dadya panutan wong baring / atuwa jeneng mami / datan ngajini maring sun / sumawana Khakekat / miwah Ki Makrifat sisip / yen amuwus wong telu pan salah mangsa.

  36. Aweha nora aweha / tan wandes sun jaluk mangkin / kabeh apan duwekira / Ki Luamah wus cawis / sebet acawetan sampun / cancut atali wonda / wus wikan karsaning gusti / tandangipun acakut datan mundura.

Pupuh III
Durma

  1. Ki Luamah trangginas nulya angrebat / maring kang warni kopi / pan katiga pisan / punika dipun rebat / wong tiga agrajeg sami / kae Luamah / meksa angungkih sami.

  2. Ki Makrifat  kupi meksih ginujengan / ingsine kocar-kacir / miwah Ki Khakekat / kupine dipun rebat / nanging kupi datan keni / pan kocak-kocak / Luamah ngerbut wani.

  3. Ki Tarekat dipun rebut datan kena / meksih rejengan kupi / pan kocar-kaciran / tumiba bale aras / temahan prahara uning / Kae Luamah / kongsi ngolang ngaling.

  4. Lir den ringut manira Ki Luamah / antuk asihing gusti / gita ing paseban / geger kadya gilingan / kagyat wadya kang neng jawi / Ki Luhur mojar / batur geger punapi.

  5. Allah konca baya iki ana karya / ing paseban angisis / dudu Aluamah / ingkang gawe prakara / kang wonten lawang puniki / Raden Luamah / lawan Suwiyah singgih.

  6. Sumawana sira den Mutmainah / samya kagyat tan sipi / amiarsa syara / opyak kang aneng jaba / syarane pating jalerit / akeh wong lumajar / sangking paseban nenggih.

  7. Dyan pinendheng wau sangkaning prakara / nulya lumayu aglis / wus prapta paseban / dinulu Ki Luamah / polahe anggegilani / Raden Amarah / sigra nulya merpeki.

  8. Ki Luamah den sikep marang amarah / Ki Suwiyah ngebyuki / miwah Mutmainah / sigra samya tumandang / Ki Luamah den cekeli / dipun dhedhabyang / binekta medal jawi.

  9. Pan sineret Luamah maring wong tiga / Luamah meksa budi / kalintang rosanya / wong tiga sami sayah / nongga kurdane kang budi / meksih den bayang / medal jawining kori.

  10. Sekathahe bala kang kantun neng jaba / sedaya wus winangsit / gupuh sami mara / cingak sira tumingal / deding Luamah puniki / weneh angucap apa mulane uni.

  11. Kahe Lahir angucap selamet sira / jer kena walat mami / duk andhupak mring wang / tet kala aneng lawang / sira rasakena mangkin / sakeh kang bala / samya kinen nyakiti.

  12. Ki Luamah nulya den pala wong kathah / Ki Nyawa mala dhingin / ngasoki gigirnya / kemadhu kang kinarya / Ki Atma sigra gitiki / sarta anekak / guglune kongsi mlirik.

  13. Kyai Sukma sigra jambak rambutira / Luamah datan osik / anulya Ki Caya / sigra anyiram toya / Ki Murcahya angideni / Ki Soca angucap / sigra lambe den puntir.

  14. Ki Pamirsa sigra jewer kupingira / Ki Pangambu sira aglis / amulir irungnya / Ki Paningal punika / anyalok netrane kalih / Kae LuaMah / tobate andharidhit.

  15. Kae Cepta Ripta analeni tampar / Ki Luamah den godhi / nulya Kae Badan / sigra gablok jaja / Ki EroH sigra nyiweli / ing lambungira / Ki Panarima aglis.

  16. Sigra nulya anabeti / Ki Panarima aglis / nyekeli bahunya / nulya Ki Atapsila / anerungku sukuneki / Ki ElinG sira / sigra ngileni kuping.

  17. Ki Luamah polahe niba-niba / dipun wesi asati / wong lima punika / tan wonten tumut mala / eca denira ningali / ajrih gustinya / bilih binendon gusti.

  18. Sami suka wong lima nonTon kewala / pangrasane ing ati / tan wonten duduka / ingkang panjuru bala / lamun ilang wong puniki / pan calunthangan / yekti kapenak mami.

  19. Ku Luamah ngolang-ngaling polahira / kelangkung dennya sakit / sambat mring gustinya / gusti nedha ngapura / tan betah anandhang sakit / sambat kadangnya / Kang Tobat dika mrika.

  20. Pan Ki Tobat punika sanake tuwa / pan karasa ing ati / sambat adhuh biyang / wong lima tan tumuta / kadange Luamah singgih / ingkang atuwa / Ki Tobat barepneki.

  21. Kang Luamah panggulune esmu dhugal / nunten amarah iki / nunten Ki Suwiyah / anunten Mutmainah / iku tunggal bangsaneki / Luamah niba / Ki Tobat marepeKi.

  22. Dene mangke Ki Tobat anjaluk seca / marang Luamah iki / Ki Amarah mara / Ki Suwiyah ika / lan Mutmainah tan kari / pepal sedaya / kadange samya prapti.

  23. Ki Luamah angucap sarwi karuna / kakang dika uripi / kawula tan betah / nandhang siyasating wang / awak mara litang sakin / nedha ngapura / Luamah ngasih-asih.

  24. Ki Amarah ingsun iki uculana / dene kaliwat luwih / ingkang kaya sira / Suwiyah Mutmainah / den aglis anguculi / Luamah niba / Ki Tobat sira aglis.

  25. Lah ta mara age sira uculana / dene wus seca becik / Ki AMARAH ika / kelawan Ki Suwiyah / lan Ki Mutmainah singgih / aglis tumandang / nulya samya nguculi.

  26. Yata sampun inguculan Ki Luamah / sumringah tingalneki / ngrasa lamun gesang / dening wus linuwaran / mring kadange papat iki / Kae Luamah / mesim lir madu gendhis.

Pupuh IV
Dhandhanggula

  1. Kang anurat ngame JroninG ati / sadangune gumujeng jroning nala / lebeting tyas ngestokake / siyang kelawan dalu / pangetune datan gumingsir / Wong olah gangsal wedal / ayun wruh surupipun / ing jero jinerokena / den cethekna cethek endhek usul kadim / poma sampun belaka.

  2. Saucule Ku Luamah iki / sinrahaken ing wektu lalima / Luhur rumeksa alane / Ki asar datan kantun / sumawana lawan Ki Mahgrib / nenggih lawan Ki Ngisa / sarta lawan Ki Subuh / binekta dhateng yogyana / aneng nglawang apan samya den kemiti / tan suka lunga-lungan.

  3. Ingkang wonten paseban singgih / apan sami bubaran sedaya / Sarengat ilang manahe / konduripun karuwun / Ki Tarekat kantun neng puri / kelawan Khakekat / lan Makrifat kantun / lumaku gandhengan asta / alulungsen gennya lonlonan lumaris / kantun ing wuri pisan.

  4. Ki Sarengat lampahnya aririh / sampun prapta wau ing yogyana / ing prenahe linggih mangke / Ki Tarekat sumungsul Dhateng Gunung Jabalkat singgih / punika Pernahira / Khakekat tan kantun / marang Gunung Erap ika / gih puniku pernahe genira linGGih / pan mantuk sowang-sowang.

  5. Wonten den Ki Makrifat singgih / dhateng Gunung ing Ngarpat punika / winayang wayang anggene / punika pernahipun / samya remen mardi kang singgih / tansah karaseng nala / ewuh nyananipun / dene atemah mengkana / sarupane kagungane ing Hyang Widi / samya kocap sedaya.

  6. Wonten dene kagungan puniki / kang kasebat Ki Makrifat ika / kupi kumala ing mangke / wau sakocakipun / apan tiba ing ngaras kursi / akarya gara-gara / pan arupa iku / ati jro mangke punika / jajuluke Hanila Hening kakelir / warna kadi palwaga.

  7. Ki Makrifat ingkang madani / wonten dene pasengitanira / pantes Ki Sarengat mangke / apan ana wewengkonipun / kang atiti minongka seksi / kapat Ki Johar awal / ing kalimanipun / duk malum si namaguna / kaping neme katrap panjiyat puniki / kapitu ijmakira.

  8. Ane dene kagungan senelir / aneng kana gunung pitenah / nenggih punika pernahe / tur radi warnanipun / kekajengan ageng ainggil / pange amancawarna / papat kathahipun / samya kapulet ing ngrata / luhuripun tan ana ingkang ngungkuli / meh kasundhul ngawiyat.

  9. Sanggabuwana namane singgih / kang angongang ing jalat punika / windu punika ayode / selaka kajengipun / pan agodhong lungsir mulya di / pan akeh warnanira / ana lungsir jingga ingkang adi / la lungsir kuning raras.

  10. Lungsir pethak warnane nehali / lungsir wilis datan kawoworan / miwah lungsir cemeng mangke / warna-warna dinulu / kembang mirah warna sotya di / awoh inten kumala / lan sesotya murub / datan ana kang uninga / mung wong cebol-cebol anggayuh ing langit / alenggah ngandhap jurang.

  11. Kang angreksa wanodya yu luwih / akekasih Dewi Sarpiningrat / punika tunggu kuncine / pan wus ginadhang iku / sapangandikanya Hyang Widi / apan wus jangjenira / ing wau Hyang Agung / dadya ratuning kasyargan / wanodyeku kinasihan ing Hyang Widi / yen wus tekeng ubaya.

  12. Ingkang angreksa wanita YU luwih / akekasih NI DEWI KARUMAN / punika kang sinung gawe / ing benjang janjenipun / lamun sampun dhateng ubanggi / dadi ratuning syarga / nadyan puniku / kinasihan ing Hyang Sukma / wus pinesthi cipta denira Hyang Widi / iku sinung pangandikan.

  13. Dewi Aruman amangun kingkin / aningali kang naga bendana / angrasa owah rupane / tan ana polahipun / wus saparti layun / ageng mapan wus ilang / tan ngusikan kadimu barekatneki / sureme cayanira.

  14. Pan dinulang mangan datan apti / ingkang aran nigena cendhala / puniku pepangane / anenggih warnanipun / kadi wau uruh ing warih / umben umbene ingkang / kosya manis arum / ingaran gaga sutikna / urab bawor amancawarna cahyeki / surem ing warnanira.

  15. Nanging esak bayanya puniki / Nagabendana sapati pejah / sangsaya ilang warnine / Ki Aruman andulu / pan angrangkul anjrit tan nangis / tanbuh ing polahira / tan saged aduluh / manah liwung tan anyana / mung kang raka kang kacipta sinambat tangis / sarya mijil waspanya.

Pupuh V
M i j i l

  1. DEWI ARUMAN tumurun aglis / lampahira alon / sangking ngumbul ngawiyat sangkane / angure weni samargi-margi / datan nolih wuri / lumampah lan pnjung.

  2. Tan aetang wirang lawan isin / tangise pan alon / sarta datan pegat sambate / datan sande dinukan ing gusti / dene tiwas mami / kagungan Hyang Agung.

  3. paran polah ingkang ngreksa iki / tiwas ten ingong / mung kadange sinambat tangise / ingkang wonten udyana di luwih / Ki sarengat nenggih / wus nyana ing kalbu.

  4. Lamun dinukan marang Hyang Widi / awaknya wus along / anenedha mring Hyang Sukma mangke / muga-muga diapuraa mami / nedha galap gampil / muji wangsul-wangsul.

  5. Pan kasaru dhatenge kang rayi / sang dyah ayu anom / Sarpiningrat atawan tangise / pada kang raka dipun sungkemi / pan sarya nangis / sotya abih balut.

  6. Syara erak anganyutken ati / sasambatnya alon / lir sundari sang dyah pangringihe / sangking sangete denira nangis / gubel kadangneki / kang raka angungun.

  7. Ki Sarengat grahita ing ati / mring kang rayi katon / Ni Sarpiningrat maras galihe / wus angrasa wau jroning galih / yen panggawe mami / Ki Sarengat muwus.

  8. Sarpaningrat babo ari mami / matura den alon / kadingaren lah yayi marene / sarwi sira tawan-tawan tangis / SARPININGRAT angling / wuwusnya wor muwun.

  9. Pegat-pegat ature wor tangis / kakang gusti eningong / tiwas temen ngreksa sengkerane / pan angreksa kagungan dalem Hyang Widi / kajeng sogangumi / nenggih samya ngalum.

  10. Samya ilang warnane kang sari / alum ingkang godhong / kadi pundi kakang mas purwane / adhuh kakang mas dika jameni / Sarengat ngling / kewedan ing kalbu.

  11. Nulya emut kamulyane dhingin / sigra muwus alon / tan kuwasa ing sunahe ANGGER / tan uninga kagungane gusti / maranga ing ardi / Jabalkat wong ayu.

  12. Anjaluka pernah sira yayi / mring Tarekat mangko / Ni Sarpiningrat tikel alise / mirsa kang raka denira angling / dene anyaguhi / dening mung satuduh.

  13. Sarpaningrat rengu sarwi nangis / kesah pradong-pradong / tan pamitan sang dyah duk kesahe / garundelan muwus turut margi / kang sinambat tangis / kang raka ing gunung.

  14. Ing JABALKAT denira alinggih / nedha tulung ingong / ingkang kantun ing yogyana langke / Ki Sarengat lenggana tan angling / muwus jroning ati / netra kumengbeng luh.

  15. Arinira Sarpaningrat singgih / kang meksih katonton / kirang-kirang akathah polahe / sangking pegelira ing galih / waja tansah kengis / teka asung wuyung.

  16. Penangise teka dudut ati / sarwi melot-melot / lan tan pamit wong ayu lungane / teka pantes grundelan nut margi / gentia kawarni / kang rayi neng gunung.

  17. Ponang ardi umbul wiyat singgih / sang dyah ayun anom / RETNA DEWI ARUMAN westane / sarawuhira atawan tangis / Ki Sarengat angling padanya rinangkul.

  18. Anungkemi pada sarwi nangis / sesambatnya alon / tiwas temen kakang mas sun kiye / enggen kula ngreksa kagungan gusti / nedha tulung mami mring kakang wong bagus.

  19. Sun tan wande kadukan Hyang Widi / Ki Sarengat jomblong / sakelangkung abunek manahe / aningali marang ingkang rayi / ageng dennya brangti / amicoreng kalbu.

  20. Kaya paran aweta kaeksi / katon melok-melok / tan suwala neng jroning kalbune / Ki Sarengat istipar dharidhil / kadudoning pikir / ngusap jajanipun.

  21. Ki Sarengat nulya tanya malih dhuh wong ayu anom / kadingaren nimas mirah mrene / sira tumurun saking ngardi / sarya tawan tangis / paran dadi wuyung.

  22. Menek ana ingkang dadi watir / kapalanging raos / paran baya kang dadi atine / alah yayi matura sayekti / Dewi Aruman angling / pan sarwi amuwus.

  23. Mingsek-mingsek kasesegen tangis / awor turnya alon / dhuh kakangmas mila prapta kene / saking ngumbul wiyat awak mami / ngreksa kagungan gusti / tiwas kakatengsun.

  24. Kagungan Nagabendana sakit / tan polah lit layon / aneng ngarga kula tilar bae / alah kakang andika tulungi / jampenana mami / kakang selak lampus.

  25. Ki Sarengat meneng datan angling / agamblok jaja lon / sarya jelu-jelu manahe / pangucape agangsul pribadi / kaya napa mami / tuwas-tuwas ingsun.

  26. Saya kathah durakanya Widi / delape awaking wong / angur baya matia samangke / tanggung-tanggung urip awak mami / tan jamak lan jalmi / ageng bekanipun.

  27. DEWI ARUMAN umatur aris / kakang atur ingong / tambana sampun meneng bae / ecane manah kawula iki / dika prayogani / kang mulyakna iki.

  28. Kangungan dalem ingkang asakit / maras temen ingong / kaya paran aweta rusak bae / datan wande kabendon Hyang Widi / Ki sarengat angling / tan kuwasa ingsun.

  29. Dudu ingsun tresandha yayi / kagungan kang layon / mapan ana kang pinanci gawe / samya kinen wau nguni-nguni / sabarang neng mami / ana ing sanakmu.

  30. Kang palinggih neng Jabalkap uni / paranana mangko / Dewi Aruman runtik wuwuse / kaya paran kakang tan nyaguhi / entheng bobotneki / mila sun tumurun.

  31. Apan sangking mukir pati-pati / mung dika kang katon / ingsun emut kekadang dheweke / mengko sun susung datan nyaguhi / lah dumeh punapi / datan sem maring sun.

  32. Apa katungkul sandhangan putih / agung agerembyoh / manggunga rasukan jubah bae / jejenggote ngarguyung awilis / brengose jakithit / taliwange kusut.

  33. Dedeg alus kang budi / bungah den alem wong / bungah-bungah yen linanjar bae / jenenge punapa iki / pan kakehan warsi / tuwa bangka bawuk.

  34. Ki Sarengat tumungkul sarya ngling / sakarsanya sinom / lir wayang dhalang upamane / papanjake nimas manira iki / bisa amiwiti / pinesthi Hyang Agung.

  35. Datan saget mungkasi ngong iki / adhuh aren ingong / Dewi Aruman aris wuwuse / yen mengkono godheg tanpa alis / tuwas nyanyukeri / luhung dipun cukur.

  36. DEWI ARUMAN lunga tan pamit / sarya pradong-pradong / sarwi muwus saya brangtine / asru denya sasambat ing tangis / muhun anut margi / sambatnya mlas ayun.

  37. Adhuh gusti baya nora ngimpi / yen ingsun binendon / nenggih maring ing Hyang Sukma mangke / sakkelangkung dening brangta kingkin / kuneng kang winarni / kang palenggah gunung.

  38. Wukir Jabalkap ageng ainggil / Ki Tarekat kang wong / sakelangkung amangun brangtane / wus kawayang cobane Hyang Widi / margane bilahi / duk samya akumpul.

  39. Neng ngayunan panduka pinanci-panci / wahu mring Hyang Manon / nenggih sangking Sarengat purwane / akarya ngrisak kagungan gusti / duk rinebat dhingin / pancene Hyang Agung.

  40. Pan kesaru dhatenge kang rayi / Sarpiningrat katon / sarya tawan-tawan ing tangise / sesambate sang dyah mlas asih / sarya nungkemi / pada rakanipun.

  41. Kya Tarekat agya den sungkemi / angrangkul jangga lon / nimas angger manira tan dipe / Sarpiningrat matur sarya nangis / dhuh kakangmas mami / dika dereng ngrungu.

  42. Dene dika tan tolih ing mami / Tarekat lingnya alon / kagyat ing nala mulat arine / dene beda sasolahe dhingin / Ki tarekat angling / kaya ngapa iku.

  43. Babo sira kadingaren yayi / angrangkul maring ngong / apa baya ana ing karyane / sapraptanira agegitani / matura ing mami / aja geru muwus.

  44. Pan kawula semangke jrih ing sih / upamane ingong / pan kawula awong ginadhe / mila lejur tawan-twan tangis / anedha jejampi / kang manah lir liwung.

  45. Adhuh kakang andika tambani / Tarekat lingnya lon / apa marga laranira kuwe / SARPANINGRAT matur bukaneki / manah esmu kingkin / ewuh jroning kalbu.

  46. Dene sampun ubaya kariyin / dhateng ing Hyang Manon / Dewi Sarpiningrat lon ature / kadi pundi kakang karsaneki / ywa lawas ta mami / Ki Tarekat muwus.

  47. Tan Kuwasa nimas awak mami / karsane Hyang Manon / pan wus ana iku ubayane / yen kagungan puniku ta sakit / yen wus tekeng jangji / wonten yektenipun.

  48. Sampun kersana Sukma linuwih / tuduh bae ingong / lah miyanga kadangira mangke / kang palenggah Gunung ERAP nenggih / iku kang prayogi / paranana gupuh.

  49. Sarpiningrat angling esmu runtik / kadi pundi ingong / kakang karsa andika ing mangke / dene teka timbalan mangkin / nanging kula suthik / mung dika kasuwun.

  50. Ki Tarekat wuwuse amanis / mirah ujaringong / lah adhepen tuturingsun age / aja sira nelongsa ing budi / Sarpiningrat runtik / ature mlas ayun.

  51. Yen makaten kakang dika kari / kula kesah ngulon / sang dyah agya lumengser lungguhe / Sarpiningrat pan sarya kasyasih / siking tyas jroneki / paran polahingsun.

  52. Pan aolah lampahe lestari / apan sarwi mlerok / sang retnayu anutuh badane / pan duraka manira wet urip / sun tedha wak mami / kapan baya lampus.

  53. Ki Tarekat anon anyekikik / dulu sang lir sinom / pan katingal separipolahe / Sarpiningrat sarwi kontrang kantring / lumampah tan tebih / pan saya trus lawung.

  54. Ki Tarekat meneng tanpa angling / dadya datan anon / jroning ati narima bekane / pan kasaru dhatenge kang rayi / sing ngumbul wiyati / tawan-tawan muwun.

  55. Sapraptane Ki tarekat ngliring / ngrangkul pada lon / gupuh-gupuh sumungkem padane / sang dyah mahu matur sarwi anangis / liwat luwih gusti / tega marang ingsun.

  56. Pan kawula katiwasan gusti / Trekat gita lon / mulat sapraptanira arine / sasolahe beda lan kariyin / Ki Tarekat angling / dingaren wong ayu.

  57.  Sapraptanira gita mas yayi / ewet tangguhingong / apa baya kang dadi atine / atanapi yen duwe kuwatir / popoyana yayi / Ni Aruman matur.

  58. Api tambuh kakang dika iki / katiwasan ingong / mokal lamun tan weruha kiye / karsaning Hyang  ingkang angsung wangsit / dinukan Hyang Widi / risak kagunganipun.

  59. Kang wasta nagabendana nenggih / ingsun tilar layon / lah ta kakang tambanana mangke / Ki Tarekat anahuri aris / kithing dhimpil mami / warta dereng ngrungu.

  60. Pesthi tambuh awakingsun yayi / para mido mring ngong / pan abener ujarira mangke / Dewi Aruman umatur aris / tambanana aglis / dimen nuli mantun.

  61. Ki Tarekat wuwuse amanis / tan kuwasa ingong / dudu para iku tersandhane . kagungan rusak pan wus pinesthi / NAGANBENDANA gring / aturira iku.

  62. Ingsun atuduh bae mas yayi / pan bebahan kang wong / ingkang alungguh Gunung ERAPE / paranana yayi dipun aglis / Ni Aruman angling / esmu runtik kalbu.

  63. Milanipun andika puniki / alian kemawon / langkung pegel galihingsun kiye / pan andika gih tumut pinanci / ngraksa kagungan gusti / lagi jajonipun.

  64. Mangke dika teka angoncati / dumeh datan anon / kula tempuhake mring dheweke / bisa punapa kawula estri / Ki Tarekat angling / nimas areningsun.

  65. Aja sira salah tompa yayi / iya awakingong / anyinggahi lara lan patine / durung ana jangjine Hyang Widi / manira sung margi / kang rayi den rungrum.

  66. Lah Aruman den arih-arih / angrasula kang wong / ingkang rayi ala budine / canggeh pangucap ture matitis / basa ujar wangsit / angreka ing tuduh.

  67. Rada gandes pangucape manis / Tarekat lingnya lon / ingkang rayi den lemesi bae / den prih aja kongsia nangis / pradene ta iki / Aruman agasul.

  68. Lah ta kakang mara dipun aglis / aja mandheg mayong / Ki tarekat amanis wuwuse / dhuh mas mirah ana ujar mami / glis maringa ardi / ing NGERAP sun tuduh.

  69. Dewi Aruman amuwus aris / datan temen ingong / baya dika kalangkung lumuhe anmepuhi maring  lara mami / yen mengkono ugi / anistha kelangkung.

  70. Alemes basa jroning ati / nora nyana kang wong / kabangkitan kawruh tinangkise / apa dumeh ingsun wong pawestri / kaburua mangkin / lampah dika iku.

  71. Kang toya kinum sajro jeladri / adhem asrep mring ngong / mung senene den pikirake / lir durjana tinerka memaling / kang kinarya tangkis / Ki Tarekat tumungkul.

  72. Datan kena micaraa malih / dennya mirsa anon / wuwusira kang rayi mengkene / leneg-legeg datan kena angling / sang dyah semu runtik / nulya lengser sampun.

  73. Kesahira tan mawi pamit / kesah pradong-pradong / asru wuyung mlas sih sambate / Ni Aruman lampahira aglis / Ki Trekat angliring / marang arenipun.

  74. Mesem sarya ngusap jajaneki / eman sira anom / kontrang kantring ya lumaku dhewe / canggeh bisa micara ing wangsit / kawarnaa malih / kang wonten ing gunung.

  75. Ki Khakekat dennya linggih / Gunung Ngerap kang wong / kalangkung dene wuyung nalane / cobaning Hyang Sukma anekani / karaseng jro ngati / dukaning Hyang Agung.

  76. Marganira Ki Sarengat dhingin / karya rupa mring ngong / duk rinebat kagungan kriyine / pan kesara dhatenge kang rayi / sarta tawan tangis / Sarpiningrat wau.

  77. Gupuh nulya angrangkul nungkemi / Ki Khakekat anon / sarya kinosya-kosya padane / sarpiningrat sambat ngasih-asih / pasang tabe mami / kakang nedha tulung.

  78. Ki Khakekat kagyat aningali / mring kang rayi anon / apan sampun kumitir manahe / andulu polahe wau kang rayi / beda lan duk uni / praptanira gupuh.

  79. Ki Khakekat wuwuse amanis / dingaren reningong / duk tumurun asigra lampahe / lah tutura mirah mring wak mami / sarpiningrat angling / asekel atengsun.

  80. Pegat-pegat matur sarya nangis / dhuh kakang wakingong / milanipun kula prapta kene / pan tumurun dhateng Ngerap puniki / kakang atur mami / katiwasan ingsun.

  81. Gen kula ngreksa kagungan gusti / mangke temah layon / ingkang kajeng sanggabumine / beda warnane kelawan dhimin / surem sorotneki / sarya wastra alum.

  82. Kaleyange runtuh tibeng siti / ngong siram tan ayom / sanget dennya risake warnane / milanipun kawula mariki / kapang-kapang gusti / kula nedha tulung.

  83. Ki Khakekat meneng datan angling / mirsa sang lir sinom / apan esmu kemengan manahe / Ki Khakekat  wuwusira manis / tan kuwasa mami / dudu duningipun.

  84. Nanging manira atuduh yayi / kang mulyakna kayon / apan nenggih kadangira dhewe / kang palenggah Gunung NGARPAT iki / dunungen ing galih / paranana gupuh.

  85. Sarpiningrat angling jroning ati / angrasa wakingong / lamun kalunta-lunta lampahe / manahira pan sangsaya kingkin / alon denira angling / anuwun katengsun.

  86. Kadi pundi karsa dika mangkin / menggah awakingong / dening teka alembatan bae / pan kawula wus ngandel ing gusti / Ki Khakekat angling / lah dununganingsun.

  87. Alah idhepen pitutur mami / sira merdi mring ngong / apan durung pinesthi wajibe / yen dadia katresandha mami / pa gene sira yayi / asalah karya gung.

  88. Iya iku duduh ujar wangsit / dunungen reningong / Sarpiningrat pan rengu galihe / yen mengkono kakang ngong parani / lengser sangking ngarsi / Sarpiningrat muwus.

  89. Sasambate tan pegat samargi / tambuh polahingong / samarga-marga sang dyah tangise / ing yogyana kang kesthi / mung kang raka nenggih / kang kantun ing gunung.

  90. Ki Khakekat angeres manahneki / dulu sang lir sinom / pan katonton separi polahe / Sarpiningrat tansah ngolang ngaling / lampahnya sang dewi / tan ana kaetung.

  91. Ki Khakekat angling jroning ati / eman temen kang wong / pan kasaru dhateng rayine / Ki Khakekat kagyat aningali / praptane kang rayi / tawan-tawan muwun.

  92. Gupuh nulya nrangkul anungkemi / aneng pada alon / Ni Aruman akathah sambate / lah ta kakang tulungana mami / kawula puniki / dinukan Hyang Agung.

  93. Ki Khakekat wuwuse amanis / matura reningong / Ni Aruman amanis ature / milanipun kawula mariki / dhateng ngarsaneki / kakang nedha tulung.

  94. Pan kawula katiwasan nenggih / inggih resaningong / apan Nagabendana ing mangke / kadya pejah kasanget ing sakit / sun tilar puniki / sanget watiringsun.

  95. Ki Khakekat meneng datan angling / ing manah karaos / duk semana ika purwane / langkung ewet manahira mangkin / cobaning Hyang Widi / wus teka maringsun.

  96. Dewi Aruman umatur aris / kakang gusteningong / yen ta nora waluya ing mangkin / datan wande kadukan Hyang Widi / kakang dipun aglis / tambanana iku.

  97. Ki Khakekat anauri aris / tan kuwasa ingong / dudu manira iku tandhane / sarusake kagungan puniki / tan ana kang pinanggih / yayi awakingsun.

  98. Anyampurnakna kagungan gusti / nanging tuduh ingong / nanging ana kadangira dhewe / kang alungguh Gunung NGARPAT singgih / paranana aglis / mirah areningsun.

  99. Ni Aruman angling esmu runtik / kaniaya wakingong / dene teka alembatan bae / pan kawula pitaya kepati / marmane mariki / wus kaping pat ingsun.

  100. Ingsun sidhep angecani mami / mangke teka linyok / dika tansah alembatan bae / dumeh punapa kawula puniki / lah dika tempuhi / basa apatingsun.

  101. Ki Khakekat anauri aris / sarta mesem alon / sarta ingarih-arih arine / sinamur-samur yata kang runtik / sampun kaduk tampi / dunungen reningsun.

  102. Ujaringsun iku yayi / apan dudu ingong / ingkang kinarya tresandhane ing mangke / Ni Aruman ngucap sarya nangis / raka den budeni / kaburu ing laku.

  103. Kadi watu kapendhem sela di / sela mor lan kang wong / sela obah kelawan bumine / kadya angin kadhangan ing wukir / mangkya lali margi / Ki Khakekat muwus.

  104. Sarya gumuyu suka ing ati / bisa areningong / dene bisa angucap mengkene / alah mara dunungena yayi / Ni Aruman angling / pan sarya amuwus.

  105. NI ARUMAN kesah datan pamit / kesah pradong-pradong / mingsek-mingsek ngusapi waspane / Ki Khakekat mulat mring arineki / manah esmu kingkin / mesem mor lan rengu.

  106. Pegel tyase awekasan angling / eman ayu anom / dening kontrang kantring ta polahe / lampahira datan mawi cethi / kawarnaa malih / kang lenggah ing gunung.

  107. Ardi Arpat denira inggih / Ki MAKRIFAT kang wong sakelangkung liwunge manahe / lampahira pan aedan eling / datan nyandang jarit / angulas raga alus.

  108. Karyanira meng-ameng ing wukir / mider-mider alon / aneng ing Gunung Arpat pernahe / sarta ginandheng astane kalih / singsot sarya muji / totolih ing pungkur.

Pupuh VI
Pangkur

  1. Asadat sarya sulukan / clala-clulu pangucape yen angling / yen digapar mawi kidung / sinambi tetembangan / yen anembang namane dhateng Hyang Agung / den sesambi jejogedan / yen salat meneng tan osik.

  2. Meneng datan obah-obah / aningali lir pedah ing wong mati / yen turu bari lumayu / sira Kae Makrifat / aningali sadhatenge arenipun / Niken Dewi sarpaningrat / pan sarya lara anangis.

  3. Lampahe sarya lumajar / karsanira wau arsa ngabekti / dhateng kang raka punika puniku / Kae makrifat mojar / apan sarya akagyat sajroning kalbu / tiningalan arenira / praptane atawan tangis.

  4. Ki Makrifat garjiteng tyas / sira mangke arsa dipun sungkemi / Makrifat nulya lumayu / minggah dhateng ngaldaka / laju minggah kandheg aneng pucuk gunung / pan sarwi alingan sela / jemadi tetindhih ardi.

  5. anenggih Gunung Ngarepat / turan ageng inggil angleliwati / lamun dinulu apatut / rakite lir mestaka / iya iku pamidhanganira Hyang Agung / yen kula asung pawarta / Sarpiningrat mantun nangis.

  6. Mulat kang raka lumajar / manahira pan saya brangta kingkin / nulya nusul / munggah gunung / Sarpiningrat karuna / lampahira suku tangan kalihipun / sangking ewuhe kang arga / lir brajag katareng curi.

  7. Den ambah lunyu kaliwat / lamun dede babadan aresik / nulya prapta puncakipun / Sarpaningrat sengkoyongan / menggah-menggah ambekane melar mingkus / langkung sayah lampahira / Ki Makrifat ngungak uning.

  8. Dhateng arine punika / Sarpaningrat tak sengguh ora tut wuri / tiningalan arinepun / aneng ing ngarsanira / Ki Makrifat kagyat dulu nulya muwus / dhenok sira age menea / ingsun aneng kene yayi.

  9. Ni Sarpiningrat miarsa / yen kang raka ngandika rum amanis / adan marang ngarsanipun / sedya nungkemi pada / pan kalingan ing sela jemadi iku / datan kena linangkungan / Sarpiningrat esmu tangis.

  10. Liwat luwih kakang dika / pinaranan teka lumayu gendring / lah punapa milanipun / teka angungsi arga / arsa dhateng kepanggiha awakingsun / mundur teka ampungan sela / kawula arsa tur ngabekti.

  11. Dhateng karsa jeng andika / Ki Makrifat gumujeng sarya angling / langkung trima dhenokingsun / bektinira wus prapta / gera kene bae sira aja ngrangkul / ila-ilane Hyang Sukma / dimene ingsun lumaris.

  12. Sapraptanira neng ngarga / sun tingali dhenok para kang prapti / arsa nungkemi maringsun / mila sira ngong tilar / ingsun lunga lumayu puncaking gunung / arsa ampungan ing sela / sira lara sun kawruhi.

  13. Tekoa dhenok manira / ambuwangan marang sira mas yayi / sang dyah tan nyana ingsun / nyawa sira wanodya / dumeh para sadulurku tunggil tuwuh / pan dereng wruh ing prayoga / sira linarangan iki.

  14. Wus sinaring ing Hyang Sukma wus ingaken para salira yayi / sira iku pan wus katur / sucekna raganira / lamun sira pagepokan lawan ingsun / atemah dadya welanjar / aja dumeh kadang mami.

  15. Sarpiningrat datan ngucap / pan tumungkul mingsek-mingsek anangis / sasambate amlas ayun / paran karsa andika / de mekaten Makrifat tan saget muwus / sarta kumembeng kang waspa / aningali ingkang rayi.

  16. Apan kawula lumajar / dhateng kangkang Tarekat anenggih / saprapta kawula matur / Tarekat alembatan / dhateng kakang Khakekat ing tedahipun / tambuh ing polah kawula / Kang Khakekat tedah mriki.

  17. Kakang nedha dipun enggal / nedha tamba waluyaa kang sakit / Kya Makrifat mesem kalbu / andulu arenira / sareng matur kang raka suka gumuyu / den samur lawan pangucap / pamangsite mring kang rayi.

  18. Paran benjang yen waluya / alah iya kagungan kang asakit / ingsun jaluk syarga kang tundha sanga / iya iku kang minongka beyanipun / tumungkul Ni Sarpiningrat / amicoreng jroning ati.

  19. Kaliwat luwih si kakang / ageng temen jejalukane iki / senadyan mundhuta besuk / sik nuli waluyaa / benjang kula ingkang matur ing Hyang Agung / nedha syarga tundha sanga / kinaryaa bea iki.

  20. Suka tan sukaa kakang / yekti dika kakangmas kula layoni / uga waluyaa besuk / kagungan kang lara / datan ketang kula nuhun ing Hyang Agung / Kae Makrifat ngandika / heh dhenok dipun sayekti.

  21. Ki Makrifat angandika / animbali ingkang karsa tinuding / lan Aruman prapta ngayun / lana gandaning ika / kaping kalih aningali datan kantun / sami prapta ing ngayunan / Sarpiningrat aningali.

  22. Kagyat denira tumingal / sadhatenge hanuman ing brangta kingkin / Ni arman kagyat angling jroning kalbu / lah ta kakang buron apa / dene aputih kang warni.

  23. Langkung endah warnanira / wulonipun kang putih kang dumeling / kang abang murub dinulu / kang ijo awiletan / dene mala tanpa kinarya iku / alanggeng tan kena owah / Ki Makrifat mesem angling.

  24. Lah teka menenga sira / iku uga linarangan ing gusti / anuman ing wastanipun / Ki Makrifat ngandika / Heh umani matmane sira sun uwuh / ingsun jaluk karyanira / den enggal mangkat mangkin.

  25. Maring Gunung Pitenah / lan maringa ngumbul ngawiyat mangkin / tinjoa kagunganipun / Anuman ing aturnya / yen makaten anuwun pamit katengsun / ngandika kantun alenggah / kawula mangkat semangkin.

  26. Umangkat sangking ngayunan / gegancngan lampahira numani / lan anggadini iki / Anilani tutwuntat / lampahira sakedhap anulya rawuh / pernahe ngumbul ngawiyat / mring umbul pitenah uning.

  27. Yata wau kawarnaa / sawarnine kagungan ingkang sakit / sampun waluya sedarum / wau sapraptanira / yen umani Anilani puniku / kagungan samya sampurna / asri kadya wingi uni.

  28. Yata wau kawarnaa / sawarnane kagungan ingkang sakit / sampun waluya sedarum / wau praptanira / yen Numani Anilani puniku / kagungan sami sampurna / asri kadya wauning.

  29. Kagungan Nagabendana / rosanira pan kadya wingi uni / sareng mulyane angregut / obah buntut kewala / akdya jojit gunung ngawiyat puniku / pinulet ing buntutira / bumi obah kadya miring.

  30. Kakayon Nagabendana / apan kadya duk wingi-wingi uni / langkung endah warnenipun / murubing warnanira / sekaripun anedheng asri dinulu / puspita lan tarulata / sampurna dinulu asri.

  31. Ingkang kantun Gunung Arfat / Sarpiningrat tansah amular iki / dhumateng kang raka wau / Ni Aruman lon mojar / kadi pundi kakang karsa dika iku / kagungane Hyang muyaa / tan sakeca ati mami.

  32. Dene ta boten tingal / yen waluya kagungane Hyang Widi / Kae Makrifat gumuyu / sarya awayangan tangan / pangucape den emor lan wangsitipun / lah dhenok waspadakena / si Sarpiningrat ningali.

  33. Mulat astane kang raka / yen dinulu murub pucuk dariji / sarta amawi kekuwung / sorote lir kagungan / ageng alit tawa kang kawulanipun / Dewi Arman tumingal / kagungane sampun mari.

  34. Karsane DEWI ARUMAN / kagungane arsa dipun sengkemi / jujulukipun sinebut / Jajawijakuma / apan jangkep sawidak rabine iku / lamun pawestri punika / aningali marang kami.

  35. Ilang jenenge wanodya / atemahan lebur karsenereki / lir wulan jur temahipun / atemahan karenan / kang salira benggang lan Hyang Agung / lengser sangking syarganira / iku nimas weling mami.

  36. Ana dene jenengira / yen lumampah aran bandhega iki / adage manglajenun / miwah ing lungguhira / ingaranan lara kesmaran puniku / datan api ucapira / Lara Widakusuman di.

  37. Tanapi yen sira nyandhang / wastanira sang Retna Adiluwih / kerana mangke reningsun / aran Rekakusuma / deneng iku data ana pejahipun / marmane sira ngaranan / Sang Retna Ambari singgih.

  38. Dening datan kena tuwa / warnanira langgeng tan kena gingsir / wangi tanpa ganda iku / aranira sang rara / talimurti tan kena ginggang ing teguh / yata kirab-kirab rema / apan agelung sinangling.

  39. Pamekak mas tanpa una / pan audhet widuri silih asih / atabela manik dadu / ingkang aingsi rasa / sajatine wus kasrah sira sedarum / pan wus sedane Hyang Sukma / kang manik dumilah adi.

  40. Apan ta lilinggih sira aneng bale selaka kang rinukmi / amadhangi jagad agung / umatur Sarpiningrat esmu wedi amirsa wuwuse kakung / tumungkul kembeng kang waspa / nulya ngucap sang Dyah DEWI.

  41. Datan wruh lamun larangan / pan kawula nuwun apuntening gusti / Dewi Aruman umatur / pasang tabe kawula / tan wruh ngeski nedha apura katengsun / Ki makrifat angandika / dhenok nimas ari mami.

  42. Sira angreksa kagungan / apan sira mangke wus den mareni / wus jangjenira Hyang Agung / sira agentenana / dene uman ing rara abendaning iku / miwah anila ika / pangandikaning Hyang Widi.

  43. Kinen angreksa kagungan / lah ta sira mara dadine aglis / munggah syarga puniku / syarga kang tundha sanga / lah asunga uninga kang greksa iku / padha konen ngarsikana / yen kekasihing Hyang Widi.

  44. Arsa matura Hyang Sukma / karsa dulu wruha neraka mangkin / yen wus wruh neraka iku / ayun wruha ing syarga / Niken Dewi Sarpiningrat amit matur / lah kakang dika kantuna / kawula angleksanani.

  45. Tan dangu anulya mangkat / arenira wau ta dipun kanthi / Sang Dyah Aruman puniku / aneng ing wurenira / lampahira pan enggal dheteng lestantun / kan jinujung karsanira / syarga pangurak mangkin.

  46. Lampahira aglis prapta / aneng nglawang pangurakan puniki / lawang jemirah ranipun / ineb-inebing lawang / kang kinarya tali mustakim puniku / kancinge ingkang kinarya / kencana timbul ing warih.

Pupuh VII
Maskumambang

  1. Kawarnaa ingkang atengga kori / sang Malekat Mungkar / bumenipun Gedhah singgih / sinawaur mulya adi retna.

  2. Pepak kabeh saisinira winarni / kayon tunggal warna / miwah godhoong tunggal warni / pan samya gedhah sedaya.

  3. Tiningalan endah warnane nulya sri / widadari kendran / wau ingkang ngarsiki / warnane lir pendah retna..

  4. Yen dinulu sumirat lir mega abrit / kang angreksa kathah pan sedaya widadari / pan kacacah sewu bara.

  5. Sapraptane Sarpiningrat lan kang rayi / sang Malekat Mungkar / kagyat wau ningali / yen kekasih lagya prapta.

  6. Nulya age lumengser sang Mungkar ajrih / aneng ing pipi lawang / arsa marepeki ajrih / Ni sarpiningrat lumampah.

  7. Wus lumebet ing kori mijil ping kalih / sakathahe ika / kang atengga widadari / kathahipun sewu bara.

  8. Pernahira kumpul widadari sami / pan samya amarak / sami ngayap aneng ngarsi / Ni Sarpiningrat ngandika.

  9. lan sakehe ingsun pepak sira sami / lah padha toha / timbalane  Hyang Pramesthi / genira ngreksa kagungan.

  10. Lah ta padha resikana ta sami / pan punika uga / pangandikane Hyang Widi / sakehe kang ngreksa syarga.

  11. Sakathahe pra samya kinen ngarsiki / poma lampahana / iku sebdane Hyang Widi / lah iku kaenaning Hyang.

  12. Lah ta uwis pamitan manira iki / sadaya warabana / nuwun sandika turneki / punapa kang pangandika.

  13. Sasemone pangandikane Hyang Widi / Sarpiningrat ika / anulya lumampah aglis / lestari sakarsanira.

  14. Arenira Ni Aruman datan kari / tansah kanthen asta / lumampah lawan kang rayi / dhateng syarga pertamanan.

  15.  Lampahira lan kang rayi aglis prapti / ing lawang salukat / arane kang ngreksa iki / Ki Malekat during miyat.

  16. Gih Punika kang sinungan tengga kori / malekat during miyat / rarancangan sarwa sari / pan rurube astralaya.

  17. Gambar ingkang aneng ngayunan angrawit / ingaranan ika / Prabu Satmata puniki / linebe sakarsaning dat.

  18. Wewayangan katingalan aneng bumi / prabanya kumenyar / sorotira anelahi / apan tan kena surema.

  19. Pepak kabeh saingsen-ingsen sekalir / pan samya piningta / tanapai kayon kang adi / asri rone mancawarna.

  20. abra murub gandane amrik awangi / endah tiningalan / kang angreksa widadari / kathahe rongewu bara.

  21. Yen dinulu gebyare lir pendah thathit / senen apadha / kang atunggu lawang nenggih / sang malekat juru miyat.

  22. SARPININGRAT sigra lumebet ing kori / kaliyan Ni Aruman / apan wus prapta ing wijil / alinggih ing tamanira.

  23. Dewi Sarpiningrat angandika aris / sanak-sanak sun padha / pepak anenga ngarsa mami / atompoa pangandika.

  24. Lah ta sira padha kumpula den aglis / akeh kang rumeksa / sanak mara widadari / apan samya marak ngarsa.

  25. Pepak kabeh samya ngayap munggeng ngarsi / Sarpiningrat mojar / lah sagunge sanak mami / atopoa pangandika.

  26. Resikana syarganira ingkang adi / pangandikaning Sukma / poma iku den kaesthi / aja sira salah cipta.

  27. Lah ta sira kantuna manira amit / widadari mojar / nuwun sih andika gusti / punapa kang pangandika.

  28. Sasampune ngandika laju lumaris / Niken Sarpiningrat / den enggalaken ta uni / kawayang sapolahira.

  29. Arenira astane tansah kinanthi / ubayane ketang ing sakarsane ing Hyang Widi / dhateng syarga mungkaraban.

  30. pan ing dayat punika kiya kancing / rurube saraba / tetali muta sajati / gumenbyar yen tiningalan.

  31. Hanedah lalangsene lungsir putir / aju-ajug selaka / ingadu manis respati / ineb-ineb gambar seta.

  32. Kang angreksa ing lawang puniku nenggih / Ki Malekat Nrewan / punika kang sinung kardi / yaiku syarga selaka.

  33. Saingsine punika barang sekalir / tenapi kakayonnya / pan samya selaka adi / samya datan kawoworan.

  34. Kang angreksa sekathahe widadari / tigang ewu bara / dinulu lir kilat thathit / Malekat Mriwan pan kagyat.

  35. Aningali ladun kekasih kang prapti / gita manahira / gupuh nulya minta kori / sasampune lengser inggal.

  36. Sakalangkung ajrih Malekat Nriwani / Dewi Sarpiningrat / lumaris malebeng kori / lan arine Ni Aruman.

  37. Prapta wijil Ni Sarpiningrat alinggih / nulya angandika / heh sakehe sanak mami / lah sapanen nraganingwang.

  38. Lah ta padha merenea dipun aglis / kumpula neng ngarsa / sakathahe rewangneki / pepak aneng ngarsaningwang.

  39. Widadari samya kagyat aningali / sapraptane ika / kekasih kang lagya prapti / kang minggah dhumateng syarga.

  40. Adan Samikun seba sedayeki / angayap neng ngarsa / wus pepak kang widadari / Sarpiningrat angandika.

  41. Lah tompoa pangandikaning Hyang Widi / kabeh sanak mara / syarganira den abecik / kabeh padha resikana.

  42. Kabeh samya amanguna syarga adi / senen becika / aja kongsi surem iki / poma padha yaktenana.

  43. Lah ta padha kantuna manira amit / sakeh waranggana / matur sandika ing gusti / punapa kang pangandika.

  44. Sasampune ngandika lengser lumaris / yata Sarpiningrat / arine tansah kinanthi / saya alon lampahira.

  45. Sapolahe kawayang-wayang den liring / kasih sinisihan / wau kang sinedya ngati / dhateng syarga wahadiyat.

  46. Aglis prapta ing lawang tundha retnadi / wastane punika / lawang andariyah nenggih / kajarah rurube ika.

  47. Kang kinarya kancing rekis puniki / jug-ajug kancana / dinulu lir thathhit / padhange amindha surya.

  48. Gebyar-gebyar warnane lir mas sinangling / ineb gambar waya / kang ngreksa jujuluk neki / Ki Malekat Jabariya.

  49. Gih punika kang kinen atengga syargi / lawan syarga kencana / siningsene kencana di / kekayon godhong kencana.

  50. Padhangira apan surem sang hyang rawi / kang angraksa ika / pan sedaya widadari / kehe patangewu bara.

  51. Yen dinulu anglir pendah kilat thathit / gandanya angambar / anelahi tinon asri / Ki Malekat JABARIYAH.

  52. Kagyat mulat lamun kekasih kang prapti / gupuh minta lawang / Jabariyah lengser aglis / Sarpiningrat malbeng lawang.

  53. Lampahira aglis wau nulya prapti / wonten ing gegilang / samya lenggah lan kang rayi / Sapiningrat angandika.

  54. Sakathahe sanak-sanakingsun kang prapti / lah padha mrenea / sakathahe widadari / kang sinelir agumpula.

  55. Kathahipun widadri kang sinelir / kawanewu bara / atap marak munggeng ngarsi / warnane lir mas rineka.

  56. Murub-murub dinulu asri angrawit / Sapiningrat mojar / lah padha tompoa mangkin / pangandikane Hyang Sukma.

  57. Syarganira kabeh kinen angarsiki / poma ngetokena / mung iku parentah mami / sun amit sira kantuna.

  58. Waranggana nuwun aturira sami / punapa kang sabda / kawula dhateng nglampahi / sampune denya ngandika.

  59. Sarpiningrat anulya lumampah aglis / lawan arenira / kawayang lawan kang rayi / sampun jangjine Hyang Sukma.

  60. Pan sinungan nugraha sampun kaesthi / wau karsanira / mring syarga DAHAWIYAH nenggih / lampahira aglis prapta.

  61. Prapta nglawang punika ta sang dyah nenggih / rurube apelag / emas sinawung kinardi / kancinge sekar pucunga.

Pupuh VIII
Pucung

  1. tataline sarwa mas adi puniku / yen dinulu endah / sorote padha nelahi / ineb-ineb gambar sastra kang kinarya.

  2. Kang rumeksa Malekat Jahnam iku / kang sinungan karya / ana dene syarga iki / bumenipun emas punika rineka.

  3. Saingsine salir barang mas lurus / padhange kalintang / tan kena sure puniki / pan alanggeng senennya tan kena owah.

  4. Kang angreksa sekathahe para arum / limangewu bara / dinulu asri lir thathit / lamun tinon gumebyar tejanira.

  5. Anelahi sajagat tan memba iku / ing Malekat Jahnam / kagyat wau aningali / pan tumingal kekasih kang lagya prapta.

  6. Gupuh nulya amengani ingkang pintu / nulya lengser Jahnam / Serpiningrat malbeng kori / akaliyan arenira NI ARUMAN.

  7. Sampun prapta gegilang anulya lungguh / Serpiningrat mojar / akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang Sukma.

  8. Padha sira marenea dipun gupuh / kabeg rowongira / sakathahe widadari / kang agreksa sedaya nemewu bara.

  9. Samya marak mulat kagyat jroning kalbu / sadhatenge ika / kekasih samya nimbali / lah pepeken ta rowangira sedaya.

  10. Sampun pepak samya ngayap munggeng ngayun / Serpiningrat mujar / akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang Sukma.

  11. Padha sira marenea munggeng ngayun / kabeh rowangira / sakathahe widadari / kang angreksa sedaya nemewu bara.

  12. syarganira kabeh resikana iku / samya ngestokena / iku sabdane Hyang Widi / poma-poma den eling ta sira padha.

  13. Lan maninge padha manguna syargeku / iku wekasingwang / lah karia ingsun amit / waranggana pan samya matur sedaya.

  14. Pan kawula nuwun sabdane sang ayu / punapa ing karsa / sasampune denira angling / Sarpiningrat alon lumengser lampahnya.

  15. Pan Kinanthi Ni Aruman Munggeng pungkur / sangsaya mengkana / nglungguhi jangjining Widi / pan kawayang nalanira sang dyah retna.

  16. Dahteng syarga murdawiyat karsanipun / ingkang bumi  sawiyah / kang rupa inten sinangling / mapan pepak saingsenoingsene samya.

  17. Ana dene lawange wastane iku / pan lawang salamah / mirah rancang rurubneki / langitipun punika langit sunggingan.

  18. Jug-ajuge samya ingukir sedarum / sinawung mas mirah / pan rinancang warna adi / senenipun murub muncar tiningalan.

  19. Ineb-ineb bebyar lintang pan apatut / ingkang rumeksa ika / Ki Malekat Marhan nenggih / gih puniku ingkang sinungan karyanya.

  20. Wonten dene kang syarga puniku nenggih / kekayone samya / sarwa sari kang kinardi / sang lir barang gegodhongan samya mirah.

  21. Samya mirah lelembaran yen dinulu / senene apadhang / padhange ngebeki bumi / pan alanggeng senene tan kena owah.

  22. Kang angreksa widadari ayu-ayu / pitungewu bara / ayu lir mirah ingukir / ting galebyar warnanira waranggana.

  23. Anelahi syarga iku yen dinulu / yata kawarnaa / Ki Malekat Marwan singgih / apan kagyat aningali ingkang prapta.

  24. Pan andulu kekasih kang lagya rawuh / nulya minta lawang / Serpiningrat manjing kori / nulya ngawe ing ngasta sarwi ngandika.

  25. Dentimbali sakathahe para arum / pitungewu bara / samya marak munggeng ngarsi / samya kagyat aningali ingkang prapta.

  26. Sadhatenge kekasih kalih wahu / wus pepak sedaya / sakathahe widadari / angandika sang dyah Dewi Serpiningrat.

  27. Samya sira resikana syarga iku / timbalaning sukma / samya ngosokana mangkin / wis kantuna amit ingsun nuli mentar.

  28. Samya matur widadari sih kasuwun / timbalaning sukma / punapa karsa Hyang Widi / sampun pangandikanira sang dyah.

  29. Sarpiningrat wun mintar lan Dewi Aruman / aris lampahira / retna sari mangun estri / wus kacipta yata wau jroning nala.

  30. Dhateng syarga rumawiyat karsanipun / kang ingsi punika / bumi perdapa sinangling / mapan pepak saingsenira sedaya.

  31. Kang kinarya lawangira ta puniku / Sarpiningrat mulya / inebe esmu ening / tilan lurubnya asri kawuryan.

  32. Kang kinarya langit sunggingan iku / kakancinge adi mulya / murub tejane kang ngukir / mapan asri rinajawardi punika..

  33. Kasinungan karya anenggih puniku / wondene kang sayarga / seningsene sarwa sari / miwah kayu kalawan godhongira.

  34. Samya inten lelembaran tinon murub / tan kena surema / sorote ing retna adi / kang angreksa sakathahe waranggana.

  35. Kathahipun wolungewu bara iku / endah-endah warnanira / pan kadya retna ingukir / mapan murub tiningalan warnanira.

  36. Anelahi sajagat tan ana iku / Malekat Musakap / gita manahe ningali / sareng dulu kekasih kang lagya prapta.

  37. Sigra nulya sang dyah den wengani pintu / lengser Ki Masakap / Serpiningrat malbeng kori / Serpiningrat kelawan Dewi Aruman.

  38. Pan wus prapta gegilang samya alungguh / Sarpiningrat ngandika ris / lah ta padha marenea widadari.

  39. Sakathahe kabeh sanak-sanakingsun / lah padha kumpula / tompoa timbalan mangkin / iya iki timbalaning Hyang Sukma.

  40. Sanakira sinelir sakathahipun / widadari kendran / walungewu bara nenggih / atap marak aneng ngarsanira sang dyah.

  41. Samya gita sapraptanira sang arum / wus pepak sedaya / sakancane munggeng ngarsi / Sarpiningrat lan Aruman angandika.

  42. Heh sakehe tampia timbalanipun / sakeh syarganira / samya resikana sami / poma iku timbalanira Hyang Sukma.

  43. Lah ta uwis puniku weweling ingsun / amit raganingwang / lah padha kantuna yayi / widadari sedaya pan samya mojar.

  44. Inggih gusti kawula sanget anuwun / punapa kang sabda / sesampune denira ngling / Serpiningrat lan Aruman aglis mintar.

  45. Samya kanthen asta kalihipun / solahe kaetang / retnasari ganda resmi / iya iku kang dadi asrining syarga.

  46. Arsa dhateng syarga Rudiyat iku / ingkang bumi ika / jumanten kang binersih / samya mulya saingsenira sedaya.

  47. Anadene lawange praptimah iku / jumanten rurubnya / lelangite dipun sungging / yen dinulu tur winarna adi mulya.

  48. Kancingipun mukhasastra adi luhung / jug-ajug rineka / ingukir kadya raseksi / syarga iku dunulu asri kawuryan.

  49. Ineb-ineb gambar surya kang linuhung / nenggih kang rumeksa / Malekat Mesean puniki / mapan samya sedaya pinancen karya.

  50. Ing ngrumkadiyat kayon mulya ta puniku / lir barang godhongan / anglir jumanten linempit / pan nelahi senenira sabuwana.

  51. Alam kadim kasenenan ta puniku / padhang tiningalan / kang angreksa widadari / kathahipun apan sangangewu bara.

  52. Pan gumebyar kilat thathit warnanipun / nawangnawa tadah / lir jumanten kang den ukir / Malekat Masemaan nika tumingal.

  53. Langkung kagyat dulu gustenira RAWUH / GUPUH MINTA LAWANG / Ki Mesekan lengser aglis / pan wus manjing ing kori sang retna kalihnya.

  54. Arenira Ni Aruman datan kantun / lestari lampahnya / wus ngancik srimenganti / gih punika syarga kang renancangan.

  55. Lawang syarga rumkadiyat tunggal kubun / kang abumi ika / jumanten retna salikin / gih punika kiwa lawan tengenira.

  56. Sekathahe widadari ta puniku / bekta upacara / waneh nampa bokor rukmi / ingsenira burat ganda lawan wida.

  57. Kang saweneh angrakit tinompa ranu / munggeng ing wewadhah / kupi retna lan widuri / kang saweneh nampa lancangira retna.

  58. Ingsi gandawida lawan jebat arum / sawung galing ika / jumanten mulya ingukir / ing puniku ingsi retna sekar sastra.

  59. Mapan sampun tinampanan sekaripun / amung iku sekarnya / kang atuwuh ing suwargi / warnanipun tanpa tandhing sabuwana.

  60. Mapan murub gandane ngebeki syargeku / saweneh anampa / lelancangira rinukmi / ingsenipun jejebadan rasamala.

  61. Kang saweneh yata kang para arum / mring syarga rerancangan / sami amapak mring gusti / iya iku wus jagenira Hyang Sukma.

  62. Duk pinepak sekathahe para arum / ngrakit upacara / retna kinasih lumaris / kanthen asta kang rayi lawan kang raka.

  63. Sekathahe widadari wus kapethuk / angiring sedaya / ginarebeg widadari / asri tinon samya bekta umara.

  64. Segah mulya saingsine syarga iku / sadhatenge ika / retna kusuma kekasih / pan kinanthi NI ARUMAN munggeng asta.

Pupuh IX
K i n a n t h i

  1. Kang ngiring sang retnayu / sekathahe widadari / cacah sangangewu bara / neng tengene ngapit / saweneh aneng ngayunan / ana kang aneng ing wuri.

  2. Sang retna kekasih laju / sedhatenge kapesthi / nulya sira aglis munggah / dhateng kupi mandragini / mring gedhong jinam kumala / sampun prapta pancaniti.

  3. Lenggah gedhong sang retnayu / ing gedhong kulon adi / sang retna sampun ngedhatyan / ing jinem gandanya amrik / ingkang kemit widadarya / waranggana kang sinelir.

  4. Samya endah warnanipun / sakehe pan dalan syargi / samya winangun punika / padhang sumirat lir thathit / wau kang lenggah punika / kang wonten ing mahmur kadim.

  5. Ya Allah timbalanipun / dhateng sang nabi kekasih / nulya Allah ngandika / Kun ya Muhammad iki / iya ingsun den kaetang / tan ana ingkang prayogi.

  6. Yen dudua sira iku / kang yogya dadya tetindhih / aneng jagad ngansia / wus sun gedhong jenengneki / gumantia mring di NGINGSA / kang dhingin tan ana malih.

  7. Ingkangsun kekudang jumenenga / gumantia jeneng mami / kang dadi tetindhih jagad / ing ngangsia ta puniki.

  8. Tetkalane tumurunipun / sangking langit kaping tuni / ingsun amaringi cahya / aran wuludiyat iki / ingkang murub ing wedana / ya sun anganggo iki.

  9. Kang madhangi jagad agung / murub tan ana metengi / kalawan sandhanganira / kang aneng syarga luwih / lusir retna kang kinarya / kang sun kon anganggo uni.

  10. Malah ing satuhunipun / Jabarail kang tinuding / sestrini atuduh marga / wekasingsun wanti-wanti / poma-poma nabi Ngingsa / malah kupinge sun jiwir.

  11. Sakehe wewekasingsun / enget-enget wanti-wanti / anaa ta ingangsia / iku pamrihingsun malih / Muhammad nambungi sabda / dhateng leres tuwan ugi.

  12.  Sangking pangandika ulun / mongsa borong tuwan ugi / mangka Allah angandika / heh Muhammad wekas mami / santuturi bae ta sira / kekasihingsun puniki.

  13. Praptane ngangsia iku / pan wus nama kadhatoning / endah pelag warnanira / kathah inten kumala di / sorotipun apadhang / syada biru semu putih.

  14. Tumawi teja kekuwung / mangkana kang den anciki / lamun pinandeng ing tingal / kadhaton surem senening / malah temah luloh ika / lama niksa aningali.

  15. Surem ngangsia puniki / dene cahyanira nelahi / mongka Ki Muhammad nebda / amba matur ing luwih / amba yun uningaa / tuwan andika warteni.

  16. Kasih tuwan Ngisa iku / sapitan gedhene ugi / miwah dedege punika / yen angucap kadi pundi / tuwan amba wartenana / ing ondhe-ondhening mangkin.

  17. Mangko Allah alon amuwus / Muhammad takon mring mami / ing warnane Nabi Ngingsa / datan ana amadhani / yen ngadek meh sundhul kasa / yen petat lir gelap muni.

  18. Sembada lan dedegipun / tanapi lamun alinggih / dhehdemene sila tumpang / den encot-encot pupuning / lah iki pituturingwang / ya Muhammad mring sireki.

  19. Yen sira tanya maring sun / ayun wruh ing Ngingsa uni / wateke mengkono uga / Muhammad umatur aris / anuwun sebda panduka / Allah angandika aris..

  20. Heh iya Ngisa puniku / wusana ngangsia mangkin / sun gawe tetindhih ika / pepak sabalane iki / malah karta nagrenira / milya jangad ngangsiyeki.

  21. Sarisap pan dadi tunggul / sari-sari lawan siki / ana pitungatus warsa / neng jagad ngangsia iki / pan adhem parentahira / iya Ngisa puniki.

  22. Teka manah katungkul / miwah sabalane sami / padha lali marang ingwang / sun anti sareng kang ati / lawan rongkangat punika / nungkap tiba rekang ati.

  23. Kongsi patang rengkangat ketung / limang rekangati / pamrihingsun marang Ngisa / sak pupene ingkang ati / ngongsidhep di tataa / sun anti elingreki.

  24. Pan kongsi akir satahun / ing sakala ya lalining / kerut manah kalimputan / ing manahe milu lali / marang jenenging manira / ya agung kasukan iki.

  25. Asru laline maringsun / malah ngaku jeneng mami / angaku purba wesesa / mangka sesumbaring iki / tan ana amadhanan / neng jagad ngangsia iki.

  26. Ing nama mung jenengingsun / pan ingsun purbaning bumi / iya ingsun kang wasesa / ingsun Allah kang sejati / alanggeng tanpa sesama / sun akarya bumi langit.

  27. Ingsun kang karya syarga gung / kang karya neraka mami / kang karya lara kapenak / duk lagi wang-uwung dhingin / durung ana kang pratala / duk durung ana kang langit.

  28. Apadhang sumaruwung / lah iya Ngisa puniki / iya ingsun kang akarya / anane bumi lan langit / ingkang aneng ingasiyan / pan dadi sakarsa mami.

  29. Ing bakale buminingsun / kang akarya iya mami / kang aran nurma wikara / ya miwah bakaling langit / nurmani karang ngingsa / sung gawe langit puniki.

  30. Ingsen-ingsen puniku / kang dadi kelalar mami / kang jati sipating ngaral / apepek ingsining bumi / ingkang sun gawe neraka / puniku pan mener ngati.

  31. Kang dadi syarga puniku / pan menering tingal mami / kang mungguh ing tengen ika / mapan saingsining nguni / apan marga sangking ora / saosikingsun wus dadi.

  32. Ingsun Allah wasesa gung / si Ngisa sesumbarneki / sangking pegele ateningwang / marang si Ngisa puniki / dene sesumbar mengkana / heh Muhammad tutur mami.

  33. Ing srandune awakingsun / mehana den osak-osik / sapangakune punika / marang jenengingsun puniki / kaya ingsun anglirena / mengkana den osak-asik.

  34. Ambarubuh sarak agung / Muhammad ngandika malih / amba matur ing tuwan / lamun turun Ngingsa uni / banggi sumuwun ing kalah / wus antuk uning.

  35. Sangking sebda tuwan agung / marma purune kepati / anulya Allah ngandika / tan angrasa awak mami / heh to kowe Muhammad / mongsa sun ucap puniki.

  36. Ana dene wekasingsun / saturunipun rumiyin / marang jagad ing ngangsia / malah kupinge sun jiwir / ingkang sun tutur punika / ujaringsun wanti-wanti.

  37. Teka nulya ngaku tengsun / ambarubuh sarapneki / sesumbar ira mengkana / tan ana ingkang madhani / purba ing dhewekira / mangka ingsun anuruni.

  38. Anuruni seksitengsun / mangka si Ngisa puniki / ingsun eneh masebat / dene andaru lalining / wondene ing pamrihingwang / ya Muhammad ingsun iki.

  39. Marang sinambi ngaseku / laline mring jeneng mami / anging NGISA atobata / pamulane sun wewehi / musibat tumangpeka / si Ngingsa sun eprih eling.

  40. Lah Muhammad iya tengsun / anuruni toya aglis / aran kodrat marbin ika / tiba ing Ngasia wradin / ingaranan udan awah / maletut tibaning warih.

  41. Udakawis genge jawah / sadhulang ganalang nenggih / tiba ing jagad ngangsia / mangka kelem ing jeladri / negaranira si Ngingsa / sabalane kelemsami.

  42. Malah si Ngingsa puniku / meh kakelem aneng ingwarih / aja gancang ta lumajar / sarya gendeng-gendeng rabi / guguping manahira / Muhammad sun tutur iki.

  43. Duk lagya semana iku / katon sapolahing rabi / jerit-jerit gondheng asta / si Ngingsa lumayu nangis / angungsi ing palya kapal / sawuse neng kapal iki.

  44. Si Ngingsa lan rabenipun / putrane den awe gipih / wastane si Capanaha / kakantan apan wus den wangsit / ingajak anitih kapal / ing sakarsaningsun mangkin.

  45. Si Panahan pan lumayu / munggah ing Jabalkap ardi / den ungsi lan rabenira / Ngisa putrane deng sengi / anitihi iya kapal / manahe tan gelem mangkin.

  46. Akedah ngusi mring gunung / mangka Ngingsa duwe janmi / marang ing anakira / iya anakingsun iki / nanging dudu anakingwang / si Manahan meksa lali.

  47. Lumuh manira angumpul / mangka si Ngisa puniki / kenger kapale semana / kagunturan dening warih / sarta kamempyuking ombak / palya malang mujur maring.

  48. Iline warih kang tinut / Gunung Jabalkap puniki / pan wus kalebon ing toya / pan wus kasaban warih / kang gunung kelem sedaya / si Panahan nunten keli.

  49. Lawan rabine puniku / anut saparaning warih / gandhengan lan rabenira / si Panahanan nulya eling / asambat-sambat maring wang / sun turuni nugrahani.

  50. Mentas bang wetan puniku / ing pamenering sun nenggih / munggah wekasaning jagad / kang aran bumi masrik / enggene kang nata si Panahan / alami ngasia uni.

  51. Mongkoa putusanipun / jajam lawan sepi mangkin / ingkang ingsun utus mreksa / abekteni Ngisa uni / yen jagadira wus sirna / paran karsanira maning.

  52. Malah mangkin teka durung / bayakekan sun atawis / aneng jagad ingasiyan / tan kena balia maning / karana ngalih tan kena / ya Muhammad kang sun tuding.

  53. Mangke kena jangjenipun / mangkana mulane dhingin / kang amangan awowohan / kang satitah ngasia di / akaliban ing toyanya / aran patijatha nenggih.

  54. Kang den pangan umatingsun / kang aneng ngasia iki / sari-sari duk semana / munggah prapta dhateng langit / maring langit kaping sapta / awak sepata tekaning.

  55. Pan aneng ngarsaningsun / si Ngisa gupuh ngabekti / aturipun agudhilang / mangka ngaturaken tokid / ing rabil ngalamin Allah / amba matur tuwan singgih.

  56. Amba takon doseku / punapa mergane iki / jaman amba kinelema / punapa mangke dosaning / mangkana ta ujaring wang / pan krana sun rusak iki.

  57. Sira lali marang ingsun / dene sira ngaku mami / iya iku dosanira / mongka Ngisa matur malih / mung punika dosa amba / banggi wanten dosa malih.

  58. Pan mengkono ujaringsun / lah iku dosamu uni / dene kerut marang bala / lali marang jeneng mami / angaku purba wisesa / mangka Ngisa matur malih.

  59. Pralaba ing aturipun / ngasih-asih ngarsa mami / ature wonten narendra / putrane amung satunggal / tur jalu ta putranira / mangka surut ang nerpati.

  60. Kadya pundi karsaningsun / punapa tan wenang iki / lamun putra gumantia / tuwan andika leresi / ingsun kendel datan mujar / ya Muhammad tutur mami.

  61. Tetkala semana iku / Ngisa ature mring mami / angadhangi marang ingwang / mangka si Ngisa matur aris / ing ature Nabi Ngisa / sanget nuwun kula gusti.

  62. Punapa tan wenang ingsun / angangkena kasih gusti / saboten wonene tuwan / Ngisa nuli sun ecani / iya bener aturira / kaya mengkono abecik.

  63. Nora nane katengsun pan sira sun karya wakil / tan ana ingkang prayoga / liyane sira pribadi / kang angemban rasaningwang / satitah ngasiya iki.

  64. Mung sira prayoganipun / sakeleme jagad iki / dene sira lali mring wang / ingsun pan semana maning / asupe mring pekenira / rasa purba anglimputi.

  65. Ana dene ing lalimu / sakehe mring jeneng mami / sira abarubuh sarak / kang sun gedhong kang sun kunci / iku ta laranganingwang / aneng betal makmur kadi.

  66. Lah ya iku ing dosamu / mangke Ngisa matur aris / tumungkul nedha ngapura / mengkana ature iki / umat amba ta punika / lamun tuwan sun cekeli.

  67. Umat tanya ing tabeku / dhumateng amba puniki / punapa ta boten menga / yen nyebut pangestu singgih / dhumateng kekasih tuwan / abener aturereki.

  68. Ngisa sah ing aturipun / iya sun tarima becik / yen dene pangucapira / ki Muhammad matur aris / sarya mesem jroning nala / kadi ta leresa.

  69. Ngisa ature puniku / nanging kasok ingkang satunggil / nanging sak papane ika / purun ngemban sabda gusti / mengkana ujare ika / Allah angandika aris.

  70. Ya Muhammad ujaringsun / ora yen ngasora iki / menek daler ta Ngisa / mangke ta lagya sawarsi / aja matur marang ingwang / nuli sun jiyade uni.

  71. Nanging si Ngisa kepahung / dene nuli kumawani / kaya benera si Ngisa / nulya Ngisa sun kon bali / tumurun jagad ngangsia / Ngisa ature aririh.

  72. Nanging andhepok tan purun / aneng ing ayunan mami / amba nanging anenedha / dhateng tuwan maha yekti / sanadyan mangke kawula / anglampahana weweling.

  73. Antuka sabda Hyang Agung / lamun amba aningali / dhateng jagad ing ngasiyan / amba anedha mulyaning / ing ngasiya punika / waluyaa kadi uni.

  74. Anedha maring Hyang Agung / pan mengkana ujar mami / teka sira abalia / dene manira ing mangkin / wus ta mulya kadya lama / umat kang sun rusak dhingin.

  75.  Kang ateguh marang ingsun / akeh kaliwat nyanani / atanapi penira / ing sarira den aliling / iku wewekas manira / Ngisa nulya atur bekti.

  76. Amba nedha pura ingsun / yen amba supea malih / sakedhap wau punika / antuka kanugrahaning / apan wus cundhuk si Ngisa / nulya amit mundur aglis.

Pupuh X
D u r m a

  1. Yata Ngisa lengser sangking ngarsaningwang / bali mring jagadneki / yata putranira / kang aran si Panahan / kang aneng bang wetan masrik / lawan winayah / duwe putra sawiji.

  2. Nanging iku angaku purba wisesa / ya dene kang wewangi / JUJAMAJUJA / iku kang ayun purba / pan angaku jeneng mami / Allah wisesa / ambake wong puniki.

  3. Allah Ngisa dene putrane amursal / arsa nglangkungi mami / dhingin Nabi Ngisa / abarubuh ing sarak / kang ginodhi kang kinunci / sampune mangkya / angrubuh Allah kaki.

  4. Mangka ingsun kebat nulya aputusan / malekat kang sun tuding / si Dulkarnen ika / ingsun ayektenana / marang si Majuja iki / mangka Majuja / nyata yen ngaku mami.

  5. Kae Juja apan kupur awisesa / angrusak marang mami / mangka binalenan / Juja ginodhi ika / lawe satus tukel iki / Juja tan solah / pradene datan eling.

  6. Meksih ngaku purba kaya jenengingwang / durung tobat mring mami / si Juja yen duka / kelangkung dene rosa / ing ngasia lir ganiling / segara kocak / kathah rubuh kang wukir.

  7. Kayu watu samya kentas pernahira / nenggih bumi masrik / mider lir kitiran / yen Juja lagi kurda / yen bumi angleliwati / karosanira / genge meh kasundul ing nglangit.

  8. Yen andilat rante wesi musna ilang / apan ta dadya warih / mapan lumuh sirna / tibeng bumi Juja / kaya sampurnaa iki / pangrasaningwang / bumi kadya den linting.

  9. Rante waja puniku genting sedaya / meksih gubed pribadi / mring awake Juja / ya dene umatira / ingkang eling marang mami / ngabekti sira / rante kang tugel pulih.

  10. Kukuh kadya duk lagya ing maunira / yen kurda punika nenggih / rante dinilatan / malih maring si Juja / warna ilang kantun kedhik / kari sareme / pinara pitu iki.

  11. Ingkang gubed marang si JUJAMAJUJA / wesi dulur sirna ting / mangka umatira / asru nebut maringwang / rangte tangkep gubel malih / pulih gengira / Juja prakempa malih.

  12. Nulya rante dinilat lebur pan ilang / gawok ingsun ningali / lah iya Muhammad / mirsaa mring si JuJa / bisa ageng bila alit / yen kala kurda / gedhene leliwati.

  13. Yen angadeg luhure meh sundhul wiyat / yen mari kurda iki / gedhene apan suda / sami lan linggihira  / Muhammad umatur aris / amba dhateng tuwan / Juja dene asekti.

  14. Lan punapa kang dadi kasektenira / dene bisa geng alit / amba ayun mirsa / tuwan andika mujar / kawula arsa udani / wartane Juja / pangetung tuwan uning.

  15. Nulya Allah anebda ku ya Muhammad / kawruhanira iki / si Jujamajuja / karane sekti ika / duk lagya pakumpulneki / si nabi Ngisa / apan duwe prajangji.

  16. Duk putrane karma si Panahan ika / sinambi Ngisa angling / yen abecik benjang / anakingsun punika / sun kudang ngembani gusti / mangka tumeka ingkang becik puniki.

  17. Si Panahan nuli sida pala karma / lagya pasihan nuli / angluwari sabda / putra nuli den emban / den sareng putrane kalih / sarya den kudang / besuk putra ngong kalih.

  18. Duwe putu benjang sekti mahambara / sun jujuluki benjing / si Jahatmajuja / kang kuwasa angrata / jagad ing ngangsia benjing / purba wisesa / karsane putu mami.

  19. Besuk tembe saurana awakingwang / putu ngong kang gumanti / nindhihi ngangsia / iku jangji manira / dadi prabu set manik / dinunungan cahya / ing ngulu wiyat adi.

  20.  Ingkang wonten ing badaningsun amba / sawuse den kudangi / tinuruken ika / sangking ngembananira / cinekel astane iki / kang munggeng kiwa / nenggih putrane estri.

  21. Ingkang munggeng astane tengen punika / putra jalu anenggih / lir wong uluk salam / mongsa si Nabi Ngisa / nulya nebut jeneng mami / salalahu salam / iku mulane sekti.

  22. Umat tuwan natkalanira semana / Ngisa tiba sebdaning / pan seneni cahya / anyepuhi mring Juja / duk lagya bane uni / wahyu gumantya / Ngisa tetkala angling.

  23. Yen anaa sinebut ing kalihira / sareng turune wangsit / temah ana ika / ya Muhammad sun pajar / saurana awak mami / karsaning Ngisa / among putune iki.

  24. Kang kinudang anggenteni lungguhira / pan tapaking Hyang Widi / neng jagad ngangsia / iku ujare Ngisa / ing jenengingsun kaesthi / tinggal lir purba / ing dheweke pribadi.

  25. Karsanira ya Muhammad Nabi Ngisa / aja tumimbul mangkin / aneng ing ngangsia / amit Juja den kudang / gumanti mring Ngisa mangkin / jenengira / kaya yen den alingi.

  26. Nanging Ngisa kaya durung nurutana / karsane Ngisa mangkin / nanging meksih sira / sun tingali kewala / kang sun gedhong kang sun kunci / aneng ngasia / genteni Ngisa mangkin.

  27. Karanane si Nabi Ngisa punika / neng ngangsia / nindhihi / lan jamane ika / nanging cacade ana / tan kewasa nata jalmi / ngasia ika / meksih srem senening.

  28. Ing ngasia kaya lamun durung arja / kekasih ingsun iki / Nabi Ngisa ika / lir anak pupon-pupon / mulane sun timbang mangkin / kelawan sira / mung sira sun tingali.

  29. Karanane sariranira punika / iya sarira mami / tingaling sun ika / iya paningalira / rasanira rasa mami / kang jati mulya / aneng syarga puniki.

  30. Pangucape iya Muhammad mangkya / pan wus pangucapneki / ing pamiarsanira / iya pamirsaningwang / asiking raosing mami / roh pekenira / pan iya eroh mami.

  31. Kalbuningwang iya mapan kalbunira / hananing ya sun iki / iya ananira / ingsun kae tunggal / Muhammad nulya nebda ris / nanging ta amba / umatur dhateng gusti.

  32. Nuwun pangestu mangke tuwan kawula / lamun amba puniki / gumanti mring Ngisa / amba mangke tan suka inggih aneng asia nguni / meksih lenggahan / lamun Ngisa puniki.

  33. Lamun antuk pangestu sih dhateng tuwan / yen tuwan jiyat singgih / mangka Allah nebda / heh kun Muhammad sira / teka lakonana mangkin / ing parentahingwang / lagi duk turun mami.

  34. Wekasingsun wanti-wanti marang Ngisa / yen sira sun karya gati / genteni mring Ngisa / aneng jagad ngasia / nora nanane puniki / si Nabi Ngisa / mung sira kang sun gandhing.

  35. Ki Muhammad aturipun melas arsa / pramilanipun gusti amba sapunika / sapakon kekasihnya / anging pun Juja puniki / ingkang kinudang / agentenana mangkin.

  36. Inggih dhateng kekasih tuwan punika / Juja brawala nuli / lamun amba meksa / ajabela punika / menawi pun Ngisa nenggih / sanget tan suka / Gusti Allah nebda ris.

  37. Ya Muhammad iya sira lakonana / sinambi Ngisa mangkin / yen meksa tan suka / teka sembadanana / sira endhiha ing benjing / kedhatonira / yen Ngisa bengkalahi.

  38. Nuli enggal ingsun tulung marang sira / malekat kang sun tuding / kaya tan lenggana / yen emut wekasingwang / sira jaluka den wani / kadhaton ika / kayaa ngidhep mangkin.

  39. Nabi Ngisa kaya idhep jenengira / dhingin wekas mami / yen sira sun kudang / agenteni / karatyan / karatone Ngisa iki / sira duk nora / sira sun wekas malih.

  40. Ya Muhammad nanging sira den prayetna / yenta sira kepanggih / lan si Nabi Ngisa / lah sira kramanana / den becik tapsilaneki / den aris nebda / kawruhana den becik.

  41. Iku uga tetekone ya si Ngisa / langar tur kaduk wani / adhapana karma / maknane ing wong ngadhap / Muhammad luhur wekasing / wong kang pugung ika / lemah adhap puniki.

  42. Ing bodhone angliwati ing wong kathah / alimuh kasor kami / agunggung palenggah / dadi cela wong ngucap / nora idhep jeneng mami / dadi wong sasar / pamrihisun puniki.

  43. Ya Muhammad karane sun kon ngadhepa / marang si Ngisa iki / lejara kang manah / alengganaa ika / anuta karsaneki / emuta mring wang / iku panjaluk mami.

  44. Ya Muhammad amba matur ing tuwan / nuwun pangestu uni / punapa parentah / wuruk tuwan mring amba / amba matur ing tuwan nenggih / kadi punapa / mangke karsaning gusti.

  45. Nabi Ngisa menawi sanget tan suka / nenggih Juja puniki / kang ginadhang-gadhang / anggenteni karatyan / tuwan bilih ta menawi / Allah ngandika / si Majuja puniki.

  46. Aja sira sumelang marang si Juja / pasang bae puniki / ana dene benjang / jangjeningsun yen teka / ing kabar kiyamat iki / si Juja benjang / ucul tetalineki.

  47.  Jagad ngasia punika apan keburan / papan kelawan tulis / gunung ing Jabalkap / iya iku ginada / dening Jamajuja iki / lan bumenira / ing masrik puniki.

  48. Pun sinongga ing tangan tengen lan kiwa / bumi ing masrik ing benjing / lan gunung Jabalkap / sinelehaken benjang / aneng ing nglawang kekalih / syarga lan nraka / yen dene Juja iki.

  49. Iya iku angaku kekasihingwang / aci-acia benjing / apan sumbar-sumbar / ngaku purba wisesa / tabete binuru benjing / kinuya-kiya / den kon angidhep sami.

  50. Tan angandel umatira iku samya / ya Muhammad ing benjing / maring Jamajuja / yen amaido samya / sakehe umat puniki / ing warnanira / den tiru warna mami.

  51. Pamrihira maring umatingsun ika / tunggil rupane benjing / kayaa si Juja / bisa amilih rupa / anom tuwa gedhe cilik / ya mindha-mindha / ing rupanira iki.

  52. Ya Muhammad nora ingwang kaya sira / lalewane ngeblegi / jumbuh tiningalan / pangucape lir sira / dalane luput ta iki / kyeh umatira / meh kasamaran mami.

  53. Yen sun dulu ing warnane si Majuja / yen arupa sireki / tambuh piniliha / yen mindha rupaningwang / kabeh umatira pangling / akeh kang samara / den sidhep ingsun iki.

  54. Yen umatira iku wruh ing neraka / ya ing jamina iki / wruh ing cirenira / lawan cirri manira / lancirane Juja iki / lamun luputa / mengko umatereki.

  55. Umatira datan kena kumelamar / ingkang atambuh iki / ing nraka jamina / umatira punika / ingkang kena dipun irid / dene si JuJa / amik ta rupa mami.

  56. Pan angaku si Juja kekasihingwang / si Juja angling aris / maring umatira / lah padha marenea / lah enya syarganereki / kang luwih endah / tampanana den aglis.

  57. Bok manawa sira maido manira / tingalan rupaki / neraka dumilah / dhaube lulumbangan / endi aku syarga ening / lawan neraka / yen maido sireki.

  58. Lamun sira benjing / kalebu neraka / ajaluk lara apa / tan wande sun siksa benjing / yen maidoa / sila lir dhandhanggendhis.

Pupuh XI
Dhandhanggula

  1. Yen angadhep marang jeneng mami / lah ta enya iki syarganira / padha tampanana age / sakehe umatingsun / lah di enggal munggaha syargi / ingsun pan nota tanya / Allah ingkang agung / kang murba misesa jagad / kang anitih bumi langit kang amesthi / syarga lawan neraka.

  2. Anjiyada ing ngakerat iki / kang amurwa jagad ing ngasiya / duk lagya mula-mulane / mengkana umat iku / padha ngidhep si Juja iki / awedi ing neraka / mongka umat iku / pan samya munggah ing syarga / wus angancik giniring si Juja iki / Juja kelangkung suka.

  3. Anadene  umatira iki / ingkang weruh marang cirenira / lawan cirenira mangke / lamun waspada iku / ing cirene si Juja iki / weruh ing pasangatan /  kenoa ta iku / lamun kalebu neraka / mangka Juja ameksa mangke anggiring / kang ora idhep ika.

  4. Den lebokaken neraka jahmineki / umatira ingkang mursal ika / kang ora angidhep mangke / marang si Juja iku / pan siniksa pinukul nenggih / sambatira tan pegat / maring jenenganingsun / nulya sun utusi enggal / Jabarail sun kon ngentosana sami / umat kalebu neraka.

  5. Mongka sawuse mestas puniki / sun silehken syargi mukarabah / selaka nenggih bumine / mapan sun ganjar iku / widadari ingkang ngraketi / pan tigang ewu bara / kang ngreksa puniku / angambah lawang jaleka / umatira kang emut marang sun iki / kaya meksih sun eman.

  6. Karaningsun duk akongkon mangkin / aneng syarga Mukaranah ika / waspada ing sira mangke / weruh ing jenengingsun / lawan Juja dipun kawruhi / arane ingsun ganjar / umatira iku / nanging ta meksih sangah / dene lagi selam enget pusiriki / ukur idhep ing aka.

  7. Karsanira sang Juja puniki / syarganingsun kang den telad-telad / den ambila wewayangane / apa sak isenipun / pan ketelad warnane sami / arane umatira / kasamaran iku / nyanane tanpa ganjaran / gupuh-gupuh aseba marang sun iki / tan wruh lamun si Juja.

  8. Karane umatira iki / marang sakeh kang sami kabandhang / sangking samare tingale / den sidhep jenengingsun / mongka Juja suka kepati / yen umat padha kena / wus angidhep iku / angaku purba wisesa / ana dene neraka jamin den pesthi / wewayangane ika.

  9. Muhammad mangke anebda aris / amba matur dhumateng karsa tuwan / pundit mangke titilane / cirine Juja iku / prabedane kadya pun endi / kelawan ciri amba / ing wetawisipun / miwah mangke cirri tuwan / prabedane amba mangke arsa uning / lah tuwan babara.

  10. Mongka Allah nebda kun malih / sarta miyak tatebengira / Muhammad dulunen mangke / dipun waspada dulu / aja kilap tingale bening / aja sira kumlamar / marang cirinipun / miwah cirenira wadhak (dhawak) / atenapi cirene si Juja nenggih / Muhammad den waspada.

  11. Sira Muhammad cengeng tetiga pasange / sumineb panonipun / mongka Allah dipun sungkemi / sarya auluk salam / Muhammad umatur / amba matur dhateng tuwan / pundit mangke cirri tuwan kang sinelir / miwah ing cirine amba.

  12. Mongka Allah nebda iku malih / ya Muhammad iki raningwa / iki carenira mangke / cirine Juja iku / mapan iku sun gawe samir / sira wespadakena / aja ta kaliru / lumrahen umatira / lamun arsa tetemu lan ingsun benjing / cirri kang den tengera.

  13. Ta Muhammad nulya anebda malih / amba mangke matur dhateng tuwan / punapa mangke wastane / ciri tuwan puniku / dene endah warnane singgih / nelahi ing bawana / lancur sorotipun / miwah mangke ciri amba / atanapi cirine Juja uni / tuwan dika pajara.

  14. Mongka Allah angandika aris / ing laila heh Muhammad ika / sun aranana ing mangke / atemu sira iku / nora kena lumaku iki / marang jagad ngasia / ingsun buka iku / pan puniku dadi keblat / kang den sembah dene untira iki / tapel kodrat ajerat.

  15. Muhammad ika meksa angungkih / anging amba umatur ing tuwan / suka bendana mangke / amba dhateng anuwun / anging amba tuwan pajari / ing wastane punika / amba ayun wruh / banggi tumekeng ngasiya / Nabi Ngisa pan teksih maido singgih / antuka wisik tuwan.

  16. Mongka Allah kemengan jroning ati / yen kasiha meksa tetanya / karo beda ing ciptane / Allah ngandika mring sun / ya Muhammad aja ngrasani / temahan apa sira / sun waraha iku / saujar-ujaran iya / pesthi sira sun poyanana puniki / bubar ingsining syarga.

  17. Nabi Muhammad netyane runtik / tumulya mangke denira lenggah / aparipeksa ature / amba nabi anuwun / kaniaya tuwan puniki / yen amba kelirana / ing wangsit puniku / atemah amba bingunga / dene tuwan amici pawarta iki / pan kirang sagayuhan.

  18. Antenapi yen amba puniki / apanggiha lawan Nabi Ngisa / pathine tan kendel mangke / yen tinakonan iku / kapaido amba puniki / tan bisa sumaura / samara ing pamuwus / yen tan antuk wisik tuwan / pan lenggana amba tuwan anut singgih / dhateng jagad ngangsia.

  19. Mongka Allah ngandika aris / ya Muhammad ampthah ing sabda / wus kabeneran tuture / ginendeng baonipun / talingane dipun papetik / nulya winisik sira / sajroning pamuwus / cengeng lir pendah pejaha / ana rasa tan ana kareseng ati / uripe tanpa polah.

  20. Ciptanira wus tunggal sang kapti / ya Muhammad anglampahi pejah / sampun mulya reragane / ponca driya tan ketung / sirna ilang musthika sari / wewayangan anarpa / duk rinancang iku / mati sajroning ngagesang / wus katingal cirri tetiga wus pesthi / sarta jejulukira.

  21. Sasampunira winisik iki / Muhammad ika nulya anjola / kadya kasmaran polahe / manahipun gegetun / nulya Allah dipun sungkemi / sarwi auluk salam / sarta bektenipun / nulya Allah angandika / ya Muhammad engetana ingkang ening / wekasingsun mring sira.

  22. Lan usapen ramanira iki / tingalana mangke jangjenira / den kongsi teka sukune / Muhammad nuli matur / sarya mesem anebda aris / punapa sebda tuwan / amba dhateng nuhun / sangking ing pamuruk tuwan / tan kuwasa tuwan lenggana puniki / sangking pituduh tuwan.

  23. Wonten malih atur kula gusti / ya hirabilngalaihi ika / yen amba ingutus mangke / dhateng ngangsia iku / yen kepanggih lan Ngisa benjing / banggi tan angandela / ing prasabenipun / amba anedha gegaman / banggi Ngisa tumekeng sikara benjing / ambanibangara.

  24. Mongka Allah anebda kun singgih / Ya Muhammad ya gegamanira / saka prajurit tan mangke / iku meksih sun gantung / lamun sira turun iki / marang jagad ngangsia / iku wekasingsun / aja sira agegawa / sangkane enggala lakunereki / tekane ing ngangsia.

  25. Lamun sira agegawa iki / pesthi remben ing lakonira / asuwe neng dalan bae / gegamanira iku / sun wotaken ing burat jahmi / samngsane ta sira / tumekaa besuk / aneng jagad ing ngangsia / Jabarail sun utus anggawa iki / marang panganggenira.

  26. Ana dene endhe purasani / pan wus kawot aneng ing barak ika / pedhang ruwit ta rong wange / bendhe si sumyang iku / lan parise malela sari / kaklebet sangsalaya / lelayu pan murub / kendhang gong songgobuwana / umbul-umbul carancang mendhalagiri / kang anungsun ing sastra.

  27. Canggah cap kop lan jungkat dumeling / lan trisula si pamener muka / cis malige rowange / panatas purba iku / pantarane wungkul sajati / pineteg natagama / landhene tuduh / cothene pangayun wastra / sarungane mursahan pangestune pangayun wastra / sarungane mursahan pangestu rahi / ukaran lumat laras.

  28. Lan tetopong kang panutup ening / lan bebadhong sudama wisesa / rasukan sumarsa ngene / cetha laduning rukuk / udhet-udhet camal dahwini / calan sarpa nata / songsongira iku / eksi marahar jumena / lan tengeran tunggul paying den kiniti / sira wus sun cecadhang.

  29. Tetunggangan jaran ijo iki / pengarite sing birahmat ika / weruh tanpa netra mangke / yen dene janjenipun / angakepi karsanereki / tan apilih dedalan / yen kala lumaku / dhasare bumi den jajah / sakluhure langit den osak-asik / weruh sakarsanira.

  30. anadene panggonane iki / akayangan syarga pangurakan / apan wus pancen dheweke / saupacaranipun / iya iku ingkang nimbangi / gegamane si Ngisa / ing sakathahipun / miwah gegamane JUJA / mapan uwis sawarnine den timbangi / marang gegamanira.

  31. Mongka Juja gegamane iki / tebenere wewegig punika / kumbala sato den nute / yata panunggulipun / iya panggog amawi cirri / bala tanpa wilangan / kang angidhep iku / sarya kumelip ngangsiya / padha anut marang umat Juja iki / yen wus tekeng ubaya.

  32. Antarane pan nulya ginodhi / rante wesi purosani ika / pan cakep badane kabeh / yen kala budi iku / ponang rante dipun dilate / lebur tibeng pratala / pan kari sarambut / mangka ana umatira / kang anebut marang jenengingsun iku / rante pulih sedaya.

  33. Malaekat Katamdumkarneki / sauwise agodhi si Juja / annuli sun utus mangke / agegawean iku / kutha wesi sun dalih langit / ing bumi nambar / prenahe puniku / besuk wis tekan ubaya / yen wus Juja wudhar rantene nenggih / kutha wesi den ambah.

  34. Malah lebur ingkang kutha wesi / den anciki mring si Juja ika / sirna tan ana labete / sakeh umating sireku / samya idhep mring si Juja iki / tan ana kaliwatan / mongka umat iku / pan samya suyud sedaya / saingsine jagad ngangsia puniku / wus sirna dening Juja.

  35. Kang arupa suket kayu iki / gegodhongan pan sirna sedaya / den pangan marang balane / gunung ngangsia gempur / den dhongkeli tan ana keri / malah segara asat / toyane den inum / samut tan ana kaduman / ing Ngasia langit buwana lininting / sarya mungkur kewala.

Pupuh XII
Pangkur

  1. Lintang tiba kadya udan / kang srengenge nyulambrang aningaling / ngulati pengungsenipun / yen umat pisah ingkang / apan ngungsi marang ing jenenganingsun / Malaekat padha bubar / samya kaplayu ajrih.

  2. Angrasa kadya wong pejah / Jabrail Mingkail lan Israpil / miwah Ngijrail puniku / sakedhap lali mring wang / lapak dene kagegeran wayang wuyung / awedi marang si Juja / den tilar mring ngarsa mami.

  3. Sasambat adhuh pejah / pan angungsi ing bale ngaras kursi / malah kongsi jejel iku / sakehe malaekat / abusekan aneng bale aras sudhung / pan iku kari ing gona / ana dene umatneki.

  4. kang atambuh marang ingwang / tan karuwan ing prenahe puniki / apan samya liwang-liwung / datan ana kaetang / jagadira ing Ngasia awang-uwung / amung Mekah lan Medinah / nora kongsi den gulungi.

  5. Kang gulung iku si Juja / pan sedyane iki den linting / kaselak kadhangan iku / pan ingsun aputusan / kang tumurun wong patang prakara iku / ya alip iku ta lawan / lan sadarsa kapat Ibrahim.

  6. Lan Umar sarowangira / lawan malih puniku Begendha Kilir / puniku kang ingsun utus / lawan Dulkarnen ika / ingkang amareg marang si Juja iku / kang ngrebut bumi ing Mekah / anulya samya ajurit.

  7. Dadi pamuk Dulkarnen ika / Brahim Sadar kalawan Begendha Kilir / lan Umar sarowangipun / amburu si Juja / mapan bubar sawiji tan ana kantun / si Juja kesisan bala / kari ana pribadi.

  8. Nulya si Juja akurda / sigra nyandhak Gunung Jabalkap aglis / binalangaken sumiyut / nulya malih ambalang / ntandhak sela gedhene sagunung-gunung / bumi Mekah meh kasaban / dening watu gegilani.

  9. Dene balangane si Juja / bumi lemah datan ana kaeksi / pan kasaban dening watu / mongka si Juja kurda / ingkang sela bradongga sanongga asru / binalangaken seksama / marang si Ngali salipi.

  10. Si Ngali kena binalang / nulya rubuh kasaban sela nenggih / si Ngali tan kena wungu / Ibrahim Sadar tandang / mongka Juja anulya sinipat pan mampruh / ing senjata uda WARSA / Juja kena lengeneki.

  11. Duk sinipatan kerasa / nulya Juja budi netrane andik / anyandhak sela andarung / sela murub neng ngasta / sakelangkung sela ageng-ageng luhur / Ibrahim Sadar binalang / sela daru kinardi.

  12. Nibastan bisa tangia / Ki Umarsah nulya atandang aglis / senjata pracobdha iku / sigra ingagem mangsah / kang sanjata dyan sinipataken mangpruh / mangka maju si Majuja / kena dhadhanipun anjrit.

  13. Kelangkung kagyat si Juja / nulya nyandhak sela simarcu sira aglis / Umarsah kagyat andulu / sigra menthang gandhewa / wus anyipat Umarsah binalang watu / Umarsah meh kena indha / sambate dhuh biyang mati.

  14. Asanget jinjaning nala / pan awedi majua malih / Bagendha Kilir umaju / sarta menthang senjata / ingkang anama pusya den kekudang sampun / arsa sinipat si Juja / den prih kundura tumuli.

  15. Gawok ingsun mring si Juja / ya Muhammad dene tan nriya iki / den gawe lama kapen purun / ayun wruh marang ingwang / ya mulane angaku ing jenengingsun / semaka kendela ingwang / pamrih yen puniku singgih.

  16. Karanane apa wirengka / bumi Mekah lawan Madinah iki / den prih katono katengsun / Bagendha Kilir sigra / maju ngrana senjata pusya sinambut / guruning anging binekta / dlajate kagiri-giri.

  17. Prabawane kang senjata / bumi Mekah horeg kadya giniling / senjata kinudang murub / mubyar kadya dahana / kinencangan pucuking senjata mancur / linepasaken seksana / Juja awas aningali.

  18. Bagendha Kilir anyipat / sira Juja tranginas nulya nangkis / gunung Jabalkap pinanggul / pan kinarya ampungan / mider kadya rubuh duk sinipat wau / nanging datan kena ginggang / arekat Bagendha Kilir.

  19. Kang senjata dinamonan / sira Juja langkung angobrak-abrik / sarta nyandhak sela gung / aran sela grenita / pan senjata gedhene lamun dinulu / murub mubyar pan sinongga / senjatane kinarya tangkis.

  20. Juja sarwi petak-petak / ujub riya Juja denira osik / marmane manhe kondur / suda kang pawasa / iya iku apan kena jangjenipun / mulanira kena owah / sela kinarya saligi.

  21. Bagendha Kilir den balang / pan meh kena nulya lumumpat aglis / apan trangginas lumayu / gennya lumayu giwar / si malekat Dulkarnen anulya tulung / sela grenita sinongga / den sipat awor lan angin.

  22. Sira Dulkarnen glis mara / wau Juja den siwo kanan kering / sangking wuri sangking pungkur / glis nyandhak dela brama / luwih gedhe kang sela sinongga murub / Dulkarnen binalang sigra / anulya lumumpat aglis.

  23. Sela Bramani sinongga / kinarya lang sarya giniling-giling / kinarya sepak maledug / pan awor lan bantala / dadya curi lan wedang binasmi murub / si Juja ika tumingal / gawok denira ningali.

  24. Ki Ngabdulkarnen tingkahnya / langkung sekti mahambara nenggih / jayamaruta apunggung / mangkya juja kewuhan / yen kesisan balane samya / lumayu / bebalange sampun telas / Jabalkap pan sampun anting.

  25. Ingkang pan mangke dipun songga / kang ginawe ampungan minudangi / Dulkarnen pinanah gupuh / arsinasaban arga / binalangan Dulkarnen ralya lumayu / sarya giwar binalangan / gunung Jabalkap kang kinardi.

  26. Tibane gunung Jabalkap / den ideki sadina awor lan siti / dadya ara-ara agung / ara-araning Mekah / ingaranan tegal bagiyar puniku / kang dadi pusering alam / ing Jabalkap ing alam kabir.

  27. Guwaning gunung Jabalkap / dadi sirah bangawah ahar iki / pan oleh simpanganipun / amot sakehing baya / ingkang ireng kang putih lan ijo iku / kang kuning lawan kang abang / kang adadu lan biru nenggih.

  28. Atanapi ingkang rekta / pan sangkane sangking sirah benawi / kawah mastahar puniku / terusane punika / kang nimbangi terusane mesar wau / nimbanga sagara siya / kaya mangkono kang rakit.

  29. Ya dene si Juja ika / pan kajodhi kalanira ajurit / pan wus tekeng darahipun / bala wus rinacutan / iya Gunung Jabalkap wus ilang sampun / kang den gawe agem mring prang / sektine wus den imbangi.

  30. Tan pegat nolih si Juja / mapan suda ingkang suraning jurit / Dukarnen pan ngangseg purun / nulya Juja lumajar / pan atilar gelanggang lumayu nusup / pan lolos saking paprangan / Dukarnen amburu wani.

  31. Kalawan Ibrahim Sadar / lan Umarsah kalawan Bagendha Kilir / Ali Salipin pan tumut / duk kaburu si Juja / pan angungsi jagad bang wetan alaju / si Juja asru lumajar / Dulkarnen mandheg anolih.

  32. Sampun kendel pamburunya / nulya sami pakumpulan malih / lawan sasanak kancanipun / ngancik ing bumi Pu’ad / sawetane ing jagad Maserik iku / pan kinarya tetimbangan / malekat Dulkarnen singgih.

  33. Pan lawas neng bumi Pu’ad / apan malah kongsi dipun tuguri / lawan sanak wadyanipun / pan kakumpulan samya / pan malekat Dulkarnen ciptanipun / sektine pan kaya tahan / tilase binangun iki.

  34. Apan nulya karya kutha / kutha wesi lan waja purasani / kutha sanga lawangipun / pan ngatang maring Juja / kawruhana ing satimbulipun / paran mangke karsanira / menawa rosa puniki.

  35. Purwane binangun ika / mulanipun Pu’ad dipun tuguri / lamun Juja lali iku / yen ameksa ngrebuta / iya marang ing bumi Mekah puniku / bumi ing Pu’ad den ambah / anadene Juja iki.

  36. Pan ngungsi trekis Muh Alan / apan iku bumi nang jaba iki / jabane ngasia iku / tan kasangga ngakasa / prenahira ana wang uwung-uwung / gumantung tanpa canthelan / kayangane pan gumilir.

  37. Kuthane anut ing barat / Nagri Ngima-imataka puniki / kang kinarya kutha iku / selaka maduretna / luhurira pitungatus gasa puniku / kandele semono uga / ing terkis mahalam iki.

  38. Pan kederan ubengira / dene ingkang kutha selaka iki / maka ta si Juja iku / lagya ngumpulaken sela / sekathahe kang wadya bala katawur / kinumpulaken sedaya / yeku antaraning benjing.

  39. Ya Muhammad wekasing wang / lamun sira wus aneng Ngasia benjing / turune si Juja besuk / teka aneng Ngangsiya / mapan sira ingkang den lurugi puniku / lakune tan gawa bala / anyamur laku pribadi.

  40. Pan sasilih jenengira / pan wus ngalih Ajisaka bameki / ya dene saturunipun / ka trekis Muh Alam / datan arsa ajurit darmane namur / aja ana kang uninga / kalebua pamrihneki.

  41. Manjinga mring bumi Mekah / arep temen temu lan sira benjing / yen wruha ing sira besuk / sasat weruh maringwang / wekasingsun ya Muhammad mring sireku / nanging sira den prayetna / si Juja angrasuk karni.

  42. Pan arsa ngandhap kewala / pan ing tembe puniku arsa anyantri / ayun anyerong sireku / bangkitira den tandha / yen katonton ing kahananira iku / heski kang sajati ika / pasthine dipun timbangi.

  43. Pan dadi satru sumela / iku besuk ana sajroning ati / aneng welakang ngalundhu / pan sira den cekalak / yen sira prih sayektine pan aewuh / andhap asor / wakulanira / tan kena selam ngabekti.

  44. Satru asih dadi kadang / kadang amrih asih abilaeni / Muhammad kawruhanamu / balunat umatira / kang den ucap santri Ajisaka iku / gandhek laku ananira / andhap asor lamun angling.

  45. Sandhangane pating sarempal / endi sangkanira tembe ningali / nenggih megatara tengsun / mila manjing ing Mekah / arsa ngaji selam kawula / mangulun / karane ing umatira / Muhammad den yitna benjing.

  46. Ing tembe mongsa luputa / pesthi kena marang si Juja iki / sira kasmaran adulu / tan wruh yen diparewang / amrih samar si Juja karsane tutug / pan sira kang tinimbangan / Muhammad mesem sarya ngling.

  47. Kadi pundi karsanira / wau Juja pan mengkana sedyaning / sayekti amba anuwun / tuwan darbe ubaya / kadi lamun samara umat sedarum / lamun Juja malih warna / dening Juja malih warni.

  48. Apeparap Ajisaka / kadi kathah umat tuwan kasliring / mongka Allah ngandika rum / Muhammad kawruhana / dene tata maring umatira besuk / wangsitna pamgestuningwang / jangjenira lawan mami.

  49. Yen Juja anyakrabawa / salebune mring Mekah iku benjing / andhustha mring sira iku / lamun prabandhanira / sun kasihi sira ingsun gadhang besuk / aneng jagad ngasia / sira den tandhingi mangkin.

  50. Salir kabangkitanira / yen katonton atine kang sejati / sira den tandha yen luhung / ing pamursalanira / puwarane lan Ajisaka ingadu / yen kabuka ciptanira / arsa timbangan sekti.

  51. Yen wus tanya jenengira / aningdhihi jagad Ngasiya iki / sira bareng sirnanipun / kalawan Ajisaka / sawurine lah iya ing tembenipun / kalawan ing jenengira / lawan Ajisaka benjing.

Pupuh XIII
Asmaradana

  1. Kasmaran milya angawi / anutu warta pandhita / tingkah polah napas mangko / napas kang kawan prakara / ingkang kinarya tiga / pan antuking wong linuhung / angangge undhaking tingal.

  2. Napas puniku yen manjing / anrus pitung bumi ika / iman puniku arane / napas yen medal punika / terus ing langit sapta / punika reke den ketung / enggone ingaran napas.

  3. Napas patang prakareki / yen medal anengen ika / dhateng sipat jalal mangke / yen medal angiwa ika / dhateng ing sipat kamal / miwah yen anengen iku / mapan dhateng sipat jamal.

  4. Napas yen angiwa malih / ya dhateng sipat kahar / tegese napas ta mangke / midering jagad sedaya / datan ana ing jaba / miwah ing jero puniku / tan ing ngasor luhur ika.

  5. tan ing ngarsa tan ing wuri / tegese puniku samad / awake manungsa kabeh / sami ngalal ageng ika / iya iku manusya / ingkang sayektine iku / iya enggoning manungsya.

  6. Iya samadaraneki / tegese iya tanapas / tan manjing tan medal mangko / dununge ing atipuwan / iya iku ingaran / juma’at reke puniku / enggone wong arip ika.

  7. Iku enggone wong arip / ing puwan arane ika / kang aran sukma purbane / dennya nglimputi punika / sukma pirataha / iya punika ranipun / sampurnane raga jiwa.

  8. Panjing wektune puniki / angawikani punika / karsaning Pangeran mangko / napas yen medala ing ngiwa / datan lyan kang utama / angawikani puniku / ing kahananing Pangeran.

  9. Tegese tanapas singgih / tan medal tan manjing ika / angawikani ta mangke / maha sucine Pangeran / miwah nusup punika  / langgeng reke ananipun / weruh bakaling Pangeran.

  10. Napas ireng warnaneki / tegese langgeng punika / napas ijo ing warnane / tegese ijo punika / dhateng ing urip ika / tegese urip puniku / kang urip tan kena pejah.

  11. Anapas warnane kuning / tegese kuning punika / amimbuhi kahanane / napas putih warnanira / tegese putih ika / maha suci jenengipun / kang tan kena kawoworan.

  12. Pan pujaning napas singgih / anebut namaning Allah / miwah napas pamujine / anebut ing uripira / miwah napas punika / panebute mangkya ingsun / nusup yahuk sebutira.

  13. Kalawan napasereki / yen medal ing grana ika / asmara jawih arane / napas yen medal ing lesan / aran asmara marta / miwah tnapas puniku / lamun medal sangking karna.

  14. Asmara tatra raneki / miwah tanapus punika / yen medal ing netra mangke / asmara ulat punika / yen medal ing wedaya / asmara nala ranipun / miwah yen medal ing grana (prana).

  15. Asmara tura raneki / yen andunung ing Pangeran / asmara jati arane / miwah ta kalamun pejah / pakumpulan asmara / akimpul maring jejantung / sakartil maot ika.

  16. Jenenge puwan puniki / edal punika kang sirna / ilang lakunya rasane / tumurun maring ing padang / emim punika kang sirna / ilang jeneng rasanipun / dene nora na kang ilang.

  17. Kang mungguh ing puser iki / kahe punika kang sirna / ilang punika rasane / akumpul ing jantung ika / emim awal kang sirna / wus ilang mangke puniku / mangunah lawan pangrasa.

  18. Jenenge mangke puniki / hakekating tulisira / ing margane roh tegese / kang maring alam sampurna / den aselamet ika / manjing maring marga luhung / alip punika kang sirna.

  19. Ilang kang tugalan iki / munggah maring alam arwah / lam awal kang sirna mengko / lawan lam akir kang sirna / ehe puniku sirha / te be tan ana kan kantun / kabehi ku padha sirna.

  20. Langit purasani singgih / tegese puniku marca / lan langit tembaga mangko / tegese otot punika / miwah langit selaka / tegese ika bebalung / kalawan langit kumala.

  21. Kang langit kumala singgih / tegese sesum punika / langit mutyara arane / tegese puniku netra / jenenge enun ika / tegese puniku tuduh  / iya rasaning pangeran.

Pupuh XIV
S i n o m

  1. Kapire atinggal salat / lawase nora nglakoni / lawan amaido sarak / ageguyu ing wong mukmin / nora ngangge pakering / sasat ageguyu rasul / dadi ratuning duraka / kaya kapir wong yahudi / pesthi kupur kekel aneng ing neraka.

  2. Luhure atinggal salat / kaya priye lah ngawruhi / wajib kang tinggal salat / wajibe kadi pundi / atilar lahir batin / nora liyan kang kaetung / miwah panggawenira / apan nora anduweni / nanging alah polahe ingkang asalat.

  3. kang tumeka ing asalat / tinggal kasdu tanrul takyin / iya iku kang sampurna / angawruhana ing budi / kalawan ati hening / anucekaken Hyang Agung / arep amarengena / kasdu takrul lawan takyin / marengena wiwitan lahuk akebar.

  4. Aksara Tha marengena / wiwitan aksara alip / ya alip iku wiwitan / lam awal lawan lam akir / parenge niyat iki / hu tibane niyat iku / Allahu jenenging DZAT / tibane niyat sayekti / akebar sipat jeneng sampurnaning niyat.

  5. Jeneng niyat tan ana / paleburaning kekalih / tan ana gusti kawula / yen meksih kawula gusti / mapan dereng utami / kaya pasalametipun / rorone dadi tunggal / tunggale dadi kekalih / nora ilang kawula lawan Pangeran.

  6. Mapan kawruhing kawula / sareng lawan sihing gusti / lamun tinggala kawula / sapa kang aran ing gusti / ingkang anebuta gusti / tan liyan kawulanipun / dadi nyata ing Allah / kang anembah kang amuji / pan kawula kinarya dadi lantaran.

Pupuh XV
Asmarandana

  1. Wyang teki milya angawi / arsa amanguna tembang / karagan saya nelamong / kirang langkung owahana / tan antuk wong utama / angsale wong mudha puguh / datan wirang ingeseman.

  2. Kang kinarya gita singgih / kekasihira Hyang Sukma / kang ana ing nusya mangke / sagunge wadya sedaya / tetkala paguneman / ing ngarga puri genipun / sami ababar sasoca.

  3. Wali sasonga tinari / denira Prabu Setmata / Pangeran Selarong mangke / Pangeran ing Pager Toya / Pangeran Ardi Liman / Pangeran Muksagandeku / Pangeran ing Pasiraman.

  4. Seh Siti Jenar tan keri / Pangeran Toya Tinambak / Pangeran Gergol mangke / Pangeran ing Pisang Tanah / angling Prabu Stmata / sokur pepak sanakingsun / padha limutakaliman.

  5. Sampun sami salah tampi / manira matur sedaya / kang samya siniyan mangke / sami ababar sasoca / samya miyak werana / sampun sami pasang semu / dipun sami angalela.

  6. Pangeran Silarong angling / ambabar kang pangawikan / teksising sarira mangke / kaping pat tingale ika / sucenira Hyang Sukma / DaT mutelak kang purbeku / amisesa dhewekira.

  7. Pangeran ing Pager Warih / ambabar kang pangawikan / teksising sarira mangke iya sadat jenengira / iya jenenging purba ya Allah Sukma kang agung / jenenging urip sajagad.

  8. Pangeran ing Ngardi Esthi / ambabar kang pangawikan / teksising sarira mangke / ya Allah padha Allah / uripira Hyang Sukma / purba wisesa Hyang Agung / urip datan kena pejah.

  9. Pangeran Muksagan angling / ambabar kang pangawikan / teksising sarira mangke / iman tokid mangaripat / budi uripe ika / urip lawan ramalipun / anguripi lampahira.

  10. Pangeran Gerogol angling / ambabar kang pangawikan / teksising sarira mangke / tegese ngalah punika / iya ing aranira  / kang agung wasesa iku / amasesa dhewekira.

  11. Pisang Tanah amedali / ambabar kang pangawikan / kang aran nugrahan mangke / sebdane ing kun punika / tegese kun punika / Nabiyolllah jatenipun / jinaten ing nama Allah.

  12. Prabu Setmata sira ngling / ambabar kang pangawikan / sapisan ing tingal mangko / angawruhi nabiyollah / kaping kalih ya Allah / kaping tiga rasul iku / kaping pat Datollah ika.

  13. Seh Siti Jenar medali / ambabar kang pangawikan / sembayange Allah mangko / sujud rukuk padha Allah / sembah sinembah Allah / ingsun kang amurba iku / kang wisesa ingsun uga.

  14. Mulana Magribi angling / Siti Jenar kadariyah / pan kajabariyah mangko / angling / sira Siti Jenar / adoh yen asasara / kang aperak iku embuh / iki Allah supayaa.

  15. 15.       Mulana mahribi angling / iku jisim Siti Jenar / Siti Jenar angling mengko / raga jiwa den wicara / paesane pan sirna / kang anglela Allah mengku / sakarsanira kuwasa.

  16. Sekathahe wali angling / iya Siti Jenar sira / ngaku Allah padha mengko jisim ing donya ta sira / Siti Jenar nglingira / amba yen yen ngakua kupur / sembah mangkin sun miarsa.

  17. Pan wonten janjining nguni / sami ambabar kang sasotya / sampun aling-aling mangko / sami amiyak  werana / amba tan taha-taha / Allah ing reke puniku / ambabar kang pangawikan.

  18. Prabu Satmata sira ngling / Siti Jenar kamanungsan / kabeh sanakira kiye / tan prabeda kadi sira / nanging sampun anglela / menawi kathah kalarung / akeh kang wong agegampang.

  19. Akeh kang wong ngabekti / apilih wong agurua / akeh kang wong gampang bae / wartaning wong katimbalan / jatenipun tan wikan / wartining wong tanpa guru / awirang atetakona.

  20. Seksana Mulana prapti / kakanthen lan kaji Cempa / pinarak ing masjid mangko / arsi denira angucap / angrasuk ing agama / agegampang temahipun / apened andika solah.

  21. Seh Siti Jenar sira ngling / payo sampun kelayatan / lawang syarga menga mangko / Siti Jenar binabayang / dening kaun sekawan / Siti Jenar sampun kokum / sinulah tatas kang angga.

  22. Tetiga sanakereki / sami tumut pinejahan / satunggil tan sirna mangko / kekalih sami angucap / anebut Sobanellah / wonten lare angon wedhus / mangke samya mirsa warta.

  23. Yen Siti Jenar ngemasi / kokum yen angakua Allah / rare angon wedhus age / lumayu asumbar-sumbar / samarga gegancangan / wonten mangke allah kantun / katungkul atunggu menda.

Pupuh XVI
M i j i l

  1. Kawruhana sadurunge dadi / salire sang katon / awang-awang uwung-uwung mangke / pan tan liyan ananing kang purba jati / tan ana ngawruhi / ananira iku.

  2. Tuhu ana ingkang ngawruhi / sukmane ginugong / angawruhi sira ing dheweke / lawan weruh solahing dumadi / saderenge uning / wus katon kawengku.

  3. Silanipun dadekken sekalir / dening ngayun tinon / sampun nyata kang jagad jatine / saking sabda iku.

  4. Lepat kang datan ana kirang luwih / dadine sang katon / mantep wisesaning Hyang karsane / tan karuan solah dadineki / lan nalikaneki / tan pegat lumintu.

  5. Wonten pangandikaning Hyang Widi / andadekken mangko / nora sunat nora perlu mangke / andadekken manungsa lan ejim / nanging karaneki / bektia maring sun.

  6. Ngandikaning Hyang angandikani / ingutus sang kaot / sembahen Pangeranira mangke / sembahira den tekning sayekti / awarna kala ngling / sembahira iku.

  7. Yen nembahden sedya ningali / kang sinembah mangko / den kaya ngiloa wawayangane / den kawawang katon nupa sejatine / kang katon jro carmi / iya rupa iku.

  8. Iya iku dudu iku kaki / prihen den wespaos / ing iyane kelawan dudune / takoken ingkang sampun singgih / malar sira kaki / amigiha tuduh.

  9. Adhepena ing rerainereki / mara ing sang katon / iya iku kabeh reraine / angalingi raining dumadi / rerai kang luwih / kang katon sawagung.

  10. Wonten pangandikaning Hyang widi / amangsit ing manon / ing ngendi idhepira ing mangke / ing kono wejahira liniring / tan anelahi / idhepen satahun.

  11. Ayat-ayaten wangsitireki / sang duta di kaot / sing mulat ing saneskara kabeh / yen tan katon Pangeraneki / sapatingalneki / nir don dennya dulu.

  12. Yen wus weruh  sireki / paran tan inganon / ulapana iku dhewe kabeh / iya iku ta ingkang ngalingi / lawan sampun enting / mangke sira dulu.

  13. Iya iku  mapan iya iki / iya iku mangko / pan tan ana towong ing anane / anglimputi sakehing dumadi / datan kena milih / ika iki iku.

  14. Pan tan ana ing jaba kalingling / wus awas ing katos / nanging sangking datan wruha reke / sing adulu iku anglingi / dening tan wruh jati / kabeh katon dulu.

  15. Yen sampun sira awas ing wangsit / tansah saya katon / datan angel amet kasilane / apan wus nyata tumuli prapti / kagyat aningali / tan wruh yen wus weruh.

  16. Pan tan ana ing ngarep ing wuri / aneng jaba ing jro / tan ing ngandhap ngeringira kabeh / tan aneng melak tan ana sepi / tan ing sorireki / datan aneng ngluhur.

  17. Aneng ing ngarsa aneng ing wuri / aneng jaba ing jro / aneng kering  kananira kabeh / ana amelek ana anepi / aneng sor ing wuri / miwah neng ngaluwur.

  18. Kaya ngapa denira ngalapi / rupane sang katon / wruha yen tan ana ing supe / datan ana puniku ta kaki / mapan ora uning / yen sira dereng wruh.

  19. Kang ora iku den ora iki / sampun sinung enggon / apan iya tan na salawase / ing anane puniku ta kaki / pan pinurbeng nguni / nora nanipun.

  20. Ana iku den ana iki / pesthi datan katon / puniku tan ana senggamane / saliringana nora kalingling / anging ananeki / kang katon deningsun.

  21. Mengko ta ingsun awas ningali / sangking kaspiningong / sun sengguh kahaningsun dhewe / iya iku tekanana gusti / heneng osik mami / lawan gusteningsun.

  22. Taha yen parenga mulih mami / kalawan sang katong / apan purba anane polahe / pan satingkah katon no0ra gusti / lawan polah mami  / tunggal yen dinulu.

  23. Tunggal tan tunggal lawan ing pesthi / roro lan tan roro / lir jiwa tinon lawan ragane / katon kan katingal tunggal kekalih / mangke hanan mami / lawan gusteningsun.

  24. Tan kena pisah siyang lan latri / tansah amor winor / angembani ngemban salawase / amuruk ing meneng osik mami / amisik winisik / kabeh bekti lulut.

  25. Saenggon-enggon ingsun rewangi / marmane maring ngong / datan ana ing jaba jro purbane / den rowangi ngulari rekeki / tekeng jro Hyang Mani / den rowangi tengsun.

Pupuh XVII
Asmarandana

  1. Wonten wangsit kang winarni / Ki Lulwahdad kang kinarya / taken jatining kawruhe / Ki Manyurid tinakonan / kawula tuduhena / Manyurid akarya semu / ambawuraken paekan.

  2. Ki Manyurid mangkya angling / Ki Lulwahdad den prayitna / ataklen jatining kawruh / akeh kang wong kena sasar / tanpa laku den awas / sakeh waris dipun wengku / dadi atemahan wiyar.

  3. Waris karimun tinampik / lir ajar atapeng praja / amasang kala pulute / sang pandhita den wisaya / den ajak musyawarat / sing kalah reke den aku / ing tembe dadi prasanak.

  4. Warising giri tinampik / angaku Prabu Setmata / miwah Seh Kalijagane / sesiku angaku edat / pan iku durung nyata / warising Ngampeldeteku / sesiku angaku Allah.

  5. Ki Lilwahdad matur aris / kawula anedha berkat / waris benang ing semune / Ki Manyurid lingnya mojar / pan ingsun boya retna / waris benang kang sinemu / angaku sukma wisesa.

  6. Waris beregas gunupit / lah Manyurid boya rena / ing kawruh iku reke / pan atekat lintang johar / tetse kandil ika / pesthine reke Hyang Agung / tetese kang den Pangeran.

  7. Waris Mekah tekatneki / sasar amengku negara / warising guru ta mango / Seh Manyurid boya rena / mapan ngaku wisesa / waris Seh Majagung iku / sasar angaku Pangeran.

  8. Waris kudus kang pinusthi / lir sarah anungsung toya / waris Carebon ta mangko / Seh Manyurid boya rena / iman kang den Pangeran / yata Seh Lemah Bang iku / tekade pancering surya.

  9. Ki Lulwahdad matur aris / kawula anedha berkat / waris Medhang iku reke / punapa ing karsa tuwan ? Seh Manyurid tan rena / pamedhang reke puniku / angaku ratu ngakerat.

  10. Ki manyurid mangkya angling / Ki Lulwahdad den prayetna / ataken jatining kawruh / sasar yen anekadena / aja na pinangeran / den awas jatining suwung / amarga ingkang sampurna.

Pupuh XVIII
Maskumambang

  1. Kawruhana ing lumaku dipun wedi / satingale iya / nora esak nora serik / nora ngulati Pangeran.

  2. Ingkang awas sasolahe dadi puji / tan ana bedanya paningal pujinereki / sasolahe dadi sembah.

  3. Ingkang awan kang dinulu aneneki / kuntul iya dhandhang / maido kan tan wruh mangkin / dene tekadipun wsak.

  4. Yen tan wruha ing tunggal pesthi sak serik / tan bisa asadat / idhepe meksih kekalih / amangeran ingkang nora.

  5. Murid sarip den pangeran tan wruh neki / kalurung kaliwat / den senggih ana kekalih / kadi mawas yen iki ya.

  6. iya iku dudu iku pesthineki / den kena tetanya / sampurna kawruheneki / yen tan wruha meksih esak.

  7. Pesthi esak tekade tan wruh mangkin / ingkang sampun awas / nora beda ananeki / tingal kabeh tingale iya.

  8. iya iku rupane kang tokid mangkin / pesthi nora roron / kahanane ingkang urip / kang urip Allah kewala.

  9. Ingkang awas sampun kidang amangsil / pajal awuliyan / ginutuk lor kidul keni / anebut sinebut dhawak.

  10. Dhewekira ingkang amuji pinuji / yen sira katunggal / kawimbuh kang maha suci / kang tul langgeng agesang.

  11. Ingkang urip datan nana malih-malih / Allah ingkang gesang / kang den gunggung kang den puji / angestokken dhewekira.

  12. Dhewekira ingkang amuji pribadi / yen sira katungkula / yen purba kang maha suci / pujine tanpa pegata.

  13. Ya pulekan pujine sajroning ati / tan pegat pujinya / rahina kelawan wengi / amuji ing dhewekkira.

  14. Wong amuji sampun kasengsem ing puji / sembah sanalika / sing awas ing urip mati / sembahe ingkang utama.

  15. Kang utama nora kocap sembah puji / esak yen kocapa / dereng tumeka ing batin / sapa puji pinujia.

  16. Kang mengkana sampurna sembahireki / ingkang sampun awas / tan na sembah kang kari / sebdane amurung dalan.

  17. Kang tan awas kangelan gennya ngabekti / yen siyang puwasa / yen dalu agung amuji / eluhe urip kewala.

Pupuh XIX
Asmarandana

  1. Wonten pandhita kang luwih / awasta She Bondhan Surat / sanget brangtine Hyang Manon / kekalih sahabatira / Nuriman lan Budiman / sanget marak gustenipun / sarwi sira awot sekar.

  2. Pinarak ing sabat kalih / mangke sira Bondhan Surat / sabat kalih pan ing mangke / pan ingaken badan tunggal / She Nuriman Budiman / arerepa aneng ngayun / angaluku aneng pada.

  3. Ature angasih-asih / anedha sipangat tuwan / lampah sawiji-wijine / amba mangke tuduhena / Bondhan Surat ngandika / semana ta rahingingsun / tunggal wisma dina misan.

  4. Pepayon kang luwih adi / nora sun tolih semana / tundha pitu lelangsene / iya semana sun wiyak / lah iku lampahana / pan iku lampah linuwung / kalampahana denira.

  5. She Budiman matur aris / kadi pundi guru amba / dhihinira lampah mangke / Bondhan Surat angandika / duk ingsun lunga tapa / kesah saking wismaningsun / semana ing dina misak.

  6. Duk lindhu kabeh udani / sira Budiman semana / umah padha rubuh mangko / gunung guntur kayu rebah / segara lir kinocok / ombaking amara puhur / kaget kang aneng segara.

  7. Miwah kawulaning Widi / kang sami aneng dharatan / sami kaget kabeh mangko / dene lindhu agung ika / ya Budiman semana / ana iki sih pitulung / gunung guntur sami milya.

  8. Omah rubuh nulya malih / segara ubeken nulya / kayu rubuh nulya mangko / sangking sih nugrahaning Hyang / yata kala semana / ya Budiman sira weruh / semana milu kadonan.

  9. She Budiman matur aris / anut yen uga kodanan / Bondhan Surat ngandika lon / iku lampah estokena / Nuriman lan Budhiman / She Budiman nulya sujud / ing sira She Bondhan Surat.

  10. She Budiman matur aris / anut yen uga kodanan / Bondhan Surat wecana lon / lampah ngestokena / She Budiman denira / sang Budiman nulya sujud / ing sira She Bondhan Surat.

  11. She Budiman ngandika ris / sun barengi udan ika / rahina wengi udane / luwih derese semana / siyang dalu kodanan / annuli ingsun lumayu / maring ara-ara jembar.

  12. Sun tingali awak mami / nyata teles duk semana / anulya ingsun apepe / lawase ana sawulan / nuli wakingsun ana / She Budiman iya iku / kang aran lampah utama.

  13. Kang aran lampah kapilih / yogya yen pagurokenan / kang sampun awas tingale / tan amuji tan anembah / tan ana yektenira / ingkang aran lampah iku / She Budiman ngestokenan.

  14. Bondhan angandika aris / semana nuli sun lunga / sangking ara-ara mangko  / wau kang ajembar ika / maring desa Bragedat / ya ta ingsun duk kadulu / waringin satengah pasar.

  15. Kang ana ing pasar sepi / tumunjem ing sela / pethak / anerus ing gunung pange / anerus gunung tresina / pange waringin ika / ingkang sun atubi iku / waringine luwih mulya.

  16. She Bondhan Surat sir angling / duk semana si Budiman / tambuh polahing mangko / ana pasar sepi ika / ingsun ngadeg sawulan / sawulan / ingsun sitekur / lan meneng ingsun sawulan.

  17. Lan ingsun nutupi kuping / lawase ana sawulan / merem sawulan lawase / sidhakep ingsun sawulan / nungsang ingsun sawulan / ingsun adhikukul iku / iyeku kanga ran lampah.

  18. She Budiman iya iki / lah estokena denira / lampah kang utama mangke / ya lampahana denira / She Budiman atompa / Budiman anulya sujud / ing sira sang Bondhan Surat.

  19. Bondhan Surat ngandika ris / ya Budiman ana coba / marang ingsun sesmitane / syara metik ing talingan / ingsun anuli miyak / semana sangking geningsun / nuli runtuh tapaning yya.

  20. Nyataneyen rutuh iki / ya Budiman tapaning yyang / pan ingsun andhingkul mangko / gening mulya bener ika / sidheku ingsun wudhar / kupingsun angerungu / lan mataningsun tumingal.

  21. Lan cangkemingsun angumik / lan irungingsun anggonda / lan ingsun tumingal mangke / kidul kulon lor lan wetan / tan ana katingalan / syara ametek kupingku / wibuh ing kahananing Yyang.

  22. Bondhan Surat angling aris / ya Budiman estokena / lampahingsun iku mangke / pan pilih ingkang wikana / lan paes tukang samara / ginutuk lor kena kidul / angucap  ing umat tunggal.

  23. She Budiman asung bekti / marang sira Bondhan Surat / Bondhan Surat ngandika lon / ya Budiman duk semana / duwe ati apadhang / baya ta waringin iku / sun aubi nora suka.

  24. Dupi ta mengkana malih / nyananingsun ya Budiman / ana syara malih mangko / mengkana ujaring syara / ingku kawulaning Hyang / kagunganing Hyang Agung / ujaring syara mengkana.

  25. Sun wiyak jroning waringin / ingsun aningali bengawan / alega bengawane / anulingsun wulu begawan / duk lagi dina misan / katon baratnya aluhur / katingal lawang Bragedad.

  26. Rampungnya kala tinulis / ingkang Serat Jesmaningrat / marengi ri Senen Kliwon / wanci jam sadasa siyang / kaping selawe tanggal Rabingulakir sutengsu / warsa Dal sengkala ketang.

  27. Ponca wiku sabda aji / lambing langkir mangsa astha / wuku wuye ing tanggale / walandi kaping rowelas / sewu walung atus kawan / dosa mentaunipun / tri tus tri dasa nem marta.

C 65 = BH 277
Serat Jasmaningrat ditulis atas prakarsa Sri Sultan Hamengku Buwono V, pada tanggal 4 Rabiulawal 1775 J atau 21 Oebruari 11874 M.