alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 11-17


۩۩۩ Pupuh 11 ۩۩۩
GAMBUH

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Lamunsur lungguhipun, langkung ajrih kalihira dekung, mring kang prapta, dene ta kalangkung sidik, saderengipun tinutur, sasedyanira wus weroh.

  2. Dadya lon dennya matur, lan ta sinten paduka pukulun, dennira wruh sangkan kawula duk alit, eyang miwah rama ibu, dereng winarah wus weroh.

  3. Miwah sasedya ulun, saosiking manah sampun we-[74]ruh, ingkang sarta dahat asih mring kaswasih, mring kawula asung tuduh, kang tinanya saurnya lon.

  4. Heh kulup wruhanamu, sun putra Adam ya ariningsun, let sasanga lan ramanira Sayid Sis, Latawal Ngujwa raningsun, marmane murtat wak ingong.

  5. Marang eyangira, dennyarsa liniru jodho ingsun, dadya lunga sako Kusni Malebari, katula-tula kalahut, aneng ing Kusna tapandon.

  6. katrima tapaningsun, dening Hyang Suksma sinungan weruh, ing sadurung winarah lan awak mami, wus kinarya badan alus, myang ing guna sekti ingong.

  7. linuwihken ingsun, lan sagunging bangsa lalembut, wis kariya ingsun kulup pamit mulih, nutugna karepireku, kang tuwa nuta kali lor.

  8. Ingkang nom kali kidul, wusnya telas ing wawelingipun, nulya musna Latawal Ngujwa tan keksi, ingkang kantun langkung ngungun, Sayid Anwas lingira lon.

  9. Yayi paran sireku, pituture wong kang musna mau, apa tinut apa ora tinut yayi, dene kinen misah laku, sira ngidul ingsun ngalor.

  10. Kang rayi sauripun, lamun sira kakangtari mring-[75]sun, becik tinut apa sapakonireki, de wus nyata sidikipun, sadurung winarah weroh.

  11. Kapindhone angaku, Latawal Ngujwa yen saenipun, let sasanga lawan jeng rama Sayid Sis, mokal yen amriha dudu, mring sira miwah maring ngong.

  12. Lan maninge nut ingsun, kinen misah laku lan sireku, salah siji kakang pasthi antuk kardi, luputa ingkang mangidul, benera ingkang saking lor.

  13. Lamun kang ngalor luput, dudu kali kang saking swargagung, yekti ingsung kang mangidul antuk kardi, bisa prapta ing swargagung, aja kongsi tiwas karo.

  14. Sokur lamun satuhu, wuwuse Latawal Ngujwa mau, kali loro ing babar bengawan Nil, sirahe saking swarga gung, dadi antuk karya karo.

  15. Kang raka mesem muwus, iya bener pikirira iku, salah siji kang prapti antuka kardi, bisa anggambar swarga gung, nanging yayi jangji ningong.

  16. Sapa ingkang rumuhun, milih teka swarga haywa banjur, mandheg aneng tempuran kene ngenteni, becik rerenteng ruruntung, sawusira jangji karo.

  17. Sareng ing angkatipun, sesawangan angalor myang [76] ngidul, Sayid Anwas ngalor nurut bangawan Nil, Sayid Anwar kang mangidul, nut kali babar tan menggok.

  18. Lumampah siyang dalu, samya sruning karsa kalihipun, maksih manut tikang-tikung kang kali, pan sami pakewuhipun, pipinggire kali loro.

  19. Pepereng jurang trejung, tanpa gisik parang suri parung, sela miring tumawing landhep anggawing, gagampeng mayung tumiyung, ereng-ereng jurang sigrong.

  20. Geger gurda gungagung, grenging eri-eri anggreng-guyung, pinggir-pinggir geger pager anggaligir, inginggil sumingeb, ingandap bubdet bebondot.

  21. Tan wus lamun winuwus , pringganing marga liwih ingkang wus, liya saking raden wayah Adam kalih, wus prasasat badan alus, tan bisa ngambah ing kono.

  22. Kang bisa ngambah amung, sagung bangsa siluman lalembut, ejim setan parayangan lawan peri, kuneng ta datan winuwus, kang nurut kali mangalor.

  23. Raden wayah kang sepuh, kang winarna amung kang mangidul, kang anurut bangawan babar manginggil, anut ingkang tikang-tikung, ing kali tang arsa menggok.

  24. Yen ambenera laku, miwah nyimpangana ing pakewuh, [77] datan kewran Sayaid Anwar wus sinekti, timur mila bisa mabur, kang maksih kesthi ing batos.

  25. Kang eyang welingipun, kinen nurut kali Nil mandhuwur, marma maksih nut tikang-tikunging kali, kalunta sangsaya nglangut, wus lepas lampahira jog.

  26. Rawa geng kendel mangu, dene kali samodra anakan mawalun, toyaning kang rawa wening anglangkungi, Sayid Anwar dangu-dangu, mawas mangidul was paos.

  27. Kidul rawa kadulu, wonten kali mili saking kidul, anjog ngrawa muncar toyanipun wening, Sayid Anwar mesat gupuh, sakiduling rawa rawoh.

  28. Lajeng nurut mandhuwur, datan kendel lampah siyang dalu, maksih manut tikang-tikunge kang kali, marginya sangsaya ewuh, pakewuhe muwoh-muwoh.

  29. Lawan ingkang wus wau, miwah lamine ing lampahipun, denira nut tikung-tikunge kang kali, lan kala panurutipun, bengawan kang wus kalakon.

  30. Pan sami laminipun, lampahira samana prapta wus, rawa jas lan lepenipun judheg malih, saking rawa ilenipun, wiyaring rawa tan katon.

  31. Wekasane kang kidul, pinggir kulon wetan tan kadu-[78]lu, luwar saking rawa jamiri-jahiri, rawa jas lan wiyaripun, rawa lun lir samodra rob.

  32. Sayid Anwar tyas mangu, dangu ngadeg tepining rawa gung, mangu-mangu nunguneng tyasnya pan dening, wus nora nana tinurut, ngeningaken tingalnya katon.

  33. Sakiduling rawa gung, wonten malih kali saking kidul, jog ing rawa jas lan toya kras tan sipi, Sayid Anwar mesat gupuh, sakedhap niyub wus anjog.

  34. Sakiduling rawa gung, Sayid Anwar langkung denya ngungun, tumingal ing kali toyanipun wening, iline pan wus kalangkung, anglir pendah wedang umob.

  35. Sayid Anwar gya laju, toya panas tinurut mandhuwur, iya maksih tikang-tikunging kali, wit ning ta pakewuhipun, ing marga wuwoh mawuwoh.

  36. Saking kali ingkang wus, ingkang peteng sumingeb asingub, ingkang padhang ngenthang-enthang parang curi, siluk-siluk sungil lunyu, embes-embes embel jeblog.

  37. Yen tan sarta lan wahyu, nora bisa ngambah marga iku, pan meh prapta tanah sajabaning langit, sajatining kono iku, wus tan kena kambah ing wong.

  38. Wauta lampahipun, Sayid Anwar sangsaya angla-[79]ngut,  pan meh dungkap prapta sajabaning langit, kendel lampahira dulu, kidul lamat-lamat katon.

  39. Parbata geng kalangkung, meh ngayuh wiyati luhuripun, tanpa jurang beluju lurus kang wukir, saking doh gilap dinulu, gunung sela waja wutoh.

  40. Wukir drasah ranipun, tutuping neraka jahnam iku, pucak wukir mrengangah tinon ngajrihi, saking doh katingal murub, kadi bagaskara duk miyos.

  41. Wukir Drasah ya gunung, wukir dasar marma nama iku, dene suku nrus dhasaring kang bumi, sapangisor sapandhuwur, panas tan kena ginepok.

  42. Medal karingetipun, dadya kali babar sirahipun, sapangandhap toyanya panas tan sipi, marine ing panasipun, yen wus anjog rawa loro.

  43. Ya rawa jas lan wau, jamiri jahiri kalihipun, Sayid Anwar langkung ngerame ningali, tebihe kalawan gunung, kantun sadina lelakon.

  44. Prandene panasipun, wus karasa ing sariranipun, Sayid Anwar pratignya sajroning galih, ing lampah lamun tan antuk, saking parmaning Hyang Manon.

  45. Bisa prapteng swarga gung, sarta lawan ing panggambaripun, lawan malih yen tan bisa tawa saking, panas sumuking kang gunung, suka yen matiya gosong.

  46. Wusnya pratigyeng kalbu, sigra lajeng wau lam-[80]pahipun, saya perak sangsaya panas tan sipi, pineksa tyasnya nempuh, ing panas kadya den obong.

  47. Neng sangandhaping gunung, jungkel ing siti panon sumaput, yayah kadya antaka risang Ibnu Sis, tur iku kala rumuhun, neng Kusniya wus kinaot.

  48. Ing guna sektinipun, wus bisa manjinging geni murub, paran dene ing mangke datan kuwawi, kasumukan panasipun, ing naraka kantakeng gon.

  49. Tuhu yen tikel satus, lan geni dunya ing panasipun, Sayid Anwar sawusnya samdya sasi, denira satengahkantu, panase wus tan karaos.

  50. Mring sarira arep sampun, wungu dennira satengah kantu, nanging netra pan dereng saged ningali, dahana pucaking gunung, pucunging netra lir coplok.

۩۩۩ Pupuh 12 ۩۩۩
P U C U N G

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sayid Anwar tumungkul lajengmanekung, ngeningaken cipta, nanedha marang Hyang Widdhi, bisanira tawa panasing dahana.

  2. Lan bisane lajeng minggah ing swarga gung, kuneng ingkang lagya, manekung nanadhong Widdhi, kawuwusa kang aneng pucaking arga.

  3. Sang Ijajil nasar sasare linantur, denireng Hyang Suksma, kayangan pucaking wukir, pan anyipta kadhaton jroning dahana.

  4. Pan kinentha-kentha kanthaning swarga gung, ki-[81]nembar sadaya, kang kinarya widadari, putraning jin setan peri parayangan.

  5. Dene ingkang kinarya malekatipun, jin setan sadaya, pinilih kang guna sekti, mukarabe belis kang wignya gogodha.

  6. Sang Ijajil tumingal ing wayahipun, Sayiddina Anwar manekung nedheng Hyang Widdhi, bisanira ningali pucaking arga.

  7. Lan bisane lajeng minggah sawarga gung, langkung sukanira, nanging karsanya Ijajil, tan sajarwa mung nedya ngaku Hyang Suksma.

  8. Sila tumpang lunggweng palongka jumerud, rupa kaki tuwa, jenggote panjang wus putih, cahyanira gumilang kadya sasongka.

  9. Nguwuh-uwuh saking sapucaking gunung, cumengkling swaranya, kadya tumempel ing kuping, heh ta Sayid Anwar putu Adam sira.

  10. Sutaning Sis kang Anom ibunireku, hapsari sawarga, Dewi Mulat paring nami, heh wruhanta iyeng sun Pangeranira.

  11. Ingkang Murbeng buwana Hyang Maha luhur, Hyang kang Maha Mulya, kang satuhu Maha Suci, kang dadekken ing bumi langit kasapta.

  12. Saisine kang nora samar ing dulu, obah osiking rat, asung bongga ing sakalir, sangkan alit genira kapati tapa.

  13. Prapteng mangke tyasira durung montra wus, tan [82] lyan sira cipta, mung amrih guna kasektin, ngungkulana ing sakadang warganira.

  14. Nadyan ejim setan sagunging lalembut, haywa na memadha, ing guna sekti nireki, malah-malah sira anduweni cipta.

  15. Haywa kongsi keneng lara miwah lampus, kapengin kang padha, sun karya badan rokhani, prapteng jaman akir langgeng uripira.

  16. Dene lakunira iyapan tinuduh, marang eyangira barenglan kakangireki, kinen gambar kagungan ingsun sawarga.

  17. Den kacithak kabeh ingsarakitipun, pantes mangkenea, ujarta Adam ing uni, karya ingsun wakil ngratoni sawarga.

  18. Kaya heneng marang langening swarga gung, marma kinengambar, wekase eyengireki, dedalane munggah maring ing sawarga.

  19. Kinen nurut kali papat sirahipun, padha teka swarga, endi ta kang sira pilih, bengawan Nil purakje kon kali dlajah.

  20. Silih milih kang den ucapken rumuhun, kali nil kang perak, lakunira kandheg sami, neng tempuran bengawan kewran ing tyas.

  21. Kang tinurut dene loro sirahipun, siji saking kanan, kang sawiji saking kering, nuli ana kang prapta jleg tanpa sangkan.

  22. Anak Adam sajodho ingkang sun pundhut, ran Lata-[83]wal  Ngujwa, sun karya werana mami, iku ingkang asung tuduh marang sira.

  23. Kakangira si Anwas kang kinen nurut, kali ingkang kanan, sira nurut kali kering, nanging bener kakangira ingkang kanan.

  24. Bengawan Nil kang sirah teka swarga gung, sirah kali babar, kang teka ing kene iki, banyu metu teka karingeting ngarga.

  25. Gunung dhasar iki watu waja wutuh, apanta sun karya, tutupe kang nerakagni, marma mili banyu panas anglir wedang.

  26. Luwih banget kasasare inglakumu, nora kira-kira, wong nedya marang swargai, wekasane jebul marang ing neraka.

  27. Sayid Anwar wau kalane angrungu, wuwuse kang mindha, cemengkling parek dumeling, kadi-kadi tumempel talinganira.

  28. Langkung saking sungkawanira ing kalbu, dening sawuwusnya, ingkang angaku Hyang Widdhi, langkung sidik Sayid Anwar wus angrasa.

  29. Den sasarken mring kang tuduh lakunipun, nanging dereng obah, saking denira semedi, matur namung osiking diya kewala.

  30. Yen tan wonten sihing Hyang kang Maha Luhur, saged prapteng swarga, antuk sawelinging kaki, suka lebur pinangana pi neraka.

  31. Kang mindha Hyang Suksma wruh sungkawanipun, Sayid Anwar sarta, pratignya ing dalem batin, suka lebur yun tan bisa prapteng swarga.

  32. Ingkang mindha wor suka ing wuwusipun, lah wis [84] babo aja kuwatir ing tyasireki, dumeh banget kasasare lakunira.

  33. Luwih adoh ingnraka sireku, yen Latawal Ngujwa, nasarken amrih tan yukti, kinen nurut kali babar jog naraka.

  34. Pan kinarya nyepuhi tapanireku, saking wus tan samar, yen bakal ingsun turuni, iya saking bangete panuwunira.

  35. Jro semedi nora menging ing pandulu, temen mantepira, nglakoni pakone kaki, apan ingsun satuhu kang sipat rahman.

  36. Nyembadani sabarang panuwunipun, sagung titah ingwang, kang mantep tetep tyas neki, ingkang temen-temen tingale marang wong.

  37. Lah age sira tumenga ing luhur, mulata sawarga, sarta lan wawenang mami, Sayid Anwar tumenga non pucak arga.

  38. Ngungun dening dahana wau kadulu, kutha nawa retna, murup prabanya nelahi, yayah kadya amadhangi sabuwana.

  39. Ting Pancurat ting pancorong ting palancur, abra ting galebyar, ting parelok ting parelik, kang pinindha rakiting swarga sadaya.

  40. pan pinetha ing sakontha-kanthanipun, panthaning [85] pethetan myang warnaning sarwa sari, sarwa retna sosetya diadi samya.

  41. Wus Kapindha sawarganira Hyang Agung, ing swarga pepindhan tan ana kang kurang siji, sektinira sang Ijajil iblis lanat.

  42. Luwih saking malekat sadayanipun, saciptanya dadya, panglanturira Hyang Widdhi, pan ginadhang dadya dhasaring naraka.

  43. Ingkang mindha lunggweng palongka jumerut, jibeg kang hangayap, pinindhanira hapsari, putri jin peri miwah perayangan.

  44. Sayid Anwar wusnya anon nulya sujud, sumungkem bantala, ciptaning batin wus pasthi, yen satuhu Sang Hyang kang murbeng bawana.

  45. Ingkang mindha sukeng tyas ngandika rum, iya sun tarima, sujudira maring mami, heh ta Sayid Anwar ingsun pundhut sira.

  46. Silatawal Ngujwa inguni sun pundhut, ngong karya werana, dene ta mengko sireki, ingsun pundhut darah ingsun karya wayah.

  47. Iya saking sukane tyas ingsun dulu, ing tumomonira, maring sun madhep sayekti, sun paringi gambaraning naraka pisan.

  48. Apan iku wus dadya kembaranipun, swarga lan ne-[86]raka,  lamun takon yangireki, ya matura yen paring ingsun Hyang Suksma.

  49. Lawan sira wus sun karya badan alus, tan keneng antaka, badan rokhani kadya jim, prapteng jaman akir langgeng uripira.

  50. Miwah guna sekti prawiranireki, iyawus karya, luwih saking sektining jim, lan maninge maksih sun gantungi sira.

  51. Kanugrahaningsung ingkang luwih agung, marmane tutugna, genira mati geni, yen wis tutug ing Malebari  Kusniya.

  52. Haywa suka andon neng praja sireku, tumuli jaluka idin mring eyangireki, genira mring nutugake mati raga.

  53. Jajah alas jurang guwa gunung-gunung, ingkang durung kambah, jurang pereng kali-kali, delajahen aywana kang kaliwatan.

  54. Yen wus tutug enggonnya andon anglangut, jajah ing wanarga, mayeng ngubengi pasisir, sarupane tapa kabeh lakonana.

  55. Luwihena lan tapanira ingkang wus, lan jaluka prenah, genira amati ragi, satuduhe eyangira Nabi Adam.

  56. Lakonana aja sumelang ing kalbu, karana yangira, Adam wus sun karya sidik, nora samar marang ing sakarepira.

  57. Ingkang durung kalakon kabeh wus weruh, nanging [87] yen nglahirna, kang durung wektune wedi, eyangira luwih wingiting sarkara.

۩۩۩ Pupuh 13 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sapakone besuk mring sireki, apan wus sah saking karsaningwang, marma lakonana bae, deneta lakunipun, kakangira kang nurut Nil, wus lilani prapta, iya mring swargagung, miwah ing panggambarira, nanging gambar naraka tansun paringi, namung sira kewala.

  2. Pan sun karya timbangan sireki, kakangira Sayid Anwas kang nganan, sira marang pangiwane, pan canggahira besuk, iya ingkang ingsun lilani, anglahiraken kodrat, lah wis den gupuh, munggaha mring swarganing wang, sun lilani pareka parek lan mami, iya anampanana.

  3. Gambar swarga lan naraka iki, lan maninge sun paringi sira, iya kanugrahan maneh, ngelmu kang luwih punjul, saking kabeh ya titah mami, kakangirasi Anwas, lakunirawus mudhun, iya teka ing swarga, nanging praptaning tempuran bengawan Nil, yekti yen dhisik sira.

  4. Sayid Anwar miyarsa nulya glis, medal manjing sawarga pipindhan, tumundhuk munggeng ngarsane, ingkang mindha Hyang Agung, sarwi sujud denira nampani, ing gambar kalihira, kalawan winuruk, rajsaning ngelmu pangiwa, nora nana wujuding Allah sayekti, namung piyambakira.

  5. Miwah panjing surupe ing pati, laku ingkang nya-[88]kra  panggilingan, panuksman panitisane, Sayid Anwar wus putus, myang bisane amalih warni, sakutu walang taga, lan kasaktenipun, Sayid Anwar wus winulang, kang pamungkas kang luwih saking saktining, ejim setan sadaya.

  6. Sawusira palesta wulanging, kang amindha Hyang Suksma gya musna, sarta lawan sawargane, Sayid Anwar sru ngungun, saya mantep ciptaning batin, maring kang mindha wus nyata, satuhu Hyang Agung, Sayid Anwar gya umesat, pan sakedhap kewala lampahnya prapti, tempuraning bengawan.

  7. Ingkang raka estu dereng prapti, sigra matek limunan pamungkas, nganti kang raka praptane, wau ta kang winuwus, ingkang nganan lampahireki, wus antuk parmaning Hyang, prapa ing swarga gung, Jabarail kang ambekta, mring swarga miwah panggambarireki, marmanya glis sampurna.

  8. Rinewangan malekat Jabarail, wusnya sampurna penggambarira, saking swarga glis udhune, wus prapta kampahipun, ing tempuran bengawan Nil, kang rayi tan katingal, kendel lampahipun, angantosi karsanira, mring kang rayi anulya sinapa glis, lah ta kakang bageya.

  9. Sayid Anwas kagyat duk miyarsi, swaraning kang [89] rayi tan katingal, nulya ngaton neng ngarsane, kang rayi gya rinangkul, lah ta yayi oleh kasekten, bisa nora katingal, sapa kang amuruk, kang rayi lon saur ira, kang amulang pan iya Hyang Maha Suci, lah sira kang anganon.

  10. Kaya paran ing lakunireki, apa bisa prapta ing sawarga, kang raka saure, iya yayi pan antuk, pangestune jeng eyang Nabi, saking parmaning Suksma, warnaning swarga gung, wus ingsun gambar sadaya, nora nana ingkang kaliwatan siji, wawangunaning sawarga.

  11. Ingkang rayi mesem tatanya ris, sira lan Hyang kang murbeng buwana, apa ta katemu dhewe kang raka sauripun, mung katemu lan Jabarail, dinuta ing Hyang Suksma, maringi pitulungan, ngrewangi gambar sawarga, lah ta sira yayi kang lumaku ngering, kaya pawartanira.

  12. Ingkang rayi alon anauri, lakuningsun kakang pan kasasar, kali ingkang ngiwa kiye, sirahe teka gunung, dhasar tutuping nerakagni, gunung dhasar kang waja, mrengangah kumutug, metu kringete, kang ngarga, dadya sirah bengawan mili kang warih, panas lir banyu wedang.

  13. Ingsun ora kuwasa nanggemi, kasumukan panasing neraka, kantaka neng ngenggon bae, kongsi samadya tengsu, nuli ana pitulung Widdhi, nedhaki maksih lenggah, jroning swarga gung, munggeng pucaking prabata, amaringi gambar swarga lan malih gambare kang naraka.

  14. Lan amisik ngelmi pratingkahing, panitisan pa-[90]nuksma kang sarta, saliring guna kasekten, mring ingsun iya dhawuh, lamun lakunira wus prapti, ing swarga mung linilan anggambar swarga gung, lan ingsun pinundhut wayah, Sayid Anwas miyarsa aturing ari, langkung pangungunira.

  15. Sayid Anwar mring raka lingnya ris, lah ta kakang payo nuli mangkat, sun gawe gegana bae, lan maksiya lumaku, dharat kaya angkate nguni, yekti lawas neng ngarga, yen sun gawe luhur, lan mengko wus winuwuhan, dibyaningsun sayekti yen gelis prapti Malebari Kusniya.

  16. Ingkang raka nut aturing ari, gya cinandhak binekta umesat, pan amung sakedhap bae, prapta ing lampahipun, nenggih nagri ing Malebari, marengi ingkang eyang, Nabi Adam nuju, animbali para putra, para wayah andher ngarsanira sami, tan dangu antaranya.

  17. Kagyat mulat praptanira kalih, lajeng tumameng byantareng eyang, sareng angraup padane, kang wayah gya rinangkul, sawusira kineng alinggih, munggeng ing ngarsa jajar, jeng Nabi lingnya rum, heh wayah ingsun bageyo, karo pisan iya ing praptanireki, kalih nuhun turira.

  18. Kaya ngapa ing laku nireki, ingsun duta gambar [91] ing sawarga, apa baya oleh gawe, wayah kalih turipun, yen lampahnya samya tuk kardi, gambaripun titiga, mring eyang wus katur, ananging dereng binuka, Nabi Adam mesem angandika aris, wayah ingsun kang tuwa.

  19. Sira ingkang sun takoni dhingin, umatura solah tingkahira, ing laku apa mulane, dennyantuk gambar telu, siralawan arinireki, Sayid Anwas tur sembah, eyang mila antuk, lan pun adhi gambar tiga, purwa saking ingkang nginggil bengawan Nil, kakalih sirahira.

  20. Dados kewran tyas kawula sami, yen nuruta ingkang saking kanan, manawi dede sirahe, ingkang saking swarga gung, yen nurutakang saking kering, manawi estu ingkang, saking kanan wau, sirahe kang saking swarga, nunten wonten tyang satunggal kang prapti, saking jleg tanpa sangkan.

  21. Pan angaken yen arinireki, putra tuwan jeng rama let sanga, Latawal Ngujwa namane, purwane tuwan tundhung, murtatipun kesah jalwestri, martapa wonten Kusna, punika pukulun, inggih ingkang asung tedah, yen kang kali saking kanan Nil, kang kering lepenbabar.

  22. Lepen babar lawan bengawan Nil, sirahipun sami [92] saking swarga, Latawal Ngujwa sanjange, kawula kinen nurut, kang saking ler bengawan Nil, pun adi nurut babar, lepen saking kidul, sasampunipun sung tedah, nunten musna Latawal Ngujwa tab keksi, amba mituhu samya.

  23. Ulun nganan pun adhi angering, estu lepen ingkang saking kanan, yen saking swarga sirahe, lampahnya kawula antuk, parmaning Hyang enggaling prapti, Jabrail kang ambekta, myang panggambar ulun, ing swarga gung inggih lawan, rinewangan dhateng malekat Jabarail, marma glis sampunira.

  24. antuk ulun saking ing swargi, inggih angsal parmaning Pangeran, enggal prapteng tempurane, pun adhi tan kadulu, ulun cipta yen dereng prapti, temahanipun nyapa, jawil saking pungkur, nunten ngatingal neng ngarsa, amba taken dennya saged tan kaeksi, wulanging Gusti Allah.

  25. Miwah denya angsal gambar kalih, inggih saking paringing Hyang Suksma, jeng Nabi mesem delinge, lah sira wayah ingsun, ingkang anom matura kaki, sasolah tingkahira, tetamu Hyang Agung, kang wayah umatur manembah, ing nalika panyimpangira ing nguni, saking lepen tempuran.

  26. Amiwiti malah amekasi, kasasarira neng redi dha-[93]sar, nalika kasangsayane, sasolah tingkahipun, denya panggih lawan Hyang Widdhi, pamulang pawelingnya, sadaya wus katur, tan wonten kang kelangkungan, langkung ngungun sadaya ingkang miyarsi, ature Sayid anwar.

  27. Dennya ngaken panggih Hyang Widdhi, langkung saking gaibing pratingkah, wulang miwah wawelinge, myang kasangsayanipun, kantakane samdaya sasi, pinundhut mulyanira, wayah mring Hyang Agung, mung jeng Nabi kang tan samar, yen Ijajil kang ngaku Hyang Maha Suci, nanging datan winedhar.

  28. Nabi Adam ngawe praputra glis, miwah sagung ingkang para wayah, nangebdha Sis pangiride, kang wayah Sayid Anwas, para putra gupuh, majeng tuwin para wayah, kapang tepung munggeng ngarsanya jeng Nabi, gambar nulya binuka.

  29. Samya eram sadaya ningali, putra wayah lam-lamen ing driya, non gambar swarga asrine, luhur pisan kadulu, mawa cahya murub nelahi, dhindhing jalal katingal, gumawang ngunguwung, wonten tulis jroning cahya lapal muni  Laila Hailallahi, Muhammad Rasulullah.

  30. Nulya sujud wau kangjeng Nabi, saputra wayahira [94] sadaya, nebut ing lapal kaliye Laila Illahu Muhammadarasulullahi, wus tangi sadaya, saking sujudipun, jeng Nabi ngandikeng wayah, heh ta Anwas sun paringaken sira malih, gambar swarga lehira.

  31. Apan iki nugraheng Hyang Widdhi, lapal loro ingkang munggeng gambar, temen-temenira nglakoni, iya mring tuduh ingwang, tan mengeng ing kalbu, ing besuksira  turune, marang anak putunira ingkang kari, kinarya pusaka.

  32. Sayid Anwas sandika turneki, gambarira sampun tinampanan, jeng Nabi gantya ambeber, gambar swarga tukipun, Sayid Anwar kang den tingali, putra wayah sadaya, pra samya andulu, eram ngungun ing wardaya daya, dening warnaning gambar wus datan kalih, lan gambar saking Anwas.

  33. Namung kaot ing nginggil tan mawi, tulis lapal Allah lan Muhammad, mung tulis dhawuhe, tan mawi cahyya suwung, gantya ingkang dipun tingali, gambare kang naraka, ngajrihi dinulu, para putra para wayah, mulat gambaring neraka keter sami, jeng Nabi anandika.

  34. Heh tan Anwar olehira iki, gambar swarga lan gambar neraka, sun paringaken sira maneh, pusakakna ing besuk, marang anak putunereki, yeku nugrahanira, paringe Hyang Agung, kang ngambil ing putu sira, lakonana apa sapakonireki, aja sumelang driya.

  35. Lamun temen-temen tyasireki, marang Allah kang [95] nemoni sira, anglakoni satuduhe, tan mengeng ing pandulu, sayektine kabeh pinanggih, wuwuse Allahira, kang angambil putu, neng pucaking gunung dhasar, pituhunen satuduhe pan sayekti,pan wus karsaning Suksma.

  36. Deni sira kinen jaluk idi, lawan ingsun tuwin jaluk prenah, genira anutugake, maring tan panireku, iya kulup ingsun ngidini, dening ta prenah ingwang, tapaa sireku, gunung baod tanah sela, aneng pucaking gunung den banget mamrih, subrangta mati raga.

۩۩۩ Pupuh 14 ۩۩۩
ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Pan iku tilasan mami, duk dinukan ing Hyang Suksma, saking swarga den dhunake, mring dunya lan eyangira, Siti Kawa pinisah, tanah Siyem tibanipun, ingsun tinibaken ngarga.

  2. Pucaking gunung serandhil, satus tahun ingapura, ingsun kinumpulken maneh, iya lawan eyangira, aneng ing tanah Arab, sukuning tarwiyah gunung, banget panalangsaningwang.

  3. Begendha Sis duk miyarsi, pangandikane kang rama, [96] cinatet jroning galihe, wruh sasare ingkang putra, tumungkul sru sungkawa, jeng Nabi Adam anduku, bagendha sis sungkawanya.

  4. Pangandikanira aris, heh ta Esis putraningwang, sutanira lelakone, wus tinakdir ing Hyang Suksma, kawula yen nampika, ing titah pan duraka gung, malah malah ing tyasira.

  5. Den banget sokur Hyang Widdhi, lah ta iya pira-pira, sutanira sakarone, kinarsakken dening Suksma, dadi bebaku padha, pangiwa panengenipun, angapa yen sak sireka.

  6. Sutanta kang tuwa dadi, babakuning panengennya, bebakune pangiwane, ingkang anom sutanira, apa dudu nugraha, Karseng Hyang kang mangkoneku, kawula iki pan darma.

  7. Nglakoni karseng Hyang Widdhi, mangsa ta dadak bisawa, ngowahi Hyang Manon, bagendha Sis miyarsa, andikane kang rama, sukeng tyas anulya sujud, dedonga sokuring Suksma.

  8. Miwah ingkang putra kalih, sukeng tyas mituhu samya, mring kang eyang sadhawuhe, gambar kalih wus tinampa, marang Sayidin Anwar, sarwi matur lamun sampun, trang timbalanipun eyang.

  9. Linilan ulun pamit, ing lampah lajeng kewala, [97] mring wukir kaod samangke, kang eyang mesem ngandika, iya sokur tyasira, mengkono kencengireki, ingsun rewangi dedonga.

  10. Manedha Hyang Widdhi, muga-muga tinekana, ing saciptanira kabeh, gonira mrih mati raga, lah wis nuli mangkata, aywa tumulih ing pungkur, kadang miwah yayah rena.

  11. Sayid Anwar gya ngabekti, mring eyang miwah mring rama, sawusira mundur age, saking ngarsane kang eyang, mesat sakedhap prapta, sapucaking bapt gunung patilasan Nabi Adam.

  12. Lajeng dennya mati ragi, aneng sapucaking ngarga, kuneng malih winiraos, Nabi Adam cinarita, dennya ngratoni marang, sagunging sato wana gung, wus pinundhut ing Hyang Suksma.

  13. Mung tetep denya ngratoni, marang putra wayahira, pan sampun karya kadaton, neng Malebari Kusniya,  pra wayah kang wus samya, diwasa jinodhon sampun, dhaup nak sanak sadaya.

  14. Ingkang kathah tan winarna jodhone, dhaup lan putri paman, Sayidin Kayumarat, warnanira yu pinunjul, Siti Kayati namanya.

  15. Runtut dennya palakrami, tanan suwaleng karsa, Sang Dyah bekti mring kakunge, kakung asih maring garwa, cinatur wus puputra, jalu pekik warnanipun, sinung nama Sayid Kinan.

  16. Lahiripun amarengi, yuswanipun ingkang eyang, [98] ingetang tahun srengenge, tugang atus seket gangsal, tan lami antaranya, babar malih ingkang ibu, sinung nama Sayid Pinat.

  17. Tan alami wawrat malih, babar putrane wanodya, kalangkung endah warnane, wus tan kalih lan ibunya, anama Dewi Sekan, cahyane sumunar mancur, kadya baguning kartika.

  18. Yuswane panjang nglangkungi, kadya datan keneng tuwa, ing benjang sang Dyah kramane, dhaup prenah warengira, wus tinakdir Hyang Suksma, dadya ibunya Nabi Nuh, kagarwa Sayid Lamah.

  19. Yeku carita megati, winangsulan Sayid Kinan, cinatur cendhake bae, reroncene tan winarna, buru lampahing kandha, miwah pangetanging tahun, mung tahun surya kinarya.

  20. Tahun wulan tan winarni, cinatur Sayidin Kinan, wus kramantuk misanane, panengeean Siti Amah, putreng Sayid Tumarah, sayid tumarah puniku, putreng Sayid Katumarat.

  21. Siti Amah wus garbini, babar jalu putranira, Sayid Mahlail namane, wus tan kali lan kang rama, anuju babarira, tahun Adam kawan atus, salawe ing tahun surya.

  22. Diwasanipun akrami, dhaup lan Siti Matusah, pu-[99]trining Sayid Makyayel sutaning Ngeran, Ngeran ingkang susuta, Sayid Kanuh kang susunu, putra Dam Kabil kang murtat.

  23. Sayid Mahlail sisiwi, jalu pekik warnaira, Sayidin Majid namane, Sayid Baril paparabnya, jujuluk Sayid Barat, tegesipun Sultan Agung, Sayid majid lahirira.

  24. Tahun Adam amarengi, kawan atus sangang dasa, Sayid Barat diwasane, kramantuk misananira, Siti Asup namanya, warnanya yu pinunjul, Siti Asup kang susuta.

  25. Anama Sayid Mukalil, putraning bendha Pinad, Pinad iku arine, dening Sayidina Kinan, sami putraning Anwas, mangkana ingkang winuwus, Nabi Adam sawusira.

  26. Yuswa gangsal atus warsi, lan sawidak lakungira, jeng Nabi arsa seseleh, ing kukumah nubuah, tegesipun nubuah, seleh kanabeyanipun, kukumah karatonira.

  27. Putra kalih kang pinilih, gantyani karatonira, miwah ing kanabeyane, kang sinerenan kukumah, Sayidin Kayumarad, juluk Prabu Kayumutu, mengku nagari Kusniya.

  28. Ajeg tindaking nagari, jejeg sapraja sukarja, [100] tanna malangking kang pangreh, para kadang para putra, wayah buyut myang canggah, sadaya suka sumuyud, mring sang Prabu Kayumarad.

  29. Pangreh ing rad narcayani, pamengkuhira ing bala, ananging kadang wargane, berbudi tur bijaksana, legawa palamarta, ulahing wiweka putus, sembada prakosweng yuda.

  30. Dene kang gumantya Nabi maksih, Maha Raha Pinandhita, pindha-pindha pupundhen, mring anak putu sadaya, tinuwa-tuwagana, sinembah sinuhun-suhun, tinut ing satuduhira.

  31. Anggung nanedheng Hyang Widdhi, lestarinireng agama, putra wayah ing manute, mring putra kang sinerenan, kukumah lan nubuah, ya ta wau kang wus nenggih Sayidin Barad.

  32. Sasampunira akrami, dhaup lan misananira, Sri Mutalil ing putrine, nulya Sayidina Barad, karsanira eyang, myang rama sadayanipun, jinunjung umadeg nata.

  33. Jujuluk Sri Sultan Majid, mengku nagari Kusniya, Sultan Agung peparabe, sujud sakula gotrahnya, ingkang rama megawan, saking bumintara kasup, Sang Sri Prabu Barad.

  34. Punjul samaning para ji, karatone binathara, [101] kang garwa lajeng wawrate, prapteng mangsanira babar, jalu pekik warnanya, sinung nama Sayid Unuh, amawa cahya nugraha.

  35. Ajejuluk Nabi Idris, diwasanira akrama, Siti Ngarban paparabe, putrining Sayid Balingah, Balingah

  36. Ngamura putreng Pamuri, putreng Sesan Ibnu Adam, Nabi Idris sasampune, akrama nulya gumantya, karatone kang rama, Narapati Maha Wiku, jujulukireng karajan.

  37. Jeng Sultan Armasul Kakim, ingkang garwa lajeng wawrat, prapteng mangsaning wulane, babar jalu putranira, langkung pekik warnanya, cahyanya wenes sumunu, sinung nama Sayid Malkan.

  38. Kangjeng Nabi Adam maksih, duk lahire Sayid Malkan, pan meningi gerpak male, turun wolu tegesira, wusnya jangkep kang yuswa, sangang atus warsa langkung, suwidak prapteng sedanya.

  39. Para putra kumpul sami, wayah buyut miwah canggah, kang wus mencar yen eyang seda, mesat saking baod gunung, sakedhap prapteng Kusniya.

  40. Myang malekat Jabarail, prapta dinuteng Hyang [102] Suksma, bekta saupa renggane, ing layon sampunira, siniraman kinapan, sinareken guwa kunus, tanah Arabi ing Jedah.

  41. Prenah sakilening wukir, Abikubes let sawarsa kang garwa nusul sedase, babu Kawa layonira, sawusnya Siniraman, sinarekken daganipun, ingkang raka nabi Adam.

  42. Wauta ingkang winarni, Sayid Malkan diwasanya, dhaup prenah warenge, nenggih retna Dewi Sekan, arining Sultan Kinan, denira akrama runtut, tan ana suwalang karsa.

  43. Sih sinihan jalu estri, Nabi Idris duk samana, lagya sengsem ing galihe, lan Ngijrail pawong mitra, sampun saengga kadang, pananggung patemonipun, Nabi Idris cinarita.

  44. Kapencut uning swargadi, mring Ngijrail pamothahnya, tinurutan mring Hyang Manon, Nabi Idris wus binakta, minggah sawarga, mring Ngijrail sampun rawuh, Nabi Idris duk tumingal.

  45. Lelangen srining swargadi, langkung sengseming wardaya, supe marang nagarane, binekta wangsul lenggana, marang ing ngalam dunya, wus karasan neng swargagung, katur ing Hyang tinurutan.

  46. Panuwunnya Nabi Idris, tetep ngadhaton sawarga, [103] sarta kalawan wadhage, ingkang kantun neng nagara, wus lami antaranya, ingkang rama datan kondur, mangkana Sayidin Malkan.

  47. Apan wus gumantya aji, mengku nagari Kusniya, binathara karatone, gagah prakosa ngayuda, sumbaga memondraguna, peparabireng kaprabun, jeng Sultan Mutawasalka.

  48. Sujud sapraja samya jrih, sagotra kulawarganya, tanana malang ing pangreh, miwah kang ngamanca praja, kekes ajrih sadaya, wus supe ngagaminipun, jeng Sultan Mutawasalka.

  49. Keneng panuntuning Iblis, kalimputing kawibawan, lali maring Pangerane, saking gunge kang kagungan, puwa-puwambek harda, nutuge sabudinipun, Sri Nata Sultan Malkan.

۩۩۩ Pupuh 15 ۩۩۩
S I N O M

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Mangkana ingkang winarna, prameswarining Narpati, nenggih retna Dewi Sekan, semana sampun gerbini, prapta ngantareng sasi, babar jalu putranipun, langkung pekik warnanya, amawa cahya nelahi, nenggih cahya nubuwahing kanabeyan.

  2. Dumunung munggeng larapan, lir trenggana ngikis ratri, kesisan ing ima-manda, muncar-muncar anelahi, anama Sayid Sakib, apeparab jeng Nabi Nuh, tan lami antaranya, Dewi Sekan wawrat malih, babar jalu langkung pekik.

  3. Sinung nama Sayid Bulya, apaparab Nabi Kilir, pan [104] dadya rijallolah, gaib karsaning Hyang Widdhi, mangkana kang winarni, Nabi Nuh diwasanipun, apan sampun akrama, dhaup lan misananneki, putrinipun kang paman rajeng Malaka.

  4. Anama Siti Anikah, warnanira yu linuwih, dene sang rajeng Malaka, Sayid Salkan kang sisiwi Salkan arinereki, ingkang rama sanga Prabu Sultan Mutawasalka, sawusnya Nabi Nuh karami, Sultan Agung Malkan prapteng sedanira.

  5. Kalajeng kapir sadaya, karatone kang gumanti, Nabi Nuh Kalipattolah, Nabi angiras Narpati, mengku kalih prakawis, nubuwah kukumahipun, Nabi mengku sarengat, agama Adam ing nguni, sampun masuh mring Nabi Nuh agamanya.

  6. Tulus panjenenganira, denira ngrata agami, cinatur sampun peputra, lan Dewi Anikah nenggih nenem kathahineki, putranira ingkang jalu, pekik-pekik sadaya, putrestri datan winarni, pembajenge anama Sayid Kanangan.

  7. Sayid Sakin penenggaknya, ajejuluk Sultan Bahur, kang rayi nama Sayid Sam, anulya Sayidin Kawid, Sayid Kam ingkang rayi, Sayid Yapis kang waruju, putra nenem punika, kang tiga murtat agami, kang titiga anut agamaning rama.

  8. Kang murtad Sayid Kanangan, Sultan Bahwi lawan [105] Kawid, kang manut Sayid Sam, Sayid Kam lan Sayid Yapis, anak putu jeng Nabi, Adam Nalika puniku, kang somahan kewala, cinarita lagya dadi, kawan dasa ewu nenggih katahira.

  9. Ingkang rare miwah ingkang, lalegan datan winarni, kathahe walahu aklam, mung Allah kang ngudaneni, Nabi Nuh umat neki, nalikanira puniku, kathah kang sami murtat, manut ingkang putra katri, Sultan Bahwi Sayid Kawid lan Kanangan.

  10. Tan lama antaranira, nulya na dukaning Widdhi, kinelem ing toya topan, saisen-isening bumi, tumpes tapis mung kari, putra katri kang samya nut, lan sabat kawan dasa, kembaran gesangireki, binekta mring jeng Nabi minggah ing palwa.

  11. Dene kutu walang taga, mung bekta nyajodho sami, kutu kang gumeremet samya, tegesing taga kang sami, rumangkang lampah neki, walang kang bisa mabur, sapakanira samya, sadaya wus den panceni, miwah tedha sangu-sangu kinathahan.

  12. Utawi sawarnanira wiji-wiji den pepaki, sabak-[106]danira patopan, waluya sadaya sami, putra kang manut katri, myang para sakabatipun, lan kutu walang taga, tan ana kang kalong siji, sampun menstas sadaya saking ing palwa.

  13. Putra tri lajeng pinatah, pencara miliya sami, papan ing sasenengira, kang badhe den bebakali, tinaneman ing wiji, myang para sakabatipun, kawan dasa kembaran, sadaya wus dinum sami, putra tiga mendhet ngenem kekembaran.

  14. Kang kathah pinatah pisah, ngrong jodho miliya sami, siti ingkang binakalan tinaneman wiji-wiji, wus lumaksana sami, ana ngaler ana ngidul, ngulon miwah ngetan, jeng Nabi ingkang umiring, namung milih sabate kalih kembaran.

  15. Bebakali dhepokira, sinambi ananem wiji, sarta gung ennya dedonga, rahayune putra katri, kang mencaraken wiji, bubak siti karya dhukuh, miwah sakabatira, aywana sangsayaneki, lestariya ing saturun-turunira.

  16. Wau kang ngupaya papan, sawusira samya manggih, siti kang dados senengnya, pan lajeng den bebakali, wus dadya den tanemi, wiji-wiji samya thukul, miwah ingkang bebakal, sadaya samsa sisiwi, apan lajeng samya besan-binesanan.

  17. Lami-lami pang sangsaya, kathah wewahe kang jal-[107]mi, sangsaya wiyar tebanya, denira bebakal sami, wiji sangsaya dadi, kathah kang wus dadya dhukuh, ingkang wus gemah mencar, bebakal ananem wiji, lami-lami sangsaya kathah wewahnya.

  18. Miwah kutu walang taga, beranahan manak sami, lami-lami pun sangsaya, wuwuh mawuwuh kang jalmi, wiji sangsaya dadi, myang dhukuh sasngsaya wuwuh, wus kathah dadya desa, cinarita putra katri, minggal dadya desa geng langkung gemahnya.

  19. Lami-lami pan sangsaya, harja wus dadya nagari, namaning nagari kadya, namaning bebakali, Sayid Sam iya nagari, Ngesam nenggih naminipun, Sayid Yapis namanya, iya nagari ing Yapis, Sayid Kam iya nama nagari Kam.

  20. Miwah sakabat kang samya, bebakal sawise dadi, desa arane ya kadya, namane kang bebakali, miwah bebakalneki, duk putra Adam rumuhun, wayah buyut kang samya, babakal babad wanadri, ingkang sadaya dhukuh desa myang nagara.

  21. Namanipun iya kadya, namane kang bebakali, miwah kang samya martapa, putra wayah Adam nguni, neng jurang kali-kali, alam guwa gunung-gunung, tilasane keh kadya, namane kang mati ragi, miwah tanah kathah kang samya karanan.

  22. Namane ingkang tutruka, kuneng wau kang winarni, [108] putra tri kang wus samya, tulus madeg Narapati, harja nagrine sami, candhake bae cinatur, buru lampahing kandha, reroncene tan winarni, kang ginancar garwanira Sultan ing Sam.

  23. Siti Iskajis namanya, putrinipun Raja Malik, Raja Malik kang puputra, anenggih sang Rahja Sakir, Sakir ingkang sesiwi, Sayid Salkan putranipun, Nabi Idris punika, Sultan Sam lawan sang putri, putranira kang ajalu apan sangalas.

  24. Kang Sepuh Sayidin Ibkas, nuli Sri Irpak panenggih, anulya Sayidina Rab, ingkang rayi nama Sayid, Kustantusniya nenggih, ingkang rayi namanipun, Sayid Kustantusniyah, anama Sayidin Pirsi, nulya Sayid Parasi nulya rinira.

  25. Sayid Parasis anulya, Sayid Kuristam anuli, Kijistam anulya Aram, anulya Sayid Harmani, ingkang rayi nama Sayid, Liwad nulya arinipun, Sayid Ngajam, Sayid Kusistam anuli, Sayid Angad anulya Sayidin Nasar.

  26. Anulya Sayidin Barab, kang rayi Sayid Bahuri, songalas Sayid Sayam, ingkang gangsal welas nenggih, kinen mencarasami, abebakal karya dhukuh, sarta binektan bala, marmenggal dadosireki, ana ingkang dadya desa myang nagara.

  27. Ana kang jumeneng raja, ana kang dadya Bupati, [109] namaning nagri ya kadya, namane bebakali, ana kang mati ragi, karem dadya pandhita gung, ana dadya uliya, miwah putra kang kakalih, Sayid Yapis lan kang raka Sayidin Kam.

  28. Samya kathah putranira, sadaya wus mencar sami, babakal akarya desa, ya ta wau tanwinarni, putreng Sayid Kam nenggih, mung pinendhet bakunipun, putra ingkang panenggak, kang nedhahaken kangjeng Nabi Mukamaddinilmustapa niyakengrat.

  29.  Anenggih Sultan Irpaksad, garwanira nama Siti, Rikah langkung endahira, panggih naksanak sang putri, putreng Sayid Kam nenggih, putranira jeng Nabi Nuh, dene Sultan Irpaksad, titiga putranireki, ingkang sepuh Sayid Saleh namanira.

  30. Panenggake Sayid Kanan, Sayid Saruh kang wuragil, Sultan Saleh garwanira, nama Siti Kandakistin, yeku putrinireki, Sultan Tusniya rumuhun, putranira Sultan Sam, dene Sayid Sultan Salih, putra kalih kang sepuh ran Sayid Ngabar.

  31. Sayidin Saruh taruna, jeng Sultan Ngabar akrami, nama Retna Siti Barah, raja Bakar kang sisiwi, babar putreng Sayidin, Arwani ingkang susunu, nenggih Sultan Sayid Sam, jeng sultan Ngabar winarni putranira kang jalu sakawan.

  32. Sayid Kasim pambajengnya, panenggake Sayid Pa[-110]lih, panenggahe Sayid Kahtan, Nabi Hud ingkang wuragil, dene Sayidin Palih, ingkang dadya garwanipun, putrine Raja Salan, anama Siti Ngabari, Raja Salan putranira Sultan Kanan.

  33. Sayid Kanan kang puputra, Sultan Irpaksad ing nguni, putraning Sultan Sayid Sam, dene Sayid Sultan Palih, putranira kakalih, Sayidin Rangu kang sepuh, Sayid Sarid arinya, Sayid Rangu kang winarni, garwanira nama Dewi Siti Hudah.

  34. Nabi Hud ingkang puputra, Nabi Hud putranireki, nenggih Sayid Sultan Ngabar, Sayid Rangu asisiwa, Sayid Suruh gumanti, karatone eyangipun, Sayidin Sultan Ngabar, Sayidin Saruh akrami, Siti Ngidah putrining raja Ngadashar.

  35. Dene Sang Raja Ngadashar, Raja Sadad kang sisiwi, kang antuk benduning Allah, ayasa ngentha swargadi, Sadad ingkang sisiwi, Ngad Akbar ingkang susunu, Raja Ngus namanira, Raja Ngus puteng Armani, sang Armani putranira jeng Sultan Sam.

  36. Sultan Saruh kang winarna, putranya jalu kakalih, [111] Sayid Nakur pambajengnya, kang rayi ran Sayid Jajir, tinanem ing nagari, Jajirat kalidatipun, Sayid Nakur garwanya, Siti Mangikan nameki, pan arine dening Sang dipati Mekah.

  37. Nama Sayid Manguniyah, Sayid Bakar kang sisiwi, Bakar putrane Bubakar, Bubakar kang sisiwi, Sayid Ngabdullah nenggih, Ngabdullah ingkang susunu, Sang Raja Ngisyunjabar, Raja Ngisyunjabar nenggih, kang peputra nama Raja Ngamalika.

  38. Ngamalika kang puputra, Sayidina Liwad nguni, putraning Sayid Sultan Sam, Sultan Nukur kang winarni, putranira kakalih, Raja tarih ingkang sepuh, nulya Sultan ran Kobra, Raja Tarih kawon jurit, marang raja Namrut pan lajeng kabala.

  39. Kinarya patih misesa, angreh para narpati, sinung nama Patih Najar, Raja Namrud kang sisiwi, Raja Kaos raneki, Raja Kaos kang sesunu, nenggih Sayidina Kam, putreng Nabi Nuh inguni, dene Raja Patih Najar garwanira.

  40. Nama Dewi Siti Nonam, Raja Nuning kang sisiwi, Raja Nun putraning Yunan, Raja Yunan kang sisiwi, Raja Yungas nameki, Raja Yungas kang susunu, anama Raja Mangas, Raja Mangas kang sisiwi, nama Raja Masisah ingkang susuta.

  41. Raja Yunan kang pisan, putranira Sayid Yapis, Nabi Nuh ingkang puputra, Palih Najar kang winarni, tiga putranireki, Nakur Ashar kang ngasepuh, panengah nama Ashar, wuragil Nabi Ibrahim, garwanira jeng Nabi ran Dewi Sarah.

  42. Putinipun Sultan ing Sam, raja aran Kobra neng-[112]gih, Sultan Nakur kang peputra, ingkang nom garwa jeng Nabi, putrining Sultan Mesir, anenggih sang Raja Kumus, putri ran Siti Ajar, raja Kumus kang sisiwi, sang raja Bus putranira raja Jabar.

  43. Putrining Ngamalud raja, putraning Sang Raja Ngimlik, Raja Lawid kang puputra, Sayid Iram, kang sisiwi, Sayid Sultan Sam nenggih, putranira jeng nabi Nuh, cinatur Siti Ajar, patutan jalu satunggal, nama Nabi Ismangilladabikulah.

  44. Dene Retna Dewi Sarah, inggih patutan satunggil, jalu nama Nabi Iskak, sedaning garwa kekalih, putri Ngesam lan Mesir, tan lami antaranipun, jeng Nabi Brahim dennya, dhudha nulya krama malih, antuk Dewi Putur putri ing kanangan.

  45. Paparab Siti Katurah, raja Yaktam kang sisiwi, punika punggawanira, nenggih jeng Nabi Ibrahim, Siti Putur winarni, pan akathah putranipun, nenem kang mijil priya, sakawan ing pawestri, pambajenge anama Sayid Jimrana.

  46. Panenggak Sayid Yaksana, arinya ran Siti Manti, anulya Sayid Madana, nulya Sayid Madyan nenggih, parab Sayid Madaid, Siti Madinah rinipun, anuli Sayid Yasbak, Siti Sabikah kang rayi, Siti Sabkiyah wuragil Sayid Sawah.

  47. Wau njeng Nabi putranya, mung kalih kang winarni, [113] Nabi Ismangil kalawan, jeng Nabi Iskak kang rayi, Nabi Iskak sisiwi, tetiga putra kang sepuh, nama Siti Kabirah, apan dadya Nabi estri ingkang ingkang rayi Nabi Nges nulya rinira.

  48. Bagindha Yakup namaya, wau Nabi Nges winarni, neng nagri Adum puputra, ing Ngerum Sultan Rakwail,  Rakwail asisiwi, Sultan Jarak asusunu, Raja Unus puputra, nama Ayub dadya Nabi, yata way Bagendha Yakup putranya.

  49. Pan telulas kathahira, kang saking garwanireki, Sti Lahya putra gangsal, kang sepuh namanireki, Yahuda rinireki, Bagendha Rubil rinipun, Bagendha Buyamin, dene putra kang saking, Masnen iku tegesipun, selir kalih namanya, Siti Balha kang satunggal, satunggale selir nama Siti Julpa.

  50. Dene Masnen Siti Balha, titiga putranireki, Ba-[114]gendha  Yadun namanya, Bagendha Yasjar rineki, tiga Rutalun nenggih, dene Masnen Julpa wau, iya putra titiga, lan jeng Nabi Yakup nenggih, pan anama Namtali nulya rinira.

  51. Bagendha Dana anulya, Bagendha Asyar rineki, jangkep telulas putranya, putra kang sepuh einarni, Yahuda asisiwi, bagendha Paris ranipun, Paris wau peputra, nama Kisron asisiwi, pan anama Bagendha Ras apuputra.

  52. Pan anama Ngamidahab, Bagendha Nahsan putreki, Salimun nulya puputra, Bangaja puputra nuli, Ngubed putranireki, Bagendha Esa susunu, Nabi Dawud namanya, dene Nabi Dawud nenggih, kang ginancar putranya pan kalih dasa.

  53. Sayid Tamnun kang nguwata, panenggak ran Sayid Kalib, Abisalum arinira, Sayid Dudniya rineki, Sayid Samanga, Sayid Askum rinireki, Nabi Nasan nulya jeng Nabi Suleman.

  54. Arinya Sayid Yukapar, Sayid Alisamak nuli, Sayid Alidanga nulya, Sayid Alingalab nenggih, Sayid Namah, Sayid Yamyak rinireki, Sang Alisak Siti ramir manisira.

۩۩۩ Pupuh 16 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Wau bagendha Yakup putreki, Bagendha Lawe ing-[115]kang winarna, bagendha Pais putrane, sakawan putranipun, Sayid Ngimran kang sepuh nuli, Sayid Yas arinira, Sayid Jabil iku, wuragil Sayid Kabrawan dene Sayid Ngiman wau kang winarni, sakawan putranira.

  2. Ingkang sepuh Nabi Harun nenggih, nulya Siti Kaltum arinira, Siti Maryami arine, Nabi Musa puniku, kalamolahireng Hyang Widdhi, Nabi Harun winarna, nenggih putranipun, nama sayid Ahlingajar, putra Sayid punikas puputra nuli, Sayid Yasar puputra.

  3. Nabi Ilyas papa rabinireki, amangsuli wau kang winarna, jeng Nabi Yakup putrane, Sayid Asraim iku, apuputra Sayid nunenggih, puputra Nabi Yusak, kuneng kang winuwus, bagendha Pais putranya, kang panenggak Sayid Yashar putraneki, Sangkarun namanya.

  4. Kang winulang Nabi Musa, Karun dennya bisa karya emas, myang salaka sadayane, punika kang cinatur, amegati carita nenggih, mangsuli sejarahnya, wau kang winuwus, jeng Nabi Brahim putranya, ingkang sepuh nenggih jeng Nabi Ismangil, punika kang winarna.

  5. Nabi Ismangil garwanireki, Siti Rasmani ingkang [116] puputra, raja Malal peparabe, Malal ingkang susunu, raja Ngumru ingkang sisiwi, raja Jurham kang susuta, Sultan Jarah puniku putranireki, nenggih Sang raja Kahtan.

  6. Putranira Sultan Ngabar nenggih, Ngabar Sultan Salih kang puputra, Salih puniku putrane, Sultan Irpaksad iku, putranira Sultan Sam nenggih, Nabi Ismangil winarna, kathah patutipun, lan garwa putri Yurhama, nenggih Siti Rasmani putranireki, sadaya kawan welas.

  7. Pambajenge nama Sayid Sabid, panenggake ran Siti Makilas, Siti Basimas parabe, Sang kusuma kramantuk, jeng Nabi Nges putranireki, kang paman Nabi Iskak, ing sasedanipun, Sayid Sabid putranira, jalu estri sadaya anama Sarib, tegesipun Pangeran.

  8. Sarta sami kaparingan nagri, sowang-sowang den urutira, Siti Makilas arine, Nama Sarib Nibayus, nulya Sarib Kedar anuli, Sarib Adabil nulya Adbail rinipun, anama Sarib Sam nulya Sarib Masmak nulya Sarib Dum anuli Sarib Musa anulya.

  9. Sarib Kudan namane kang rayi, sarib Sima nulya [117] Sarib Tima, nulya Sarib Natur rine, anama Sarib Yatur, arinira ran Sarib Nipis, nulya Sarib Kidama, wau kang winuwus, nenggih sarib Menakkedur, garwanipun putrinira Sayid sami, nama Siti Supiyah.

  10. Sayid putreng Nabi Salih, nenggih Raja Ngabid kang susuta, Sang Raja Asap putrane, Raja Masah puniku, putranira Sang Raja Ngabid, Ngabid ingkang sapisan, nenggih kang susunu, Raja Katir putranira, Raja samud Raja Ngabar kang asisiwi, sayid Armani nama.

  11. Putreng Sayid Sultan Sam putraning, jeng Nabi Nuh wau kang winarna Sang Menak Kedar putrane, sarib Les namanipun, garwanira anama Siti, Ngariyah suteng Raja, Lutan namanipun, nabi Lut ingkang puputra, nenggih Raja Ashar wau kang sisiwi, Sang Raja Patih Najar.

  12. Sang Sarib Les wau kang winarni, sampun sepuh denira puputra, meh ngajengaken sedane, satunggal putranipun, Sarib Jamal ya Sarib Jamil, garwa ngran Siti Arah, putreng Nabi ayub, Sutan Humus kang putra, Sultan jarah Sayid Rum ingkang sisiwi, Nabi Nges kang puputra.

  13. Nabi Iskak putreng Nabi Brahim, wau Sarib Jamil, cinarita, kalangkung saking pekike, myang cahyanira mancur, lir trenggana hangikis ratri, timbang lan garwanira, langkung endahipun, kusuma Siti Ngarah, cahyanira ngasorken resmining sasi, pan wus dadya utama.

  14. Dewi Nasrah lan Sarib Jamil, sengga sura timbang [118] lan sasongka, Sayid Jamil lan garwane, nenggih sapengkeripun, nabi Yusup Sultan ing Mesir, isining rat tan ana, kabagusanipun kang nimbangi pekikira, sayid Jamil miwah sapengkerireki, Retna Siti Jaleka.

  15. Putra putri tan ana ngiribi, mring endahira Siti Naarah, ing cahya myang kukuwunge, mangkana kang winuwus, putranira sang Sayid Jamil, nama Sayidin Imyak, dene garwanipun, putranira Nabi Yusak, panengeran nenggih Siti Batusangi, dene jeng Nabi Yusak.

  16. Putreng Sayid Nun ingkang sisiwi, nabi Aprahim iku putranya, jeng Nabi Yusup putrane, nenggih jeng Nabi yakub, Sayid Imyak wau winarni, putranipun sakawan, nenggih kang ngasepuh, ajujuluk Sultan Kahtan, pan tinanem neng Ngarab dening kang rayi, anama Sayid Nakdam.

  17. Nulya Siti Arwa ingkang rayi, krama Sang Adadi sutanira, nenggih Sang Makuh namane, putra ingkang waruju, Sayid Adu peparabneki, nenggih Sayid Udawa, garwanya cinatur, anama Siti Kapriyah, kang puputra pangagenging Banisrail, Sang Kinan namanira.

  18. Ri Sangkinan putrane Sang Sakin, Sakin sutanira [119] risang Kubab, putraning jeng Nabi Sungeb, Nabi Sungeb puniku, Raja Sobah ingkang sisiwi, Raja Mikeli nama, Sasjar kang susunu, anenggih Sayidin Madyan, Sayid Madyan putraning Nabi Ibrahim, wau Sayid Udawa.

  19. Apuputra jalu mung sawiji, langkung pekik nama Sayid Ngudnan, Siti Yajrabah garwane, kalangkung endahipun, Sultan Kahtan ingkang sisiwi, nenggih Sayid Umisak, Misak kang susunu, Sayid Jamil kang wus kocap, pekiki[un nglangkungi resmining bumi, miwah wenes ing cahya.

  20. Sayid Ngudnan wau asisiwi, mung satunggal nama Sayid Mangad, ran Siti Ngidah garwane, Sang Dyah ing susunu, namanipun Ngudnan sabiti, Adadi kang susuta, nenggih risang Makuh, sang Nakur ingkang susuta, nama Tareh Sang Yakrab ingkang sisiwi, Saydi Yastaji lema.

  21. Sayid Sabid ingkang asisiwi, Nabi Ismangil wau Sayid Mangad, namung satunggal putrane, sayid Najar ranipun, ingkang dadya garwanireki, nama Siti Aliyah, apan aripun, Sang dyah Begendha Ilyas, nabi Ilyas Sultan Yasar kang sisiwi, Sultan Punikas nama.

  22. Sultan Pinikas ingkang sisiwi, Imanalingajar [120] kang puputra,  jeng Nabi Arun putrane, Ngalingimram ranipun, kang puputra begendha Pahis, Bagendha Lawe nama, putreng Nabi yakup, mangkana Sayidin Najar, apuputra Sayid malar kang darbeni, swara langkung saenya.

  23. Saderenge tumitah jeng Nabi, Dawud namung Sayidina Malar, kalangkung sae swarane, kang dadya garwanipun, pan anama Siti Ilyati, putraning Nabi Ilyas, Kalar kang susunu, kalar putraning Ajar, Ajar iku Sangkalad ingkang sisiwi, Kalad sutaning Ngadad.

  24. Ngadad Mungawad ingkang sisiwi, Sang Kinanah Pakuh kang susuta, Sayidin Jarah putrane, sayid Sabid, Sabid ingkang susuta, Nabi Ismangil iku, mangkana Sayidin Malar, apuputra satunggal kalangkung pekik, nama Sayidin Ilyas.

  25. Nenggih ingkang myarsa swara saking, jroning guwa garbane piyambak, yen badhe anurunaken, nama Siti Yusapak, putreng Nabi Yununs, jeng Nabi Yunus punika, kang puputra anama Raja Amari, putreng Raja Yumaras.

  26. Raja Yumaras ingkang sisiwi, Sri Yumaras putreng Raja Yunan, sang Raja Yunan putrane, Nabi Yusak kang sunu, Sang Sayid Nun putraning Nabi, Abrahim kang puputra, kangjeng Nabi Yusup, mangkana Sayidin Ilyas, putranira jalu kalih pekik-pekik, nama Sayid Madrikah. [121]

  27. Sayid Abtal namane kang rayi, Sayid Madrikah sampun akrama, Siti Salmas paparabe, putraning Raja Salu, miyat putreng Raja Jykari, putraning Raja Kabiya, Bagendha Lingajar nenggih kang sisiwi, nenggih jeng nabi Musa.

  28. Bagendha Lingin ran kang sisiwi, bagendha Pais ingkang puputra, anenggih Bagendha Lawe, putraning Nabi Yakup, Sayidin Madrikah winarni, kakalih putranira, Kajimah kang sepuh, kang anem Sayid Ngajamah, wau Sayid Kajimah sampun akrami, Siti Batul namanya.

  29. Sayid Abtal ingkang sisiwi, Sayid Ilyas putreng Sayid Malar, wuwusen wau putrane, Sayid Kajimah wau, ingkang sepuh putranireki, nama Sayid Kinanah, nulya arinipun, nama Sayidina Lamrah, Sayidina Kinanah sampun akrami, nama Siti Yusibah.

  30. Raja Ahriya ingkang sisiwi, Raja Yuram ingkang asusuta, Raja Yusapad namane, Yusapad kang susunu, Raja Asab putranireki, nenggih Raja Abiyam, yeku putranipun, dene Sultan Suruhbangan, yeku putranira jeng Suleman Nabi, Dawud ingkang puputra.

  31. Dawud putreng Esap pan putraning, risang Ubed [122] putraning Bangaja, Bangaja iku putrane, Salmun putraning Nuksud, Ngaminabad ingkang sisiwi, anama Sayidin Ram, nenggih kang susunu, Sayid Kisrawan namanya, kang puputra Bagendha Paris putraning, Sang Bagendha Yahuda.

  32. Nenggih Nabi Yakup kang sisiwi, ya ta wau Sang Sayid Kinanah, apan titiga putrane, Sayid Nalar kang sepuh, Sayid Kures paparabneki, Sayid Nuler arinya, Malik tiganipun, Sayid Malar garwanira, nama Siti Taptis warnanya yu luwih, putreng Sayid Adamah.

  33. Sang Umiyah nenggih kang sisiwi, risang Yasjar sutane Sang Mangad, Mangad puniku putrane, Sang Kanan suteng Adu sutanira Sang Adi, Adi ingkang susuta, Nukdadi ranipun, Nukdadi sutaneng Nukdam, Nukdam Sayid Amisak ingkang sisiwi, anama Sayid Nalar.

  34. Sayid Nalar putreng Sayid Malik, garwanira nama Siti Milkal, kalangkung endah warnane, Sayid Malik winarna, kalih putranipun, ingkang sepuh Sayid Pahar, Sayid Kahar nenggih namane kang rayi, Sayid Paku garwanya.

  35. Sati Ngasliyah namanireki, yeku Sayid Mahdus [123] kang puputra, Nahdus suteng Sayid Nuler, Sayid Pahar winuwus, apuputra Sayidin Galib, garwa Siti Kaijah, nenggih namanipun, Sang Kabir ingkang puputra, nama Sakip yeku sutane Sang Tapsir, Tapsir sutaning Kanan.

  36. Putreng Sayid Ngajimah ing nguni, Ngajimah putreng Sayid Madrikah, yata warnanen putrane, Sayidin Galib wau, Sayid Lawe namanireki, Siti Anis garwanya, warnanya pinunjul, putrining Sayidin Nalar.

  37. Kang jujuluk Sayid Kures nguni, Sayid Lawe wau kang winarna, apan kakalih putrane, Sayid Kabngah kang sepuh, ingkang anem Sayidin Ngamir, mangkana Sayid Kabngah, garwanya winuwus, anama Siti Ngaliyak, langkung endah kang puputra Sayid Ngulwi, Ngulwi sutaning Kalap.

  38. Kalap Sayid Kahar kang sisiwi, sayid Malik ingkang apuputra, anenggih bengendha Kures, sayidin Kabngah wau, putranira apan kakalih, kang sepuh Sayid Marah, nulya arinipun, Sayid Ngadi namanira, Sayid Marah kang dadya garwanireki, anama Siti Ngumrah.

  39. Putreng Sayid Ngamir kang sisiwi, sayid Lawe wau [124] Sayid Marah, apan titiga putrane, Sayid Kalap kang sepuh, ingkang rayi ran Sayid Tamin, Sayid Majum tiganya, wau kang winuwus, garwanira Sayid Kalap, langkung endah putraning Sang Sayid Ngadi, nama Siti Jarngiyah.

  40. Sayid Ngadi nenggih kang sisiwi, sayid Kangab wau kang winarna, Sayid Kalap putrane, titiga kathahipun, Sayid Kasa pambajeng neki, nulya Sayid Jukarah, dene kang waruju, anama Sayidin Jandab, Sayid Kasa garwanya Siti Sapari, sutaning Sayid Rustam.

  41. Sayid Rustam sutaning Sang Malik, putreng Sang Us sutaning Sang Kasan, Kasan puniku putrane, Sang Nalar kang susunu, Kahar sutanipun Sang Malik, putraning Nalar ingkang, Kures jujulukipun, mangkana Sayidin Kasa, putranipun kalih kang sepuh nameki, Sayidin Mugayarah.

  42. Ngabdul Manab paparabireki, Sayid Ngabdul Ngaji arinira, Sang Ngabdul Manab garwane, Siti Kolah ranipun, langkung endah ingkang sisiwi, nama Sayid Jakarah, yeku putranenipun, nenggih Sayidina Kalab, yata Sayid Ngabdul Manab kang winarni, putranipun sakawan.

  43. Pambajenge Sayid Ngumrulngali, Sayidina Asim [125] paparabnya, Ngabdulsamsu panenggake, nulya Sayid Nupalu, Sayid malab ingkang wuragil, sayid Isim garwanya, nenggih namanipun, retna Dewi Siti Jenah, langkung endah Sang Matlad ingkang sisiwi, Matlad putraning Isam.

  44. Isam ngumaru ingkang sisiwi, sayidina Ngamir kang susuta, anenggih Bgendha Lawe, Sayid Asim winuwusa apan nenem putranireki, pambajeng Sayid Asad, anulya rinipun, anama Sayidina Slah, nulya Abusumiya arinireki, nama Siti Umiyah.

  45. Arinipun ran Ngabdulmuntalib, pan jumeneng Adipati Mekah, sang Umiyar warujune, Siti Umiyah wau, krama antuk Tambijumiril, Sang Adipati Mekah, nenggih garwanipun, kang sepuh Siti Supiyah, putranipun Sayidin Jandap ping kalih, putreng Jandap kapisan.

  46. Sayid Jandap kang kapisan nenggih, putranipun Sayidina kalab, lan sang dipati patute, Siti Supiyah namung, satunggal ran Sayidin Karis, Siti Supiyah seda, nulya arinipun, anama Siti Sumbulah, pan kagarwa kinarang ngulu Sang Dewi tan lami antaranya.

  47. Sang dipati nulya krama malih, putraning Sang Sayid Ngimranashar, Siti Patimah parabe, Ngimrashar puniku, Sayid Mahjum ingkang sisiwi, anama Sayidmarah, anulya kramantuk, Siti Alih kang susuta, Ngabdulmanab nenggih ingkang asisiwi, nama Sayid Juharah.

  48. Sayid Kalabi ingkang sisiwi, nulya krama malih [126] Sang dipatya, Siti Labiyi namane, Sang Ayu kang susunu, cinarita Sang Adipati, Mekah sasedanira, garwannya kang sepuh, garwanya padmi, sekawan, garwa ingkang pagembe datan winarni, cinatur putranira.

  49. Sang dipati dalasan kang sami, seda timur apan tigangdasa, Sayid Karis pambajenge, pan saking patutipunm saking Siti Supiyah nenggih, nulya Sayidin Lirar, putra patutipun, lan garwa Siti Sumbulah, nulya ingkang rayi nama Sayid Jubir, saking Siti Patimah.

  50. Nulya Sayid Kasam iya Kasim, patutnya saking Siti Sumbulah, Sayidin Ngidak arine, pan saking patutipun, saking garwa sang Siti Alih, nulya Sang Siti Belah, Sang dyah patutipun, saking ing Siti Patimah, krama antuk ngumaru putraning Walid, nulya Siti Katinah.

  51. Seda Timur ptutanira saking, siti Sumbulah nulya rinira, Sayid Mukawas namane, paparab Sayid Makum, putra saking dyah Siti Alih, nulya Siti Hamimah, Sang dyah akramantuk, Kujasi putraning Asad, patuk saking Siti Patimah sang dewi, anulya Sayid Rekan.

  52. Seda Timur patutarira saking, Siti Sumbulah nulya [127] rinira, Sayid Mupalu namane, seda kalaning Timur, patut saking dyah Siti Alih, anulya Siti Barah, sang dyah krama antuk, Sultan Ngabdulngaji ingkang, putra sayid Nalah paturura saking, garwa Siti Patimah.

  53. Nulya sayid Ngujar Seda saking, Timur patutan Siti Sumbulah, Sayid Ngabdahu arine, seda duk maksih Timur, patut saking dyah Siti Alih, anulya Ngabdulkakbah, putra patutipun, saking ing Siti Patimah, arinipun wanodya pan dereng kongsi, pinaring nama Seda.

  54. Saking Siti Sumbulah anuli, Sayid Ngabdulsamsu patutira, saking ing garwa pangrembe, anulya arinipun, patut saking dyah Siti Alih, dereng nama sedanya, nulya arinipun, Siti Kurati namanya, Seda Timur saking ing garwa paminggir, anulya arinira.

  55. Sayid Ngabdulah patutnya saking, Siti Patimah nulya rinira, kakung pan lajeng sedane, dereng sinung jujuluk, saking Siti Sumbulah nenggih, anulya arinira, wanodya pinunjul, anama Siti Supiyah, patut saking Alih sang retnadi, kramantuk Sultan Ngarab.

  56. Arinira nama Abuntalib, patutnya saking Siti Patimah, Sayid Ngimran paparabe, anulya arinipun, Sayid Ngabas patutireki, saking Siti Sambulah, nulya arinipun, nama Sayidina Kambyah, patut saking Siti Patimah anuli, nenggih Sayid Bilahab.

  57. Patutnya saking Siti Labuji, nulya rinira wano-[128]dya pelag, Siti Ngatikah namane, sang retna krama antuk, sang Abilngas sutaning Rabik, nulya rinira priya, nenggih namanipun Sayid Kajilin patutnya, saking Siti Alih nulya rinireki, anama Siti Aewa.

  58. Saking Siti Patimah suhjari, ripun jalu lajeng sedanira, saking ing garwa pangrembe, tigang dasa puniku, putranira Sang Adipati, Mekah ingkang sadasa, seda maksih timur, ingkang gesang kalih dasa, nenem putra wanodya kakungireki, apanta kawan welas.

  59. Putra kalih dasa kang meningi, ing jeng Nabi niyakaning jagad, pan namung pitu kathahe, sekawan ingkang kakung, Bagendha Bas lan Bagendha Mir, Abintalib Bilahab, wanodya tetelu, siti Supiyah Ngatikah, Siti Arwa kang manut ing kangjeng Nabi, namung nagnthi titiga.

۩۩۩ Pupuh 17 ۩۩۩
KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Kang manut ing kangjeng Rasul, Abas lawan Bgendha Mir, Siti Supiyah Islamnya, sasampuning kanjeng Nabi, ijrah dhateng ing Madinah, yata wau kang winarni.

  2. Sayidin Ngabdullah wau, garwanira kang rumiyin, [129] anama Siti Saripah, ratu estri ing Kujaji, tan kongsi, peputra seda, anulya akrama malih.

  3. Siti Maryam namanipun, ing Sangim ran kang sisiwi, Kujangi putraning Kangab, Sang sangad ingkang sisiwi, Sayid sami putreng Marah, Siti Maryam dereng kongsi.

  4. Apuputra nulya lampus, Dyan Ngabdullah krama malih, anama Siti Ngantarah, Sang Pakihah kang sisiwi, Mungarayah kang susuta, Abdulah namireki.

  5. Sayid Akbar kang susunu, Sayid Mahjum kang sisiwi, Sayid Marah kang wus kocap, Siti Ngantarah tan kongsi, apuputra nulya seda, Ngabdulah akrama malih.

  6. Siti Rahim namanipun, Abiraham kang sisiwi, nama Sayidina Madlab, putreng Ngabdulmanab nenggih, Siti Rahim nulya seda, pan dereng ngantos sisiwi.

  7. Sawusnya krama ping catur, seda tan ngantos sisiwi, Ngabdulah misuwur panas, lami datan antuk krami, saben tanya rinaosan, sadaya pan sami nampik.

  8. Wus lami dennya tan antuk, krama saben estri nampik, Raden Ngabdulah sangsaya, kagagas merang ing galih, tan pamit ibu rama, ing dalu nis saking nagri.

  9. Nglang manjing ing wanagung, ing wuri kecalan [130] sami, sagung wadya bala Mekah, sinebar samya ngulati, miwah sagung para kadang, samya nelasah wanadri.

  10. Jurang guwa gunung-gunug, tuwin praja kanan keri, wus tita datan kapangya, wangsul kang samya ngulati, katur mring Dipati Mekah, langkung sungkawaning galih.

  11. Ingkang rama sampun mupus, yen wus karsaning Hyang Widdhi, tuwin sagung para kadang, kuneng wau kang winarni, anenggih Raden Ngabdulah, ingkang nis saking nagari.

  12. Nasak wana minggah gunung, lumebeng ing jurang terbis, tan etang pringganing marga, reragane den pepati, sampun pirang-pirang warsa, denira jajah wanadri.

  13. Dhasar yuswanya wus sepuh, kasembuh sru mati ragi, salamine aneng wana, yayah tanpa dhahar guling, sanget risaking sarira, cahya nubuah kang munggwing.

  14. Larapannya katon kasud, blerete kabekta saking, sanget risaking sarira,  katon sampun kaki-kaki, semana Raden Ngabdulah, sayah denira lumaris.

  15. Kendel sare neng wanagung, pan ing dalu antuk wangsit, heh Ngabdulah wruhanira, meh parek ajalireki, dene ge sira muliha, iya maring Mekah nagari.

  16. Dene ta lakunireki, wus katrima ing Hyang Widdhi, genira amati raga, andon anjajah wanadri, kongsi pirang-pirang warsa, tan tolih ing yayah bibi.

  17. Apan ing mengko sira wus, pinaringan jatu kra-[131]mi,  Raja putri Baninajar, ya baninahar nagari, arane Dewi Aminah, warnanira yu linuwih.

  18. Cahyane nuksmeng sitangsu, Sultan Wahab kang sisiwi. Sultan Sayid Ngabdulmanab, Ngabdulmanab kang sisiwi, iya Sang Sayid Jumarah, Sayid Kalab kang sisiwi.

  19. Nora lyan jodhonireku,namung Baninajar putri, Kusuma Dewi Aminah, ingkang kuwawa madhahi, ing cahya rasa kang mulya, iya ingkang anampani.

  20. Nubuah ingkang dumunung, aneng ing bathuk ireki, Nuringrat cahya Mukamad, marmane panas sireki, iya kongsi rabi ping pat, durung tutug nuli mati.

  21. Saking tan kuwawanipun, papat pisan amadhahi, marang rahsa mulyanira, namung Baninajar putri, Kusuma Dewi Aminah, yeku kang kelar nampani.

  22. Nubuah ingkang dumunung, munggeng ing bathukireki, wusing swara tan kapyarsa, Ngabdullah ngungun tan sipi, sukane ngemu sungkawa, dening ta ujaring wangsit.

  23. Meh prapta ing ngajalipun, sukaning tyasira dening, langkung sakethi nugraha, sinung dadya jalaraning, tumurunira Nuringrat, minangka bawanireki.

  24. Pareki ing ngangajalipun, wus pinupus tan pinikir, kalingan sukaning driya, ingkang kaesthi ing galih, namung putri Baninajar, Raden Ngabdullah nulya glis.

  25. Mijil saking ing wanagung, mantuk mring Mekah [132] nagari, neng marga datan winarna, lampahira sampun prapti, kathah wadya ketambuwan tan wruh yen gustinireki.

  26. Dennya sanget risakipun, panganggone cara pekir, Raden Ngabdullah wus prapta, ngarsaning Sang Adipati, gya tumunduk ngaras pada, kang rama sakedhap pangling.

  27. Dennya sanget risakipun, saengga meh kaki-kaki, wruhira lamun kang putra, cahya nurbuah kang mungwing, larapan maksih tan ewah, lir trenggana ngikis ratri.

  28. Sang Dipati langkung ngungun, kang putra rinangkul aglis, para ibu lan pra kadang, sadaya samya nangisi, wau ta Raden Ngabdulah, sawusnya sadaya aris.

  29. Mring kang rama nembah matur, ngaturken denyantuk wangsit, nalikanira neng wana, sadaya wus katur sami, ing purwa madya wasana, ujaring swara dumeling.

  30. Kang swara pamangsitipun, langkung suka sang Dipati, miyarsa aturing putra, sungkawanira sakedhik, dene winarah kang putra, meh parek ajalireki.

  31. Kuneng ta datan winuwus, kang suka nawung prihatin, geng alit sapraja Mekah, gantya wau kang winarni, nenggih nagri Baninajar, Ratu darah hing Ngibrahim.

  32. Raja Wahab namanipun, punika ingkang sisiwi, [133] nenggih Sayid Ngabdulmanab, putraning Juharah Sayid, putraning Sayid Kalab, Sultan Wahab kang winarni.

  33. Pan darbe putri pinunjul, diwasa dereng akrami, paparab Dewi Aminah, warnanira yu linuwih, kathah para raja-raja, kang nglamar samya tinampik.

  34. Denira Sang Retnaningrum, dahat karem ing ngagami, marma tebih maring priya, kang rama agung prihatin, dene putra wus diwasa, dahat dereng arsa krami.

  35. Jroning prihatin sang Prabu, pan ing dalu antuk wangsit, yen putra Mekah kang dadya, jodhoning putrinireki, kang nama Raden Ngabdullah, wus pinanthi ing Hyang Widdhi.

  36. Nedhakken Nabi panutup, Sultan Wahab sasampuning, antuk wangsit kang mangkana, sukeng tyas sigra nimbali, mring kang putra jinarwanan, ing dalu dennyantuk wangsit.

  37. Dhinawuhaken sadarum, Sang retnesmu sukeng galih, wantuning dyah wus diwasa, kareming ngagama Suci, myarsa andikaning rama, ing dalu dennyantuk wangsit.

  38. Cinetha sariranipun, yen pinasthi jatu krami, lan Ngabdulah putreng mekah, sinung wenang amadhahi, Nubuah tumurunira, jangjine apan wus pasthi.

  39. Wong kadya ibunipun, jeng Nabi ingkang sinelir, kinaramaken naraka, sinung mulya jroning pati, dadya nut karsaning rama, mituhu ujaring wangsit.

  40. Kang rama suka ingnya rum, yen sira wus anut [134] nini, ujaring wangsit maring wang, yekti sun atur pribadi, iya mring nagara Mekah, ki harya Ngabdulmuntalib.

  41. Apan maksih darahipun, pdha trah Nabi Ibrahim, nuli sira samektaa, sapawonganira nini, pira ta gonira gawa, parekan lan para cethi.

  42. Miwah brana jro kedhaton, peni-peni raja peni, sasukanira anggawa, sunarsa budhal tumuli, kang putra lan aturira, kawula rama tan mawi.

  43. Ambekta raja brana gung, pasaja mboten kakelir, lampah kawula mring Mekah, pan inggih nginggah-inggahi, inggih paduka srahna, badan sepata wak mami.

  44. Pocapan arus ing wuwus, ingkang kawula keliri, putrining wong Baninajar, mring Mekah ngunggah-unggahi, iya mring raden Ngabdulah, pantes age den tampani.

  45. Jer ngerobi brana agung, amrih kandeling ngakrami, pocapan kang sapunika, ingkang kawula singgahi, sae pasajan kewala, dene yen kedah tinampik.

  46. Atas karsaning Hyang Agung, kang suka suka miyarsi, iya nini bener sira, ing Mekah nagara suci, adadoh tyase marang donya, mung agama den sungkemi.

  47. Sang Prabu parentah sampun, marang rekyana apa-[135]tih, saos titihan jempana, lan prajurit kang jajari, ing lampahira tanarsa, bekta kaprabon Narpati.

  48. Sadaya ing wadya gung, satriya myang pra dipati, tinilar tengga negara, pan namung rekyana patih, kang umiring marang Mekah, wadya namung sawatawis.

  49. Jaba jro samekta sampun, sigra budhal Sri Bupati, saking nagri, baninajar, remben lampahireng margi, Sultan Wahab nitih untu, nunggil lan putra sang putri.

  50. mBanciya namung pipitu, ingkang binekta sang putri, namung sewu wadya ingkang sakapraboning ngajurit, garebeg titiyan untun, kyana patih munggeng wuri.

  51. Rumeksa sagung pipikul, rembatan sangu ing margi, lan bekakasing wanodya, pan mung bekta sawetawis, ponjon bersiyan bothekan, myang sang retna di.

  52. Kuneng ta datan winuwus, kang lagya lampah neng margi, wonten malih cinarita, nenggih ing Ngesam nagari, kadya sareng lampahira, nanging ta gantya winarni.

  53. Ing Sam Narendra pinunjul, tedhak jeng Nabi [136] Ibrahim, jujuluk Sultan Ngatabah, anenggih ingkang sisiwi, Sayid Sabingah namanya, Sayid Kabib kang sisiwi.

  54. Ngabdulsamsu putranipun, Sayid Ngabdulmanab nenggih, cinatur Sang Prabu ing Sam, adarbe putri linuwih, paparab Siti Patimah, diwasa dereng akrami.

  55. Kathah para Ratu-ratu, kang nglamar samya tinampik, dahat tebihireng krama, gung bekti maring Hyang Widdhi, ngluluri luluhurira, kasmaran ngagama Suci.

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
 

Wonten candhakipun………. Pupuh 18 – 24

3 Comments

  1. nyuwun ijen copas ki, nuwun sak derenge

  2. sip tenan, makasih boz

  3. yg dimaksud pangeran tu yg gmn…trus manungso jati bisa membeberkan apa?

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: