Category Archives: SERAT WEWADINING RASA

BAB XV. TEGESE LAHIR KARO BATIN


Wong utawa bocah asring takon mangkene : GUSTI ALLAH PANGGONANE ANA ING NGENDI ? Wong takong mangkono wis samesthine, ora kena diluputake, marga thukule saka kepingin ngerti.

Kang ora luput : SABABING TAKON. Nanging SURASANING PATAKON luput.

Yen takone wis luput, sanajan dipikir-pikira, wangsulane ya melu luput, marga wangsulan iku adate mung manut pitakon. Dadi wong takon mangkono iku : mung kudu diterangake, rehne durung ngerti.

Kepriye ta lupute. Lupute : Allah diarani manggon. Allah iku ora mbutuhake panggonan, malah ditutuhi dening saliring panggonan.

Awang-uwung kang tampa wates jembare dalah isine kabeh, manggon ing ngendi ta? …….manggon ing Allah. Apa meksa katakokake? Allah manggon ing ngendi? Lah wong ngarani panggonaning awang-uwung ora bisa, teka dipurih ngarani panggonaning Allah.

Awang-uwung kang tanpa wates gedhene, iku bae wis ora susah di takokake manggon ing ngendi, marga : iku malah dadi dununge sakehing enggon sarta sakehing ener. Kabeh-kabeh ana sajroning awang-uwung kang tanpa wates jembare. Bobote mangkono, awang-uwung mau meksa isih gumantung marang ananing Allah. Dene mungguh CARA PAMANGGONING awang-uwung marang Allah iku, kena dipindhakake CARA PAMANGGONING kacaning buku, ana ing bukune (raening dluwang manggon ing dluwang).

Pinikira : buki siji kacane akeh. Iku nyamleng kanggo pepindhan : Allah enggone nglimputi alam ka-alusan akeh banget, kang siji-sijining alam mau awujud awang-uwung kang tanpa wates gedhene dalah isine. Padha bae kahanane karo : buku siji nglimputi kacane. Kaca-kacane isi tulisan lan gambaran.

Caraning “DZAT” enggone nyamadi alam iku ya jibles kaya caraning buku enggone nglimputi kaca-kacane.

Kacaning bukui akeh sap-sapan, padha dumunung ing buku, mangkono uga alam, ora mung donya iki bae. Akeh banget warnaning alam, kaya kang kapratelakake ing ngarep.

Coba kagalih, yen mangkono, apa meksa katakokake : Allah manggon ing endi?.

Coba ngupamakna jagading tulisan, mangkene : sandhangan wulon iku ana ing SADHUWURING aksara, sukon ana SAKNGISORE, sandhangan cecek ana SAJRONING pepetan. Pepet ana SAJABANING cecak. Iku kabanjure teka dadi nakokake : bukune apa ana SAK-DHU-WURE aksara, apa SATENGAHING aksara, apa SAK NGISORE?

Cekake : yen manungsa bisa ngarani prenahing BUKU utawa KANG MACA BUKU kaprenah ING TEMBUNG ENDINE sandhangan  wulon utawa taling, lan iku bisa ngarani prenahing Allah ing TEMBUNG ENDI kawujudan isining alam.

Jagading tulisan iku rak beda luwih dening beda : manawa katimbang jagading WONG kang maca buku utawa BUKUNE. Kapriye beda-bedane? Ing jagading tulisan ora ana keblat (ener) sajabaning raen. Kang diarani ngisor dhuwur sarta kiwa tengen, apa dene JABA JERO, kang tumrap kacaning BUKU. Iku dudu kang tumrap ing bukune utawa kang maca buku.

Jagading tulisan iku jagading raen, (luwih tipis, malah tanpa kandel babar pisan). Balik jagading buku utawa wonge : gembleng (kubuk).

Jagading buku nunggal karo jagading awake kang maca buku, nduweni ener kang uga aran ngisor, dhuwur, njaba, njero, nanging beda karo ngisor dhuwur tulisan. Jaba-jeroning jagade uwaong. Beda karo jaba-jeroning tulisan. Lah iki pinikir-pikira.

Sawise terang marang prakara ing dhuwur iku, nuli mikira ing ngisor iki :

Sandhangan wulon wis cetha dumunung SAK DHUWURING aksara, sandhangan pepet ana SAJABANING CECAK, cecak sa-SEJO-NING pepetan…… Lah samengko banjur ana pitakon, mangkene : KANG MACA BUKU, ana tembung ngendine kang diwaca? Nanging aja nganggo tembung SAJABANE mundhak dikira kaya prenahing pepetan tumraping cecek. Si aksara ora temu-tinemu karo tegese ING DHUWUR  kang ora kaya prenahing wulon. Ora pethukan selawase karo tegesing SAJABANE, kang ora kaya prenahing pepetan tumraping cecak.

Manungsa sok nembungake prenahing kajaten nganggo tembung ING JERONE BADAN. Mangkono iku papadhane : wong kang maca buku diarani SAJERONING pepetan, kaya dene prenahing cecak tumraping pepetan.

Kang iku manungsa prelu sinau ngrasakake marang karepe tembung : LAIR karo BATIN, kang nganti bener pangretene. Ing kono yen pancen wis mangerti temenan (bisa ngrasakake) tartamtu bisa nampa ing rasa, yen dipratelani mangkene : PANGERAN IKU PRENAHE ING BATINE BADANMU, ING BATINE KAWUJUDAN KABEH, ING BATINE ALAM, ING BATINE SAHIRMU, ING BATINE BUDI RASAMU.

Manawa wis bisa mangerti marang kang aran ING BATINE mau, ngupamakna : prenahing mripate kang maca buku, diaranana ING BATINE aksara kang diwaca, prelune : aja diarani SAJABANE AKSARA utawa SAK DHUWURE  aksara, awit yen nganggo tembung SA-JABANE utawa SADHUWURE, mundhak dikira kaya prenahing wulon utawa pepetan.

Kajaten katembungake ING JERONE BADAN, ya kena bae, sak uga aja ditegesi kaya prenahing jerowan tumraping daging utawa daging tumraping kulit.

Muga karasakna kang aran ING BATINE mau. Mengko kita bisa ngrasakake encer-encer prenahing Pangeran kita.

Prenahing Pangeran kita : ing telenging batin, yaiku ing pungkasane batining saliring bating.

Wiwit saka : teleng tumeka batin, kabeh kagarba ing Asma Allah. Yaiku Asma kang Agung.

Kawadhagan kita nyebut marang telenging batin kita, nganggo Asma : ILLOLLAH (PANGERAN).

T A M A T

Mrayogakake maos :
1.         Kacawirangi.
2.         Jatimurti.
3.         Madurasa.
4.         Wedharan Wirid I.
5.         Wedharan Wirid II.

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB XIV. TERANG GAMBLANGE KANG ARAN DIRI


a. BAB WUJUD ANYAR, ya wujud daden-daden, utowa momoran.

Pulas kuning diwori pulas biru, mujudake pulas ijo. Maune ora ana pulas ijo. Kang ana : kuning lan biru. Bareng warna kuning lan biru diwor, nganakake : pulas ijo.

Warna ijo pepindhane wujud anyar, ya wujud daden-daden, utawa wujud momoran. Dene warna kuning lan biru iku wujud asal.

Tuladha maneh : maune ora ana wujud kang aran kuningan. Bareng tembaga diwor karo timah sari, banjur dadi kuningan kang digawe paidon kae. Kuningan iku wujud anyar. Kang maune ora ana.

Emas karo tembaga dicampur, dadi suwasa. Suwasa iku wujud anyar.

Gandum diuwor karo gulo, endhog, puwan, uyah kaolah mujudake kuwih, kayata : mari. Kuwih mari iku wujud anyar, yaiku wujud SIJI kang kadadeyan saka dhapukaning adon-adon warna-warna.

Wong kang ora sumurup asal usule, mangka ujug-ujug weruh warna ijo, iya wis mesthi ngira yen warna ijo iku dudu warna anyar. Mangkono uga kuningan, suwasa, kuwih mari, premen, lenga cap burak, sapanunggalane, kabeh rinasa kaya dene wujud asli, tegese kaya-kaya PANCEN WIS ANA MAU-MAUNE kang aran ijo, kuningan, mari sapanunggalane iku.

Saya anggonku ora padha ngira, upama dipratelani, yen : PELEM, KAYU, DAGING, BALUNG, LEMAH…… iku wujud anyar, kang tegese momoran. Mulane ora bisa ngira, awit ora sumurup marang asal usule, weruh-weruh wis dadi kayu, daging, balung. Jer wis ana wiwit kuna-makuna.

Aksara “a, b, c, d, e, ……..” iku siji-sijine kalumpuking garis bengkong lan lenceng ditahk-thukake. Uga momoran.

Kang diarani gendhing, kayata : pangkur, iku klumpuking swara warna-warna, kang ditahk-thukake sarana wangun, (dilaras) mujudake larasan siji (harmoni) banjur dijenengake : pangkur.

Janaka (wayang) iku dhapukaning wewangunan cilik-cilik, ditata, dilaras, mujudake wawangunan siji, kang dijenengake : Janaka.

Rasaning kuwih mari, iku klumpukaning rasa warna-warna, kayata : gurih, legi, asin, buket, mirasa….. kadhapuk, kalaras sarana kataker sawarna-warnane, banjur mujudake RASA SIJI, KANG TEKA ANYAR, jumedhul, utawa sajak tiban saka langit, aran : mari.

Rasaning pelem iya mangkono, dhapuking rasa warna-warna, mujudake rasa SIJI aran rasaning pelem. Ing nguni ora ana kang jeneng : pe + lem. Bareng adon-adon warna-warna tinaker (dening kodrat) kaulet, banjur nganakake wujud anyar SIJI, sajak jumedhul utawa tiba saka langit, arane : pelem, banjur rinasa pantes banget diarani pelem, marga netepi kapelemane.

Kang aran daging, balung, kayu, lemah……. siji-sijine ya kalumpuking wujud warna-warna, kadhapuk sarana kataker dening pangawasa lan ngelmuning Pangeran. Kabeh mau siji-sijine awujud harmoni, momoran, iya daden-daden.

Harmoni cilik-cilik, kalumpukake mujudake harmoni gedhe. Harmoni gedhe-gedhe, klumpuke kang luwih gedhe, sabanjure nganti ora kira-kira gedhene.

Harmoni sawiji, kang jumeneng gedhe-gedhening harmoni, iku kasebut nganggo tembung : ALLAH.

Samubarang kang wis maujud, sanajan iku wujud anyar, kita ora ngira yen iku anyar, kang kadadeyan saka dhapukan. Mangkono maneh samubarang kang wus WUJUD RASA SIJI, kang wis nganggo jeneng, sanajan iku RASA ANYAR, utawa rasa dhapukan, rehne wis maujud SIJI tur mawa aran. —- iku kita banjur lali marang lungguhing anyare, tuwin lungguhing dhapukane.

Sangsaya ora ngira yen kita mikir bab rasa kang diarani RA – SA – NING – WONG.

Kang diarani, UWONG utawa RASANING WONG : iku iya rasa anyar, daden-daden utawa dhapukan, nanging dirasa SI-JI. Iku ora beda karo dhapukaning swara warna-warna kang mujudake ENGESING PANGKUR.

Kang aran rasaning wong, kayata : rasane Suta, iku dhapukan saka rsaning Luamah, Amarah, Supiyah, Mutmainah, Angen-angen…… sapiturute, kang sawarna-warnane tinaker ing kodrat, dhinapuk, supaya dadi harmonining rasa, kang banjur dijenengake : RASANING SI SUTA utawa ATINE SI SUTA utawa WATAKE SI SUTA.

Kang bisa ngrasakake marang atine si Suta mau, ya si Suta dhewe. Nanging : endi ta kang jeneng si Suta iku, ambak-amabak mung pangaran-aran. Kang jeneng si Suta, wujud anyar, kang sajak jumedhul tanpa sangkan, ewa dene : si Suta ngrasa (ngira nganggo pangrasane) yen dheweke iku kuna makuna wis dadi si Suta. Yen calathu nganggo tembung : AKU, iku kang diarani aku : RASA KASUTAN, kang anyar tekane.

Sarehne saben rasa wis mesthi ana bebakalane (wujude kang nganakake rasa mau, dadi wis mesthi wujuding bleger : ya dhapukaning wujud asli kang maneka warna).

Kang diarani : rasaning wong iku, dhapukaning rasaning sato + rasaning tetuwuhan + rasaning jin + rasaning setan + rasaning dewa + rasaning kapangeranan, sapanunggalane. Sajinis-jinise mawa takeran. Ana dene panakere, iku tumrap sawiji-wijining wong : ora padha. Ana kang kaduk kasatoan, ana kang kaduk kajimane, ana kang kaduk kasetanane, ana kang kaduk kasukmane.

Kang endi kang kaduk. Yaiku kang dikulinakake pakartine (diurip-urip) kulina diempakake dayane.

Rehne wis tetela, yen siji-sijining adon-adon iku KENA DIGAWE BIBIT, dadi tetela uga sadhengah adon-adon watake kudu-kudu makarti terusan, kabeh njaluk URIP, njaluk ANA, njaluk pakan, njaluk empan.

Adeging dhapukan, kang mujudake siji-sijining wong, iku arane : DHIRI.

Tembung DHIRI, nunggal teges karo diri ing basa Indonesia.

Mulane karanan dhiri, awit kadadeyan saka ADEGING dhapukan. Dhapukan mau bareng madeg (berdiri), banjur aran dhiri, kang tegese deg-degan (perdirian), ngemu surasa yen pancen wujud anyar (deg-degan anyar), kang maune ora ana.

DHIRI, uga teges ndhewe (mandhireng). Mulane ka-aranan ndhewe, awit ateges madeg dhewe. Mulane diarani ndhewe (berdiri sendiri) awit ateges deg-deganing rasa nayar, kang rumasa misah saka RASA TUNGGAL (misah saka RASA KAPANGERANAN). Pisahe banjur ngrasa madeg dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku ANA dhewe, ngaku NGERTI dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku URIP dhewe, …….. sabanjure ngajak lali marang jejering kahanan kabeh, ngajak ora ngrasa marang lungguhing anyare lan dhapukane, sarta njaluk pepandhingan karo dhiri-dhiri liyane. Mulane mangkono, awit weruh-weruh wis dadi deg-degan, weruh-weruh wis maujud rasa siji, ora nganggo milah-milah adon-adone.

Sarehne dhiri iku ngrasa madeg dhewe (pisah saka rasa tunggal) dadi banjur duwe panganggep (pangandel) yen dhirine iku DUDU KAHANAN ANYAR, mung KABARE bae, anyar, nanging engetan lan rasane : ora tinemu anyare, ora tinemu nyataning anyare. Kang mangkono mau, nganakake rasa kumudu diluhurake kumudu ditresnani utawa disenengi dening dhiri liyane. Rasa mangkono iku ka-aranan : ambeg dhiri utawa watak dhiri.

Kareping tembung : ngegungake dhiri. Tumraping kawruh batin, katembungake : KORUP MARANG DHIRI.

Rehning panganggep kang mangkono mau kliru (dudu panganggep kang nyata, dudu dabenering anggep) dadi banjur katembungake anggep-anggepan, tegese : tetironing anggep, utawa ayang-ayanganing anggep, dudu sajating anggep.

Rasa kang kliru mangkono, nukulake cacad akeh rupa-rupa, kayata : gumedhe, jubriya, tekabur, sumengah, adigang, adiguna, kumingsun, kuminter, sumangkeyan….. akeh tunggale. Empune ana ing rasa dhiri (rasa madeg dhewe rasa misah) mau.

Pang-panging anggep kang kliru mau kayata : isinan, laran aten, cugetan, mesgulan, sugih sak-serik, meren, butarepan, ewan, panasten, drengki……. akeh banget yen dicacahake. Kabeh mau underane utawa telenge ana ing RASA DHIRI (RASA PISAH, RASA MADEG DHEWE).

Rasa dhiri iku kamusrikan kang dhisik dhewe.

Panyudaning watak anggep dhiri, sarana ngupaya pangreten kang terang marang lungguhing anyare lan dhapukane. Kapindhone : Ngurip-urip rasaning Mutmainah kang ngajak bekti marang Pangeran lan welas asih marang sapadha-padha.

Tipising rasa dhiri, nenarik marang bisane ngrasakake marang rasa tunggal, yaiku rasaning manungsa sejati utawa ra ka-Pangeranan.

b. JUMEDHULING WUJUD ANYAR : NGALEKAKE MARANG WUJUD ASLI

tembung di LALEKAKE, iku tegese : rinasa ORA ANA (ora rinasa ana).

Upamane kayata : biru diwori kuning, sawise dadi ijo, si biru lan si kuning sirna tanpa lari, ilang musna ing pandulu, kaganti ing jumedhuling ijo.

Glepung, gula, puhan, uyah, endhog, lan liya-liyane, bareng wis diulet sarta mujudake kuwih mari, kabeh mau banjur sirna saka ing engetan, ilang musna tanpa lari, kasalinan jumedhuling wujud siji thok kang jeneng : kawih mari, tekaning kuwih mari sajak tanpa sangkan, ujug-ujug ana.

Saerhning kabeh adon-adon wis disirnakake saka ing engetan, temahan rasaning adon-adon kang warna-warna mau, (legi, asin, gurih….) rinasa dadi duweke mari. Dadi si mari kang banjur oleh aran : legi, gurih, asin, buket sapanunggalane. Wong banjur clathu : Kuwih mari iku legi, kuwih mari iku asin, kuwih mari iku gurih. Mangkono iku ateges ora ngelingi marang si endhog, si gula, si uyah, si puwan, sapanunggalane.

Bocah mangan panganan, akeh bae kang ngrasakake enake lan ngreti jenenge, nanging ora sumurup kang digawe.

Tunggale iku kayata : rasaning wowohan, kayata : krambil, pelem, kacang………, iku wong kang mangan, kawruhe mung mangkono : Krambil iku gurih, krambil iku rada legi, krambii iku ora asin. Kacang iku gurih, kacang iku rada legi, kacang iku rada asin, kacang iku buket. Adon-adon kang mujudake adeging kacang, ora dipikir, wis cukup sauger ngelingi kacang, ya ora kena dipaido, marga wanuhe marang wujud kang aran kacang iku wiwit cilik. Malah kacange wis cumawis sadurunge sing mangan lair ing donya.

Ing dhuwur iku nyamleng banget dianggo pepethan wujud anyar kang aran : WONG.

Coba katiti priksa, apata : WONG iku?

Manawa katiti priksa, ya jibles “mari” mau.

Adon-adon kasar alus warna-warna : kaulet, mujudake jemedhuling wujud anyar, kang arane : wong. Bareng WONG wis madeg, ananing adon-adon padha sirna tanpa lari saka ing engetan kita.

Dayaning adon-adon warna-warna : nganakake rasa warna-warna. Nanging rasa warna-warna, mau-mau diaku dening wujud anyar, kang aran : wong mau.

Si Uwong sanajan teka anyar-anyaran, ewadene ngakoni marang rasa warna-warna, kang dumunung ing garbane. Upamane wong kang aran mas Wira, kang endita : kang aran mas Wira, ora ana, mung ceciptan utawa esthining engetan. Ewa dene ditetepake nduweni rasa warna-warna, kayata ditembungake : mas Wira pinter, mas Wira rosa.

Engetan wong enggone  lali marang ananing adon-adon mau, kajaba sabab kaling-lingan si-uwong, ana maneh sababe, yaiku : wong donya iku ALUSE KORUP MARANG WADHAGE.

Lumrahing wong, ora ngira yen ana wujud warna-warna. Ora sumurup yen ana kang dadi tukang ngrasa susah, ana kang dadi tukang gething utawa muring, ana kang dadi tukang asih utawa welas, ana kang dadi tukang kelingan, ana kang tukang eling, lan liya-liyane. Iku lumrahe padha ora dingerteni.

Rasaning engetan, rasaning ati, rasaning jasmani, ……ora kinira yen ana wujude. Dikira saka : MAS WIRAbae. Nanging bareng ditakokake endi mas Wirane, ora bisa ndumuk, lan manehe sarehning korup marang kawadhagan, ana kang benyunyak-benyunyuk ndumuk badane wadhag sakojur.

Kajaba mas Wirane disengguh wadhage, rasane kang maneka warna pisan uga disengguh saka wadhage. Kayata : Bisane mikir dikira mung saka dayaning utek. Bisane ndeleng saka dayaning mripat kang sasar. Bisane ngrungu saka dayaning kuping kang awujud daging. Nanging bareng wis diulese, mati apa-apane isih wutuh, teka ora bisa apa-apa, banjur nggraita yen Mas Wirane dudu wadhage.

Adon-adon alus mau padha urip sarta kumudu makarti, siji lan sijine arebut daya. Kang pinuju menang dayane : mecungul dadi pangareping rahsa. Kayata : mas Wira lagi bungah, iku adon-adon kang dadi tukang bungah : mencungul. Adon-adon kang dadi kosok baline bungah : mingslep. Yen mutmainah lagi mecungul, mas Wira lagi becik atine, kayata : tresna marang sapadha-padha, sabar tetulung. Yen amarah  kang lagi timbul, ya mas Wira maneh kang disebut ala atine. Dadi molah-malihing rasa utawa wataking wong iku, ora dielingi saka timbul keleming adon-adon alus. Kang di-elingi wonge, kayata : Mas Wira wingi becik, saiki Mas Wira ala. Mau Mas wira muring, saiki dhangan sarta ngguyu.

c. BEDANE RASA DHIRI KARO RASA PRIBADI

Ing ngisor iki muga rinasakna :

RASA PRIBADI iku ya Rasa Tunggal.

Saben ana RASA DHIRI iku wis mesthi karo RASA PRIBADI. Nanging RASA PRIBADI ora mesthi karo RASA DHIRI. Iku lire : rasa dhiri Mas Wira butuh marang rasa pribadine kang tunggal. Nanging Rasa Pribadi kang tunggal ora butuh marang rasa dhirine mas Wira.

Rasa dhiri iku “negatiefvorm”, tegese : adege butuh katetepake ing liyan, kaya dene dadining ringgit butuh marang salaka, dadining tulisan butuh WONG KANG NULIS. Nanging “salaka” ora butuh ringgit, wong ora butuh tulisn.

Yen wong clathu nganggo tembung AKU, iku kang tinuju dening rasane wong mau : RASA PRIBADI KANG TUNGGAL.

Nanging sarehne pribadi kalingan-kalingan ing rasa dhiri, kaya salaka katutupan ringgite, temah mung dhirine kang RINASA ANA. Uga padha karo ilanging salaka, kasalinan jedhuling ringgit.

Ing ngarep nyebutake : TIPISING RASA DHIRI NARIK MARANG BISANE NGRASAKAKE MARANG RASA TUNGGAL,  iku tetembungane TIPISING RASA DHIRI : rinasakna kang memet kapriye karepe??

KINANTHI

Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, dadi wiryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya, yeku pangreksaning urip.

Marmen den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

Wedhatama Winardi.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB XIII. BAB PANGILON LAN AYANG-AYANGAN


Ingsun, ya kahanan kang sajati.
Sajatine ora ana kahanan maneh, mung INGSUN kang ana.
Kahanan jati kagungan sipat.
Sipating kahanan jati, yen ginelar, tanpa wates jinise lan wilangane.

Gelaraning sipat, uga ka-aranan ayang-ayangan.
Endi ta : ayang-ayangane?
Endi ta : pangilone?
Kang diarani ayang-ayangane, yaiku SALIRING SAHIR KABIR.
Dene pangilone, iku cekake : mung Pangeran piyambak kang priksa.

Sanajan roh suci, ing jagad ka-alusan kang luwih dening luhur, YEN SAHIR ISIH KORUP MARANG KABIRE, ya durung nyata marang pangilon sajati.

Wujude pangilon sajati : WUNGWANG, tanpa apa-apa.
Dadi pantes yen diaranana : ORA ANA, dening sadhengah makhluk. Ora beda karo ORA ANANING RERUPAN : Tumrap pangilon bening. Dadi kang ora ana : RURUPANE. Nanging pangilone : A N A.

Pangilon sajati  : SIJI, nanging tanpa wates wilangane lan jinise.

Siji kang tanpa wates cacahe mau disengguh : ORA ANA tumraping ngaurip, kang sahire kurup marang kabire. Ora ana iku lire : dudu bangsaning wujud lan dudu bangsaning rasa. Marga : pangilon mau sajatine mung : DAYA TUNGGAL.

Daya tunggal, yaiku : LARASING KEDHER KODRAT KANG SALARAS (4).

Ya daya tunggal mau kang mratelakake ananing rasa lan wujud (sahir kabir).
————————-

($). Kedher Kodrat : Caraning Kodrat Makarti.

Sadhengah kang nunggal daya, ya nunggal rasa, nunggal kawruh, banjur ka-aranan nunggal alam. Kayata : pandulu padha pandulu : iku nunggal daya nunggal alam. Kawengku ing daya tunggal : SAJINIS (salaras), dadi pandulu iku nunggal rasa nunggal kawruh karo sapadhaning pandulu. Ora nunggal rasa lan kawruh : karo pangrungu utawa pangambu. Dado pandulu karo pandulu : nunggal alam. Pandulu karo pangrungu : ora nunggal alam.

WARNA-WARNANING pangalaman, iku gumantung marang WARNA WARNANING daya tunggal (warna-warnaning CARA PAMAKARTINING kodrat).

Pangalamaning wong donya BEDA karo pangalamaning jin, BEDA karo pangalamaning eblis, BEDA karo pangalamaning dewa…… lan liya-liyane, iku sabab saka BEDA-BEDANING daya tunggal mau.

Daya tunggal-daya tunggal, kang tanpa wates jinise lan wilangane mau kawengku ana ing kahanan jati, kang pamengkune iku kaya dene buku mengku marang kacane kabeh.

Bener banget pamilihe tembung KACA : kang ateges pangilon : Bener maneh pamilihe tembung rasa kang tumrap rasaning kaca (pangilon) awit dadi pepindhane RASA : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon Rasa : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon dadi pepindhane cahyaning RASA ($).

Bokmanawa kang maca iki durung tampa (ngreti) marang pratelan ing dhuwur iku, ing ngisor iki panuntun murih bisa ngrasakake selehing panampa mungguh lungguhing ayang-ayang.
———————

($). Tetela kabeh kang gumelar iki, dadi tuladha lan sasmita tumrap marang kang awas. Ya dadi seksi anane kang nitahake, ya dadi piranti panggayuhing manusa, ya dadi katranganing pambudi.

TULADHA – TULADHA

I. YEN kahanan jati NGILO nganggo alam kodhok, kajaten katone sako ing kono mujudake : DHIRINING KODHOK, yaiku : ENGETAN RASA, PANGRASA BADANING KODHOK.

Engetan utawa pangrasaning kodhok mau : SAHIR tumrap alam kodhok. Dene KABIRE : yaiku arupa blumbang, lemah, suket, banyu, hawa, padhange srengenge……. dalah wadhahe si kodhok dewe.

Sarehne si-kodhok, sahire koru[ marang kabire, mangka kabire iku KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, dadi INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam kodhok, iya wujud raganing kodhok : SIJI, yaiku awak kang kasengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa, sanajan satemene DUDU RAGANE kang marakake kelingan lan bisa ngrasakake.

Wilangan : SIJI, kang tumrap badaning kodhok kang nduweni engetan lan rasa pangrasa mau : ayang-ayanganing KASAWIJENING PANGERAN.

Kawruh kodhok (enggone ngreti lan weruh marang kahanan sakubenge lan enggone ngrasakake rasaning kahanan kang kena dirasakake ing kodhok). Iku ya ayang-ayanganing NGELMUNE Pangeran.

Solah tingkah muna-munining kodhok, dadi ayang-ayangan ing PAKARTINE Pangeran.

Dadi : pangiloning kajaten, kang dienggo ngilo sahir kabiring kodhok iku pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono.

Pangilon kang mangkono iku peteng tur geseh wanguning ayang-ayangane katimbang karo kanyatane kang ngilo. Kena di umpamakake : wong ngilo nganggo gendhul (botol) ireng, kang raene legak legok. Kajaba peteng (ora terang) ya geseh banget karo nyatane.

Dadi kang jeneng ayang-ayangan mau : ENGETAN DALAH RASA PANGRASANING KODHOK, apa dene KAWRUHE  marang jagad.

GUMELARING JAGAD kang diweruhi nganggo engetan dalah rasa pangrasaning kodhok mau : iya wis kalebu ing ayang-ayangan kang katon sajroning pangilon sajinis, kang aran alam kakodhokan.

Engetan dalah rasa pangrasaning kodhok (kang dianggo ngawruhi ananing jagad dalah ananing awake) iku SAHIRING alam ka-kodhokan. Dene jagad donya (kang diweruhi nganggo engetan lan rasa pangrasa) iku : KABIRING alam ka-kodhok-an.

Sahir tuwin kabiring alam kakodhokan mau, karo-karone ayang-ayanganing kahanan jati, kang katon ing pangilon goroh lan peteng, yaiku pangilon kang aran alam kakodhokan, iya martabat kakodhokan, iya daya tunggal sajinis (salaras) kang nganakake sahir kabiring kodhok.

KANG NGILO : KAHANAN JATI

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis, kang aran alam kakodhokan utawa martabat kodhok.

Dene ayang-ayangane yaiku rasa pangrasaning kodhok dalah kawruhing kodhok marang gumelaring donya.

Sahiring kodhok prenahe ing BATINING KABIRE. Pangilone kajaten prenahe ing BATINING SAHIRE kodhok. Kajaten kang ngilo pernahe : ing BATINING pangilon jati ($).
—————————–

($). Tegesing tembung LAHIR sarta BATIN, katerangake ing bab 15.****

II. Yen kahanan jati ngilo nganggo alam manusa (wong donya), kajaten katone saka ing kono awujud : DHIRINE WONG DONYA, yaiku : ENGETAN + RASA PANGRASA BADAN WADHAGE wong donya.

Engetan sarta pangrasaning wong donya mau SAHIR tumrap alam manungsa. Dene KABIRE, yaiku : arupa bumi langit saisen-isene kabeh, kapetung dalah BEGOGOKING BADANE wong mau.

Mulane kahanan kang kaya mangkono diarani AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kaya mangkono mau DISENGGUH KAHANAN KANG TEMENAN, dening wong donya.

Sarehne wong donya iku sahire korup marang kabire, mangka kabire mau KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, Adadi : INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam manungsa iya wujud RAGANING wong donya : SIJI, yaiku awake kang disengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa (sanajan satemene DUDU SI-RAGA kang marakake bisa kelingan lan bisa ngrasakake iku).

Wong donya padha nduweni panganggep, yen dhirine iku  MUNG SIJI, kayata : wong kang aran si-Suta (dhewekw) iku sajagah mung ana siji thok.

Dhiri kang diarani nganggo tembung AKU dening si-Suta, sajagad mung ana siji thok. Iku ayang-ayangan INGSUN.

Mungguh RASANING WILANGAN SIJI KANG TUMRAPING DHIRINE : iku ayang-ayanganing KASAWIJENE KAHANAN JATI (INGSUN).

Kawruhe si-Suta (lire : OLEH-OLEHANE saka enggone ngreti, ndulu lan ngrasakake lelawanan karo isining jagad) iku dadi ayang-ayangan NGELMUNING PANGERAN utawa KAWRUHING PANGERAN.

URIPING PANCADRIYANE si-Suta : iku dadi ayang-ayangane GESANGING Pangeran. (Uriping wong yen katandhing lan gesanging Pangeran, iku pepindhane : uriping arloji katandhing uriping wong. Uriping wong iku mung “loop” dene matine “staal stil” tumrap Gesanging Pangeran).

Solah tingkah muna-munining wong donya : dadi ayang-ayanganing PAKARTINE PANGERAN. (Pakartining Pangeran yaiku enggone nganakake sakabehing daya tunggal utawa kedher kodrat, kang banjur mujudake sakabehing sahir kabir).

Dadi : pangilon kajaten  kang ayang-ayangane arupa sahir kabire si Suta iku, pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono nyatane. Pangilon kang mangkono iku peteng tur WANGUNING AYANG-AYANGANE GESEH KARO SABENERE, nanging luwih terang yen katimbang pangilon kang ayang-ayangane arupa sahir kabiring kodhok. Iku kena diupamakake wong ngilo nganggo raening gendhul kang ora pati ireng lan ora pati legak-legok.

Dadi jeneng ayang-ayangan iku ENGETAN DALAH RASA PANGRASANE SI SUTA, apa dene KAWRUHE si Suta marang jagad.

Kawruh (oleh-olehaning ngawruhi) marang gumelaring jagad kawruh kang cumithak ing dhirine : iya wis kalebu (kapetung) ayang-ayangan, …… Ayang-ayangan sajeroning pangilon sajinis, ….. pangilon sajinis kang aran alam manungsa mau, ringkese : KANG DIANGGO NGAWRUHI + KANG DIWERUHI + KAWRUHE (sahir kabire) ayang-ayangan sajroning pangilon sajinis, iya pangilon kang aran alam Kamanungsan, iya martabat kamanungsan, iya daya tunggal sajinis, (salaras) kang nganakake sahir kabire si Suta mau.

KANG NGILO : KAHANAN JATI

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis kang aran alam manungsa utawa martabat manungsa. Ayang-ayangane yaiku : engetane si Suta, rasa pangrasane si Suta, susurupane si Suta marang gumelaring donya : sahir kabire si Suta.

Si Suta rumasa ANA, nekseni utawa nyatakake yen dheweke iku ANA temenan. Tandha yektine : duwe engetan lan rasa pangrasa kang dianggo ngawruhi lan ngrasakake gumelaring jagad banjur calathu : AKU ANA.

Kang diarani AKU dening si Suta mau DHIRI siji. (Terang gamblanging kang diarani dhiri, kapratelakake ing bab : 14, iya dhiri iku ayang-ayanganing kahanan jati : INGSUN PRIBADI).

Aku ana ….. iku tegese : dhirine si Suta mau maujud utawa mandeg.

Tegese : ANA, kang tumrap dhiri si Suta, kang ateges maujud mau ayang-ayanganing ANANE kahanan jati.

Dadi AYANG-AYANGANING ANA : iku MAUJUDE utawa MADEGE, nanging ANA KANG SEJATI iku tegese : KANG BISA NGANAKAKE SALIRING KANG MAUJUD, utawa : KANG MENGKU WUJUD LAN KANG ORA MAUJUD. Dadi KAHANAN SAJATI : iku tanpa wiwitaning ana, tanpa wekasaning ana.

Anane dhiri : nganggo wiwitan lan wekasan. Nanging…..  ora ana dhiri kang weruh wiwitaning madege. Ora ana dhiri kang bisa nekseni SADURUNGE ANA karo SAWUSE ANA. Bisane duwe  RASA DHIRI bareng dhiri mau wis…… ana. Dadi : sarupane kang dikawruhi lan dirasakake dening si Suta iku : tumrap engetan lan rasa pangrasane si Suta : ANYAR KABEH.

Jagad donya luwih keri anane : tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta. Bapa biyung iya luwih keri anane : tumrap rasaning engetan. Enggone ngarani keri katimbang biyunge iku satemene mung KABAR saka enggone nundha warta bae. Tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta dhewe : ora nyata yen dheweke keri, ora nekseni, ora ngalami, awit dumunung sajroning engetane (kaelingane). Rehne mangkono, dhirine si Suta : rumasane iya DHISIK DHEWE katimbang sakehe kawruh kang diwenehi nganggo engetane.

RASA DHISIK DHEWE mau ya dadi ayang-ayangane ing kidame Pangeran (dhisik dhewe tanpa kawitan tumrap kahanan jati).

Dhirine si Suta nganggo wekasan, dadi ora langgeng. Nanging sajroning wektu dhiri mau madeg, ora ngrasakake marang kang aran wekasan, mung ndeleng ING KABIRE yen wong mati iku ana. Dene prakara ndeleng wong mati, iku dudu kanyatan tumrap rasa dhirine, (yaiku sababe arang banget wong donya kang nduweni pangraita lan pamikir prekara mati. Iya bener kerep ndeleng wong mati, nanging ora kalebu ing rasa pangrasa (ora klebu dadi pangalaman, sajroning wektu dhiri mau isih madeg).

Enggone ora ngrasakake marang wekasan mau iya dadi ayang-ayanganing kalanggengane pangeran.

Mangsa kang dienggoni dening si Suta diarani : SAIKI. (dienggoni tegese dirakake).

Saiki KANG ATEGES WEKTU mau ya dadi ayang-ayanganing saiki KANG MENGKU SALIRING WEKTU, arane ing basa Arab : kanjanmahfiyan.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang BIYENE utawa mBESUKE. Kang dirasakake ora liya yang mung SAIKINE. Lire wong kelingan lakon biyen, enggone kelingan mesthi ana ing SAIKI mangkono uga mBESUK, iya digagas ing SAIKI. Dadi RASA BIYEN KARO RASA mBESUK ora ana kabeh. Kang ana mung RASA SAIKI. Iya RASA SAIKI iku ayang-ayanganing SAIKINING PANGERAN,  kang mengku saliring mangsa.

Si Suta yen ngarani panggonan kang lagi dienggoni, nganggo tembung : KENE.

Kene KANG ATEGES PANGGONAN iku, ayang-ayanganing kene, kang ateges :KANG MENGKU SALIRING ARAH LAN ENGGON. Arane ing basa Arab : ngaras kursi.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang KANANE. Kang dirasakake ora liya ya KENENE, iku pamikir lan nggagas kahanan kang diarani ANA ING KANA, iku pamikir lan panggagase mesthi ANA ING KENE. Iya RASA KENE KANG TUMRAP PANGGONAN iku ayang-ayanganing KENENE PANGERAN, kang mengku saliring enggon.

SAHIRE si Suta prenahe ing BATINING KABIRE si Suta.
Pangiloning kajaten, prenahe ing  :  batining sahire : SI Suta.
Kajaten kang ngilon, prenahe ing : BATINING PANGILON.

III. YEN kahanan jati ngilo nganggo : ALAMING RASA KASWARGAN, kajaten katone saka ing kono awujud dhiri wong swarga, yaiku : ENGETAN PADHANG + RASA ADHEM LAN SENENG +BLEGERING BADANE ALUS,  kang kadadeyan saka bebakalaning Mutmainah. (ngelingana bab rasa lelima, kang kasebut ing bab 11).

Engetan lan rasa pangrasaning wong swarga mau SAHIR : tumrap alaming wong swarga. Dene KABIRE, yaiku : gumelaring swarga, kapetung dalah blegering dhiri dhewe.

Mulane diarani : AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kang mangkono iku DISENGGUH KAHANAN KANG SANYATA-NYATANE, dening wong swarga.

Prekara liya-liyane kang mratelakake ANANE lan KAHANANE : ora prelu karonce maneh, cukup nganggo tuladha pangalamaning wong donya kang kasebut mau.

Ayang-ayanganing kahanan jati kang katon ing martabat kadewan, kajiman, kasetanan lan liya-liyane, uga cukup nganggo tuladha siji ing ngarep. Bab tataraning pepadhange, goroh temene lan rasane, ….. kiraku kang maca iki mesthi bisa nimbang dhewe.

IV. YEN KAHANAN JATI  ngilo nganggo martabat tetuwuhan utawa watu, kajaten katone saka ing kono : PETENG, ora katon apa-apa, ora krasa apa-apa. Lire tanpa kaelingan apa-apa. Iku kena diumpamakake wong ngilo nganggo blabag ireng. Ing blabag ireng mau digoleki rupane kang ngilo : ora ana apa-apane.

Tetuwuhan tak tembungake ORA DUWE RASA DHIRI, ora ngreti yen dhirine ANA, ora sumurup yen jagad iku ANA, ora ngreti yen Pangeran ANA. Kajaba ora ngreti marang ANANE MAU KABEH, ya ora ngerti yen DHEWEKE ANA, sarta ora ngreti yen dheweke ORA DUWE PANGERAN, utawa KAELINGAN.

Tetuwuhan sarta watu kena diupamakake : netepake yen jagad gumelar iku ORA ANA. Pangeran ORA ANA. Kahanan siji bae ORA ANA, ORA ANA KAHANAN. Ora pisan-pisan nekseni marang ananing kahanan kabeh. Kekembangan kang endah, nyenengake, arum gandane, dialembana ing Manungsa sarta disawang dening para luhur ana ing tengahing meja marmer, ora pisan-pisan bisa ngreti yen dheweke ana, ora nyana disenengi lan dialembana. Padha bae karo wayang, kayata : Janaka, ditonton sarta disawang wong akeh, nanging kang disawang mau ora sumurup yen ana. Ora kanggonan ing bungah susah lan lara kapenak. Nanging peteng ndhedhet limengan. Ora ngreti apa-apa. Ora ngrasakake panandhang, lan ora ngrasa marang nikmat lan mupangat.

V. YEN KAHANAN JATI ngilo nganggo Pramana sajati (sipat maknawiyah), kajaten katon sawungkuling Sipat kang nyata sanyata-nyatane ing Pangeran piyambak. ($)
——————————-

($). Kodrat, Iradat, sapanunggalane, (kang kasebut ing dhuwur mau) ka-aranan sipat mangani, yaiku kang awujud jirim. Dene : kodiran muridan sapanunggalane : karanan sipat maknawiyah, awor karo “DZAT” (bangsa kang ukuran kaping IV, kapratelakake ing layang Jatimuri).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.