Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura.
Sekar Maskumambang : 52 pada.
-
/Timbuling tyas anenggih satriya adi, dennyalul lalona, mamerdining tyas mrih ning, namur kula jajah wana.
-
Apaparab Makmunuradi Salikin, mudha among brongta, wayahe satriya brangti, bongsa-rab kawijilannya.
-
Aneng Ngarga Sonya manekung mahening, sabat loro nama, Iman Tokid datan kari, subrongta mamati raga.
-
Semadinta Rahaden upamaneki, kadyangganing wong kang, ngagar dahaneng wanadri, yen amber pamususira.
-
Mring pangagar sayektine datan mijil, kukus genenira, mangkona ciptanireki, risang Mudha Among-brongta.
-
Sun semadi lamun leledaa mami, mongsa ta bisaa, pamoring badan suksma ning, marma sanget gentur tapa.
-
Pan tinata saking tarekat tinarik, pamu/jining Suksma, wit sarak tata krameki, anut ing jeng Rasullulah.
-
Pan anembah amuji tatakrameki, kang kampiring ngarga, langkung dennya mati ragi, sang ibu raja pandhita.
-
Wus angangkat mancal lam laut kang ngening, amanthengi cipta, mendeng ing panunggal neki, maring sajatining ana.
-
Anggung pana ing dating Hyang Suksma-jati, mati jroning gesang, sirna sajroning aneki, liwing gaib sampurnanya.
-
Upamane sembah ing manusa kadi, lir kayu kang medal, dahana ingkang kinardi, kang mongka kayu Hyang Suksma.
-
Kang mongka geni sembah ing manusa jati, pan datan kawasa, anembah lawan amuji, lamun tan ana sih ing Hyang.
-
Kadyangganing sembah ing manusa jati, menyak ingkang medal, saking wong ngamuter singgih, dening ta ingkang minongka.
-
Wong ngamuter padaning Hyang Suksma-jati, kang ngupama menyak, manuswaning Hyang kang Lewih, pangastutinya sang Brongta.
-
Ing Hyang Suksma byapi byapaka lir / neki, kang byapi wiseka, liring kang byapaka malih, kang datan wisesa punika.
-
Inggih sangking Hyang Suksma kang Maha Lewih, pan sarining cipta, kang amisesa sayekti, pan datan amor ing ganal.
-
Datan amor ing alit kalawan malih, tan amor ing ala, ayu marma mangkoneki, dene ta Hyang Maha Mulya.
-
Langgeng kang ngakarya rat pramuseseki, apan atineka, urip ingkang manuseki, langgenge lan tekiyurnya.
-
Pan saking Hyang Suksma kang Ngamurbeng bumi, sangkane ulihnya, ing ngawal praptaning ngakir, tan lyan saking Hyang Wisesa.
-
Sembah pujinira Sang Mudha Mong-brangti, yen upamakena, lir wulan memba madyaning, ngawiyat tumameng wadhah.
-
Titiga kang sawiji isi her wening, kang kapng kalihnya, isi toya letuh singgih, tanpa isi kaping trinya.
-
Wawayanganing wulan kang tumrap warih, kang wening yektinya, tetela warnaning sasi, kang memba ing to/ya buthak.
-
Yekti bawur kang wulan bunar ing-aksi, sasi ingkang memba, mring wadhah kang tanpa isi, sayekti suwung tan ana.
-
Wawayanganing wulan ingkang pralambi, apan ing dumadya, punika kanyatahan ing, Hyang Suksma ingkang tumiba.
-
Toya wening tegese ingkang sujanma-di, ingkang raharjeng tyas, netepi pangabektyeki, mring Allah kang murbeng jagat.
-
Kang tumiba ing toya letuh upami, ya manusa ingkang, rago-rago tyasireki, arep tan arep ya marang.
-
Kapenedan ywan manusa kang nibani, wawadhah kang sonya, kang mungkur ing Sukma-jati, kang ngarepaken hawanya.
-
Amaregi ing pangan turu tan ening, sahwate ywa towang, anandhang nganggo ywa kongsi, kurang ing sadinanira.
-
Kang mengkono lir sato angganireki, sato mani lirnya, tegese kang sato mani, sato kang wenang pinangan.
-
Karantene dumadi tan kadya kang ning, kang ngolah nestapa, a/yoga brata semadi, pangastutinya sang brongta.
-
Kasatriyanira den-eberken ngarsi, lampah kapandhitan, sinamar tuhu piningit, dhasar satriya lalana.
-
Apan tuhu nugrahaning Hyang kang prapti, genturaken tapa, nir cipta ening pamor ing, yeku jatining manusa.
-
Sayogya tuladen kang ngalul brateki, wonten kang satengah, manusa tan nestapeki, tanpa potang ing Hyang Suksma.
-
Ngentha-enthu jaluk kamulyan kamuktin, kasugiyan lawan, kasekten kamulyan pinrih, mring Hyang yekti tan tinekan.
-
Paran madya dinulura sasedyeki, tan semadi brata, tan nimbangi sih ing Widdhi, tan nyegah pangan turunya.
-
Pamintanya asru malah sangsayeki, dening tatan nyegah, raja tamah den-jurungi, yen sirarsa bek utama.
-
Dipun-mantep anetepi nastapeki, Mudha Among-brongta, ngandika mring sabat kalih, babadana gunung raga.
-
Pan sandika tur ing paliwara kalih, Makmunuradi Sa-, liki/n kang wiwit rumiyin, ambabadi gunung raga.
-
Gunung ing tyas mega mendhung anglimputi, ametengi jagat, punika kang den-babadi, resike lan panarima.
-
Den-babadi ing puji dikir lan tasbih, winatuning tobat, tighapar tan kena lali, binubutan lawan donga.
-
Saponana toya wulu den-baresih, apacul tawekal, linggise mangsuding ati, wangkil taberi ing lampah.
-
Raregede binasmi ing salad daim, rareged wus sirna, gagane Mudha Mong-brangti, atulus wus winiwitan.
-
Sinimpenan maksut marang gedhong ngosik, gunung wus apadhang, mega mendhung wus kaeksi, kang ngarga katon anglela.
-
Kang pinethot Makmunuradi Salikin, sadasa prakara, anenggih kang den-dhangiri, witing ngilmu lawan lampah.
-
Panarima winatun rahina wengi, lawan witing tapa, witing ngamal wi/ting ngurip, witing pati kang rineksa.
-
Witing salat punika kang den-tunggoni, lawan witing swarga, punika kang den-simpeni, witi[ng] naraka rinusak.
-
Wus mardika sampun tumeka ing pati, patitising tingal, baita kamot jaladri, sarahe anungsung toya.
-
Iman Tokit kang sinandhang rina wengi, wawangkil kewala, ki Tokit angagem linggis, asandhangan wektu lima.
-
Iketipun wektu subuh datan gingsir, wektu luhurira, ingkang minongka kulambi, nyampingipun wektu ngasar.
-
Mung sabuke punika wektu maherib, keris wektu ngisa, calanane winal-witri, rakatal-witri kasutnya.
-
Sebe alus jamak kasram takdir takrir, wau tasbehira, sunat mashur kang respati, ngalam nasut linayaran.
-
Dening Raden Makmunuradi Salikin, ingkang linayaran, ngalam laut ingkang wening, wus prapta unggyan mulyan.