Category Archives: SERAT MADURASA

SERAT MADURASA (IV TAMAT)


Perangan 32
BAB EMPAN PAPANING GUNEM UTAWA PANGUCAP

(M)

Gunem kang becik durung mesthi bener.
Gunem kang bener durung mesthi becik.
Kang bener lan becik durung mesthi prelu.
Kang bener, becik sarta prelu durung mesthi PAKOLEH.

APA SABABE ?

Guru kang aweh pretelan marang murid, panggedhe marang rerehane, bekel marang kuline, wong tuwa marang anake, bendara marang bature, presidening pakumpulan marang para wargane, wong caturan marang lawane, sapiturute, iku kerep bae SAYAH ORA PAKOLEH.

Yen nggoleki sababe, manawa arep adil aja mung mriksa sasisih.

Mungguh sababe : kang caturan mung eling cature dhewe bae, kurang mawas marang KANG NAMPANI CATURE. Adate wong caturan iku mung eling cature dhewe, mung mriksa pikire dhewe, mung ngetut kenyute dhewe (ringkese : karem marang atine dhewe). Lire mangkene :

Dupeh cature dirasa becik, disengguh kang nampa menthi dhemen.

Dupeh cature dirasa terang, disengguh kang nampa mensthi ngretine.

Dupeh cature dirasa prelu, disengguh kang nampa mesthi bathine.

Dupeh calathune warna-warna lan akeh, disengguh kang nampa mesthi kebake.

Dupeh cature akeh INGGIHE, disengguh kang nampa mesthi tampane.

Panyengguhe akeh lupute, disengguh akeh benere.

Ngiseni pikiran nganggo kawruh, ora beda ngiseni wadhah nganggo barang cuwer, lire :
1.     Kudu mawas marang adheping wadhah.
2.     Kudu mriksa marang ambaning cangkem wadhah.
3.     Kudu mriksa sapira jembaring weteng wadhah.

Mriksa adheping wadhah (adheping ati) yaiku : mawas, nggatekake apa ora, kesdu ngrungu apa ora, doyan apa jeleh, dhemen temenan apa mung kanggo ngenaki bae, iku kabeh katon ing SEMU, ULAT, SOLAH lan PATRAP. Upama emoh-emoh dibanjurake utawa di-kehi bae, iku arane nindakake panggawe kang tanpa kusur, temah ilang muspra, mubadir, ora oleh-olehan.

Mriksa sapira ambaning cangkem wadhah tegese : nitik-nitik sapira panyukupe, sepira kamoting nalare. Iku katitik ana ing mangsa liyane, panitike kanthi sabar.

Manawa wong caturan ora eling telung prakara mau, kena kaupamakake wong ngiseni wadhah mung anggere ngiseni bae, ora ndulu marang wadhahe, mung olehe arep ngisekake bae, didi mung keburu saka DHEMENE NGESOKAKE, kongsi ora sumurup marang OLEH-OLEHANING panggawe kang dilakoni, sarta ora satiti mriksa APA TUJUANE.

Wong caturan kang ora lali telung prakara mau, netepi babasan bisa ngleboni atining liyan sarta bisa nuju prana, nastiti marang oleh-olehaning panggawe kang dilakoni. Arane satiti ing pangarah lan pangangkah.

ΘΞΘ

Perangan 33
BAB PANGGAWE KANG KURANG TUJU
UTAWA TANPA TUJU

(N)

Wong eling : kakarepane manut sire, sire manut tekade.

Wong lali : kakarepane ora manut sir, dadi tanpa tuju utawa maksud, mung sabab katarik obahing nepsu (rasa kang teka dadakan) tumindake ora kapadhangan ing pikir, (mung sarana memanas asor utawa roh kewani).

Wong satengah eling : kekarepane nyimpang saka sir, sire nyimpang saka tekade.

Panggawe-panggawe kang tinulisan ing ngisor iki, ora ta yen tanpa tuju, nanging kerep bae tumindak tanpa tuju (kurang satiti ing pangangkah lan pangarah), ora liwat mung dielingana, samangsa-mangsa nindakake panggawe ING NGISOR IKI pinikira apa tujuane lan apa oleh-olehane :

  1. Nutuh wong kang lagi kaluputan, (pinikir prelune apa)?

  2. Ngakoni marang panggaweyaning liyan kang lagi kebeneran, upama : iku becik, AKU sing marakake, Aku sing tutur dhisik, AKU sing marahi. (tujune lan olehe : apa cocog).

  3. Grenenge lirih dhewekan, (pituwase apa)?

  4. Angagas upama menang lotre, oleh kabegjan, utawa liya-liyane. (Kasile apa)?

  5. Ngalem apa kang lagi didhemeni banget, nacad apa kang lagi disengiti banget. (Pamrihe apa, dadi keprye)?

  6. Ngerang-erang marang liyan kang lagi kewirangan, kapesan utawa kacilakan, banjur mamerake kahananing awake. (Pokolehe apa)?

  7. Yen luwe nggunem panganan, yen wareg nggunem sahwat, yen krasa mangkene nggunem iki, yen krasa mangkono nggunem iku. (Prelune apa)?

  8. Manceni pangaweyan kang wis kabanjur, kang wis ora kena dibaleni. (Prelune apa)?

  9. Nacad barang kang lagi disenengi kang duwe. Ngarani larang marang barang kang mentas dituku lan disenengi. (Apa pamrihe)?

  10. Nacad ala lan ngalem bagus, ora niyat dipek asile. (Apa paedahe)?

  11. Caturan kanthi lelagon nyenyemu winor main ulat, kanggo nandhakake ing bangeting ewane (guyu ngemu wisa) utawa bangeting dhemene, (kaduk pangalem) kadadiyane kepriye.

  12. Gawe guguyon diwori sembranan, utawa nyuara broak-braok. (Patuwase apa)?

  13. Solah kang kurang prasaja, laku kang kurang prelu, tembung kang kurang maksud. (Paedahe apa)?

  14. Calathu sarwa seru karo lelawanane kang adohe mung 6 utawa 7 pacak. (Prelune seru : apa)?

  15. Nyembah, telepun manthuk lan gedhek karo lelawanane kang ditelepon utawa ana ing petengan.

  16. Madoni dadakan yen dicenthok utawa dicacad ing kanca. (Prelune madoni apa)?

  17. Kerep nekuki driji, nyakoti lambe, mbekuki gulu, tabuhan nganggo driji, edheg, gawe tandha tangan saenggon-enggon, sapanunggalane. (Prelune apa)?

  18. Kerep mbolan-mbaleni sawijining tembung, kayata : yen mratelakake apa-apa, akeh tembung : BANGET, TERANG, MESTHI, YEKTOS, utawa kerep nganggo tembung : ANU, O, lan liya-liyane. (Prelune apa)?

  19. Sapanunggalane kang memper 18 rupa mau.

….□□□….

Panggawe kang kasebut mau ana kang MAWA tuju, ana kang SATENGAH mawa tuju, ana kang babar pisan ora nganggo tuju. Kang tanpa tuju babar pisan iku tinggal pikir lan budi.

Wong kang kulina ninggal ELING lan PAMIKIR, mesthi kurang banget empaning BUDI lan PIKIR, kaduk empaning nafsu kewani, ndadekake sangsaya akeh tumangkare, lan saya kerep klirune, wasana kasar pangrasane lan petenging engetane.

Sing sapa nedya netepi unining tembung titi, surti, ngati-ati, ing pangarah lan pangangkah, elinga babasan : Witing gedhe saka cilik, kriwikan dadi grojokan. Witing weya saka ora ngopeni kang sepele. Uwiting sangsara saka sembrana.

Sing sapa arep resik, aja kemproh. Sing sapa arep becik aja groboh. Sing sapa arep bisa kudu tlaten.

Dene rampunge kang tinulis mau mung : bisane ngenengake adon-adonan kang kasar.

ΘΞΘ

Perangan 34
APA ANA KANG SELAWASE URIP NINDAKAKE PANGGAWE
KANG TANPA TUJU, MUNG MANUT RASANING
BADAN KASAR, KAYA UPAMANE BENDANA
UTAWA SARADAN

O

Wangsulane pitakon mau : iya ana, kayata ; gangsir kang ngenthir sawengi natas, saben bengi. Tekek muni dhewekan ana ing growongan. Manuk cangak mabur dhewekan karo muni ngak-ngak sadalan-dalan. Sulung marani padhang-padhang, sapanunggalane. Mangkono uga solah bawane wong kang owah akale.

Eliding kojah : sing sapa nindakake panggawe tanpa ngrasa marang tuju lan oleholehane babar pisan, iku sangsaya ngemperi panggawening sato utawa kang kurang pepak akale.

ΘΞΘ

Perangan 35
SAJRONING PETENG ANA PADHANG

(P)

Akeh panggawe kang tuwuh saka kadibyan lan kawicaksanan, sarta aweh piwulang marang manungsa, kang katindakake ing sato, sing nindhakake panggawe ora sumurup pisan-pisan marang nalar-nalare, kayata : uler molah gawe urung lan dadine enthung. Tawon gawe tala lan madu, ngrakit pamasanging tala, bolongane digawe maju nenem (nampik maju liyane). Derkuku ngegarake buntut yen arep mencok, pitik babon ngengremi endhoge, mulasara lan nyapih anake, sapanunggalane. Kabeh iku kang nindakake panggawe ora weruh dhong-dhinge, kaya lakuning mesin utawa prau ngambah segara.

Eliding kojah : sing sapa nindakake panggawe ora ngrasa marang tuju lan oleh-olehane, mangka panggawe mau tuwuhe saka kawicaksanan, iku gathuking rasa pangrasane kang nindakake panggawe karo rasane kang murba masesa : kaya gathuking mesin karo atining masinis (Pindha barang mati ora weruh marang kang urip, kang masesa. Utawa pindha pepeteng ora weruh babar pisan marang papadhang kang mengku).

Manungsa ngudi kawruh kasunyatan iku kang diangkah mundhak-mundhaka rasane murih saya alus lan padhange, sangsaya nyedhakana rasane KANG MENGKU RASA. Ing saselot-selote bisaa dadi MASINISING RASA KABEH.

KATRANGAN

Orehan bab : TEKAD, ESIR, sarta KAKAREPAN, apadene GAGAYUTANE telung warna iku (WIWIT : A tutug P) yen karingkes, maksude : NGLARAS SALIRING DAYA ing garbane Manungsa, kadadekna : Larasan kang nungga. (Persatuan yang bagus : harmoni).

Manungsa prelu wanuh marang sawiji-wijining rasa ing garbane, sarta aja samar-samar marang kridhaning rasa pangrasane, iku kang mujudake kaniyataning ati, nganti dadi kakarepan warna-warna ing rahina lan wengi, saben dina tuwin salawas-lawase.

Manungsa kudu terang marang PRELUNE sawiji-wijine karepe, sarta banjur KA-ANGKAH RUNTUTE utawa rarase, kapriye panata lan pangejume murih ora binasakake : dina iki karo sesuk kang dikarepake (ngebyah).

Manungsa sayoga sumurup marang TEGESE kang linakonan saben dina lan salawas-lawase, katujokna marang TEKAD SAWIJI, kang maton, tetep sarta langgeng.

Kapriye panataning karep, murih turut, gilig, ing wasana : bunder.

Kapriye pangruktining rasa pangrasa, murih : gumolong, gumulung, wasana : gumeleng.

ΘΞΘ

Perangan 36
M E M E D I

(NUNGGAL MISAH LAN PRAKARA ING DHUWUR)

Kang nganggit layang iki sajege tau weruh rupane memedi. Mung krungu kandhaning wong jare kang rupane memper barongan, ana kang kaya wong sing banget alane, ana kang endhas kewan awak uwong, ana kang mung endhas thok, badan thok utawa usus thok. Ana kang wujud mayit isih ana buntele mori, ana kang awujud mayit kang raine nggegilani banget, saweneh raine ana kapase pating taremplek ing mripat, kuping, irung lan cangkem, lan kapase padha urip menga-mingkup, lan liyane-liyane.

Saweneh wong ngarani memedi iku asale saka wong mati, tandhane kang akeh ana ing kuburan, sarta sawenehing bangsa medium nyatakake : ana memedi kang ngaku asale saka manungsa.

Kang nulis iki ora bisa netepake temene kandhaning wong mangkono, awit durung nyatakake dhewe. Samono uga ora wani ngarani mesthi gorohe, marga ora duwe gagaran kang premati kanggo nerangake ing gorohe. Cekake embuh temen embuh goroh. Ora pati tak pikir. (Kepingin kapethuk memedi : iya ora). Mung atur prayoga : kang wis kabanjur midhanget kandha mangkono aja keduwung, mung dibanget adhepe marang Allah, ditaberi ngempakake rasa alus, mamati kang kasar-kasar, sabab apa : manawa nyata, sarta bener asale saka wong mati, iku kira-kira ora adoh kadadeyan saka yitmaning adon-adon kasar, kang banget alane, kayata : kang marakake jail muthakil, durjana, kiyanat, musibat sapanunggalane. Nafsu kang asor iku gambarane kukusing diyan, NUR : cahyaning diyan. Budi : padhanging diyan. Diyan kang kukuse nggembuleng iku gambare manungsa kang kegedhen nafsune kang kasar. Yen sirep urube, kukuse padha kari nggembuleng, iku pepindhane memedi brekasaan. Awit saka iku prelu banget manungsa nyunyudha kukus kang metengi Nure. Saya sathithik kukuse, anteng urube, ajeg angine, cahyane dadi padhang.

ΘΞΘ

Perangan 37
TAMBA PIKUWAT PEPARINGE PANGERAN
KANG DUMUNUNG SAJRONING ATI,

Yaiku : PANGAREP-AREP SARTA SENENGING ATI.

Wong urip kang digoleki ; s e n e n g. Bisane seneng katekan pangarep-arepe.

Tengering urip iku OBAH LAN DUWE RASA. Tengering obah lan duwe rasa iku enggone DUWE KAREP, PANGAREP-AREP lan SENENG. Dadi manawa wong ora duwe kakarepan apa-apa, kentekan pangarep-arep sarta ora duwe seneng babar pisan, lan bedane apa karo tunggak utawa bekakas, isih becik wong gunung awor lutung.

Unen-unen ing dhuwur iku kena dianggo njalomprongake wong kang durung prayitna lan weweka, nanging kena digandhuli kenceng dening kang prayitna lan weweka.

Kajlompronge tumrap kang RASANE ISIH KASAR : pangarep=arep lan seneng mau banjur ditampa nganggo rasa kasar utwa asor (rahsa, nafsu, kewani), becike tumrap kang wis alus rasane : pangarep-arep lan seneng ditampa nganggo rasa alus.

Rasa seneng lang pangarep-arep kang rinasa ing rasa alus iku ora pisan-pisan padha karo yen  rinasa nganggo rasa kang asor.

Dadi : nadyan nunggal tembung KANG DIANGGO NGARANI, nanging seje rasane KANG DIARANI.

Tumrap manungsa kang isih kasar, mulane sok dipurih nyunyuda utawa nyirnakake pangarep-arep lan seneng, iku kang tinuju sajatine : pangarep-arep lan seneng KANG KATINDHAKAKE NGANGGO RASA ASOR, pamrihe : sasudane rasa kang asor banjur kathukulan rasa kang luhur. Nanging ….. sarehning lageyane wong ora padha, saweneh ana kang banjur kliru : disengguh manungsa dipurih susah lan prihatin thok. Ora oleh duwe seneng pangarep-arep apa-apa. Lha apa dhelog-dhelog kaya reca? Glundhang-glundhung kaya endhog? Tartamtu bae rehning ora pethuk karo nalar, temah nganakake pamaido mangkene : AH YA GENE WONG URIP SUSAH-SUAH, WONG PARI DITANDUR DADI? SARTA KANG MAHA KUWASA PARING KAMURAHAN RUPA-RUPA : SRENGENGE, REMBULAN, UDAN, TANEM TUWUH, KEKEMBANGAN, PANGANAN ENAK-ENAK, KAANAN SARWA ENDAH, KABEH CINADHANGAKE MARANG MANUNGSA. MANUNGSA DIPARINGI PRABOT PEPAK SUPAYA BISA NINDAKAKE KAREP LAN PANGAREP-AREPE APA DENE NGRASAKAKE SENENG. APA PRELUNE WONG BODHO DIPURIH PINTER, WONG KESED DIPURIH SREGEP, WONG SUSAH DIPURIH BUNGAH, ALAS DIGAWE NEGARA REJA. KABEH IKU KARSANING GUSTI, TEKA JEBUL PADHA KEPEINGIN DADI TUNGGAK, SARTA ATINE DIGAWE SUSAH-SUSAH, IKU KAPRIYE?.

Mangkono ujare wong kang durung dumunung nalare.

Ana saweneh manungsa kang isih kasar rasane, dhemen banget ngudi kawruh kasampurnan, nanging enggone ngudi iku katarik saka kepingine kaya kang uwis padha dadi pangudine, (padha ngranggoni kasantosan lan kaheningan). Sarehne kang ditiru ya muruki : aja duwe pangarep-arep lan bungah, temahan meksa marang adon-adonane kabeh : Ora kena ora kudu duwe pangareo-arep lan seneng.

Sarehning prakara iku ora laras karo adon-adone, temahan ndadekake peperangan karusakan sadina-dina, dumunung ing atine, banjur ngakake sumpeging ati, lan bingung pikiran.

Lakuning pancadriya kaya banyu mambeg kang tansah diubak-ubak, lire : tansah ora maton apa kang kudu linakonan ing sadina-dina. Lakune mandheg mayong sarta adon-adone tansah perang. Saperangan gedhe niyat padha mbalela marang ratune (angen-angen) kang ora weruh marang khukum. Awit saka iku ora kurang wong ngupadi kasampurnan malah dadi ngengleng, kuwur utawa bingung. (Sangsaya mempeng enggon engudi, sangsaya kuwur, sumpeg, sugih gagasan lan pikiran).

Kadadeyan kang kaya mangkono ora nggumunake, awit : prakara kang mesthine dirasa nganggo rasa alus mangka dirasa nganggo rasa kasar, iku padhane panggawe kang mesthine digarap ing wong tuwa digarap ing bocah cilik, utawa kaya dene balok kang mesthine diangkat ing saradhadhu diangkat ing wong wadon.

Wong kang ngluputake embuh kanane mau, manawa sumurup wong ngudi kawruh dadi bingung lan ngengleng : oleh dalan kanggo mancahi kaya bubuk oleh eleng.

Wong ngudi kawruh dadi sumpeg, bingung utawa ngengleng iku marine mung yen mareni olehe mempeng. Sangsaya mari mempenge sangsaya mari bingung lan sumpege, marga sangsaya lipur oleh tamba kabungahan donya, (yen sing lara kasar : tambane ya barang kasar) togtogane : purik, kapok, ora arep ngudi kasampurnan maneh-maneh. (Marine kapok yen wis oleh panuntun kang nggolekake dalan utawa mratkeli), ndunung-ndunungake samesthine.

Ana saweneh wong ngudi kaweruh sugih sir kang nyimpang saka tekat (goroh batin) bareng weruh kancane sumpeg lan bingung jalaran saka mempenge banjur mituruti dhapur kaya dongeng kuwuk buntung buntute kang ngajak kancane murih niruwa buntunge mangkene : O, wong ngudi kawruh kok mempeng-mempeng temen. Becik sakepenake bae kaya aku iki, aku iki tirunen, pancadriya aja dicandhet banget-banget, prelu uga kala-kala dieculake. Tirunen aku iki. Enggonku mikir marang kawruh sarta nyandhet nafsu mung sawatara. Jer samubarang gawe yen banget-banget, ora becik. (Rembug mangkono iku panampane kudu kanthi prayitna lan weweka). Yen kurang prayitna, kelu wong kuedhung wawaton, benera ujare nanging luput panganggone, asring nganakake sembrana : sugih kakarepan lan sir kang nyimpang saka tekad.

Ora luput kang ngarani yen pangudi kawruh kasampurnan iku gawat lan rungsid.

Empaning pangarep-arep lan seneng iku tetelane mangkene : Manungsa kang isih gedhe rasane kang kasar, ora susah kumudu-kuduwa mbuwang pangarep-arep lan senenge, mung kudu NGENGGOLE pangarep-arep lan senenge. Kayata :

Maune seneng marang panggawe kang kurang becik, di ENGGOKNA : seneng ngudi kawruh, maca layang kang becik utawa ngenam-enam.

Maune seneng mangan enak, DIENGGOKNA : seneng ngurang-ngurangi.

Maune seneng marang kadonyan, DIENGGOKNA : seneng nyapih atine karo kadonyan.

Maune seneng marang pepenginan DIENGGOKNA : seneng nyuda pepenginan.

Maune seneng marang donya lan dirine  DIENGGOKAKE : seneng marang Allah utawa pribadine (uripe). Sapiturute.

Manawa lakune wis menggok, kang diarep-arep ya mung oleh-olehaning pangudine, kasenengane iya yen oleh thukulan kang becik, utawa plimpingan. Sapa ta kang bisa ngarani yen seneng kaya mangkono iku, kalah karo senenge wong sugih singgih, kajen kineringan sapanunggalane? Tak duga ora beda senenge, getun mung mangkene :

Seneng marang pangudi, parane marang katentreman, nanging yen seneng marang kabungahan marang panggrangsang.

Seneng marang pangudi ole kaweningan, seneng marang kabungahan oleh pepeteng.

Seneng marang pangudi ngajekake ilining cipta, seneng marang kabungahan ngenggokake cipta.

Seneng marang pangudi, upama rasaning badan waras, seneng marang kadonyan, upamane rasaning badan kang gatel dikukur.

Manawa ilining cipta wis ajeg gumolong marang Allah, iku pangarep-arep lan seneng sangsaya alus rasane, mundhak dina mundhak aluse, kangsi salin sipat. Enggone katembungake sirna iku ya sabab wus salin sipat utawa salin rasa. Nanging sajatine ora sirna, mung ngalih, (sejen rasa nunggal tataran) obah utawa kedhere uga sangsaya anteng. Enggone saya anteng kena kaupamakake ilining banyu kali, saya nyedhaki sungapan saya alon.

Ringkese mangkene : KEREP, PANGAREP, KEPINGIN, apa dene SENENG, iku ora susah disirnakake utawa dibuwang-buwang. Bageyaning Manungsa mung MILIH karo Nglakoni, mengko kang kasar bakal sirna karepe dhewe.

ΘΞΘ

Perangan 38
KESENENGAN KANG GEDHENE
NGUNGKULI GUNUNG HIMALAYA
SARTA DHAWURE NGUNGKULI LANGIT

Pangareparep. Tekane saka ngendi?

Kang aran seneng, iku rasa kang kepriye?

Wong dhemen nandur, tansah oleh kasenengan kang rasane ora gampang jajag-jajagane lan ora kena disepelekake. Jalarane ora mesthi saka ngundhuh wohe, terkadhang lagi ndeleng semining godhonge bae : atine krasa bungah. Wong dhedher wiji ngrungu swarane gludhug sarta banjur udan, suka sukure marang Allah ora kena kinira-kira.

Wong nyambut gawe kang dhemen netepi wajibe (luwih-luwih kang pethenge menyang Allah), iku kesenengan kang gedhe banget, kayata : pulisi nalika golek katrangan, anggepe kaya ngudi sawijining kawruh bakal kanggo eksamen, lupute bakal njunjung drajate, iya marem sabab mundhak kabautane utawa sukur dene bisa gawe tentreming praja. Saben oleh titikan saka enggone golek katrangan, sirna sayahe lan mundhak mempenge.

Sarehning tetela seneng iku asale saka PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, mulane saben wong mesthi duwe kasenengan, kang rasane ora kena ditraju ing liyan. Sanajan sawangane gedhe banget bedhane, nanging tumrap kang ngrasakake durung mesthi bedda.

Wong panahan, wong main, wong mancing, wong njala, wong ngingu manuk, wong nganggit layang, wong nggambar, wong mbathik lan liya-liyane, kabeh padha duwe PANGUDHI. Sarehning duwe pangudi, kang ndadekake senenge iya yen KATEKAN PANGUDINE dhewe-dhewe. Sarehning kalane ngudi sadalan-dalan oleh undhakan, mulane kabeh mau sadalan-dalan iya padha oleh kasenengan dhewe-dhewe.

Eleding gunem : wong ngudi kawruh kasampurnan ora susah kagetan, gimiran, penginan utawa meri marang kabegjaning liyan utawa kasenganing liyan, sanajan katone luwih dening seneng lan luwih begja, jalaran, : sanajan dikaya ngapa kahanane kang katon ing lair, nanging kahaning rasa seneng iku ing endi-endiya ora liya, MUNG SAKA PANGAREP-AREP KANG KATEKAN.rehning pangarep-arep kang katekan iku KEHE TANPA WILANGAN, dadi mung kari nari sakarepe kang arep milih bae, kalawan ora susah kuwatir yen ora oleh. Dadi upama ana wong urip kang sire mung golek kasenengan bae teka ora oleh : iku saka bonggane dhewe, tetela wong murangsarak, jer lumuh golek sing bisa oleh, kudu-kudu golek sing ora oleh. Lumuh golek sing gampang, kudu golek sing angel, apa maneh yen wong golek seneng milih sing ala, mlarati utawa gawe pitunaning liyan, tetela wong bingung. Apa sababe : wong kasenengan kang becik ora kurang, sing munfangati akeh sarta sing gawe bathi tanpa wilangan, teka ndadak golek sing ala, sing mlarati lan sing gawe pitunaning liyan, yenta bedaa rasane : o r a.

…□□…

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.

Sarehning wong ngudi kasampurnan iku kang diudi : kasucen, kabeningan (dudu wong golek bungah kaya wong nanton tayuban, main, rame-rame, nyawang neka-rupa, nyandhing bandha, mangan enak sapanunggalane, malah padha ngudi pisahe saka kabungahan) dadi ingatase wong kang lali yen SENENG IKU PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, kang mesthi banjur ngira : wong ngudi kaweuh disengguh ora duwe seneng sathithik-thithika, tansah susah jalaran mekak hawa nepsune, nanging sok uga eling yen seneng mengkono rasaning pangarep-arep kang katekan, mangsa ngiraa mangkono, awit ora ana bedane babarpisan karo kang bungah-bungah lan ngenak-enak, jer kabeh-kabeh padha duwe pangudi lan pangarep-arep sarta padha dene katekane, bedane kira-kira mung mangkene :

Kang seneng marang kabungahan ora marem-marem, kang seneng marang kawruh duwe marem.

Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem, kang seneng marang kawruh saya lawas saya tentrem.

Seneng marang kabungahan bakal karusakan, kang seneng marang kawruh saya nyedhaki marang slamet.

Kang seneng marang kabungahan akeh susahe, kang seneng marang kawruh saya sathithik susahe.

Kang seneng marang kabungahan ora ajeg sire, kang seneng marang kawruh ajeg sire.

Kang seneng marang kabungahan tansah bingung, kang seneng marang kawruh sangsaya pramana.

Sarehning seneng PADHA (mung kacek mlarati karo munfangati), mulane kang ngudi kawruh ora prelu gimir, meri, kepencut, ngrusula utawa cilik ati.

…□□…

Wong ngudi kawruh padha nindakake panggawe kang kasebut ing ngisor iki :

1. Goleka katrangan, titikan lan urusan. Enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya pulisi golek sisik melik.

2. Ngupakara tanduran, (daya, rasa) enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya wong tani ngupakara tandurane. Iku durung enggone ngrasakake uwohe (watak).

3. Ngajar tunggangan, niteni wataking tunggangan (pancadriya). Enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya panegar ngopeni jarane utawa tukang kumidhi ngajari gajah, bruwang, asu. Utawa kaya guru mulang bocah.

4. Nyelengi kangge sangu lan piranti, (daya gaib). Enggone tansah oleh seneng kaya wong nyelengi dhuwit ing separbang, enggone nemu piranti (wawaton) kanggo garan, kaya undhagi oleh tatah, jangka, sapanunggalane.

5. Mimisah lan ngadon-adoni, kaya ahli ngelmu pamisah (kimia). Manawa oleh rasa lan daya anyar saka enggone misah lan ngadoni, rasa anyar mau dibesut maneh lan diadoni maneh, marakake nemu kencana kang luwih endah, uga dadi piranti maneh, sapiturute. Iku kasenengan kang ora pisan-pisan kena dijajagi dening kang ora ngalami dhewe. (tak tembungake anyar mau anyare tmrap kang ngudi, nanging sajatine wis cumawis ndhelik. Kang ngudi mung nyarawedi utawa mbesut bae).

6. Ngejum, nata lan ngenam-enam pikiran kalaras karo rasa, mujudake wawangunan rupa-rupa, ora beda karo wong nganam-anam kang mujudake kekembangan lan bekakas warna-warna kang adi-adi.

7. Ngadon-adoni rasa warna-warna, ditata, diurut manut patute, kalaras karo rasane, mujudake rasa kang edi endah, patrape kaya koki gawe masakan warna-warna kang mirasa, ya iku kasenengane wong nganggit-anggit utawa nggubah. Kayata : wawangunaning wayang kang rupA-rupa candrane, karuntutake karo lalakone, gendhinge. Pathete, suluke, ada-adane, unggah-ungguhe, tembunge, tembunge, kagarba dadi siji. TUMUJU MARANG SAWIJINING RASA utawa MAKSUD. Ora beda karo gugubahan utawa oncen-oncen kang nganggo kekembangan warna-warna kaworan gogodhongan, nuli diwangun meng-KENE, kagathukake karo gugubahan kang MANGKENE, mujudake wawangunan kang luwih endah, manis sarta ngengreng.

WONG ngudi kawruh enggone gawe gugubahan RASA kang adi endah ana ing karatoning ALLAH : ora beda senenge karo para putri gawe gugubahan kembang kanggo rerengganing daLeme. Mung kacek kasar Karo alus, kasat mata karo ora. Rasa kang sumingit ana ing layang kikidungan anggitane para linuwih apa dene kang ana ing candhi, wayang, gamelan, pakem lan liyane-liyane : kabeh wujud gugubahan utawa oncen-oncen kang banget endahe. Rasa kang digubah padha maujud ana ing kahalusan, dadi rerenggan sajroning gaib, kang ORA KENA KINAYA NGAPA endahe.

8. Wong ngudi kawruh kang taberi ngrasakake lan niteni, tansah oleh pitutur saka atine dhewe. Enggone seneng kaya bocah sekolah, Rasa lan Budine kang minangka guru, alam iki minangka pamulangan, sarupane kang gumelar dadi gagaraning piwulang. Wasana : manuk, tawon, kembang, lintang, rembulan, suket, godhong, watu, lan liya-liyane kabeh padha aweh pitutur marang kang ahli sasmita, kaya-kaya sarupane kang tumuwuh padha muni dhewe-dhewe, sarta unine laras kaya gendhing kang banget kapenake.

9. Wong ngudi kawruh kang karem mbeciki sapadha-padhaning sipat (dumadi), iku thukuling niyat saka SIR KANG LUHUR, kalane thukul sire, sir kang luhur mau saya gedhe dayane, megar saya MEMPAN. Undhaking sir kang luhur upama wong oleh undhakan barang kencana. Sir kang luhur (kencana) narik kang luwih luhur maneh, iku upama wong kang oleh kencana banjur oleh inten, sabanjure : dadi duwe sesotya kencana kang dumunung ing gaib, iya ing atine dhewe. Sapa kang duwe : mangsa wong liyaa. Enggone gawe kabecikan mau mbeciki marang sapa? Iya mangsa tibaa marang wong liya, uga sipate dhewe, wasana dadi kesenengan gedhe kaya wong mbeciki anake utawa pindha wong macar kukune dhewe. (Apa sababe wong duwe pangganggep sing samono), sababe yaiku : sirna lelarane, sirna napsune kang ngajak drengki, gething, kiyanat musibat, kari suburing rasa kang ngajak asih tresna, kang dayane ayem tentrem, nikmat lan munfangat.

10. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kaya wong ngadu jago, ngadu jangkrik, notohi kertu, panah lan liya-liyane, awit saben dina tansah notohi peranging adon-adon kang becik mungsuh kang ala. Yen kang ala kalah dening kang becik, mareme kaya botoh jago menang jagone, kaya wong main menang kertune, banjur oleh ganjaran daya alus kaya wong ngabotohan ngukup dhuwit.

11. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kang senenge kaya raja mangun perang nelukake nagara. Manawa balaning setan kalah dening balaning Pangeran, kabeh balaning setan padha teluk, manut-miturut, sirna setane, dadi kanca kabeh sayuk rujuk, tata tentrem raharja.

12. Wong ngudi kawruh uga duwe pakareman utawa rasa lega kaya rasaning wong ilang klilipe, senebe, lalarane utawa badane, iya iku enggone mbudi benggange karo kadonyan kang nyarimped utawa nggigidhuhi. Saben bisa mbuwang pakaremane (ora ketagihan maneh), rasane kaya ucul saka babadan utawa kaya bocah kang wis ora nangis disapih.

13. Wong ngudi kawruh bisa ngreti kanthi terang, yen GAWE KABECIKAN IKU GEDHE MUNFANGATE TUMRAP KANG NGLAKONI, kena kaupamakake kelangan sabenggol oleh liru satus rupiyah, nandur krambil sagluntung bakal ngundhuh pirang-pirang gluntung, kongsi pirang-pirang taun. Iku tumrape manungsa bisa ngrasa : lagi bisa mangerti bae ngrasa seneng kaya oleh kauntungan gedhe, awit arang manungsa kang bisa mangerti marang paedahing pangreti kang semono. Kang akeh mung kumambang dienggo kembang lambe, ora bisa yakin sajroning ati. Apa maneh pangreti bab rasa TRESNA MARANG DAT DADI WOT MARANG SAGARA RAHMAT. Manungsa kang wis bisa ngregani marang pangreti kang semono, iku ngrasa nemu kanugrahan gedhe, suka-sukure ngungkuli kang nemu emas.

Sawise sumurup kanthi terang, banjur DUWE NIYAT GAWE KABECIKAN, DUWE NIYAT NGUPAYA DALAN BISANE KATHUKULAN TRESNA MARANG DAT, yaiku : lagi DUWE NIYAT bae sajatine wis kanugrahan, sarta yen rinasa agawe senenging ati. Arang manungsa kang tampa kanugrahan arupa NIYAT (idham0idhaman, cita-cita kang kaya mangkono. Niyat utawa idham-idhaman iku bibit, manawa diurip-urip bisa dadi gedhe lan ngrebda banjur awoh.

Niyat kang marang kautaman iku ngadat akeh rubedane, dumunung ing atine dhewe, kayata : ana adon-adon kang kasar utawa asor mbangkang, mbabaluhi utawa sungkan, banjur ana pikir peteng kang mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikiran kang mbantah utawa madoni. Tumrap manungsa kang ora prayitna : kelu dayaning adon-adon kasar, temahan wurung  niyate (sungkan, abot utawa mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikirang kang mbantah katarik saka sungkan iya saka lakune r o h-k h e w a n i. Sarehning tetela yen iku rubeda, dadi prelu kang ngrubeda mau dimungsuh, dikalahake. Yen dayane kang kasoran mau kuwat banget iya sinangkan saka sethithik, diirih-irih dhisik, digolekake rekadaya rupa-rupa, supaya kang asor saya kendho, wasana kena dikalahake rekadaya rupa-rupa, supaya kang asor saya kendho, wasana kena dikalahake babar pisan. Mangkono mau sarehning arang banget manungsa kang bisa ngrasa yen iku COBANING ATI, dadi manungsa kang sumurup utawa ngrasa  kang mangkono, iku sajatine tanpa kanugrahaning Pangeran. Mangkono uga enggone niyat ngalahake adon-adone kang asor lan enggone golek reka tanpa kemba : iku kanugrahan gedhe banget, sarta yen rinasa banjur nganakake RASA SUKUR MARANG KANG GAWE URIP. Senenge durung mesthi kalah karo menang lotre, mung kacek obah karo meneng, kasat mata karo ora.

Sawise nemu pratikel utawa dalan kanggo ngalahake adon-adon kang asor, banjur katindakake : (ngulinakake nglakoni sawijining panggawe kang dayane empaning adon-adon kang becik. Ngendhih kang ala). Manawa klakon ana saperanganing adon-adon kang ala kang kalah (ora ngrubeda maneh) iku kang duwe pangudi kaleksanan pangudine, sarta yen rinasa dadi seneng sarta marem. Sakalahe adon-adon kang ala, banjur rumasa oleh kaundhakan daya alus lan padhang, prakara  iki kena diupamakake wong nyarawedi : wiwit katon murnine, ndadekake saya mempenging pangudine.

Ora lawas nuli ana maneh adon-adon kang kalah sarta thukul maneh kang becik, iya nganakake seneng maneh, mangkono sabanjure : tansah oleh kemenangan salawas-lawase. Saya cedhak karo kang diparani sangsaya seneng, marga sangsaya sugih thukulan daya alus warna-warna, kabeh dadi piranti utawa sangu mbanjurake lakune, lan dadi piranti kanggo ngalahake kang ala. Wasana sangsaya lawas sangsaya banget senenge, mung rasane beda karo seneng kang katindakake nganggo adon-adon kang kasar, awit senenge sangsaya meneng lan tentrem, dadi sangsaya ora ketara senenge, awit sangsaya sirna uriping napsune, kari cahyaning rasa lan budine, yaiku : PRAMANANE.

TamaT

MRAYOGAKAKE MAOS :

1.     Wewadining Rasa.
2.     Jatimurti.
3.     Kaca Wirangi.
4.     Wedharan Wirid I.
5.     Wedharan Wirid II.
6.     Wedharan Wirid III.
7.     Kun Fayakun.

Sumber :
Kapethik saking Serat Madurasa, Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

Amit pasang kaliman tabek, kawula pun Kumitir nyuwun idi palilah dumateng priyagung tanah Jawi ugi para sarjanadi, bilih kawula namung sadermi ngelingaken kemawon lan angleluri kabudayan Jawi supados mboten kasilem ing jaman, boten sanes namun rasa tresna kawula dumateng budaya lan sastra tilaranipun para leluhur Agung Tanah Jawi. Wusananing atur, mugya saged migunani dhumateng para maos ugi sutrisna budaya Jawi, bilih wonten galap gangsuling tembung, para winasis lan sarjanadi kaparenga paring angunging pangaksami dumateng pun Kumitir. Nuwun.

SERAT MADURASA (III)


Perangan 20
Bab mratelakake :
KAREP, SIR, TEKAD SARTA GAGAYUTANE

(A)

Gumolong karep katarik ing S I R.

Runtuting “sir” katarik ing T E K A D. (x)

Manawa wong ora duwe pangaweyan, atine sok krasa kasumpet, sarta bingung kewuhan lakon, kayata :

Sadhela-sadhela mikir apa kang dikarepake. Terkadhang krasa nyut arep mangkene, nanging ora pati mantep, banjur nyut arep mangkene, ya ora mantep ora gumolong, iku apa sababe. Sababe yaiku PERANGANING KAREP (ADON-ADON) padha pradondi. Saperangan ngajak mangkene, perangan liyane uga ora gelem diajak, ora sarujuk.

Adon-adon kang pradondi utawa ora sarujuk lumrahe, kaya dene ubak-ubak, awit agawe mubaling adon-adon kang akeh-akeh, kang maune ora obah, banjur nglimputi RASA ngaling-alingi padhanging budi. Saya kesuwen anggone pradondi, saya gawe petenging engetan, lan saya rupa-rupa thukuling kenyut.

Manawa wis ana SIR kang kenceng, sarta banjur NGLAKONI sawijining pagaweyan, lah iku lagi gumolong, adon-adon sarujuk, padha lumaku nunggal paran, awit kabeh LAKUNE NGENUT MARANG SIR. Dadi kaya banyu kang MILI, ora kaya di ubak-ubak maneh.

————————–
(x)

Kakrepan saka dayaning : nafsu.
Sedya utawa ancas, saka : sir.
Tekad, saka dayaning : Rasa (rasul).
Papadhang ing nafsu : manas asor (roh kewani).
Papadhang ing sir : pikir (roh rohani).
Papadhang ing rasa : budi (roh ilafi).
Tekad ….. upamakna : pokok = (deleg).
Sir upamakna : dahan = (epang gedhe).
Kakarepan upamakna : cabang = (epang cilik).
Bendana (lageyan) upamakna : ranting = (epang cilik banget).

Sasuwene durung tumeka marang prakara kang diesir (sasuwene durung katekan ancase) adon-adon isih sarujuk gumolong padha ngetut lakuning sir, dene yen wis katekan ancase, iku sing banjur mandheg, ing kono adon-adon kang mujudake karep asring pradondi MANEH, sabageyan ngajak mangkene, sabageyan ngajak mangkono, kena kaupamakake : kewan warna-warna dicancang dadi siji, ora bisa pisah nanging sulaya padha eneng-enengan, watake siji lan sijine banget sulayane, sarta padha duwe karasan dhewe-dhewe, kang dietut ing adon-adon. Mengko yen wis kaleksanan maneh kang di esir, bingung maneh, sabab adon-adon pradondi maneh. Kaya mangkono bola-bali : tansah pradondi, gumolong, pradondi, gimolong……….

Olehe pradondi yen wis ketulungan ancase, gumolong yen durung katutugan, (iku yen rinasa rak iya aneh ta, dene katekan sire mung marem sadhela, banjur nganakake pradondi, sarta bingung maneh dupeh wis katutugan. Aluwung nalika isih lumaku, (durung katekan sejane) ora ana pradondi utawa bingung, ati kapenak, engetan padhang).

Mara, pitakon ing ngisor iki pinikira wangsulane kapriye :

1.     Sarehning saben katekan sire banjur nganakake bingung gumolonge yen durung katekan — samengko katakokake : APA MILIH ORA KATEKAN ESIRE BAE, supaya ora pradondi utawa bingung?

2.     Sarehning saben lakuning pancadriya leren nganakake pradondi, enggone rujuk mung yen saben lumaku, katakokake APA MILIH LUMAKU BAE ORA LEREN SALAWAS-LAWASE? (Emoh ngaso, mundhak pradondi).

3.     Kapriye lakuning pancadriya murih salawase tansah gumolong, ora kerep kaseselan ing pradondi, bisaa kaya banyu kang ajeg iline?

4.     Kapriye bisane pancadriya leren utawa ngaso kanthi ayem tentrem, tanpa diregoni ing pradondi (apa pancen wis kudu mengkono, ora bisa yen ora mangkono)?.

Mungguh sababe kakarepan sok ora gumolong ora liya marga KAONCATAN ING SIR, awit sir iku kang dadi panuntuning kakarepan, dene kang dadi sababe sok kaoncatan ing sir yaiku : sok solan-salin sir kang nunggal tuju (maksud), kaupamakna : khewan warna-warna kang kacancang dadi sawiji mau panuntune tansah solan-salin, marakake asring kandheg, kandege saben ganti kang nuntun (ganti sir). Sasuwene mandeg, khewan warna-warna kapiran, polahe tanpa pranatan, dening tininggal ing panuntun. Dene sababe sir sok solan-salin, sarta ora nunggal tuju, awit sir sir mau uga ora padha watake (ora padha esire) ndhadekake menggak-menggoking lakune khewan warna-warna kang katuntun, kena kaupamakake : punggawa kang lurahe solan-salin sarta watake dhewe-dhewe. Ana dene kang kang dadi jalarane sir ora sarujuk yaiku : sir warna-warna mau ORA KAPARENTAH ING TEKAD. Yen manungsa kadunungan tekad, mesthi duwe PANGUDI ora kena ora SAKEHING sire LAKUNE MANUT MARANG TEKADE, awit tekad iku PANUTANING SAKEHING SIR. Dadi ringkese, kabeh mau : SABAB URIPE SUWUNG TANPA TEKAD, dadi TANPA PANGUDI, temahan sire padha pating blasak, nganggo watak dhewe-dhewe, dening tanpa panuntun iku mau, ndadekake solan-saline kang diancas, (solan-salin kakarepan kang ora nunggal maksud). Saben salin kang dituju, ana wektu prodadining pancadriya lan laraning adon-adon kang kasasar.

Wong kang duwe pangudi marang kasampurnan, kang temen pangudine, kakarepane salawase ora tau ora gumolong, kaya banyu kang mili saka ing etuk bakal wutah ing sungapan, ora kaya banyu kang diubak-ubak mangiwa nuli manengen, mangetan nuli mangidul, lan ora kaya banyu kang pating sareweh (kerep kang enjah-enjahan) uga ora kaya banyu mambeg (matuh marang bodho.

Yen dirasa bola-baliya pancen kliru banget wong kang ora duwe pangudi marang sangkan paran iku. Gek kepriye wong kang dilakoni ora mangerti marang tegese, dadi lakune mung janji lumaku. Satekane ing enggon kang jinujug, dadak ngulari parlu golek-golek kang endi kang prayoga diparani, dadi : SAKA NGENDI AREP MARANG NGENDI : ora dirasa-rasaa. Sing sapa bisa ngrasa kanthi rasa, ing kono krasa lan rumangsa yen lalakoning manungsa ana ing ngalam donya (alaming maya) padhaning wong ngimpi utawa nglindur.

Wong kang ngudi kasampurnan, mulane karepe tansah gumolong, awit sakabehing SIRE ngetut marang TEKAD sarta sakabehing karepe manut marang SIRE. Dadine kakarepane kabeh nuju marang tekade. Dene tekad iku : SAWIJI TANPA PEDHOT tartamtu bae lakuning pancadriya tansah ajeg, ora pijer kasalinan ing pradondi.

Kajaba saka ajeg gumolonge, samangsa-mangsa yen pancadriya diajak leren, utawa ngaso (esuk, sore utawa bengi), adon-adon ora sugih polah, awit kewan warna-warna mau tansah dilalantih ORA NGANGGO watake dhewe. Dikulinakake manut watake kang nuntun, dadi samangsa kang nuntun meneng, uga gampang dipurih menenge, nadyan ora bisa meneng temenan, nanging katimbang sulayane : akeh runtute. Katimbang obahe : akeh menenge. Malah yen wus banget miturute, ana kalane MENENG BABAR PISAN. Apa maneh yen ngasone wis ana ngomahe (alam katentreman) kang nuntun wis mari nyekel kendhali lan pecut, kari ngrasakake RASANE DHEWE.

Eleding catur mangkene : ngupaya wisma kang sajati, nuruta dalan kang bener, nglebura tapak tilase wong kuna kang wis bisa, nungganga pancadriya, dibisa ngereh. Kendhaline cekelan kenceng, sambuke tamakna saprelune, arahen sarujuke, lan manut miturut, supaya kena di prentah, sarta yen pinuju ngaso sugih polah.

ΘΞΘ

Perangan 21
KAKEPAN KANG MANUT SIR

(B)

Wisuh, lungguh, njupuk piring, njupuk sendhok, nydhuk sega, njupuk lawuh sapiturute, iku siji-sijine awujud karep cilik, (katembungake : kekarepan) siji-sjine nuju marang SAWIJI, yaiku MANGAN.

nJupuk slepi, metokake bako, nggunting klobot, ngegarake lading, muwur menyan, nglinting rokok, ngrogoh erek, ngerekake, ngempakake geni, sapanunggalane, kabeh nuju marang sir SIJI, yaiku : U D U D. Sapanunggalane.

ΘΞΘ

Perangan 22
SIR WARNA-WARNA TUMUJU MARANG TEKAD SIJI

(C)

1.     Mangan kanggo pikuwating badan (ora kanggo enak-enakan). Gunane pikuwating badan kanggo ngupaya pangreti dalan marang papadhang, kanggo netepi wajibing urip, golek kasil kang dadi lantarane bisa ngleksanani tekade (diprayitna lo aja goroh batin).

2.     Srengen utawa ngukum marang wong kaluputan, murih marenana, dadiya becike, iku mbeciki sipating Allah, kalebu wewengkoning tekad (diprayitna : aja goroh).

3.     Tatanen, dol tinuku, prelu kanggo kaslametan sarta tetulung, (ora kanggo sugih-sugihan, utawa bungah-bungahan) rumeksa kaslametan sarta tetulung, iku wewengkoning tekad. Diprayitna : (aja goroh).

4.     Gawe kabecikan kang ora ngarah pangalembana, ngudi kapinteran kang ancase ora ngarah diarani pinter, golek asil kang nacase ora golek bungah, nyandhang patut kang ancase ora ngarah kapriye-kaproye, sapanunggalane, iku kabeh sir kang nuju marang tekad.

Saben ana sir, becik dirasa, maksude apa, nuju marang tekad apa ora. Yen ora, aja sida, pratandha yen simpangan. Yen nuju marang tekad, katindakna kalayan duga-duga lan prayoga, murih ora kelacuten, utawa mbaleset saka tekad.

ΘΞΘ

Perangan 23
IKI TULADHA :
KAKAREPAN KANG NYIMPANG SAKA SIR,
MARGA KATUT ING NAPSU ASOR KANG TEKANE DADAKAN

(D)

Mas Anu diaturi dhahar ora kersa, karsane mung nggadho balur. Bareng krasa kasinen, mundhut sega sathithik, krasa enak : mundhut jangan sathithik, mundhak enake : kawuwuhan sega sathithik engkas. Woring rasa balur, sega lan jangan narik liyane maneh, sabanjure dadi dhahar.

SIRE kang mau mung arep dhahar balur thok, sababe mundhut sega sathithik katarik dayaning RASA ASIN, dadi  si asin kang narik sega. Bareng woring rasa asin lan rasaning sega nganakake RASA ANYAR, banjur nganakake KAREP ANYAR : mundhut jangan. Woring rasa tetelu ya mujudake rasa nayar maneh, kang nganakake karep anyar maneh, sapiturute.

Eleding gunem : tuwuhing kekarepan kang cilik-cilik, kang nyimpang saka sir iku katarik dayaning rasa kang teka dadakan, (dhayoh), yaiku : tumandanging napsu.

Karep cilik-cilik iku reh-rehaning sir, dene sir dadi reh-rehaning tekad (Rasa). Kang mangkono iku kahananing manungsa kang wis bisa ngereh marang pancadriya, yaiku manungsa kang wis bisa nganggo wataking Rasa lan Budi. Sir lan kekarepane mung dadi piranti bae.

Dene manungsa kang durung bisa ngereh pancadriya, ora bisa nganggo wataking Rasa lan Budi. Marga isih kagedhen kakuwataning nafsu lan roh khewani, kakurangan dayaning Rasa lan Budi, temahan sire warna-warna ora nunggal maksdu, ora tumuju marang tekad, ka-aranan : nyaleweng. Kajaba sir-sire padha ora manut marang tekad, kakarepane uga ora manut marang sire. Kakarepan kang ora manut sir, arane tumangkar utawa sumebar. Wong kang kerep nyaleweng lan tumangkare, diarani pepeka, padhane nunggang jaran, kang nunggang jaran kalah karo jarane, katut kareping jaran, kang nunggang kuwalahen, sisip semire lakune ora marang panggonan kang sineja dening kang nunggang, blasakan ora karuwan parane. Kabeh iku sabab tunggangane ora diajar, wekasane kaduk pakan, kurang kenceng kendhaline.

Sing sapa ngudi ngereh pancadriya, prelu ngulinakake : AJA NYALEWENG LAN TUMANGKAR. Sabab iku kembanging sasar, saranane kudu kerep ngulinakake ngempakake Rasa kang alus, nyuyuda rasa kang kasar.

Kang marakake karep sethithik dadi ngambra-ambra utawa mrambat-mrambat, (diwenehi sakilan njaluk sadhepa), ora liya saka kelu rasa kang teka dadakan, kang ngajak nyimpang saka sir.

ΘΞΘ

Perangan 24
SIR WARNA-WARNA KANG TUMINDAKE TANPA TEKAD

(E)

Saiki golek bungah sarana MANGKENE. Mengko utawa sesuk, yen wis bosen, golek bungah maneh, salin ada maneh MANGKENE, sapiturute. Dadi : sajege mung arep golek bungah thok-thok, yen wis oleh bungah, ya wis judheg, jer sire ya mung golek bungah iku bae, ciptane : wong urip sing digoleki apa yen ora bungah, mumpung isih urip becik bungah-bungah lan ngenak-enak, besuk yen wis mati mangsa bisoa bungah.

Tuladha liyane : gelek kapinteran, kawasisan, kaprigelan karosan, kaprawiran, kasenengan, kasekten, kadigdayan, kanuragan sapanunggalane, kang sire dienggo ngunggulake dhiri, ngungkulana sapadha-padhane, lan dianggo njurungi pangarep-arepe ngrasakake kadonyan.

Tuladha liyane maneh : ngapalake dongeng-dongeng, ngelmu-ngelmu lan unining kitab, kang sire murih bisa aran sugih ngelmu.

ΘΞΘ

Perangan 25
SIR KANG NYIMPANG SAKA TEKAD

(F)

1.     Wong ngudi kasampurnan mangan enak, perlune kanggo pikuwating badan, ngiras kanggo enak-enakan, utawa : mangan kanggo enak-enakan, AWAT-AWAT KANGGO PIKUWATING BADAN.

2.     Wong kang duwe pangudi marang kasampurnan lunga nonton, karo anake, sebab kepeksa momong bocah nangis ngajak nonoton, NGIRAS DHEMEN DHEWE, utawa karep nonton dhewe, AWAD-AWAD KAPEKSA MOMONG BOCAH NANGIS NGAJAK NONTON, (AWAT-AWAT NETEPI WAJIBING URIP MOMONG BOCAH).

3.     Wong kang ngudi kasampurnan nglakoni main, tayuban, karameyan, melu bungah-bungah, AWAT-AWAT KANGGO NGENAKI SARAK, lagune ngenaki awak. AWAT-AWAT NETEPI TATANING PRAJA, lugyne netepi PAK PANCA (Ma 5, Rsd).

4.     Wong ngudi kasampurnan nglakoni panggawe becik, perlune netepi wajib NGIRAS GOLEK ARAN BECIK KANGGO MBUBUNGAH ATI.

5.     Wong ngudi kasampurnan saraseyan, perlu tarik-tinarik sarta gogosokan, NGIRAS NINDAKAKE PANGANGGEP DIANDELA YEN WIS SUCI NETEPI SARTA BISA.

6.     Wong ngudi kasampurnan, NGRASANI alaning liyan utawa : NGALEM MARANG beciking liyan, enggone ngrasani katarik saka GETHING. Nanging ora gelem diarani NACAT, njaluk diarani sa-BENERE, dupeh cocog karo nyatane, ujare kanggo tuladha. Ringkese : GOROH BATIN, utawa ORA SAWIJI TEKADE, iku kabeh sir kang nyimpang saka tekad.

ΘΞΘ

Perangan 26
IKI TULADHA
KAKEREPAN KANG TUMINDAKE TANPA TEKAD

(G)

Weruh potelot, dicaandhak kanggo orek-orekan. Bareng wis potelot diselehake banjur tabuhan utawa tetembangan, sawise iku banjur nyandhak watu kanggo nyawat manuk, nuli nyandhak gangsingan diubengake, sarta ngundang kanca arep diajak gangsingan, nuli mlebu ing omah weruh panganan, banjur mangan panganan, ora suwe weruh tekek, nuli golek kala arep dianggo ngalani tekek…….. sabanjure.

Tuladha liyane : Wong sugih katemben sumurup nagara gedhe, weruh barang warna-warna adi-adi, kang dituku rupa-rupa, awit kabeh dhemen, sarta duwe kesaguhan warna-warna yen besuk arep tuku utawa gawe kang mentas disurupi. Bareng wis mulih ing omahe, banget kaduwunge enggone tuku rupa-rupa kang ora maedahi, dene kesaguhan ora ana kang dituhoni siji-sijiya, wong liya padha niteni, nanging kang dititeni ora krasa.

Tetela saka kang kasebut ing dhuwur mau yen :
1.     ana kakarepan kang manut sir.
2.     ana kakarepan kang nyimpang saka sir.
3.     ana kakarepan kang tumindak tanpa sir.
4.     ana sir kang manut marang tekad.
5.     ana sir kang nyimpang saka tekad.
6.     ana sir kang tumndak tanpa tekad.

ΘΞΘ

Perangan 27
KAHANANE WONG CATURAN

(H)

Wong kang wis rada pramana, bisa niteni kahanane wong caturan, mangkene :
1.     Ana ucap kang thukul saka : Rasa, tansah tumindhak manut Rasa.
2.     Ana ucap kang thukul saka : Rasa, nanging banjur kasimpangake sir.
3.     Ana ucap kang thukul saka sir, ninggal Rasa.
4.     Ana ucap kang thukul saka sir, kasimpangake ing napsu.
5.     Ana ucap kang thukul saka napsu thok, ninggal sir.
6.     Ana ucap kang thukul saka roh jasmani tulen tanpa seja lan ora krasa.

Wong sadurungr calathu, terkadhang wis ana SIR kang arep dipratelakake, nanging tengah-tengahing calathu digodha ing karep cilik-cilik kang teka arebut dhucung, jalaran tengah-tengahe calathu katekan rasa anyar, (kenyut warna-warna kang teka dadakan) saben kenyut siji nganakake karep cilik siji. Kenyut iku enggone wujud rasa anyar, ora beda karo rasa woring balur lan sega, rasa WORING balur, sega lan jangan. Panyaringing angin kang ora tata nalika calathu, dayane uga ngobahake banyu, mbanterake obahing adon-adon, sarta nggugah adon-adon kang maune ora abah-obah.

  1. Kang cetha kanggo tuladha, kahananing wong calathu ngetut rasa anyar, yaiku wong jagongan, kang prelune arep omong kosong kayata : weruh manuk nggunem manuk, narik kaelingane marang bedhil, dadi banjur ngunem bedhil, nuli kelingan nalika mbedhil ana ing alang seneng banget, banjur nggunem alas, banjur kelingan nalika mangan krasa enak banget ana ing alas, banjur nggunem panganan. Suwe-suwe banjur nyandhak panganan ing toko Grim Surabaya, nuli bab nagara Surabaya, nuli palabuhan, ddi mrambat-mrambat, babasan bplu rambatan siti. Anggone mangkono sabab pancen jaragan mung arep ngawula marang kenyut (golek bungah thok).

  2. Wong kang lagi luwe kang digunem Panganan.

  3. Wong kang lagi seneng marang anu, bola-bali tansah nggunem anu.

  4. Wong kang atine lagi krasa lara, kang digunem alaning sanak utawa alaning lalakon lan kahanan.

  5. Wong kang lagi bungah, kang digunem rupa-rupa bangsaning kabungahan.

  6. Wong lagi susah, kang digunem cilakaning awake.

  7. Sawenehing wong kang mentas maca layang kang nyaritakake utamane wong ngabekti marang Allah, kawetu saguhe arep ngabekti, nyuda angkara murkane, sarta saguh nglakoni kurang mangan kurang turu. Nanging bareng wetenge wis luwe, banjur nggunem marang panganan. Bareng atine pegel, nyatur alaning sanak kang digethingi.

  8. Wong kang atine lagi kepingin banget bisa marang sawijining prakara, banget mempenge sarta akeh kasanggupane, ora lawas bosen, wasana nglenthar, kasanggupane ora ana kang dituhoni.

  9. Saweneh wong sugih kasanggupan ala nganggur nanging akeh lan warna-warna, kayata : ing tembe arep anu, mengko arep mengkono, nanging ing liya dina lali marang kasanggupane kabeh. Wong liya kang niteni ora lali.

  10. Saweneh wong dhemen caturan rupa-rupa, nanging caturane banjur di perangi dhewe, nuli nglairake panemune maneh mangkene, uga banjur dipadhoni dhewe, ora dianggep dhewe.

  11. Saweneh wong caturan, saking senenge, kerep mbolan-baleni cature, nganti kang ngrungokake bosen.

  12. Sawenehing wong caturan molah-malih, ora kena dipathoki, kayata : yen lagi nesu ngala-ala, yen lagi dhemen ngalem, yen lagi bungah mbenerake, yen lagi susah ngluputake.

  13. Sapanunggalane kabeh kang kaya mangkono iku kahananing wong caturan mung manut napsu, ninggal sir, ucape kalakokake rohkhewani, tinggal rohani. Padhane wong nunggal jaran manut jarane, sabab kalah karo jarane.

Manungsa kang padha nggulang ngereh pancadriya padha ngudi ing sabisa-bisa aja nglakoni mangkono. Kabeh catur kudu kanthi maksud, sajroning clathu aja weya marang rasa sajroning ati, sarta prelu banget bisa ngrasakake rasaning sir lan pikir, aja kongsi kliru karo nafsu lan roh khewani, kang supaya : sajroning calathu pangucape tansah tinunggu ing sir lan pikir, sukur bage yen bisa ora ninggal empaning rasa lan budi.

Upamakna : Slompret, ajega diunekake tukang slompret. Upama slompret dianggo dolanan bocah, utawa slompret siji dianggo rebutan sarta genti-genti kang ngunekake, mangka kabeh ora bisa marang gendhing, tartamtu unine ora karuwan.

ΘΞΘ

Perangan 28
IKI TULADHA :
BOCAH CATURAN KANG PIKIRE ORA KALAH
DENING PANGGODANING MANAS ASOR.

(I)

Bocah kang calathu mangkene : TANGGAL SAPISAN JUMUNGAH KLIWON, iku anggere ora katumpangan ing kenyut, bisa mbanjurake : TANGGAL KALIH SETU LEGI. Sawise ngucap mangkono, yen tansah eling anggone calathu KALIH, sarta eling enggone mentas calathu SETU LEGI, apadene ora kagodha ing pambandhanging nafsu kesusu, ya bisa calathu : TANGGAL TIGA NGAHAT PAIN. Yen tansah eling anggone calathu mangkono, sarta ora kesusu maneh, iya bisa mbanjurake : TANGGAL SAKAWAN SENEN PON, sabanjure : janji tansah ELING APA KANG MENTAS DIUCAPAKE, sarta ORA KAREGONAN TEKANING KENYUT KANG NUTUPI ELING LAN NGAJAK KESUSU, tamtu bisa tutug kongsi : TANGGAL TIGANG DASA SETU WAGE : tanpa keledhon. Bisane mangkono, sranane ; SAREH lan TAJEM.

Tuladha bocah caturan kang SIR lan PIKIRE diridhu ing kenyut.

Saweneh bocah yen calathu, kerep luput utawa keledhon, nanging ora sumurup ing lupute utawa ORA NGRASA YEN LUPUT. Sababe ora liya: kukuwataning rokhani (pikir) durung cukup kanggo ngeling-eling kang rada akeh, sarta kukuwataning SIR durung cukup kanggo nggereh NAFSU, marga isih kegedhen kakuwataning nafsu lan manas asor, iku marakake : LESANE KEREP TUMANDANG MANUT NAFSU, arang tumandang manur sir, temahane arang kapadhangan ing pikir, kerep kapadhangan nganggo manas asor kang remeng-remeng.

Saweneh murid dituntuncalathu kang bener, pangrungune ora satiti jalaran kasusu selak arep nirokake, temahan calathune luput. Kang nuntun kepeksa marahi maneh, kang dituntun kesusu maneh, dadi ora terang maneh pandrungune, wekasan calathu luput maneh, sapiturute : Yen isih kesusu bae pangrungune ora terang-terang, calathune iya tansah luput engetane iya tansah peteng, sababe apa? Sajroning kesusu, kukuwataning pikir kang gathuk karo pangrungu mung kari separo, kang separo gathuk karo manas asor lan nafsu kang ngajak kesusu.

Ya mangkono iku wujuding : PANUNTUN sarta PRATIKEL.

Ora mung tumrap wong CALATHU bae, lan mung tumrap marang BOCAH bae, kang kudu sareh sarana PANUNTUN sarta PRATIKEL, murih bisa sareh, sanajan tumrap wong ngudi kawruh kasampurnan, uga  kanthi SAREH, sarta bisane sareh DIKULINAKAKE nganggo PRATIKELE wong kang wis bisa.

ΘΞΘ

Perangan 29
BAB BALAPAN KENYUT

(J)

Si-Suta lagi dhemen marang parakara IKI, mulane si Suta seneng banget nggunem bab IKI. Si Naya ngerti banget marang prekara IKU, mulane si Naya seneng banget kangdha prakara IKU. Si Dhadhap mentas sinau utawa mentas sumurup prakara IKA, mulane wateke si Dhadhap kumudu-kuduwa pratela bab IKA. Ora lega yen ora kandha.

Dene si Waru dhemen marang IKI, sarta dhemen marang IKU, uga dhemen marang IKA. Sarehning IKI, IKU lan IKA dhemen kabeh, mulane si Waru dhemen kandha. IKI, IKU lan IKA. Kang mangkono iku sok marakake ANA BALAPAN KENYUT SAJRONING ATINE SI WARU. Yen caturan si Waru, sanajan sire kang mau mung arep mratelakake prakara IKI, nanging tengah-tengahing caturan kagodha ing kenyut rupa-rupa kang rosa-rosa, kang siji ngajak ngandhakake IKI, nuli ana kenyut kang ngandhakake IKA. Kang dadi sababe IKU kumudu-kuduwa di kandhakake, marga bener lan becik, dene sababe IKU kumudu-kuduwa dipratelakake marga dirasa perlu lan migunani. Mulane IKA kumudu-kuduwa dicaritakake, marga elok lan nyenengake.

Menthine kabeh mau iya bener, nanging sarehning nafsune pating gronjal rebut dhucung, sarta siji-sijine njaluk diprelokake, ndadekake wor suh ing prakara kang digunem, terkadhang lagi tengah-tengahe nata uruting prakara kang bakal dipratelakake, ana kenyut kang teka dumrojog tanpa larapan, uga nyela-nyela.

Panggodhaning kenyut marakake caturane rupa-rupa sarta akeh. Tarkadhang sarwa bener lan becik, nanging wor suh, kakehen enggok lan cengkok, bokmanawa iku kang diarani ngandhar-andhar angendhukur, kagawa saka ora bisa MUSNING NUJU PRAKARA SAWIJI. Caturan kang kaya mangkono, iku becike mung kanggo ana ing pajagongan, awit ing kono enggone wong golek bungag lan rame, yen tumrap nggunem sawijining prakara kang prelu, kang di SIR saka ngomah, ora prayoga mangkono, luwih-luwih ora prayoga yen sir kang digawa saka ngomah mau TUMUJU MARANG TEKAD utawa THUKUL SAKA RASA.

Wong gawe anggitan ana ing layang, manawa nalika nganggit ana balapan kenyut sajroning atine, katara banget enggak-enggok ing pene, tengah-tengah nyaritakake IKI kathukulan kang ngajak nyaritakake IKU, marga dirasa becik,  bener lan migunani. Bareng lagi menggok, ana kenyut liyane ajak-ajak. Kang mangkono iku marakake anggitan ora duwe wangun kaya mesthine, kakehan perangan kang satemene dudu perangane. Kang maca bingung enggone ngrasakake MAKSUDE, marga kagodha ing momoran kang ora nuju marang lajere.

Dadi benere wong nganggit ana ing layang iku : dhisike takon marang atine dhewe SIRE AREP MRATELAKAKE APA sarta APA MAKSUDE. Sawise diwangsuli dhewe (aja gumampang enggone mangsuili), banjur milihi prakara kang prelu-prelu kang dipretelakake. Kang ora nuju lan maksude kabuwangana kabeh, aja ana kang kari, sanajan benere, lan becika, awit ana dhewe panggonane. Dene kang prelu-prelu, banjur ditata urute, manut prenahe dhewe-dhewe. Ora beda karo wong nggubah, gawe buket, utawa ngracik adon-adon kanggo mbumboni sawijining olah-olahan.

Mulane sok ana wong pinter, lantip lan jajah susurupane, nanging ora bisa gawe anggitan kang becik, sarta ora bisa nggunem sawijining prakara kang urut, ora liya sabab ana BALAPAN ING SAJRONING ATINE.

Prakara ing dhuwur iku dudu prakara kang ora prelu ginalih lan rinasa dening mitra kang nggugulang ngereh pancadriya. Sarta dudu prakara kang ora dadi pamurunging laku marang ksampurnan.

ΘΞΘ

Perangan 30
TUJU, LAKU, OLEH-OLEHANE

(K)

Wong sasawah, tujuane oleha pari, lakune : macul, nggaru, sapiturute. Oleh-olehane : duwe pari.

Wong ngobe, tujuane mariya ngelak, lakune : ngulu banyu, oleh-olehane : mari ngelak.

Wong menyang Betawi, tujuane tekan ing Betawi, lakune : nunggang sepur, oleh-olehane : tekan ing Betawi.

Wong nulis, wong lungguh, wong ngadeg, wong ngucap, wong kedhep, wong manthuk, wong mengo, wong idu……. kabeh mesthi ana TUJUANE, LAKU lan OLEH-OLEHANE. Ringkese: ora ana panggawe kang tanpa tuju, laku lan oleh-olehan, nadyan ujar sakecap, laku satindak, ulat sadlerengan.

Eleding gunem : Manungsa kang ora tinggal SIR lan PIKIR ora nglalekake marang TUJU, LAKU lan oleh-olehane PANGGAWE kang katindakake, sanajan panggawe mau cilika, apa maneh ingatase manungsa ora tau tinggal rasa lan budi.

APA SABABE?

Ngulinakake eling marang tuju, iku ngegungake empane SIR lan PIKIR. Tumrape panggawe kang tumuju marang tekad, ELING MARANG TUJU karo MAWAS OLEH-OLEHAN iku ngegungake empaning rasa lan budi.

D A D I.

Ngulinakake ELING marang tuju, laku lan oleh-olehan iku, dalan marang : titi, surti, ngati-ati, weruh ing pangarah, pangangkah, kira-kira, deduga, prayoga, eguh, tangguh sapanunggalane. Kabeh parane : weruh marang sasmita ing rasane.

Dene bisane mangkono mung yen : KAKAREPANE KABEH MANUT SIRE, KABEH SIRE MANUT TEKADE.

ΘΞΘ

Perangan 31
TUJU BENER, LAKU KLERU

(L)

1. Wong maling, tujuane : duweya barang, awake aja kangelan, atine marema, uripe slamet. Lakune nggangsir omahe wong ing wayah bengi. Oleh-olehane : diburu, dicanggah, dipenthungi, dikunjara, terkadhang dipateni sanalika. Sababe apa..? Lakune kleru, tujuane wus becik, yaiku : RUMEKSA MARANG URIPE. Asale : TRESNA MARANG JIWA RAGANE. Nanging lakune kang bener dudu nggangsir omahe wong.

2. Wong main kertu, tujuane : seneng atine, oleha dhuwit, lakune : notohi kretu, oleh-olehane : kelangan dhuwit, karipan, awake lara, atine pegel, terkadhang udur utawa crah karo kanca. Sababe apa…? Lakune kleru. Golek dhuwit lan golek seneng iku bener lan becik, nanging lakune dudu ngabotohan.

3. Wong lumuh nyambut gawe, tujuane : awake kapenaka, atine senenga, lakune : ngekehake nganggur, kerep turon, thenger-thenger, turu sing akeh, tangi sing awan, oleh-olehane awak lara, ati sumpek, mangan ora enak, gagasane ala. Apa sababe…? Lakune kliru. Golek seneng kepenak iku prayoga banget, nanging lakune dudu ngeklehake nganggur.

4. Wong murka, ngangsa-angsa sarta lemer, iku tujuane : marema, senenga. Lakune : njurungi penginane, ngarah kang akeh. Oleh-olehane : rasa nggrangsang, rasa kurang. Sababe apa…? Pangangsa-angsa lan panggrangsane diempak-empakake, tartamtu saya mempan, saya murub, saya gedhe dayane, kadadeyane iya saya ora duwe marem. Wong ngarah seneng lan marem iku prayoga banget, pancen iku kang digoleki ing wong sajagad, sarta diudi para linuwih, nanging lakune kang bener kudu ajar : NARIMA LAN RILA, kang supaya : pangangsa-angsane (kang ngajak ora marem) sangsaya suda, kagentenan ING RASA RILA LAN PANARIMA (KANG NGAJAK MAREM LAN SENENG).

5. Wong kang lumuh madhep marang Allah, emoh ngudi kawruh kasampurnan, iku tujuane : aja sedhih, aja prihatin, aja sumpeg, bungaha, lipura, padhange atine. Lakune : emoh ngeling-eling Gusti Allah, emoh ngrunggu prakara ing akherat, ngedohi wong dhemen mituturi becik, ngedhohi wong kang sok niteni lupute, ngumpuli wong bungah-bungah rame-rame, sukur oleh wong kang dhemen ngelem utawa ngonggrong. Oleh-olehane : atine peteng, sumpeg, ora duwe katentreman, saya lawas saya mongsang-mangsing, ilining cipta menggak-menggok sarta pating sareweh, sangsaya tuwa sangsaya sangsara badan lan atine, lan sangsaya peteng engetane, (nanging ora sumurup sababe mangkono saka ora nurut weting kodrat. Dening ora bisa ngreti lan ngrasa. Enggone kerep ngresula, munek-munek lan sumpeg, saka panggawene dhewe, disengguh saka liyan lan saka papesthening Allah). Yen wong golek seneng, lipur lan padhanging ati, lakune kudu seneng marang rembug becik, ngeling-eling Pangeran, sing kerep, sing ajeg.

6. Wong ngandhakake kapinteran lan kabecikaning awake dhewe, tujuane : supaya disenengana, marga sumurup ing pintere lan becike, oleh-olehane : diewani, diesemi, dirasani enggone umuk.

7. Wong nyatur marang liyan, tujuane : kang dikandhani meluwa gething kaya dheweke, jalaran sumurup marang alane, oleh-olehane kang nyatur digethingi ing wong, sarta katon cacade enggone dhemen nyatur.

8. Wong angkuh utawa dhiri, tujuane : awake disenengi wong, marga sumurup ing luhure lan pangajine, oleh-olehane disengiti duneni mendem pakurmatan.

9. Wong juweh, (dhemen mituruti akeh-akeh tinggal kira-kira) tujuane : kang dipituturi ngretiya lan dhemena marang pituture, oleh-olehane : kang dipituturi kisruh, bosen, ewa.

10. Wong jail, wong nyeret, wong ngeyel, wong para cacad, wong dhemen pamer, wong ladak, wong sikon, wong duwe gawe gedhen, sapanunggalane, manawa dititi priksa, kabeh tujuane BENER, sing kliru mung LAKUNE, dadi oleh kasok baline. Mungguh wong nggoleki LOR parane MANGIDUL.

Eliding kandha : aja disengguh gampang wong arep katekan sedyane, yen ora awas eling, nastiti ngati-ati ing PANGARAH lan PANGANGKAH, ora-orane bakal katekan.

Asaling kliru lan ora katekan, saka ora prayitna marang lakuning KAKAREPAN SIR, ROH KHEWANI, PIKIR, BUDI lan RASA, luwih maneh ing ngatase wong ngudi kasampurnan, yen sugih karep kang nyimpang saka tekad, tangeh kaleksanan.

ΘΞΘ

Sumber :
Kapethik saking Serat Madurasa, Ca-capan I. Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

SERAT MADURASA (II)


Perangan 10
ALUS KASARING RASA PANGRASANE MANUNGSA

BEDA-bedaning manungsa, katarik alus kasaring rasa pangrasane, ana kang banget aluse, ana kang banget kasare. Kaupamakna pucuking driji karo dlamakan. Pucuking driji bisa mbedakake gegrayangane : sutra, bludru, lenga, glepung, kapas kasa, kikir, rempelas. Nanging dlamakan ora bisa. Pucuking driji gampang krasane, dene dlamakan angel krasane.

Manungsa kang kena kaupamakake pucuking driji, enggal krasa lan ngraitane yen ngrungu pitutur, sarta enggal bisa mbedak-mbedakake kang perlu lan kang ora, nimbang kang alus lan kang kasar, ngregem kenceng marang nalar kang wigati, nggandhuli kukuh marang kang katon. Tansah gagap-gagap utawa ngintip-intip nalar kang bener lan becik.

Nanging kang kena kaupamakake dlamakan : tanpa gawe, panggugah, penget, pitutur, kojah, carita, tepa tiladha, pasemon sapanunggalane. Marga kabeh ora ana kang krasa ing rasane, marga rasane kaling-kalingan ing rasa kasar (hawa napsu) kang kandel kaya kapale dlamakan. Sumitra kang wus kadhasaran rasa alus sawatara, iba kencenge anggone ngregem surasa kang muni ing dhuwur. Muga pinaringana rahayu.

PRAYITNA, WEWEKA, WIRANGNYA

Prakara kang perlu katindakake luwih dhisik tumrap wong ngudi kawruh kasampurnan, yaiku : nglelantih mbedakake thuthukulan kang ala karo kang becik; niteni kang bener lan kang luput, ing sajroning batine dhewe. Tekade : MENENG (sing sapa arep weruh obah-obahan, kudu meneng).

Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa, jalaran saka sregep ngrasakake karo niteni, iku diarani : PRAYITNA.

Sawise bisa mangkono, banjur kang ala lan kang becik mau dipisah-pisah, kang ala ora ka-anggo, ka-angkah aja thukul maneh, sarana kalalek-lalekake, dene kang becik (kang bener) dianggo, diurip-urip. Yen wis bisa memisah mangkono iku, arane : WEKEKA.

Sawise kapisah-pisah, kang becik lan kang bener mau diejumi, ditata utawa dienam, diempakake dayane, dipigunakake manut dayane. Yen wis bisa ngupakara utawa nggarap, kang becik lan kang bener manut mesthine, karan : WIRAGNYA.

Manungsa kang sinebut wiragnya, wis mungkur saka pagawean mbedak-mbedakake ala lan becik, apa dene misah-misah ala karo becik, kang dumunung ing batine. Garapane mung kang sarwa becik, wis ora gepok senggol karo kang ala. Yaiku drajading para Nabi lan para Sukci ing ALAM GAIB.

ΘΞΘ

Perangan 11
MRATELAKAKE BAB THUKULING BUDI

lire :
oleh piwulang kang metu saka atine dhewe,
yaiku piwulang kang agawe marem lan panarima ing ati.

1

CARITANE WONG KANG DHEMEN WURU DAWA

Sawijining wong karem wuru dawa lan sesongaran ana ing pakumpulan, pangrasane : wong liya padha dhemen, marga gagah/bergas, ora weruh yen d-ewani lan di-esemi ing wong. Yen dielikake, ora dadi ing panarimane, malh kleru tampa. Ing sawijining dina wong mau main ana ing pakumpulan, banjur weruh wong waru dawa sarta sesongaran, apa-apane jibles kaya dheweke, ing kono thukul ewa lan gethinge marang kang wuru dawa mau, ciptane : E, e, dadi kalingane wong wuru dawa lan sesongaran iku ala banget, mangka aku biyen iya ala banget kaya kae.

Kancaku main iki pasemon lan lelejeme padha nyampahi, nyampleng kaya nalika aku wuru biyen kae. Yen ngono aku biyen ya di-esemi kaya mangkene, adhuh, lali lali den elingna : Aku ora arep wuru dawa maneh-maneh.

Liding kandha : Pitutur saka buku, guru, Nabi, Wali, lan liya-liyane kang dununge ana ing lair : tanpa gawe yen ora kapethuk karo rasane kang dipituturi. Marga kang kuwasa nuruti iku sajatine tuwuh ing batine wong dhewe-dhewe.

Mula sarehne kapethuk lan panarimaning ati iku asale saka ngrasakake karo niteni, mula wong urip kang teberi ngrasakake lan niten, akeh bathine, marga rina wengi tansah oleh pitutur saka atine dhewe.

2

DONGENG MANUK CILIK LAN KUCING

Sawijining kucing gumun banget weruh manuk cilik, saben-saben miyik, tansah dicolong ing kewan liya. Osike : Ah, mbesuk, yen aku manak, anakku bakal dak elah-elih panggonane, supaya kewan kang nedya ganggu gawe anakku, aja nganti bisa niteni panggonane anakku.

Prayitnane lan wewekane kucing saka anggone niteni, kang njalari slameting anak-anake.

Ing sawiji dina manuk cilik kapethuk kucing, sambate :

Dhuh kucing, aku tuturana, kepriye bisane anakku slamet kaya anakmu. Kucing mratelakake yen anakke kerep dielah-elih panggonane, murih kewan liyane ora neteni panggonane.

Manuk takon maneh : Kepriye asale kowe duwe akal kang mangkono? Wangsulane kucing : Ya marga kerep weruh anakmu dicolongi gagak, jalaran ora kok elih panggonane.

Liding dongeng : Kahanan lan lelakon kang gumelar kabeh iki dadi guru ingatase kang ahli ngrasakake lan niteni. Terkadhang lelakoning wong sok dianggo pangilon dening kang niteni, nanging kang dienggo ngilo ora weruh, marga ora niteni.

3

KATRANGAN : APA-APA YEN ORA KALING-KALINGAN
BANJUR KATARA

Bisane oleh rasa lan pangraita, saka ngrasakake lan niteni mau marga ora kalimputan ing obah-obahan, kayata : olehe pitutur saka atine, enggone wuru (mabuk) iku nyata ala, iku sababe : thukul pangraitane katarik saka menengge ing sawatara.

Marga dhek samana atine aso dening ngrasakake kerti.

Iku minangka tuladha, yen thukuling pangraita utawa tumandanging rasa iku, jalaran saka menenge adon-adon kasar.

Mula, wong urip kang kepingin akeh bathine, kudu akeh enggone ngleremake pancadriyane. Saya akeh lereme saya akeh bathine.

Saka banget lereme, saya pramana marang rasa kaalusan.

Wong ora susah duwe niyat : aku tak ngrasakake utawa aku tak sregep niteni. Cukup mung : TAK MENENG.

Mengko rasa panggraita thukul sajroning meneng, ora nganggo : tak.

4

WONG WANGKOT LUMUH NGRASAKAKE LAN NITENI APA-APA,
IKU THUKULING RASA LAN PANGRAITANE
KUDU KEPENTOG ING KASUSAHAN, MURIH KEPEKSA
MENENG ADON-ADONE KANG KASAR.

Conto : Pitik kang lumayu apetrak-petrak, marga buntute katutan blarak garing muni kresek-kresek, dikira ana kewan liya kang mbledig. Ora ngertia yen saka panggawene dhewe.

Apa kang sinandhang ing manungsa ya saka polahe dhewe, nanging ora rumangsa?!

Dituturana nganggo buku, guru, wali lan Nabi, yen durung ngrasakake lan niteni dhewe, iya ora percaya, tansah mamang, iya apa ora, jalaran durung ngalami tandha yekti.

Pitik kang petrak-petrak mau lagi yakin ngandele yen wis kepentog, upamane : kapentog ing grumbul (pager) kang marakake kepeksa meneng, ora bisa mbanjurake polahe. Ing kono thukul panggraitane lan ngrasakake ing yakine. Blarak ing buntute banjut dicucuki.

Liding kandha :

Wong kang wangkot iku sok dipentokake dening kang murba masesa murih kepeksa : meneng, aja bisa mabnjurake polahe.

Wujuding pentogan yaiku : lara, kasusahan utawa kasangsaran.

Awit saka iku wong nemu kasusahan aja ngresula, malah kudu sukur kanthi prihati, nggoleki lupute, banjur mareni.

Dene yen durung kapentog, diprayitna nggolek dalane panggraita sarta thukuling rasa lan budi, sabisa-bisa aja kongsi dipentogake, bebasan : Aja pupur sawise benjut.@@k.

5

KANG KENA DIENGGO GANDHULAN KUKUH IKU :
OLEH-OLEHANE DEWE

SAWENEH wong bungah lan marem, sabab oleh ngelmu kang peng-pengan saka guru linuwih. Ana saweneh bungah lan marem saba jajah sesurupane, saka layang warna-warna anggitane pujangga linueih, utawa saka kitab warna-warna anggitane para Auliya kang luhur martabate.

Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mlesed) iku mung pitutur kang tinemu ing batine dhewe.

Pitutur saka njaba (lair) mung dadi srana thok-thok, lire : dadi lantaran bisane niteni karo ngrasakake, sarana taberi ngleremake pancadriya.

Dadi yen ora taberi nyuda tumangkaring hawa lan ngrasakake nganti weruh marang rasane, kaya wong ngrasakake asining uyah, iku ngelmu lan sesurupane, kang akeh-akeh tanpa gawe ; sabab mung dumunung ing angen-angen, tegese : mung lagi bisa ngarani bener lan becik, dhemen sarta ngalem, utawa lagi ngerti marang surasaning tembung.

Aja gumampang ngaku weruh marang RASANING tembung, yen ora sregep ngenengake rasa kasar.

Ringkese :

Bola-bali kang mupangati iku mung OLEH-OLEHANE DHEWE.

Rejeki kang olehe saka nyambutgawe krekelan, kang krasa nikmat lan mupangati marang awak sarta mberkati iku mung saka kringete dhewe.

Saweneh wong kang ngudi kawruh mung arep njupuk wose bae, ora dhemen marang buku kang mung isi pitutur, kang disenengi buku kang isine dhuwur-dhuwur lan gedhe-gedhe.

Ana saweneh : dupeh wis sugih ngelmu, rumangsa wis mumpuni, nampik marang layang pitutur, kayata : Layang Wulang Reh, Wedhatama, dilepeh pituture, ciptane : Ah, iku rak kanggo kang isih ca-ra-kan, aku rak wis dhuwur.

Wong kang mangkono iku sejatine wis kesasar adoh, sabab kadhasaran ing riya’ (angkuh, sombong).

KATRANGAN

Kang kacetha ing angka, 1, 2, 3, 4, 5, kasebut ing dhuwur mau kabeh, mung aweh pituduh, yen manungsa bisa thukul budine (oleh piwulang kang yakin, kang metu saka batine dhewe, kang agawe kemaremane ati kang temenan) sarana MENENG adon-adone kang kasar. Dene dalaning meneng : ana kang sabab diniyati, ana kang sabab kapeksa, ana kang jalaran saka kapinujon. Bablase kanalaran iki, nyumanggakake.@@k.

Bener luput ala becik lawan begja,
cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
pramila den ngati-ati,
sakeh durgama singgahan den eling.

ΘΞΘ

A

Perangan 12
MRATELAKAKE BAB EMPAN LAN URUBING DAYA

Apa tegese : empan? Apa tegese : urub?

Geni, empane : dithuki kayu garing, ditepasi, urube yaiku undhaking geni kang katon, kang banjur ngundhakake RASA PANAS. Dayaning tangan, kepriye empane? Dikulinakake nyenyekel, nyambutgawe, angkat junjung barang abot lan sapanunggalane.

Endi urube? Yaiku : undhaking kakuwatane, undhaking kaprigelane, lan banjur ngundhakake rasa kuwat rasa prigel.

Rasa driji, kepriye empane? Dilelantih ngrasakake lan niteni beda-bedaning grayangane barang warna-warna, kayata : sutra, elar, rempelas, es, wedang, dom lan liya-liyane.

Endi urube? Iya awase marang beda-bedaning grayanganing barang. (Wong wuta lumrahe luwih awas panggrayangane katimbang wong kang isih waras), iku kabeh oleh-olehing ngrasakake karo niteni kanthi kalumpuking kekuwatan gumeleng nuju marang rasa sawiji.

Liding catur :

Gedhening daya saka urub (urip), urub saka kehing empan (kulina), dene kulina iku saka sapisan, nuli pindho, ping telu, sapiturute, suwe-suwe mempan, nganakake urub.

B

MAKSUDE BOCAH DISEKOLAHAKE

Bocah sekolah iku maksude : ngempakake pandulu, pangrungu, pangucap, pangrayang, pikir lan rasa.

Empaning pandulu : ndedeleng kang titi, nggambar, nitipriksa wanguning gambar lan tulis, nyawang pranatan kang becik sapanunggalane.

Oleh-olehane : awan pandulune, yaiku urubing pandulu, uga karasa awase (urub tegese : urip).

Empaning pangrungu : kulina nggatekake dhawuhe guru, clathune kanca-kancane lan clathune dhewe.

Empaning pangucap : clathu seru, cetha, beda-bedaning wanda, aksara ilat, gorokan, lambe, mangsuli pitakon, mratelakake sapanunggalane.

Empaning tangan : nggambar, nulis, nyulam, ngukir. Oleh-olehane kaprigelan.

Empaning pikir yaiku : ngematake tumandanging pandulu, pangrungu, pangucap, panggrayang sapanunggalane.

Yen ing bab iki nganti kurang wigatine, bisa nuwuhake prakara kang ora rinasa, kayata :

1.     Kerep ngucap manut roh khewanine, katarik pambandhanging nafsu kang ajak gugup, kesusu, temahan tinggal pikiran.

2.     Kerep ora sumurup kliruning caturane dhewe, sebab pangrungu ing nalikane clathu, ora gathuk karo pikiran, sababe : ana kang saka pambandhange nafsu, ana kang jalaran angen-angen, kulina tumandang tanpa sir (panggagas).

3.     Akeh bocah lalen lan bingungan, peteng sarta bruwet, iku ora liya sabab kulina nggagas lakuning pikir tanpa pranatan ora kaya banyu mili, malah kaya banyu kang diubek-ubek utawa mambeg.

4.     Akeh bocah cepak klirune, jalaran saka gugupan, kagetan, uwasan, sumelangan, tipisan aten, iku sabab kulina ngempakake nafsu kang ajak gugup, wedi lan sumelang, ora ana kang ngenggokake murih saline kang diempakake. Manawa nafsu kang ala kakehan empan, gedhening kekuwatane ngalingi rasaning : sir.

5.     Akeh bocah kang solahe rengeh, sugih bendana, kurang pangarah-arah, kayata nyelehake barang kurang pernah. Doyan edheg, mlaku kerep kesandhung. Iku sababe kakehan obah roh khewanine, ora ana kang nyenthoki, kebannjur dadi roh khewani kakehan empan, kagedhen kekuwatane roh peteng, metengi pikir.

Ing ndhuwur iku empaning pikir kang sapisan (ngematake tumandanging pangucap, pangrungu, pangambu, panggrayang, pangicip) dene kang kapindo : dienggo ngeling-eling sarta nganam-anam (golek pikiran), kayata : nganggit-anggit, etung-etung, ngapalake, mangsuli pitakon, golek reka lan liya-liyane.

Empaning rasa : mbedakake klakuwan ala lan becik, sarana dongeng, dituntun welas marang kewan, ngajeni marang wong tuwo, guru lan sapa kang patut diajeni. Dipurih ngrasakake tindak saru lan pantes, dituntuni weruh marang unggah-ungguh, tatakrama, duga-duga, prayoga, riringa, weruh ing panarima lan sapanunggalane.

Yen karingkes, maksude sekolah iku : ngurip-urip rasa kang becik (kang marang alus lan padhang), memati rasa kang ala (kang marang kasar lan peteng).

Jiwa kang isih ringkih kaya jiwane bocah, durung duwe kaprayitnan, durung pati bisa mbedakake ala karo becik, kang dumunung ing garbane, mulane ya kudu weweka.

GURU kang dumunung sjabaning garbane murid, ka-anggep ana sajroning garbane murid, lire : kudu ngleboni atining murid, dijaluki tulung dening jiwa kang ana ing garbane murid, ing prakara prayitna karo weweka, apa dene panuntuning pikir sarta pratikel empan kang becik, pamenggak kang ala.

Dadi guru iku dhukun kang wajibibe nambani lelaraning jiwa, kudu nitipriksa apa lelarane, apa tambane, sarta kapriye patrape nambani.

Bisane mangkono yen guru prayitna dhewe sarta weweka dhewe, marga bisa meneng adon-adone kang kasar supaya bisa ngrasakake karo niteni.

Guru sekolah, guru kawruh kasidan, apa dene guru sajati ing alam gaib, kwajibane ora beda, kabeh-kabeh tetulung ing bab : prayitna lan weweka, banjur panuntun karo pratikel. Kabeh utusane Allah, dikarsakake mbeciki sipating Allah, iya sipate pribadi.

ΘΞΘ

C

Perangan 13
SAPA MBUWANG ALA,
NEMU BECIK, SAPA GOLEK BECIK, LUNGA ALANE

Wit-witan kang pange ngisor dirempeli, sing dhuwur dadi lemu. Wit mbako, teh, kang dicewoki ngisor, kang kari dadi mirasa. Wit kang kuru marga kemladhean, yen wis dibuwang kemladheane, dadi lemu. Bocah kuru marga cacingen yen wis disirnakake cacinge, badane dadi seger.

………..kabeh mau sabab dayaning ngaurip kang maune nguripi kang ala, banjur ngalih nguripi kang becik. Kekuwataning uripe ora kalong, mung ngalih, gumeleng, nglimpuk marang kang becik, kaya ilining banyu, yen kang pating sereweh dipepeti, ilene nglupuk gumlogok. Mangkono uga ilining banyu urip, manawa adon-adon kang kasar (asor) dirempeli adon-adon kang alus (luhur) dadi mundhak dayane. Kayata : yen nafsu kang ala disudani empane, nafsu kang becik dadi gedhe dayane. Manawa tansah dibanjurake wnggone nyudani saka ngisor, sangsaya lawas sipating manungsa sangsaya alus lan luhure, sangsaya gedhe dayane, nganti tekan rasa mulya, kang aran rasa Sangkalpa, wekas-wekasane gaib, yaiku : sampurna. Budi lan Rasul kena ka upamakake wit (tumrap jiwa kang durung kaya jiwane Nabi). Roh kewani (napsu) ka-anggepa kemladhean pang kang ngisor, utawa cacing kremi kang dadi lelara.

Ing ndhuwur iku lire, tembung mbuwang ala nemu becik. Dene golek becik ilang alane, mangkene :

Sing sapa ngekehake empane rasa kang becik, sanajan ora duwe karep mbuwang alane, nanging kang ala padha lunga karepe dhewe, sabab selawase kang becik diempakake dayane, dayane urip tansah mili marang becik kang becik, nguwatake kang becik. Kang ala ora keconggah ngempakake dayane, katut dayane kang becik. Ilining banyu urip, kekuwatane tansah marang kang becik, kang ala kekurangan banyu, kekurangan empan. Manawa tansah kekurangan kekuwatan, lawas-lawas mati, kari mligi kekuwataning daya alus luhur, tumindak tanpa rubeda. Yaiku kahananing manungsa kang wis wiragnya, wujude : sarupaning para Rasulollah.

ΘΞΘ

D

Perangan 14
MAKSUDE WONG MENENG

ORA kurang wong kang salang surup ing bab maksude wong meneng, kayata : takon marang atine dhewe mangkene :

“Wong meneng iku apa supaya kaya tunggak (watu).”

“Wong mbuwang pikiran lan gagasan iku apa supaya bodho kaya kebo.”

“Wong mbuwang pepenginan kemeren utawa kabungahan iku, apa supaya kaya bekakas mesin utawa manuk ing kurungan.”

“Wong ngangkah ora duwe napsu, lara ati utawa isin iku, apa supaya  kaya wong gendheng, kang prasasat ora duwe pangrasa.”

Ora kurang wong kang kipa-kipa, ngemohi banget ngudi kawruh kasidan (kebatinan), sumelang yen ngemperi : tunggak, kebo, bekakas mesin utawa kaya wong gendheng (ora duwe pangrasa).

Nadyan wong kang wis melu ngudi kawruh, uga akeh kang kliru surup ing bab maksude wong meneng. Yaiku, sababe saweneh wong ngudi kawruh, malah dadi peteng utawa bingung kasasar ngelmu lan lakune.

Wong bgulinakake meneng iku kang dilelentih ENENGING ADON-ADON KANG KASAR, KANG ASOR. Ando-adon kang alu malah diempakake manut apa mesthine, aja kongsi kang sasar kaduk empan kang alus kurang empan, kaya pratingkahe kang ahli donya, kang sejege urip durung tahu ngicipi rasaning rasa alus kang sumingit ing garbane, kang kalimputan ing rasane kasar, kang disengguh wis alus, wis luhur, wis bener banget.

Wong ngulinakake meneng iku sejatine ora ngangkah enggone arep meneng. Enggone keraya-raya ngenengake kang kasar (kang asor) iku saking dening arep ngegungake empaning kang alus kang luhur, kang nyedhaki rasane kang kagungan urip, kang tumandange saya manut karsane kang Murbeng Jagad, kang nggayuh kamajuwaning jiwa dadine luhur lan mulya, kang dayane mbrekati jiwa-jiwa liyane kang isih asor, kang mumpangate ngluwihi saka kang mung mbudi kadonyan thok-thok.

Rehne prakara iku alus, temtu bae :

  • Ora katon ing mripat.

  • Ora gamoang dipikir, ora kena rinasa nganggo rasane kang ahli donya, kongsi ahli donya pada nyengguh :

  1. Ora tetulung apa-apa marang sapadha-padha.

  2. Bodho banget.

  3. Ora duwe pangrasa.

Kang ahli donya, sanajan ora gelem diarani ora nindakake rasa kang becik lan alus, ngati-ati ngupaya kang bener perlu, nanging durung bisa ngrasa enggone :

  1. Kaduk kira-kira, kurang yakin.

  2. Kaduk kasar, durung weruh kang luwih alus, luwih mulya utawa kang mupangati.

  3. Kaduk rubeda kurang widada (dumunung ing atine).

  4. Asring kelacuten, mungguha lokomotif ngono kurang rem lan kerep salah wesel (mula ahli pikir lan ahli rasa kudu nyambut gawe bebarengan, tulung-tinulung ijol kabecikan).

ΘΞΘ

E

Perangan 15
BAB ENENG SAJRONING SAMADI (MATIRAGA)

Gangsingan kang gumlethak, upamakna mati. Gangsingan kang muded, nanging kanthi rongeh, upamakna : urip kang kakehan tumangkare. Gangsingan kang muded lelet anteng (muter seser), ngadeg kaya saka, upamakna : meneng.

Ya mangkono iku, eneng kang diudi dening para linuwih, dadi enenge enenging urip, dudu enenging pati.

WONG SEMEDI utawa matiraga, wiwitane ngenengake adon-adon kang kasar-kasar, ngiras ngaringake angin, agawe enebing banyu, saya meneng rasane kang kasar-kasar, saya katara kang alus-alu. Mundhak lereme ya mundhak krasane kang luwih alus maneh. Yen bisa mbanjurake, pancadriya bisa lerem babr-pisan, banyu uriping manungsa nglumpuk gumeleng ana ing Rasul lan Budi. Iku upamakna : soroting srengenge kang ambane mung sak ambane suryakantha, yen diklumpukake ana ing tengah kongsi dadi sak klenteng, cahyane ngemperi srengenge, dayaning panase tedhas dienggo nggosongake kayu.

Dadi ringkese wong meneng iku : maksude ngumpulake kekuwatan kabeh. Yen wis ngumpul, gedhe dayane, banjur dienggo manut apa sire kang duwe kekuwatan. Tumrape kang kurang ptayitna, klumpuking kekuatan di-ilekake marang rasa asih kang asih klebu asor, kayata : nenuwun utawa memuja mangkene, kang nalisir saka tekad menyang Allah. Tumrap kang wis prayitna, kaklumpukake marang Rasamulya, iya sang Kalpa, iya rasa tresna marang DAT, asih marang sipat, iku Rasa kang dhuwur dhewe, padha-padha Rasa kang gandheng lan manungsa. Sasirnane iku aran maha Kalpa utawa Nirwana.

Sarehne iku anane saka sirnane rasaning manungsa babarpisan, mulane gampanging tembung : sirna utawa wungwang. Saweneh wong kliru, dupeh wis ora krasa apa-apa (sirna), disengguh padha karo watu.

Uriping manungsa kalane lagi nguripi pancadriya, katembungake urip sajroning sagara maya, pindhane kaya iwak urip ing banyu. Manawa manungsa wis bisa nggeget (ngenyami). Rasa kang ana sajroning sanubarine (ora kalimput ing rasa sajabaning sanubari) iku manungsa kena kaupamakake wis oleh gandhulan, mentas saka ing sagara maya.

Rasa sajroning sanubari kaupamakna tali kang ana ing sajroning sagara, digandhuli ing manungsa kang kaupakake iwak, manwa kukuh anggone gandhulan (ora uwal kasentor ing ombak utawa ora nyleweng), manungsa bakal dientas saka sagara mau menyang ndharatan, banjur weruh padhang hawa (jaman kang luwih mulya kang ora kena kinaya ngapa).

ΘΞΘ

F

Perangan 16
BAB WUJUDING KEKUWATAN ALUS KANG KATON ING LAIR

Wong kang dibasakake otot kawat balung wesi, otot karo balunge padha oleh pangalembana, nanging yen dititipriksa, kang duwe kukuwatan dudu otot lan balung, tandhane yen wis diulesi : ora bisa apa-apa. Tetela kang kuwat iku kang alus, kang ora kasat mata. Otot lan balung rak mung kelar ngangkat barang thok balik kang alus kelar ngangkat otot lan balung kang di baluhi (dibandhuli) ing barang kang di angkat.

Ka-alusan kang ngangkat otot lan balung mau padha-padha alus, kasar dhewe. Ana kang alus maneh, kuwate ya ngluwihi. Kang ngungkuli aluse ya isih ana kang ngungkuli maneh, kuwate ya kungkulan maneh. Sapiturute tansah ana kang ngungkuli maneh. Saya alus saya kuwat, LAN SAYA LEPAS TEBANE, pantoge : ora kena kinaya ngapa, katembungake gaib, kukuwatane tanpa wate. Kekuwatane alus diarani : k a w a s a.

Manungsa kang ngekehake empaning rasa kang alus, ya akeh aluse, akeh kukuwatane kang ora kasat mata, wasana : puja, puji lan pangucape kairing ing kakuwatan kabeh.

Tuladha kakuwataning ati kapracayan :

Ana sawijining pandhita Hindhu, kapethuk wong lara sambat njaluk tamba. Pandhita mituturi : Pracaya yen bakal waras, calathuwa : aku waras, aku waras, saben dina, nanging kudu terus ing ati, sarta diprecaya : Kowe bakal waras temenan. Pandhita mbanjurake lakune. Kang lara precaya banget marang ujaring Pandhita, sarta miturut saprentahe, iku ndadekake ing warase (Layang : Rama Kresna). Mangkono iku tandha yekti, yen mula ana kekuwatan kang ngebat-ebati dumunung ing garbaning manungsa manungsa, bisa ngendhih lara, kongsi salin dadi waras. Dayaning ati pracaya (kandel kumandel) tarkadang ngungkuli tamba saka dokter.

Piyandele wong lara kang kasebut ing dhuwur mau durung sapiraa yen katimbang kukuwating pangandel marang Allah, awit pangandel marang Allah (kang nganti karasa ing sanubari) iku kukuwatan kang luwih dening alus, luwih sumenteg sarta kukuh bakuh. Wong gedhe piyandele marang Allah babasan ngungkuli kang abebeteng waja. Rasa susah, sangsara, lara, luwe, mlarat, bilai sapanunggale : Ora kawawa nanggulangi kukuwataning rasa ngandel marang Allah, (kang karasa ing sanubari) kang gedhe dhewe kukuwatane. Mungguh gedhening daya mau asale ora liya saka kehing empan, yaiku : kulina meneng ing wayah kang katamtokake, mamati kekuwataning adon-adon kasar, ngempakake Rasa ing telenging sanubari.

Wong arep pecat nyawane iku lara, wong lara kasandhang wis ngarani, ewadene bisa suda terkadhang sirna dening rasa pangandel sarta tresna. Mulane padha kawuningana.

Wong kulina ngumpulake kukuwataning rasane, kailekake gumeleng marang PANGANDEL sarta TRESNA, kang dumunung ing sanubari, banyu uripe tansah mili bakal wutah marang gesanging Allah, kaya banyu kali wutah ing sagara, awor dadi siji jumbuh ora kena kabedakake. Ya mangkono iku kang dikulinakake dening para kasidan jati kongsi tumeka ing wekasan.

Tumrap kang nandhang susah lan sengsara, kajaba ora wenang tipis piyandele marang Allah, perlu ngawuningani : kasusahan utawa kasangsaran kang katurake marang kang ginaib kanthi tekan ing rosing rasa : Luwih dening gedhe paedahe. Dadi ora prayoga wong ngersula dening susah lan sengsara, nadyan dikayangapa, sabab : JIWA KANG ABADAN KASAR BISANE MULIH MARANG GAIBE MANEH, DALANE ARUPA KASANGSARAN BISANE MENTAS JIWA KANG KASAR LAN PETENG MARANG KA-ALUSAN LAN PEPADHANG. (MITRA kang durung bisa ngrasa babar pisan marang unen-unen sathithik iki, rembuge kang nulis iki mung PRACAYA bae, besuk ana mangsa ngrasa lan pracaya banget).

KOSOK BALINE

Wong kang piyandele marang panganan, tartamtu uwas sumelang sarta ora kuwat yen koncatan daging utawa pangan kang mirasa. Jalaran saka pracaya ing ora kuwate, ya kasembadan ing ora kuwate. Jalaran saka tipis piyandele marang Allah, ya kekurangan daya urip. Jalaran saka uwase uwase, ya dadi lan tiwase. Upama wedi mati marga ora mangan daging, bisa uga mati marga ora mangan daging. Wong kang kandel piyandele bisa urip mung karo banyu, sok uga ngirih-irih ngarah-arah patrape ngulinakake, ana kang bisa urip mung karo banyu bae, kukuwatane badan wadhag kang menggrik-menggrik sarta kemeng kalironan kukuwataning badan alus kang luwih lepas tebane.

Wong kang percaya yen dhirine bisa ngudi lan nggayuh kawruh kasampurnan, awewaton sumendhe marang Allah kang pinracaya ing sanubarine, insya Allah bisa nggayuh, dene wong kang ora pracaya marang dhirine, utawa dhirine diapesake dhewe, dhirine bisa apes temenan, katarik saka piyandele dhewe utawa tingkahe dhewe.

ΘΞΘ

G

Perangan 17
SAKSINE NGANDEL MARANG ALLAH TEKAN ING SANUBARI

Sawijining wong clathu : AKU ORA NGANDHEL yen ana memedi, nanging bareng lumaku dhewe ana ing panggonan lindhuk, pengkirag-pengkirig, calathune : ora ana memedi ora barang. Perlune mung dianggo nglipur ing wedine, terkadhang diarani ngandel, meksa ora gelem. Wong mangkono iku durung bisa niniteni, yen asaling rasa wedi iku saka rasa ngandel, lan durung bisa ngrasakake (ngematake) bedane rasa NGANDEL karo RASA MAMANG, kongsi RASA MAMANG disengguh rasa NGANDEL. Iku padhane wong calathu : aku ora serik. Kang dikandhani ota nggugu, sabab serik karo ora, katon ing ulat, pasemon lan sajak, iku uga durung bisa mbedakake RASA SERIK, karo ORA SERIK.

Bab ngandel marang Allah aja kongsi kliru karo mamang. Aja gumampang ngaku ngandel, lan ora prelu nuduh-nuduhake ing pangandele marang Allah, mundhak kaya kang mengkerig-mengkerig nuduhake ing ora ngandele marang memedi. Sadhengah kang kumudu-kudu kawetu ing lesan, iku enggone ora ing sanubari.

Seksine ngandel marang Allah iku : Wirang marang Allah yen duwe krenteg ala sajrone atine, isin marang Allah enggone ora pisan males sih katresnaning Allah kang tumiba ing awake, kayata : panuntun lan pratikeling Allah enggone ngangkat jiwa saka asor marang luhur, kang ora padha rinasa ing manungsa (sanajan arupa kasangsaran, utawa dudu) pamalese kepriye :

1.     Eling lan tresna.

2.     Tutulung marang sapadha-padhaning jiwa kang isih asor. (panthenge marang sawiji).

Enggone gawe kebecikan ora pisan-pisan ngangkah kawruh ing wong, apa dene kasdu gawe kabecikan kalawan sesingidan.

ΘΞΘ

H

Perangan 18
TARIK TINARIKING DAYA

Wong yen diajak rarasan bab kecuting asem, utawa weruh wong mamah asem, gambaring rasa kecut kang sumimpen ana ing batin, mancungul sarta mara, kaya wesi digendeng ing wesi brani, maju mengarep kaya jangkrik kambon kili, tangi kaya wong turu digugah, rasa liya-liyane kendhih semisih kaya wong akeh diesuk saka ing buri. Rasa kang sok dianggo ngrasakake asem mau ana ing ngarep dewe, ngaling-alingi rasa liyane.

Yen wong diajak rarasan apa-apa kang dhek biyen disenengi banget, utawa prakara kang dadi jalaraning bungah, iku rasa bungah mancungul, dewe kukuwatan, banjur ngaling-alingi rasa liyane.

Yen wong diajak rarasanan bab kaluputaning sanak kang biyen digethingi, ing kono rasa gething lan pegel teka ana ngarep, kaya geni sajroning awu ditepasi, diurupake.

Yen wong diajak rerasanan beciking wong, utawa disurupake yen bisane seneng lan dadining becik awake saka pitulunganing wong akeh, iku rasa seneng lan asih marang wong banjur tumandang ana ngarep, pasemone dadi katon manis sarta wenes.

Yen wong diajak rerasan prakara rasaning kawruh, utawa prakara Allah, rasa alus lan luhur tumandang ana ngarep, ngendhih rasa liya-liyane.

Mangkono sapiturute. Wasana : rasa kang ora tau diuthik-uthik saya lawas saya kuru, wekasan mati. Rasa kang kerep ditarik, kerep tangine, kerep mempane, saya lawas saya gedhe dayane. Awit saka iku watak lan sasipataning wong iku manut apa kulinane, wong kang kulina ngempakake rasa MANGKENE, watake MANGKENE pasemon lan solah bawane MANGKENE, dadi kerep nggendeng rasane kang ngajak MANGKENE.

Wong kang manggon ing panggonane wong becik, kumpulane wong BECIK, saben dina nggendeng rasa kang BECIK, kumaraning panggonan ing kono ya BECIK.

Eliding gunem : perlu banget wong ngudi kawruh kasampurnan padha kerep kekumpulan, banjur sarasehan, pamrihe narik kang alus kang ndhelik ana ing jero. Nalika rasa alus ana ngarep, ngendhih rasa kasar, dayaning urip saperangan gedhe nguripi kang alus iku. Rasa kang kasar ing wektu iku, padha suda dayane. Manawa kang alus tumandang temenan, wong sarasehan ora krasa sayah, arip lan luwe, marga sayah arip lan luwe iku empane rasa kasar (rahsa), sarehning ing wektu sarasehan kang tumandang iku kang alus (kang ora duwe watak sayah, arip lan luwe). Mula kang kasar kakurangan kakuwatan, dadi kang kasar ora kaconggah nindakake watake.

Ing ngarep wis kapretelakake kang gedhe kukuwatane iku manungsa kang wus akeh aluse, dadi kang bisa nggandeng rasa alus tipis kang kaling-kalingan ing rasa kasar kang kandel : Ya manungsa kang wis gedhe kukuwataning aluse, krentege bisa narik krenteging liyan, ucape bisa nuju prana (ndumuk rasa) kang dadi jalaraning krasa, rumasa, nggraita. Para Nabi enggone nggendeng rasane wong pirang-pirang ewu, marga gedhe aluse, kang nglimput rahsa : kaya lokomotip nggeret grebong akeh, marga gedhe banget kekuwatane, mandi sabdane. Wong ahli ngelmu Sepiritisme bisane narik lan marentah jiwaning liyan, ora liya marga ngekehake empan kang alus. Kang kena ditarik ya jiwa kang isih banget kasare, kang sithik kukuwatane.

Bangsa badan alus kang asor (dhemit, brekasakan) ora bisa ngridhu manungsa kang gedhe kukuwataning aluse, bola-bali mung wong kang atine suwung kena di-riridhu ing dhemit.

Sarehning manungsa kang gedhe kukuwatane mitulungi banget marang kang sathithik kekuwatane, mulane sathithik kekuwatane prelu nyedhaki, ngumpuli, kayata : makmum, ngalab sawab, njaluk pandonga, nyadhang pitutur sapanunggalane. Silaturahmi ing bakda riyadi perlune :

  1. Golek daya panggedeng marang wong tuwa.

  2. Narik ing rasa sih tresna, kang daya uga marang ka-alusan, panthenge uga marang Allah.

  3. Ajar nor raga, ajar kothonging ati (dadi luwih becik tinimbangan manawa mung kirim karcis).

Kajaba iku, wong ngudi kawruh uga perlu banget kekumpulan, kang pamrihe ngumpulake kukuwatane wong akeh, kadadekake siji. Kalumpuking daya saka wong akeh kang padha panthenge : mujudake kukuwatan gedhe, bisa ngendeng jiwa-jiwa liyane. Pranatan mangkono iku bagusing-bagus, luwih-luwih manawa kang dikumpulake iku wis padha akeh aluse, kalumpuke mujudake kahanan endah sajroning gaib, dadi rerenggan sajroning karatoning Allah, kukuwatane bisa miyak dayaning donya kang ngepung kiwa tengene.

Prelu banget tumraping jaman saiki wong pada saduluran. Sarta rukunan nglakoni, mangkono awit dayaning donya saiki kuwat banget, kebak daya angkara murka, kongsi manungsa kangelan bisane uwal, kaya dene arep mentas saka endhut pliket.

ΘΞΘ

I

Perangan 19
BADAN TUWA, BADAN NOM LAN UMUR DAWA

Wong nalika isih nom, badane akeh segere, pepak kukuwtane, saya tuwa saya akeh rasane kang ora kapenak. Yen tuwane wis banget, larane saya banget sarta tansah solan salin, kongsi ora kelar mbetahbetahake, madal sakehing tamba pratandha wis mangsane……

Pamikir warna loro kang tinulis ing ngisor iki endi kang bener ?

Kang siji : sarehne wis mesthine badan utawa akeh larane sarta wis mesthi ora kena ditolak, kapriye maneh, ora liya mung kudu narima, mupus utawa nguluh, puluh di tambanana tuwas ngentek-entekake wragad akeh, mangsa mariya, ya wis dinengake bae, ora betah ya ben. Yen wis ora betah banget, mangsa ora matiya.

Sijine mangkene : sarehne wong diwenangake ikhtiyar, wong lara ya kudu ditambani, sabisa-bisane, sanajan ora mari, ya suda-sudaa. Sukur bage bisa waras. Sanajan ora wurung mati, nanging yen lawase uripe, bisa nampani bayar rada lawas maneh, bisa ngrasakake panganan enak rada lawas melu bungah-bungah (main, tayuban) rada lawas, bisa nonton gumelaring dunya rasa  lawas, Sukur bage bisa….. rabi maneh karo wong ayu nom rada lawas, cekake supaya BISA NGRASAKAKE KANIKMATAN DONYA LAWAS.

Yen mungguh kang nulis layang iki, pamikir rong rupa mau karo pisan ana benere, nanging karo pisan iya ana nalisire.

Yen awak lara banjur nekat, dumeh wis mesthine lara, iku aran kainan sarta siya. Nanging yen enggone nambani sabab duwe pangangkah AREP NGRASAKAKE KANIKMATAN KANG LAWAS. OLEH DHUWIT KANG LAWAS SAPITURUTE, wong mangkono iku mau bakal katekan SANGSARANING ATI lan BINGUNGING ENGETAN kang ora kena ditolak, tur rasaning sangsara ngebat-ebati banget, awit wong mangkono SAJEGE URIP MUNG TANSAH NGEMPAKAKE PANGAREP-AREP KANG MARANG KANIKMATAN DONYA THOK LAN TANSAH NGEMPAKAKE KAREM-KEREM MARANG KADONYAN. Saya lawas umure, ya saya kuwat pangarep-arepe marang kanikmatan, saya gedhe karem kereme marang donya. Wasana sangsaya lawas sangsaya ORA KATEKANAN KANG DADI PANGAREP-AREPE NANGING SAYA GEDHE PANGAREP-AREPE. Upama umure diundaki sethithik engkas, kanggo ngrasakake kanikmatan donya, sawise dituruti ya njaluk undakan sethithik engkas, kepingin ngrasakake kanikmatan donya sethithik engkas, tansah mangkono bae ora ana pedhote. Malah sangsaya gedhe pangarep-arep, sarta sangsaya banget kapingine lan saya mundhak pangeyange.

Kawuningana : laraning lara ora kaya wong kang gedhe pangarep-arepe : ora katekan, kageting kaget ora kaya wong kang lagi kerem dipedhot dadakan. Prakara iki kena diupamakake : wong desa lagi tengah-tengahe duwe gawe mantu anake, kang sesuk arep nampani tekaning dhayoh lan sumbangan, dumadakan bareng lunga menyang kutha kapusan dening werek Deli, terus digawa menyang Deli, ora bisa kirim layang, ora ketemu sanak siji-sijinya, sarta lestari ora bisa mulih.

Ya bener banget wong golek waras ing badan lan dawane umur, nanging aja lali marang jejer WONG URIP ANA ING DONYA. Dadi warasing ing badan kanggowa ngupaya undhaking pakarti prakara dalan marang Allah, kanggowa netepi panggawe kang kudu dilakoni, kang tuwuh saka Rasule. Lawasing umur benere kanggo nglarasake EMPANING RASA ALUS lan kanggo nglawasake pangereh lan PANGELONGING DAYA KASAR (napsu Luamah, Amarah, Supiyah), apa dene anyuda dayane roh khewani. Manawa mangkono, saya lawas umure saya gedhe kukuwataning aluse, saya sethithik kekuwataning kasare. Saya  padhang dalan kang marang Allah, saya kukuh gandhulane, saya benggang karo donya, apa dene saya suda kekuwatan kang ngajak lara, arip lan luwe. Dadine : DAWANING UMUR LAN WARASING BADAN IKU MUNFANGATI BANGET. Wong kang mangkono, sangsaya lawas umure sangsaya akeh bathine, yaiku bathi daya alus. Manungsa kang wus bisa ngrasakake munfangating daya alus, banget manawa  tlaten golek undhaking Rasa aluse, gemi marang waktu, eman banget manawa akeh waktu kang mubadir ora dienggo golek daya, awit saben wektu kena dianggo ngundhakake daya. Saking sumurupe marang munfangate daya alus, lan saking gemine marang wektu kaya-kaya duwe babasan : WEKTU IKU DAYA.

Kajaba saka akeh bathine daya alus, (kang dadi marganing kawasa ana ing alam ka-alusan) wong kang bisa nganggo wektu mau ngrasakake nikmat lan seneng marga katekan apa kang dadi tekade, Tekade : ngemohi donya, ndadekake ing mareme dening katekan kang dadi sejane.

Kajaba bathi daya alus lan katekan tekade, sangsaring badan wadhag nalika tuwa : uga suda akeh, marga : daya kasar tukang ngajak lara wis tipis, wis kendhih dening kukuwatan kang ngajak meneng. Mungguh yektine kang dadi jalaran laraning badan tuwa, kang adhakan yaiku gedhening nafsu Luwamah, kayata : kakehan mangan ngobe, rusuh lan kakehan wrnane kang pinangan, apa maneh manawa madat utawa minum. Sahwat lan ngekehke turu uga kalebu dayaning nafsu Luwamah.

Dadi ringkese : Bener banget badan lara diwarasake, nanging kliru banget warasing badan dienggo njurungi pakareman. Bener banget wong golek dawaning umur, nanging luput banget dawaning umur kanggo nglarasake empaning rasa kang asor.

BADAN NOM

Eman banget badan kang kuwat lan seger dienggo kesed, lumuh ngempakake lan kukuwatan kanggo nyambut gawe lan golek kapinteran, nanging kliru yen ancasing nyambutgawe mung sabab arep ngrasakake kanikmatan ing donya. Kliru banget yen ngudi kapinteran lan kaprawiran mung ngarah pangalembana. Benere nyambutgawe kang panthenge netepi wajibing uripe, nurut pituduh kang krasa ing sanubarine (netepi karsane kang paring urip) yaiku mbeciki sapadha-padhaning sipat, ngiras rumeksa marang ragane yen wis tuwa, dadi ora ngarep-arep bakal ngrasakake bungah lan enak bae, malah-malah sajroning nyambut gawe nyambi maprali rasa kang kasar-kasar, kang ngajak marang enak kapenak lan bungah.

Dadi pangarep-arep kang becik iku mangkene :

1.     Supaya enggonku ngenebake banyu aja akeh rubedane, aku kudu nyambut gawe kanggo SANGGU SAJRONING ANA NGALAM DONYA. (Rubenaning wong ana donya yen sepi kadonyan).

2.     Supaya katekan karepku golek pangerti lan kalantipan, aku kudu duwe dhuwit kanggo wragad.

3.     Uripku ana ing donya sugiha DHEDHERAN, utawa CELENGAN kang becik sarana nyambut gawe. (Dhedheran utawa celengan yaiku rasa lan daya alus).

4.     Aku prelu diucap nganggo tembung BECIK DENING WONG donya, nanging ucap becik iku prelu : NYATANE. Dudu misuwure, dadi sing tak arep-arep dudu sipangalembana, malah-malah sajroning golek tembung “becik” karo nyingkiri tembung ala mau nyambi maprali rasa kang ngarep-arep marang tembung becik, lan  rasa kang bungah dening oleh tembung becik apa dene mbuwang cuwa upama ana tembung ala.

Ringkese mangkene : kang isih kuwat badane lan padhang pikire kudu cekat-ceket ngupaya dalan padhang, sengkut ngupaya daya alus, mumpung jembar kalangane, mumpung gedhe rembulane, aja talompe (enggal-enggal) ngumpulake kukuwatan NYARUJUKAKE SAKEHING ELING : wektune wis sulek, upama miwiti saka carakan : emoh (wis kadhung duwe pangganggep dhuwur) nanging njupuk uwose bae : ora kena, sarta wis kadhung gedhe nepsune, banjur kapriye…??

Seneng enak lan kapenak ngemungna SAPRELUNE BAE KANGGO pikuwat SAJRONING nyambut gawe kang tumuju marang tekad.

KATRANGAN

Sesorah kacirenan aksara A-B-C-D-E-F-G-H lan I, sangang rupa iku maksude uga nunggal, nyurupake yen manungsa iku salawase urip rina wengi, meleka turuwa, nyambut gawe utawa nganggura, saben jam lan menit ORA PEGAT-PEGAT NGEMPAKAKE DAYA. Ana kang ngempakake daya alus, ana kang ngempakake daya kasar. Ana kang kulina ngempakake dayaning Rasa Mulya, kang runtut lan dayaning sanubarine, ana kang mung kulina marang empane, Rasa kang madya. Ana kang kulina ngempakake dayaning rasa kang nistha, yaiku rasa kang kasar utawa asor, kangparane marang pepeteng lan apes. Dadi : salawase urip manungsa iku ngempakake DAYANING URIPE kanggo ngurip-urip tandurane (eijine), dene tandurane kena kaumpamakake ana kang : pari, ana kang jarak, ana kang glagah, ana kang kang teh, ana kang lateng, ana kang bangah, lan liya-liyane. Rasa maneka warna ing garbaning manungsa —alaa becika— siji-sijine kena digawe bibit yen diurip-urip (kulina diempakake) tuwuh subur dadi gedhe. Kang endi kang gedhe dayane : kawasa nguripi (mbuntel ngaling-alingi) marang liya-liyane kang kuru. Mangka rasa warna-warna ala becik— awujud roh kang nduweni alam dhewe-dhewe.

Tetela saka prekara iku yen manungsa iku bisa dadi luhur kang luwih dening luhur, bisa asor kang luwih dening asor, bisa mulya lan kawasa luwih dening mulya lan kawasa, bisa papa lan apes kang luwih dening apes. Ringkese : Yen dadi becik ora ana kaya manungsa, yen dadi ala ora ana kaya manungsa. Blakane : Manungsa iku bisa dadi Gusti bisa dadi iblis. Bisa dadi Bathara, bisa dadi brengkasaan, bisa dadi gandarwa utawa thethekan. Bisa dadi musthikaning jagad, bisa dadi leletheking jagad. Bisa manggon ing jagad kang luwih dening mulya. Kang padhang trawangan, nikmat munpangat lan rahmat kang tan kena kinaya ngapa, bisa manggon ing jagad peteng, kang sangsara ketula-tula ora kinira-kira.

Awit saka iku, dhuh para mitra muga dipadha prayitna ngati-ati ngempakake rasa, aja kongsi kulina marang empaning rasa kang asor.

–@@k–

Ing aksara : A tumekane I, mratelakake yen wong sinau mimikir kang becik, semadi utawa tafakur, pracaya marang Allah, makmum marang wong kang gedhe dayaning aluse…………. kabeh ancase ngempakake daya kang becik (ngurip-urip daya kang becik) sarta memati marang bibit kang ala. Empane kang becik agawe kuranging epaning kang ala. Kurang empaning kang ala : agawe uripe kang becik (aksara : C). Ngeling-eling lan nggunem kawruh kang marang Allah, nanangi marang rasa kang becik (aksara : H).

Wong urip diwaras-warasake badane lan diarah dawaning umure : prelune kanggo nuwuhake bibit kang becik. Yen warasing awak lan dawaning umur dienggo ngulinakake empaning rasa asor : kliru banget sarta emat banget, memelas banget jiwane. (aksara : I).

–@@k–

Angkara gung, neng angga anggung gumulung; gogolonganira, triloka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martotama. (Wonten Chandhakipun).

Sumber :
Kapethik saking Serat Madurasa, Ca-capan I. Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

Amit pasang kaliman tabek, kawula pun Kumitir nyuwun idi palilah dumateng priyagung tanah Jawi ugi para sarjanadi, bilih kawula namung sadermi ngelingaken kemawon lan angleluri kabudayan Jawi supados mboten kasilem ing jaman, boten sanes namun rasa tresna kawula dumateng budaya lan sastra tilaranipun para leluhur Agung Tanah Jawi. Wusananing atur, mugya saged migunani dhumateng para maos ugi sutrisna budaya Jawi, bilih wonten galap gangsuling tembung, para winasis lan sarjanadi kaparenga paring angunging pangaksami dumateng pun Kumitir. Nuwun.