SERAT JONGKO JOYOBOYO


 

JAMAN EDAN

Pancen amenangi jaman edan,
sing ora edan ora kaduman.
Sing waras padha nggragas,
sing tani padha ditaleni.
Wong dora padha ura-ura.
Begjane sing eling lan waspada.

Ratu ora netepi janji,
musna prabawane lan kuwandane.
Akeh omah ing ndhuwur kuda.
Wong mangan wong,
kayu gilingan wesi padha doyan rinasa
enak kaya roti bolu.

Yen bakal nemoni jaman:
akeh janji ora ditetepi,
wong nrajang sumpahe dhewe.
Manungsa padha seneng tumindak ngalah
tan nindakake ukum Allah.

Bareng jahat diangkat-angkat,
bareng suci dibenci.
Akeh manungsa ngutamakake reyal,
lali sanak lali kadang.
Akeh bapa lali anak,
anak nladhung biyunge.

Sedulur padha cidra,
kulawarga padha curiga,
kanca dadi mungsuh,
manungsa lali asale.
Rukun ratu ora adil,
akeh pangkat sing jahat jahil.

Makarya sing apik manungsa padha isin.
Luwih utama ngapusi.
Kelakuan padha ganjil-ganjil.
Wegah makarya kapengin urip,
yen bengi padha ora bisa turu.
Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes.

Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.
Akeh wong nyekel bandha uripe sangsara.
Sing edan bisa dandan.
Sing mbangkang bisa nggalang
omah gedhong magrong-magrong.
Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil.

Sing ora bisa maling padha digething.
Sing pinter duraka padha dadi kanca.
Wong bener thenger-thenger,
wong salah bungah-bungah.
Akeh bandha muspra ora karuwan larine.
Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe.

Bumi saya suwe saya mungkret.
Bumi sekilan dipajegi.
Wong wadon nganggo panganggo lanang.
Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu,
ngumbar angkara murka,
nggedhekake duraka.

Wong apik ditampik,
wong jahat munggah pangkat.
Wong agung kesinggung,
wong ala pinuja-puja.
Wong wadon ilang kawanitane,
wong lanang ilang kaprawirane.

Akeh jago tanpa bojo.
Wanita padha ora setya,
laku sedheng bubrah jare gagah.
Akeh biyung adol anak,
akeh wanita adol awak.
Bojo ijol-ijolan jare jempolan.

Wong wadon nunggang jaran,
wong lanang numpang slendhang pelangi.
Randha loro, prawan saaga lima.
Akeh wong adol ngelmu.
Akeh wong ngaku-aku,
njaba putih njerone dhadhu.

Ngakune suci, sucine palsu.
Akeh bujuk.
Wektu iku dhandhang diunekake kuntul.
Wong salah dianggep bener,
pengkhianat nikmat,
durjana saya sampurna.

Wong lugu keblenggu,
wong mulya dikunjara,
sing curang garang,
sing jujur kojur.
Wong dagang keplanggrang,
wong judhi ndadi.

Akeh barang kharam,
akeh anak-anak kharam.
Prawan cilik padha nyidham.
Wanita nglanggar priya.
Isih bayi padha mbayi.
Sing priya padha ngasorake drajate dhewe.

Wong golek pangan kaya gabah den interi.
Sing klebat kliwat,
sing kasep keplesed.
Sing gedhe rame tanpa gawe,
sing cilik kecelik.
Sing anggak kalenggak.

Sing wedi padha mati,
nanging sing ngawur padha makmur,
sing ngati-ati sambate kepati-pati.
Cina olang-aling kepenthung
dibandhem blendhung,
melu Jawa sing padha eling.

Sing ora eling
padha milang-miling,
mloya-mlayu kaya maling,
tudang-tuding.
Mangro tingal padha digething.
Eling, ayo mulih padha manjing.

Akeh wong ijir,
akeh wong cethil.
Sing eman-eman
ora kaduman,
sing kaduman
ora aman.

Selot-selote besuk
ngancik tutupe taun,
dewa mbrastha malaning rat,
bakal ana dewa
angejawantah,
apangawak manungsa.

Apasuryan padha Bathara Kresna.
Awewatak Baladewa.
Agegaman trisula wedha.
Jinejer wolak-waliking jaman,
wong nyilih mbalekake,
wong utang mbayar.

Utang nyawa nyaur nyawa,
utang wirang nyaur wirang.
Akeh wong cinokot lemud mati.
Akeh swara aneh tanpa rupa.
Bala prewangan, makhluk alus padha baris,
padha rebut bebener garis.

Tan kasat mata tanpa rupa,
sing mandhegani putra Bathara Indra,
agegaman trisula wedha.
Momongane padha dadi nayakaning prang,
perange tanpa bala,
sekti mandraguna tanpa aji-aji.

Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk,
tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi.
Parak esuk banter,
ilange katut Bthara Surya,
jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur.
Prihatine kawula kelantur-lantur.

Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa
lagi tumeka ing ngarcapada,
ambiyantu wong Jawa.
Dununge ana sikile redi Lawu sisih wetan.
Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca,
arupa gupon dara tundha tiga.

Kaya manungsa asring angleledha,
apeparab Pangeraning Prang,
tan pakra anggone anyenyandhang,
nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong sapirang-pirang.
Sing padha nyembah reca ndhaplang,
cina eling, Syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang.

Putra kinasih swarga Sunan Lawu,
ya Kyai Brajamusthi,
ya Kresna,
ya Herumurti,
mumpuni sakehing laku,
nugel tanah Jawa kaping pindho.

Ngerehake sakabehing para jim,
setan, kumara, prewangan.
Para lelembut kabawah prentah
saeka praya kinen abebantu manungsa Jawa.
Padha asenjata trisula wedha,
kadherekake Sabdopalon Nayagenggong.

Pendhak Suro nguntapake kumara,
kumara kang wus katam nebus dosanira,
kaadhepake ngarsane kang Kuwasa.
Isih timur kaceluk wong tuwa,
pangiride Gathutkaca sayuta.
Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul mesthi mati.

Ora tuwa ora enom,
semono uga bayu wong ora ndayani.
Nyuwun apa bae mesthi sembada,
garise sabda ora gantalan dina.
Begja-begjane sing yakin
lan setya sabdanira.

Yen karsa sinuyutan wong satanah Jawa,
nanging pilih-pilih sapa waskitha pindha dewa.
Bisa nyumurupi laire embahira,
buyutira, canggahira, pindha lair bareng sadina.
Ora bisa diapusi
amarga bisa maca ati.

Wasis wegig waskitha
ngreti sadurunge winarah,
bisa priksa embah-embahira,
ngawuningani jaman tanah Jawa.
Ngreti garise siji-sijining umat,
tan kalepyan sumuruping gegaman.

Mula den udia satriya iki,
wus tan bapa tan bibi,
lola wus aputus wedha Jawa.
Mula ngendelake trisula wedha,
landhepe trisula :
pucuk arupa gegawe sirik agawe pepati utawa utang nyawa.

Sing tengah sirik agawe kapitunaning liyan,
sing pinggir tulak talak colong jupuk winaleran.
Sirik den wenehi ati melathi, bisa kasiku.
Senenge anyenyoba, aja kaina-ina.
Begja-begjane sing dipundhut,
ateges jantrane kaemong sira sabrayat.

Ingarsa begawan wong dudu pandhita.
Sinebut pandhita dudu dewa.

Sinebut dewa kaya manungsa,
kinen kaanggep manungsa sing seje daya.
Tan ana pitakonan binalekake,
tan ana jantra binalekake.

Kabeh kajarwakake nganti jlentreh
gawang-gawang terang ndrandang.

Aja gumun aja ngungun,
yaiku putrane Bathara Indra kang pambayun,
tur isih kuwasa nundhung setan.
Tumurune tirta brajamukti, pisah kaya ngundhuh.

Ya siji iki kang bisa njarwakake
utawa paring pituduh jangka kalaningsun.

Tan kena den apusi
amarga bisa manjing jroning ati.
Ana manungsa kaiden katemu,
uga ora ana jaman sing durung kalamangsane.

Aja serik aja gela
iku dudu waktunira,
ngangsua sumur ratu tanpa makutha.
Mula sing amenangi gek enggala den luru,
aja nganti jaman kandhas.
Madhepa den amarikelu.

Begja-begjane anak putu, iku dalan sing eling lan waspada,
ing jaman Kalabendu nyawa.
Aja nglarang dolan nglari wong apangawak dewa,
dewa apangawak manungsa.
Sapa sing ngalang-ngalangi bakal cures ludhes sabraja dlama kumara.
Aja kleru pandhita samudana, larinen pandhita asenjata trisula wedha.

Iku paringe dewa.
Ngluruge tanpa wadyabala.
Yen menang datan ngasorake liyan.
Para kawula padha suka-suka
amarga adiling Pangeran wus teka.
Ratune nyembah kawula, agegaman trisula wedha.

Para pandhita ya padha ngreja,
yaiku momongane Kaki sabdopalon sing wus adus wirang.

By alang alang kumitir

76 thoughts on “SERAT JONGKO JOYOBOYO

  1. petir saloka

    Condro surya wis lumaku ning wetan
    Pratanda suci jumeneng sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati
    Asma suci kang dadi gondelane
    Anggone mlaku tinatah laku
    Laku suci jumeneng sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Alenggahan cahya suci
    Ya suci dzat jumeneng sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Ambawani lelampahan suci
    Condro suci sukma sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Tinibane ning jaman suci
    Bakale ana kang dadi panuntune
    Panuntun suci jumeneng sejati
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Kalebu petugas suci sejati
    Amandap ning ndonya rubeda
    Tinatah suci titah sejati
    Anuntun suci sowan sejati

    Kalebu salah setunggaling suci
    Mandap ngemban tugas suci
    Anjalani kang kudu dijalani
    Mernahke kang kudu dipernahke
    Cahya suci Ingsun suci sejati

    Petugas suci jumeneng sejati
    Mandap suci ning ngarcapada
    Lelampahan suci jumeneng sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Panuntun suci sejati
    Panuntun suci kawula sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Angasta sewu senjata suci
    Alembana ndonya rubeda
    Tumetes rasa suci sejati
    Sejatine suciIngsun suci sejati

    Kabeh kalebu kodrat suci Ingsun
    Kabeh kalebu ginaris suci Ingsun
    Jumeneng suci sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Tinibane ning jaman suci
    Nyaring sejatine suci
    Jumeneng suci
    Ingsun suci sejati

    Uwong kang suci tinampa mukti
    Mukti suci rasa sejati sira
    Ngesti suci Ingsun suci sejati

    Akeh dewa kang angetok diri
    Akeh widadari kang angetok diri
    Mandap titah jumeneng suci
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Emas lan berlian sak ngon ngon ana
    Kabeh turah kanggo lelakuning urip
    Wong suci tinampa mukti
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati
    Tibaning jaman suci
    Jaman kang mukti
    Jaman lelampahan sejati
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Wong kang suci tinampa mukti
    Wong kang ora suci
    Pengadilan agung kang angenteni

    Lelampahe jaman suci
    Lelakune alam suci
    Suci jumeneng sejati
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Kabeh kalebu kodrat suci
    Kabeh kalebu ginaris suci
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Alembana ning ndonya rubeda
    Sejatine suci cahya sejati
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati
    Sapa sira
    Kang kalebu suci
    Suci rasa pribadi
    Suci ngesti pribadi
    Bakale tinampa mukti
    Saka kodrat suci Ingsun
    Saka ginaris suci Ingsun

  2. Petir Saloka

    Sejatine wus tinempa akhir
    Akhir jaman kalabendu
    Mlebu ning jaman suci

    Sejatine wus titiwancine
    Ndonya malih warnane
    Gelaran pengadilan agung
    Mlebu ning jaman suci
    Jaman kang alenggahan para gung suci
    Jaman ratu gung suci sejati
    Jaman kraton gung suci sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Nusantara ngancik ning sejatine suci
    Pinangka tetenger lelakuning jaman
    Jaman kang suci
    Jaman alenggahan sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Ndonya rubeda bakale suci
    Jejere suci kang anyekseni
    Pinangka suci lelaku sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Wong kabanda bakale mati
    Wong kang nista bakale musna
    Wong kang ora suci owal sejati
    Mlebu ning alam peteng
    Tineba saklawase

    Wong kang suci tinampa mukti
    Banda ndonya kang anampani
    Ngesti suci sejatine rasa
    Rasa suci jumeneng sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Pratanda alam wis dimulai
    Anggone ngesti tanpa kendat
    Bakale tinampa suci
    Sucining rasa kang mukti
    Mukti rasa sejati
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

  3. Petir Saloka

    Eyang Sri Aji Jayabaya mampu membuat “jangka” karena beliau mendapatkan wahyu Allah yang berupa Kitab Jongko Jangkaning Jaman.
    Dan beliau sudah mencapai tataran tertinggi yaitu makrifat / kasampurnan sejati sehingga waktu meninggal bisa moksa (kasampurnaning sejati jiwa uga raga saka kodrat Ingsun).

  4. Petir Saloka

    Jawa tineba gari seprapat
    Seprapate kalebu bangsa liya
    Ya kuwi kang wis ginaris suci
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Nusantara tineba dadi pancering bangsa
    Kapimpin ratu gung suci sejati
    Ya kuwi kang wis kodrat suci
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Kabeh bakale mlaku
    Mlaku ning arah suci
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Ngancik ning tahun siji
    Sasi siji pengadilan suci
    Wis tiniba mlaku
    Laku sakjroning suci
    Titah suci sejati
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

    Rubeda sengkala wis ngancik ning ndonya
    Wong lara pating kleler
    Wong mati sak ngon ngon

    Alam wis katon warnane
    Omah ambruk sakbendinane
    Banyu mlebu ning pelataran

    Awan ora kaya awan
    Bengi ora kaya bengi
    Ya kuwi tiniba titiwancine
    Pengadilan agung suci sejati
    Sejatine suci Ingsun suci sejati

    Yen ta sira kalebu suci
    Ning ngendi wae bakale tinampa mukti
    Yen ta sira ora kalebu suci
    Ning ngendi wae bakale tinampa mati
    Owal kodrat lan ginaris suci
    Mlebu ning balam peteng
    Tiniba saklawase

    Kabeh kalebu kodrat suci Ingsun
    Kabeh kalebu ginaris suci Ingsun
    Yen ta
    Kabeh bakale mlaku
    Mlaku ning arah suci
    Yen ta
    Kabeh bakale balik
    Balik ning arah suci
    Sejatine suci
    Ingsun suci sejati

  5. Petir Saloka

    Wis kalebu pratanda alam
    Yen ta
    Kabeh gunung bakale bledos
    Ngetoke geni tanpa ana mandeke
    Lemah jugrug sakbendinane
    Wis kalebu pratanda alam
    Yen ta
    Segara entek banyune
    Pindahe banyu ana pelataran
    Uwong mati pating kemampul

    Wis kalebu pratanda alam
    Yen ta
    Buwana metu saka panggone
    Lemah mlaku sak karepe dewe
    Wis kalebu pratanda alam
    Yen ta
    Manungsa gari seprapat
    Tanah jawi nyigar dadi 3
    Nusantara ciut panggone
    Ndonya rubeda malih rupane

    Kabeh wis kalebu titi wanci
    Titi wancine jaman
    Mlebu ning jaman suci
    Wong kang suci
    Bakale mukti
    Jrone sing ora suci
    Bakale mati
    Rubeda sengkala
    Kang dadi sisihane
    Metu saka kodrat lan ginaris suci
    Mlebu ning alam peteng
    Tiniba wektu saklawase

    Pepadange surya ning timur
    Wis ngancik ning dina 7
    Bakale kasambadan dening suci
    Surya nalendra cungkup suci
    Ngarcapada mulya jumeneng suci

    Tibaning rasa kang angugemi
    Bakale tinampa mukti
    Rohing diri jumeneng sejati
    Jejere suci Ingsun suci sejati

    Pinangka sangu ning ndonya rubeda
    Aja lali marang sanak kadang
    Sanak kang angugemi suci
    Kadang kang angesti suci
    Ya bakale tinampa mukti

    Sangkan paraning dumadi
    Wis kalebu ning jaman suci
    Anggone ngesti aja pada dilaleke
    Sabda suci bakale tumeka diri
    Jroning suci Ingsun suci sejati
    Sejatine Ingsun Ingsun suci sejati

    Tumekane ngancik dina ping 7 (pitu)
    Paripurnaning jeksa buwana
    Kabeh bakale anyurupi
    Pepadange surya jumeneng sejati

    Surya condro buwana
    Pancering budi
    Gumatok ning diri kang suci
    Sastro nata lintang kumitir
    Condro peksi kang amuputi
    Tirta suci nalendra gurpa
    Gemah ripah lohjinawi

  6. JABIDI

    Apakah seseorang yang mengetahui masa yang akan datang dikatakan PERAMAL? klo begitu nabi muhammad adalah peramal. ketahuilah bahwa suatu kejadian yang lalu maupun yang akan datang sudah tertulis dalam kitab laufulmahfusz. dan hanya orang orang sucilah yang diberi pengetahuan itu oleh sang maha pencipta. mungkin salah satunya Jongko joyoboyo. terus apa definisi dari kata RAMALAN? saya kira ramalan adalah menebak nebak tanpa mengetahui atau pengetahuan.

  7. Petir Saloka

    Kasebut baleke jejere Ingsun sejati
    Kang duweni arti
    Arahe manungsa kang pinaringan
    Kodrat lan ginaris suci Ingsun sejati
    Uga pinaringan
    Roh suci kang awujud rasa sejati
    Uwis luput saka asale
    Akeh manungsa kang keblinger
    Kaya kaya ora ngerteni Ingsun
    Uga kalebu lali marang Ingsun
    Manungsa uwis ora kaya manungsa
    Akeh manungsa ilang rasa sejatine
    Uga wis ora ngerti pribadine
    Kalebu luput sak pribadine
    Jejere Ingsun uwis ilang
    Mula kalebu jangka sejati

    Kabeh manungsa bakal Ingsun pilihi
    Kanti jroning suci pengadilan agung
    Kang arep Ingsun gelar
    Kanggo ndonya kalebu cipta suci Ingsun
    Jumeneng suci Ingsun sejati
    Sejatine Ingsun Ingsun sejati

    Kasebut pengadilan agung Ingsun sejati
    Kalebu pengadilan suci kanggo kabeh manungsa
    Awujud tibaning pati
    Manungsa bakal tinampa
    Ngolete jero lemah uga
    Bakal mlayu saka pangone
    Manungsa bakal tinampa
    Kasebut gunung kang nesu
    Uga metune geni pati
    Kang bakal mangan kalebu pangane
    Manungsa bakal tinampa
    Kasebut segara asat
    Kang duweni arti kalebu segara kang urip
    Bakal metu saka panggone
    Mangan kang dadi pangane

    Manungsa bakal tinampa
    Kasebut pagebluk
    Kang duweni arti penyakit
    Kasebut penyakit amarga ora ana tambane
    Manungsa bakal gari seprapat
    Kabeh kalebu kodrat lan ginaris suci Ingsun sejati
    Sejatine Ingsun Ingsun sejati

Leave a comment