Category Archives: SULUK DUMUNG ING MANAH
SULUK DUMUNG ING MANAH
Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
ASMARADANA
pada 01
Kawruhana kang sayekti,
kang basa ati punika,
nem prakara sadayane,
kang rumiyin ati pu’at,
miyarsa salirira,
gantilane ing pupusuh,
iku wismaning ngambekan.
pada 02
Ping kalih puniku malih,
ati mujarat kang nama,
ati mujarat tegese,
gantilane jantungira,
pan kinarya wangsulan,
sakeh kang miarsa iku,
ngelingaken lalenira.
pada 03
Ping tiga ati pengasih,
tegese pengasih ika,
dene ta kenyatahane,
gantilane ati abang,
pan kinarya wangsulan,
sakathahe kang ngamuwus,
weruh kang ngabang sadaya.
pada 04
Kaping sakawan puniki,
ati mukabilah rannya,
tegese atine reke,
gantilane ing lilimpa,
pan kinarya wangsulan,
ing ngesemira puniku,
ing kono pinangkanira.
pada 05
Kaping limanipun malih,
ati malam westanira,
tegese atine reke,
gantilane ginjelira,
pan kinarya wangsulan,
sakathahe kang gumuyu,
ing kono pinangkanira.
pada 06
Kaping nem ati nurani,
tegese nurani ika,
gantilan rempelu kiye,
apan kinarya wangsulan ,
sakeh pangawruhira,
miwah sagung pikiripun,
ing kono pinangkan.
Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.