Category Archives: PITUTUR MRING ESTRI

PITUTUR MRING ESTRI


Lah ta iki pitutur mring èstri, sira iki jumenenging priya, pitutur marang rabiné, kang sareh dipun elus, gwa kaworen nepdu yen angling, dadi nek klèru tampa, kang winuruk iku, wus kocap ing dalem surat, ujar bengis puniku kaworan eblis, ana ngekaké napas.

Inilah nasehat untuk seorang putri, engkau itu sebagai seorang laki-laki, memberi nasehat kepada pasangamu, dengan penuh kesabaran, jangan pernah dengan nada tinggi, dan membuat salah sangka, bagi yang diberi nasehat, telah disebutkan dalam surat (kitab), kata-kata bengis itu dipenuhi iblis, pada setiap tarikan nafas.

Ajak kéré adiku wong kuning, menèk ilang ginawa jajaka, kang kélangan aku dhéwé, ari mas aja guyu, akèh jaka nagara iki, jakané pirang-pirang, ari mas wong ayu, nganggowa guru kang ngarang, esemira predenen.3 ingkang awingit, ywa guyu cukakaan.

Mengajak susah adik ku, kalau sampai sipinang pria, aku sendiri yang merasa kehilangan, adiku yang cantik jangan tertawa, banyak pria di negri ini, yang perjaka banyak sekali, senyummu itu apakah yang disembunyikan, jangan tertawa terbahak-bahak.

Lawan yayi ywa sok metu bengi, lamun rinaha jaluk ngalunga, mungup ati lawang baé, ywa metu dalu-dalu, menèh ilang gina belis, belisé pirang-pirang, ari mas wong ayu, yen surup aja sok dolan, candhuk ala akèh ula lan memedi, gendruwo sawan weliwo.

Dan adikku jangan engkau suka keluar malam, kalaupun siang ingin sekali pergi, sekedar hanya keinginan saja, biar sirna pengaruh iblis, iblisnya banyak sekali, adikku yang cantik, kalau petang jangan suka bermain, tidak baik banyak ular dan memedi, genderuwo dan keburukan.

Ujar ingsun gugunen sayekti, yen tan ngandel takona wong tuwa, yen kokira goroh baé, sayekti ujar ingsun, nguni ana ginawa belis, ujaré wong kang liwat, ginawa mangidul, becik kalamun dèn nutta, sayektiné yèn sira nora nitèni, angrusak raganira.

Kata-kataku didengarkan benar, kalau tidak percaya tanyalah orang tua, kalau engkau mengira aku bohong, sesungguhnya benar kata-kataku, dahulu ada yang dibawa iblis, cerita orang-orang, dibawa ke selatan, (maka) lebih baik jika engkau menurut, sesungguhnya jika engkau tidak teliti, sama dengan merusak tbuhmu sendiri.

Panuwunku mring Hyang Maha Suci, sira iku aja dhemen nongga, gawé camah mring awaké, temahan dadi kumprung, pengung bingung wekasan ngaling, temah ginuya tongga, lamun sira gugu, ujaré wong liwat dalan, saluguné kang darbé catur puniki, mung ngarah bubrahé.

Permohonanku pada Tuhan, engkau itu jangan suka main ke tempat tetangga, itu bikin rendah untukmu, akhirnya nanti jadi bodoh, bodoh bingung akhirnya linglung, menjadi tertawaan tetangga, kalau engkau mau mengikuti, apa nasehat orang banyak, sebenarnya yang punya omongan ini, hanya akan membuat berantakan.

Malah-malah sun kanthi benjing, lamun sira bisa darbé putra, kalamun kakung putrané, sun jenengké semangun, lamun èstri ingsun arani, khatijah jenengira, kaya uga patut, sun tutoken kalung dinar, kinanthilan intené loro sasisih, iku kaul manira.

Malah aku ikuti sampai besuk, jikalau engkau bisa mempunyai putra, kalau putramu laki-laki, aku namakan semangun, kalau putri aku namakan, khatijah namanya, sepertinya juga pantas, aku berikan kalung dinar, dengan inten pada setiap pasangnya, itu janjiku,

Lan maningé pan nedheng sun yayi, lamun sira lulus trisnanira, gung gawé remen saleder, dedalan metu nglurung, asasanjan rahina wengi, lan aywa remen dolan, iku nora patut, temahan dadi kapiran, yèn wong wadon remené sok saba bengi, yekti dadi wong ala.

Dan lagi karena sedang senang aku dinda, kalau cintamu lulus, gemar membuat masalah, senang bermain belakang, bermain ke tetangga siang malam, dan jangan suka main, itu tidaklah pantas, akhirnya bisa tidak terurus, kalau ada wanita suka pergi keluar malam, selayaknya jadi orang nista.

Ing désa kéné ana wong siji, aremen sasanjan mring tangga, ngluruh dalan saben dina, lunga suk mulih surup, mung puniku karyané yayi, lah yayi tinggalana, apa becik iku yèn becik sira tituwa, lamun ora becik aja anglakoni, satemah dadi ala.

Di desa sini ada satu orang, senanngnya main ke tempat tetangga, main belakang setiap hari, pergi pagi pulang petang, hanya itu kerjaannya dinda, makanya dinda jauhilah, kalau memang baik silahkan diikuti, tapi kalo jelek jangan melakukannya, karena akan berakibat buruk.

Wekasané wong kang remen main, kang mlarat tan lawan sugih utang, dèn sengiti mring tanggané, suda piyandelipun, wasanané tan dadi weri, tansah kasurang surang, ngadadadé puniku, sanak kadangé sadaya, samiya éwa andulu yèn demen main, yayi mas yektènana.

Ujung-ujungnya orang yang suka main, yang melarat tidak lain banyak hutang, dibenci oleh tetangga-tetangganya, berkurang wibawanya, akhirnya menjadi pembuat onar, selalu terlunta-lunta, seperti itu keadaannya, anak kerabatnya semua, semua kecewa jika senang main, dinda perhatikanlah.

Ana maneh yayi kang nyanyangit, wong karem marang memadatan, iku dadi cacat gedhé, nèng ulat dadi payus, wekasané katon nyanyengit, yèn nuju sabagiyan, lir wong kenèng ngukum, ing dunya tekèng ngakérat, wekasané wong madat tan dadi sugih, mung seneng sugih utang.

Ada lagi dinda yang membuat benci, orang yang senang dengan madat, itu musibah besar, di muka terlihat pucat, akhirnya membuat orang sebel, jika sedang butuh, ibarat seorang tahanan, di dunia sampai dengan akhirat, pada akhirnya orang yang suka madat tidak pernah kaya, hanya senang berhutang.

Pambekané wong nyeret punika, yen pinuju mendem angedhangkrang, lir trunajaya ambegé, gung gawé sugih umuk, kojahira awarni-warni, ukure katempèlan, pangakuné weruh, iku pan wus kalumrahan, wong madati anganggo pambegkan sisip, lah yayi singgahana.

Nafasnya orang yang suka merokok itu, jika sedang mabuk berat, seperti trunajaya sikapnya, hanya suka pamer, bicaranya ngelantur, hanya sedikit kerasukan, mengakunya bisa melihat, itu sudah menjadi hal yang biasa, orang suka madat menggunakan sikap yang keliru, maka dinda jauhilah.

Yèn pinuju pambagiyan yayi, lunga Sanja sarwi utang-utang, mring sanak-sanak kancané, praptanira ing ngriku, kojahira awarni-warni, ngalem kang darbé wisma, kangmas tuku baut, déné wigya omah-omah, yèn ta kula adarbé omah kadya ki, ngong rabi kongsi papat.

Jika pas sedang kumat dinda, pergi ke tempat tetangga dengan meminta pinjaman, pada anak dan teman-temannya, ya seperti itulah adanya, bicaranya ngawur, senang memuji tuan rumah, kangmas membeli banyak barang, bahkan pandai bikin rumah, kalau saja saya memiliki rumah seperti ini, pasti aku nikah sampai empat kali.

alang alang kumitir