Anggitanipun abdi-dalem, pun Ngabehi Wongsaniti, pradikan ing dhusun Sumyang.
Sekar Asmaradana : 49 pada.
-
/ Wonten purwaka ing kawi, carita saking Hyang Suksma, sinerat Senen dintene, tanggalira kalih-dasa, sasi Sapar kaetang, mongsa Kanem kang kapungkur, Dal wuku Prangbakat ika.
-
Sengkalanira winilis, eka janma giri tunggal, punika terus tingale, aksara sami miguna, den samya anggrahita, sinten kang maca puniku, sadaya den kawruhana.
-
Bismillah rahman nir rakim, iku samya ngawruhana, surat Patekah maknane, kang temen buda sihira, kadi dalile iya, tegese dalil pituduh, kadise marang pawarta.
-
Tegese bismillah iki, iku jenenge kang purba, amisesa ingkang angnreh, yen dasih amor lan tuwan, sirnane gaibballah, amaca bismillah iku, pan sirnane padha ana.
-
Tegese rahman puniki, ingkang murah sipattollah, anyatakaken anane, puniku murah mring sira, rakim artine iya, sih ingsun marang sireku, dene nganakaken sira.
-
Allamdulillah puniki, punika kang aran tuwan, / kang amuji ing dheweke, ya amad ingsun lan sira, minongka pujining wang, iya ta pegene ingsun, kang minongka sultan sira.
-
Kang suksma ingsun puniki, ingsun mongka talan sira, kang suksma iku pan ing ngong, kalawan sira kang nyata, iku kinarya tondha, lir rongka kelawan dhuwung, werongka manjing curiga.
-
Anak buduwa puniki, tegese mangkana ika, sira iku ingsun mangke, miwah ta panembahira, anane ananira, ingsun sejatine iku, kawula darma punapa.
-
Wa’iyaka anas tangin, tegese mangkene iya, ya Muhammad sira mengko, ingsun al[l]ah kang sinembah, iya nabi panutan, lahir batinira iku, sira kang katon ing donya.
-
Tegese siratal iki, wangalehit tegesira, ya Muhamad sira mengko, tan beda ingsun lan sira, miwah mukmin punika, tan beda lawan sireku, titiga tunggal jatinya.
-
Wallalin amin puniki, kaya ngapa tegesira, ya Muhamad si/ra mengko, ingsun dudu sira ika, ingsun pantaranira, iya ananira iku, iya dudu sira ing wang.
-
Tegese amin puniki, rasaning sun rasanira, ingsun awor nora roro, iya ingsun iya sira, sira kang aneng dunya, ing ngakerat tan kadulu, iku tingale bagena.
-
Wonten pandhita linuwih, kakalih sanak winarna, sami linuhung kawruhe, tatkala amusawarat, ambabar kawikanan, wonten dene kang asepuh, awasta nata pandhita.
-
Kang taruna Raden Santri, kakasihe alit mila, ajujuluk pandhita nom, ature amalas-arsa, dhumateng ingkang raka, ya guru amba sang wiku, kadi pundi kang ngandika.
-
Lampahe anut ing Nabi, ingkang aran ing sarengat, limang wektu pernatane, wektu luhur lawan ngasar, mahribe lawan ngisa, subuh pundi jatenipun, inggih pratingkah ing salat.
-
Amba anuwun pa/warti, marma umatur mring tuwan, ing asalat pangadege, inggih angsalipun apa, pratingkah ing sembahyang, atanapi yen arukuk, angsal saking ing punapa.
-
Sujud asale punapi, amba tuwan wejangana, kalawan malih lungguhe, asalat saking punapa, amba ayun uninga, nata pandhita amuwus, Raden manira miarsa.
-
Angadeg asaling api, dudu api kena pejah, dudu api kang ginawe, dudu api ingkang panas, dudu api agaran, dudu api ingkang murub, lan dudu apining kawah.
-
Dudu geni anggesengi dudu api murub pejah, pan dudu api kasekten, iku sira den-waspada, kang api iku cahya, roh ilapi tegesipun, Raden Santri atur sembah.
-
Amba pan dereng udani, kang aran puji tan pegat, kadi pundi ing jatine, nata pandhita ngandika, puji tan kena pegat, iya napas jenengipun, lamun sira datan wikan.
-
Iya dedalaning ngurip, sejatine iya / napas, kang tan pegat pamujine, Raden Santri atur sembah, malihipun punika, pratingkah ing wong asujud, asalat saking punapa.
-
Nata pandhita nauri, adhuh Raden arining wang, wruhanira pandhita nom, pratingkahe sujud iya, yen sira nora wikan, asujud asaling banyu, dudu banyu kena asat.
-
Dudu banyu ingkang mili, dudu banyu ingkang buthak, banyu urip sejatine, panguripe ing sajagad, urip tan kena pejah, anapon ingkang winuwus, urip langgeng datan owah.
-
Umatur Rahaden Santri, ingkang ngalinggih punika, saking punapa asale, amba tuwan wejangana, angling nata pandhita, anapon ingkang alungguh, asaling bumi punika.
-
Dudu bumi kena rempit, dudu bumi kang nagawiyar, dudu bumi andhap asor, dudu bumi ingkang / gempal, dudu bumi punika, dudu bumi suda wuwuh, bumi suci datan owah.
-
Ature Rahaden Santri, inggih sabda kasinggihyan, nanging ta malih undhake, amba tuwan wejangena, sakehe patakenan, kadi pundi tegesipun, sebda kang kawan prakara.
-
Kang adeg asaling api, angadhepaken punapa, asaling angin rukuke, angadhepaken punika, sujud asaling toya, asaling bumi kang lungguh, angadhepaken punapa.
-
Nata pandhita nauri, ingkang angadeg punika, urip kang den-adhepake, uripe tan kena pejah, rupane kadi retna, gumilang-gilang ta wau, jumeneng pucuking grana.
-
Kang rukuk asaling angin, angadepaken sirulah, iku kang den-adhepake, cahyane gumilang-gilang, lan malihye punika, asujud asaling banyu, den-adhepaken punapa.
-
Kakasihira Hyang Widdhi, / kang anama Rasullulah, iku kang den-adhepake, cahyane lir sagara mas, gumebyar lir gurnita, mapan ta ing-adhep wau, anapon ing-aturena.
-
Umatur Rahaden Santri, yen pangeran guru amba, inggih karana sembahe, atarimaa ing Allah, angling nata pandhita, angsaling pangadegipun, ing-aturaken ing Allah.
-
Manikem puniku singgih, kang ing-aturaken ika, iya anapon rukuke, kang ing-aturaken ika, marang kang murbeng jagad, iya ujar yahu-yahu, kang katur marang ing Allah.
-
Raden Santri matur malih, kang asal angin punika, tegese mangke asale, sal banyu dadi punapa, angsaling geni iya, lah punapa dadosipun, nata pandhita ngandika.
-
Anadene kang rumiyin, saling api dadi rupa, saling angin ping kaliye, angin iku dadi napas, kaping ti/gane iya, nanging asal saking banyu, mapan iku dadi nyawa.
-
Kang alinggih iku mangkin, apan iya dadi badan, rahaden Santri ature, amba tuwan wejangena, pan amba dereng wikan, wirayat sedayanipun, kawula ayun uninga.
-
Nata pandhita mangkya ngling, asaling api punika, badan lan rambut sakehe, dadi wulu kulit ika, lan dadi daging iya, saking api asalipun, raden manira miarsa.
-
Mangkana ataken malih, otot asaling punapa, balung punapa asale, utek asale punapa, utawi kang paningal, atanapi kang panerus, suwara asal punapa.
-
Nata pandhita nauri, asal banyu dadi tingal, dene kang dadi swarane, asal saking api ika dene kang amiarsa, asal saking bumi iku, lan malihipun punika.
-
Dadi sungsum saling bumi, asal saking banyu iya, dadi otot ing tegese, anade/ne kang sapisan, iku dumadi iya, roh sabumi asalipun, asal bumi dadi manah.
-
Raden Santri matur malih, dadi punapa kang toya, nata pandhita wuwuse, lah iya wolung prakara, banyu iku kang dadya, rahaden Santri umatur, amba tuwan tedahena.
-
Anadene kang rumiyin, ingkang banyu nama Allah, kang dadi rupa tegese, dene banyu wujudolah, iku kang dadi swara, banyu wadi kang winuwus, puniku kang dadi cahya.
-
Banyu mani iku singgih, iku kang dadi paningal, banyu madi iku tgese, iya dadi pamiarsa, lawan banyu maniyah, iya budi dadinipun, Raden Santri atur sembah.
-
Sapa sinten aningali, wau sajroning paningal, lawan pangucap ing mengko, angucap sajroning lesan, miarsa jroning kerna, ya pangeran guruning sun, amba tuwan jarwanana.
-
Nata pandhi/ta nauri, nanging budi jroning manah,sirolah iku tegese, rupane kaya gurnita, kang mirsa jroning karna, dattolah westane iku, warnane kaya kumala.
-
Rahaden ataken malih, kang saking api punika, api ing budi asale, nanging ta asale ika, banyu pundi pinongka, saking purwa-purwanipun, amba tuwan wejangana.
-
Atanapi ingkang bumi, asal saking ing punapa, kawan prakara kathahe, ing pundi asale ika, ingkang kawan prakara, nata pandhita amuwus, asale kawan prakara.
-
Ana paningal ing api, saking aksara be iya, pan saking aksara ete, asal saking bumi iya, aksara-angin punika, anapon asaling banyu, asale aksara ekap.
-
Anapon warnaning Nabi, ginitakaken ing tembang, asmaradana sekare, sakehe mukmin sadaya, aja tungkul miarsa, ing lapal lan maknanipun, / wirayat kawikanana.
-
Lapal lawan makna singgih, kawruhana dipun-nyata, basa iman satuhune, iya iku den waspada, bab ing mas’allah iman, lapal lawan tekadipun, wong anom sira tompaa.