alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

PIWULANG BAB HANACARAKA


DANDANGGULA

Hananing wong sing ENENG duk dihin,

Hawarana anasir samoha,

Hagni angin bantala her,

Hiya Hyang Maha Luhur,

Hingkang wujud Eneng menuhi,

Hisining rat winahya,

Hobah osik tuhu,

Hamung saking ananing Hyang,

Hanartani jroning alam kabir sahir,

Hananing titahing Hyang.

1.  Asale manungsa kuwi saka “Eneng” ngrasuk awak-awakan anasir geni,angin, bumi, banyu.

2. Ana dene sing kita jejuluki asma Allah kuwi ENENG ngebaki alam semesta.

3. Kabeh isining jagad iki lan kabeh mobah mosik iki, sanyata saka anane Allah

4. Panjenengane anglimputi sadjroning jagad gede lan jagad cilik.

5. ……. kalebu ing aksara NA.

Nora akeh ingkang arsa uning,

Nalaring reh yen Sang Hyang Suksmana,

Nartani ing saanane,

Nadyan aran dumunung,

Neng isining jagad tan keni,

Netepken winastanan,

Neng kono dumunung,

Nanging mungguh Hyang Suksmana,

Namung namar namur more anartani,

Nora manggon mring ana.

Ha (10) ananing titahing Pangeran kuwi …

1. Ora akeh kang kepengin mangerti bab Allah, sing sipate nglimputi alam semesta iki.

2. Sanadyan katembungake “dumunung” ana ing isining jagad iki, ora kena diarani “manggon” ana ing kono

3. Allah kuwi, dumununge, momore, lan panglimpute, tembunge mung namar lan namur (tegese: ora katon tetela), mulane ya ora kena diarani manggon ana ing kahanan sing katon gumelar iki.

Cekakane Hyang Kang Maha Suci,

Cetha nanging tan kena wineca,

Cag-ceg lamun nora ceceg,

Curna temah katrucut,

Cupet cacad yen nora lancip,

Ciptane tan trawaca,

Cutel nora cancut,

Caritane kang wus lancar,

Careming Hyang cihnane neng ati suci,

Cewet lamun den ucap.

1. Cekakane bab anane Allah kuwi ceta, nanging angel anggone nerangake

2. Cag-ceg pada duwe pangira, sing kita tengeri jejuluk asma Allah kuwi ‘iki utawa iku’, nanging pangira mau ora bener

3. Katrucute panganggep sing ora bener mau ateges cacat, awit pancen ora dong, mung awur-awuran wae, katarik saka buntune lan ketule akal pikirane.

4. Ana dene ngandikane sang wicaksana manunggale Pangeran kuwi kacihna ana ing ati suci, nanging yen dikandakake mengkono, iya kliru.

Rasakena jroning sanubari,

Rumakete lawan angganira,

Raket lan rasa pamore,

Rorone lwir sajuru,

Rina wengi awor lestari,

Rata jroning sarira,

Rumasuk anurut,

Rosing urat daging darah,

Rambut-rambut kabeh kasrambah tan kari,

Rinoban uripira.

1. Rasakena ing ndalem atimu, sang Eneng sing nganggo awak- awakan anasir mau, anggone anjumenengi wadagmu, awor manunggal karo rasamu.

2. Anasir lan rasa kuwi bleger loro nanging kaya mung siji, sakarone rina wengi tansah awor.

3. Nyrambahi sajroning badan sakojur, rumasuk ing urat, daging, getih, dalah rambut pisan, ora ana sing kliwatan ora kesrambah. Ngerobi uripe manungsa iki.

Kakekate kawruhana kaki,

Kaya priye yakine ingkang khak,

Kahanane Pangran mangke,

Kalamun sira ngaku,

Kahanane Hyang Suksma kaki,

Kumpul lan sira mangkya,

Kompra kumalungkung,

Kena ingaranan mokal,

Kudu ngaku kumpul lan kang mengku kaki,

Kuwur kurang weweka.

1. Kawruhana kanti yakin kepriye sanyatane kahanane Allah kuwi

2. Yen kowe ngrumangsani kahanane Allah kuwi kumpul karo kowe, kuwi panganggep kliru lan kumalungkung

3. Mokal banget ingatase kowe kuwi kawula sing kawengku, teka kumpul karo Allah sing mengku. Panganggep sing mangkono mau kuwur (kupur?) lan lacut (kurang weweka).

Dene lamun sira angingkedi,

Dumadinta datan awor ing dat,

Durung weruh ing kadaden,

Dadi mungkir ing pandum,

Dinalih yen dadi pribadi,

Duraka dora arda,

Datan wruh ing udur,

Dunungena kang waspada,

Darunaning jatining dat dennya dadi,

Dandananing dumadya.

1. Dene yen kowe anekadake dumadimu kuwi ora kasamadan Dattullah, sanyata kowe durung dong bab asaling dumadi.

2. Panganggep mengkono mau (ora ngrumangsani) ateges nyelaki kuwasaning Pangeran, pangiramu dumadimu kuwi “dengan sendirinya”. Panganggep mangkono mau duraka lan goroh banget, terang yen kowe ora ngerti marang kawruh bab dumadi.

3. Genahna sing gamblang, kepriye sabab musababe (darunane), dattullah (jatining dat) ngeja wantah awujud titah iki.

Takokena mring kang wus patitis,

Teraping dat dennya moring titah,

Terangena wit tumetes,

Tekeng tlanakan tuntum,

Tata-tata amurweng gati,

Triloka amirantya,

Tigang candra tamtu,

Tamat rampung wujud kita,

Tinengeran kakung atanapi estri,

Tetela daya titah.

1. Takokna marang gurumu kepriye jelase pangeja wantahe dating Pangeran, awujud titah manungsa iki.

2.  Terangna wiwit banyuning Bapa tumestes ana ing guwa garbaning biyung, perkembangane dadi getih, banjur dadi daging, sabanjure kasinungan triloka (betalmakmur, betalmucharam, betalmukadas).

3. Sawise ganep telung sasi, sempurna wujud bayi, katamtokake dadi manungsa lanang utawa wadon.

Sang Hyang Esa sangang wulan keksi,

Saking jroning guwa garba mesat,

Sumeleng suwung wiyose,

Sampun sarira rasul,

Sulihing Hyang minangka saksi,

Sing kwaseng Hyang Wisesa,

Sinung sih rinasuk,

Sinedhahan amisesa,

Sesining kang sarira Sang Hyang Sa maksih,

Sipat siki tan pisah.

1. Jatining dat sing ngejawantah mau, sawise sangang sasi, banjur metu saka guwa garba, awujud jirim mawa papan, jirim.

2. Bayi sing lahir saka guwa garba mau apengawak “utusan” minangka pratanda bab kuwasaning Pangeran.

3. Saka kuwasaning Pangeran, deweke kaparingan sih sarta ditugasake mranata dirine sakojur. Dene jatining Dat kuwi isih lestari sipat siji karo dirine, ora tau pisah.

Wasitane pra parameng kawi,

Wali-wali neng srat kawi jarwa,

Wong urip jwa salah weweng,

Wruha wosing tumuwuh,

Wit sing purwa myang madya tuwin,

Wusana ajwa kewran,

Waskitaning kawruh,

Wruh woring kawula lawan,

Wujuding Hyang Winastan waluyeng uwit,

Wawasen den kawang-wang.

1. Para pujangga rambah-rambah paring wejangan kamot ing layang-layang tembang lan banjaran ngelingake wong urip mono aja salah weng-weng.

2. Kudu ngerti wose anggone dititahake kuwi kepriye. Kudu damang purwa, madyo, lan wusanane.

3. Waskitaning kawruh kuwi ngerti sagunging titah karo sing nitahake. Persudinen sing gamblang bab bisane mulih marang asal (asal saka pangeran, mulih marang pangeran).

Laksitane lena den kalingling,

Lalangene nalikarsa ilang,

Luwih angel yen tan oleh,

Laraping kang pitulung,

Lenging wulang ingkang dumeling,

Luluh aneng dadalan,

Lingak-linguk linglung,

Liyepe kyeh kang kawulat,

Lalu lali kalunglun kang ngatingali,

Lebur keneng begalan.

1. Mangertio pangalaman nalikane sakaratul maut (ngancik plawanganing pati). Goda rencanane, nalika arep pecating nyawa kuwi Gawat, tumrap wong sing durung oleh wejangan sing ceta gamblang.

2. Sajroning ngalami krisis (gawat) kuwi, rumongso ora biso nerusake lakune, tingak tinguk bingung atine.

3. Ing waktu kuwi katon sesawangan werna-werna, samongso deweke lali kerem marang sawangan mau, ateges kebegal, ora patitis patine.

Pati papa kalempiting kapir,

Pakolehe duk uripe tanpa,

Puruita panganggepe,

Patrape prapteng lampus,

Pantog tanpa kawruh nyukupi,

Prandene bareng wapat,

Paksa kempas-kempus,

Pan nora pasrah amapan,

Polahane palintiran nora apik,

Pratanda yen kalepyan.

1. Mati sing kasebut ing aksara LA baris angka sepuluh mau: mati sasar, jalarane suwung tanpa kawruh (kapir). Yakuwi akibate nalika isih urip ora gelem golek kawruh. Pamikire patrape mati kuwi gampang cukup tanpa kawruh.

2. Bareng ngancik plawangane pati kempas kempus, ora pasrah, ora mapan polahe palintiran, mracihnani yen deweke lali.

Dhasar beda lan kang wus amundhi,

Dhawuhing sang Pandhita kang medhar,

Dhanurdara mung sumendhe,

Dhatenging kang riridhu,

Dhadhag dhokoh tyas tan kalindhih,

Dhineseg gora godha,

Dhangan nora kidhung,

Dhangah-dhangah mandi pedhang,

Dhatenging kang ripu wirodha tinandhing,

Dhinendha tadhah dhadha.

1. Wong sing wis tampa wejanganing guru bab kawruh kasampurnan, sayekti beda karo sing kasebuting aksara PA mau. Wong sing wis tampa wejangan kuwi, nalika ngancik sakratul-maut, mung sumendhe

2.  Ana reridu teka, ana goda rencana teka, deweke tatag wae, ora kaget lan ora mrebawani atine.

3.  Kaya wong anggawa pedang ligan, ana mungsuh teka nrajang yo ditandingi. Mungsuhe menthung nganggo ‘DHENDHA” dadhane diungalake.

Jatining kang wus weruh ing janji,

Janji-janji janjining sang Dwidja,

Jenak jenjem karem ijen,

Jangkane mung angejum,

Jumenenging jiwangga mbenjing,

Jinungkung jro pamujan,

Jejeg terus tuwajuh,

Jejering driya prasaja,

Joging seja ing mbenjing praptaning janji,

Jatmika srah jiwarja.

1. Sing kacaritake ana ing aksara DHA kuwi wong sing wis insyaf yen wong urip kuwi pacangane pati. Lan wis oleh kaweruh saka gurune (utawa saka maca buku-buku) banjur tawakal lungguh ijen ‘olah cipta’.

2. Tujuane ora liya, supaya sakwise ninggal donya iku jiwane nemu lelakon opo benere. Mulane deweke ngulinake ngolah cipta ana papan mirunggang. Kanti temen-temen, sabar lan telaten.

3. Adege uripe prasaja, dene yen wis teka wektune kudu mati, iya bakal dilakoni kanti anteng lan pasrah.

Ya marmane kulup kang kariyin,

Yaktekena waluyaring laya,

Yakina jrone urip kiye,

Yakti tan wurung layu,

Yen sira tan weruh kariyin,

Yuda-brataning laya,

Yatna liyep luyut,

Yitmanta wastu ngalaya,

Ywa pepeka myang mamrih mulyaning mayit,

Yogya den parsudiya.

1. Kulup, mulane wong kuwi perlu ngudi kawruh, supaya patine ora sasar. Soal pati kudu diyakinake sajrone isih urip iki.

2. Sabab wong urip mono mesti bakal mati. Yen kowe ora ngerti kawruh bab pati, iyo kuwi “yatno liyep luyut”, oncate jiwamu saka raga bakal klambrangan.

3. Aja gumampang Lho !. Lan maneh, kawruh supaya jinasahmu mulya, uga perlu kok parsudi.

Nyataning neng nyatakna ing sunyi,

Nyenyeting rat lawan kahanannya,

Nyirnakna nyet ajwa grenyeh,

Nyaring ilining banyu,

Nyuda rasa kang monyar-manyir,

Nyirnakake kedunyan,

Nyarong sirna kanyut (kang nyut),

Nyeneni naya kumenyar,

Nyamleng tentrem ayem tyase mari nyang-nying,

Nyata wus tekeng sunya.

1. Enenge atimu terusna nganti tekan ora rasa rumongsa (suwung).Kahananing jagad aja kok rasakake, aja mikir kae-kae.

2. Napasmu sarehna kaya nyaring ilining banyu, rasamu sing monjar-manjir temahan lerem. Bakune aja mikir bab kadonyan, amesthi rasa kang monjar-manjir mau ilang.

3.  Wusana kaya kataman cahya, polatanmu dadi sumringah, atimu ayem tentrem, ora karoneyan. Pranyata wis tekan ing kahanan suwung.

Mulane ta pra taruna sami,

Marsudiya ngelmu kang utama,

Mrih marem karem tumameng,

Madyeng ngalam ngalimun,

Meneng mrih wruh mring kang ngayomi,

Manawa wus tan samar,

More mring anggamu,

Muksane luwih utama,

Marga uwus tan samar denira mamrih,

Mulih alame lama.

1. Mulane para anom, prayoga pada marsudio ngelmu CHAK (utama).

2. Temahan kowe rumongso marem, lan duwe sedya ngambah alam gaib-gaib sarana meneng, supaya ngerti kanthi yakin bab anane Allah (kang ngayomi).

3. Yen kowe wis yakin temenan: Allah kuwi ora tau pisah karo kowe,patimu ora bakal sasar.

4. Amarga kowe wis ora samar anggonmu nedya mulih marang asalmu.

Gagarane kang luwih prayogi,

Gagayuhan arsa munggah swarga,

Gunung Tursena jujuge,

Grane kang luwih munggul,

Gondhelana den amaligi,

Gulunganing jiwangga,

Gumeleng saglugut,

Gigiten jwa ringga-ringga,

Gagar lamun sira tan nurut ing margi,

Graning Tursena arga.

1. Sarate sing prayoga banget tumrap setya munggah swarga kuwi:ngliwatane gunung TURSINA sing puncake duwur banget.

2. Puncake kuwi anggonen sipatan aja mangro mertelu. Anggonmu nyawijekake jiwa rogomu, sing nganti gumolong temenan, bebasan dadi sak glugut. Pangestimu aja samar-samar.

3. Yen kowe ora ngliwati puncake gunung tursina mau, sedyamu munggah swarga ora bakal kaleksanan.

Babarane prapteng alam kabir,

Bali murba angebaki keblat,

Busana kauban kabeh,

Bumi baruna klebu,

Badaning Hyang tetep ngelebi,

Babaran njero njaba,

Bola bali jumbuh,

Balik yen tan bangkit murba,

Bakal bali kapurba ing alam kabir,

Bubrah tan bisa mbabar.

1. (Yen kaleksanan tekan ing kahanan suwung) temahan babar apengawak jagad gede (alam semesta), ateges bali kaya asale angebaki keblat. Jagad iki: bumine, segarane, kauban kabeh.

2. Pranyata njero (jagad cilik, mikro kosmos) lan njaba (jagad gede,makro kosmos) kuwi kaebekan datullah, kalimputan sipatullah, tetep salawas-lawase.

3. Yen ora biso tekan ing kahanan suwung, kapeksa bakal kapurba maneh dening angger-anggering kodrat: nandang penderitaan bungah susah.

Thenging dwista tan ana kang kaesthi,

Thileg-thileg tan lalu palastha,

Thenger-thenger tanpa canthel,

Thok-thele mung ngalunthung,

Thering sedya tan bangkit mesthi,

Thukule pasti nistha,

Thinotol blegthuthur,

Thong-thongsot prapta pepathan,

Thek-ethekan nuthuki si kuthung nisthip,

Thinethel mring kanisthan.

1. (Sing ora biso bali marang asale mau): bingung ora karuwan sedyane.Temah tilek-tilek lan tenger-tenger wae. Pepuntone mung ngeluntung kanthisedya sing ora gumatok.

2. Bareng tukul sedyane, mesthi sedya sing remeh-remeh, dituntun blekutur. Para tong-tongsot teka, pada milara wong sing bingung kuwi,digeret marang kanisthan.

Nging kang paksa ngemba pra wirangi,

Nganggit ngelmu ngawag tan uninga,

Ngawur muhung andedongeng,

Ngluluri reh ing dangu,

Ngandikane pra mrih lulungit,

Ngudiya wadining rat,

Nging ywa rangu-rangu,

Ngungseda nganti uninga,

Ngracut ngukut wosing angga kang piningit,

Ngayuh wor kang wurweng rat.

1. Pengarange buku iki agahan tiru-tiru para pandhito: medharane ngelmu, satemene ora weruh. Mung ngawur kaya adongeng wae.

2. Mung ngestoake ngendikane para leluhur, ahli kebatinan, supaya kita ngudi kaweruh wadhine buwana kanthi temen- temen.

3. Supaya telaten mangsah semadi, nganti kasil ngalami kahanan suwung,yakuwi manunggale titah karo sing nitahake.

white-rose

……………………………………….
Alang Alang Kumitir

13 Comments

  1. sena semarang

    mula to para dulur kabeh, ayo pada mersudi lan sinau basa jawa supayane budaya kang adi luhung iki ora luntur dening jaman, aja nganti kaya sing dikandhakake unen-unen: wong jawa ilang jawane.

  2. ruben djokarto

    kulo sangking Suriname (south america) tumindah kejawen nang kumpulan sing di arani religi ning suriname.
    kito ngutjap carakan kojoh SIR TAMBOGOH TUTUP BANYU …………, SUN PUTER BUMI AMUTER HEWANG MANIK SUKMONO……………………., WADJIB REKAH BUMI SUTJI KEBLATE GUSTI ………………………… lan RASANE SAH NDERONE SAUBARI …………………….. etc. etc.
    Kulo pingin pandjelasan, opo iku lungguh nopo mboten ?
    mugi biso kanto pandjelasan.
    matur nuwun

  3. who knows

    Merakyatlah,… Kita wajib berbangga dengan suku kita, tapi kita berdiri di antara ratusan suku,.. jangan terbiasa memisahkan diri atau membuat kalangan tersendiri…… siapa sih kita….. apalah arti kita tanpa mereka…… jadi….??
    berbanggalah dengan EYD >>>> lampirkan bahasa indonesia>>> saya juga jawa loh

  4. Dumadi

    SALAM.
    Rumiyin antuk ceritane caraka.
    Saiki Hanacara kanti kahanan akbar.
    SALAM

  5. fakir ilmi

    mengapa tidak dijelaskan saja secara terang-terangan,jangan sampai si salik bertanya lagi.adalah lebih baik jangan dibukakan terus kang..jelaskan saja siapa gurunya,di mana santrinya.

  6. matur nuwun dumateng sederek kolu ingkang anganggit alang-alang kumitir.
    kapareng bade nyuwun pirsa artosipun “eneng” sajake kok pakewet sanget. napa pancen wadi ?

  7. kang kalau boleh, saya akan coba terjemahkan ke bahasa indonesia. kalau sudah selesai, nanti saya kabarkan ke njenengan. nuwun

  8. noor roonroon sidik

    sip ……….. banyak yang harus digali mohon teruskan kang moga2 Allah paring berkah

  9. Wong Cilik

    kalo boleh tahu maksud daripada inti uning unong uning unang unining uninong itu apa ya kang…? kalo boleh tahu alamatnya dimana?

  10. IGO

    asslm wr wb

    wah, saya orang jawa tapi ga ngerti banget bahasanya..saya minta artinya donk…thx

  11. Herlangga

    Oia beh atu lagi nie,Artikelnya penting bgt tuq saya sualnya saya sdg mencari jati diri

  12. Herlangga

    Beh semua artikel diterjemahin dung ke bahasa indonesia

  13. dedeng rahmat

    kang diterjemahin bahasa indonesia atuh…
    nuhun

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: