GOLEKANA tapake kuntul anglayang! Ngendi ana? Lan sapa wonge sing bisa nggoleki? Mbok mubenga nganti muser-muser, kuntule dhewe, yen lagi nglayang ing awang-awang, ya ora bakal bisa nggoleki tapake. Apa maneh manungsa. Diperese nganti asat keringete, diputera nganti mumet akale, langka manungsa bisa meruhi tapaking kuntul anglayang mau.
Pancen tetembungan mau ora bakal tinemu ing nalar. Tetembungan mau klebu kawruhing kasampurnan, sing isbate mung bisa dionceki srana tirakat lan laku. Mula yen arep nggayuh kawruh tapaking kuntul anglayang mau, manungsa kudu nyuwungake kekarepan lan nalare. Lire, aja dheweke gondhelan ing sakabehing gegondhelan sing saiki digondheli. Padha sawangen kuntul sing mabur dhuwur ing awang-awang! Kuntul mau ora tau nyawang tilas tapake. Merga pancen ing awang-awang mau tapake ya ora ana. Kuntul mau bisane mung miber. Lan bisane miber, merga awake kesangga, sanadyan ora ana sing nyangga.
Kesangga ning rasane ora ana sing nyangga, ya kuwi karep sing winengku dening isbating ”golekana tapaking kuntul anglayang”. Lan sepisan maneh, ngrasaake kesangga sanadyan ora ana sing nyangga bisa kelakon, yen manungsa bisa nyuwungake dhiri saka sakabehing gondhelaning uripe. Aja maneh mung raja brana, drajat lan pangkat, cekelan lan gamaning urip wae kudu diculake, yen manungsa pancen arep ngalami dhirine iki sejatine kesangga sanadyan ora ana sing nyangga.
Kawruh kasampurnan iki bisa diulur luwih dawa. Kaya dene aku bisa ngrasakake kesangga sanadyan ora ana sing nyangga merga aku suwung saka sakabehing kekarepanku, aku uga bisa ngraksakake menawa aku iku duweni sakabehing yen aku iki ora duwe apa-apa. Utawa meruhi sakabehe, merga aku ora weruh apa-apa. Apa dene, aku iki ngrasake menawa aku ini temen ana, merga aku rila menawa aku ora ana.
Yen kawruh mau wis winengku, sejatine aku wis lumebu ing dating Pangeran sing murbeng jagad raya iki. Ya dating Pangeran mau sing akarya nganti aku kesangga sanadyan ora ana sing nyangga. Ya dat mau sing murugake aku duweni sakabehe sanadyan aku ora duwe apa-apa. Lan ya dat mau sing anyipta aku ana sanadyan aku ora ana.
Aku, manungsa sing kebak ing kasekengan lan kajiret ing bandha-bandhuning kadonyan, tangeh bisa ngrasuk ing dating Pangeran mau kanthi sampurna. Bisane mung icip-icip. Mula mangkene ature Suluk Sujinah: ”Dene mangan sapulukan tegeseipun, mung Allah kacipta, kalawan nyandang sasuwir, pujinira kawayang sajroning driya.” Peribasane, sanadyan mung sapulukan anggonku mangan, aku wis krasa tuwuk, anggere Pangeran tansah cinipta ing batinku. Lan sanadyan mung sasuwir anggonku nyandang, aku wis jangkep bebusanan, anggere Pangeran tansah pinuji ing batinku. Icip-icip sapulukan, nyandhang penganggo sasuwir, iku mau wis turah-turah tumraping uripku, anggere dating Pangeran sing dakicipi, lan busanane dat mau sing daksandang.
Mula wewadining tapaking kuntul anglayanglan ” kesangga ora sinangga” iku sejatine ya pasrah ing Pangeran. Nanging aku iki manungsa sing urip ing donya. Mula pasrah ing Pangeran ora liya tegese kejaba menehake awakku kanggo pepadaku. Dating Pangeran kang murugake aku bisa kaya kuntul anglayang tanpa mikirake piye tapak lan tilase nembe bisa dakrasakake, yen aku wani muluk bareng karo pepadaku, supaya pepadhaku sing kurang mangan bisa mangan, lan aku wani nyandhang sasuwir amrih pepadhaku sing kurang sandhang uga bisa nyandhang.
Kawistara, kawruh ”tapaking kuntul anglayang” sejatine dudu kawruh kang dakik-dakik, mencit tan bisa ginayuh. Ora, kawruh iku kawruhe urip padinan, kepriye anggonku wani suwung ing saben dinane. Yaiku urip sing wani bagi binagi, sanadyan kayane ora ana sing dibagi. Wani mangan sapulukan bareng sing luwe. Wani nyandhang sasuwir bareng sing kecingkrangan. Ya ana ing pepadhaku sing luwe lan kecingkrangan bakal tinemu tapaking welas asihku. Lan bungah pepujining pepadhaku merga welas asihku mau sing bakal ngumbulake aku kaya kuntul ing awang-awang sing ora nggagas arep nggoleki tapake maneh. Linuwaran saka sakabehing jejiretan, mardika mabur ning awang-awang iku kepenak lan entenge tan kena kinaya ngapa. Ya gene aku isih ribut nggoleki tapak tilase uripku.
By alang alang
aphaa tha..tak dadi pendengar stia ae lah
semar manehhhhhh
Om, terjemahannya mbok dicantumkan begitu…..
MAS DA IKRAL ( BUMI LANGGENG, RUBUNG KUNING DLL) TRUS SERAT KIDUNG KAWENDAR!! TRIMS
Sedikit urun rembug Mas…
Tepak atau tapak selalu dipake oleh musuh untuk menemukan keberadaan kita.. kalo kita tidak meninggalkan tapak, bagaimana musuh bisa menemukan kita ? Musuh disini tidak lain adalah Si “Mara” atau Sang Penggoda, dan tapak disini adalah nafsu2 yang tercecer disepanjang perjalanan hidup kita.. Semoga kita semua bisa seperti kuntul mabur.
Thx Mas Kumitir, dan salam rahayu buat semuanya
Bagus postingnya. Mendidik. Trimz. Salam kenal.
bagus banget postingya mas….
semoga bisa menjadi wacana yang baik…
salam kenal..
rahayu…rahayu…rahayu
ki juru mertani…saya tidak bermaksud mengaburkan makna…coba di renungkan lagi tentang… tapak kuntul mabur dan urutannya..(sy sengaja sedikit merahasiakan, supaya ada diskusi yg menarik atas renungan sekaligus pencarian kita masing2)…posting di atas justru yang tidak ‘to the point’ (ini ciri2 klasik (jaman dahulu ato mungkin juga masih ada sampe skrg) supaya orang dipicu tuk belajar lebih giat…lha maunya saya n mungkin yunior saya (klaim) supaya langsung aja to the point (meruncing langsung ke aplikasinya/ manfaatnya)..krn beban kita (informasi yg masuk ke otak kita) skrg ini sudah semakin banyak…..sy takut hal beginian nti di lupakan …n hilang….jadi knapa kita masih saja berbelit-belit…? (sy trima kalo alasannya melestarikan budaya/sastra jawa)..trims…
betapa indahnya apabila pemimpin-pemimpin Indonesia baik yang ada didalam maupun yang diluar pemerintahan mau bekerja sama untuk berbagi rasa dalam membagikan harta dan diberikan kepada mereka yang berduka dan hidupnya yang nestapa (sebagaimana dikatakan mas Kumiter dalam tulisannya tapake kuntul mabur) bukan sebaliknya seperti yang sekarang terjadi dimana-mana mereka saling mencela dan saling nista untuk mendapatkan kuasa dengan menggunakan segala cara tanpa etika, lebih celakanya lagi mengadu domba rakyat jelata yang hidupnya sudah sengsara agar saling membenci diantara sesama, karena rasa rakus dan tamak untuk memiliki yang bukan haknya, sehingga berkomentar tanpa melihat akibatnya yang nantinya bisa mengakibatkan porak porandanya suatu bangsa, sehingga saya berkata pada diri saya sendiri apakah ini adalah potret bangsaku yang sejak jaman dahulu kala sampai sekarang jaman yang sudah modern semua, namun sifat – sifat budak warisan dahulu kala masih melekat didada karena genetika, YA ALLAH Ku YA TUHAN ku, bahwa kalau itu semua sudah Naas nya, betapa kasihan mereka – mereka semua, lebih-lebih lagi generasi mendatang pewaris bangsa tetap melekat watak budak karena genetika, saya menangis dan bertanya kepada SANG PENCIPTA “Mengapa engkau mencipta hanya untuk hal itu belaka ?” dan aku bertanya untuk yang kedua “Apakah ENGKAU mencipta untuk dijadikan contoh belaka ?” dan aku juga bertanya untuk yang ketiga “Mengapa itu terjadi di bumiku yang tercinta ?”
mas age priambodo ne malah mengaburkan makna, klo memang sudah memahami tolong di jelaskan lebih rincinya gimana?
sae sanget postingan ipun. matur uwun kagem bagi2 kawruh. nuwun.
Salam seh katresnan,
Maturnuwun mas postingane, wah kulo dadi tambah padang, menawi kerso kulo nyuwun postingan babagan sanepan2 lintune kanti jelas. upaminipun: galihe kangkung, susuhe angen dll, kaleh kulo nyuwun diparingi penjelasan babagan ngelmu Kodrat.
lepate mawon menawi bahasane kulo radi semprawut soale kulo tiyang jawi tapi kirang mangertosi jawine.
Maturnuwun sanget.
cuman sekedar tambahan yang salah. ngolei tapake kontol mabur={sejatine ora ono opo opo,seng ono mong…..}
tapake kuntul mabur, galih kangkung dan seterusnya, pengertiannya gak sesusah keterangan diatas deh. kalo mau merenung sebentar, istilah itu kan untuk menyamarkan cara atau tehnik latihan2 pernapasan dan meditasi. Tapake kuntul mabur = udara (galih kangkung dan seterusnya coba direnungkan sendiri). Istilah2 yang keliatan besar/boombastis sebenarnya aplikasinya sederhana saja, gak rumit2 banget. tq
wah semoga dengan sajian kang mas alang alang kumitir ini kita semua semakin sadar , jati diri kita yang sesungguhnya.
matur nuwun sajiannya kang mas .
salam
jogloidjo
Mas sya seneng bngt bsa baca postingan mas,ini memotivasi sya yg sedng sng blzr agama..Top bngt.!
http://www.Wapwandiirwanto.com
Kuntul kuwi manuk kang wulune putih sikile dawa , kuntul seneng gegojegan karo kebo sing lethek amarga njerum ing blethokan , sing angon kebo dudu sing angon kuntul , sejatine kuntul alamat cahya kang nutup ( hijab ) sapa sing gawe hijab ya deweke sing mbukak , tapaking kuntul mung sanepan sing weruh ya si kuntul yen cara arabe sok diarani ” wajah ” jawane ” rai utawa pasuryan ” , menyang ngendi wae ngadepe pasuryan sing ana ya mung pasuryan , sapa wae sing ngerti ngalamat tapake kuntul ora pantes yen mbejejeg neng alam semu ….mara enggal menyat ing kasunyatan yen ora kepengin getun tiba mburine ………
wah gayeng tenan postingane mas sami muga ati tambah padang . . . . .
mirip kalih golekono galihe kangkung
Ki Kumitir,
Sepertinya ini yg sedang saya uber-uber dalam pengembaraan saya selama ini. Dalam tulisan saya yg terakhir sebelum pamitan dari dunia Blogging, saya sempet nulis : TEKA-TEKI TAPAK KUNTUL MABUR seperti ini : http://kariyan.wordpress.com/2008/06/08/teka-teki-tapak-kuntul-mabur/
Terima kasih Ki Kumitir, tulisan ini membuat saya semakin MELEK
Salam…salam…salam…
Salamun Kaulamirrobbir rokhim.