Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
ASMARADANA
-
Wonten wirasaning ngilmi, yugya samya kinawruhan, tata malige kitabe, dene ing janma kakathah, kang samya ginuronan, nguni asale karuhun, saking Carebon nagara.
-
Ingkang pinurwa ing kawi, kang ngaran bumi mandurat, aneng jajantung lungguhe, bumi mardani punika, ing sungsum lenggahira, bumi asmaniya iku, aneng babalung lenggahnya.
-
Bumi muhyatani getih, iku jarene kang mulang, bumi mas nita ning ngotot, bumi ing ngeni punika, ing daging lenggahira, bumi sampurna ing wujud, bumi suci kalanangan.
-
Wonten kang / winuwus malih, kalipahipun ing Ngallah, wujud ing manusa kaot, sajrone anemu basa, wolulikur punika, riningkes malih puniku, dadi basa tigawelas.
-
Kang dhimin ingaran bumi, ya iku lintang lenggahnya, nyawane nabi tirone, amor neng sungsum ing janma, nepsune aluhamah, malahekate puniku, Jabarail ingkang nama.
-
Wedale ing cangkem mami, marmane amung angucap, ingkang tetep pangwasane, karyane duka kewala, iku jare kang mulang, kang serakah mangan turu, sebute angudubillah.
-
Geni lungguhe ing daging, nyawane kewani rannya, aneng pupusuh pawore, inggih nepsune amarah, iku kamulyanira, malaekate puniku, Mingkail ingkang nganama.
-
Wedale saking ing kuping, penggawene amiyarsa, ingkang kuwat pengwasane, i/ku jarene kang mulang, kerep dadi jaruman, punika kamulyanipun, sebute astapirollah.
-
Banyu lenggahireng getih, nyawane rahmani rannya, aneng lilimpa pawore, nepsune aran supiyah, jarene kang amejang, nenggih malaekatipun, Ngijrail kekasih Ngallah.
-
Lenggahireng netra kalih, penggawene mung tumingal, telangkas ing panggawene, nyawanipun samirana, karyanira winarna, angangge kang suci iku, sebutira Subkanalah.
-
Bumi lenggahe winarni, babalung kang luwih rosa, rohkani ika nyawane, pawore jajantung kita, nepsune mutmainah, malaekate puniku, Israpil ingkang nganama.
-
Wedale saking ing kuping, penggawene amiyarsa, ingkang kuwat pengwasane, iku jarene kang mulang, karep dadi jaruman, puniku kamu/lyanipun, sebute astapirolah.
-
Wedale ing grana kalih, ngambu-ambu pengwasanya, ingkang ngekas pengwasane, iku sira angimana, kang becik lan kang ala, anadene sebutipun, mung yahu-yahu kewala.
-
Kang ngarannya warah-mani, lenggahe sungsum punikia, Aruman malaekate, amimbuhi penggawenya, iku kang ngasung murah, ing pangrasa wedalipun, iku sira kawruhana.
-
Nyawa rabani winarni, lenggah ing kulit punika, rohani malaekate, penggawene sir punika, dhatengaken pengwasa, wonten kalih kang winuwus, nyawa nurani winarna.
-
Lenggahe napas puniki, karyane lumaku ika, amadhangi pangwasane, nyawa ilapi punika, aneng jajantung punika, nyatakaken karyanipun, ngideni pengwasannya.
-
Malaekate winar/ni, Amlatulngarsi kang nama, wonten winiraos mangke, kang nyawa kudus punika, aneng ngutak pernahnya, anucekaken puniku, kang gaib-gaib sadaya.
-
Dat mulya lenggahireki, ing Suksma jati punika, gawene anganakake, anenggih kang nora nana, pengwasanipun mulya, wonten malih kang winuwus, urip langgeng ing dat mulya.
-
Kang ngurip tan kena pati, langgeng datan kena owan, gih puniku sejatine, lan tunjung tanpa telaga, lan papan tanpa surat, surat tanpa papan niku, iku jatine kang mulya.
-
Iku kalimah kang yekti, gigir wuwulu punika, amimbuhi sakabehe, amimbuhi ing sajagad, iku aran kiyamad, lan aran kiyamad iku, milane aran kiyamad.
-
Milane ingaran sing/gih, kiyamad lawan ngakerat, dene wus manggung keraton, datan ana pinangeran, datan ana amangeran, kang wit maring siji iku, luwih maring siji kita.
-
Uwit maring mulya dhingin, iya mulih maring mulya, kang nguwit maring nguripe, iya mulih maring gesang, kang nguwit maring Ngallah, iya mulih mring Hyang Ngagung, kang nguwit saking Pangeran.
-
Mulih mring Pangeran malih, iku jarene kang mulang, kawruhana sejatine, puniku tutur manira, sami den-kawruhana, basa santri ingkang luhung, salamet donya ngakerat.
-
Kang ngaran basa sawiji, puniku jenenge gesang, basa ya iku tegese, iya rasa Rasullulah, eredi cerek ngambyah, iku eroh jatenipun, iku nyatane Muhkammad.
-
Basa reka badan iki, iya roh ilapi ika, basa i/lapi badane, roh ilapi jatenira, lamawal roh Muhkammad, lamakir rasa kang luhung, iya iku Rasullullah.
-
Ehuhakat teges neki, iku sami ngawruhana, iya urip sejatine, sawuse kumpul punika, basa patang prakara, iya Allah jatenipun, iku sira kawruhana.
-
Jare merade ing kulit, maring nyawa nabad dika, merade daging parane, maring nyawa kewan ika, merade getih kita, maring nyawa jasmaniku, yogya sira kawruhana.
-
Merade nyawa nurani, dhateng nyawa ilapika, merade suksma jatine, dhateng nya/wa kudus ika, lawan merade ngedat, maring suksma jati iku, puniku nyatane mulya.
-
Merade nyawa nabati, marang nyawa kewanika, kang nyawa mangke merade, marang jasamani punika, iku den kawruhana, merade jasmani iku, maring rohkani punika.
-
Wonten caritanya malih, dipun-sami ngawruhana, merade sungsum parane, maring jajantung punika, merade jantung ngika, maring nyawa ilapiku, merade nyawa lapika.
-
Maring nyawa kudus nenggih, merade roh kudus ika, ing suksma jati parane, merade suksma jatika, maring ngurip kang mulya, merading ngurip puniku, dhateng rupa kang minulya.
-
Merade ngurip puniki, dhateng rohkani punika, sami ngawruhana mangke, punika kang / ngaran janma, kang wus putus ing rahsa, punika kang ngaran kubur, iku sira kawruhana.
-
Punika carita malih, kang ngaran jaman ngakerat, ingkang pundi sejatine, lawan ingkang ngalam kuwah, dene selamet ika, sajroning dheg amun-amun, puniku kang ngaran kuwah.
-
Kang sentosa iku ugi, iya iku alam kuwah, kang sampurna ing ngajale, napsiyah salbiyah ika, mangani maknawiyah, nabadi nurani iku, napas lan kulit lenggahnya.
-
Kewani lawan jasmani, ing daging ika lenggahnya, rahmani getih dununge, roh ana daging punika, kudus ing ngembun-embunan, makam baka lenggahipun, ing jajantung ingkang mulya.