Category Archives: SULUK DHUDHA

SULUK DHUDHA


Suluk Dhudha ingkang tanpa sekar punika anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV. Panganggit-dalem sawek jumeneng Kangjeng Gusti / Pangeran Adipati Anom. 

Ngendi gone wong lanang ingkang ngutami, kakang Dhudha sun atokon marang sira ?

Gudhe pandhak, nagarane ing Kuranji; urip ingsun nora lawan apa-apa.

Puspa ranu patine maring bujongga, pudhak jengkar patihe Arjunasasra; wanda ningsun lir tunjung tanpa telaga.

Kakang Dhudha ngendi gone pangeranira?

Perkutut gung kang petis cinandu rasa; iya iku kang angucap lawan sira.

Kakang Dhudha sapa dadekaken sira?

Peksi krendha putra nata ing Ngayugya; sadat baka dadi lawan dhewekira.

Kakang Dhudha ngendi pinangkane kuna?

Sawo sempal wangsaning Hyang Diwangka/ra; saking ora milanipun dadi ana.

Kakang Dhudha yen mati ngendi parannya?

Tata praja tapas ngren mindha buntala; ulih mara waluya kadi duk nora.

Jroning pati Kakang Dhudha manggih punapa?

Kunir pita putra nata ing Janggala; jroning pati nora nemu paran-paran.

Kang Dhudha kayapa sadat pakenira?

Gula-drawa prabu yaksa ing Durbaya; wuta tuli bisu tan pegat dennya ngucap.

Kang Dhudha ngendi gone Pangeran nira?

Prana lata patine Arjunasasra; ananing Hyang anglindhung ana ing cipta.

Kang saweneh katungkul ing tatakrama, gula-drawa angun-angun nata praja; lali jiwa kasapud dening ngasmara.

Asmarane tansah agawe wigena, parang-muka kang sela gineni-ara; pujinira kalurung tan buh parannya.

Aja tungkul ing sembah puji puniku. Cerma reka kang jothang amertalaya, anggurayang tanbuh-tanbuh kang den sembah.

Ngendi gone kang tan metu marga ina?

Wisangkara / kang gebang pamewer wana, babarena ing benjang ingsun ngawula.

Yen dereng wruh akeh ujare karungu. Prana lata kang dadya anuda prana. Kelor wana wiru wayen silih dewa.

Puspa lulut gunung malang lor weleri; pegat sihe tutulusa ing ngubaya; iya iku kedanan aneng nging Suksma.

Nimbok Rondha apa ujarina iku; pudhak jengkar patine Arjunasasra? Lamun babar sira dhewe kadrawasan.

Nimbok Rondha gupuh anungkemi pada. Toya reka prandene widik wecana, dawek medal wecana mongsa kandela.

Yen mangkono Bok Rondha lah mareneya, angkan-angkan kang lata amertalaya. Ing jro jinem gon ingsun pulang ngasmara.

Wus jinaten lengleng temahan asmara. Kawuk citra kulampis widik wiraga. Nimbok Rondha sir/na ilang rasanira.

Karsanira nora nembah ing anama. Guru tikna prandene widik wecana, anging sira gen nyata ing Hyang kang Purba.

Wus winejeng Ki Dhudha nuli pralaya. Nimbok Rondha anangis sarwi tatanya; Kakang Dhudha sapa kang mamarahana?

Aja nangins dudu ingsun kang amati, asmara ku kang Suksma angalih warna, nora mati kewala angalih praja.

Kang dereng wruh akeh kang ngarani mati. Ong kasapta semut bangkang apepanthan, ramyang-ramyang tingale wong nganeng dunya.

Singa dulu raraga gila agething, kelor wana kang cerma rineka janma, nora wikan yen wawayangane ika.

Ngendi gone yen ragane sampun mati? Candu rasmi patra tinubing maruta, lir kuleyang raraga sagone tiba.

Akeh temen katungkula olah kayun, layonira tan ana kang memba-memba. Cobaning Suksma sun den lih byahawora.

Mangu-mangu andu/lu raraga kari, gambas pait kang sekar ginayuh tuna; karep ingsun awora kalawan sira.

Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.